SERAT
SILACALA
(Serat
Kaki Walaka Bagian III)
Perangan III
SERAT SILACALA
Kaanggit dèning : EMPU
HARTATI ing MAMENANG
Panganggitipun
nalika Taun Suryasangkala 852
Taun
Cabdrasangkala 878. Ing salebetipun taun Wandaniya,
Ètanging taun
Suryasangkala 386,
Tinengeran : WEWAYANGANING BRAHMANA KATON MUKSA. Kaètang ing
taun Candrasangkala 397
Tingeran : PANDHITA
TRUSING GUNA.
Amarengi mangsa Kartika, kacariyos ing nalika punika Brahmana Raddhi katuran lintang surya, wanci dalu angsung wangsit sipta sasmita makaten :
MAWISATA
KADALUWARSA WALUYA LAYA
Tegesipun
: tiyang kèsah kalungsè ing taun, mantu bilai.
Brahmana
Raddhi anyandhak ing sipta sasmita punika wau. Rumaos sampun lami anggènipun
wonten ing madya pada. Sareng ènjingipun lajeng memulya kancana. Kang dèn
memulya srengèngè, sarta dinten punika kawastanan dinten RADITE.
Tegesipun
: dinten Srengèngè.
Dumadi
ing mangkè kawastanan dinten Ngahat.
Dalunipun
malih Brahmana Raddhi, katurunan lintang candra, angsung sipta sasmita makaten
:
WAKTRA
KANISAN RI NÈTRA ADINÈ BUDAYA.
Tegesipun
; muka kaicalan nètra, ametengi budi.
Brahmana
Raddhi nyandhak damel peteng wonten ing ngracapada, anasabi padhanging
kaswargan. Sareng ènjing memulya salaka. Kang dèn memulya rembulan. Dumugi ing
mangkè kawastanan dinten Senèn, ing ngajeng dinten Soma. Tegesipun : Dinten
Rembulan.
Kala
samanten Kangjeng Susuhunan Lawu nyelani dedongènnganipun para jim, lajeng
nimbang budi kaliyan ingkang putra Kangjeng Susuhunan Kalijaga, bab pusaka.
Sangking dhawuh pangandikaning ingkang uwa, Kangjeng Susuhunan Lawu dhumateng
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :
“Hè
Jebèng, sasuwenè sira simiwi ana ngarsaningsun, apa wadinè sira ora nganggo
keris pusaka? Baya sira tinggalakè sutanira Pangèran ing Kadilangu, apa sira
ulungakè kang amengku praja? Yèn, mangkono sira ora mituhu saka dhawuh
wewekasingsun duk nguni.”
Ingkang
putra matur :
“Boten
kasukakaken sinten-sinten. Taksih kawula simpen piyambak, wonten patileman
kawula ing masjid Kadilangu, katengga jurukunci Kaji Ismangil.”
Kangjeng
Susuhunan ing Lawu angandika malih :
“Kulup,
mungguh keris kang dadi pusakanira iku, manawa ora kaonggo, becik ulihena
maringsun, yèn katinggal saenggon-enggon, durung wancinè. Besuk manawa sira wus
malandhang dhèwè, kena tinunggu ing wong jurukunci masjid.
Tegesè
: yèn sira tinggal, ing wektu iki ijèh akeh wong kang arep ngayoni kagunanira.
Nadyan wus padha mungkul, ananging durung kena kabatin, awit atining wong iku
luwih lembutè. Yèn gedhè , sasat ngebaki jagad.
Niyating
wong iku lir samudra, tanpa tepi, tanpa watesan jajaganè.
Ing
kono sira kurang prayitna, karana salugunè baè sira memaron rong prakara. Tan
kena lèna. Yèn katinggal prayitna, tiwasè mung sadhèla.
1.
Maru Ratu. Tegesè : kawengku ing Ratu iku bakal
kapurba kawisèsa. Samangsa-mangsa ana karsanè, kerisira dicidra rukun lawan
kang rumeksa. Yakti Kaji Ismangil ora wani ngukuhi.
2.
Maru kanca. Tegesè : para wali iku saikinè durung kena
dibatin karepè. Durung kena diulungi wewadi, awit wewedi iku mangkènè, Jebèng :
Panggedhènè
wali kabeh iku, yèn tata lahirè wus padha sumungkem marang sira, ana katarik
saka ratunè, utawa nyatanè dhasar kasoran kawruhè. Balik batinè, saèngga dadi
mungsuh baè.
Ing
kono, rèhning sira tansah lelana baè mangka ana kang ngrungu pusakanira, Kaji
Ismangil iku gandra pira? Upama rinuda rinupaksa, apa bisa lawan?
Marmanè
yèn padha sembada, becik ulihena marang ingsun baè. Yèn wus salin alamè para
wali kena angarepakè ing sira, pusaka jaluken manèh. Apa maningè, bokmanawa
sutanira dhèwè wanuh wani arep sumurup, rèhning pusakaning bapa. Amesti gawè
sangsara.”
Kanjeng
Susuhunan ing Kalijaga nalika di dhawuhi ingkang uwa lajeng ènget manawi
kalènan. Kula nyumanggakakè ingkang uwa, punapa wangsul mendhet piyambak,
punapa utusan duta ing ngriki. Ingkang uwa pangandikanipun makaten :
“Hè
Jebèng, manawa sira kang bali mulih dhisik nadyan sakedhèp netra bisa tumeka,
nanging ora prayoga, jalaran katara yèn sira kang ora lali Galibetè temah dadi
kira-kiraning wong akeh karana wruhanamu, ing wektu iki Sultan Demak utusan
para punggawa amundhut pusaka darbèkira keris kang tinunggu jurukunci, jalaran
Sultan Demak dibebangusi para wali, yèn sira wus asengguh mati, awit wus lawas
ora katon ana praja sarta tanpa warta ing kanyatanè yèn sira ana. Marmanè
ingsun dhèwè kang utusan mundhut pusakanira, supaya bisa ngangkat dalah
gen-engenè. Dènè kang dadi dutaningsun iya jim papat iku. Pasthi laku sandi
caraning jim, manawa weruha.”
Ingkang
putra nyumanggakaken.
Kangjeng
Susuhuna ing Lawu sigra matah duta pamungkas. Jim sakawan dhinawuhan dheteng
Kadilangu lampah sandi, amendhet gendhaga wadhah pusaka ing Kalijaga. Wineling
saliring wewadi sami sampèka sawusing sampat wewelinging Nata, tanpantara dangu
jim sakawan mangkat. Saking wukir lawu ngambah ing gegana.
Ènggaling
cariyos, jim sakawan sampun dumugi ing Kadilangu, pinuju aningali padudon. Para
wadya bala ing Demak kautus mundhut pusakanipun Sunan Lèpèn. Pangèrang
Kadilangu ngekahi. Wasana ngantos ramè arerejegan. Ramè rebat-rinebatan
gandhaga, gentos tampi-tinampènan. Pangèran ing Kadilangi, Kaji Ismangil
sakancanipun sadaya karèpotan. Gandhaga kabekta ing wadya bala Demak.
Ing
sawatawis onjotan saking Kadilangu para punggawa sadaya sami rèrèh
amasanggrahan sarta amangun suka-suka ngenting. Wantuning tiyang boten mawi
dedugi, sukanipun ngantos mendem bebungah. Para wadya punggawaning Nata sakawan
lumancang ambukak gendhaga. Sedyanipun amung badhè uninga dhapur tangguhing
dhuwung pusaka ing Kalijaga. Duk tinarik katungkulan, wadya catur mau lajeng
sami nyeplos maripatipun. Sanget aminta tulung rowangipun.
Ing
ngriku sareng dhuwung sampun manjing warangka sarta sampun kalebetaken
gendhaga, jim sakawan pisan dhateng. Tanpa pariwara lajeng nyandhak gendhaga
pinanggul. Ganti-ganti mahawan ing jumantara. Rikating jim sami sanalika dumugi
ing wukir Mahèndra, lajeng marek ing ngabyantara Nata.
Sawusing
dinangu basukining marga, jim sakawan angaturaken gendhaga sarwi umatur
cacariyosipun ing nalika wonten Kadilangu. Aturipun para jim sakawan amiwiti
ngantos amungkasi.
Narèndra
ing wukir Mahèndra miwah Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dahat pangunguning
galih. Wekasan suka anarima, lajeng dhawuh para wadya bala jim palamporan,
kinèn angudanaken usadaning kasangsayan dhateng Kadilangu. Ing antawis dinten
malih kekasih dalem jim sakawan wau lajeng kajunjung pangkat raja sakawan pisan
:
1.
Jim wungu kaparingan nama Prabu Bra Markata.
2.
Jim Biru kaparingan nama Prabu Wulangun.
3.
Jim Kuning kaparingan nama Prabu Kanaka.
4.
Jim pethak kaparingan nama Prabu Setana.
Dadaos
ratu sakawan wau tetep ratu tampingan, angrèhaken para lelembat brakasakan ing
sawewengkon ardi Lawu sadaya, punapa dènè kaanggè sesulih tedhakan saparluning
karsa-dalem. Mila manawi wonten swara kemrusuk dipun elokaken lampor, punika
boten mesthi Kanjeng Susuhunan Lawu piyambak ingkang tedhakan. Tamtunipun para
ratu sakawan wau.
Dènè
titikanipun manawi Kangjeng Susuhunan Lawu mawi obor, cahya saèngga lintang
alihan. Dènè manawi lampor mawi tulung tiyang bumi nedha obor, inggih punika
tandha para ratu sakawan wau ingkang tedhakan salah satunggal. Èwadènè wonten
paèdahipun sesarat, supados boten kandhegan kampiran lampahing brakasakan.
Saking
sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan Lawu, sami kinèn sesarat Rajah
Kalacakra, pinasang saginggiling kori, utami wonten griya. Punapa dènè manawi
kathah sesakit, ing saben surup surya kinèn sami memujia makaten :
“NIR
HYANG KALAMERTYU KUTUP”.
Utawi
griya dipun ubeti benang lawè wenang salembar. Ingkang sampun kalampahan kalis
ing sesakit salah.
Wonten
wasiyating pangandika-dalem Kangjeng Susuhunan ing Lawu, utawi sabda
pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, punapa dènè wewangsitipun para
ratuning jim sakawan wau, kacathet nalika janggan Utara, pandhita ing wukir
Semèru. Pratèlanipun makaten :
1.
Yèn wonten neneka, mawi murus utawi ising-isingen,
kajampènana sampun malahi, lajeng dipun usadanana : gendhis kalapa sarta santen
kanil. Dipun parudaken kunir saempu, cinampuran tinjanipun piyambak, amung
kadumukaken jenthih kiwa, dipun unjukaken ingkang sakit. Adat lajeng mantun. Mawi
wonten tiyang nandhang sakit warni-warni, kados ta : sakit wawratan erah umbel,
sasaminipun sakit, kaèngetana dhatenging sesakit wiwit dinten punapa.
2.
Yèn wiwit sakitipun wau dinten Akat, dipun usadani
roning sangkèt, adas polowaras.
3.
Yèn wiwit Senèn, kajampènana sarta kinonyohan roning
saruni, ugi mawi adas pulowaras.
4.
Yèn wiwit Selasa, kajampènana roning kara legi kaliyan
adas pulowaras.
5.
Yèn wiwit Rebo, kajampènana roning tundhung kaliyan
adas pulowaras.
6.
Yèn wiwit dinten Kemis, kajampènana roning waung
satekem, ugi mawi adas pulasari.
7.
Yèn wiwit Jumungah, ron kremah, adas pulasari, sami
kalawan borèhipun.
Sabtu,
godhong jambu satekem, mawi roning alang-alang satekem, adas pulasari.
Sadaya
wau wajib sami dipun èngeti, awit punika kalebet sabda.
Wonten
wimbuhipun Janggan Utara wau, manawi mangsanipun kathah sesakit punika, saben
surup surya sami wineling angobong roning tanjung, walirang, sarem, sarta
kadèdèkaken sangajenging konten. Pepujinipun wantah kèmawon :
“NYUWUN
SEGER KUWARASAN ING SALÈNIPUN ANAK PUTU KAWULA, ATAS SAKING SABDA PANGANDIKA
DALEM KANJENG SUSUHUNAN LAWU KALIH PANGESTUNIPUN KANGJENG SUSUHUNAN ING
KALIJAGA. YAHUDANYENG 3X (kaping tiga) AKADUN KUPU-AN LAHUYAKUN, WA YA LITLAM,
WA YU LATLAM, AKADULAH, SAMADULAH, KULHU KUL-LEKUL WANGSUL.”
Atasing
kawula, boten wonten awonipun angagungaken sesarat punika.
Anuju
satunggaling dinten malih Kangjeng Susuhunan Lawu paring pangandika dhateng
ingkang putra makaten :
“Jebèng,
Susuhunan Kalijaga, wruhanamu sasuwènè sira anèng kènè, praja ing Demak dalah
para wali wus umum pawartining wong, sira dèn arani mati. Marmanè nganti
kalakon anyidra patrap marang sutanira ing Kadilangu. Kang iku kulup, becikè
sira mulih marang Demak, supaya Kaki Prabu pulih susahè, lan para wali padha
kawelèh karepè baè. Bèsuk sedheng salin alaming praja, jaluken manèh.”
Ingkang
putra amangsuli atur dhumateng ingkang Uwa, “Ingsun sapunika dèrèng purun
mantuk. Taksih kasengsem dongèngipun jim sakawan, parlu kaanggè lelimbangan
rahsaning ngilmi wijining kanabèyan kaliyan wijining kadèwatan.”
Kala
samanten ingkang Uwa lajeng dhawuh dhateng para ratu sakawan pisan, kinèn
andugèkaken cariyos, sasambetipun ingkang sampun kawedharaken ing ngajeng.
Sarta dhinawuhan amèngeti Kangjeng Susuhunan Kalijaga, supados kacathet
raosipun. Dènè Kangjeng Susuhunan Lawu sampun amitadosaken ingkang putra
kèmawon.
Mila
para jim sakawan dahat leganing galih, jalaran sampun boten gadhah pakèwed
sarta pancèn tresna ningali Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Para Ratu sakawan
anggènipun imbal wacana kados ing ngandhap punika :
“Hè
anggèr Kangjeng Susuhunan Lèpèn, lega temen raosing manah kula, saged wawan
wicara kalih Jengandika, awit manawi Uwa Paduka anjenengi, kathah pakèwed kula,
jalaran saking kawon luhur. Dados wedaling wicara mawi wangwang. Trekadhang
dhompo, awit kawon prabawa. Bèda kaliyan Paduka.
Anggèr,
temenipun kula punika nadyan bangsaning jim utawi darahing Jawata, nanging
boten bèda kalih Jengandika, ugi sampun manjing agami Islam. Turun-rumurun
darah kula, ratuning jim duk janam Ngajrak ing Èyang Dèwi Kurasin, alamipun
Sayidina Kamjah, Mènak Jayèngrana ing Mekah, punika raja jim sami anut sarèngat
Nabi Ibrahim. Tamtu boten bèda ing agami karasulan. Mila sampun mawi
èwet-pakèwed Paduka gelaraken rahsaning ngilmi makripat. Dados saèngga
musawaratan, supados kumpuling pamanggih.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijga mangsuli :
“Inggih
leres sampun sami kalebet Islam, amung inggih bènten ugi menggahing agami.
Kènging dipun basakaken ANYAR-LAWAS. Nadyan sahadatipun inggih wonten kaotipun
tumraping raos.”
Para
ratuning jim lajeng sami gadhah atur makaten :
“Manawi
kapareng pun bapa mugi dipun barkahana satataning agami Karasulan, supados
saged apasahing Islam kula. Èwadènè manawi Panjenenganipun Anggèr asmu
sandèyaning galih, maiben agami kula sarèngat Nabi Ibrahim, suwawi
kapiyarsakaken kula mungel. Manawi kirang, kaleresena. Manawi dèdè agami Islam,
kula dipun kapirena..”
Wangsulanipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mrayogèkaken.
Ing
ngriku raja jim sakawan panebutipun sareng rikat, boten tumpang suh, sanyata
tan adhompo, kados ing ngandhap punika :
“Ashadu
an la ilaha illa’llahu, wa ashadu anna Ibrahimakilullah.
Tegesipun
: aneksèni ingsun, satuhunè ora ana Pangèran anging Allah, lan aneksèni ingsun,
sajatinè Kangjeng Nabi Ibrahim iku sumitraning Allah.
Anggèr,
amung punika ingkang kula èngeti. Mila manawi taksih kirang utawi lepat, anggèr
kaparenga maringi tambah jangkepipun. Manawi sampun jangkep, punapa sampun
kènging dipun anggep Islam punapa dèrèng? Pun bapa nyuwun pitedah ingkang
kènging kula angge pusaka salami kula gesang.”
Wangsulanipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga :
“Inggih,
temen punika sahadad agami Islamipun duk Kangjeng Nabi Ibrahim. Dumugining
sapunika Islam Mubham, awit sampun katumpangan agaminipun Kanjeng Nabi Muhkamad
rasulullah, inggih punika Nabi sinelir. Mila sanadyan sampun sami Islam,
nanging boten maning. Èwadènè rèhning Jengandika kedah kepèngin tunggil ing
agami, kula ugi boten badhè selak. Suwawi para ratu, kula aturi sesuci
rumiyin.”
Para
nata sakawan pisan miturut, lajeng sesuci. Sasampuning amèt banyu kadas, sigra
sareng dènya dedupa. Kangjeng Susuhunan Kalijaga awewarah makaten :
“Hè
para ratu sakawan, sajatosipun agami Islam punika inggih witing agami
karasulan. Tebiyating sarèngatipun inggih nunggil misak kèmawon. Wewedharaning
sahadad makaten :
ASHADU
AN LA ILAHA ILLALLAH, WA ASHADU ANNA MUHKAMADAN RASULULLAH.
Tegesipun
: sami naksi ing Datullah. Aneksèni ingsun, satuhunè ora ana Pangèran anging
Allah, lan aneksèni ingsun, sejatine Kangjeng Nabi Muhkamad iku rahsaning Allah.
Sarèngatipun
kedah anglampahi ngibadah sembahyang gangsal wektu ing dalem sadinten sadalu.
Bakal-karamipun sami kèmawon. Amung kaot atasing sesebutan. Kangjeng Nabi
Ibrahim punika kaaken rahsaning Allah utawi dutaning Allah, punapa dènè rinilan
amengku panetepan nata agami Islam sajagad pramudita. Winenangaken jumeneng
Kalipatullahi.
Tegesipun
: wewakiling Allah, rinilan amengku cahya tigang prakawis :
1.
Cahyaning wahyu Nubuwah. Tegesipun : wahyu cahyaning
karaton.
2.
Rinilan amengku wahyu Kukumah. Tegesipun : wahyuning
pangadilan leres.
3.
Wahyuning Wiliyah. Tegesipun : rinilan amengku
wahyaning wahyu Kuwalèyan, tur sampun nama pinunjul ing para wali sadaya. Yekti
boten wonten ingkang saged anyamèni.”
Raka
sakawan matur malih dhateng Kangjeng Sunan Kalijaga, “Anggèr, menggah bèdaning
wewejangan kaliyan sahadad jati punapa?”
Kangjeng
Susuhunan mangsuli.
“Bèdanipun
angengkoki asmaning Pangèran. Sahadad jati punika amung taksih sumèndhè.”
Para
raja sakawan lajeng nembah sumungkem ing pada, sarwi rawat waspa makaten
aturipun :
“Anggèr
pepundhèn kula ing dunya ngakir, bok kaparenga pun patik angraub suku, saking
kedah-kumedah kawula angsala barkah Paduka. Karana satuhunipun kawula punika
mituhu wasitanipun Dèwi Rukamawati, inggih punika widadari ngèjawantah,
manjalma wonten ing wana Kardhayana. Kawula saksadhèrèk sakawan punika sami
nyuwun pitedah ingkang kènging kula suwitani lair-batin. Wasana tinedhahaken
uwa Paduka, pasuwitan lair. Atasè tunggil wangsa, pasuwitan batin dumunung
wonten Paduka.
Mila
pareng boten kapareng pun bapa nyuwun suwita, pasrah ing pejah gesang kawula,
sumangga Panjenengan Paduka, anggèr. Dènè pun bapa ugi badhè ngaturaken ing
sasaged-saged kawula, anggeripun bangsa seserepanipun para Jawata
sapiturutipun.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga angandika :
“Inggih
prayogi, manawi paman dhasar sami mantep ing tèkat. Yakti boten wonten
prabèdanipun kula kalih Jengandika. Senadyan kutu-kutu wong alang ataga, inggih
boten kula sèlaki. Mila paman samengkè kula ajak mahas ing asepi.
Tegesipun
: daweg angiwa panggènan ingkang kiwa, ingkang sepi samun.”
Raja
sakawan lajeng umiring dhateng sukuning wukir Mahèndra, iring kidul wètan.
Wonten ing ngriku Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng angagem cara kaji.
Mawi sarban wulung, jubah wulung, nyamping wulung. Agemipun teken cis
katancepaken, dipun angge lelendhèyan. Ngantos dangu boten angandika, karana
Kangjeng Susuhunan aneges parengipun Pangèran.
Mila
sareng sampun amratandhani kapareng, Sang Manekung lajeng angandika, nimbali
raja sakawan :
“Paman,
para ratuning jim, tampanana anggoningsun amijèni marang sira. Mangkènè :
Sajatinè
ora ana apa apa-apa, awit duk maksih awang-uwung, durung ana apa-apa. Kang ana
dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangèran anging Ingsun.
Dat
kang anglimputi ing sipatingsun, anartani ing asmaningsun, mratandhani ing
apngalingsun.
Iya
Ingsun kang wenang amurba amisèsa ing umatingsun kabèh, kang abangsa rohilapi,
kang abangsa roh kèwani, sapanunggalanè kang gumelar ing alam kabèh iku
pakartiningsun.
Padha
sanalika byar, gumelar padhang terawangan. Ora ana apa-apa. Dadi
saciptaningsun. Teka sasedyaningsun. Ana sakajatingsun, kalawan ing
kudratingsun.
Ing
kono wus kanyataan pakartining wewenangingsun.
Kang
dhingin Ingsun anitahakè Kayun Belaraukin, iya iku kang sumarambah sagung
dumadi ing alam dunya, kang aurip tanpa roh, gumelarè kabèh kang abangsa
kekayon sapanunggalanè.
Kaping
pindho, Ingsun anitahakè Kayun Pitarèni, iya iku sakathahing dumadi kang asipat
roh. Ing kono wus kanyathahing dumadi kang asipat roh. Ing kono kanyatahan
padha katitipan ing rohingsun.
Ing
kono rahsaningsun padha nyakramanggilingan, tetep-tinetepan,
panjing-pinanjingan, awit nèlakakè yèn Kawula iku isbat. Dadi kalawan kumpuling
telung prakara, saka : adhèm, panas, angin. Iya iku sajatining surya, rembulan,
lintang.
Telung
prakara iku kawasa mahanani marang bumi-langit sap pitu. Dènè kang tumitah dadi
manungsa iku uga saka telung prakara. Bareng wus cumithak ing bumi, temah ana
sesebutanè manèh. Diarani anasir patang prakara : saka sarining bumi, sarining
geni, sarining angin, sarining banyu. Dadi sawiji, kasamadan saka Datè dhèwè.
Dènè kang dadi jim, sètan brakasakan sapanunggalanè iku abangsa lelembut :
1.
Kang asipat jim abang iku asale saka nepsu.
2.
Kang asipat jim biru iku bangsa ireng. Iku asalè saka
sungkawa.
3.
Kang asipat jim kuning iku asalè saka ngumbar budi
pepènginan.
4.
Jim putih iku asalè saka lali.
Mula
patang prakara iku pagolongan alam panasaran. Yèn manungsa kang wus pasah
ciptanè, wus dadi ngilmunè, ora karep kaya sira iku kabèh.
Pamorè
patang prakara iku muhung saka kudrating Datingsun.
Ing
kono sarupaning panasaran amung narukrama bisanè. Ananè iya uga mung nunggal
saka wisuna baè ing dalem sakaratil maot mangkènè :
1.
Kang dhingin, manawa ana manungsa kang wus tinekakakè
janjinè, lamun durung dadi ngilmunè, ing dalem sakaratil maot ilang bungahè,
kari susahè. Temah nuwuhakè cahya ireng, iya iku bangsanè jim ireng.
2.
Kaping pindho, andulu cahya abang, awit metu nepsunè.
Iya iku kang dadi jim abang. Wekasaning sasar, nunggal sato kewan.
3.
Kaping telu, cahya kuning. Iya iku kang dadi jim
kuning, awit kari ngarpakè pepingananè, karana larating bebayu sapanunggalanè.
Tumanjaning panasaran dadi pitik iwèn miwah bangsanè iber-iberan iku kabèh.
4.
Kaping pat, cahya putih, iya iku kadadèanè jim putih,
awit ing alam panasaran ambarengi larating sungsum, bakal ambawur lakuning roh.
Mulanè tancebing tèkat pasthi korut marang alaming ataga. Tegesè : dadi beburon
banyu sapanunggalanè.
Patang
prakara iku ana aranè dhèwè-dhèwè, tumuwuh saka manungsa kabèh.
1.
Kang ireng iku diarani cahyaning nepsu LUAMAH. Marmanè
bagèanè jim ireng kang wenang agawè goragodha.
2.
Kang abang, iya iku cahyaning cahya abang, saka nepsu
AMARAH. Mulanè jim abang kang darbè bubuhan anggodha.
3.
Kang cahya kuning iku cahyaning nepsu SUPIYAH,
wahananing sedya kangdadi jim kuning.
4.
Kang cahya putih diarani cahyaning nepsu MUTMAINAH,
wahananè dadi jim putih. Iya iku kahananing alam panasaran kabèh.
Marmanè
yèn manungsa kang wus ambaotos ngilmunè, ora temu-tinemu prakara patang
prakara, karana wus bangkit amibirat pakarti kang dudu, wus weruh marang
panggawè kang sasar. Awit wus ora darbè uwas sumelang.
Jalaran
witing ana alam panasaran kabèh mau iya saka kareping tèkadè dhèwè, awit
nganggo kadunungan uwas sumelang. Iya iku anggon-anggonè wong kang durung antuk
pitutur.
Mangka
sadajatinè wus kasebut ing kitab-kitab. Salugunè kang aran TUWA iku : atinè,
titi patitis panggayuhè. Ora jedhok barang kang sinedya.”
Telas
pangandikaning wewedharan. Para ratu duk umiyat cahyane Kangjeng Susuhunan
Kalijaga, dahat sukaning galih. Aturipun makaten :
“Dhuh
anggèr, pepundhèn kula, pun bapa kumedah atur tetanya. Salami kula gesang
punika, kula rumos kalindhih soroting cahya ngulama. Mangka pakartining jim
punika boten wonten ingkang nyamèni. Mila pun bapa nyuwun pitedah, cahya punapa
ingkang nglimputi Paduka?
Pangandikanipun
makaten :
“He
paman, wruhanamu iya iki kang dèn arani cahya NUBUWAH, iya kang dadi
panengeraning karaton Jawa. Watekè, sing sapa katitipan cahyaning wahyu NUBUWAH
iku bisa jumeneng ratu Tanah Jawa.”
Sasampuning
makaten, sasirnaning cahya maya-maya, gumilang-gilang tanpa wewayangan, lajeng
santun paningaling para jim sakawan. Sami andulu cahya mancur, mancorong sasada
lanang, ngadeg ing papasunipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Para jim angandhika
malih, sarwi matur tetanya :
“Dhuh
sang pinundhi, punika katingal cahya mancur, mancorong sasada lanang. Prabaning
cahya anelahi, nglimputi sapramudita. Kawula rumaos kalindhih malih. Mila pun
bapa nyuwun pitedah, kasiyatipun punapa?”
Kangjeng
Susuhunan Kalijaga amangsuli :
“Iya
iki kang ingaranan cahya KUKUMAH. Watekè kawasa agawè tama, temen, adil
paramarta marang sagung dumadi. Sing sapa kanggonan, winenang angadili nagara.”
Sasirnaning
cahya sasada lanang, lajeng santun pandulu. Para jim aningali cahya maya-maya
ijem amuyek. Mila tetaken malih :
“Kados
pundi kasiyating cahya wilis punika?”
Kangjeng
Susuhunan mangsuli pangandika :
“Wruhanmu,
iya iku kang ingaran cahya WALIYAH. Watekè jumeneng waliyullah gaib.
Tegesè
gaib iku : èlok. Kang èlok iku sipatè. Dènè ora lanang, ora wadon, dudu wandu.
Mesthi ananè, mokal oranè.”
Ing
nalika punika para jim sakawan wau duk miyarsa pangandikanipun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga lajeng sami rawat waspa. Sarwi matur karuna amelas arsa.
“Dhuh
anggèr, pangidhepan kula, mugi pun paman dipun cangkinga ing kahanan jati.
Sanadyan dados endheg-endheging amun-amun, manawi Paduka ingkang bekta, sampun
narimah, sarta sampun rumaos lebur ing sadosa-dosa kawula. Èwadènè kadi pundi
karsanipun putra kula, pun bapa amung andhèrèk kèmawon.”
Kangejng
Susuhunan ing Kalijaga ngandika :
“Hè
paman, mungguh pamintanira supaya ingsun anglebura saka asalira dhèwè-dhèwè,
ingsun iya bisa akarya dedalan kang bisa nunggal lawan manungsa. Angger sira
manut sarta trima, pasthi sarira milu nikmat, tunggal lawan kahananingsun.
1.
Raja Bramarkata, tumacepa cipta sawiji lawan arinira
si paman jim biru.
2.
Jim biru sumarambaha cipta sawiji lawan kahananing
arinira, paman jim kuning.
3.
Si paman jim kuning nunggala cipta lawan jim putih.
4.
Paman jim putih, yèn wus ngumpul dadi sawiji, nuli
ingsun kukut dadi sawiji, tunggal lawan cahyaningsun kang metu saka ing
pramana, dadi wahananing cahya pancadriyaningsun, saka ing kudratingsun.
Kala
samanten jim catur sampun saèngga rasa, gumilang-gilang dados satunggal.
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga sigra angracut pangawasaning jati wisèsa
makaten :
“Ingsun
amusthi jati wisèsaningsun dhèwè. Wahyaning cahya patang prakara ingsun racut
dadi sawiji, katarik saka wewenanging Kajat jatiwisèsaningsun, saka ing
kudratingsun.”
Kala
samanten para ratu jim sampun manjing dhateng Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga,
ananging amung dumunung dados wimbuhing cahya pramana kèmawon, sarta amimbuhi
pangawas, tuwin kènging dipun anggè rowang. Saupami kabentus ing awang-awang,
kasandhung ing warata, jim sakawan pisan taksih mahanani kasubdibyan.
Tegesipun
: manawi dipun pesu taksih saged medal dados rowang. Mila Kangjeng Susuhunan
ing Kalijaga saya wimbuh kaluwihanipun. Saupami karsa matek pangawasa, saged
warni sadasa.
Ingkang
satunggal pramanajati, ingkang sakawan jim. Warni sampun saengga Kangjeng
Susuhunan Kalijaga.
Dènè
ingkang gangsal, kadangipun piyambak. Ugi saged warni nunggil Ingkang Sinuhun.
Makaten malih Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wiwit kawimbuhan wewenangipun
para jim. Sampun boten sedya katingal kaliyan sipating janma balaka.
Sareng
sampun kacakup ing guna kasaktènipun, Kangjeng Susuhunan lajeng sowan ingkang
uwa. Kangjeng Susuhunan Lawu kagyat ing galih, lajeng tetanya :
“È
jebèng, ana pangunguning tyasingsun marang sira, dènè wimbuh mancur
mancoronging cahyanira, ora kaya adatè.”
Ingkang
putra matur sababipun. Para jim ratu sakawan aturipun amiwiti amekasi. Ingkang
uwa duk miyarsa dahat sukaning galih. Malah lajeng aparing wimbuhan manik kumala
retna, pinasang sanginggiling pepasu. Pangandikanipun ingkang uwa makaten :
“Kulup,
iki kumala retna, ingsun paringakè marang sira, dadia kekembanging warna
sucahya. Iya iku susuk ingsun pasang sandhuwuring pepasunira. Watekè, sira bisa
nampani caturing lelembut brakasakan, sarta sira kinadarakè kacèk sasamining
urip. Ing kono aja nganti ngaton dhingin, karana sira wus dibayawarakakè
ngakèh, padha angarani mati, ananging aja nganti cidra wancinè, aja bèda
tekaning lara tutuging pati. Dènè ing dalem sapanggonan, aja nganti katarecet
pasang semunira.
Lawan
ingsun amemarah marang sira, kulup, manawa ana pakèwuhing budinira, banjur
ngusapa bebathukmu kaping telu. Èpèk-èpèk karo kausapena ing bathukmu
mandhuwur, wiwit ing nètranira. Ing kono
wus dadi ila-ila, yèn kapetengan ati, asring pinarengakè padhang atinè. Yèn ana
karepira kang anawa lali, asring pinaringan èling. Mula sarana iku waratakna
marang sarupaning anak-putunira miwah para kawulanira kabèh, padha anggoa
kupiya sesarat angusapi bathuk kaping telu.
Sing
sapa peteng atinè, padhang. Sing sapa kalalèn, èling.
Lawan
maningè kulup, supaya awèting lelakon, tulusing panganggonira iku, sira aja
nganti dhahar roning kèlor utawa ketèla gantung. Karo aja wani-wani mangan
bangsa eri. Watakè angudhari kekeran kung sinengker.
Apadènè
sira ambabarena ukara kang èlok-èlok. Kaya upamanè sira ajejagongan lawan para
luhur utawa para ahli ngilmu, nganggo atatarèna lawan kang ajaga rumeksa ing
jasatira. Kang sira. Kang sira ajak tetarèn sakajatira iku aja liya pamanira jim
papat ingkang ingkang nunggal lawan cahya pramana. Utamanè kadangira papat lima
pancèr.
Èwadènè
manawa sira arep andadar kadibyaning kumala retna, bisa anekakakè sarupaning
lelembut, brakasakan apadènè jim liya-loyanè, pèjèten susukira kumala retna, sarya
angundang apa karepira ing satuhunè ana swara kang andadèkakè kaèlokan.”
Ingkang
putra lajeng nyatakaken pangandika makaten :
“Hèh
paman raja catur, padha nutugena dedongènganira ing nguni.”
Sakala
lajeng carita :
“Taksih
salebeting tau Suryasangkala, taun Jawata dipun wastani WAKDANIYA, angka 386,
kaètang ing taun Candrasangkala 397, taksih amarengi mangsa Kartika.
Andumugèkaken
cariyos dedongèngan ing ngajeng, anuju dalu, Brahmana Raddhi antuk sipta
sasmita wewangsitaning Jawata, anyarengi tumuruning lintang anggara. Kados
makaten ujaring wangsit : HÈ SEWARITAYÈSOGATA, TAMBANGGANA URA.
Tegesipun
: sakabat kècalan guru, nemahi pancabangkah, dados ura.
Brahmana
Raddhi rumaos gènipun wonten madyapada, ing Suralaya, swarga, sami sulaya.
Ènjingipun amemulya gangsa. Kang dèn memulya latu. Sarta dinten punika dipun
wastani dinten ANGGARA. Tegesipun : dinten latu. Dumugi ing mangkè dipun
wastani dinten Selasa.
Dalunipun
malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Buddha, angsung wangsit sipta sasmita
makaten : SAKATHANIRA DARUKI PANGIRA DALAYUN.
Tegesipun
: pedhati tanpa kusir, pangiridè salèwèngan.
Brahamana
Raddhi rumaos, salaminipun wonten madyapada, lampahing surya èwah-èwah.
Èjingipun amemulya tosan. Kang dèn memulya bumi, sarta dinten punika dipun
wastani dinten BUDDHA, tegesipun : dinten bumi. Saminipun ing jaman mangke
dinten Arbo (Rebo).
Daluning
malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Wrahaspati, asung wangsit sipta sasmita
makaten : MAMINGKARÈ NGADIKARA DADYA TUNA.
Tegesipun
: Tiyang nilar pandamelan perlu, punika dados margining katunan.
Brahmana
Raddhi rumaos, anggènipun nilar kuwajiban tan pakantuk. Ènjingipun memulya
parungka dipun wastani dinten Wrahaspati. Tegesipun : dinten gelas, inggih
dinten Kamis.
Dalunipun
malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Sukra, angsung wangsit sipta sasmita
makaten : INTEN TINUTI JUGA YA MURKKAMA DURHYAKA.
Tegesipun
: Anuruti karsa punika ugi murka, ugi nemahi duraka.
Brahmana
Raddhi rumaos, salaminipun wonten madyapada, kasebut murka. Ènjingipun memulya
dembaga. Kang dèn memulya toya. Sarto dinten punika kawastanan dinten SUKRA.
Tegesipun : dinten jawah. Saminipun ing mangkè : dinten Jumungah (Jumat).
Dalunipun
malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Saniscara, angsung wangsit sipta
sasmita makaten : SAMADI MASA LAYA NOPA LAKSANA.
Tegesipun
: Asemados mangsanipun dumugi jangji, tetep kalampahan.
Brahmana
Raddhi rumaos, kala rumuhun aprajangji, anggènipun tumurun ing madyapada amung
satus taun. Brahmana Raddhi semu mèrang.
Ènjingipun
memulya timah. Kang dèn memulya angin. Sarta dinten punika dipun wastani dinten
SANISCARA. Tegesipun : dinten angin. Saminipun ing mangke dinten Saptu (Sabtu).
Sasampuning
jangkep pitung, Brahmana Raddhi matur ing Prabu Sèlacala, katuran ngagem saha
nglimrahaken dinten pitu wau, nanging karangkepan pekenan gangsal, kangge
dumugi sapunika, kalebet pulo Bali, Madura.
Nunten
Brahmana Raddhi muksa, dados Sang Hyang Surya malih. Prabu Sèlacala langkung
sungkawa, dènè katilar gurunipun.
Babaripun
cariyos SERAT MAHARAJA kapèrang dados gangsal lampahan.
Pèrangan
I nama SERAT DYITAYANA, kaangit dèning EMPU RAGARANA, ing Mamenang.
Panganggitipun
nalika taun Suryasangkala 853, taun Candrasangkala 879.
Wiyosipun,
menggah ingkang dados bebuka rumiyin, dèrèng ngucapaken babaripun SERAT
DYITAYANA, margi taksih angayuh panunggilanipun cariyos SERAT SUMANTAKA,
lampahanipun Rsei Satmaka, Sang Hyang Wisnu anggènipun dados dhukun, tuwin
lampahanipun Prabu Silacala, kados ing ngandhap punika :
Salebeting
taun Wijaya, ètanging taun Suryasangkala 401, tinengeran : JANMA ANGRUSAK
PAKARTI. Kaètang ing taun Candrasangkala 413, tinengeran : GUNANING WONG DADI
BARAKAN.
Amarengi
mangsa Kartika, kacariyos Prabu Silacala anuju lenggah akaliyan garwanipun,
kinèn amètani.
Dèwi
Sinta waspada, mustakanipun Prabu Silacala buthak. Dèwi Sinta matur mula
bukanipun, Prabu Silacala prasaja. Timuripun kathuthuk ènthong ibunipun, Dèwi
Basundari, lajeng kèsah dumugi jumeneng Nata ing Gilingwesi. Ing ngriku Dèwi
Sinta amidhanget cariyosipun Prabu Silacala, angungun sarta ènget wewèntèhan,
nalika kèsahipun ingkang putra Radèn Wudhug, inggih Radèn Raditè, amargi
kathuthuk ing ngèthong.
Dèwi
Sinta nggarjita boten samar bilih Prabu Silacala punika putranipun pambajeng
piyambak. Dèwi Sinta kaduhung lajeng matur dhatenf Prabu Silacala.
“Pukulun,
Panjenengan Paduka punika saèstu tresna dhateng kawula.?”
Prabu
Silacala anon, lajeng wungu, garwa pinondhong. Prabu Silacala angandika :
“Dununging
sihingsun tan liya amung sira. Pagènè sira maksih sandèya?”
Aturipun
Sang Dèwi Sinta makaten :
“Pukulun,
manawi Paduka saèstu tresna, kalilanana kawula boten nembah ing Paduka, sarta
manawi wonten ngoko kawula, kaaksama. Utawi dinten punika mugi sampun
kakarsakaken among rarasing asmara turida, karanten kawula badhè lelampah
tapabrata, laminipun sakatarima kawula dhateng Sang Hyang Jagatkarana.”
Duk
ing wau Dèwi Sinta kaudhunaken saking pondhongan, angarasi putranipun, Radèn
Radèya, sarwi arawat waspa. Aturipun:
“Pukulun,
putra Paduka Radèn Radèya kaparingana peparab Radèn Sindhula. Tegesipun : kama
salah.”
Dèwi
Sinta dhateng pamelengan, anuwun sudanipun ing sih Prabu Silacala.
Salebeting
taun Jaywana, ètanging tau Suryasangkala 402, tinengeran : NEMBAH MESAT WAHANA
SIRNA. Kaètang ing taun Cadrasangkala 414, tinengeran : pakartining janma warna
muksa.
Dèwi
Sinta kinèn wudhar ing tapabrata. Dèwi Sinta amangsuli, “Pukulun, dununging
tresna punika rila.”
Pangandikanipun Prabu Silacala, “Apa karepira,
yayi? Jarwaa.”
“Pukulun,
sayektinipun kawula kapèncut darbè maru widadari kasapta ing Suralaya, supados
kasusra mewah kaluhuran Paduka.”
Prabu
Silacala anyagahi.
Prabu
Silacala miyos, animbali kang rayi, Patih Arya Suwèlacala kaliyan Brahmana
Suktikna. Prabu Silacala andhawuhaken, krama widadari kasapta ing Suralaya.
Aturipun Brahmana Suktikna :
“Pukulun,
karsa ingkang makaten wau kedah linampahan tapabrata, binujung ing darmastuti,
jinemparing ing cipta pranawa, winawas ing panalangsa. Lepasipun boten pegat
aminta aksama. Manawi patitis kang cinipta, saèstu dados. Kang sinedya wonten,
kang kinarsan dhateng.”
Pangandikanipun
Prabu Silacala :
“Hè
Brahmana Suktikna, dalan mangkono iku luwih runggut.”
Arya
Suwèlacala matur, “Pukulun, runggut punika pambabatipun kalayan sengkut. Jangji
taberi, lami-lami saged sakapti.”
PrabuSilacala
linggar, tedhak ing patamanan.
Salebeting
taun Tambi, ètanging taun Suryasangkala 406, tinengeran : ANGGANA MUKSANING YOGA, kaètang ing taun
Candrasangkala 418, tinengeran : ANGESTHI TUNGGAL PAKARTI.
Amarengi
mangsa Kartika, kacariyos Bathara Laksmana, Bathara Satyawaka, Bathara Srita,
Panyarikan, tumurun dhateng Kayuwan, sowan ing Rsi Satmata, Sang Hyang Wisnu,
umatur :
“Pukulun,
kang satuhu Sang Hyang Wisnu ingkang mulya, ratu-ratuning swarga, ingkang boten
pegat angayomi titahing Hyang Wisèsa ingkang tumuwuh ing jagad. Kawula kumedah
umanggahi karsa, anggèn Paduka anglampahi dados dhukun. Saking pamanah kawula,
badh anenungkul panalangsa, awit pangrapuning deduka punika sarana mawi
anenuwun pangaksama.”
Resi
Satmata, nadyan sampun amumpuni guna kasantikan sarta ingkang sampun boten
kasamaran, sareng amidhanget aturipun ingkang rayi tetiga, anuwuhaken raosing
galih. Pangandikanipun makaten :
“Dhuh
yayi kabèh, tuturira iku teka bener, nanging rèhning ingsun wus kasura, paran
baya goningsun anyinggahi?”
Patakoning
wong, “Dhuh Pukulun, manawi makaten, wontena karsa Paduka angalih padhepokan,
ingkang ragi tebih saking ngriki.”
Pangandikanipun
Resi satmata, Yèn mangkono, payo yayi padha maring pucaking wukir Candrageni,
Marapi, ngiras amemuja nuwun pangaksama, karana wukir iku enggon katarimaning
memuja.”
Bathara
tiga mangayubagya, andhèrèk mangkat.
Salebeting
taun Wikari, ètanging taun Suryasengkala 407, tinengeran : RESI MUKSA WARNA
SUNYA, kaètang ing taun Candrasengkala 419, tinengeran : GAPURA TUNGGAL WAHANA
SIRNA.
Amarengi
mangsa Pusa, kacariyos Sang Hyang Kala anitis dhateng Prabu Silacala. Sanalika
Prabu Silacala kagungan galih angkara murka. Paribasan GAJAH ELAR MIYOS SAKING
PAHOMAN. Andhawuhaken badhè nyalirani piyambak nglurug dhateng Suralaya. Patih
Arya Suwèlacala sandika, nanging ing batos angemu sungkawa. Mambeng sampun
boten kapadhan.
Ing
ngriku Bengawan Buddha, Bagawan Sukra, midhanget pawartos, Prabu Silacala arsa
mbedhah Suralaya.
Bagawan
kalih makidhupuh ngarsanè Prabu Silacala, umatur :
“Pukulun
kang binathara ing jagad, karsa Paduka ambedhah Suralaya, kados kirang mengsah.
Ila-ila punapa ingkang pinanggih? Punapa ingkang kaajap, dènè memengsahan
pepundhèn? Bebaya punapa ingkang pinanggih? Boten wandè badhè tampi sapu
dhendhaning Dèwa.
Dhuh
Pukulun, samukawis pratingkah kedah dipun angkah-angkah. Manawi boten makaten
badhè kasebut TIYANG INA, dènè kaduk purun kirang dedugi.”
Prabu
Silacala sampun korup ing pangirupanipun hawa murka. Murang ing
pangèrang-èrang, boten pasah ing pangampah. Dados pasrah sumèndhè ing titah.
Bagawan kalih wau sami mundur dhateng ing Ngandong Dhadhapan, ing Gadhing
Mawukir. Patih Suwèlacala kaliyan Brahmana Sutikna tinanggenah tengga praja.
Boten kacariyos wonten ing margi.
Salebeting
taun Sarwari, ètanging taun Suryasangkala 408, tenengeran : MANGGALA BARAKAN
DADI, kaètang ing taun Candrasangkala 420, tinengeran : BARAKAN KEMBAR WARNA.
Amarengengi
mangsa Padrawana, Bathara Guru kacariyos tumedhak dhateng Suralaya, paring wangsit dhateng Sang Hyang
Endra. Pangandikanipun makaten :
“Kaki
Prabu Surapati, ing mengko wus mangsanè si Silacala teka ing apes. Wus
kapanjingan budi angkara murka, nanging kang kawasa nglawani mung Resi kang
mangun tapa ana ing Wukir Candrageni. Iku kinonen mapag perangè si Silacala.
Manawa sanggem, sun apura sadosanè.”
Sang
Hyang Naraddha anambungi :
“È
Kaki Prabu Surapati, sajatinè kang tapa ana pucaking Wukir Candrageni, arinira
si Wisnu. Ingsun dhèwè baè kang nimbali. Manawa kurang piandelè, temah
lenggana.”
Sang
Hyang Èndra nembah, rumojong ing karsa. Sang Hyang Naraddha mesat. Sarawuhipun
lajeng rinangkul, sarwi winangsit ingkang dados timbalanipun Sang Hyang Jagadnata.
Resi Satmata matur sandika, nanging badhè wewartos dhateng garwanipun ing
Ringinsapta.
Sang
Hyang Naraddha anglilani, lajeng wangsul ing Kahyangan.
Resi
Satmata anyipta titihan sembrani, katitihan kadangipun tetiga : Barhara
Laksmana, Bathara Satyawaka, Batara Srita, sakawan Resi Satmata.
Kuda
sembrani mesat angambara. Dumugi padhèpokan ing Ringinsapta sami anyèluman,
awit badhè angawasaken sasolahing garwa, Dèwi Sri Yuwati kaadhep ingkang putra,
Radèn Srigati.
Pangandikanipun
Resi Satmata :
“O
jiwa ulun rari menak tambek nala nityasira.”
Tegesipun
: “Dhuh nyawaningsun, yayi, teka ing tansah ing kapainak ing tyasira.”
Dèwi
Sriyuwati boten samar pangandikanipun ingkang raka, umatur makaten :
“Dhunan
kyindung nirta, nglening manih anggenupaka karti tala.”
Tegesipun
: “Dhuh Pangèran kula, angicalna sengkelipun ing cèthi Paduka kados siti lebu.”
Nunten
Radèn Srigati umatur, “Sinten lawanan Paduka angandika punika?”
Radèn
Srigati nuwun sumerep. Resi Satmata andangu, “Iku yayi sapa?”
Dèwi
Sriyuwati umatur :
“Pukulun,
punika putra Paduka pun Srigati rumuhun. Kala Paduka tilar ing Lokadhaya taksih
jabang.”
Nunten
Resi Satmata ngatingal, dalah ingkang rayi tetiga. Dèwi Sriyuwati tuwi Radèn
Srigati lajeng ngestu pada. Dèwi Sriyuwati umatur :
“Pukulun,
sinten ingkang sami andhèrèk paduka punika?”
Resi
Satmata angandika :
“Iku
kadangingsun kaprenah ipè telu pisan. Kang sawiji aran Bathara Laksmana, arinè
garwaningsun Dèwi Srilaksmita. Sawiji aran Bathara Satyawaka, arinè
garwaningsun Dèwi Setyawama. Sawiji aran Bathara Srita, panyarikan, arinè
garwaningsun Dèwi Sriyati.”
Dèwi
Sriyuwati umatur :
“Pinten
kathahipun garwa Paduka, Pukulun?”
Resi
Satmata angandika :
“Garwaningsun
lelima, nenem sira iki.”
“Pukulun,
saweg sekawan kawula.”
Resi
Satmata mangsuli :
“Bakyunè
garwaningsun Dèwi Srilaksmita, aran Dèwi Srilaksmi, padha putranè Sang Hyang
Rasi Wiksmaka, patutan sawiji muksa, anuksma sajroning bumi. Ujarè, ing tembè
bakal dadi garwaningsun manèh, putranè Sang Hyang Resi Satyaka, aran Dèwi Sri
Satyawana. Nuli krama maneh putranè Sang Hyang Resi Surèngrana, aranè Dèwi
Sriyati. Arinè Dèwi Sriyati kang antuk Bathara Laksmana iki. Dadi garwaningsun
lelima pisan mau padha wayahè Sang Hyang Pancaresi.”
Dèwi
Sriyuwati umatur :
“Pukulun,
menggah kang bok gangsal wau, sinten ingkang sampun patutan?”
Resi
Satmata ngandika,
“Yayi,
lelima pisan wus padha patutan, nanging padha dadi Dèwi. Kang wadon dadi
widadari.”
Wijangsamanipun.
Dèwi Sriyuwati nolèh kang putra, “Kulup, Radèn Srigati andheku. Dèwi Sriyuwati
umatur malih, “Pukulun, sadangunipun linggar saking waringinsapta wonten
pundi”?
Resi
Satmata ngandika :
“Dadi
dhukun, yayu.”
“Kados
pundi, Pukulun?”
“Ana
wong aran Buyut Gopa ing dèsa Sèwu, anakè lanang aran Pastima, lara kalenglengan,
kena kemayan gonè anglangkahi rajabrana kang kapendhem, tinengeran watu tampir.
Ingsun kon jukuk, bakal dadi kamulyanè. Si Pastima disabetana sapu kawat, sapu
gerang, diborèhana trasi winor kukusing cangkring, godhong legundhi putih lan
tungtungè atinè diusapana lenggoning winong, godhong karamèan, godhong giyanti,
angemuta babakan turi, rinemus winor lan marica sulahsih.
Nètrane
dipupuhi kumkuman larah larah kawak, winoran godhong pèpè, lan matanè lempuyang
sayodè sarta legoning walesah.
Irungè
diusapana godhong gandarasa keling, lagundhi oyoding silungu.
Kuping
dipupuhana telèking pitik abang, sininjong lan daringo benglè, winora mataning
jaè walang watu lumut watu, laler wilis.
Yèn
wis sun kon mindhang antelung pitik ireng sakelarè, anjupuka banyunè aja kongsi
obah, winorana enjet lan pucuking alang-alang, godhong daringo, bawang putih,
uyah windhahan bathok bolu, karaupna ing raine.
Iki
mantranè :
SANG
KALA DURGA, KITANGGURUANGKU, SANG GOLANG-GALING, WEHEN PALARANGKU, KITA AMAKNA,
TEKENG OSADANGKU, PANIRANAPA, MANTANA SAWUNGKU.
Sawusè
mangkenè, yayi, Buyut Gopa mulih, anamakakè. Balinè manè wus sugih rajabrana,
malah puruita pisan. Ingsun uga mituruti. Pastima uga wus waras.
Salebetipun
taun Manmata, ètanging taun Suryasangkala 403, tinengeran : GUNA TANPA DADI,
kaètang ing taun Candrasangkala 415, tinengeran : WISAYA NUNGGAL WARNA.
Amarengi
ing mangsa Sitra, kacariyos tiyang dhusun Mandira, wasta Paniwaka, dhateng ing
Kayuwan, matur gadhah pangangkah dhateng èstri nama Kèn Wresti, sutaning Umbul
Warsaya, inggih umbulipun dhusun Mandira. Rèhning tiyang alit, gadhah
pangangkah dhateng bendaranipun, anenuwun sagedipun kènging. Pangandikanipun
Resi Satmata, “È Paniwaka, sira mancinga. Yèn antuk mina, aturna Umbulira.”
Sandika,
mangkat. Boten dangu Umbul Warsaya dhateng, matur gadhah kajeng pawèstri,
wastra Rantam. Punika lenggana, boten kongkih saking pamrih, botena saking
warna.
Dèrèng
ngantos dangu pun Puniwaka dhateng ambopong mina. Resi Satmata angandika :
“Hè
Paniwaka, iku iwak dhuyung, akèh kang katut iku, saka katètèsan ilunè, karana
mina iku saben kaentas ing samudra, kaya karuna. Kayu watu kang katètèsan
banjur manut. È, Paniwaka, minamu lilakna marang Umbul Warsaya. Hè Warsaya,
iluning mina iku tadhahana, woren lan lenganè, nuli endelen lan lenganè,
kalèthang turi, cangkaruking ketan pengantèn, malaning tawon sih, gendheking
kenanga, wohing pepulutan, talutuhing kayu rubung jebug tolih, lenganè uler
lulud. Iku padha endelen dadi sawiji, nuli tamakna kang kagepok awakè.”
Umbul
Warsaya sandika. Pun Paniwaka umatur :
“Pukulun,
pun Warsaya sampun tanpi kagunan, sarta badhè kathah tiyang kènging dhuyung.”
“Hè
Paniwaka, aja sumelang atimu. Sira dadia jurugina. Tegesè : angruwat guna.
Ngupaya
wijèn ireng, balarak pucang, laos, pala, cengkèh pitung galintir lan karok
tuwut, dukut kamarunggi pitung lembar.
Godhong
pala lar nem punggel, kayu jaè, kayu areng, kayu kamadhuh, padha keriken. Lan
gadhung sarta suruh aking.”
Pun
Paniwaka sandika. Pendhak dinten dhateng malih ngaturaken kawontenan.
Pangandikanipun Resi Satmaka, “Gadhungè benemen.”
……………………………………………………
………….
halaman 137 hilang…………….
……………………………………………………
Sanalika
Resi Satmata medal perang. Prabu Silacala kacandhak. Pangandikanipun Resi
Satmata :
“Sayekti
sira bakal mati saka naraka.”
Prabu
Silacala amangsuli :
“Swarga
naraka iku wus pacanganingsun dhèwè. Yèn ingsun duraka, sayekti tibèng naraka.
Yèn ingsun katarima, yekti manjing swarga. Nanging swarga naraka iku marganè
saka antaka. Dènè antakaningsun, ujaring wacana gampang baè.”
Resi
Satmata mangsuli :
“Kaya
paran ujaring weca?”
Prabu
Silacala mangsuli :
“Ingsun
duwè cangkriman telung kecep. Bisa ambatang weruh werdinè sarta anyanggemi, iya
ingsun jatèni ujaring weca.”
Resi
Satmata mangsuli :
“Kaya
paran cangkrimanira?”
“SUPI
LAPI LAPA, SUPI LAKU PALA, KUPI LASU PALA.
TEGESIPUN
: Wit dhakah woh dhakah, wit dhakah woh dhikih, wit dhakah woh dhikih.”
Pambatangipun
Resi Satmata :
“Wit
dhakah woh dhakah : kalapa.
Kajengipun
: putra-wayahipun Prabu Silacala kapurih mulyakaken.
Wit
dhakah woh dhikih : waringin.
Kajengipun
: pawestrinipun sampun kaalap.
Wit
dhikih woh dhakah : semangka.
Kajengipun
; anak-putuning wadya ingkang pejah prang kapurih anggentosna.”
Sareng
Resi Satmata sampun ambatang sarta sangem, Prabu Silacala awewarti, sèdanipun
saking numpak padhatinipun Sang Hyang Bathara Surya sakedhap dhateng, lajeng
katrap ing padhati, kabekta mangilèn leres. Kadhawahaken satelenging samudra
tanah Sumedhang.
Kacariyos
lajeng dados tosan wesi brani. Dènè para kadangipun ingkang pejah ing rana sami
dados redi alit-alit wonten ing marpat Kapanasan. Dènè wasèsaning ngayuda
sadaya sami anungkul.”
Kacariyos
ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, duk miyarsa
gremeng-gremenging caritanipun para ratuning jim sakawan pisan wau, dahat suka
leganing galih. Rumaos sampun wonten aling-alingipun dènya lampah sesiluman.
Pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :
“Hè
paman raja catur, dahat suka bingah kula dènè si paman sami saged andongèng
caritaning para Jawata. Yakti badhè dados lantaraning katarima dhateng para
ratu ing tanah Jawi, awit ing nagari Demak punika kaècalan sajarah uruting
caritanipun para ratu ing tanah Jawi. Mila ngantos sapariki anggènipun ngupaya
PUSTAKA RAJA, pusaka karaton ingkang saged gancar dalah taun, wulan, masa,
dinten Buddha, supados wontena ingkang dados teturutan.
Jalaran
awit Demak sapisan utusan pujangga, wali,
nama Kalinyamat, boten saged dumugi pangupayanipun. Sunan Kalinyamat
kaselak pejah, mila boten saged kalampahan angimpuni PUSTAKA RAJA. Mila
saupamikula dumugi ing nagari Demak, mangka taksih angupadi carita bituwahing
praja, si paman punapa boten balèjani?”
Aturipun
jim sakawan kados ing ngandhap punika :
“Dhuh
Sang Pinuji ing bawana, sadèrèngipun kula manjing ing pramana, èsthining manah
kula sami ngidhep ing Paduka. Asrah pati-urip. Sakarsa sumangga. Mangka ing
mangkè kula sampun nunggil sajiwa-raga, yakti badhè boten saged èwah gingsir
saking sarira Paduka. Èwadènè purbawasèsa sampun dumunung wonten ing kajat
jatiwasèsa Paduka. Tegesipun makaten :
Pramana
punika asal saking wahyaning pranawa, kawimbuhan prabaning atma, kalunturan
wahyaning Suksmajati. Dènè ingkang lumampah ing dalem tinten utawi dalu, sami
katarik saking wewenanging Nur Muhkamad.
Tegesipun
: cahya kang pinuji.
Dènè
ingkang muji inggih saking Paduka piyambak. Ingkang pinuji inggih boten liya
saking Paduka.
Mila
prabaning Nur Muhkamad kawasa anglimputi dhateng manon, tumancep wonten
wewadining manubawa. Temah asisilih aran SANG HYANG MANU MANONTON, inggih
punika kahananing Manik Sajati.
Ingkang
makaten wau tetep wonten ing Paduka. Sorotipun sumarambah dhateng kawula.
Mila
cahyaning pramana punika sampun kènging dipun basakaken Manikmaya.
Menggah
wisèsaning prangawasa kados makaten pamanggih kula :
MANIK
punika teteping dadya, dumadining sipat, wujudullahi. Inggih punika dènè sampun
kaaken rahsaning Dat sajati.
Menggah
ingkang nama MANIKMAYA : MANIK punika Paduka, MAYA punika kawula. Mila
katetepaken dados satunggal kaliyan pramana, amimbuhi purwbawisèsaning pancadriya.
Yakti boten kènging yèn kapisaha, awit MANIK tanpa sorot, kados pundi
pamawasipun?
Sorot
tanpa MANIK, punapa ingikang kadamel gèyongan? Mila kaupamèkaken SOROT lawan
SOROTIPUN.
Mila
sampun tetèla, kawula punika dados piranti Paduka ing salaminipun. Saupami
Paduka badhè nyorog ing pangawasa
kawula, yakti anut sacipta Paduka. Manawi kirang meleng pamanthenging cipta,
yakti sorotipun boten saged mahanani sedya. Èwadènè pamanthenging cipta Paduka
meleng, boten sumorot dhateng pundi-pundi. Yakti saged dados saciptanipun, teka
sedyanipun, ana sakajatipun.
Menggah
ingkang kawula andharaken makaten wau tegesipun, sadaya ingkang kawula lampahi
inggih amung anut miturut sakrejeting kajat Paduka kèmawon. Dados ing sasolah
bawa, sacipta rasa Paduka, kawula amung darmi anandukaken. Nadyan awon-saè,
inggih kantun ngleluri ing sakarsa Paduka kèmawon, awit sampun nunggil sarasa
ing awal-akiripun. Mila tangèh yèn mlèsèta. Boten langkung kawula sadaya punika
amung anut sakrejeting caipta Paduka.
Menggah
sadaya atur kawula ingkang makaten wau, sanadyan Paduka sampun andhawuhaken
asal kawula sadaya wau : saking cahya cemeng, saking cahya abrit, saking cahya
jenè, saking cahya pethak, sareng sampun katunggilaken kaliyan pramana,
sumarambah dhateng pancadriya, punpa inggih medala saking Muhkamad Maja……
katancepaken dhateng Muhkamad Sajati?
Sababipun ing kawula sampun manjing Isbat. …….ratipun
sampun dados warangkaning rahsa.
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga suka penggalihipun. Mila lajeng sowan ingkang
uwa………………….
…………………………………………….
……….halaman
141 hilang…………
…………………………………………….
Kaki
Walakas amangsuli, “Paèdahipun tiyang lelana punapa ? Dadak wareg
anak-bojonipun? Bèdha kalih kula, sampun guguh taksih kluyuran angupaya bukti.
Nemahi beberah garu maluku macul, saking ajrih kaluwèn.”
Kaki
Walaka mangsuli, “Iya iku wong ora ngandel marang kamurahaning Pangèran.
Nandhakakè tipising ati.”
Wangsulanipun
Kyai Walakas makaten, “Inggih leres tiyang kumendel punika badhè kandel, awit
nyata yèn Pangèrang punika mirah, angudanèni sakajating tiyang sarta sampun
kanyatahan dhateng saliring dumadi. Nadyan salebeting kayu, watu, tamtu
tinaning tedhanipun, pinanci sasedyanipun dumadi sadaya dèning Pangèrang Kang
Maha Kuwasa. Nanging, kurubing kawula punika sampun rinilan punapa kajatipun
awon-saè. Balik anak-bojo ing wingking ugi kedah kula saranani bausuku, awit
wajibing kawula kedah istiyar. Dados kènging tinembungaken : KUMLAWET PUNIKA
KEDAH KUMLAWE. Sandyan sampun angsal kamirahaning Allah, yèn boten angluluh
jasatipun, tamtu inggih amung sapancèn kèmawon. Tegesipun, inggih amung
mangan-manganan, awit dipun bektanibausuku boten kalampahaken. Dipun paringi
mata-kuping-cangkem-irung, boten kaanggè ningali sarta boten kaanggè ngrungu,
ngambu, angucap.
Yèn
makaten badhè ngicalaken wewenanging Pangèran. Mangka cariyosipun bapa kula,
Gusti Allah punika boten saged ningali. Ingkang dipun agem aningali inggih
mripat kula punika. Boten saged miyarsa. Ingkang dipun agem mirengaken angagem
talingan kula. Boten saged ngandika. Manawi angucap angagem lèsan kula punika.
Boten sage angganda, muhung angagem grana kawula. Mila saupami boten kula,
yakti malah angicalaken pangawasanipun.
Badhè
sapinten dosa kula ing Pangèran? Jer bèda kaliyan lampahipun para wali. Nandyan
nganggur pitekur wonten griya kèmawon, yakti nedha, awit sampun angsal pepancèn
tedha saking ratu Jawi. Tur kathah. Punapa dènè inggih kados kèmawon meleng
tèkadipun, dados ngilmunipun, awit lenggah siti sèwu karya punika kathah.
Botenè
kula puniki, kuli ngolak-alik galengan, amung salupit, nanging jalimet pamardi
kula, inggih nyekapi. Amung tetimbangan : apsah pundi nganggur kaliyan
angupakara?
Ingkang
nyamèni tiyang èbah bausukuning kados boten wonten, awit apngal punika
pirantining ngagesang, tuwuhipun saking pundi.
…………………………………………….
……….halaman
143 hilang…………
…………………………………………….
Kayai
Walakas boten suka, ingkang sedya uninga meksa. Dados kalampahan
udreg-undregan. Dangu-dangu Kyai Walakasngulungaken jenthikipun, katingal
cumlorot saèngga cahya purnama. Kakai Walaka kagyat sigra anungkemi pada, sarwi
sesambat lara-lara, dènè ingkang uwa karsa nyobi kasudiraning sedya.
Ingkang
uwa ngandika, “Aja dadi tyasira. Sajatinè mung arsa nyatakakè katemanira marang
wewekasingsun. Wasana wus kanyatahan sira ngèstokakè pituturing wong ngatuwa.
Yèn mangkono, sira wus tetèla dadi pandam pangaubaning para umat kabèh. Anjaba
iku kulup, sira dèn ènggal marang prajèng Demak, awit samengko wus ana
anataranè sireping lelakonè nagara. Ingsun darbè sumitra, wong wadon, aran Nyai
Purnamasiddhi. Iku rada matjenun tèkadè, awit kapanjingan wadyaningsun. Ing
kono sira anjujuga, supaya bisa angalingi raganira.
Tur
biyèn wus kulina lawan duk timurira. Awit iku arinè si Mandhapa, sutanè Rekyana
Patih Lagung, gedhana-gedhini mung loro, lanang wadon. Marmanè sira angakua yèn
sutanè Tumenggung Wilatikta ing Tuban. Dadi sira kaprenah bibi. Èwa samano sira
wus anggawa rowang, jim papat baè dadi obor, supaya akèh piyandelè marang sira.
Hèh
jim papat pisan, ing samengko sira wus kapisah lawan ingsun. Poma kang bener,
becik enggonira njaga rumeksa saparanè sutaningsun Jebèng Kalijaga. Jujug
panggonanè Nyai Purnamasiddhi, ananging
supaya akèh piyandelè, ing samangsa wus teka panggonan, sira banjur miwitana
swara dedongèngan.
Ènggaling
carita, mangkat, wus tekèng gon, lajeng carita.
Mangkana
lampahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Sapengkeripun saking wukir
Mahèndra, lajeng terus kapanggih Nyai Purnamasiddhi.
Wantuning
jim widadari, dados boten kasamaran rawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Sigra ingacaran lenggah, sarwi matur tetakèn.
Wangsulipun,
ngaken saking Wukir Mahèndra, mituhu dhawuhipun wewelinganipun ingkang uwa.
Nyai Purnamasiddhi lajeng grahita, yèn pangojokipun Kangjeng Susuhunan Lawu.
Mila aturipun amung sandika.
Boten
dangu Nyai Purnamasiddhi temah ngukut ing cipta rasa, sinungku ing pudya. Tan
pantara Nyai Purnamasiddhi lajeng ngracut ing tèkat. Dadya sakala muksa,
manjing wonten wentisipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga ingkang kiwa, sarwi
atilar pangandika makaten :
…………………………………………….
……….halaman
145 hilang…………
…………………………………………….
Nyai
Purnamasiddhi aturipun makaten, “Ing nalika kula taksih kenya, kapundhut dados
garwa pangrembènipun uwa Paduka, Kangjeng Susuhunan Lawu. Wasana sareng kula
dipun timbali, pamit, margi boten natè sumerep sarèkaning sanggama. Uwa Paduka
kadereng ing karsa, temah tumedhak angruda peksa. Dupi uninga ing wewadon
kawula wuntu, lajeng boten saèstu ngrurah asmara. Kapara dinangu mula
bukanipun. Kawula atur sajarwa, yèn tanpa bapa tanpa biyung. Ing nalika jaman
nagari Makukuhan kawula punika bangsa widadari, kadadosan saking soroting wulan
anuju purmanasiddhi. Amarengi grahana, dumadakan soroting wulan tanggal
gangsalwelas, wonten cahya malebet saking rembulan, dhawah dhateng woh kelapa
wulan. Sareng ing wanci kering, kalapa rentah mangandhap, dipun pendhet ing
tetiyang.
Pinacakan,
kalapa wau mripatipun boten wonten. Sareng dipun ocak-ocak, sampun garing. Dupi
badhè dipun kepruk lajeng dados janma, inggih eujud kawula punika, asal saking
kalapa wungkul, jalaran tanpa mripat. Wah nalika taksih wujud kalapa,
sakalangkung atosipun, ngantos dipun kepruk ing alu meksa boten pecah. Sareng
dumugi dalu pecah piyambak, dados widadari, nama Dèwi Wungkulan. Sareng kagarwa
ing uwa Paduka, dipun namèkaken Retan Purnamasiddhi. Sareng sapunika amung Nyai
Purnamasiddhi dipun dhawuhi angadhang walitama, kinèn anuksma wentis kiwa,
supados anambahi kasektèn Paduka.”
Kangjeng
Susuhunan angandika, anedha narima, “Ing mengko apa sira ènget prenahè galugu
duk dadi uwiting krambil wuntu mau?”
Aturipun
Nyai Purnamasiddhi, “Taksih ènget. Kapara galugu wau ing saben awoh taksih
anèh, jalaran ingkang limrah kalapa punika mripatipun tiga. Manawi uwit tunggil
kawula wau kalapa mripat satunggal. Menggah kagunanipun inggih kathah. Manawi
ngantos saged ngenthos, ingkang nedha asring katumbusan pangawasaning kalapa
mripat satunggal. Trekadhang saged gadhah wijing kraton. Dènè ingkang sami
bibit cikalipun, inggih kathah kèmawon, ananging manawi boten dados panengeran
tamtu boten cukul. Saking pawartining kathah, satunggal kalih ugi wonten
ingkang tuwuh, sapariki saged dados
witing kalapa. Kawula dèrèng uninga pangawasaning woh mai. Bokmanawi badhè wonten
babaripun :
1. Kyai Babul.
2. Kyai Gedhè ing Giring.
3. Kaki Jaladara, ing dhusun Ngawèn.
…………………………………………….
……….halaman
147 hilang…………
…………………………………………….
………..
dhawuhing sasmita. Bèda temen kaliyan duk Paduka ingkangvrawuh. Kula pètangi
dhawah saè, tur kanyatahan kaliyan wangsitipun ingkang uwa. Punapa dènè kadugèn
sakajat kawula. Yakti bonten langkung kawula anung sarèh Paduka.”
Kangjeng
Susuhunan ing kalijaga saya sukaning galih sareng miyarsa aturipun Nyai
Purnamasiddhi wau. Mila pangandikanipun dahat arum manis dhateng Nyai
Purnamasiddhi, “È Nyai, mungguh kang dadi pojaranira iku kabèh wus ora ana kang
nalisir, sarta banget tanceping ngati, lawan saparlunè karepira wus dadia
sawiji lawan cahya Murcahyaning Kajat jati wasèsa. Lan sira wus ingsun lilani
nunggal ana wahyaning pancadriya, anumusana baè marang kadibyaningsun. Soroganè
iya saka ing pupu kiwa.”
Nyai
Purnamasiddhi sampun kapareng anunggil rahsaning Dat Kang Agung, gumadhuh
wonten salebeting westisipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Ing
nalika samanten lajeng amratandhani wimbuhing kasudibyan utawi
kawicaksananipun, angungkuli sasamining para wali sadaya. Ananging karsanipun
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angèstokaken dhawuhipun ingkang uwa. Dados
samangkè sampun boten sedya ngatingalaken sariranipun.
Kacariyos
malih Sang Mangun Lelana anuju kondur dhateng ing Kalijaga. Saweg sadinten
sadalu aleleson salebeting masjid. Ing wanci gagat bangun ènjing Kangjeng
Susuhunan karaos ing dalem rahsa kumenyut, angandika sinarengan swara arum
makaten :
“Wus
netepakè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga pinaringan kayun pidarènè, rinilan
amurba amisèsa sèsining jagat raya.
Tegesè KAYUN PIDARANI : urip ing awal akir, langgeng
boten kènging èwah gingsir, sajati-jatining tunggal ing dalem ANI’AN MARI’AN.
Tegesipun
: kantun ènak kapènak, nikmat lawan manpangat, awit sampun boten kagungan cipta
punapa-punapa, boten pilih kasih. Boten kagungan arip, luwè, lupa, èwan,
panastèn, sapanunggilanipun sampun boten tinolih. Suka sungkawa, nistha madya
utama, minep, tan nedya cidra-cinidran, tan paran-pinaran, tan ngidhep, tan
kaidhep, tan minep, nora menga.
Tegesipun
: ngeblak, tanpa aling-aling, nanging pilih kang uninga manawi boten
kanugrahan.
…………………………………………….
……….halaman
149 hilang…………
…………………………………………….
Ing
ngandhap punika amratèlakaken cariyos reringkesan, ing nalika Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga tedhak dhateng Kadilangu gerah, dumuginipun sèda, awit
tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam.
Kangjeng
Susuhunan Kalijaga sèda, sumarè ing Kadilangu, lajeng ngaturi wuninga dhateng
Demak.
1. Susuhunan Panggung katamuan gurunipun,
awit tanggal sapisan dumugi tanggal kaping sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan
Kalijaga gerah lajeng sèda, sumarè nunggil luhuripun Sunan Panggung, wonten ing
Toyajenè. Dadya atur uninga dhateng Demak.
2. Sunan Ngudung katamuan gurunipun, awit
tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Sunan ing Kalijaga
gerah dumugi sèda, sumarè ing Kasènapatèn, dhusun Ngudung.
3. Sunan Pandhanarang ingkang wonten ing
wukir Tembayat katamuan gurunipun, awit tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa
Mukharam, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing
Tembayat.
4. Sunan ing Gunungjati katamuan putra
mantu, awit tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan
ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Gunungjati.
5. Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, katamuan
guru, wiwit tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan
ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Wukir Pantaran.
6. Sèh Molana Mahribi katamuan ipè, awit
tanggal sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga
gerah lajeng sèda, sumarè nunggil luhuripun ipè wonten Ardi Merapi.
7. Kyai Ageng Getas Pandhawa ing Sèla.
8. Adipati Dayaningrat, Pengging.
9. Kyai Mrisen ing delanggu.
10. Kyai wanabaya ing Semuyan.
11. Radèn Arya Widanangga, Dalepih.
12. Nyai Gèmbèl ing Pakisdadu.
13. Ratu Mas kalinyamat.
14. Nyai Sèh Lemahbang.
15. Kyai Mretawangsa, Galinggangan.
16. Radèn Puspita, Galinggangan.
17. Kyai Tangguru, ing Pringtulis.
18. Jaka Mandhapa ing Godhèyan.
19. Kaji Muryani ing Caruban.
20. Kyai Soda ing Randhukuning.
…………………………………………….
……….halaman
151 hilang…………
…………………………………………….
………….sanagari,
tuwin para wali sadaya gègèr pepuyengan. Dadya ing siyang dalu malebet ing
pura, ngengimur sungkawaning Nata, ananging boten saged malebet sapocapan.
Aturing para wali amung saking sajawining kori gupit pasarèyan kèmawon.
Dènè
para wadya bupati, patih tansah tuguran wonten ing Srimanganti. Watawis antuk
tigang dinten tigang dalu Kangjeng Sultan sebawa pangandika dhateng pramèswari
Natadèwi, dhinawuhan matedhakaken pepulih arta waragadipun para tetiyang
ingkang sami kabrokan. Patedhan-dalem naracak tan na kinacèk. Ing dalem tiyang
satunggal satus rupiyah. Amung Pangèran ing Kadilangu piyambak gangsal atus
rèyal, sarta lenggahipun siti ingkang sèda dipun lestantunaken dhateng
ahliwaris ing wingking.
Kala
samanten para wadya punggawa sampun mangkat amaradinaken peparing-dalem
liruning waragad sadaya, sampun waradin.
Kalanipun
dhawuh amung sabawa kèmawon, wasana lajeng dhedhep sirep malih. Ngantos
salebetipun kawandasa dinten Kangjeng Sultan sampun boten sabawa, boten
kapiyarsa kalesetipun saking jawi. Mila sadaya ingkang rumeksa saha nginten
manawi nglalu lampus ambèlani guru. Kala smanten malah sangsaya geng
sungkawanipun para garwa putra tuwin para wali. Lubèr dateng patih, bupati,
wadana, ingkang sami tuguran ing Srimanganti. Kapara sampun sami ndandosi
kardha ingkang badhè kagem tabela. Utawi sampun amatah-matah wadyabala gung
saput gegaman, sarta sakathahing bau nagari sampun ingaweran sadaya, boten
kènging kesah, awit badhè nyadhang damel parlu.
Kacariyos
Adipati Panangsang ingkang sampun dangu pacak baris pendhem, sareng miyarsa
warta ing Demak kapaluh kapalupuh, sami retu kataman dhukita dahat, Arya
Panangsang lajeng ngerapaken baris. Kebut angrampit prang, nanging boten
kacarita, margi laladaning Serat Babad.
Mila kaanggè bèda, boten nunggil kaliyan bangsaning ngilmi raos.
Amangsuli
lelnglenging para wali ingkang sami nglelipur sungkawa, malah tan amiguna. Mila
para wali milalu nglèrèg anggènipun tugur. Nunggil para bupati ingkang jagi
rumeksa wonten ing Srimanganti.
Kala
samanten Kangjeng Sultan ing Demak, saking genging sungkawa dahat, temah
sapatemon lawan Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Ing
ngandhap punika amratèlakaken sapatemonipun Kanjeng Sultan ing Demak akaliyan
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, wonten salebeting pasarèyan. Dènè pramèswari
Nata tuwin para wali, patih, bupati, para wadya punggawa ingkang sami tugur ing
lebet kadhaton, punapa dènè ingkang sami wonten ing Srimanganti, boten anginten
manawi katamuan. Ciptanipun amung saking sangeting sungkawa kèmawon. Mila ing
rinten dalu taksih ajeg tinengga.
Sareng
sampun lami, Kangjeng Susuhunan dhawuh mengakaken sarta para tugur kinèn
ambibaraken. Sultan Demak winarah ajeg padataning karaton, amung salebeting
pasarèyantansah kaagem pasarèyan tumunipun. Mila boten rinilan anata tinebahan,
amung sinaji-saji ing dedupa miwah sarwa suganda mrik arum. Nadyan pramèswari,
boten kalilan parek ing pasarèyanipun Sang Nata. Mila kapatuh dumugi sapunika,
ing saben para ratu, pasarèyanipun kedah pisah, boten kapareng tunggil
pasarèyan. Anjawi manawi kagungan karsa, wajib kakungipun ingkang nedhaki, awit
dhawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :
“Sing
sapa arep katekan sedyanè, aja nunggal paturon lawan wadonè. Becik pisah enggon
dhèwè-dhèwè. Iku wajibing ratu. Nadyan wong cilik, manawa kinadarakè bisa, uga
becik angirib-iriba. Watekè awèt kabejanè.”
Kacariyos
sareng sampun angsal dhawuh, sadaya wau dipun laksanani, sarta angger-anggering
nagari, wewatoning karaton boten dipun èwahi. Punapadènè tatakramaning para
putra santana taksih ajeg kadi sabenipun. Nadyan pasowananing para wali tuwin
para kriya tulus sami nambut kardi. Wimbuhipun amung ngudanaken dana ing saben
malem Jumungah, Anggarakasih, sarta tanggal sapisan. Ingkang majibi maradinaken
hardana, bupati kekalih, jawi lebet, kanthi punggawa anggandhèk kiwa tengen.
Lami-lami amung kajibahaken wadya pethilan saking bupati wolu, wimbuh pethilan
wadya prajurit jawi lebet anyatunggal. Inggih punika wiwitipun wonten punggawa
Jaganagari, tulus sapariki.
Mila
kramanipun Adipati Panangsang saweg sawulan kèmawon sampun kauningan, inggih
saking palapuranipun wadya Jaganagari ingkang maradinaken hardana. Ananging
jaman sapunika boten maradinaken hardana. Malah Jaganagari madosi durjana.
Sampun
boten kapratèlakaken sapakartining karaton Jawi taksih ajeg. Gantya ingkang
winursita, salebetipun Kangjeng Sultan ing Demak pepanggihan, Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga anggelaraken wasitajati tiniti kados ing ngandhap punika
:
“Jebèng,
sajatinè kang diarani URIP iku rong prakara, padha dadi paugeran kabèh.
1. Kang dhingin : URIPING BUDI.
2. Kapindho : URIPING NGATI.
Mungguh
URIPING BUDI iku, kabeèh kang obah, kabèh kang swara, kabèh kang piyarsa, kabèh
kang kadulu, kabèh kang kawacana, kabèh kang ginanda; sapanunggalanè iku tanda
saking purbawisèsaning Apngal. Iya iku tetep uriping panggawè. Dadi wus kena
dèn arani WAHYANING KAJAT JATIWASÈSA, kasorotan saka angen-angen kita dhèwè.
Mungguh
kang sinebut URIP KAPINDHO iku kabèh tetèla metu saking garuneging ngati. Marmanè
anuwuhakè gagasan, ambabar cipta kang uwas sumelang, panastèn, panasbaran,
sungkanan, èwanan, gumunan, èraman. Marmanè bisa angarani tembung durung
karuwat, kurang piyandelan, jailan, pathakilan. Kabèh iku iya padha kena
diarani URIP PRIBADI, nanging kasorotan saking wasèsaning napsu patang prakara
: CAHYA LUAMAH, AMARAH, SUPIYAH, MUTMAINAH. Marmanè urip kawasa agawè rahsa
patang prakara : LEGI, GURIH, PEDHES, ASIN; sapanunggalanè wau iya padha saka
wahyaning patang prakara kabèh ing kauripanira.
Dènè
yèn wis padha ngumpul dadi sawiji, yakti banjur darbe harkat ingkang anuwuhakè
prihatin utawa kanggonan bungah. Tetep suka sungkawa iku sajatinè uriping
Apngal kabèh. Dadi amung mirid saka uriping Apngal, iya saka obahing budi,
gagasaning ngati kabèh.
Mangka
satuhunè urip iku saka heneng. Tegesè : malah kang wus ora obah. Iya iku
sanyata uripdhèwè, ora ana kang nguripi, awit nyata uriping Pangèran kang èlok.
Tetep, ora owah gingsir. Iku iya kang wus ora obah. Ing kono kang anglimputi
tan lyan saka rahsa kita pribadi.
Marmanè
bisa agawè tumangkaring cipta kang tanpa sinedya. Kabèh kang kadulu, kang
karungu, kang angucap, pada kalimputan pakartining heneng.
Marmanè
èlok yèn anaa, mokal tan ana. Nyatanè ana ing sira; oranè iya saka ing sira;
osikè muhung sira. Ora kacamburan urip kang saka patang prakara iku. Nyatanè
wus mratandhani, dèn arani SENENG. Tegesè : nyata sawiji kang wus heneng, iya
iku kang ora obah. Yakti ora kena winor lawan uriping budi lawan ati. Sarta wus
mratandhani kahananing seneng iku tanpa suka sungkawa, tanpa lara, tan amati.
Mung waluya nirmala jati.
Ananging
salugunè HENENG iku URIPING PANGÈRAN PRIBADI.
Èwadènè
babaring urip kang sanyata mau kawasa anyoroti ing cipta rasa, nyipta kang
heneng pasthi tumeka, anggagas dadining angen-angen.
Tandha
heneng iku winenang, andadèkaken kang ora. Ora iku bisa ngakakè kang nyata.
Mula ngibarate tinembungakè ATINING WULUH WUNGWANG.
Dadi
kang diarani WULUH WUNGWANG iku saka gaibè. Ananè nganti sinengguh ora ana,
karana wus padha anandhani Allah iku dhasar suwung, Pangèran iku ora sanyata.”
Kala
samanten Kangjeng Sultan ing Demak, duk ingandika makaten wau, manawi dèrèng
sumerep, inggih sinengguh raosan bangsaning ngilmi Makripat, dalah babaranipun
pisan, awit inggih sanyata anggelaraken pingiling raos. Ananging saluguning
pangandika asmu deduka, winor ing pituduhaning ngilmi. Mila ing nalika punika
Kangjeng Sultan ing Demak kados pinecat nyawanipun. Temah apariwara ing batos,
ngamungena sariranipun kèmawon katambetan tyas gugon tuhon. Nalika kagega aturipun
para wali, yèn Kangjeng Susuhunan duk winartakaken sèda, wasana kawelèh, taksih
sugeng. Dados salebeting galih sakalangkung mèrang dhateng guru. Wasana lajeng
matur, “Nyuwun sagedipun sadinten punika ndèrèk ing Paduka.”
Wangsulanipun
makaten :
“È
Jebèng, teka dadak gampang temen antaraning pati. Yèn kena pinathèkaken pati
jinaluk, saiba kènè wong padha njaluk mati. Awit saka cupet sedyanè, tuna
uripè, pepet sandhang panganè, anjaluk mati baè. Wus ora sumurup obah asiking
jagad.
Balik
sira durung wancinè, amesthi malah tandha bèma, salah tunjangan, awit andadak
kapatènira dhèwè. Èwadènè mungguhing wirang iku mung wus ing sawatara baè.
Tegesè : iya kang bisa ngantep sapakartining obah. Tegesè : manungsa kang ora
obah iku iya kena diarani MAJENUN,
karana wus weruh ing kènè-kana.
Dadi
birahining budi kang bakal andadèkakè cipta maya.
Lamun
sira wus bisa minangkani kanthining pamenthang ing dalem pepanthengan, pasthi
ora nista ing tibanè, sarta amimbuhi manubawa ing dalem enggon kita, ambawani
bawana.
Manawa
sira ora mituhu kang dadi wewekasingsun yakti walam uk’alam sira nunggal lawan ingsun.
Ora luwih mung padha andum raharja. Ujer sira bangkit anjajah jroning budi, iya
bokmanawa bisa dadi saciptanira.
Mungguh
wasitaningsun kang wus sira anggo, titikanè kaya wong kalebu ing warih. LAMUN
BISA ANEBADANI OMBAKING BANYU, PASTHI WERUH SAJRONING RANU KABÈH.”
Sumber referensi :
Tedhakan Serat Kina Ingkang mratelakake lelampahan Sarta sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak. Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA KANGJENG SUNAN KALIJAGA. Dening PAGUYUBAN AHLI WARIS/KULUWARGA SUNAN KALIJAGA, Cabang Jakarta 1993. Ingkang nindakaken penedhakipun Astuti Hendrato Darmosugito