Kinanthi Pratela Janji
Iga mina dhuh riningsun
Mangkok kisma cuwengkapti
Patra tresna kleru tampa
Jarwa ajrih kadi niki
Suteng Drona weh aksama
Mina jarwa mring wakmami
Tejatirta sun keduwung
Werdi kadi nedya janji
Pang wreksa lit marang sira
Jrambah wisma tan ngambali
Atmaja karya wiyoga
Jarwa sih anggung nresnani