SEDHEKAH BUDAYA
Kang kawuryan ing ari puniki
Tumapake sedhekah budaya
Warga sami amemule
Mring tilaran rumuhun
Lembah Rawa kang edipeni
Sumbering panguripan
Wargane sadarum
Samya gesang bagyamulya
Tebih saking rubeda kang ngreribedi
Tansah manggih raharja
Ariwulan kang Sendhang puniki
Duk ing uni wening tuk'ing tirta
Kumricik mili banyune
Kinupeng gunung-gunung
Paran mili nyang Rawapening
Nawa sumber kang ana
Ing kana kapangguh
Mugya Gusti Kang Kawasa
Sanityasa paring berkah sedyaneki
Lestari salaminya
Gung panuwun konjuk marang Gusti
Wit sadaya paringe nugraha
Rahayu tatacarane
Mapan aneng Sepakung
Papan asri kang anglam-lami
Nenggih desa wisata
Ingkang subur-makmur
Kalawan kertaraharja
Sayuk rukun warganya saekakapti
Manunggal sasantinya