PUNDHEN
Punden nduweni teges sawetara, yaiku :
1. Yaiku papan kang ana pesareane wong kang dianggep cikal bakale, babat, sesepuh desa, panggonan sakral sae.
2. Pangonan kang diajeni banget.
3. Pundhen inggih menika papan ingkang awujud makam utawi makam ingkang awujud watu utawi wit ing dhusun, umumipun wonten ing pinggir kali utawi sawah.
4. Punden menika limrahipun dipunginakaken minangka papan kangge salah satunggaling kegiatan rutin tradhisional ingkang dipuntindakaken dening warga kanthi ancas ngerataken tali silaturahmi antar warga saha ngurmati leluhuripun para pendiri/ tokoh/ pemimpin/ sesepuh desa (sing babat alas) ing sawijining perdikan/ wilayah ndesa/ kampung.
5. Pundhen bisa diarani panggonan kang dipun damel klempakan, ngudi kaweruh ngudang ngelmu, saget rupi pesantren, padepokan, kumpulan tiyang-tiyang ngonceki babagan sinau budi pakerti dhalah urip ing ndonya ngantos khiamat.
Mbiyen wong Jawa ugo wis duwe papan manekung manembah. Kejaba pundhen lan candhen, ugo duwe sanggar pamelengan/ palanggaran/ langgar.
Budaya tradisi jawa ana istilah pundhen.
Pundhen = Papan undakan dhuwur kanggo pasepen.
Yaiku, papan panggonan undakan kang dhuwur kanggo manekung.
Pundhen(papan undhakan dhuwur kanggo pasepen), dudu kramatan (kuburan).
Mbiyen pundhen sanggar papan maneges, papan muhung ing asepi.
Pundhen papan undhakan dhuwur kanggo pasepen, kuwi asli budaya tradisi jawa,klebu candi diwaca kuwi sandi, waton watu tetenger.
Kanggone wong Jawa kang ahli olah rasa manekung kuwi milih panggonan kang sepi lan dhuwur.
Amarga panggonan sing kaya mengkono kuwi bisa cepet wening, menepne rasa.
Mula papan papan undakan kang dhuwur ing tanah Jawa iki mbiyen kabeh pundhen, papan kanggo manekung leluhur Jawa.
Kalamangsa uga pundhen, mbiyen kanggo mulang para ajar marang cantrik cantrike, uga dadi papan panggonane para ajar.
Amarga durung ana sekolahan, ya ing pundhen kuwi mbiyen para ajar mbabar lan medhar ngelmu, mejang lan nggembleng siswa-siswa cantrike.