Sekar mijil sinawung wangsalan
Jarwa kenya ngancik madya ratri
Karna samya wungon
Suka malem jemuah wancine
Ron jarwa nyadhong sihing Hyang Widdhi
Liman kang kaesthi
Sulistya rahayu
Wohing pari mugi ngijabahi
Netya sang Hyang Manon
Jarwa pindha kang dadya sedyane
Waja niku lumintu rejeki
Ranu mbanyu mili
Prapta lara luput