SERAT SILACALA
(SERAT KAKI WALAKA bagian II)
Perangan
II
MANGUNAHING
PARA PANDHITA SIDIK
Ing
mangkè anggelaraken mangunahing para pandhita sidik. Ing dalem Kadis
anyariyosaken pangawasaning manungsa ingkang sampun katarimah ngilminipun.
Nalika
jaman nagari Demak kathah ura-uru, nyarengi dhatengipun tetiyang anama Sahida.
Dhatengipun wau boten kantenan ingkang dipun jujug, amung ngelambrang kadi
majenun. Ing ngriku Sèh Sahida wonten nagari Demak anggelar pangawasa,
sagedipun babar mangunahing pandhita lunuwih.
Anuju
satunggil dinten Sèh Sahida tilem malumah wonten sangandhaping waringin kurung,
sarwi ngumbar wetengipun. Wasana puseripun murub saengga latu mulat-mulad, kadi
ngobong waringin sengkeran. Temah adamel kagèting tetiyang kathah. Mila ngantos
kapariksa dening Bupati ingkang caos. Ginugah boten tangi, jinunjung tan
kuwawi, dipun angkat tiyang kathah meksa wangkot. Ngantos atur uninga, temah
tinedhakan dèning para wali kathah.
Ananging
sareng sampun dumugi panggènan anggènipun tilem wau, para wali wang-wang
amulat, awit angèngeti adat ingkang sampun kalampahan, lelagon angenèh-anèhi
punika tamtu Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga. Mila para wali malah ajrih nyelaki.
Dènè
pamagangan wali ingkang ajrihan sanget kapara amung manembah sasèdhokan
kèmawon.
Sareng
sampun sawatawis dangu, para wali wangsul, atur uninga Sang Nata, yèn Kangjeng
Susuhunan Kalijaga sarè malumah wonten ngandhap waringin sengkeran. Para wali
ajrih nyelak, para bupati ingkang caos ngaturi wungu, boten karsa. Amung
èca-èca sarè kèmawon. Mila nyumanggakaken ing karsa Nata.
Kangjeng
Sulta angandika, “Mungguh Sunan Kali dadak anjujug sarè ing ngalun-alun, apa
karsane Prayoganè titinen dhingin. Si Kaki Rambu Rangkung, jim biru kang
rumeksa gamelan Sakatèn apa ijih gumrenggeng swaranè, imbal wacana apa maneng ?
Yèn ora ana swaranè, pasthi iku kang mindha papa anèndra.”
Kyai
Ganjur lajeng lajeng anilingaken saking jawi, taksih imbal wacana gumrenggeng.
Kangjeng Sultan andangu, “Kapriyè imbaling Wacana ?”
Kyai
Ganjur matur, “Matur grenengipun :
Uga
tunggal, nanging dudu jaganè.
Umung
jajal pangajaring praja arja.
Ujaring
wong wekasan suwung nyatanè.
Upamanè
anaa kang ingupaya.
Urub
apa pasthinè bisa tumeka.
Ubayanè
anèng Demak dunungira.
Upayanen
ana urang-urang mata.”
Sigeg,
ing galih duk miyarsa, Kangjeng Sultan ing Demak dyan tumedhak piyambak dhateng
alun-alun. Sarawuhing ngriku mèh kagèt, sinengguh pepundhènipun sanyata.
Ananging sareng dipun titik walikating dalamakan ingkang kiwa, boten mawi
gebyaring amawa cahya kadi memeliking sesotya.
Yakti
dèdè gurunipun. Yèn sesipating warna, mèmper. Mila andadosaken kagèting galih.
Sareng dipun patitisaken wewelingipun dèdè, nadyan patrap anganèh-anèhi,
nanging Sang Nata lajeng sinidhem kèmawon.
Mila
para wali sami boten angraita karsaning Nata. Tinarka nyata, yèn Sunan
Kalijaga. Mila sami anut wangsul, umiring konduring Nata. Lajeng anjog ing
sitibentar, nimbali lurah yaga, pun Setu kalih pun Monggang. Dhinawuhan rumeksa
yasan dalem gangsa Sekatèn.
Dènè
Kyai Ganjur lajeng kapiji dados Lurah Suranata, wonten ing serambi masjid
panepèn. Pangkatipun Kyai Ganjur sangandhaping Pangulu Ageng. Kayi Ganjur wau
pasowanipun rinilan anunggil para wali.
Kacariyos
satunggal dalu, Kangjeng Sultan dhawuh kabèh para wali kinèn angraosaken
sasmitanipun jim biru, ingkang rumeksa gangsa Sekatèn.
“Kyai
Rambu Rangkung imbaling wacana pitung angkatan, mawi bebuka “HU”, pikajengipun
punapa ? Maknanipun kadi pundi ?”
Dènè
para pamagangan wali dhinawuhan sami ngupaya Sunan Giri kalih Sunan Kudus. Yèn
kapanggih, kairida, rèhning praja wonten pratandha, yèn sunya pasthi punika
pandamelipun Sunan Giri utawi Sunan Kudus. Pamagangan wali matur sandika,
mangkat sadaya.
Ènggaling
carita, Sunan Giri tigang dinten sampun rawuh ing Demak kaliyan Sunan Kudu.
Ingaturan pawarti yèn ngalun-alun wonten anèh-anèhan. Sunan Giri kalih Sunan
Kudus ingaturan mariksa. Kalih pisan lajeng mangkat.
Boten
dangu wangsul, matur ing Nata, yèn punika pandamelipun Sunan Kalijaga. Kangjeng
Sultan Demak pandamelipun Sunan Kalijaga. Kangjeng Sultan Demak api-api
ngungun.
Sampun
sami ginalih, para wali lajeng dipun dhawuhi maknani sasmitanipun Kyai Rambu
Rangkung, jim biru ingkang tengga Sekatèn. Dènè imbaling wicara mawi bebuka
“HU” kaping pitu.
Mila
Kangjeng Sultan lajeng anjibahaken dhateng Sunan Giri kali Sunan Kudus
sakancanipun sadaya, menggah ingkang dados pikajenging sasmitanipun Kayai
Rambu, Kayai Rangkung kados pundi. Dènè mawi “HU” kaping tiga dènnya imbal
pamicara. Mokal yèn botena wonten raosipun. Sadaya para wali matur sandika.
Dadya lajeng rinaras raosing sasmita wau.
Warni-warni
pamanggihipun :
1.
Sunan Giri angarang kanyataning “HU”. Pamanggihipun :
humat. Tegesipun : umating Allah iku ngawruhana rahsaning ngilmu kang wis dadi
iku weruh wewadining pangkating Dat pitung prakara.
2.
Sunan Kudus pamanggihipun “HU” punika hurip.
Pikajengipun : urip iku wenang nganakakè pitung prakawis. Mila yèn
tanggung-tanggung ngilminipun luhung pengung kèmawon. Awit tiyang pengung
punika sampun boten ngajengi warah-wuruk.
Mangkana
salebeting gunem raos, kasaru rawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga,
dumrojog tanpa larapan. Dupi wus tata lenggah, lajeng angandika makaten:
“Iki
wong dèsa, aran Kaki Tengara, prayoga kawulakna. Pantes amajibi lawan anglurahi
para paniti masa. Lan maningè, wong kang turu sangisoring wit waringin kurung,
kairida anèng ngarsaningsun. Poma warahen, ingsun wus teka.”
Para
kanca anggandhèk sandika, mangkat. Dupi prapta temah matur dhateng kang nèndra,
“Gusti, Paduka tinimbalan manjing pura, karana rama Paduka sampun rawuh ing
kadhaton, amung ngentosi sowan Andika kèmawon.”
Radèn
Sahida gumrègah lumaksana, kèrid ing gandhèk kekalih. Sadhatenging ngabyantara
Nata, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika:
“Hèh,
hèh, Sahida, ing mengko sira wus katemu lawan ingsun. Sira banjur lungaa manèh,
ngupayaa bumi Bintara kènè. Yèn ana dèsa lemahèdarbè ganda langu, banjur
bebadraa sakuwasamu dhèwè. Lawan ing kono bakal ingsun anggo nganggur, supaya
bisa dadi petilasan.”
Sèh
Sahida matur sandika, nyuwun dhawuh menggah ingkang kawajibaken punapa. Kangjeng Susuhunan Kalijaga angandika
:
“Sira
dadia punggawa pamijèn, amajibana barang lelungguhingsun bumi dèsa kang parek
ing kono. Bèsuk sawatara dina ingsun tumeka, bakal karya wisma kangdadi
pasarèyaningsun dhèwè. Sarta sira ingsun wenangakè mangrèh wong cilik
sabalabaging bumi satus karya. Dènè kang bakal dadi dalemingsun, sira aja
wani-wani angetrapi, sarta wus ingsun paringi tetenger : kayu kumuning bang
utawa kayu tayuman; telu kayu garu; kayu widara putih, kayu waliku. Saubengè
kekayon lima mau mung sawangana wates bae. Bèsuk ingsun dhèwè kang ngadani.”
Kangjeng
Sultan ing Demak mimbuhi pangandika, “He Kulup Sahida, ingsun apeparing aran.
Sira ingsun rilani jeneng Pangèran.”
Para
wali aneksèni sadaya, yèn ing mangkè Raden Sahida nama Pangèran ing Kadilangu,
sarta angsal ganjaran sabin, kathahipun kawan atus karya. Dalah saking rama
dados gangsal atus karya.
Dupi
wus sampat dhawuh pangandikaning Nata tuwin dhawuh wewelingipun ingkang rama,
lajeng pamit, kalilan mangkat.
Ing
sawatawis dinten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tedhak ing panggènanipun
ingkang putra. Radèn Sahida dipun damelaken tarapan saèngga gedhang salirang,
kaanggè wadhah bekakasing dalem. Dumadakan ing salebetipun angadani dalem,
Kangjeng Susuhunan Kalijaga angsal kaèlokan, èncèh isi rajabrana kebak.
Sanadyan
manggih, kedah bayawarakaken dhateng tangga tepalih, sinten ingkang gadhah
èncèh wau. Tangga tepalih, parpat manca lima sami matur, boten rumaos ndèkèk.
Mila sareng sampun boten sami ngakeni, ugi rahadunya lajeng kawaridinaken
dhateng para bekel ing ngriku. Mila kumrubut sami nuwun-nuwun. Mila para
tetiyang sakiwa-tengenipun ngriku, nadyan ingkang boten kabawah, sedya atur bulu
bekti, bau suku tumut ndandosi dalem, sarta badhè pasarèyanipun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga. Kinaroyok ing kathah, lajeng ènggal dados. Istha masjid
tur cèkli langgarè, ingubengan tirta wening. Mila lajeng karang ing Kadilangu.
Makaten pangandikanipun:
“Hèh
Sahida, sira dèn ènak atetunggu pasarèyaningsun, lawan ingsun tinggal wewekas,
dèn èstokna. Sapungkuringsun, sira aja wani-wani ngungkabi gendhaga wadhah
wangkinganingsun. Saturun-turunira, sing sapa langkah, nganti weruh
wangkinganingsun, pasthi tanpa mata.”
Sabda
pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dhateng Pangèn ing Kadilangu
pinareng dèning Allah tangala. Sami sanalika kadi binarung ing swara gumeleger
ngawiyat, lindhu gonjing, prahara gora rèh kagiri-giri.
Saluwaring
prabawa, punang gandhaga wadhah wangkingan kadi pinaku, karaket ing manah.
Sarta ingkang dhinawuhan ugi ngèstokaken. Saturun-turunipun Pangèran ing
Kadilangu sami ajrih sumerep dhapuring pusaka wangkingan wau.
Dumugi
sapunika kènging nyirami lisah cendhana nyumerepi dhapur tangguhipun.
Suprandosipun
ing nguni wonten ingkang sumedya badhè uninga. Margi mingkis sinjang gegubahan,
saweg uninga sadlèrèngan kèmawon, tiyang wau mripatipun nyeplos.
Mila
tulus sapriki lajeng boten wonten ingkang wani uninga wangkinganipun Kangjeng
Susuhunan Kalijaga. Wasana lajeng dipun dhawuhaken dados wewaton : sinten para
ngulama tuwin para juru kunci ing pasarèyan Kadilangu, katamtokaken ing saben
Anggara Kasih, ingkang nyirami Kyai wangkingan kedah mawi dipun tutupi
mripatipun, kanthi tiniti boten kèngis maripatipun. Nadyan para ratu, boten
kenging uninga wujuding wangkingan wau.
Kacarita
malih, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sasampuning paripurna anggènipun yasa
dalem dalah langgaripun, lajeng dhawuh dhateng ingkang putra, rèhning sampun
sepuh, boten karsa angagem wangkingan. Amung badhè gebayakan kèmawon, ngagem
teteken pucuk cis wesi cawang, sarta pamit ingkang putra, yèn badhè ngaluyur
nuruti karsa. Amung rèhning boten ngagem wangkingan, ingkang putra wineling,
njagi rumeksa boten kènging ngagem, boten kènging uninga. Ingkang liningan
matur sandika ngèstokaken.
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga lajeng kèsah lelana, sapurug-purug, ngantos dumugi tanah
ingatanah, pulo ingapulo, manca nagari, pasisir sampun kaancikan sadaya. Malah
satengah kaoling carita, dumugining paran, ing saben saonjotan santun gelar,
santun warni.
1.
Ing nalika ngambah laladan pulo Pinang, Kangjeng Sunan
Kalijaga sesilih Jaka Lonthang. Ing ngriku witipun wonten Serat Suluk ngilmi,
dipun wastani Suluk Lonthang.
2.
Ing nalika ngancik dhateng pulo Siyag, lajeng nama
Kyai Dana. Ing ngriku witipun wonten Serat Suluk Besi, awit Kangjeng Sunan Kali
kèlu dhateng pakartining tiyang pandhè wesi, laminipun kalih taun.
3.
Ing nalika ngancik pulo Bayan, ngantos dipun jajah
saubenging nagari. Mangka pulo Bayan punika tigang jaman dipun kulinani :
ngambah ing Bayanmani, lajeng ngambah dhateng Bayanmaot, lajeng dhateng nagari
Bayan Budiman. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngalih aran kaping tiga. Duk
nganggit Suluk Bayanmani nama Empu Hartati. Nalika nganggit Suluk Bayanmaot
ngalih nama Empu Hartadaya. Sareng wonten nagari ing Bayan Budiman ugi nganggit
Suluk Bayan Budiman. Kangjeng Susuhunan Kalijaga sesilih nama Sèh Ismangil
Jatimalengis lamènipun ngambah jaman nagari tetiga wau tigang taun. Lajeng
wisata sapurug-purug malih.
4.
Nalika ngancik wonten ing nagari Ngacih, Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga ugi nganggit Serat Suluk Acih, jejuluk Sèh Sutabrit.
Kalunta-lunta ngantos nagari ing Mekah,
nanging Sèh Sutabrit awarni larè dolanan. Dènè ambah-ambahanipun dhateng masjid
Mekah, adamel kaèlokan, dènè purun anglanggar ngilmi dhateng para jamhur Mekah.
Inggih punika ingkang sampun kasebut wonten rahsaning Serat Suluk Sutabrit.
5.
Ing nalika ngmabah pulo Siyem, Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga anganggit Serat Suluk Puji. Dènè sesebutaning nama : Kaki Linggapura.
Wonten ing laladan nagari Siyem boten karsa anglajengaken. Suprandosipun dangu,
jalaran kasengsem aningali cara-caranipun tiyang anggènipun liru lambang
urub-inguruban.
Kala
samanten Kaki Linggapura kalanturipun nama Kaki Singgapura. Dumugi sapriki
lestari dados lambang-lambanganing arta, kados ta : arta saking tanah jawi
wonten nagari liyan boten ajeng, kedah lintu arta liyan. Pundi ingkang dipun
purugi liyaning praja, badhè ngajawi ugi
lintu arta tanah Jawi.
Makaten
ing caranipun. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wonten ing ngriku ngantos
sakawan taun, jalaran dipun pupu dèning juragan, nama Kaki Glontor.
Sanget
asihipun, malah dipun ajak gegramèn dhateng pulo ing Bojong, inggih pulo
Ciamis. Akathah lelangening nagari, karya senenging panggalih. Mila Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga lajeng nganggit serat Suluk Gontor, awit saking saweg
tumut dagang Kaki Gontor.
1.
Ing nalika kondur saking bawah Siyem, Sang Lelana
lajeng kondur angajawi malih. Ing ngriku taksih andugekaken lelana jajah wana,
wukir, jurang pèrèng sungil. Sang Lelalana karsa nganggit Serat Jaka Rasul. Ing
nalika punika kapareng anggelaraken rahsaning ngilmi babaran wahananing Dat,
tinunggilaken lawan panganggitipun Suluk Jaka Rasul wau. Mila Suluk sareng
dados gegebengan, sakalangkung gancar piyambak. Sarta raosipun dhateng tèkad
tetèla kathah meleng piyambak rahsaning ngilmi kasampurnan. Kapara mawi
cecarangan angangit imbal-imbalaning swara, dipun wastani Suluk Burung, ingkang
kadhapur pangartining para paksi gemak dènya rebat unggul, prakawis
pambektaning jasat dalah kurunganipun. Sadaya wau sakalangkung ramèning
pamicara. Ing ngriku witipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng anganggit
Serat Suluk Burut.
2.
Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan Kalijaga lajeng
karsa lelana malih dhateng tanah kidul, anjujug pinggiring samudra, inggih
punika ingkang winastan ing Dalepih. Laminipun jaga-jaga satepining tasik kinten-kinten
satengah wulan, saweg amuthuki tiyang satunggal, tanpa mangganggè wastra.
Awakipun namung dipun ubeti oyod, sirahipun anyunggi sakathahing uwuh ron
aking. Upami dèdè Sinuhun Kalijaga,
tamtu mlajeng, awit sinengguh brekasakan ingkang rumeksa sapinggiring sagara
Dlepih. Wasana sareng saya celak, dinangu sarana angagètaken. Ingkang nyunggi
uwuh kagètipun sanget, ngantos andherodhog, andhèprok boten saged lumampah.
Sambatipun amung mati. Tinanggenah ing pangandika, lajeng matur saparlunipun,
“Kawula pun Wana, larè ing dhusun Dlepih ngriki, badhè ngupados paksi mliwis,
kasadè damel ngingoni anak putu.” Kangjeng Susuhunan paring sabda waluya,
lajeng angandika :
“Kaya
kapriyè rèkanè amèt manuk mliwis ? Ingsun arsa uninga. Lakonana, aja kasuwèn.”
Ingkang
sinabdan manembah, lajeng malebet ing warih. Ririh lampahira. Dènè ingkang
katingal amung ombyong-ombyongan uwuh. Dèrèng pati tebih, dumadakan anyarengi
panebaning paksi maliwis, niyup saking nginggil mangandhap, lajeng angambang
ing toya bayak-bayakan. Wana marpeki, tumandang. Punang paksi mèh telas. Saking
kekebaken kapisipun, temahan rinèntèng ing tetali kang sinabukaken. Tali
tampar, lulup, sampun kacakan sadaya. Kantun tigang iji, kagèt, muluk ing
gegana. Dènè kagètipun paksi tetiga wau, awit pun Wana kuwalik badhè kelem,
awit saking kawratan pambektanipun. Nanging Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
awas ing pandulu. Pun Wana pancen galagepan, lajeng sinaut ing teteken,
ginanthol ing cis. Pun Wana saged minggir, lajeng dipun entasaken. Dupi sampun
sarèh napasipun, lajeng dinangu. Pun Wana matur makaten, “O, Gusti, salami
kawula pados peksi maliwis boten kados sapunika. Bok sampuna kawula kelem
saking boten kuwawi mbekta, kados rampun tan akècèr. Katujunipun lajeng paduka
entasaken. Sapinten ing panuwun kawula, Paduka paring gesang. Mangka kirang
sakedhik kemawon, tamtu pejah. Boten langkung, rèhning Paduka ingkang nambak
ing nyawa kawula, angsal-angsal kawula paksi maliwis kawula sumanggakaken.”
Kangjeng
Susuhunan Kali angandika :
“He
Wana, sira rumangsa urip awit ingsun kang angentasakè, duk sira galagepan. Iya
banget panarimaningsun, sarta antuk-antukira maliwis sira aturakè maringsun.
Ananging dadèkena sumurupira, maliwis kang wus gawa, kabèh mabur, jalaran
nalika sira kelep ing banyu, nganti lali pangangsilanira.”
Pun
Wana èmèk-èmèk kapisipun, nyata suwung. Nadyan ingkang sami cinancang ing
tetali sabukan, sami mabur. Satunggil boten wonten ingkang taksih. Pun Wana
dadya kaduwung sanget. Dangu-dangu lajeng mosik makaten, “Dhuh Sang Pinundhi,
rèhning sampun kapotangan umur kula, kaparenga Paduka tumedhak ing pagriyan
kawula, parlu badhè angaturi sesegah sakadarè tiyang dhusun, margi wanci
sapunika sampun ngajengaken surup.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga amituruti. Dumugining wisma, ngancarani lenggah ing salu.
Pun Wana lajeng medal, sanjang biyungipun, kapurih sesegah. Kang ingatag
tanggap, angratengi badhè segah. Pun Wana lajeng dipun timbali dalah
biyungipun. Saprataning ngarsa, dhinawuhan :
“Nini,
sira aja susah nyuguh sarana nganak-anakakè kang ora ana. Ingsun trima tanpa
sugata, angger tangga teparomu padha teka kènè.”
Pun
Wana matur, “nDatengaken tiyang wau inggih kedah nyegah sawontenipun.”
Kanjeng
Susuhunan angandika :
“Gampang
prakara suguhing tangga teparomu kabèh. Ana pira kèhè?”
Wana
matur, “Cacahè eri kawandasa sèmah. Mangka adatipun, ing dhusun Dalepih ngriki,
saben dipun undang, jaler-èstri dhateng sadaya. Wah sami bekta anak, margi
sampun dados rerukunaning rembag ngajeng, sinten ingkang gadhah parlu, tangga
tepalih sami rungkat sadaya, alih-alihan.”
“Yèn
mangkono luwih becik. Pasthi mengko ana kamurahaning Pangèran kang kena
sinuguhakè.”
Ing
nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng maringaken waragad
sacekapipun. Dadya kalampahan ing dalu punika saged ndhatengaken tangga
tepalihipun sadaya. Warnaning sugata boten anguciwani, karana pinaringan
waragad kathah. Sareng sampun ing wanci dhatengipun. Sami dinangu, arta
anggènipun maringi waragad telas punapa taksih. Yèn telas, dipun paringi malih.
Lumbung pari kalong pirang gèdhèng, yèn kathah lukaking pari, dipun jogi malih.
Biyungipun Wana matur makaten, “Arta ganjaran
kablanjakaken ulam, bumbu warni-warni, pirantosipun sekul ulam panganan.
Panumbasipun langkung kathah, arta boten kalong. Wadhah uwos tanpa kèndel
panakeripun, wasana ing padaringan boten lukak. Nadyan ing lumbung malah kebak.
Mila arta kawula aturaken wangsul malih.”
Kanjeng
Susuhunan ing Kalijaga boten karsa anampèni. Pangandikanipun makaten :
“Bibi,
mengko tamunira padha wratanana arta sacukupè.”
Kang
liningan matur sandika. Ing sadalu punika dhatengipun para tamu langkung
kathah. Dalah parpat mancalima anggili tumut manggihi. Pun Wana nyariyosaken
kawasaning tamunipun, sarta anambak nyawa, amiwiti tumeka mungkasi.
Dupi
tekèng tengah dalu, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tumedhak ningali tamunipun,
sarta tumut lelenggahan, lajeng paring pangandika makaten :
“Kabèh
sanak sadulur, ing mengko padha timbangan saparlunè. Lelakonè si Wana enggonè
ngupaya manuk maliwis, wasana malah anemu papa. Marga saka maha kumawawa,
wekasan mèh palastra, tur tuna sedyanira. Saka wus katrucut basanè, arep males
kabecikan marang ingsun, uga banjur ingsun pitututi. Èwadenè saka karepku,
becik mangan ènak lawan sanak sadulur, tangga teparo, anulusakè rukunè.”
Ingkang
sami dhinawuhan sakalangkung nuwun.
Kacariyos
malih, salebeting pajagongan, Nyai Wandawa kuma purun atur pratèlan makaten,
“Dhuh Sang Pinundhi, sanget panuwuning manah kula, dènè saged marek ing Paduka,
karana nguni pun patik sampun natè uninga, duk Paduka saweg birahi angadani
sumur utawi masjid, wonten ing dhusun tanah Pajang. Awit kawula punika
temenipun, biyung kawula sampun natè ngawula ibu Jengandika. Malah kadhawuhan
nginyani putra kakung, nama Radèn Mas sahid, inggih punika ingkang tunggil
sesepan kawula. Sareng pun biyung pejah, kawula lajeng imah-imah, angsal Kaki
Wandawa. Dupi semak kawula pejah, lajeng dumugi ngriki, kaanggè sepuh-sepuh,
kapara dados dhukuning bebayi. Mila sadhusun punika sami ngalap kasagedan kula
padhukunan wau. Mila pun patik nuwun deduka, dènè sumalonong purun sapocapan,
parlunipun amung badhè matur, ingkang nama Radèn Sahid punika rayi Paduka
punapa raka Paduka?”
Kagjeng
Sinuhun ing nalika punika dahat pangunguning galih, boten kanyanan yèn Nyai
Wandawa punika kadang palihanipun. Dados lajeng sajarwa, yèn sariranipun. Mila
Nyai Wadana lajeng pinaringan sih ganjaran saking luwesing atur, kalawan nyata.
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :
“mBakyu
Wandana, wus ingsun anggep nyata caritanira. Ora luwih ing samengko sira ingsun
paringi ular-ular, enggonen pawitan saurripira. Tampanana pasihaningsun, rupa
kalpika. Kaksiyatè : sira bakal ginugu marang sasama-sama. Lawan ardana
sawatara, tampanana.”
Ingkang
pinaringan dahat nuwun. Sasampunipun makaten, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
lajeng paring arta dhateng para ingkang sami tinimbalan wau. Amung kènging
kanggè sesarat sawatara. Kados ta : arta tigang reyal ing dalem tiyang
satunggal, sadangunipun boten saged suda. Para tetiyang sadaya naracak
ganjaranipun. Wewelingipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga ugi sami kèmawon.
Ing
nalika samanten Kangjeng Susuhunan kalijaga lajeng pamit, badhè andugèkaken ing
lampahipun, lelana sapurug-purug.
Rerancanging
carita, Kangjeng Sultan ing Demak dahat angajeng-ajeng rawuhipun Susuhunan ing
Kalijaga, margi sampun dangu mboten anembah ing guru.
Mila
para wali sinebar, angupaya dhateng pundi purugipun. Sunan Punggung aturipun,
“Boten susah dèn upaya. Manawi sanyata sungkemipun murid, dhateng piyambak.
Dènè guru kangen tataning murid, pasthi saged katuju piyambak sarta sampèka
sapiwarahing guru, yakti dugi sedyanipun.”
Gantya
kang cinatur malih. Arya Jipang salebetipun anata baris pendhem wonten ing
dhusun Panolan, saweg lelenggahan kalih ingkang rayi ipè, nama Radèn Puspita.
Ing rinten dalu tansah padudon karsa, jalaran Arya Jipang sedyan angkara murka.
Radèn Puspita tansah ambolèhi atur, amrih rapih, pinapagaken ing karsanipun,
“Kakang
Arya, punapa saèstu angrampit prang dhateng Demak, punapa boten? Kantenan
anggèn kula manah. Saupami boten saèstu ambebara prang, inggih sokur, margi
kula badhè ngupadosi wekasaning kajat kula dhateng tanah bang wètan, nglantun
anglantun dhateng tanah kidul, rèhning sampun boten saèstu prang. Dènè yèn
karsa Paduka kenceng nglurug prang dhateng nagari Demak, kula nyuwun pamit,
boten ndhèrèk, jalaran kula gadhah parlu sakedhik. Anak-anak kula sampun sami
diwasa, badheè kula suwitakaken dhateng Kadilangu, supados angaji tatakrami.”
Arya
Jipang mangsuli makaten, “Mungguh aturira iku wus ora kena pinikir sayekti.
Pèdah apa ajurira iku? Yèn sida nglurug, sira pamit ora labuh maringsun. Yèn
ora sida ngadani, ngalaga, sira bakal ngumbara, lunga sakarepira dhèwè. Dadi apa
kang sira anti-anti nganggo cumandhang dhawuhingsun? Sarta wus mratandhani sira
iku wedi mati. Luwih becik sira lunga samengko iki.”
Ingkang
rayi matur, “Ingkang makaten punika, Kakang, pamanggih kula, dados tiyang enèm
inggih kedah matur ing kadang tuwa. Paèdahipun antuk sabda pangèstu, supados
gampila ingkang kula sedya ayu.”
Arya
Jipang mangsuli radi sengol, “Mungguh caturira iku kabèh, ing ngatasè milu wong
ngatuwa, tanpa gawè, awit sira iku mung lumuh, malumuh wedi campuh. Upama
ingsun candheta, digawe apa, parlunè ora ana. Bara-bara angur aja katon mata,
tur ora dadi klilip. Ananging supaya tan mandheg tumolèh, mboklunga pisan.”
Radèn
Puspita anampeni. Kadangipun lajeng dèn ajak kèsah. Sareng sampun sawatawis
tebih, ingkang mbakyu jinarwan yèn Arya Jipang badhè boten tulus gesangipun.
Tinimbang ing tmbè boten tulus kompra, luhung miruda. Sinten ingkang sotah
mengku, angger boten dados manah mutawatiri. Ingkang raka Retna Paniwèn gentos
anjarwakaken, “Iya, teka pasanga yoga, sira anggawa lunga raganingsun. Pancèn
sadurungè sira mangkana, wus dadi pangèsthing tyasingsun. Sajatinè ingsun iki
ora kinanggokaken kadi para garwa pangrembè Arya Jipang. Ananging saka tunaning
pandon.”
Ingkang
rayi matur, “Kadi pundi liring pandon tuna?”
Retna
Paniwèn mangsuli makaten, “Yayi, ingsun iki sanyata sipatè wadon, nanging
satuhunè tiwas kalumrahanè, ora kena kinarya pasamuwan ing papreman. Dadi Arya
Jipang mengku raganingsun iki mung ginawe genep waè.”
Radèn
Puspita dahat pangunguning galih. Wekasan suka sukur anarimah. Dadya makaten
ing aturipun, “Kakangmbok, yèn makaten Paduka luhung ndhèrèk tetruka ing Ratu
Mas Kalinyamat. Saiba sukaning galih.
Retna
Paniwen nembadani, lajeng kadhèrèkaken. Boten winarna ing margi, sapraptaning
wukir, laju marek manembah ing ngarsa. Dinangu, matur sajarwa sawewadinipun.
Ratu Mas Kalinyamat dahat sukaning galih, lajeng pinatah tengga korining
pratapan. Radèn Puspita tinanggenah ing sedyanipun, matur badhè ngupados
wewenganing manah.
Ratu
Kalinyamat lajeng paring pitedah, Radèn Puspita dhinawuhan ngupaya Kaki Walaka
ingkang dhedhukuh ing dhusun Galinggang. Saupama suwung kinèn anganti, awit
janggan Walaka iku araning rèrèh ing wisma. Karemenanipun lelana tanpa sedya.
Raden
puspita manembah, lajeng mangkat. Ing samargi-margi anggung kasangsaya
sinangsaya, awit pakartining margi boten amiranti. Èwadènè Radèn Puspita
mèrang, yèn balia. Tan ajrih bebayaning margi rumpil, sungil-sungil. Dumadakan
sapraptaning wana kapethuk tetiyang, nama Kaki Janggalana. Duk tinakènan
dhateng Radèn Puspita, temah sugal wangsulanipun, dènè boten dipun ajèni Kaki
Jenggalana. Dangu-danguning rembag dipun ajèni Kaki Janggalana. Dangu-danguning
rembag temah dadya pancakara, ngantos ramè, gentos kasora, nanging boten mawi
gegaman.
Radèn
Puspita sakalangkung kaken ing galih. Badhè teluk, pakèwed manawi angauba
dhateng sasami-sami. Yèn nanggulangaa, langkung kasoran, saha mèrang sanget.
Dangu-dangu Radèn Puspita lajeng mitembung angasih-asih. Kyai Janggalana
awewarah yèn lana, dèn ajak ngumbara sapurug-purugipun, tan nana sinedya. Radèn
Puspita anut, tan lenggana ing rèh. Kyai Janggalana lajeng lelana
sapurug-purug. Ing saben surup surya atetaken :
“Opa
sira ora ngelih, lawan apa ora ngelak?”
Radèn
Puspita matur, “Boten.”
Dumugi
tengahing dalu Kyai Janggalana galundhung jurang, sarè asesengoran. Watawis
dangu wungu, lajeng kaloyongan malih, balasakan ing bebondhotan. Watawis ing
wanci gagat bangun enjing Kaki Janggalana nolih, tetakèn, “Apa sira ora arip?”
Aturipun,
“Boten.”
Dados
Radèn Puspita anggènipun anglampahi tut wuri wau sampun tèkad pejah, sarta
boten angraosaken risaking sarira. Saweg tigang dalu Radèn Puspita sangsaya
mempeng dènya tut wuri Kaki Janggalana.
Parmaning
Hyang paring rèh rahayuning titah. Radèn Puspita sampun katingal kuwungipun,
awit bebasan ulat, karep, ati madhep dènya tèkad pati, sedya puruita. Kayi
Janggalana kagèt aningali kuwunging nitya, asmu mancorong. Mila Kyai Janggalana
welas ing galih, temah angandika :
“Jebèng,
boya ilang sira ngetutakè saparaningsun. Dibasakakè mokal kaluwèn, bakal ora
wareg. Mesthi bakal ana sihing Pangèran maring kang kaluwèn. Mula dèn banget
tarimanira.”
Kaliyan
lumampah kèmawon pangandikanipun. Kaki Janggalana lajeng ngambah samadyaning
wana tarataban. Boten wonten tiyangipun, tebih dhusun, tebih warung, tanpa
toya, utawi kekajengan ingkang ageng-ageng. Radèn Puspita matur, “Punika
pundi?”
Sang
lelana angandika :
“Perluning
wong anggeguru iku iya ing tembè tumekaning pati aja nganti kaliru ancasè. Aja
nganti kasawar tibanè, aja nganti kasangsara lakunè ing dalem pati.”
Radèn
Puspita matur, “Tèkading kahanan jati punika punapa wonten bèda-bedanipun? Awit
ing dalem pati punika badhè nyandhang tiwas ing tri prakara :
1.
Bosoking jasad, awit sampun nunggil kaliyan luluhing
siti kang lebet.
2.
Risaking piranti dènè sampun koncatan
anjing-anjinganing bayu otot, kulit daging, sami pisah adon-adonanipun.
3.
Larating erah lawan rahsa, punapa dènè sampurnaning
atma, nyawa, cahya, sapanunggalipun sami miruda tan kantenan.
Kados
pundi bèdaning tiyang wantun kaliyan ingkang sami anggeguru?”
Sang
Lelana aangandika :
“Jebèng,
upama ora ana bèdanè, pati-pati anggeguru apa gunanè? Ananging yèn dhasar
sanyata pangèsthinè, iya bèda uga.”
Radèn
Puspita matur, “Nyuwun pitedah, supados radi saged tumindhak dhateng wewarahing
guru satunggal-satunggal.”
Sang
Lelana mangsuli :
“Jebèng,
sira durung wanci anggayuh ngilmu kasampurnan. Marmanè gunemira durung turut.
Pasthi wus dadi benerè gunem bocah. Upama sira kadereng arsa uninga tetalering
ngilmu kasunyatan, adat banjur kadhingan tuwuh. Tegesè, durung wayahè selak
kasusu karepè. Ana dènè wewatesing wong kena ngeguru iku, yèn wus umur patang
puluh tahun sapandhuwur. Awit manungsa durung patang puluh iku akèh kalirunè.
Manawa wus patang taun iku, ginanjar kuwat, anampani kawruh kang sanyata.
Marmanè sira milu ingsun, maksih ingsun ganjar anteping laku baè dhingin.
Manawa sasuwenè sira tut wuri ingsun ana kalèjeme mantep tama temen, sarta sira
yèn wus uninga gatra-gatraning ngilmu, ora èsuk ora sorè, wus pasthi ingsun
kang maringi ing kawruh marang sira dhèwè. Aja kuwatir.”
Sasampuning
makaten, Kaki Janggalana andugèkaken dènya lelana. Radèn Puspita dipun warah
kantun, katitipanken Dhoyok Pangangsalan. Tegesipun : pangagenging dhusun ing
tanah ngriku, jalaran welas aningali Radèn Puspita dènya dèrèng wanci tumut
lelana. Sang Lelana lajeng tedhak dhateng dhusun Katègan, ing nguni karan
Sabaran.
Ènggalipun
Radèn Puspita lajeng tata-tata badhè dènya kari anggana. Sang Lelana nutug
dènya ngunggar karsa, nurut pinggiring tasik. Antawis tigang lapan Sang Lelana
wangsul dhateng unggyanè Radèn Puspita, atakèn :
“Hè
Jebèng, sira ingsun pitaya ana ing dèsa Waru. Ingsun paringi aran Ki Ageng
Waru.”
Radèn
Puspita matur nuwun, Sang Lelana lajeng kèsah malih. Tigang lapan wangsul
paring dhawuh makaten :
“Jebèng,
sira rabia antuk sutanè Sunan Panggung, aran Rara Subekti. Wus takjalukakè
padha leganè. Mula saiki sira ingsun srahakè, supaya tumuli didhaupakè.”
Ki
Ageng lajeng tut wuri. Sampun kapanggihaken lawan sutanè Sunan Panggung. Radèn
Puspita tulus nama Kyageng Waru.
Kacarita
Sang Lelana sampun ngumbara malih dumugi tanah Banjarmas. Sang Lelana mancala
larè nem, karan Jaka Lelana. Ing saben guru-guru miluta Jaka Lelana. Mila
ngirub pangawikaning tiyang Banjarmas. Sareng sampun ing antawis lami, Jaka
Lelana malah antuk sihing para guru, pinaringan berkah.
Dènè
caranipun sadaya guru dipun elèr kemawon wejanganipun, boten wonten wonten
ingkang dipun singid. Dènè ingkang dipun wejangaken naracak bangsaning ngèlmi
sesorogan nakisbandiyatul kak. Sawenèh anggelaraken ngilmi tapakurahman. Mila
warni-warni wewedharanipun tiyang Banjarmas wau. Amung bangsaning ngilmi
sorogan, mijèni sakaliring wewenang kaèlokan sadaya.
Jaka
Lelana lajeng kèsah, sawulan wangsul, sampun warni Kaki Janggalan, lajeng
gentos anggelaraken ngilmi sorogan. Tiyang sakiwa panengen ngriku gilir tanpa
sela, sami anggeguru dhateng Kaki Janggalana.
Ing
nalika punika para guru-guru ing Banjarmas kathah pangugunipun, dènè wonten
satunggaling guru neneka, lajeng ngungkuli ingkang sampun lami. Mangka
kanyatahan ing wewulangipun. Dangu-dangu para guru ing Banjarmas ayon sedya,
nyekabat dhateng kaki Janggalana.
Sampun
kalampahan panyakabatipun para guru Banjarmas wau, ugi sampun katampèn sadaya.
Amung wonten satunggaling guru gumaib, nama Kyai Mangilhas, pugal boten purun
sumuyud dhateng Kaki Janggalana. Malah ing saben dalu Kaki Mangilhan wau karsa
ngalempakaken para juti pethut sadasa iji, anuju selaning dinten Kaki
Janggalana wonten ing griya piyambak. Para pethut ingkang nyidra sami malebet
griya. Tanpa prasaba lajeng amadung lawang, mengkang pager gedhah gedhèg.
Pangrisakipun tiyang sadasa wau ambek sura wani. Boten ajrih ingkang tengga
griya. Dènè Kaki Janggalana wau amung èca-èca anggènipun pitekur ing kursi
kemawon.
Sareng
sampun celak, pandung sadasa nempuh sura wani, tan ajrih ing pancabaya. Dupi
saweg namakaken pedhangipun, sadaya pareng mangsah. Boten kalampahan mocok
utamangganipun tiyang. Dangu-dangu Pangèran Ingkang Agung paring parimarma.
Sèh
Janggalana boten mawi pariwara, lawan Janggalana kesah tan nana kang uninga.
Tegesipun : ngedalaken mangunah catur warna, saluguning Kaki Janggalana kèsah
sakiwa tengening ngriku. Nanging tilar warni wujud sakawan.
Ing
wètan inggih Kaki Janggalana, kidul inggih Kaki Janggalana, kilèn inggih Kaki
Janggalana, lèr inggih Kaki Janggalana. Nanging sakawan wau tinandukan ing
gegaman, boten kènging. Kadi ameca wewayangan.
Para
pethut-pethut pothèt, kawèkan ing galih. Saking tunaning pangangkah lajeng sami
lumpuh, boten saged lumampah. Wasana analangsa, atur tobat turun tumurun, boten
sedya ngawoni. Kaki Janggalana ngandika makaten :
“Apa
nyata sira wus ora wani maringsun? Sapa kang ngajani sedya cidra iku?”
Para
durjana pothèt matur sajarwa, pakènipun guru, Kyai Mangilhas. Kyai Janggalana
ngandika:
“Yèn
mangkono sira padha waluyajati, tanpa sangsaya.”
Para
durjana kècu sampun luwar saking papa, lajeng sami pinaringan arta busana,
sarta kinèn bara griya ingkang saè, bebanjaran urut margi, patilasaning
panyidra wau. Bandha bèbaya saking Sang Sèh Janggalana.
Sasampuning
tata reja, lajeng pinaringan aran dhusun Sidayu. Para durjana kècu angèstokaken
sadaya. Sèh Janggalana paring dhawuh :
“Bènjang
yèn sira maring tanah Jawa, angupayaa jenengingsun, Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga. Wismaningsun ing Kadilangu, bawah nagara Demak.”
Ingkang
dinawuhan sadaya nuwun sandika, sèwu kapundhi. Para guru ing Banjarmas lajeng
sedya tutwuri, boten kalilan. Amung pinaringan waragat arta busana, dhinawuhan
anyedagar. Bandha bèya pinaringan.
Kaki
Janggalana, sapengkeripun saking Sidayu, wonten gisiking muwara pinarepekan
dening tiyang ageng, inggil. Tinakènan, nama Kyai Mailhas. Gentos pitaken,
jinarwan nama Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mangilhas andheku, nembah sarwi
matur ngasih-asih, sajarwa susahipun, “Anggèn kawula lelèdhang satepining
muwara punika, sajatosipun nganti-anti patembayan kawula, tiyang pèthoting
pethut. Kula resaya menahi tiyang nama Kaki Janggalana, margi ngendhih kabegyan
kawula. Mangka tiyang nagari Banjarmas punika, pangungsèning rembag punapa dènè
patakèning kawruh, sadaya ingkang dipun suhun-suhun sami dhateng kawula. Wasana
sareng wonten tiyang neneka, nama Kaki Janggalana punika, sadaya tiyang ing
Banjarmas sami balik pangidhepipun, ngantos supè dhateng kawula. Mila lajeng
kawula resayakaken amejahi. Para pethut sadasa sagah entos-entosan wonten
muwara ngriki. Wasana sampun sadasa dinten langkung, bilih Paduka saking sabda
waskitha.”
Kangjeng
Susuhunan amangsuli makaten :
“Ki
sanak, kapasanga yogya pethuking manah kula kaliyan dika. Kula punika tiyang kasasar,
saking Ngarab dumugi ngriki , margi saking kapancal ing baita kapal. Wusana
wonten tiyang cariyos, yèn ing Banjarmas wonten guru saged, nama Kyai Mailhas.
Dados malah katuju temen. Kula nedha pitulung, sagedipun kula dumugi ing jaman
kula, nagari ing tanah Jawi. Dènè yèn sanak sagah ngantukaken badan kula,
bokmanawi kula saged angirit suruhan sampèyan para pethut.”
Kyai
Mailhas mangsuli, “Inggih leres, para tetiyang kathah sami nedahaken Kyai
Mailhas tiyang saged, wah guru ageng, nalika dèrèng dipun sirep Ki Janggalana.
Mila panedha sampèyan pitulung makaten kèmawon tamtu boten kawekèn manah kula.
Sarèng dipun sarug tiyang neneka, dados badhè boten saged mitulungi, awit manah
bingung, kalingan muring-muring.”
Kangjeng
Susuhunan amangusuli makaten :
“Dados
tiyang saged punika mawi kènging supè, utawi kenging kuwur muring-muring?
Mangka atasing kagunan punika boten kèngin ical, boten kenging supè, awit
sadaya kasagetan punika saking gaibing Pangèran, sasaringan saking sarining roh
sadaya. Sarining roh katarik lampahing napas, anpas, tanapas, nupus, tumus
dhateng rahsa. Rahsa sumarambah dhateng budi. Budi tumanem ing nguteg, turut
mahanani dhateng manik, sumarambah dhateng karna, grana, lèsan. Sayèkti boten
kenging kasupèn, awit punika wananing nugraha. Kèngingipun kalimput, manawi
sampun puput yuswanipun. Ingkang makaten punika pepiridan saking punapa? Mangka
kahananing ngaguna punika nadyan asal saking nugraha tuwin saking gaibing
Pangèran, ananging sareng sampun gumelar ing ngakathah, tancebipun amung dhateng
sarèngat kemawon. Saiba kaluwihan ingkang deles gaibipun. Yakti manjing dhateng
rahsa rumasa, tur saged kawasa amurba.”
Kyai
Mailhas kawelèh wewadosipun, temah mojar. Anggènipun mangsuli saya boten
tumaja. Wantuning tiyang pancèn jugul, dangu-dangu malah gangsul, “Kula dèrèng
sumerep kadi sesorah makaten punika, awit boten tunggil cecepan. Yakti bèda
lanjaranipun.”
Sang
Lelana mèsem sarwi angandika makaten :
“È
ki sanak, lagi sapunika kula mireng, yèn ngelmi mawi gèsèh-gèsè. Awit boten
nunggil cecepan, badhè gèsèh lanjaranipun. Kados kèmawon ingkang sami mardhukun
dhateng sampèyan sami balik paguron. Nadyan para pethut ingkang sami dipun
resaya, yakti malah kèlu dhateng Kaki Janggalana. Tur kula dèrèng sumerep,
ananging sasat sampun tetèla. Èwadènè kula saged andhatengaken Kaki Janggalana
dalah muridipun sadaya.”
Kyai
Mailhas mangsuli, “Inggih yèn dhasar saged dinateng ngriki, pinten saratipun mangkè kula bayar.”
Sang
Lelana gumujeng latah :
“Kula
boten ngalap upah kados dhukun rucah. Boten guru aleman kados guru ngudi ragad.
Andika nganti, kula tekak-ena.”
Sakala
Jeng Susuhunan andhatengaken, katarik saking purba wasèsaning Dat Kang Èlok.
Mila sanalika mangunahing pandhita linuwih saged mujudaken sadaya.
Kaki
Janggalana ngadeg sakiwanipun Sang Lelana, tanpa ngandika, ginarbeg para
muridipun jaler èstri tuwin para pothèting pethut ingkang dipun resaya wau.
Sang Lelana lajeng ngandika masrahaken :
“Allah.
Andaweg dika sumerepi. Layak kèmawon sampèyan kalindhih, awit Kaki Janggalana
guru gegedhug, jatmika, anteng. Yakti terus nyata ngilminipun, boten madal
sumbi. Bèda sanget kalih andika. Tandha yektinipun para guru-guru sami
sumungkem sadaya. Dalah kang andika resaya sami kèlu dhateng Kaki Janggalana.
Yèn sumerepa ing ngriki wonten pandhita sidik, boten susah ngupadosi andika.”
Kyai
Mailhas saya wimbuh mèrangipun. Bebasan kawelèh, meksa dèrèng purun ngalah.
Dangu-dangu Kyai Mailhas anarik, pedhangira, ngancari adegipun Kaki Janggalana.
Dèrèng dumugi temah angacung bahunipun, boten uninga liding alad, kènging
pangaribawanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mila sareng sampun kadung
pamedhangipun. Kaki Janggalana dalah para sabatipun wangsul sadaya. Ingkang
nama Kaki Janggalana wau inggih Sang Lelana.
Menggah
ungasing pangawasa ingkang mratandhani punika tetèla boten kènging kinira-kira.
Sareng sampun sawatawis dangunipun Sang Lelana welas, temah linuwaran. Kyai
Mailhas sakalangkung konjem ing galih, lajeng sedya tur wuri sapurug. Sang
lelana angandika :
“Iya
ingsun lilani milu saparaningsun. Ananging èwuh lakunira. Nora bisa nututi.
Becik lumebua lengenaning jubahingsun kènè.
Kyai
Mailhas manembah, sampun malebet ing jroning lengenan jubah. Sakala sumiyut
kadi layaping anèndra. Sang Lelana sampun ngancik laladan ing Demak. Kyai
Mailhas ingudhunaken sarta ingandikan:
“Hè
Mail, wruhanamu sira iki wus anèng praja Demak. Marma sira mituruta
wewarahingsun, ngupayaa Sunan Giri lawan Sunan Kudus. Aja walèh saka ingsun.
Dènè lakunira ingsun paringi waragat, supaya dadi sedyanira. Poma.”
Kyai
Mailhas matur, “Dhuh Gusti, kula kedah kaparingan pitedah taleripun rumiyin,
supados wonten lambaranipun. Awit tiyang badhè puruita punika manawi dèrèng
gadhah lambaran kawruh ingkang premati, tamtu tuna tuwas. Nadyan antuk pitutur
kang sanyata, cepak mentahipun. Bèda kaliyan manawi lambaran saè, dhateng
panggayuh boten uwas-uwas. Kawimbuhan pitedahaning guru saya seged anglimbang.
Tur ing nguni kawula inggih sampun midhanget pawarti, yèn Sunan Giri punika
wali tungguling Demak. Mila dipun wenangaken misèsani praja, jalaran katandha
mangunahipun. Duk nagari Majapait wekasan, utusan wadyabala kinèn nyirnakaken
Sunan Giri, karana dipun kinten amijèni nalar ingkang prayogi dhateng Sultan
Demak, anggènipunwani nglanggar ingkang rama, pinrih manut ing agami Islam.
Mila Prabu Brawijaya lajeng utusan wadya, kinèn mejahi Sunan Giri wau. Dupi
kalampahan pinarbut ing prang, Sunan Giri tan lumawan. Amung èca-èca nyerat
kèmawon. Dènè mangunahing pandhita tan kèwran ing upakarti. Kalam panyeratipun
pinudya dados dhuwung ligan, kasebut Kyai Kalamunyeng, awit dhuwung asal saking
kalam panyeratan. Lajeng ginetak marwasèng mengsah sirna tapis. Dhuwung wangsul
dados kalam panyeratan. Mila tulus sapriki kadibyaning tiyang tanah wètan
punika, sami saged ngemataken bangsaning tuju, tenung, teluh, taragnyana,
saking mujijatan.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaganè sira bangkit carita?”
Kyai
Mailhan umatur sajarwa, “Dhuh Sang Pinundhi, temenipun kawula punika asal
tiyang Ngampèldenta. Alitan kawula suwita dhateng Giri. Sareng kawula gadhah
dosa, temah kapalajeng dumugi Banjarmas. Èwadènè bapa kawula punika nama
Mailtasnim, palihanipun rama Paduka, Kyai Tumenggung Wilatikta. Dados pancèn
ulucumbu Paduka. Nanging kawula ajrih rumengkuha, ila-ila punapa Gusti, asaling
alit cumethaa ing ngarsa Paduka. Ajrih sesikuning Pangèran. Kados sanadyan
Paduka boten kasupèn, duk alitan kawula, karan pun Pèthèk, rayi kawula pun
Kuncung, rayi kawula ragil Gombak, sami ndhèrèk ing rama Paduka salaminipun.”
Duk
samana Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, nalika dipun sorahi Kyai Mailhas, dahat
sukaning galih, lajeng dhedhawuh :
“Yèn
mengkono, sira becik dadia kanthinè Pangèran ing Kadilangu, awit iku
putraningsun kang pambarep. Lawan sira ingsun elih aran Kaji Samangil. Tulusa
dadi jimating Kadilangu, lawan narimaa dhingin. Kang dadi kuwajibanira, tunggu
wangkinganingsun. Ingsun wenangakè dadi kamituwane wong Kadilangu kabèh.
Purbawisèsanè metu saka Pangèran ing Kadilangu, minangka gegununganira. Dènè
enggonira bakal ngupaya Sunan Giri, gampang katemu wuri, sedheng sira wus rada
mateng pèmèning tèkad kang sajati.”
Kaji
Ismangil matur sandika, lajeng paringaken ingkang putra Pangèran ing Kadilangu,
kinèn anuntuni sapakartining agami Islam. Pepancèring kaji sampun kaparingan,
sarta kinèn gegriya ing iring kiwaning alun-alun, jalaran sampun kinarang, ing
tembè kagem pasarèyan. Mila sami ajrih angadekaken. Para gegriya tinata uruting
ngalun-alun, utawi dhinawuhan ngirub rarè sakiwa tengening Demak, Kadilangu,
kalilan dados pondhok. Tegesipun : kaanggè muruk ngaji. Dènè ingkang dados
pangagengipun inggih Kaji Ismangil wau sarta sami rinilan anggaota saèngga
sedagaran.
Mila
kataletuh sapariki iring-iringaning masjid punika sami lampah anggaota
sedagaran, amèt sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, supados
tulus gangsaring anambut kardi. Ananging kala samanten dèreng wonten caraning
ngupajiwa kados jaman sapunika.
Duk
bebakalaning Kadilangu, dèrèng wonten tiyang potang mawi sareman. Dèrèng wonten
caranipun tiyang sadè barang ilang, mawi katempuhaken. Amung kinèn nalangsa,
sarta ingkang darbè barang kedah ngudhuni barang malih. Dènè tiyang tumut
gegriya, angger anut caraning ngulami, inggih kapareng. Tegesipun : anetepi
agama.
Ing
nalika punika Kaji Ismangil lajeng ambayawarakaken dhedhawuhan tuwin adamel
pranatan kukum. Tegesipun : pengadilan ingkang leres. Nadyan prakawis rebatan
waris, sarta gana-gini, Pangèrang Kadilangu tuwin Kaji Samangil kala samanten
sampun kapasrahaken ingkang putra.
Kangjeng
Susuhunan ing Kadilangu lajeng lelana malih dhateng tanah Blambangan. Anjujug
wismaning tetiyang gendhing sayang sapanunggilanipun, sami nggarap bangsaning
kuningan utawi bangsa baloking gangsa.
Dumadakan
anuju satunggal dinten Sang lelana sumerep gangsa murub. Sareng dipun parpeki,
tiyang nggarap gangsa calon kempul dinangu purwanipun saged murub. Ingkang
nggarap boten uninga yèn murub. Amung wantah anggebeg balaka.
Dènè
aturipun sajarwa, yèn rimbakan gong ageng tilas risakan mongang, duk jaman
Siyungwanara, awit ing nalika samanten kathah para bituwah ingkang risak. Èman,
yèn botena dipun mulyakaken.
“Dènè
anggèn kawula damel kempul punika mituruti larè. Anak kawula jaka punika remen
ringgit wayang. Alit mila pancèn majeng dhateng carita, dalah nyorèk anatah
piyambak, saged. Dènè namanipun larè kawula punika pun Bicak.”
Sang
Lelana angandika :
“Besuk
sutanira iku loro, aranè sapisan karan dhalang Bicak. Kapindho : kempulmu iku
ing tembè dadi pusakaning Ratu, katut aranè anakmu, kempul karaton : Kyai
Bicak.”
Ingkang
dinawuhan matur nuwun sadarmi. Sang Lelana lajeng kèsah nasak wana, jurang
terbis. Dumadakan wonten ing tengah wana kapethuk tiyang nyangking bendhè. Dinangu,
matur, “Bendhènè Kyageng Sèla, dipun sambut dhateng Kudus, awit bendhè punika
kènging dipun anggè yèn wonten damel ageng. Kados ta : tandha apes-ungguling
perang. Yèn taksih ngungkung, inggih tandha jaya. Sasamining pakèwed kènging
dipun anggè tandha. Yèn budheg, apes.”
Sang
Lelana dhawuh anglajengaken. Aturipun ingkang mbekta, sampun sèlo, jalaran
awrat sanget. Sang Lelana lajeng mingkis rasukanipun gebayak landhung. Tiyang
dalah bendhe kalebetaken ing lengenan. Sami sanalika dumugi ing Kudus.
Sang
Lelana andugèkaken lumampah. Dèrèng tebih kapethuk tiyang nini-nini nyangking
dhuwung ligan sampun risak. Duk dinangu matur makaten, “Ing wana lèr punika
woten pogogan kajeng ageng, gapuk. Sadaya para tetiyang sami mendhet kajeng
gapuk wau, hiyang dalu. Wasana singa mendhet, angropoh pejah. Dados kanca kula
kathah pejah sadaya. Wantuning kula tiyang sepuh, lajeng kula waspadakaken,
sadèrèngipun ngadeg, ligan. Kula uthik-uthik kènging, lajeng kula bekta mantuk
punika.”
Sang
Lelana tetaken :
“Duga-duganè,
yèn sira weruh kayu iki, duk uripè kayu apa?”
Kang
dinangu matur, “Randhu wana. Nalika gesangipun inggih temen ageng, nanging duk
gesangipun, kajeng punika taksih jaman Majapait. Amung kula ènget
dedongènganipun bapa kawula. Randhu wana punika tanemanipun Janggan Sepang wau
manggih dhuwung kalih. Ingkang satunggal dipun sukakaken putra Jenggala, nama
Radèn Jaka Lalèyan, awit punika agemanipun ingkang rama. Dados pusaka kraton.
Dènè ingkang satunggal pusakanipun Patih, nama Kyai Ragas. Rèhning dhuwung
sampun risak, lajeng dipun dèkèkaken pangipun kajeng randhu ingkang saweg dipun
tanem wau. Dènè wujudipun pancèn sampun kados eri. Makaten dongèngipun bapa.”
Sang
Lelana andangu malih :
“Nini,
apa ana tungalè dongèngè wong ngatuwamu?”
Nyai
tuwa matur, “Inggih wonten, nanging radi kasupèn ukaraning tembung. Amung
kacakètheh parlunipun kèmawon. Ing jurang sigrong ngajeng punika sakalangkung
singit. Boten wonten ingkang purun ngambah. Kawarti ing kina, wonten
gambangipun gangsa, malah kaliyan patrem. Nanging dhuwung patrem wau
kangunganipun putri Kadhiri, Candrakirana. Patrem agemanipun wau nama Kyai
Rambut Pamutung. Nanging ing jurang punika kantun gambang gangsa ingkang
taksih. Mila sapunika sakalangkung angkeripun. Malah saben malem Jumungah
mungel piyambak.”
Sang
Lelana angandika malih :
“Nini,
yèn mangkono, payo ingsun milu mulih marang wismanira.”
Nyai
Tuwa lenggana, dumèh tuna tan atur sugata. Sang Lelana ngandika:
“Nini,
aja sumelang. Baya wis ana kang mirantèni saulihira.”
Sang
Lelana lajeng tur wuri. Dumugining wisma Nyai Tuwa kagyat ing manahipun, awit
ing wisma wus sinaji-saji dhaharan sekul ulam, panganan. Nyai Tuwa tetakèn
anak-putu, “Kang cecawis iki mau sapa?”
Anak-putunira
wewarah, yèn ingkang sesaji wau inggih kang kairit punika. Nyai Tuwa dahat
pangungunipun, temah sami binukti. Dènè anak-putunipun sami kalubèran bukti,
dalah tangga tepalih boten kaliwatan.
Sareng
dumugining dalu, sami rinembag dènya badhè ngentasaken gambang gangsa. Para
anak-putu tuwin tangga tepalih sami sagah angentasaken gambang. Saking leganing
galih, Sang Lelana lajeng karsa paring sih hardana, utawi Sang Lelana tanggel
ing tiwasipun.
Sareng
sampun dumugi byar raina, lajeng tumandang. Wonten ingkang mbabadi garumbul
bebondhotan, wonten ingkang anyingkiraken sèla-sèla, aanggè dalan. Dupi wus
paripurna, padhang tan apeteng, punang gambang katingal tiyang kathah. Watawis
tiyang kalih dasa boten kuwawi angangkat. Sang Lelana tedhak marpeki piyambak.
Gampang gangsa dipun tarik asta kalih, sampun kongkih. Lajeng tinampènan para
bau-suku, sarta pirantining rembatan.
Kala
samamanten babad dumugining resik, sadinten. Pangangkatatipun dumugining
pondhokan, sadinten. Dados kalih dinten rampung. Sasampuning makaten, Nyai Tuwa
lajeng dhinawuhan angakeni, sarta naminipun kaelih nama Nyai Jelamprang. Ing
tembè dados kabagyanipun piyambak. Nyai Jelamprang matur sandika.
Ènggalipun,
Nyai Jelamprang sampun wineling saparlunipun sadaya. Sakala gambang gangsa
kalih Nyai Jelamprang bekta dhuwung ligan sampun winastan Kyai Ragas.
Sasampuning rinasuk, lajeng kalebetan ing lengenan rasukan gebayak landhung.
Sami sakala dumugi nagari ing Demak.
Para
wali sadaya atur uninga ing Jeng Sultan, yèn ingkang sami dhateng ugi pusaka
karaton sadaya. Kangjeng Sultan suka anampèni, sarta sampun anginten yèn
pandamelipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mila para wali lajeng tata-tata
wilujenganing para pusaka dhateng para dupa-dupa langkung ageng. Dalah
wilujenganipun angrumati para sakit, awit ing nalika dhatengipun bendhè Kyai
Udan Arum, utawi dhatengipun wangkingan Kyai Ragas, gambang gangsa, sadaya wau
prabawanipun lajeng kathah sesakit. Nanging boten dados punapa, awit Nyai
Jelamprang pancèn saged angusadani, tuwin wasis andhukuni para tetiyang gadhah
larè. Ing nalika punika Kangjeng Sultan Demak utawi para wali sakalangkung suka
pirenaning galih, jalaran sadaya para pusaka karaton sampun kondur.
Mangkana
Nyai Jelamprang sampun ketetepaken dados lurahing para yaga, utawi dados lurah
panggendèr sarta pinaringan wisma anèng kilèning masjid. Sareng anakipun
ngatingal, lajeng kadadosaken tukang gendhing kalang sapanunggalipun. Sarta
sampun kasabdan dumugi sapunika, para abdi dalem yaga gendhing, dhalang, sami
boten angsal sesebutan Ngabehi, amung nama Demang kèmawon. Pangkatipun inggih
Mantri.
Mangkana
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya mempeng dènira lelana. Tepis wètan dumugi
ing Toyawangi, tepis kilèn dumugi Sumedhang, Mekah, Medina, ing Rum. Gubet
mangalèr dumugi Keling, Indhu, Siyak, Siyem, Sokawana, Lampung, Cianjur. Gubet
tepis ing lèr Limpur, Lipura, Banjar, Bandhung, Gubug, Bali, Surabaya. Gubet
ing Kadhiri, Gresik, Panaragi.
Dumadakan
Kangjeng Susuhunan wonten sawètan radi Lawu kandheg tetakèn tiyang. Dipun
wangsuli, punika ing Lodhaya. Sang Lelana tetakèn kang dipun pageri.
Winangsulan, “Bendhè Kyai Pancajaknya, dhuwung Kyai Sengkelat. Ing nguni
agemanipun Sang Hyang Wisnu, nanging saben masa wuku Dhukut sami dipun ujungi
para sima kathah. Kaleresan ing dinten Jumungah èmbèn punika sami dhateng.
Sakathahing sima saking kilèn, lèr, wètan, kidul, gumrudhug dhateng ing ngriku.
Mila wiwit bènjing ènjing para tetiyang dhusun kiwa tengen punika sampun wiwit
ngili, jalaran ajrih sima kathah.”
Sang
Lelana ngandika, “Aku arsa uninga tekane para sardula. Apa sira tanduk, ingsun
reremi wismanira?”
Kang
liningan nyumanggakaken. Ing sasampunipun kairit mantuk, lajeng sinugata
sakuwasanipun.
Dupi
ing wanci tengah dalu lajeng dhinawuhan rumanti pangaron ènggal, kinebakan toya
setaman, utawi dupa-dupa. Sang Lelana andhawuhaken :
“Sapa
panggedhènè ing dèsa? Cacah eri pira, padha tekakna ing ngarsaningsun.
Kang
liningan sampun ngrembagi. Para parpat ngamanca lima sami sagad dhateng sadaya.
Sinugatan menuhi. Saking kawasanipun Sang Lelana. Parpat manca lima ngungun
wedaling sugata. Watawis bibaring sugata, Sang Lelana medal amanggihi. Lajeng
andangu namanipun satunggal-tunggal. Sami matur balaka sadaya.
1.
Nama Ki Jayapati, kamisepuh ing Lodhaya.
2.
Ki Surawani, sosoranipun ing Lodhaya.
3.
Ki Wanapada, ugi sosoranipun ing Lodhaya.
4.
Ki Tariman, pangkat Petinggi sepuh ing Lodhaya.
5.
Ki Wanatara, pangkat kuli kenceng ing Lodhaya.
6.
Ki Jagur, ugi kuli kenceng ing Lodhaya.
7.
Bagus Ubaya, sutaning pangageng lima ing Lodhaya.
8.
Bagus Bondhan, sutaning Ki Wanatara ing Lodhaya.
9.
Ingkang gadhah griya piyambak, nama Bolur, pangkatipun
ulu-ulu, ngilèkaken toya.
Tiyang
sasanga wau saben wuku Dhukut sami ngili saanak-bojonipun. Pangandikanipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :
“Sabecik-becikane
lunga, becik mangun bujana. Samengko padha ingsun paringi pangkat naracak
pradikaning Lodhaya kènè. Saben masa wuku Dhuku, sira padha sedhiaa suguh iwak
mentah sakuwasanira dhèwè-dhèwè, lawan padha nemonana tekaning macan. Anuta
satabiyatè. Dènè sira ingsun sabdakakè padha bisa dadi mancala macan
gegadhungan.”
Ingkang
dinawuhan matur sandika, lajeng kèrit malebet ing griya. Sesanga pisan kinèn
raub ing toya setaman. Sakala tiyang sanga pisan saged dados sima, pating
gelereng gegojègan. Sareng sampun sawatawis dangu lajeng winarah ngilo, sarwi
anjepalik kaping tiga, wangsul dados manungsa malih. Dahat suka tiyang sanga,
sampun kapatah badhè manggihi wonten sajawining pager. Dènè toya sekar sami
andikakaken nulusaken sapanginggilipun.
Dupi
wusing ari Jumungah, wanci ènjing, tiyang sanga sampun mituhu weweling.
Anjepalik kaping tiga dados sima. Luwaripun inggih anjepalik kaping tiga malih.
Ing ngriku pinaringan pasugatanipun, tiyang satunggal maèsa satunggal.
Dupi
wusing antawis dhateng, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga aningali pareking
pager, nanging para sima tan wonten uninga. Duk mriksani patraping sima ingkang
sami dhateng wau malebet ing bethèk urut-urutipun, sami ngambus bendhè kalih
dhuwung ligan wau, ingkang medal rumiyin lajeng mangsa ulam mentah
pinothèng-pothèng urut pinggir. Sareng sampun rampung pangisepipun, sima bibar
pating salebar dhateng dhangkanipun piyambak-piyambak. Dènè sima gadhungan
sanga lajeng mancala janma malih. Satirah-tirahipun maèsa sanga wau lajeng
kalilan ambekta mantuk, katedha saanak-bojonipun. Sang Lelana angandika :
“Hèh
wong sanga gadhungan sesanga, sira ingsun tulusakè rumeksa ana ing Lodhaya
kènè. Lawan saturun-turunira sing padha kaduga angalap satebiyatira kabèh, iya
bisa dadi macan gadhungan.”
Sasampuning
makaten sang Lelana langjeng angluru mancakaki sakiwa-tengening Lodhaya.
Dumadakan amanggih tetiyang sepuh, nama Kyai Panjata, gegriya sapinggiring
jurang. Dinangu, matur gancar, “Yèn bendhè punika temen pusaka duk Sang Hyang
Wisnu, dalah wangkinganipun. Nalika Sang Hyang Wisnu angratoni sima, jejuluk
Prabu Singawatara, ugi warni sima dados Jawata malih, pusaka kalih kinèn
nulusaken dados sesembahaning para sira sadaya, dumugi sapriki. Amung kawula
boten uninga; amung saking dongèngipun bapa kaki kawula. Malah kupiyanipun,
boten kènging dipun pendhet. Manawi ngantos kaelih saking panggènan ngriku,
sinten, ing pundi griyanipun, badhè karoban ing sima, damel risak.”
Sang
Lelana lenggah saya nganseg tetakèn :
“Hè
Kaki, mungguh panemunira kapriyè? Teka dadak ora mendha pangreksanè?
Ingkang
dinangu matur, dèrèng gadhah pamanggih. Sang Lelana angandika :
“O,
si Kaki, tuna temen anggonira urip, dènè ora bisa anggathukakè panemunira.
Kapriyè mungguh panggayuhira, sarta pati-pati manggon pinggir jurang, adoh
tangga teparo? Apa tapanira kang ginawè gegèyonganing awal akir?”
Kang
dinangu tumungkul sarwi matur, “Dhuh Sang Pinundhi, satuhunipun awit kuncung
ngantos gelung boten natè dipun sanjangi dhateng tiyang sepuh. Temen yen suwung
tanpa ujung. Mila bilih kapareng, kawula dipun paringana pitedahan, supados
saged mangertos jatining pati kawula dumugining kahanan akir. Dados boten amung
tuwa suwung, tanpa isi.”
Sang
Lelana anggènipun anguman-uman punika saking welas, aningali wujudipun sepuh,
guguh. Utawi Sang Lelana temenipun aningali Kyai Panjata boten pangling, yèn
punika paman, arinipun ingkang rama wuragil. Ananging Sang Lelana dèrèng karsa
sajarwa.
Wekasan
dhinawuhan geguru dhateng Giri. Kyai Panjata mopo, saking sampun jompo, boten
kumawi lumampah. Sang Lelana lajeng maringaken ardana, kangge kandhutan. Dupi
wus rinasuk, Sang lelana sigra ngingkis kebayakipun, Kyai Panjata tinarik
malebet ing baju. Tan antara Kyai Panjata sampun dumugi ngarsanipun Sunan Giri.
Dinangu
matur sajarwa, nama Kyai Panjata, nyuwun ngalap berkahipun Kangkeng Sunan Giri.
Boten sajarwa yèn kinèngkèn Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, ngaken saking
kajengipun piyambak. Dinangu, nama Kyai Panjata, wisma ing pinggiring jurang,
sukuning ardi Lawu. Mila sowan, saking bodho, tanpa tuduhan.
Kala
samaten Sunan Giri boten pangling dhateng ingkang rayi nak-sanak, dhasar kumpul
alit mila. Mila sareng sampun takèn-tinakèn, Kyai Panjata lajeng ingajak
malebet ing dalem, sinuba-suba menuhi.
Rèhning
kadang lami tan kapanggih, pangandikanipun Sunan Giri makaten :
“Yayi,
muga aja kagèt ing atinira. Sajatinè sira iku ariningsun nak-sanak dhèwè. Sira
arsa nggeguru maringsun, gampang. Èwuh apa, rèhning sira iku kadangingsun.
Sedheng sarèh pulih-rusaking badanira, yayi, baya wus lawas enggonira mesu
budi, tapabrata anèng jurangè si Gandhul? Mangka sira tumeka ing kènè, banget
rusaking badanira.”
Ingkang
lingan matur amemundhi, dènè kaaken kadang. Dadya dangu tansah ruinangkul
lungayanira. Sareng sampun angsal pendhak dinten, Kyai Panjata matur, saèstu
kabarkahana. Pangandikanipun Sunan Giri, badhè kaaturaken dhateng Demak,
supados dipun kawulakaken ing Ratu.
Ènggalipun,
Kyai Panjata sampun umiring marek ing ngabyantara Nata. Dinangu, matur sadaya.
Dènè pasuwitanipun Kyai Panjata wau sampun kadadosaken ngulami pradikan ing
Kayu Apak, pinaringan nama Kyai Pangulu Jènal Kulisanil Kadir, tetep pangulu
ing Kayu Apak. Ingkang nguwasani : Susuhunan ing Giri.
Kala
samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kondur dhateng Kadilangu, yèn
ingkang èyang paman samangkè kapasrahaken dhateng Giri, tetep pangulu ing Kayu
Apak, sarta sinung aran Kyai Kalisanil Kadir.
Pangèran
ing Kadilangu sumerep yèn dipun pasrahi ingkang èyang paman. Wangsulanipun
amung sandika. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng karsa sarè wonten ing
masjid, sarta paring dhawuh, ing dalem pitung dinten pitung dalu, manawi boten
wungu piyambak, ingkang putra boten kapareng anggugah, sarta boten karsa dipun
kintun dhahar ing sadintenipun.
Ingkang
putra matur sandika. Kangjeng Susuhunan sigra manjing jro masjid. Ingkang
kalilan rumeksa amung Kaji Ismangil piyambak.
Menggah
karsanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten punika, parlunipun amung
badhè tarèk ingkang kalayan terusing cipta hening. Mila ing nalika punika Kaji
Ismangil sakalangkung panjaginipun. Bebasan amung sasat boten tumut bèla tarèk
kèmawon. Ing saben dalu Kaji Ismangil boten sedya sarè. Wantuning saweg sapisan
dèrèng sumerep pratikeling tarèk, tur amung tengga kèmawon, suprandosipun
sarira risak.
Watawis
angsal tingang dinten tigang dalu pangreksanipun Kaji Ismangil, dumadakan
lajeng kasaru wonten Kaji sepuh, nama Kaji Iskak, griya ing dhusun
Pangangsalan. Dhatengipun ngriku mitembung tumut tengga ing masjid. Kaji
Ismangil amangsuli, yèn salebeting masjid saweg kaagem sarè Kangjeng Susuhunan
ing Kalijaga. Boten kènging ambuka kori sarta mungu dènya sarè. Kaji Ismangil
ajrih, Kaji Iskak adrèng badhè mungu. Pianambengan, meksa, lajeng adan wonten
surambining masjid.
“Allahu
Akabar, Allhu Akbar, ashadu akla ilaha illallah, wa ashadu anna Mukamadan
Rasulullah. Ayangalal salah, ayangalal salah. Aya ngalal palah, ayangalal
palah. La ilaha illallah, Mukamadan Rasulullah, wal fadekumati salah. Allahu
Akbar, Allahu Akabar.
Adanipun
Kaji Iskak ingkang makaten wau, mirena:
1.
Bokmenawi andadosaken kagèting galihipun Kangjeng
Susuhunan dènnya sarè. Yakti Kaji Ismangil antuk deduka;
2.
Adanipun Kaji Iskak kirang jangkep. Mila amung kèndel
kèmawon, awit rumaos yèn badhè manggih tiwas sarta badhè angsal deduka,
bokmanawi kagèt dèning swara. Wasana kori minep kèmawon, boten menga-menga,
mangka majatipun ingkang sarè wungu, angrungu swaranipun Kaji Iskak wau. Mila
Kaji Ismangil saya ribet tyasira. Temah sugal dènya imbal wacana, “Hè Kaji
Iskak, andika lunga saking masjid ngriki. Mangkè yèn damèl kagètipun Gusti kula
anggènipun sarè.”
Wangsulanipun
Kaji Iskak malah sora, “Tinimbang turu becik tangi. Yèn wis tangi, becik
lungguh, yèn wis lungguh, becik ngadeg. Yèn wis ngadeg, becik lumaku. Yèn wis
lumaku, becik angèsthi budi.”
Kaji
Ismangil saya ketir-ketir manahipun. Winangsulan supados kèndel, awit saget
kuwatiring manah. Kaji Iskak malah saya andadra sora ngumbar swara. Kaji
Ismangil malah saya duka, lajeng tumubruk arsa kawedalaken ing jawi.
Boten
saged kacepeng, nedha tulung tiyang jawi, pinrih ngrubut, boten saged mikenani.
Rinujak, indha nyepeng Kaji Iskak. Mila lajeng dipun unggar sakarsanipun, sami
ajrih angaruh-aruhi.
Kaji
Iskak lajeng minggah ing langgar malih, mung andhodhogi korining masjid. Kaji
Ismangil amung ngingetaken kèmawon, ajrih ngèngetaken. Kaji Iskak wuwusipun
kumrusuk asesumbar, “Sapa bisa nyekel ingsun, sasat bisa nyekel angin.”
Ingkang
sami ngrungu inggih kèndel kèmawon.
Wasana
sareng anuju dalu, malem Jumungah, ing wanci tengah dalu, Kaji Iskak lerep
kanepsonipun. Lenggah sèndhèn saka, sarwi maca Ayat Kursi. Kinè parek
lenggahipun :
“Kaji
Ismangil, boten saking punapa, anggèn kula gambira kala wau punika, saking
sayah badan kula supados radi lemes sakadhik. Wusana Jengandika kalintu tampi,
malah ngajak pasulayan. Yakti mangsa lawana, atandhing kalih kula. Mila ingkang
caplak kaliyan kula amung ingkang saweg sarè. Nanging kula kinten ajrih medal.
Èwadènè yèn kula sampun boten wonten, inggih lajeng purun medal, awit tunggil
paguron, sareng sadinten kalih kula.”
Kaji
Ismangil lanjeng andheku-dheku. Dangu-dangu mitembung, saged angsal barkah,
“Margi sampun dangu dèrèng angsal berkahipun Kangjeng Susuhunan, mila mugi
wontena sih kawlasan Andika, paring wewejangan ingkang parlu, kènginga kula
anggè paitan ing tembè, manawi sampun angsal berkahipun Kangjeng Sinuhun. Dados
sampun gadhah lambaran. Awit tiyang anggeguru ngilmi kasampurnan punika manawi
dèrèng gadhah lambaran tamtu kadangon anggènipun nampi.”
Kaji
Iskak anembadani panedhanipun. Kaji Ismangil lajeng kinèn amèt toya wulu, dalah
niyatipun winulang kados ing ngandhap punika. Kaji Ismangil miturut :
“Bimilllahirrahmanirrakim.
Nawètu rabngal kadasil suharatawal kabirata. Niyatingusn amèt banyu khadas,
angilangakè kadas cilik lan kang agung. Parlu karana Allah. La ilaha illa’llah.
Mukhamaddan Rasulullah. Allhu Akbar.”
Sasampuning
wulu, lajeng majeng mangilèn, marbakuh konjem ing siti. Kaji Iskak majeng
mangètan, sami dedupa. Ingkang rumiyin ing grana, lajeng talingan kiwa. Lajeng
dedepa ing jaja, dupi wusing dedupa, Kaji Ismangil tineteg sadadipun, kadhedheg
kahatemenanipun, sarwi pinetel jempolanipun kalih pisan, sarwi angandika :
“Hè
Jebèng, piyarsak-ena kang anglèng. Mungguh wewedharaningsun iki amung miturut
rahsaning Kitab Daka Idayatul Kakiki, kaya babaraning ngilmi Makripat,
kasampurnaning Ngatunggal. Tegesè : bisaa mulya urip. Nadyan tumekaning kahanan
akir, kita iya uga urip, ora kena ing pati. Iya uga padha nukil saka Dalil,
Kadis, Ijemak, Kiyas.”
Makaten
jarwanipun :
1.
Tegesipun DALIL : anedahaken pangandikaning Allah.
2.
KADIS : anyariosaken wewulanging Rasulullah.
3.
IJEMAK : angumpulaken wewejanganipun para wali.
4.
KIYAS : amencaraken wewerahing para pandhita.
“Kabeh-kabeh
kasebut ing ngilmi Makripat iku iya padha wiji saka Kangjeng Nabi Muhkamad
Rasulullah, tinurut dèning para wali sesanga, nanging padha kasrambahan saking
berkahing Kangjeng Susuhunan ing Ngampèldenta karo Kangjeng Susuhunan ing
Bènang. Iku kang wus binuka dèning Allah Tangala, pinaringan ilham, rinilan
amedharakè pambukaning kekeran; ingkang pinareng anggelarakè rahsa gaib sajati,
sarta ingkang waskitha marang sangkan paraning Tanajul Karki, mulya sampurna
kahanan jati.
Dènè
kang dadi wijining ngilmi Makripat iku anurut kekiyasan, pangandikaning
Pangèran Kang Mahasukci marang Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah, karaos ing
dalem Rahsa, kaya ing ngisor iki jarwanè. Piyarsakna.
Ingkang
kasebut ing dalil sapisan, pangandikaning Kangjeng Nabi Muhkamad marang
Sayidina Ngali, kinèn angèstokakè.
Hèh
Jebèng, Kaji Ismangil, mara mènglènga kupingmu kang kiwa. Mangkènè wedharè.”
Kaji
Ismangil miturut, amènglèng talinganipun ingkang kiwa. Kaji Iskak lajeng
bisik-bisik makaten jarwanipun :
“Sejatinè
ora ana apa-apa. Awit duk maksih awang-uwung, durung ana sawiji-wiji. Kang ana
dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangèran anging Ingsun. Sajatining Dat Kang
Mahasukci, anglimputi ing sipatingsun, anartani ingasmaningsun, amratandhani
ing apngalingsun. Iya Ingsun kang wenang amurba amisèsa ing jagad iki kabèh.
Byar padhang tarawangan saka ing Kudrat Iradatingsun.
Mungguh
kang angandika sajatinè Dat Kang Mahasukci iku iya urip kita pribadi, yakti
katitipan rahsaning Dat Kang Agung.
Anglimputi
ing sipat iku iya rupa kita pribadi. Iku sayekti kalimputan wahananing Dat Kang
Èlok.
Anartani
asma iku iya iku iya aranira pribadi. Iku yakti kaaken pasebutaning Dat Kang
Wisèsa.
Amratandhani
apngal iku iya solah bawa kita pribadi. Pasthi anèlakakè pakartining Dat Kang
Sampurna. Mula wahyaning Dat kawasa anyamadi sipat. Sipat anartani asma. Asma
wenang amratandhani apngal. Apngal iku kawasa dadi wahananing Dat. Marmane wus
binasakakè Dat Kang Agung iku tegesè sipatè dènè bisa angebaki jagad kabèh.
Dat
Kang Èlok iku dènè ora lanang ora wadon, mesthi ananè. Mokal oranè.
Dat
Kang Wisèsa iku, dènè ora jeneng sapa-sapa. Dat Kang Sampurna iku dènè kawasa
anggelar padha sanalika, ora nganggo sarana apa-apa.
Dènè
Dat enggonè kawasa anyamadi sipat iku kaya madu lawan manisè. Mesthi ora kena
kapisahakè.
Dènè
sipat enggonè wenang anartani asma iku, upamanè baskara lawan prabanè. Yakti
tan kena kabèdakakè.
Dènè
asma enggonè mratandhani apngal iku kaya paèsan jati, kang ngilo lawan
wewayanganè. Pasthi sapakartinè kang ngilo iku
weweyanganè anut kang ngilo.
Dènè
apngal enggnè dadi wahananing Dat iku, upamanè jalanidhi kinebur. Pasthi ombakè
anut sasolahing samudra iku.”
Dènè
urut-urutaning dumadining sipat kawedharaken malih makatèn :
“Sajatinè
Ingsun kang murba amisèsa, kang kawasa anitahakè sawiji-wiji. Padha mulya
sampurna saka ing kodratingsun. Ing kono wus kanyatahan pratandhanè
apngalingsun, minangka bebukaning iradatingsun.
Kang
dhingin Ingsun anitahakè kayu Sajaratul Yakin, tumuwuh sajroning nglam Makmun
Ajali Abadi.
Nuli
Ingsun nitahakè Cahya Nur Muhkamad.
Nuli
Nyawa Mir’atul Kaya’i utawa Roh Ilapi, sarta kandil utawa warah, lawan
Dhindhing Jalal. Sajatinè iku minangka warananingsun.
1.
Kang dhingin : KAYU. Iku iya Kayun. Tegesè : urip,
tumuwuh sajroning Ngalam Makmun Ajali Abadi. Iku tegesè : sajatining urip iku
èlok sarta gaib, awit satuhunè urip iku ana ing alam suwung. Dènè kang diarani
suwung mau sajatinè isi. Mulanè dèn ngibarati atining wuluh wungwang, iya iku
kang amesthi rumuhun dadinè sipat sawiji.
2.
Dènè kang diarani NUR MUHKAMAD iku cahya kang awening
utawa cahya kang pinuji. Tegesè : teteping wiji saka pangarep-arepira dhèwè.
Dadi bisa anganakekè gaib. Mungguh ing dalem Kadis, kang diarani NUR MUHKAMAD
iku kaya manuk merak sarta kanyatahan ananè anèng pramana, kasat mata ing
pandulu kadi kepyur-kepyuring panon saka panonton kita pribadi. Mungguh
kahananing NUR MUHKAMAD iku dumunung ana sajroning sesotya kang mancur
mancorong.
Iya
iku Dating atma, dadi wahananing alam akadiyat.
Dènè
kang dèn arani ATMA iku gregel.
Tegesè
: obahing Dat kang sapisan diarani ANGEN-ANGEN.
Obahing
Dat kaping pindho diarani ATMA utawa PANGGAGAS.
Obah
kang kaping telu diarani SUKMA KAWEKAS. Iya iku sajatining KAJAT JATIWASÈSA.
Krejet
kang kaping pat diarani ROHILAPI, iya iku kang sinebut NYAWA, awit wus ambabar
uripè, wus tumuwuh kajatè, wus kanyatan dumunungè, diarani AKSARA ALIP.
Iya
iku ALIP MUTTAKALIMU WAKIT. Wujudè wus ginambar anèng angganira.
Tegesè
: tetep ana ing netranira. Marmanè dadi lelantaraning panuwun kita, kasebut ana
ing SALAT DAIM.
Iya
iku kang pinenthang, kang pinentheng, andulu pucuking gunung Tursina,
ngenengakè ilining banyu jam-jam, ngeningakè kajat Jatiwasèsa.
Manawa
wus bisa sipat kenceng, pamawasè saka ing pucuk grana, mili anarik napas kang
sarèh.
Aja
nganti tumpang suh.
Iya
iku sajatinè kita wus anglakoni Salat Daim. Mangka nyatanè Salat Daim iku
ratu-ratuning Salat, punjul-punjuling sembahyang, awit langgeng panalangsanè
maring Pangèran, tanpa pedhot ing rina wengi.
Nadyan
ora nganggo sujud rukuk, wus kukuh. Nadyan turu utawa meneng, lungguh, lumaku,
iya wus ana ing sira puji dhikirè, sujud rukuhè.
Iya
iku upama wong ambalang melèk cedhak elèsanè. Wallahu aklam, luputa pangarahè,
mesthi kenanè.
Bèda
lawan salataing kaum kaji, padha anglakoni sembahyang limang waktu. Iya iku
upamanè wong ambalang, kadohan lèsanè.
Durung
weruh prenah dunungè, pambalangè lawan nutupi nètra, pati kuping. Yakti wallahu
aklam bisanè mèncok. Cepak luputè.
Dadi
kang sira lakoni salat limang wektu iku mung genep-geneping kukum. Mungguhing
sarak, wajibè kudu anglakoni ngibadah slat limang waktu, iya iku mung ginawè
panengeran sanyatanè kaum, ngulama, kaji, mukmin, santri ngaji, sapanunggalanè,
kudu nenetepi limang waktu. Yèn tiningalana salah sawiji, kena dèn arani
ambrubrah sarakè. Mulanè amung nemenakè kang dadi benerè ing urip kita. Yèn
nyatanè, wus ora apa-apa. Parluning salat ana daimè. Tèkadè ana ing niyat
kita.”
Kaji
Ismangil sumela atur, “Duk nguni kula antuk wewelinging bapa, manwi anggeguru,
kinèn tetaken sajatining sastra kang sanyata tuwa utawi sajatining Sadya, kalih
Nun, akaliyan aksara tuwin Bè. Manawa ana guru kang bisa anggelar sajatining
aksara kabèh wau.”
Kaji
Iskak amangsuli makaten :
“Hè
Jebèng, mungguh wewelinging sudarmanira iku mangkènè satuhunè :
1.
Aksara SADYA, iku : sawiji.
2.
Aksara NUN, tegesè : neptu. Dadi bener, sing sapa
weruh neptu sawiji iku nyata wus ambontos ngilmunè, awit uninga sajatining
sawiji.
3.
Dènè aksara ALIP, iku mungguh ing dalem teturatanè
nyata tuwa, dènè dhingin panggawenè. Wus kena kinarya gegenti, nyata sesilihing
Dat Sawiji mau.
Ananging
kabèh-kabèh iku mau dadi lelantaraning ngibaratan baè. Manawa ing salugunè,
aksara kang tuwa iku : BÈ.
Nyatanè,
sadurungè tumiba wus dadi aksara. Bareng tinibakakè, gatra aksara BÈ. Bareng
wus ginelar tetalerè. Apa kang sinedya bisa dadi sarta wujudè kaya Dat Sawiji.
Ceceg
ingkang mangkènè iki wus bisa dadi aksara BÈ. Balik dilakokakè, pasthi banjur aran
dhèwè-dhèwè. Mulanè awas, aja uwas-uwas.
Kaji
Ismangil matur malih, “Menggahing tèkad punika asal saking pundi? Purugipun
punapa kanyatahaning rahsa? Ingkang ginaib punika pakarti, pangartinipun sinten
ingkang minangkani? Kawula nuwun pitedah.”
Kaji
Iskak ngandika makaten :
“Hè
Jebèng, wruhanamu, mungguh angsaling tèkad iku saka nepsu.
Nepsu
iku saka budi. Dadi tumangkarè marang kuwanèn.
Paraning
tèkad iku marang lali. Luluhing lali iku marang èling.
Dènè
rahsa gaib iku asalè saka cipta pangrasa. Marmanè tinembungakè PANGARTI. Tegesè
: ngawruhi kang dadi tetarikanè.
Dènè
pakarti iku panggawè.
Dadi
kawruh iku weruhè saka panggawènè dhèwè.
Witè
ana pangrasa, saka karsa.
Ing
kono nyatanè ingdalem rahsa, bareng wus
antuk piranti, panatanè ing pakarti. Tutugè
sarana lawan pituduhè.
Apa
sira durung bisa anampani prakara iki?”
Kaji
Ismangil tansah angengudi budi, supadi dadi kang binudi, “Adhuh Sang Among
Brangti, tetepipun ing dalem rahsa, sagedipun rumasa saking punapa?”
“Hè
Kaji Ismangsil, apa sira lali lantaraning gaib? Yèn pinikir sayekti, mokal tan
weruha.
Nanging
sanyatanè iya uga nora angawruhi.
Kaya
ngibaratè geni mati tumrap marang ngendi?
Dadinè
kelawan èlok, lunganè kelawan gaib.
Gaibè
saka sira, èloke uga sira kang ngawruhi.
Tegesè
: sira iku Allah, Dat iku ganjaran. Dadi wujuding Dat iku saka Allah.
Ganjaraning Allah iku saka Dat. Dènè dat iku ya adatè. Apa sira lali maring
adatè?
Teteping
Dat iku ana paugeraning urip kita.
Yakti
ora owah ora gingsir. Upama nganti mingset saka kahanè, pasthi kena sinebut
owah Datè.
Mangka
dunungè Dat, enggonè ana ing sipat.
Kadi
banyu kalawan karingetè, getih lawan ludira, tirta lawan warih. Yaktinè kudu
nganggo angirih-irih.
Lamun
kalènan nganti uwal saka ancering Dat, pasthi mubeng kaya kitiran tanpa mendha.
Marmanè
sirikanè wong tinitah urip iku, kudu ajega adatè dhèwè, tetepa papanthenganing
tèkad kang sajati.
Tuwuhing
Dat iku saka solah bawa kita ingkang sarèh.
Cahyaning
Dat mantheng tanpa owah gingsir iku saka dyatmikaning budi premati.
Sentosaning
Dat iku saka kendel kumandeling antepira dhèwè.
Manawa
sira wus bisa anampeni, sanyataning Dat iku saka iman.
Mantepè
iman iku saka èling. Dadi bandhuling ngilmi makripat iku saka awas èling.
Lirè
: dèn bisa weruh sajatining rahsa rumasa.
Iya
iku kang sinebut AWAS.
Èling
iku saka mantheng kenceng, heneng hening ing cipta rasa. Pasthi ing kènè kana
ora bisa amisahakè.
Teteping
iman iku amung sajatining èling.
Èling
iku telenging budi premati.
Marmanè
kena dèn arani urip ora kena ing pati, mung waluyajati nirmala, tanpa sangsaya
salawasè. Sanyata ora kacamburan ing cipta apa-apa.
Empanè
mung urip ing awal akhir. Awal akir iku iya uga saka ing kita. Kabèh-kabèh iku
kapurba saka ing budi.
Budi
kawengku ing jinem.
Jinem
kasorotan ing cahya premana.
Cahya
premana kalimputan ing manubawa. Sajatinè kang aran manubawa iku kang meneng
tanpa swara, kang dyatmika tanpa una, kang suwung tan na kothong.”
Kala
samanten Kaji Ismangil dahat suka, kadi binuka. Korining rahsa menga sadaya.
Dalah pepanthenganipun sampun padhang tarawangan, nanging dèrèng sagèd keplok
papaning cipta rasa. Tegesipun : sampun padhang, nanging dèrèng saged anggelar
piyambak.
Kaji
Iskak atetanya, “Saupamanè sira sun tinggal, apa wus bisa ambabarakè dhèwè?
Kaji
Ismangil matur, “Sampun menga, nanging dèrèng saged anggelar.”
Ing
ngriku Kaji Iskak lajeng amusthi daya prabawa ingkang amurbamisèsa ing kajat
jatiwisèsa, angumpulaken sakathahing rahsa, pinisthi babaring musthika, iya iku
mangunah ingkang sampun nyata wisèsaning gaibul guyub.
Dupi
wus amratandhani dhikir kaping satus, Kaji Ismangil winalik ciptanè, sasat
sampun ngancik layaping ngaluyup, tumekeng jagad walikan. Kaji Ismangil
katingal ngadhep Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Wonten
ing alam walikan Kaji Ismangil dahat karuna, sarwi ngrungkepi padaning Sang
Kinawasa. Andhawuhaken pangandika :
“Hèh
Kaji Ismangil, wus ora ana apa-apa. Kahanan jati kita iya kahanan jatiningsun.
Sajatinè sira iku ingsun. Sajatinè sira sing angengkoki iku sira.”
Sasampuning
andhawuhaken makaten, Kaji Ismangil wangsul wonten palungguhanipun. Kaji Iskak
boten katingal.
Leng-leng
kapileng tyasira Kaji Ismangil, sarwi lenguk-lenguk. Dahat pangunguning galih,
jalaran katilapan ing gurunira. Ananging Kaji Ismangil sampun gadhah osik, yèn
ingkang nama Kaji Iskak wau inggih ingkang sarè, jalaran sareng karaos tarèk,
kusuking cipta sampun ngadhep Ingkang Sinuhun Kalijaga. Sareng sampun luwar
kusuking tarèk, gurunipun boten wonten.
Mila
ing nalika punika Kaji Ismangil lajeng luwar dènnya ndhekukul ngrangkul
dengkul. Temah marbukuh, anyelaki korining masjid. Boten dangu Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga wungu sarè pungun-pungun. Lajeng andangu dhateng Kaji
Ismangil.
“Sajronè
ingsun sarè, ing kènè ana apa?”
Kaji
Ismangil matur kawontenanipun sadaya. Kangjeng Susuhunan lajeng paring
wimbuhing ngilmu Makripat.
Ing
ngandhap punika amratèlakaken nalika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mentas
maringi barkah dhumateng Kaji Ismangil, ingkang rumeksa masjid ing Kadilangu.
Ing
antawis dinten malem Anggarakasih, ingkang paman ing Kayupapak miwah Radèn
Puspita ing Galinggangan, tiga garwanipun Sèh Sitijenar, sakawan pisan sami
pinaringan barkah, ngiras sarasèyanipun Kaji Ismangil. Dènè ingkang kagelaraken
amedhar riwayatipun Susuhunan Bènang. Dènè ingkang dados pambukaning riwayat
wau nukil rahsaning kitab Bayanbudiman.
Makaten
urut-urutanipun wewedharan satunggal-tunggal :
Ingkang
rumiyin anggelar Jatining Budiman.
“Jebèng,
sajatining manungsa iku paugeranè saka ing budi utawa iman, awit budi iku kang
angobahakè jaba-jero.
Iman
iku kang anggawè benering cipta rasa.
Iya
wus kena dèn isbatakè wahananing Kawula-Gusti, jalaran iman enggonè wenang dadi
sesulihing Pangèran. Dènè langgeng, ora kena owah gingsir, dadi gegentining
kahenengan.
Ing
kono yèn wus winahyu, weruh sajatining meneng. Iya nyata èling, tan kena lali.
Iya iku kang kasebut IMAM MAKSUM.
Tegesè
: kang nyata kang nugraha, kang amengku tan winengku, kang salagu telenging
èling, kang melang tanpa lali, karana sajating Dat iku gumelenging Pangèran.
Wahananing
kang sapisan iku ÈLING.
Wahananè
kang kapindho : RAHSA. Wahyaning Rahsa kasebut ANGEN-ANGEN. Iya iku minangka warananing
Dat.
Mula
kalebu ing larangan. Yen bisa aja nganti kawetu ing wicara saenggon-enggon.
Tegesè
: aja cuwèh dèn anggo rèpèh, aja wahhèh dèn gawè lèr-pèh.
Mungguh
babarè telung prakara wau padha darbe wewenang dhèwè-dhèwè.
1.
ÈLING. Iku telenging Dat sajati. Wewenangè iya kawasa
agawè warana, bangsaning lelimput, amengku alam kanyut. Gumelarè anuwuhakè
lali. Lali iku anenarik nepsu, iya iku warananing ÈLING.
2.
RAHSA, warananing Dat, wenang agawè kaluwihan. Kaya ta
: atma suksma, sakaliring urip utawa sarupaning roh, iya iku padha dadi
aling-alingè Rahsa.
3.
ANGEN-ANGEN. Wenenangakè anggelar aling-aling,
sumarambah marang jantung, dadi aran BUDI.
Mahanani
lakuning getih, bayu sapanunggalanè, marma ana sesebutan : KARKAT, CIPTA,
GAGASAN, sapanunggalaè MOSIK.
Marmanè
ana kaoling pandhita luwih, mindha kombang angajap ing tawang, susuh angin
ngendi enggonè; miwah atining wuluh wungwang; lan gigiring punglu; tapaking
kontul nglayang; manuk miber uluke ngungkuli langit; kusumanjrah ing tawang.
Kang
agawè ngibarat sasmitaning ngilmu kang mangkono mau iya bener, awit anuduhakè
gaibing Pangèran kang wus gumelar iku ANGEN-ANGEN, utawa CIPTA.
Mangka
kanyataning Pangèran iku muhung Angen-angen lawan Cipta. Yaktinè ana, nanging
napi.
Tegesè
: ÈLOK. Èlokè lawan mokal. Mokalè saka gaib.
Ingkang
mangkono iku, rèhning sira wus padha lambaran, pasthi wus ora susah nganggo
wisikan.”
Ingkang
tanpi dhawuh matur, “Nuwun kapundhi. Amung nyatanipun ingkang kaèsthi kalayan
mèsthi, sageda kadhawuhaken.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga gumujeng sarwi ngandika :
“Jebèng
Kadilangu, sira iku wis winenang asesilih araning Dat. Mangka Dat iku Pangèran
Kang Mahasukci. Sira dadi Kalipah sangisoring Ratu. Apa aran Pangèran iku ora
bangkit anggelarake wewadi kang wus ingsun dawuhakè kabèh? Yèn mangkono siri
durung kadunungan nugrahaning Pangèran. Lagi katitipan pulung baè. Mangka
sajatinè, pulung iku ala becik.
Yèn
ala, jumrunuh sangsaranè, tur ora karasa.
Yèn
becik, amung sinuyudan ing sasama baè.
Yèn
mangkono sira lagi kena dingèngèri wong cilik kang sawewengkonira dhèwè.
Mungguh
si paman Pangulu Kayuapak, sapanunggalanè kabèh, iku kaya ngapa panemunè? Aja
ana kang pakèwuh, tutura sawantah baè.
Manawa
ana kang binuka antuk nugrahaning Pangèran, iya tulusa dadi gegunungan. Nadyan
sira, Rabiyahè Sèh Lemahbang, aja pakèwuh, dumèh wadon.
Prakara
gaibing Pangèran ora nganggo pilih lanang lan wadon. Pasthi tibaning nugraha
padha baè. Mula aja sumedya nyumpet panemu, kudu apsah lawan barakanè.
Ana
dènè sira , Kaji Ismangil, utawa Jebèng Puspita, padha wetokna panemuning Cipta
Rasa kang tumrap marang sira. Bokmanawa ingsun bisa anggelarakè kabeh
pangèsthinira.”
Kacariyos,
saking pandangunipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dhateng para siswanipun,
wasana sadaya sami kèmawon ing panampinipun. Amung Nyai Sèh Lemahbang piyambak
ingkang saged matur, “Dhuh Pukulun pepundhèn kawula ing awal akir, kilap leres
lepat, pun patik ing sasaged-saged kawula kedah matur. Mugi tinebihna ing
sesiku, rèhning kawula èstri, dinangu ing Gusti Guru kawula. Menggah pamanggih
kawula, ingkang kadhawuhaken Dat punika witing gesang. Kawasa mahanani tigang
kahanan : ÈLING, RAHSA, ANGEN-ANGEN.
1.
Witing èling saking lali.
2.
Witing Rahsa saking pangrasa.
3.
Witing angen-angen saking pambukaning cipta
Upaminipun
makaten, sajatining ratu iku saka kawulanè kang ngarani. Ananè becik, saka ala
lanjaranè. Witing ana, saka ora; witing kupur saka kapirè. Witè dadi saka ora.
”Apanjang yèn winuwusa aturipun Nyai Sèh Sitijenar.
Winangsulan
pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :
“Hè
Rubiyahè Sèh Lemahbang, apa wewadinè sira kadunungan panemu kang mangkono?”
Ingkang
dinangu matur, “Saking wewarahing laki duk gesangipun, angancer-anceri makaten,
Rubiyah, sajatinè dedalan kang bener iku saka bèngkong dhingin. Ananè padhang
iku saka peteng. Sejatinè kang putih iku ireng. Sajatinè adoh iku saka cedhak.
Tegesipun : adoh punika saking pandulu. Delesing pandulu punika nètra kang
misèsani. Dados ing dalem kijab inggih asal saking kita pribadi. Teteping tebih
inggih nètra ingkang amastani. Mila manungsa punika dipun isbataken jagad raya,
inggih kahananing ratu mawi wenang adamel warana, dipun wastani nayaka wolu,
njawi sakawan, lebet sakawan, sanga pepatih. Yèn nyata menang pamanthengipun,
inggih sami kaliyan sapatemoning Kawula dhateng Ratu. Tataning kasunyatan
inggih kumpuling Kawula Gusti punika saking sangang prakawis, marganipun saking
babahan hawa sanga. Ing ngriku wonten wewakil nayaka wolu, njawi lebet : DAT,
SIPAT, ASMA, APNGAL.
Bupati
njawi kasebut : SUKMA LUHUR, SUKMA WISESA, SUKMA PURBA, SUKSMA LANGGENG.
Nanging
Bupati njawi lebet punika sadaya tumusan saking wewenanging para nayaka wolu,
sesanga patih, punika amung kalih prakawis. Makaten saking kaèngetan kawula :
ingkang rumiyin CAHYA NUR MUHKAMAD; ingkang kaping kalih : ROH.
Manawi
kacariyos duk tiyang jaler kawula taksih gesang ingkang dipun wastani CAHYA NUR
MUHKAMAD wau cahya kang pinuji. Kawasanipun saged nyoroti kawan prakawis :
1.
Saged sumorot dhateng cahya cemeng.
2.
Saged sumorot dhateng cahya abrit.
3.
Saged sumorot dhateng cahya jenè.
4.
Saged sumorot dhateng cahya pethak.
Dènè
ugering ROH punika winastan ROHILAPI. Tegesipun : banyu wiji.
Nanging
amung tumrap wijining manungsa piyambak, awit ingkang nama ROHILAPI punika wau
sari-sarining roh sadaya. Mila sakalangkung wening. Èwadènè ingkang nama ROH
wau warni-warni. Kados ta : ROH JASMANI, ROH RABANI, ROH ROKANI, ROH KÈWANI.
Sadaya wau inggih sami dados wiji, ananging amung dumunung dhateng sipating
jim, utawi brekasakan, sato kewan saha para kutu-kutu walang ataga.
Bèda
lawan ROH WIJINING MANUNGSA. Manawi cacahing Roh ingkang badhè dados wiji,
kathahipun satus kawan welas, nanging tanpa parlu dados wiji, kathahipun satus kawan welas,
nanging tanpa parlu yèn kawula cacahaken sadaya.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga angandika dhateng ingkang paman, Pangulu Kayu Apak utawi
kaji Ismangil tuwin Radèn Puspita. Pangandikanipun makaten :
“Kaya
apa mungguh gaibing Pangèran Kang Agung, teka sipating wadon angungkuli lanang
lanciping panemu? Mangka bener-luput pasthi kudu amangsuli marang gelaraning
guru. Marma saiki si Paman kalih Radèn Puspita, tiga Kaji Ismangil, sami
mangkata dhateng Sunan Giri, puruitaa, supados saged padhang ing pamanggihipun
tetiga pisan.”
Ingkang
sami dipun dhawuhi amung tumungkul sarwi rawat waspa. Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga dhawuh makaten :
“Gampang
ing wuri, angger wus padha anglakoni sapakon. Lan sira, Rubiyahè Sèh Lemahbang,
milua marang Giri pisan.”
Aturipun
makaten, “Dhuh Pukulun, bilih kepareng kawula nyuwun wangsul suwita dhateng
ratumas Kalinyamat kèmawon, ngiras angrengcangi anak-putu kawula.”
Dhawuhipun
Kangjeng Susuhunan Kalijaga :
“Iya
Ingsun lilani, nanging sira lawan anak-putunira padha alihan saka kènè, supaya
lestari ora dèn agru-agru enggonmu, awit ing tanah Pengging kènè bakal ana
sikaraning nagara.”
Nyai
Lemahbang saanak-putunipun matur sandika, lajeng sami mangkat suwita dhateng
Ratu Kalinyamat, prenah sakilening umbul Sungsang, tanah Pengging.
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga lajeng lelèdhang mangalor sakedhik. Sumerep tiyang sami
angadhepi genthong, isi toya wening. Dinangu, “Sapa kang amarentah sira?”
Ingkang
dinangu matur, “Saking wewelingipun Sèh Lemahbang, sadaya kabekelan siti
gangsal karya dipun mijkaken ngangsu ngebeki genthong urut margi, kinèn
ndanakaken para tiyang langkung.”
Kangjeng
Susuhunan lajeng paring dhawuh :
Desa
iki padha aranana ing Banyudana. Tulusa ing salawasè.”
Ingkang
dhinawuhan matur sandika. Wonten pangageng ing dhusun ngriku angaturi rèrèh
dhateng griya, rehning kadalon. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mituruti.
Praptaning wisma sinugata ulam ayam gorèngan, dipun dhahar sacuwil, lajeng
dhawuh:
“Pitik
weton Banyudana ènak. Bèda lan liyanè.”
Sabdaning
pandhita linuwih, dalah ulam ayam ing Banyudana kinaot raosipun.
Dupi
saged imbal wacana kaliyan tiyang Banyudana, watawis ing wanci tengah dalu,
sakiduling dhusun Toyadana wonten swara tulung-tulung. Kalampahan sami tandang,
ngantos dangu, jalaran saben para tetiyang dhateng, tanpa pariwara lajeng
campuh prang kaliyan wanara kathah, ageng-ageng. Sareng dumugi gagat ènjang,
tiyang ingkang sami tandang saantukipun adus erah. Punapa dènè tiyang ing
ngriku kathah ingkang katiwasan, jinamah èstrinipun. Dènè ingkang kantun sadaya
ngili dhateng Banyudana wau.
Ing
antawis sampun byar raina Kangjeng Susuhunan Kalijaga sigra nedhaki, jalaran
welas aningali sambatipun tiyang kathah, sareng dumugining panggènan, sagung
wanara umpetan ing jurang tuwin kekajengan ageng. Mila Kangjeng Susuhunan
lajeng andangu dhateng mancakakining dhusun. Ingkang dinangu matur gancaraken,
“Sakawitipun karajaning dhusun ageng kidul punika katingal kadhatonipun Prabu
Kalana Batulata Pengging. Mila katelah ing dhusun Bantulan. Leresipun :
Batulatan. Kala ing kina salèr-kilèning kadhaton tilas patamanan ageng. Ingkang
tengga kethèh jaler èstri ageng, namung kalih. Sapunika sampun kathah. Manawi
siyang boten kantenan enggènipun. Manawi dalu ngrebda, anjejamah tiyang èstri,
misakit dhateng tiyang jaler.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga andhawuhaken pangandika makaten :
“Ing
desa tilas patamanan iki kang saparo degana, karana pasar Taman. Kang saparo
iring lor-wètan aranana ing dèsa Wenara. Tulusa salawasè. Dènè kethèk kang
padha ndhelik ana jurang-jurang sarta kayu gedhè wus padha ingsun tundhung
lunga saka kènè. Ingsun paringi prenah ana sakuloning Gresik, tanah Giri,
dumunung pinggiring bangawan, ana randhu alas telung wit, dadi siji. Kang dadi
panganè mung jejaluk, manawa ana sedagar dagang metu ing bangawan nunggang
prau. Ing kono kang dadi panganè. Pangandikaningsun iki uga wus tinampanan ing
wanara, karana ana ratunè wus bangkokan, bisa ngilang. Mula wus aja ana
sumelang, jalaran ratunè loro lanang wadon wis mulih marang asalè, saka alas
Roma, tanah Pagelèn. Amung ana wekasingsun marang wong Wenara kabèh, ing tembè
wuri yèn ana wong darbè anak nganggo buntut, banjur ulihena marang alas Roma
Pagelèn mau. Bokmanawa bakal ana wewalesè ing wuri, padha dadi lelantaraning
kadonyan.”
Sadaya
ingkang dhinawuhan ngèstokaken. Mila dumugi sapunika tiyang ing dhusun Menara
wau yèn kinadaraken sugih, katamtokaken nenepi dhateng Roma.
Kala
samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng wangsul mangidul malih.
Karsanipun badhè dhateng dhusun Palar, amariksani anggènipun yasa sumur kaliyan
masjid. Rèhning dèrèng binuka kijabipun, dados sumur kalih masjid wau dèrèng
katingal. Ananging karsanipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga badhè ngampiri Sunan
Panggung, dhateng Jatinem.
Wasana
saweg dumugi sakiduling Pengging aningali tetiyang kasrakat, boten angsal tedha
saking pailan, wah kasatan toya. Siti sami nela wiyar. Para tiyang jaler-èstri
ageng-alit sami malebet ing tela, angisep rembesing siti. Kangjeng Susuhunan
welas aningali, lajeng sami dipun wengkang teken cis.
Tela
lajeng mili toya. Para tetiyang dahat leganing galih, kailènan toya. Mila sami
mentas sadaya sarta lajeng pinaringan pitedah enggèning tedha. Sami dhinawuhan
mangidul. Ing dhusun punika temah pinaringan nama ing dhusun Telawong.
Lampahipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngidul ngilèn. Dènira lumampah anelasak ngambah
sabin beran, tan karsa ngambah ing margi ageng. Galengan kang tinurut,
tebeng-tebeng panasnya tumiling.
Ing
wanci lingsir surya Kangjeng Susuhunan kèndel wonten ing gubug. Kagyat ingkang
darbè gubug wau, awit saweg nutu suket tuton. Tinapènan, inginteran saèngga gentang pantun.
Ingkang
Sinuhun andangu, “Kinarya apa?” Ingkang inter matur, “Kanggè nedha, rehning
boten wonten pantun ingkang medal.”
Kangjeng
Susuhunan welas aningali, lajeng paring sabda :
“Hèh
Nini, pagènèa sira inter suket tuton? Becik muliha, lumbungmu wus kebak pari.”
Ingkang
liningan matur sandika. Dumugi ing griya nyata, yèn lumbungipun kebak. Mila
sanget pamundhi panuwunipun. Dènè panutuning suket tuton lajeng badhè dipun
bucal. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga boten kapareng, malah kinèn angliwet
pisan, kapundhut badhè mirsa raosipun.
Ingkang
dipun dhawuhi rikat angliwet. Tan adangu mateng, lajeng kaaturaken kanthi
lelawuhan sawontenipun, sarta krawon bangsaning jamur-jamur, wedaling lèpèn
sarta wader dipun pès.
Kangjeng
Susuhunan angraosaken èca, lajeng paring sabda
pangandika :
“Iwak
wader pèpèsan utawa sega suket tuton tulusa. Tembè, sing sapa darbè parlu, yèn
arep agung rijekinè, nganggoa sasarat sega suket tuton satakir, pèpèsan wader
siji, kasajekna ana ing patanèn.”
Ingkang
dhinawuhan matur sandhika. Kangjeng Susuhunan lajeng kèsah malih, mangidul
leres. Wonten tigang onjotan uninga tiyang kathah sami rèntèp turut margi. Dinangu
perlunipun, sami matur yèn saking dhawuhipun para wali, ing wekdal punika sami
dipun dhawuhi nyadhiyani dawegan parasan, awit ing dhusun ngriku sèket karya
badhè dipun paringaken dhateng para pamagangan wali, minangka ili-ili
anggènipun sami kawengku ing ratu. Mangka pamagangan sadasa pinaringan seket
karya. Dados ing dalem pamagangan satunggal angsal gangsal karya tedhanipun.
Kangjeng
Susuhunan angandika, “Apa ora bakal cecawis suguh sega sapanunggalanè?”
Aturipun,
boten kamedalan. Mila amung dawegan kèmawon sagedipun anyedhiyani.
“Wus
pirang dina?”
Aturipun,
sampun lami tansah tengga degan urut margi. Kangjeng Susuhunan angandika :
“Yèn
mangkono bakal dadi lantaraning kasangsara. Ing mengko wis aja nyadhiyani.
Becik padha mangidula bener kènè. Bokmanawa bakal bisa sempulur rijekinira.
Dèsanira ing kènè padha aranana ing Magangan. Manawa wis padha antuk ular-ular,
balia manèh.”
Ingkang
dhinawuhan matur sandika, lajeng sami mangkat aseluran, mangidul sadaya.
Kangjeng Susuhunan lajeng tumindak
malih. Dumugi sakiduling jurang wonten tiyang gumandhul ing oyod,
mangongkang jurang. Lajeng dipun dhawuhi mudhun. Tiyang kalih dinangu, matur,
“Ing jurang punika mentas bena ageng, kathah tetiyang kelem, sarta kabalak ing
toya. Mila kawula gumadhul ing oyod ngriki.”
Kangjeng
Susuhunan angandika, “Yèn mangkono sira padha tut wuria, supaya tumuli wareg.”
Ingkang
liningan matur sandika, nanging suku kados dhèngkelen, margi ing dalem kawan
welas dinten tanpa nedha, amung gandhulan kèmawon. Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga angandika malih:
“Watu
ing wurimu ana sega salawuhè, wareg sira pangan lawan rowangira.”
Lajeng
kapendhet, nyata wonten sekul sawungkus salawuhipun. Temah sami pinangan
kembulan. Sasampunipun sami nedha, suku mari lumpuh. Kangjeng Susuhunan
angandika malih :
“Jurang
iki samengko wus ora bisa bena, anging ilinè ajeg cilik baè, lan jurang iki aranana
Jurang Gundhul.”
Rarè
kalih matur sandika, lajeng mangkat. Dumugi sakidul jurang lajeng uninga
embak-embaking toya mawi endhut. Para tetiyang kathah sami kembel, kantun
sirahipun ingkang katingal. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng
ngobat-abitaken tekenipun. Sadaya tiyang ingkang kembel ing baladhu saged
mentas sadaya. Embak-embak sanalika lorot dhateng jurang Sigandhul.
Para
tetiyang sami matur piyambak-piyambak, “Ing nalika jurang bena, ladhu kèndhel
sakiwa-tengen ngriku. Angoking jurang, embak angelebi dhusun dalah tiyangipun.
Ing dalem sakawan dinten sami manthèngèl, kantun sirah kèmawon sarta tan
anedha. Dènè sapunika Paduka angluwari papa sangsara kawula sadaya, sanget
nuwun.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga lajeng paring tedha, luber sadhusun kawaratan. Sawusing
sami nedha lajeng paring pangandika :
“Dèsa
iki aranana ing Silem, lawan wong ing dèsa Silem kabèh aja padha kari, ngidul
mangètana, yèn arsa wareg sandhang pangan. Aja mulih-mulih marènè, yèn durung
antuk patang puluh dina.”
Ingkang
liningan umatur sandika, mangkat. Sasampunipun makaten, Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga lajeng tut wuri para tetiyang ingkang sami ngili tedha, sarta dhedheg
angalempak wonten ing sela-selaning pasabinan beran, parek ing dhusun ngriku.
Saking kebaking tetiyang ngantos lubèr tebih. Badhè dipun lajengaken, ajrih
jalaran wana ageng. Mila kèndel kados angentosi semayan.
Kangjeng
Susuhunan tan adangu rawuh, lajeng angandika, “Desa sawiji aranana telu,
Ngendho, Janti, Koripan, awit dhedheg padha kadi nganti semayanè. Koripan, dènè
kena dianggo ngungsi urip. Padha lerepa ing kènè. Ing dalem patang puluh dina,
iki dèsa wus isi pari akèh kanggo pangan.”
Kala
samanten para tetiyang ingkang ngungsi tedha dhateng ing dhusun Koripan,
Ngendho, Janti, sareng sampun dumugi ing wewangen dhawuhipun Kangjeng Susuhunan
ing Kalijaga, lajeng wangsul mantuk dhateng padhusunanipun piyambak. Sareng
sampun bidhalan, kantun satunggal tiyang ingkang boten purun mendhet pantun.
Dinangu, nama Kyai Dremawangsa.
Anggènipun
boten purun mantuk mbekta panduman pantun punika, amung sumedya tut wuri
dhateng Kangjeng Susuhunan Kalijaga, ngantos dipun lampahi boten nedha boten
tilem.
Kangjeng
Susuhunan lajeng tedhak dhateng wismanipun Ki Dremawangsa. Pinariksa banjar
pakaranganipun sarta isèn-isènipun wisma pepak. Kangjeng Susuhunan andangu
malih, sababipun sedya tut wuri, tuwin boten purun bekta pantun saking Ngendho
Koripan, Kyai Dremawangsa aturipun makaten, “Nuwun, anggèn kawula sedya tut
wuri ing Paduka utawi anggèn kawula boten purun mendhet pantun peparing Paduka
wau, temenipun angèngeti wewelingipun Kyai Walaka, nalika pepanggihan wonten
ing dhusun Ngares kilèn punika. Welingipun, kawula kapurih narima, supados
katrima. Utawi kapurih ngandel, supados kumandel. Kapurih marsudi kawruh, supados
weruh. Boten dangu ingkang nama Kaki Walaka wau kèsah, dumugi sapriki tansah
kulo raosaken, meksa dèrèng saged kraos parlunipun. Mila saking kodhengipun
manah kawula, ngantosa ing ngrasa Paduka. Tèkadipun manah kawula, ngantosa
cèkoh règoh nyaketi jangan jambu, boten sedya mantuk, manawi dèrèng angsal
dhawuh wewedharan Paduka saking saking wewelingipu Kaki Walaka wau. Upami
kawula narima, supados katarima, punika ingkang paring katarimaning jasad
kawula sinten? Kawula dipun warah ngandel, supados kandel. Ingkang kawula
lampahi ngandel punika ngandelaken punapa? Supados kandel punika ingkang kawula
labuhi sinten? Kawula dipun purih marsudi kawruh, supados weruh. Anggèn kawula
mbudi kawruh punika kawruh punapa? Ingkang nuntuni sinten? Supados weruh punika
dhateng barang punapa? Ing dalem sadasa taun sapriki kawula tansah dipun
kuya-kuya sanak sadhèrèk kathah, dipun wastani èwah Dat kawula, jalaran ngantos
kasupèn dhateng kuwajiban tetanèn, amung tansah kodheng gèdhèg-gèdhèg kèmawon.
Mila mugi wonten sih kawelasan Paduka, sagedipun waluya, anggèn kawula linglung
leng-leng, ngèling-ngèling wewelinganipun Kaki Walaka rumiyin, awit saking
pamanah kawula mung Paduka ingkang saged majaraken ing kawidhengan kawula.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga gumujeng sarwi paring pangandika makaten :
“Hè
Dremawangsa, teka kukuh temen panggayuhmu. Santosa temen pangèsthimu. Mantep
temen budimu, nganti labuh labuh rusaking jasad, kaèsi-èsi ing sasamaning urip.
Apa sira wus nyata tumanem ing pangarahira marang telung prakara”?
Kang
liningan matur, “Sampun mantep, tan asedya mengèng sarambut.”
Kangjeng
Susuhunan lajeng medhar pangandika :
“Dremanwangsa,
satuhunè enggonè Kaki Walaka awèh wangsit mangkono iku bener, mung nuhokakè
lakuning urip iku kudu nganggo telung prakara :
……………………………………………………………….
……………..
Halaman 99 hilang……………………..
……………………………………………………………….
4.
Kaping patè, kang padha dèn arani mati iku tutup lawangè patang prakara. Tegesè
: sirnaning pangucap, tulining pamiyarsa, wutaning paningal, sumpeting
pangganda. Papat iku uga wus ngumpul dadi sawiji marang rahsaning Dat sajati,
pakartinè mung kari tawekal. Tegesè : pasrah marang Kang Amurba Amisèsa, bisane
tunggal lawan Idayatullahi. Iya iku sampurnaning Dat utawa mulya sampurnaning
sipat Esa. Dadi weruh sangkan paraning Tanajultarki.
Mungguh
kang kasebut kabèh-kabèh mau kudu ngawruhana iman kang abangsa kukmi. Ing kono
kari nyataning kukum balaka.
Tegesè
KUKUM iku bener. Dadi ngaurip iku wajibè nglakoni bener, kanthi awas èling.
Manawa ora tinggal ing telung prakara iku, yakti tan prabèda ing dunya lawan
ing kahanan akir. Manawa sir amaksih anyipta bèda, pasthi ing sedyanira bakal
semu dudu.
Tegesè
: kaliru pangancasè. Lamun sira wus angarani ora loro tetelu, iya bokmanawa
bakal tumeka jatining kahanan kita. Nyatanè iya uga salugunè.
Manawa
sira kurang piandel, takokena ing guru kang pinunjul kawruhè, awit wus kalebu
ing bebasan : Karna binandhung, undhaking pawarta, sudaning titipan. Iku wus
prakara mesthi, awit pituturingsun iki kena diarani temon ana dedalan.
Katetepakè kawruh nenempil, iya wus benerè.
Aja
agè-agè nggugu yèn durung wruh galethekè. Aja maido, yèn sira durung weruh
dadinè. Aja nemoni lan aja memadoni, yèn sira durung weruh wewadinè. Aja
nepèkake, yen durung mangerti nyatahanè. Karana prakara kawruh siji iki lamun
maksih semang-semang, nemahi sesiku, karana kasebut maksih mentah ngilmunè.
Marmanè
wekasingsun marang sira, manawa tembè Kaki Walaka katemu lawan sira manèh, aja
agè-agè tetakon, yèn sira durung bisa tetakon.
Tegesè
: wong anggeguru ing ngilmu iku lamun durung ana kang bakal kang bakal tinemu,
aja agè-agè geguru. Lawan ana wewarah kang kena rinasa selawasè. Kabèh kang
dadi sedyanira iku kudu katarik saka cipta rasa dhingin. Yèn wus katemu
pamanthenging cipta, karasa ing dalem rahsa. Sayektinè kena sira anggo
gegujengan utawa geyonganing ngilmu salugunè. Lamun dira durung darbè cipta
nganti karasa, kadi kakung kasengsem marang dyah ayu. Iya iku durung pinareng
menga ngilmunè. Yèn wus mangkono panemunira, baya wus pinareng dèning Allah
Tangala pepanthenganing cipta rasanira. Kena binasakakè kabulyakin. Tegesè :
tumuwuh cahyaning nugraha.”
Kala
semanten Kaki Dremawangsa, duk miyarsa wasitanipun Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga, ènggaring galih kadi siniram ing tirta marta. Sumyar-sumyaring sarira
lir taru tumaruna karirisan ing wasitotama. Sasampuning mangkana Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga sigra kondur. Kyai Dremawangsa badhè umiring dèrèng
kapareng. Dhinawuhan amemulihaken badan, tuwin memulihaken pakaryan wajibing
among tani, margi sampun lami anggènipun tilar kuwajiban, adamel bibrahing anak
bojonipun, sarta risaking manahipun tiyang sepuh.
Mila
Kaki Dremawangsa sareng sampun angsal barkahipun Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga, gugup para waris sadaya, angrungkebi sarwi mular, dènè boten
kanyana-nyana Kaki Dremawangsa saged waluya jati. Ananging rumiyin mangkè
pancèn boten punapa-punapa. Nanging pamanggihipun tiyang ingkang sami
tuminggal, sayekti amastani èdan kèmawon, mila prakawis punika tetela angèl
pamawasipun. Manawi tiyang ingkang sampun putus ngilminipun, inggih boten
amastani èdan. Beda lawan para tetiyang ingkang dèrèng ngilmi, tamtu amastani
yèn Kaki Dremawangsa ing Bungasa èdan.
Ènggaling
cariyos, Kaki Dremawangsa sampun mituhu dhawuhing guru, lajeng tapak ing
kuwajibanipun tani, nggaru, mluku, macul sasaminipun. Dupi sampun antuk
samangsa, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wangsul malih, pindha sudra papa,
sesilih Kaki Walaka, marpeki anggènipun maluku Kaki Dremawangsa.
Sajarwa
nama Kaki Walaka ingkang sampun pulang saè. Kyai Dremawangsa duk andulu, lajeng
kèndel dènya madamel pasabinanipun. Malah angancarani dhateng wisma, sarwi
manembah. Kaki Walaka sinembah kipa-kipa, rèhning dèrèng wajib sinembah ing
sasama. Kyai Dremawangsa mangsuli,
“Ingkang
kula sembah punika Gusti kula Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, awit tilar
weweling dhateng kula, singa wonga, manawi suku kekalih kadi tan anapak kisma,
kawula boten kènging rusiya, awit sariraning Gusti. Mangka Paduka nyaplaki
weweling ingkang sampun kadhawuhaken dhateng kula. Dados tetèla Paduka badhè
nyobi kaantepan kawula. Dados Kaki Walaka rumiyin punika inggih Panjenengan
Paduka.”
Kangjeng
Susuhunan dahat sukaning galih, lajeng angandika makaten :
“Jebèng,
sira wus katara yèn antuk sih nugrahaning Pangèran Kang Amahasuksci. Samengko
temenana atetanèn, sarta sira ingsun paringi sabda, ing tembè wuri dadia
pituwaning among tani . tegesè : sarupaning para tani, yèn ana tandur kena ama,
sira wajib anulungana sesarat winih, supaya ora katrajang ama. Karo dènè sira ingsun
paringi peparab Kyai Gedhè Kapinihan.”
Ingkang
dhinawuhan matur anuhun. Badhè umiring mesa dèrèng kapareng. Taksih kinèn
andugèkaken tetanèn, karana ing tèmbe badhè wonten babaranipun ingkang èlok.
Nanging samangkè dèrèng binuka. Amung panaringan ancer-ancer kèmawon. Manawi
sampun dumugi wewates tibaning nugraha kirang kalih turunan, Kyai Gedhè
Pawinihan saged tumut nedha wahyuning karaton Jawi, wiji saking èstri.
Mila
Kyai Gedhè Pawinihan tinedahaken ingkang dados margining wahyu, kinèn angelih
griya wonten ing Janti Ngendho Koripan. Ingkang dipun dhawuhi matur sandika.
Kyai
Gedhè Bungasan temah paring weweling dhateng ingkang putra makaten, “Hè kulup,
sira bakal ingsun tinggal ngalih wisma marang Ngendho Janti, ngèstokakè dhawuh
wewelingè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Kaya mangkènè sabda pangandikanipun
padha èlingana salawasè :
“Sing
sapa arep duwè turun bisa milu mikul nagara, dèn saranta traping sanggama, dèn
saba santosa lawan tetimbanganira. Dèn meleng pepanthenganing cipta roroning
atunggal.
Tegesè
: jalu èstri ing dalem pagedhongan andarbè cipta kang tan tumanja. Aja rasa
rumasa ngalem amemada liyaning jiwangganira, lawan angrasani alaning wong, aja
ngalem beciking lyan. Mung malenga
sawiji, wadonè marang kakung, kakungè marang wadon, netepana budi sanubari. Yèn
wus temempuh ing ngadilaga, aja agè-agè marwata suta. Kudu anyantosanana ing
dalem telung atus pandulu. Manawa wus bangkit anembadani hardaning raras driya,
nuli telenging cipta dèn sabayantu ing tokidira. Yakti sira bakal antuk nugrahaning
Pangèran Agung.
Sing
sapa bisa netepi pakarti iku, Mansa Allah bisa mijèkake wiji premati. Pirabara
ambaboni tanah Jawa. Tegesè : kinadarakè dèning Allah Tangala, bisanè urun
wadon. Awit wiji cilik iku yèn bapa biyungè taberi ngulik-ulik, temah landhu.
Bokmanawa bisa marug becik thukuling winih mau. Manawa bisa mijil jalu, cepak
antuk wahyuning wahyu jati. Adat luwangè, yèn ana wong bisa sabar santosa
marang tataning among lulut, iya linulutan ing sasama-sama. Trekadhang milu
mikul rubet rentenging praja. Marmanè èstokena.”
Ingkang
wineling dahat mituhu. Ingkang paring pangandika salugu. Mila nadyan sapelè
tetalering cariyos ing nginggil wau, yakti kènging dipun leluri, jalaran sampun
dados sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Ènggaling
carita, kala samanten ing dhusun Ngendhok Janti Koripan sami dados
pangungsèning tiyang dhusun kiwa tengen. Ingkang kekirangan wiji, kedah nedha
tulung dhateng Ngendhok Janti Koripan wau.
Boten
kawursita ing dhusun Koripan, anuju satunggal dinten Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga karsa lelana mangètan, sedya sowan martuwi ingkang uwa, Kangjeng
Susuhunan Lawu, awit midhanget pawartos yèn ingkang uwa ngulawisudha bangsa jim
sakawan iji.
Langkung
kinasihan, awit awicarita :
1.
Jim biru nama Arya Panji Gedhah.
2.
Jim kuning nama Arya Panji Sumunar.
3.
Jim wungu nama Arya Panji Jinggaharda.
4.
Jim putih nama Arya Panji Puspita.
Jim
sakawan punika angaken darahing Jawata, teturutan saking Bathara Puspanjali.
Manawi saking èstri, darah jim dadu, nama Prabu Adiwarna.
Dènè
jim sakawan anggènipun sami suwita ing Kangjeng Susuhunan Lawu punika, awit
taksih kalebet santana sangking ingkang ibu.
Menggah
pamilutanipun jim sakawan wau amung kaanggè wadya pamijènipun Kangjeng
Susuhunan Lawu. Manawi pinuju sarè, jim sakawan ingkang ndongèng lelampahanipun
para Jawata. Gentos-gentos ingkang cariyos dedongèngan. Manawi ameng-ameng
binusanan catur warna, ngapit ngajeng-wingkingipun Kangjeng Susuhunan Lawu.
Sareng
ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Lawu Kalijaga sowan, lajeng katamtokaken
ngadhep. Kala samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tetakèn dhateng jim
sakawan.
“Kadi
pundi panggayuhing para Jawata tuwin gèyonganing ngilmi? Punapa dènè para Nata
duk jaman purwanipun. Manawi bangsa jim punapa ingkang dipun gayuh? Kula Andika
tempili pingilipun.”
Wangsulanipun
jim sakawan, “Dhuh Pangèran ulun, Susuhunan ing Kalijaga, menggah pandangu
Paduka sadaya wau, adèrengipun kula gadhah atur, kados Paduka sampun uninga
talering agami Budha. Èwadenè rehning kadangu, inggih kedah sasaged-saged
anggadhahi atur. Kados timbang kèmawon agamining para Nabi Wali kaliyan agami
kadèwatan. Ingkang dados panutan ugi nenem. Gumelaring wewedharan utawi
raosipun utawi raosipun yakti boten beda, amung miturut agami nenem. Nadyan
kanabèan, ingkang rinilan mengku agami ugi nenem :
1.
Kangjeng Nabi Adam, timbanganipun Sang Hyang Bathara
Èndra.
2.
Kangjeng Nabi Nuh, timbanganipun Sang Hyang Bathara
Brahma.
3.
Kangjeng Nabi Ibrahim, timbanganipun Sang Hyang
Bathara Bayu.
4.
Kangjeng Nabi Musa, timbanganipun Dang Hyang Bathara
Samba.
5.
Kangjeng Nabi Ngisa, tetimbanganipun Sang Hyang
Bathara Wisnu.
6.
Kanjeng Nabi Muhkammad, Rasulullah, tetimbanganipun
Sang Hyang Bathara Kala.
Nadya
wewedharanipun utawu sarèngatipun ing agami Islam inggih boten wonten
bèdanipun. Makaten malih, nadyan pingiling raos, sami kèmawon.
Kados
ta : sarèngatipun Kangjeng Nabi Adam, ingkang dipun engkoki pantaraning Allah
Tangala. Sang Hyang Èndra ugi angaken barakaning Jawata kang linuwih.
Kangjeng
Nabi Nuh anganggep gegenti, Sang Hyang Brahma inggih wewakiling Jawata.
Kangjeng
Nabi Ibrahim angaken prajuriting Allah. Sang Hyang bayu ingging sènapating
Jawata.
Kangjeng
Nabi Musa kekasihing Allah. Sang Hyang Samba gegebenganing Dèwa.
Kangjeng
Nabi Ngisa putraning Allah. Sang Hyang Wisnu pitayaning Jawata.
Kangjeng
Nabi Muhkammad kaaken utusaning Allah. Sang Hyang Bathara kala ugi sapu
kawating Suralaya.
Dènè
ancer-ancering wewejangan ugi tan prabèda :
1.
Sajatinè ora ana Pangèran anging Adamapitratulah.
2.
Sajatinè ora ana Pangèran anging Nuh Kalipatulah.
3.
Ora ana Pangèran anging Mungsa Kalamulah.
4.
Ora ana Pangèran anging Ibrahimakalilulah.
5.
Ora ana Pangèran anging Ngisa Raohkulah.
6.
Ora ana Pangèran anging Kangjeng Nabi Muhkamad
Rasulullah.
Menggah
ingkang makaten punika bèdanipun punapa kaliyan wedharing para Jawata ?
1.
Hong ilahèng nir Yang Kalamertyu, muhung Èndradimulya.
Tegesipun : Hè kang Angagung kang Èlok, ora ana jawata muhung Bathara Èndra,
wenang anglebur angkara murka.
2.
Hong ilahèng Mangarcana Mataya : Hè kang asipat èlok,
kang sinembah muhung Hyang Brahma sanyata. Amung Bathara Brahma satuhunè.
3.
Hong ilahèng Sihyanamasaha : Hè kang asipat èlok, kang
asih ing dunya muhung Hyang Bayu priyangga. Amung Bathara Bayu piyambak.
4.
Hong ilahèng Mangarcanamataya : yakti Hyang Samba,
dana. Tegesipun : Hè kang asipat èlok, kang wajib sinembah ing dunya amung
Bathara Samba.
5.
Oilahèng nir Hyang Kalamertyu Kabub, pamunahing satru jaya
muhung Hyang Kèsawa. Sajatinè kang èlok, kang gaib, ora ana liya kang wenang
nampurnakakè nepsu angkara murka, muhung Bathara Wisnu.
6.
Hong bujèng bumi belah sirna, muhung Hyang Bèrawa
mahanani ing bawana kasapta. È Allah, kang kasapta bumi lebur sirna. Muhung
Bathara Kala kang angratoni bumi langit sap pitu.
Sadaya
wau amung kawula pendhet saparluning wewejangan kèmawon. Mila boten wonten
bèdanipun ingkang dipun akeni, punapa malih ingkang dados gèyonganing raos.
Bokmanawi sami kèmawon.
Kangjeng
Nabi Muhkamad Rasulullah inggih sampun winenang angrata agami Islam, tetep
dados panutanipun para umat sadaya, waradin ingkang ngidhep Kangjeng Nabi Duta.
Manawi
agamining para Jawata, ingkang dados teturutanipun para titah sadaya inggih
Hyang Bathara Guru. Èwadenè inggih wonten
kaotipun. Awit Kanjeng Nabi Muhkamad atas saking pangandikaning Pangèran
kang Amahasuksci. Sareng Sang Hyang Bathara Guru amung tiron wewakiling
Pangèran. . Èwadenè katarik ing tapabrata, dados saged sipat gaibul guyub.
Kawimbuhan basaning jim sami ngunjuk toya gesang. Mila saged turun-tumurun
kawasa aparing nugraha, awit sampun badan alus sadaya.”
Dahat
pangunguning galih Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, dènè saged anggancaraken
pingiling kina-kina. Wasana Kangjeng Susuhunan atetakèn malih.
“Saking
dahat suka bingahing manah kula dènè Jengandika anggancaraken pingiling
kadèwatan utawi kanabèyan. Yèn makaten Jengandika punika kalebet sampun masuk
agama Islam.”
Atur
wangsulanipun makaten, “Manawi kagalih Islam, kawula dèrèng, jalaran jim punika
bangsa badan alus. Saged kawula gancaraken sadaya wau amung saking gethok
tular. Ados kènging dipun wastani kawruh
nempil. Èwadenè sanadyan gethok tular anenempil, saking karep sarawungan para
pandhita tuwin para ngalim. Mangka bangsa jim wau boten kènging pejah, dados
ujaring tiyang satunggal kalih kawula cathet. Dangu-dangu kathah pangertosan
kawula. Mila tetèla tan prabèda dayaning budi Buda tuwin pangartining para
Nabi. Manawi kawula dipun wastani bangsa kapir, inggih mèmper, jalaran jim
punika bangsa lembat, tunggil pangawikaning Jawata. Mila amung nyumanggakaken
ing karsa Paduka.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga angandika malih :
“Mila
kula kapiluyu, lajeng sowan Kangjeng Uwa Sunan Lawu, awit mireng pawartos,
Panjenenganipun Uwa ngulawisudha satriya jim sakawan, dipun tetepaken pujangga,
margi awicarita. Yèn kapara nyata, kula badhè miyarsa pangarti Andika ingkang
kènging kula anggè pusakaning karaton jawi.”
Ingkang
dinangu matur, “Kula dèrèng pujangga awicarita. Amung dados tukang ndongèng.
Awit ingkang Uwa Kangjeng Susuhunan Lawu samangkè kaparenging panggalih, saben
badhè sarè, kawula dipun piji marek ing sahandhap pasarèyan, sami ndikakaken
cariyos dedongèngan sasaged-saged kula. Kilap leres, kilap lepat, ugi kawula
lampahi, gentos-gentos. Sambung-sinambung uruting cariyos, andongèngaken
lelampahanipun para Jawata, awit Uwa Paduka punika saèngga tunggil darah saking
rama, trahing Jawata deles. Mila remen cariyos Buda, awit ngandharaken leluhur
saking rama. Manawi turutipun rama Paduka piyambak ugi darahing para Nata
Binathara ing Pajang Pengging. Suprandosipun kaparenging galih anggayuh agami
Islam. Tamtu kaangè kaot piyambak, amargi trahing Jawata punika kinadaraken
lantip ing budi, lepas ing kawaskithan, trus ing tapabrata, tur ing tèkad tan
ajrih ing pati. Kawimbuhan Jawata punika cecampuran bangsa jim. Tamtu yèn
tiniti sayekti tanpa sama pangartining lair batin. Nadyan empaning kalepasan
utawi kaluwihan ingkang èlok tamtu boten takèn malih. Ènggalipun kawruh bangsa
Islam punika manawi sampun saged campur dados satunggal kaliyan pangawikaning
Jawata, tanpa sama panitining ngilmi gaib.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga saya gregut patakènipun, awit sadaya karsanipun para jim
sakawan saged amedharaken. Saweg imbal wacana, kasaru wonten timbalan dalem
sami ngendikan, kinen sami angunjuk ing Balè Patani, inggih punika
pasarèyanipun Kangjeng Susuhunan Lawu. Sadaya sampun kèrit ing parekan.
Sapraptanipun
ing Balè Patani, Kangjeng Susuhunan Lawu boten dangu lajeng tedhak pribadi,
lajeng manjing tilam sari kèmawon. Ingkang putra Kangjeng Susuhunan Kalijaga
sinapa ingkang Uwa, dinangu basukining margi, nembah anuwun basuki. Ing ngriku
ingkang Uwa maringi sugata dhaharan ingkang pèni-pèni, èca-èca. Kinèn lajeng
bukti lawan para jim sakawan wau. Sasampuning bukti, ingkang putra pinaringan
sumerep, anggènipun ngulawisudha jim sakawan, sami wasis medharaken cariyos ing
kina-kina. Ingkang putra temah dhinawuhan miyarsakaken dedongèngipun para jim
wau.
Ingkang
putra kadhawuhan amèngeti cariyosipun jim sakawan, supados kènging tinulad
ugering karaton, kaanggè pepakeming cariyos padhalangan, rèhning Kangjeng
Susuhunan Kalijaga saweg kasengsem yasa ringgit wayang wacucal. Sarta kacatheta
pingil-pingilipun ingkang anggepok dhateng bangsa ngilmi makripat.
Ingkang
putra matur sandika, lajeng mirantos panyeratan. Para jim sakawan lajeng
dhinawuhan anglekasi cariyos, dedongèngan, sapamanggihipun piyambak, angger
urut kèmawon. Para jim sakawan pisan matur sandika, amung kalilana dipun istha
gineman kaliyan rowang. Amung mamrih suka senengipun Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga, rèhning saweg nembè amiyarsa.
Kacariyos
Arya Jim sakawan lajeng murwani lelampahan nalika tumuruning Hyang Naraddha
dhateng nagari Purwacarita :
“Ing
salebeting taun Iwa, inggih punika taun
ingkang kanggè para Jawata, ètanging taun Suryasangkala : 316, sinengkelan :
OBAHING JAGAD TIGA, kaètang ing taun Cadrasangkala : angka 325, sinengkelan :
TATANING PANEMBAH KAUNINGA, amarengi mangsa Manggasra, inggih punika wulanipun
para jaman Dèwa.
Kala
samanten Sang Hyang Naraddha tumedhak dhateng nagari Purwacarita, inggih punika
tilas karaton Jawi saweg kaping kalih.
Ingkang
rumiyin : pangèjawantahipun Sang Hyang Bèrawa, inggih punika Bathara Kala,
lajeng kagentosan dèning Mahaprabu Raja Budakresna, inggih punika Bathara
Wisnu. Prenahing karaton wonten sukuning wukir Mahèndra, inggih punika redi
Lawu. Tumedhakipun Sang Hyang Naraddha wau angemban dhawuhipun Sang Hyang
Pramesthi Guru, rèhning samangkè katetepan dèning Sri Maharaja Kano. Mila
lajeng dhinawuhan amranata tataning agami Buddha, awit katingal bibrah
tatanipun. Resah lampahing para titah, wor-suh pepèranganipun.
Mila
ing nalika tinedhakan dèning Sang Hyang Naraddha, lajeng wiwit tata patrapipun.
Ing
saben sagolongan kinen amaringi pangulu. Tegesipun : pangageng. Sarta
sakarèrèhipun sami dhinawuhan anganggè tetenger piyambak-piyambak.
Pangandikanipun Sang Hyang Naraddha dhateng Raja Kano wau makaten :
“Hè
Raja Kano, wruhanamu, iki pusaka panetep panata agama. Ingkang dadi
purbawisèsanira ambawani bawana, pangawasa kang wenang sira parèntahakè, dadi
wewatoning karatonira ana ing marcapada.
Hèh,
Raja Kano, rahayu wong kang santosa lawan mungkul marang agamanè. Marma sira
agè angleksanana panataning agama sawiji-wiji.
Kang
dhingin : panghulunè.
Kapindho
: tetengerè.
Kaping
telu : panembahè.
Kaping
pat : tapabratanè.
……………………………………………………………….
……………….
halaman 109 hilang………………….
……………………………………………………………….
Yèn
ari raya, pangolahè kudu kang sarwa legi.
Laranganè
: ora kena ngrabèni leluri kang saka lanang, lan ora kena mapas wiji kang lagi
thukul. Ora kena matèni geni, ora kena mangan daging sapi, ora kena manganggo
bangsa timah, lan ora kena ngrabèni anaking inya, ora kena ngrabèni anaking
guru. Wenangè mung yèn ginawè tanba lang ginawè sesarat.
Dènè
wewatonè, yèn wong wadon ontang-anting, pepalinè kudu disunati lawan ditetaki.
Pakartinè wong laki-rabi, nganggo badhudhakan. Para warganè pangantèn nganggo
langen taya. Jogèdan bèsan sami bèsan.
Yèn
mati, layonè ingobong. Paliyanè pasucèn, dinusan banyuning godhong dalima. Yèn
memulya sarana beburuh.
Hèh
Raja Kano, wadayanira kang agama Èndra, panghulinè aranana SAKRANA.
Sasèwasugatanè padha anganggoa Èkal
Bajra, galihing kayu, rining bajra, dèn anggo sangga gelung.
Panembahè
marang gunung lan marang rembulan. Lakunè : lila, marta, anarima.
Tapanè
yèn masa Naya, ora kena angemban bocah.
Yèn
masa Asuji, ora kena asanggama.
Yèn
ari raya, kang sarwa pait.
Laranganè
: ora kena mangan antelu, ora kena ambuwang sesuker ing bumi, ora kena matèni
dwipangga, ora kena nganggo dembaga. Wenangè dianggo tamba lan kaanggo sarana.
Lan
wenang cinukur wadon kang kedhi. Wenang wong wadon bèla mati lakinè, yèn jaka
lara. Wenang disunati, yèn dadi pangantèn. Yèn lanang, tinetakan nalika lair,
lan anaking dhukun.
Pepalinè
yèn laki-rabi, nganggo sintèn lan ènjèr. Para warganè pangantèn padha prang
catur. Nggonè nandukakè pralambang sasmitaning pasugata.
Yèn
mati, layonè kapethak, kapendhem, lan kaluweng, kadokok guwa utawa jurang.
Paliyasanè dinusan ing leri. Yèn memulya sarana urup.
……………………………………………………………….
……………….
halaman 111 hilang…………………..
……………………………………………………………….
Tekèk,
cecak kemaga. Wenangè yèn kinarya tamba lan sarana.
Wadon
cinukur, yèn randha anyar. Lan wenang wong wadon ditetaki, manawa dadi
panghuluning agama.
Pepalinè
yèn laki-rabi, nganggo baoyang. Pangantèn angarak. Warganè pangatèn wadon
nganggo angadhangi warana dhingdhing. Manawa rubuh, sida ngarak. Manawa ora
rubuh, salin dina pangarakè.
Yèn
mati, layonè kasètra, kadunungakè ana ngara-ara utawa agunungan. Paliyasanè
dinusan banyu udan. Yèn memulya sarana ambarang.
Hè
Kano, wadyanira kang agama Kala, panghulunè agama aranana KALANA.
Sasèwasogatanè padha anganggoa tetenger Èkal Purusalingga, gadhung utawa balung
rining palanangan, dèn anggo kalung.
Panembahè
marang satupanè kang aèng, kayu, watu, sapepadhaè.
Lakunè
: wirangi.
Tapanè,
manawa mangsa Manggakala.
Manawa
lelungan ora kena nginep.
Yèn
mangsa Padrawana ora kena mangan uyah.
Yèn
ari raya, kang sarwa pedhes.
Laranganè
: ora kena ngrabèni kang kaprenah tuwa, ora kena ngrabèni anaking inya, anaking
guru, ora kena ngrabèni sèjè bangsa,
kaya ta : bangsa rahmana ora kena
ngrabèni bangsa Waisya, sapepdadhanè.
Lan
ora kena matèni sona, kalabang, kala jengking.
Ora
kena mangan kalapa, ora kena nganggo emas.
Wewenangè
: kena ngrabèni sanak enom, ngrabèni tunggal bangsa. Kaya ta : bangsa Brahma
pada bangsa Brahma, bangsa Waisya padha bangsa Waisya, bangsa Satriya padha
bangsa Satriya, bangsa Danuja padha bangsa Danuja, bangsa Daniswara padha
bangsa Daniswara, bangsa Sudra padha bangsa Sudra, bangsa Raksasa padha bangsa
Raksasa.
Kenanè,
dianggo tanba lan sarana.
Pepalinè
: yèn laki-rabi, nganggo lempeng. Warganè pangantèn padha gelut, endi kang
kalah, didhega. Lan pangaraking pangantèn nganggo èdan-èdanan.
Yèn
mati layonè katarap, kapakakakè sato galak. Paliyasanè pasucen, layon dinusan
banyuning godhong widara. Yèn memulya sarana laku dhusta.
Hè
Kano, mungguh agama enem mau, endi kang dipilih dadi senenge wadyabalanira
kabèh. Padha sira dhawuhana ngathokake pangandikaningsun kang wus dhumawah ing
sira. Sapa kang ora netepi tatanè agama sawiji-wiji, kena ing sapu dhendha.
Agama
Sambo, kasulah.
Agama
Brahmana, kaobong.
Agama
Mahendra, kaluweng.
Agama
Wisnu, kalabuh.
Agama
Bayu, katarang.
Agama
Kala, katarap.
Sri
Maharaja Kano matur sandika. Sang Hyang Naraddha muksa. Lajeng kadhawuhaken
waradin.
Nalika punika kawastanan AGAMA PAKUHAN, mirit Raja Kano inggih PRABU PAKUKUHAN.
Dipun lajengake bagian 3
https://syehhakediri.blogspot.com/2023/09/serat-silacala-serat-kaki-walaka-bag-iii.html
Sumber referensi :
Tedhakan Serat Kina Ingkang mratelakake lelampahan Sarta sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak. Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA KANGJENG SUNAN KALIJAGA. Dening PAGUYUBAN AHLI WARIS/KULUWARGA SUNAN KALIJAGA, Cabang Jakarta 1993. Ingkang nindakaken penedhakipun Astuti Hendrato Darmosugito.