Sekar Macapat Kinanthi Suwung
Suwung
Karasa driyane suwung
Mulat mungal muhung sepi
Kang kawyat mung ampak seta
Mapan aneng graning giri
Gumebyaring taranggana
Tan bisa anglipur kapti
Legeg amulat mangayun
Tinon risang narapati
Esemira karya suka
Rarasmara jroning ati
Mara marek weh usada
Mring kang nembe nandhang brangti
Rinemes asta tumungkul
Netra kembeng waspa mijil
Awit saking bagyaningtyas
Klakon panggya risang dasih
Rinangkul kinuswa-kuswa
Kebekan ing tresna asih
Sinawung sabawa kidung
Hangrerangin kapiyarsi
Nganyut-anyut kang ginita
Rumesep myang anglamlami
Gegeter ingkang wardaya
Kagyat jebul amung ngimpi