RASA KAMANUNGSAN MINANGKA PATRAP LAKU BENINGAKE ATI
(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)
Magunung geni kantar-makantar kanepsone Prabu Kausika amarga kandeg bratane sabab kagiwang citrane Dewi Mahenaka. Sang prabu linggar tumuju ing pasentran ganda mayit amangun teki wonten sangisoring wit gurda. Dangu anggenipun tapa jalari wit-witan mati garing ketiga salah mangsa awis jawah larang pangan prawan-prawan dadi kasep joko-joko padha lara.
Kaprungu tangis seking-seking boten pangling punika tangise Raden Setyabrata kesiku dadi manungsa candala rusak budayane angga tinampik dening sadengah manungsa.
Raden Setyabrata apus Krama dhateng gurunadi sang Resi Wasista, nyolong Lembu Subala sinembelih dinahar kinarya tambul anggone mendem tuak.
Sang Setyabrata nyuwun pitulung dhateng Prabu Kausika pengin lumebu sawarga kanthi gawa badan wadag. Jugar anggenipun Samadi Prabu Kausika tuwuh gagasan badhe nenantang perang lumawan para dewa.
Kinabulaken dening Kausika, Raden Setyabrata kadamelaken suwarga nandhingi Swarga Kaendran. lumayang ing ngawang-ngawang Raden Setyabrata dados sesotya agelar Mega tanprabeda lintang kuwasane aran Suwarga Tri Sasangka. Para dewa miris sami kendel kemawon jalari Kausika muring-muring Tan den glape dening para dewa.
Paripurna Damel suwarga Prabu Kausika leren sak ngandapi wit ringin katelekan manuk emprit kang nembe nyusuk. Kasawaban panas atine Prabu Kausika si manuk emprit tekane pati.
Miyat saking palenggahan Kausika jumujug gubuke Nyai Wage dangu datan dipun pinarakaken, jebol lawang muntap kamurkane makaten sabdane kang wengis:
Kausika : " He...nini-nini, wadhaganmu manungsa nanging kaya ora bisa tata jalma, arep nemoni apa kowe hem...? Karepmu apa?"
Wage :" Dhuh Sinuhun tetunggule triloka, luput kula sampun sakmestinipun nampi sapu dendha, deduka paduka tumraping kula minangka piwulang kang luhur kagem sangune Gesang.
Ngelingi bojokula gerah santer betahaken pangrumatan ngantos kesupen boten gatosaken rawuh paduka Sang raja pandita. Mbok manawi tasih wonten sisa-sisa kawelasan dhumateng kawula paduka kang nandhang prihatin, ampun ngantos kados manuk emprit pejah sabab ngukuli ing pasundulane Sang Maha tapa, ing tembene saged ngrumat bojo kula ngantos waluya nyambut Damel malih nyengkuyung adeging Negari kang ngagungaken RASA KAMANUNGSAN."
Deg rasane ati, Kausika gumun atase wong desa bisa nyumuri lelakone Kausika makaten sabdane:
Kausika: " Iya nini-nini, ora dadi ngapa yen ana kleruku aja dadeke atimu, ingsun bakal bacutke laku"
Wage : " Sembah sungkem kula dherekaken jengkar paduka, namung sinuhun gegandhengan kula boten saged nyuguh keparenga kampir dhateng griyanipun adhikula Arda raja jagal kebo sapi wonten pasar Kilen."
Gelise Carita Prabu Kausika martamu ana omahe Ardaraja, gupuh rengkuh suguh kena bonggole trenyuh atine rumasa adem ayem tentrem sang prabu tumuli paring sabda:
Kausika : " Ardaraja anakmu ngaturi aku unjukan kebaking tata krama ora duwe rasa wedi apa sebabe ?
Ardaraja: " Dhuh Sinuhun sesembahan kawula, milanipun anak Kula boten gadah rasa wedi awit boten kagungan pamrih, tetekeng Hayuning sasami.
Sedaya nunggil ing Rasa dunung rasa dipun upadi wonten seratan 2 pepali suci sakbodag Inggih boten kepanggih.
Rasane tiyang sakjagad punika sami, Paduka jumeneng nata tuwin jumeneng pandita rasane punapa beda ? Amung napsu (pepinginan) benten. Dereng tartamtu jumeneng raja saged gegojekan kados punika tuwuh rasa marem ayem tentrem ?
Kausika : " Ha...ha....ha..., iya Ardaraja, banjur gegebenganmu tumraping besok ingkanane priye apa ora Wedi naraka?"
Arda raja: " Dhuh Sinuhun nyuwun palilah badhe gumujeng,..ha....ha.....ha....ha...., dhuh sang prabu upami wonten tembung Kanane lha samenika wonten pundhi?
Alam boten owah gingsir tumrape arda raja.
Sedaya kawangsulnya dhateng Rasa, ngelingi gawe-gawe ane Kang Maha Kawasa kang ngurusi Inggih kang Maha Kawasa. Titah bakale bali marang kang nitahake, lelakon punika gaweane Kang Maha Kawasa titah sadrema nglakoni . Dasar kula NARIMA manawi sampun pasrah marang Kawasa ajeng punapa malih?
Direwangi tapa direwangi pados Kawruh manawi dereng jumbuh ing rasa inggih tanpa guna, ditinggal turu mawon Kawruh lali. Laku utawi tapa ingkang abot Inggih Punika laku beninging ati yaiku duwe ATI sing Becik.
Nampi peparinge gusti beja utawi cilaka sampun boten wonten bedane. Ati kados kaca pangilon wewayang punapa ing cermin tinampa sedaya, wewayangan lewat carmin resik malih, makaten beninge ati.
Manawi sampun pasrah dhateng gusti sakobah polahe ditata dening Kawasa, Gusti luwih ngerti apa sing dikarepake titahe, sakdurunge titahe diparingi pepingan.
Lelakone Sang Prabu mangke badhe kados pundhi ? Hyang Widhi langkung ngerti. Sakbeja-bejane wong lali luwih beja wong eling kan waspada. Eling dawuhe pangeran kang metu lumantar Rasa Kang Murni adate datan badal sumbi sayekti tansah angsal damel."
Akeh-akeh piwulange Ardaraja, tumuli sang prabu amangun teki memper kanepson panase ati mawi cara kumkum wonten tengahing kali Tempuran.
Adem atine Sang prabu Kausika karawuhan Resi Wasista kang Agung, jugar anggenipun samadi ngelingi bawane pandita luhur gabyuk rerangkulan. Resi Wasista paring Sabda :
Waskita : " Yayi prabu Kausika sampun antuk keparenge Jawata Panjenengan wenang agelar Brahmana tetunggule para Resi. Kaparingan asma Brahmana Resi Wiswamitra (kang tansah damel adem tentrem titah ing ngarcapada sedulure wong sakjagad raya)
Wiwit ri dinten punika paduka tuwin kula kajibah dados gurune titise bathara wisnu ing Ayogya aran Rama Wijaya."
Wasana manawi sonten ukaray ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun pangapunten
Salam budaya
RAHAYU RAHAYU RAHAYU
RAHAYU SAGUNG DUMADI