Sekar mijil Jagat enjang
Sumamburat bang srengenge mijil
Katon trontong-trontong
Hanelahi sumilak langite
Peksi-peksi cecruwetan muni
Sengsem kapiyarsi
Tentrem jroning kalbu
Hawa seger wanci gagat enjing
Anjalari mak plong
Nuwuh greget mring jejibahane
Sengkud gumregut ngayahi kardi
Ngupadi rejeki
Mrih tansah lumintu
Poma- poma aja kongsi lali
Nyenyuwun Hyang Manon
Mrih rineksa sabaranglakune
Tinebihna sakehing bilai
Hangayahi gati
Sanitya rahayu