SERAT SILACALA
(SERAT KAKI WALAKA bagian I)
Perangan
I
Ing
ngandhap punika amratèkaken rawuhipun para wali, ingkang sami lelana aniti
pariksa ingkang amemarahi rubet-rentenging ngari Demak. Kala samanten sampun
sami sapatemon kaliyan Kangjeng Sultan Demak, anyariyosaken angsal-angsalipun
piyambak-piyambak. Wantuning para ahli ngèlmi, temah sami medalaken mangunah,
kados ta, Sunan Giri kaliyan Sunan Kudus lajeng kawasa ngudanèni para kawula
para kawula ageng alit, jaler estri. Ingkang nandhang sakit, sinabdan kèmawon,
saras. Nadyan para wali lelana ngidul-ngilèn, inggih sami katandha kaluwihan.
Wonten ingkang saged nggendam, kemat, panglerepan, nerang jawah, ndhatengaken jawah,
sapanunggilanipun sampun kagelaraken ing ngrasa Nata.
Dupi
ing antawis dinten, para wali ingkang kantun sami reraosan gethok-tular, yèn
ing kedhaton wonten tiyang nama Kaki Walaka, saweg kineker, sinihan ing
Narèndra. Sarta winartan, yèn Kaki Walaka wau sampun natè dipun seking dèning
Sunan Maryapada, muksa. Sampun sami nginten sirna, wusana mumbul malih. Malah
ngetheker wonten kedhaton. Bokmanawi dipun guroni Sultan Demak. Katawis winong
sakajengipun. Manawi wujudipun tiyang, boten mèmper, saking sipatipun dahat
papa. Pakartinipun ngarit rumput. Denè talitining tiyang, asal ing dhusun
Galinggangan, trahing alit balaka.
Para
wali ingkang mentas lelana dahat ngungun. Temah matur ing Nata, namun badhè
tepang Kaki Walaka. Kangjeng Sultan Demak marengaken, lajeng tumedhak animbali
piyambak. Dumugining panggènan Sang Nata kagyat, atetanya, “Sira iku sapa, dènè
ana wong dodhèg wok, simbar dhadha, gedhè dhuwur, tunggu pasarèyaningsun. Apa
sira jim utawa gandarwa kang mbaureksa kadhaton?”
Ingkang
dinangu matur, “Kawula pun Walaka. Mila Paduka Nata sampun kagèt. Anggèn kawula
mancala warni ageng inggil punika, rèhning badhè sapatemon kaliyan para wali.”
“Yen
mangkono tut wuri.” Kaki Walaka matur sandika, umiring. Sareng dumugi ing
panepèn, andadosaken kagètipun para wali sadaya. Anginten yèn gandarwa. Wekasan
tinakènan, ngaken nama Kaki Walaka.
Sunan
Maryapada tetanya, “Karananè sipatira rowa, bèda lawan nalika kapanggih
rumiyin?”
Kaki
Walaka mangsuli, “Saking boten kekirangan kucahing Nata.”
Sunan
Muryapada ngandika, “Dènè para wali iki kabèh wus lawan sinuba-suba ing Nata,
teka tan ana undhaking kulit daging. Saweneh malah saya kuru, ananging rina
wengi amung ngulah budi. Layak tan bisa lemu. Balik sira, mung nganggur. Yekti
wus dadi benerè, yèn wong cilik iku, angger wus wareg wetengè baè, wus trima.
Mangangan saananè baè wus bungah. Sarta kang binudi, liya turu angorok
satutugè, ora ana manèh. Wah ora mèlu mikir rubet rentenging praja. Ora sumurup
reretu, angger awakè lemu.”
Kaki
Walaka gumujeng latah, sarwi mangsuli, “Bener, bener, nyata awas para wali iku,
yèn anyandra caplak waè. Ewadenè, imbal wicara iku, bagusaos, bener-luput, kudu
amangsuli catur. Hè Sunan Muryapada, apa nyata pangan iku marahi lemu? Apa
mesthi, wong ginanjar budi iku amung wali? Apa nyata, kang mikul
sarubet-rentenging praja iku amung wali? Lawan apa wali iku ora tau turu, ora
mangan upa? Mangkono manèh, apa nyata para wali iku bèdha sapadhaning manungsa?
Yèn kabèdakna, apa Gusti Allah ora kawasa? Apa Allah ora murba amisesa? Apa
Allah nora èlok? Nora sampurna? Muhung angugung para wali baè? Yèn mangkono,
Sunan Muryapada iku bisa gawè abang-ijo. Parlu apa ngaub wibawaning Narèndra?
Manawa panimbangku, ngendi ana wali kadunungan ati panas atèn, panasbaran?
Mangko manungsa ijèh kanggonan angkaramurka, èwanan maring sapadha-padhaning
ngurip, karem canggèh, karem dhawèn, karem opèn kamèren baè, wus kena dèn arani
kèwan. Upama ingsun ngawulakakè wong kaya kowè, èman angulungi pangan. Mubadir
angulungi kècèran. Caturan baè èman.”
Sunan
Muryapada sakalangkung mèrang ing galih. Badhè dipun candhak, pinenggak
kancanipun. Tanpa damel anglawani Kaki Walaka. Mindhak boten kajèn, sarta
nyenyamah badan, ngapesaken dhiri, yèn mengsaha tiyang alit balaka. Kang
pinenggak ènget. Amung Sunan Kudus ingkang mandhengkel galihipun. Sunan Giri
amenggak, amung paring sasmita kèmawon, kinèn anandukaken panglerepan,
pangatisan. Nadyan para wali ingkang sami mentas lelana, inggih jumbuh
tampining sasmita. Dadya sami nandukaken aji pangatisan, sarta tuju tenung
pangleburing satru.
Amung
Sunan Punggung, kalih Seh Lemahbang, tiga Molana Ibrahim Jatiswara ingkang
mboten tumut ganggu gawè. Malah mbekuh ngandika, sarwi medal jawi, api-api
tetoya, “E, sasat apa, padha kadunungan watak brangasan. Bener kang ngarani wali tanpa guna.
Karonè
maneh, teka tanpa kekèring dènya pating pantheleng, lali purwa duksina, yèn ana
ngarsaning Nata. Iya angur metu baè, nyawang saka jaba. Kapriyè nyatanè, kaya
ngapa gelare? mBok padha kawelèh wadinè.”
Kacarita
para wali saya kabangan galih dènya ningali Kaki Walaka. Lajeng sami nandukaken
aji pangapesan, pangatisan, sapanunggalipun. Wantu-wantu tanpa pedhot dènya
nandukaken donga pangleburan sarta donga sait, donga tlekim, nanging boten
saged tumama. Kaki Walaka sumerep gelar sikaraning para wali, lajeng anjawil
Sang Nata, mrih mundura. Kangjeng Sultan ing Demak anampèni sasmitanipun Kaki
Walaka, lajeng kondur ngadaton. Para wali rinilan bibaran, mantuk
sowang-sowang.
Sareng
dumugi sanjawining kori Brajanala, para wali sami paguneman, angraosaken Kaki
Walaka anggènipun wentala. Boten pasah kataman sakathahing aji panglerepan,
miwah donga sikara sapanunggilanipun boten rinasa.
Saking
pamanggihipun para wali, anarka dèdè manungsa. Wonten ingkang amastani dhanyang
perayangan ingkang rumeksa ing pura. Trekadhang wonten ingkang amastani
kadangipun Sang Nata piyambak ingkang lair sadinten. Pangintenipun para wali,
nalika kataman ing reretu, Sang Nata manekung dhatengipun kadang papat kalima
pancer, nanging ingkang sawujud amung satunggal, sedya badhè labuh ing
sungkawèndra. Awit manungsa punika, manawi sanget pangèsthinipun anekakaken kadang,
yekti kadugèn. Manawi mboten makaten pasthi sirna kataman ing piranti.
Sunang
Punggung, Sèh Lemahbang, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara mangsuli, “Manawi saking
pamanggih kula, malah sanginggiling sadhèrèkipun sakawan kalima pancer. Inggih
punika amujudaken cipta, rasa, angen-angen. Saking sangetipun sungkawa, temah
kawasa angumpulaken tigang prakawis dados satunggal, nama Hyang Cipta Hening.
Tegesipun, Kaki Walaka wau suksmanipun Kangjeng Sultan. Tandhanipun, saged
angraosaken kaluwihaning wali. Ewadène bènjang ènjang dalu, manawi sami
wangsul, prayogi nywun lilahipun Sang Nata, Kaki Walaka dipun ruda peksa ing
kathah.”
Gantya
kacariyos, sakonduripun Nata, Kaki Walaka tinimbalan, dinangu sawewadining
sedya, duk patemonan para wali. Kaki Walaka matur sajarwa, “Dhuh Sri Nata,
sayektosipun amung sedya andadar kadibyanipun para wali kèmawon, menggah
pangreksaning praja, punapa pancèn mimbuhi santosa punapa mboten. Wasana
kalèjemipun amung gumulung èla-èlu
kèmawon. Wonten ingkang radi patitis. Sunan Giri asring dhoyong. Wonten ingkang
moncol pangawikanipun. Sunan Kudus karem jejailan. Seh Lemahbang samukawis
ngujubriya, angoglèng ngengkoki, tanpa dipun waranani. Dados satengah kupur,
Seh Molana Ibrahim Jatiswara nyata punjul, nanging pakèwed, margi saking kasoran
talitinipun. Dados sadaya wau tangèh anyamènana Susuhunan ing Ngampèldenta
kalih Susuhunan Bènang. Punika nyata trus ing lair batinipun. Wonten malih wali
balila ing ratu, Susuhunan ing Kalijaga. Upami puruna ngumpul para wali, kados
tetiga punika kèmawon saged nguwawèni pangreksaning praja.
Sri
Nata tetanya malih, “Satuhunè sira kaprenah apa lawan Susuhunan Kalijaga, dènè
bangkit anggancarakè?”
Kaki
Walaka matur, “Dèdè sanak, dèrèng natè uninga. Amung gethok tular karna
binandhung, indhaking pawartos kèmawon ingkang kula cariyosaken punika. Papan
prenahipun wisma tan uninga.”
Sang
Nata malih pangandikanipun dhateng Kaki Walaka, “Yèn nyata sira durung wanuh,
durung weruh, pagenèya sira kaduk wani nanggulangi para wali? Saka
panawangingsun, sira kadi ana kang ngajani.”
Kaki
Walaka matur, “Boten.”
Sasampuning
imbal wacana, kasaput ing ratri, Narèndra tedhak ing panepèn malih, amanggihi
para wali. Kaki Walaka tansah atut wuri Sang Nata, tunggil lungguh kalih
palawija pun Wada, Wadaka. Ing ngriku Kangjeng Sultan ngandika asmu pegel,
angraosaken para wali kalih Kaki Walaka.
“Hè
para pinundhi, dahat kodheng pamanggih kula, dènè jengandika kadi badhè ngrebut
prang. Katawis pating bathithit. Nitya sirung, serenging pandulu lir mulat
dhem-dhemanipun, dènè jengandika anon tiyang kebon kèmawon dadak murang-muring.
mBok radi kasarèhaken sawatawis. Manawi anggung makatena, temah lèna
rumeksaning nagari, mimbuhi karubetaning manah kula. Dados ing panepèn punika
boten kaanggè nenepi, boten sedya semadi, tansah kaanggè padudon ingkang tanpa
waton.”
Para
wali sareng ngulap sirunging nityanipun Sri Nata, temah tumungkul, tan ana
saged amangsuli. Ananging wantuning sampun sami kumpul ing rembagipun, dados
amung ngentosi jengkaring Nata kemawon. Sedya badhè ngrujak Kaki Walaka.
Duk
samana Sri Nata lajeng kondur ngadhaton, saking kirang mirena aningali
patrapipun para wali, sampun boten kènging dipun pambengi. Wasana asmu kaaben
kèmawon. Kaki Walaka tinilar kari priyangga.
Sapengkeripun
Sri Nata, anelik saking jawi gubah. Kaki Walaka lajeng ngrasuk busana sarwa
langking, cundhuk sekar wora-wari bang, Sunan Panggung kalih Seh Lemahbang, Seh
Molana Ibrahim Jatiswara, sakawan Sunan Ing Majagung, Sunan ing Gunungjati, duk
ningali dhateng rèkanipun Kaki Walaka, lajeng sami medal ing jawi, awit boten
pangling ningali gelaripun Kaki Walaka. Nyata yen Sang Pinudya.
Kala
samanten Sunan Kudus dalah para wali tuwin pamagangan sakantunipun sampun
sagolong gumulung ing galih. Amung Sunan Giri ing galih karaos sumelang. Mila
sareng Sunan Kudus, Sunan Muryapada sakancanipun sareng mengsah, Sunan Giri
cangkèlak wangsul, malah medal ing jawi, nunggil pangintipanipun para wali
ingkang medal wau, sarta lajeng nunggil lawan Sang Nata.
Kacariyos
salebeting dalem panepèn swaranipun sakalangkung ramèning solah, sabawaning
patrap. Amung swaraning pangucap boten mireng. Dadya amung pating kalepruk,
pating kalebrug, pating galudhug, dènya ngrubut Kaki Walaka. Amung kanyatanipun
Kaki Walaka wau boten mingset saking palungguhan. Amung èca-èca anggènipun nata
cundhuk, utawi ngilo, apepidihan sarwi nggebeg sarunganing wangkingan kèmawon.
Dènè
ingkang pating galebrug, ting galudhug punika Sunan Kudus sakancanipun, anggung
larak-linarak piyambak, gèrèt-ginèrèt, dugang-dinugang, bithi, tabo-tinabok,
jengkang-jinengkang, larak-linarak ramè.
Dangu-dangu
Kaki Walaka welas aningali solahing pasulayan. Kaki Walaka lajeng muksa tan
katingal. Sunan Giri rikat malebet ing panepèn kaliyan para wali ingkang sami
umpetan, atut wuri Kangjeng Sultan. Sapraptaning dalem panepèn lajeng misah
para padu kalintu padu sadaya.
Sareng
sampun sami pisah Sunan Giri angandika, “Sapa kang padha sira karubut? Dènè
mungsuhira suwung. Wasana sira regejegan lawan sakancanira para wali. Kaya
priyè pangrasaning tyasira kabèh?”
Sunan
Kudus, Sunan Muryapada matur piyambak-piyambak. Saking pangraosipun para wali
wau ugi angrubut Kaki Walaka. Jalaran tinubruk ngiwa, manengen. Ing kidul Kaki
Walaka, mangalor Kaki Walaka. Nadyan tinubruk saking lèr, mangetan. Rinujak,
manengah inggih ical. Dangu-dangu ribut panduluning para wali.
“Kaki
Walaka pating sariwet, manengah langkung kathah. Busananipun sadaya sami,
cundhuk sekar wora-wari bang. Sareng Paduka pisah punika, Kaki Walaka sirna tan
katingal.”
Mila
para wali sami rèbat, rumaos kasoran ing adilaga. Cipta mati, yèn tan
kecepenga. Nanging Kaki Walaka lajeng boten katingalan. Temah gelaning manah
dènè mengsahipun miruda, tan panggih ing adilaga.
Sunan
Giri sakancanipun ingkang ngintip sadaya sakalangkung gumujeng ing panggalih
dahat. Temah angandhika dhateng Sunan Kudus, “Hè Jebèng, boya menang sira
aprang lawan wong sudra papa. Mung sawiji baè sira bangganè, karana Kaki Walaka
sira krubut ngakèh. Ora layak mungsuhira sirna.”
Ing
nalika punika Sunan Kudus sakancanipun dahat merang ing galih, dènya kawelèh
ing ngayuda. Dangu-danguning paguneman, Sultan Demak anambungi pangandika,
“Menggah menanga kalih Kaki Walaka, paèdahipun punapa? Ingkang dipun kukup
punapa? Layak kèmawon Kaki Walaka kasoran yuda, awit satunggal kinarubut ing
kathah. Upami para wali kalindhih ing adilaga, sapinten susahipun, dènè ngrubut
tiyang satunggal kèmawon ngantos kawelèh. Mila mbok inggih dipun engeti, tembè
wingking upami wonten lelampahan ingkang kados punika. Mindhak nyenyamah badan,
angapesaken dhiri. Luhung kinèndelaken kèmawon. Tur kantun mirengaken
sakojah-kojahing tiyang alit sudra papa.”
Sunan
Kudus sakancanipun sami boten saged amangsuli. Amung tumungkul, asmu mèrang
dahat. Dèrèng kèndel dènya imbal wacana, kasaru dhatengipun Sunan Ngudung.
Dadya lajeng winartan sasolahing pancakara. Sunan Ngudung ambekuh makaten, “O
hah, wong ngatuwaku, teka dadak kapilarè temen, dènè wus anthuk dhawuh
wewelingè Sunan Ngampèldenta miwah wewelingè Sunan Bènang, menawa ana lelakon
aneh kang luwih saka kalaumrahaning ngakèh, aja wani-wani anyulayani, karana
Sunan Kalijaga sukak anyoba ing sapadha-padha. Panyobanè mung saka arep nonton
tekading wong sawiji-wiji. Wekasanè mung mamrih rahayuning tumitah kabèh.
Kapindhonè,
yèn ana lelakon anganèh-anèhi, mangka dudu sawantahe, iya iku tandha
panggawèning Pangèran Kang Agung, enggonè bakal amaringi lelakon becik-becik.
Wasana wong ngatuwaku dalah para wali padha kapilarè temen. Malah padha kuwalik
panemunè, anuruti hardanè, angumbar nepsunè. Dadi tan rumeksa ing ratu, ora
ngèman dhirinè. Mangka wus jumeneng wali, iku mung kari ngidaki benerè baè, ora
perlu maèlu kang tanpa perlu. Awit wis pinundhi-pundhi sanagara,
sinembah-nembah putra santana, anak-putu. Tanpa gawè yèn padha maksih
ngunggarakè kanepsonè.”
Kangjeng
Sunan ing Kudus saya mèrang ing galih, nalika ingkang putra piyambak tumut
ambubuh. Wasana dupi Sang Nata wus jengkar saking sèwaka, para wali ingkang
mentas pancakara sami lèrès, medal sedadya, amung ngenggar-ngènggar galih
dhateng wana-wana.
Saking
sanget kalingsemipun, Sunan Kudus sakancanipun para wali sami kalimpukan wonten
ing wana Kardhayana. Saking Demak ngidul-ngètan, lampahan sadinten sadalu.
Laminipun para wali andhelik, dhateng wana satengah wulan.
Dumadakan
wontenipun ngriku dipun opèni tiyang èstri, wismanipun ropoh roning jati aking.
Suprandosipun saged angaturi sugata sawontenipun. Saking katuju ing karsa, para
wali wau temah arerèwang ngupados kayu rèncèk, sarta ngupayakaken barang
saisining wana-wana. Kados ta : ndhudhuk wi gembili. Saking kalabetan saè,
dados kedah amales sasagedipun. Sareng antawis dangu, Sunan Muryapada tetakèn,
“Hè Nyai, pagènèya sira wong wadon wis tuwa wisma samadyaning wana, tanpa
rowang? Apa tan duwè sumelang? Lawan saka ngendi kang minangka ular-ularing
pangan?”
Kang
dinangu matur makaten, “Anggèn kula gegriya wonten wana punika sampun sinedya,
sarta mituhu sapakèning gurulaki kula. Anggènipun, nedha inggih amung
angandel-kumandel ing Pangèran kèmawon. Awit kamirahaning Allah punika boten
kènging kinaya ngapa. Sayekti saenggèn-enggèning gesang, sinung pangan. Nadyan
uler salebeting kayu, watu, inggih sami dipun gantungi tedha.”
Sunan
Muryapada miwah Sunan Kudus anganthuki bener, “Masak Allah, sira wruh
kamurahaning Pangèran Kang Murba Kawasa Amisèsa. Mungguh lakinira iku sapa?
Anambut gawè apa? Teka wus suwè durung mulih mrènè.”
Kang
dinangu matur sajarwa makaten, “Semah kawula nama Kaki Walaka. Pakaryanipun
amèt rumput. Nanging saben angsal rumput pangaritipun punika boten dipun sadè.
Amung ngupaya kapal utawi maèsa, lembu ingkang gering. Saben dinten tanpa
kendhat. Sato kèwan, sakinten sakit lajeng dipun sukani, saras. Yèn siyang sadè
sekul, kaideraken dhateng dhusun ngadhusun. Manawi dipun tumbas, boten suka.
Pakartinipun amung sinungaken tiyang miskin. Pinggir margi sami sinungan tirta
wening anèng wadhah, supados kaanggè ngunjuk tiyang miskin. Dènè simah kawula
punika sajegipun gesang, boten nyepeng punapa-punapa, sarta boten natè nedha.
Kaki Walaka wau remenipun lelana sapurug-purug, sarta boten natè kekaya dhateng
kawula. Dènè Gusti Allah inggih paring kamirahan. Amung sèmah kawula, Kaki
Walaka punika, manawi nuju wonten griya, tetiyang ingkang sami pepanggihan
tansah lumintu, boten pedhot ingkang kula anggè nyugata dumadakan mboten
kirang. Sarta Kaki Walaka wau boten mesthi naruwe tetiyang. Saben dhatèng
namung kinèndelaken kèmawon. Suprandosipun kathah ingkang dhateng, nyuwun sabda
pangèstu. Tur para ingkang dhateng punika mawi ambekta, inggih boten. Yèn
wonten tiyang dhateng mawi angsal-angsal, malah dipun wangsulaken.
Suprandosipun rijeki kula sakalangkung kathah, utawi lajeng kula sukakaken
anak-putu kula sadaya, waradin. Ing wewadhah tuwin lumbung sanget luberipun.
Dènè yèn sèmah kawula, Kaki Walaka, wau kèsah, mangka kula katamuan, agengipun
sanak sadhèrek darbè karya, wadhak kula donya sampun isi. Dados boten
garobyagan uru-urun.”
Para
wali sadaya kagèt, panggalihipun sanget ngungun. Kathah kaduhungipun wardaya.
Mila sareng dipun cariyosi makaten punika, sangsaya kathah mèranging galih, lajeng
nedha pangapunten, badhè andugèkaken lampah. Ingkang liningan nyumanggakaken
ing karsa.
Enggaling
carita para wali, lampahipun saya sampoyongan, awit saking sayah dènya ngengudi
weninging karsa. Wasana malah mboten kèsah-kèsah. Ing mangkè para wali ingkang
sami kabuka sesikuning Allah, lajeng saya sapurugipun. Wonten salebetipun
pakaranganipun Nyai Walaka ngantos kawekèn ing galih, dènya para wali tansah
bola-bali, boten saged lajeng medal. Wantuning tyas kawelèh, temah mudalèh, “He
Nyai Walaka, kapriyè anggoningsun arsa lumaku, dènè tan bisa metu saka
pakaranganira? Apa duk lagining bebadra, apa sira mendhem oyot mimang? Marmanè
ingsun sarananana, supaya aja bingung bola-bali. Dène saluput-luput, manawa ana
garap gangsulè iya kang agung aksamanira.”
Nyai
Walaka matur, “Boten kawula pendhemi punapa-punapa. Dènè anggèn Paduka boten
saged medal saking pakarangan punika, bokmanawi wonten ingkang gadhah osik
kirang prayogi, awit welingipun sèmah kawula, sanadyan kutu-kutu wong alang
ataga ingkang malebet pakarangan kawula, mangka gadhah osik awon, tamtu boten
saged mantuk. Mila sèmah kawula welingipun, sinten ingkang malebet ing
pakarangan ngriki, kula kapurih nyaèni. Sukur kawula saged boja, yèn boten
sagedipun, kula inggih krama. Kawula wineling, sampun ngantos gadhah renguning
nitya. Ewadènè rèhning Paduka punika Panjenengan wali, kawekèn punapa ambirat
pakartining ngalit? Yèn kula sageda, saèstu lajeng kula birat sesaratipun.
Rèhning amung wewelinganipun tiyang jaler, dados kedah ngentosi sadhatengipun
bojo kawula. Dèrèng kantenan antukipun.”
Ing
nalika punika para wali dahat sungkawaning galih. Malah sampun sami ngedalaken
daya prabawa miwah mangunahing pandhita. Wekasan sami boten amratandhani.
Kinetoga dayaning budi, tan anglabeti. Wasana Sunan Kudus lajeng asrah jiwa
raga dhateng Nyai Walaka, ing lair-batin, awal-akir boten niyat anyidranana
pangucap. Para wali sadaya anut sumpah dhateng Nyai Walaka, boten sedya
anyidranana pangucapipun piyambak ingkang sampun konus sumungkemipun dhateng
Nyai Walaka. Saking sangeting panalangsa, Nyai Walaka welas aningali, lajeng
gadhah atur wewangsulan, “Masak Allah, manawi dhasar sanyata antep Paduka, kula
amung darmi ambuka wewelingipun sèmah kawula. Daweg Paduka sami kula irit
malebet ing guwa wingking griya. Mangkè yèn
kapanggih bojo kula, mitembunga piyambak. Kados antuk pangaksama.
Ananging lebet Paduka dhateng guwa, angucapa makaten : (para wali nuruti)
“Ingsun
Kang Agung, Kang Amaha Kuwasa Suksci sajati. Iya Ingsun Amisèsa, iya Ingsun
Kang Wenang Angluwari rubet rentengingsun dhèwè. Ora ana Pangèran anging Ingsun
Sajatining Dat, kang anglimputi ing sipatingsun. Anartani ing asmaningsun,
amratandhani ing apngalingsun. Byar sampurna padhang terawangan, ora ana
apa-apa. Anging Ingsun kang binuka saka kijabingsun dhèwè. Wus sanyata kasahid
dèning Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, kalawan anteping kodratingsun.”
Sunan
Kudus sakancanipun sami nurut sawewarahipun Nyai Walaka.
Dupi
wus malebet ing guwa sadaya, para wali lajeng sumrepet panonipun. Kadi ngambah
ing ngalam kanyut. Sakedhèping nètra para wali sampun dumugi ngarsa Nata, sarta
Kaki Walaka taksih sumiwi sakiwaning Narèndra.
Kacarita
praptaning para wali wau sadaya dahat pucet-pucet nityanipun. Sang Nata
tetanya, temah matur sajarwa sadaya. Sang Nata dahat pungunguning galih. Dupi
wis sawatawis dangunipun, Sang Nata aparing dhawuh, yèn ing mangkè parenging
karsa Nata nadhè ngalap berkahipun Kaki Walaka. Para wali dhinawuhan
angèstreni, karana sampun dados patembayaning karsa. Mangkè ratri tinemtokaken
Sang Nata anggeguru dhateng Kaki Walaka. Manawi wonten ingkang dèrèng
nembadani, kalilan darbè atur.
Kala
samanten para wali sampun jumurung, boten anulayani, karana sampun rumaos
kasoran ing ngilmunipun, dalah kaluwihan ingkang medal saking gaib inggih
kalindhih. Mila satunggal boten wonten ingkang nulayani.
Sasampunipun
makaten, Kangjeng Sultan ing Demak lajeng kondur ngadhaton, angrakit
sapakartining puruita. Dènè ingkang kapareng bèla : palawija kalih pisan, pun
Wada, pun Wadaka. Sami binusanan saèngga pangantèn sapekan. Kaki Walaka ingkang
kapitados mbusanani para wali, inggih amung Sunan Giri, Sunan Kudus,
sapanunggalipun. Nanging Kaki Walaka boten purun sinalinan busana. Mila sareng
dumugining ratri, Sri Nata sampun miyos. Dupi aningali kusuting busananing Kaki
Walaka, Sang Nata asmu duka. Nginten para wali ingkang gething, boten purun
ambusanani. Para wali matur sajarwa, yèn Kaki Walaka boten purun santun busana.
Wangsulipun makaten, “Manawi pancèn rinilan Allah, sami sanalika kèmawon saged
antuk busana.”
Sareng
sampun dumugi wanci sirep tiyang, para wali sapamangangan pepak, sami ngadhep
ing ngarsa Nata. Dènè para wali ingkang sepuh-sepuh kalilan lenggah jajar lawan
Sang Nata.
Sasampuning
makaten Kaki Walaka matur bilih kapareng nyuwun lenggah nginggil, majeng mangètan.
Kangjeng Sultan miwah para wali kinèn ngadhep majeng mangilèn. Narendra
mituruti.
Dupi
wusing mangkana Kaki Walaka lajeng ngadeg sarwi ngawè pun Wada kalih Wadaka.
Kaki Walaka lenggah ing dhampar kancana, amung kalih Kangjeng Sultan Demak
piyambak. Palawija kalih pisan sami mèpèt sangandhaping dhampar. Para wali
lenggahipun amung wonten kursi kèmawon, sarta radi tebih kaliyan, pamejangipun.
Dados pamirengipun amung gremeng kèmawon.
Ing
nalika punika para wali sami ajrih ndengèngèk, awit sampun rumaos kalindhih
sarèkanipun, kawelèh saakalipun, kawirangan rambah-rambah, sarta katutupan
wicaranipun piyambak. Dados sanget sumungkemipun kaliyan Kaki Walaka, sasat
pitik iwèn kaparekan ama.
Makaten
malih Sang Nata, dhasar sampun sinedyakaken ing Guru Rama, tumanceping manah
sasat angluluh sarira. Mila nggung tumungkul, ajrih tumenga. Amung palawija
kekalih ingkang ngawasaken dhateng Kaki Walaka.
Dènè
para wali ingkang sumerep dhateng Kaki Walaka amung Sunan Giri kalih Sunan
Panggung. Sunan Ngatasangin, Sèh Lemahbang, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, tamat
dènya mancala warni.
Sareng
sampun matrapaken pangandika sapisan, saparluning wewejangan, Kangjeng Sultan
Demak kalilan tumenga, margi badhè kagelaraken paraboting ngilmi.
Kangjeng
Sultan ing Demak duk tumenga, boten wawang yèn ingkang Kaki Walaka punika
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.
Knagjeng
Sultan boten saranta, sigra angrungkebi pangkonipun, nanging Kangjeng Sultan
ing Demak lajeng dipun inggati. Sunan Kalijaga muksa sakala, tan katingal,
amung kantun warni cahya gumilang tanpa wawayangan, sumorot amrabani sadalem
pura.
Ing
sawatawis dangu cahya sirna. Kang tinilar lengleng ing driya, lir tinebak ing
mong tuna. Ing ngriku para wali sadaya luwar sungkemipun, awit sampun
ngandel-kumandel dhateng gaibipun Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga. Nyata yen
katrimah ngilminipun, nyata yèn sampun waliyullah Gaib, nyata yèn dados
panggayuhipun, rinilan manjing Rijalullah Gaib. Mila Susuhunan ing Giri
sakancanipun ènggal dènya marepeki Kangjeng Sultan ing Demak, sarya ngrerepa,
amrih lipuring Narèndra, dènya lara karuna saèngga kantu, tan enget ing purwa
duksina.
Dupi
wus paripurna, lajeng lenggah ing singasana, kaapit-apit para wali sepuh-sepuh,
kaadhep para wali anèm dalah pamaganganipun sadaya. Amung pun Wada lawan wadaka
ingkang marepeki Sunan Kajenar, kalih Sèh Ibrahim Jatiswara, awit palawija kekalih
punika maripatipun amung mantheleng, boten kedhèp, kadi mata walangen. Dupi
sampun sami waluya jati, temah taken-tinakènan sababipun sami kami tonggongen.
Ingkang dinulu punapa, ingkang mitakoni sinten ? Yèn kagèta, dènè sidhem, tan
ana swara sora, boten wonten tetingalan punapa-punapa.
Pun
wada, Wadaka matur, “Saking kami tenggengen ningali warnanipun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga, dènè mawa cahya mancur, mancorong gumilang tanpa
wewayangan. Dados anggèn kula mantheleng boten kadhèp, saking kasorotan cahya
nurbuwah. Dados cahyaning nètra kurub, kalimputan ingkang mancur mancorong wau.
Wantunè kula taliwining ngalit balaka, sajeg kula gesang saweg punika uninga
prabaning cahya anglimputi bawana. Dados lajeng anglarataken cahyaning nètra
kawula..”
Para
wali atetanya malih, “Mungguh pangrungu kita duk amedhar rahsa gaib marang
Kangjeng Sultan Demak, apa sira angleng pangandikanè Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga?”
Pun
Wada, pun Wadaka matur, “Inggih mireng cetha, sarta kula cathet saparluning
wewejanganipun dhateng Kangjeng Sultan Demak.”
Pandangunipun
para wali dhateng pun Wadaka, Wada, tansah dineder saparluning wejangan. Pun
Wada, pun Wadaka matur, “Boten saged anggancaraken. Amung saking ancer-ancer
kèmawon ingkang kula tampèni. Wisikan ananing dadya. Manawi duk misik dhateng
Kangjeng Sultan, pamireng kula sasahidan kanyataan ing dalem rahsa rumasa,
sarta anggelaraken wisikan kahananing Dat kang mutlak, kang kadim ajali abadi,
tuwin ambabar budiman ingkang amratandhani purba wasèsaning Dat Kang Mahasukci.
Pungkasanipun amedharaken Kajat Jatiwasèsa, inggih punika nyataning Kawula
Gusti. Dados anedhahaken Sangkan Paraning Tanajultarki, katetepaken
pangawasaning tèkat ingkang dhateng pangancas panjing-suruping pati, neteg
sahadatipun Kangjeng Sultan. Saweg saangkatan lajeng katungka wonten prabaning
cahya nurbuwah, winantu jasat kawula kami tenggengen punika wau. Dados gagar
boten kantenan.”
Para
wali jalimet dènya tetakèn. Pun Wada, pun Wadaka sugal wewangsulanipun, “Kadi
pundi dadak tansah tetaken? Punapa ngilmi punika wonten bèdanipun ? Menawi
pancèn wonten bèdanipun, kula nrimah. Manawi boten bèda, kadi pundi sami
pangkating wali sami ndhedhes dhateng kula ? Sok makatena Jengandika sadaya
dereng paja-paja ngèmperi Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Dados Jengandika
punika kènging dipun wastani mentah ngilminipun, awit tandhanipun para wali
tanpa mangunah. Mangka tiyang ahli ngelmi kasampurnan punika, manawi sged
angancas dadining awal-akir, nyata kawasa. Wasana kagètan, gumunan, èraman.
Manawi
tunggil cecepan, tamtu boten parlu andhedhes dhateng kula. Balik kula saweg
kaparingan barkah kala wau dalu. Tamtu dèrèng kacanthèl. Ingkang sampun lami
dadak adeling-delingaken. Yèn makatena, tetèla Sunan Benang utawi Sunan
Ngampèldenta anggènipun paring pusaka mawi pilih kasih. Tandhanipun boten
kadunungan budi jatmika, boten anglebeti panguwasanipun, pinareng gesang ing
awal-akir. Inggih punika tetep kayun pidarèni. Tegesipun : gesang toya kalih.
Wonten ing alam dunya gesang, wonten kahanan ngalam akirat saged saged gesang.”
Boten
kacarita pandhedhesing para wali dhateng pun Wada, pun Wadaka. Sakonduripun
Kangjeng Sultan ing Demak, para wali tansah paguneman angraosaken gaibing
Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mila parawali sepuh, sanget panggagasing
galih, dènya bèda lawan ingkang ngumbara. Dènè para wali ingkang nèm, sarta
para pamaganganipun saya kirang gadug panggagasing galih.
Amung
Susuhunan Panggung ingkang sampun ngregem wasitanipun Kangjeng Susuhunan
Kalijaga. Mila sumalonong atur dhateng Sunan Giri, Sunan Kudus, kados ing
punika pagunemanipun.
“Kula
punika inggih sampun angsal berkahipun Kangjeng Sunan Kalijaga, nanging amung
gelaran wahananing Dat kèmawon punika ngantos sawarsa dèrèng saged ngregem
parlunipun. Ngantos dumugi sapriki meksa dèrèng mangerti nyatanipun. Mangka
Kangjeng Sultan kaliyan pun Wada, pun
Wadaka, anggènipun amaringi amung sadumuk malih, sageda gadug. Mila dados
sakalangkung panggagasing manah.”
Sunan
Kajenar, inggih Sèh Lemahbang amangsuli sugal dhateng Sunan Panggung, “Äš, boten
kadosa anggènipun ngraosaken, Sunan Panggung. Teka gampil temen pangandika
Paduka. Menggah kahananing ngilmi punika tanpa kira, boten kènging kinaya
ngapa. Sanadyan dipun jinggleng wewarahing wewadi, ananging dèrèng binuka
kijaping Pangèran, yekti datanpa damel anggegurua. Awit ngilmi kasampurnan
punika manawi boten angsal kanugrahaning Allah, tamtu tuwas tiwas, tur tanpa
damel anggènipun puruita.”
Sunan
Giri angandika, “Yèn mangkono sira iku wis pinaringan barkah lawan Sunan Kali ?
Kalèjemè malah kalawan Sunan Panggung. Yèn cilikanè Sèh Molana Ibrahim
Jatiswara uga katara kedalè pamicara utawa rerasanè marang bangsa rahsa, akèh
sulayanè. Tur ingsun iki kabèh, para wali, uga padha wiji saka Sunan Benang.
Witè ing dhuwur pisan saka Ngampèldenta. Suprandènè kang wus katandha
kasunyatanè marang ngilmu makripat, Sunan Kalijaga iku wus antuk gaibing
kanugrahan. Mulanè kabèh para wali ora ana kang lawan mujijatè utawa
kanugrahanè.”
Sunan
Panggung matur, “Puanapa Paduka nama Kaki Walaka ? Para wali boten anyektosi,
dados ing mangkè wajib sami dipun èngeti, supados ing tembè yèn wonten
kaèlokan, dados boten balolokan ing paninggal. Ing nguni kula sampun angsal
dhawuh piwelingan kados ing ngandhap punika :
1.
Dhestar wulung, nyamping wulung, rasukan sami wulung,
cundhuk sekar wora-wari bang, wangkingan warangka ladrang kacothè ngajeng,
anyampiraken kacu gembaya.
2.
Dhestar modang cemeng, rasukan tiga gangsal, paningset
puluh watu malang, èpèk sangkelat cemeng, nyamping cakar ayam, nyampir kacu
baya gembaya, nyothè wangkingan.
3.
Sorban koncèran, baju kebayak mubah, ing jawi rasukan
antakusuma, nyamping gembaya, kacu gembaya, lancingan panji-panji, gasperan.
Panganggè
tigang prekawis wau dugi sapunika boten kènging tinulad, yèn maha katamun
walad.
1.
Yèn cara kaji, busananipun dhuwung kaagem salebeting
jubah. Ingkang dipun katingalaken amung jejeranipun.
2.
Yèn mangagem cara sudra papa, inggih sanget kusutipun,
kados tiyang miskin, ananging ginemanipun kedah kumalungkung, angungkul-ungkuli
sasamining tiyang.
3.
Yèn mindha pawèstri, ingkang dipun agem bangsa aji
pangapesa, sasaminipun. Mila duk mindha tiyang ngarit, nama Kaki Walaka,
ginemanipun langkung adigang adiguna. Mila manawi kirang mulur panggalihipun,
tamtu dados pasulayan, awit saking ngungasaken pangawikanipun.
Sunan
Giri miwah Sunan Kudus dahat sukaning galih, jalaran sampun tinedahaken
titikanipun. Saupami boten dipun aturi, ing wuri badhè kasaluru kados ingkang
sampun kalampahan. Temah badhè nuwuhaken salah surupanipun. Sareng sampun
jinarwanan dèning Sunan Panggung, sadaya suka ing galih, jalaran para wali
punika sampun sami suka sumungkem ing galih dhateng Sunan Panggung kalih Sunan
Kajenar, tiga Sèh Ibrahim Jatiswara. Tetiga punika sejatosipun sampun nyuwun
widana. Tegesipun : nyuwun barkahing Pangèran Kang Agung. Nadyan wong pidak
padarakan, kedah canjè-canjè. Punika tembung Arab ingkang dèrèng wewangunan.
Tegesipun : ingkang nyata nyatanè. Manawi sesikuning Pangèran, jampènipun
andaluya punika giniro-gira, supadosipun harja kanjeng suistha jampi.
Menggah
ingkang kasebut ing suwalik punika, saking pikajengipun Sèh Ibrahim Jatiswara.
Tembung Canjè wau nyata.
Ginira
andaluya punika tiyang ingkang ngglangyong tanpa kering.
Harja
kajeng suistha jampi tegesipun : kang urip ora kena pati.
Rèhning
Sèh Ibrahim Jatiswara pègo, dados boten cetha wicantenipun. Upami cetha
makaten, Para wali sadaya, mugi sami anengerana. Yèn wonten larè gelanyong dèdè
suwadosipun, inggih punika nyata Sunan Kalijaga. Inggih punika ingkang urip tan
kena ing pati. Kang langgeng, ora kena ing owah gingsir. Mila mawi kapethuk
sadaya wau, mugi dèn prayitna. Utaminipun, manawi karsa mampir. Manawi boten,
inggih ingkang ajrih, ingkang kurmat. Awit manawi wonten tiyang ingkang
menthangul, malah dipun perpeki.
Lega
tyasè para wali sadaya, rumaos ing tembè badhè boten kènging cobinipun Kangjeng
Sunan Kalijaga, awit sampun angsal pitedahipun Sunan Panggung bab ingkang dipun
agem sadintenipun, utawi pangagemanipun ingkang padinan.
Kacariyosaken
sasampunipun makaten, para wali lajeng lelana, ngupados siti payah, awit sayah
nalika rerejenganipun sami dipun abèr-abèr kajalonipun. Awit manawi ngalempruk
sadaya, inggih katut papa sangsara.
Kala
samanten para wali lajeng darbè musintarasab, tegesipun : marèntah. Dados
tiyang Demak sadaya sami manut dhateng Sunan Giri, lamenipun sadasa taun.
Sareng mentas kapacel dèning Kangjeng Sunan ing Kalijaga, tiyang Demak lajeng
sami purun manut.
Ing
nalika samanten Sunan Giri lajeng wiwit malincur. Arang sapatemon kaliyan
Kangjeng Sultan, rukun kaliyan Sunan Kudus. Dipun timbali sapisan kaping kalih,
ngantos kaping rambah-rambah, meksa boten dhateng. Kangjeng Sultan dahat
sungkawaning galih.
Anuju
satunggal dinten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga anedhaki, sarwa tetakèn, “Apa
sababè, kadi ana kang rinasa ? Mungguh mirudanè Sunan Giri lawan Sunan Kudus
iku, anutugakè babangus Arya Jipang, supaya sida kalakon angraman. Kang iku,
Jebèng, aja sira rasakakè, mundhak ngungkat-ngungkat nalar. Anggur sira
mamardia rahsaning ngilmu. Ayo ginilut kang prayogi.
Kala
semanten Kangjeng Sultan Demak kaliyan Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga sampun
sami malebet ing kadhaton. Pun Wada, pun Wadaka boten kènging kantun. Sakawan
pisan wau lajeng terus tedhak ing patamanan, tumamèng Wisma Kembang (Keterangan
: manawi jaman samanika winastan Bandengan, A.H.). dumugining ngriku Kangjeng
Susuhunan Kalijaga angandika makaten :
“Jebèng,
ing mengko ingsun ambalèni wewejangan kahananing Dat, kaya mangkènè. Tilingena.
Sajatinè
ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-awang, durung ana sawiji-wiji. Kang ana
dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangeran, anging Ingsun, sajatining Dat kang
anglimputi ing sipatingsun, anartani ing amaningsun. Iya Ingsun sajatining Dat
Kang Murba Amasèsa ing ngalam kabèh.
Mungguh
sajatining Dat anglimputi sipat iku, iya rupa kita pribadi, sanyata kalimputan
Dating Pangeran Kang Agung.
Anartani
asma iku iya nama kita pribadi, nyata kaaken sebuting Dat Kang Wisèsa.
Amartandhani
apngal iya ya solah bawa kita pribadi, kaaken pakartining Dat kang èlok.
Ing
kono sira wus aja nganggo uwas sumelang manèh, awit satuhuning sipat kita iku
nyata katitipan rahsaning Dat Kang Sampurna. Tandhaning manungsa kaaken Kalipah
iku, saka wus kanyatahan saliring rahsa rumasa, padha kapurba ana ing sira.
Mula
kasebut wewakil. Dadi ora mung Ratu kalawan kawulanè. Kabèh manungsa nyata
wewakiling Allah. Tunggal Kawula Gusti, tanpa antara kahananè; tanpa sesawangan
wahananè.
Dènè
kang kasebut wewakiling Allah iku Ratu. Mung dianggo misahakè sarèngat lawan
hakèjatè baè.
Mula
dèn awas, aja uwas. Nyatanè kabèh manungsa pada nganggo pirantining jasat. Ora
bèda lawan praboting Ratu. Ngibaratè mangkènè :
1.
Kang dhingin, Ratu iku kaupamakake sipating Gusti. Tandhanè,
wenang murba amisèsa. Mungguhing sarèngatè, sapa madhani Ratu ?
2.
Kang kaping pindho, Kawula iku minangka warangkaning
Gusti. Yakti ora kena yèn oncata salah sawiji.
Upama
kawula tanpa Gusti, sasat embanan tanpa sesotya. Dadi kaupamakakè kinjeng tanpa
soja, anggalandha kari kandhang.
Mangka
sajatining kawruh iku iya dèn kongsi weruh. Ngilmu Makripat iku kawruh kang wus
kasat mata nyatanè. Kaya kancana winor lawan sarining tembaga, pasthi ilang
wujuding loro.
Pasthi
dadi sawiji. Aranè suwasa mulya.
Ing
kono maring endi wujuding kencana ? Tiba ngendi sipating dembaga sari ?
Iya
iku sejating Kawula Gusti. Yakti nora keno yèn kasebut roro. Mulanè wus aja
nganggo wani ambèdakakè. Nyata, yèn Kawula iya Gusti, Gusti iya Kawula.
Kangjeng
Sultan ing Demak utawi pun Wada, pun Wadaka saya ngregut pangisepipun. Sasat
bremara ngrabasèng kusuma. Ambangengeng tanpa kèndel, yèn dèrèng telas maduning
puspita. Wasana nyuwun pitedah malih. Sadaya wau supados saya padhang,
kadhapurna ing dederahan.
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga amituruti. Kados makaten wejanganipun :
1.
“Jebèng, kang dingin dèn arani DAT. Tegesè : wujud
sawiji, nanging wenang murba amisèsa. Awit DAT iku sipating Pangèran. Marmanè,
yèn cilik samrican, binubut. Yèn gedhè angebeki jagad raya, jaba jero.
2.
Jebèng, kang dèn arani SIR, iku angen-angen. Iya iku
kang minangka warananing Pangèran. Iya iku bisa obah, tan nana kang ngobahakè.
Iya iku kakèkating rahsa. Wahananè wenang nganakakè roh. Dadi sipating Atma,
mahanani marang suksma, iya iku kang kasebut nyawa.
3.
Jebèng, kang dèn arani NUR ing cahyaning Pangèran,
kang dèn wenangakè dadi warangkaning suksma utawa bisa amrabawani sèsining
dumadi ing jagad raya.
4.
Jebèng, kang dèn arani KAYU iku uriping Pangèran, kang
wus gumadhuh marang Sir Nur. Marmanè kasebut HIDAYATULLAHI. Tegesè : nyata
uriping Pangèran.
5.
Jebèng, mungguh kang dèn arani NEPSU iku sajatinè
uriping cahya patang prakara, dadi sawiji anjajah saereping SIR, NUR, KAYU,
NEPSU. Dadi obahing patang prakara mau mahanani wewenanging angen-angen.
Mula
NEPSU dèn arani HAWA. Matekè angkara murka. Ananging ora kena yèn kapisahna,
awit minangko kekuwataning kahanan nyata.
1.
Jebèng, kang dèn arani APNGAL iku budi. Marmanè kena
dèn arani urip. Ananing Apngal enggonè urip mau kasorotan cahya patang prakara.
Marma bisa ambabar cipta, rasa, sapanunggalanè.
2.
Jebèng, mungguh jasad iku badan. Iya iku minangka
wewadhaning Dat sawiji-wiji. Kawasanè bisa ngrasakakè lara kapènak,
suka-sungkawa.
Namung
sawiji Jebèng, dèn awas èling. Kabèh kang wus ingsun gelarakè iku, senadyan wus
wenang sesilih Dating Pangèran, ananging ijih kena ing lara pati, ijih kena
ketaman ing rencana. Amung sawiji kang langgeng, ora owah gingsir, ora kena
lara pati, ora kena susah bungah. Iku mung asma kita sajati. Nyata urip, ora
ana kang nguripi.
Mulanè
ana ngibarating para Pandhita, dèn umpamakakè simbar nèng kakayan. Uripè mung
tumèpèl, tanpa milu pancering wit; ora milu nambahi oyod dhangkèlè. Suprandenè
ngrembaka.
Marmane
dèn awas èling, aja uwas sumelang. Lairè Dat iku wus kawengku ana ing sira
kabèh. Tegesè : iya aranira dhèwè.
Iku
kang kawasa mengku kabèh mau, awit mungging Pangèran iku ora kagungan nama.
Muhung angagep ing nama kita pribadi. Iku kang dèn aku sesebutaning Pangèran
Kang Agung, Kang Mahamulya.
Ing
kono sakaliring Dat kabèh mau ana sesebutan reringkesan, amung dhapur patang
prakara :
1.
DAT, tegesè : wujud.
2.
SIPAT, tegesè : lelungidan ing rupa.
3.
ASMA, tegesè : aran.
4.
APNGAL, tegesè : budi.
Patang
prakara iku nuduhakè kang mahanani Nepsu.
Marmane
Nepsu bisa kanggonan cahya patang prakara.
Iya
iku tandhanè panuntuning karep iku kabèh.
Kaya
tha :
1.
Cahya abang, pakaryanè bisa anggelar kang kaliru.
2.
Cahya ireng, pakaryanè anenuntun panggawè sisip.
3.
Cahya kuning, pakaryanè amemarah karep kang ora bener.
4.
Cahya putih, pakaryanè anenuntun budi dtuhaka.
Marmane
cahya patang prakara iku, nadyan ora mancorong, nanging amblerengi. Iku sangka
warna-warna prabanè. Ananging, sanadyan nepsu patang prakara mau mung anggelar
angkara murka, yèn sira bisa mepeti dedalanè, ora sumorot prabanè, pasthi ilang
panase.
Mungguh
sawantahè, wus kasebut ing wewedharan triloka. Kaya tha : Bètalmakmur, Bètalmukaram,
Bètalmukadas.
Telung
kahanan iku pasèwakaning Dat Kang Mahasuci. Marmanè yèn sira arsa sapatemon
lawan Kang Agung, Kang Mahaluhur, anetepana pepeti babulpranapa. Tegesè :
lawanging sawarga sangang prakara, kaya ing dalem panekungan, nutupi babahan hawa
sasanga :
1.
Netro karo. Iku memarah karep kang ala becik.
2.
Lèng grana karo, anggèrèt urub kang tanpa kira-kira.
3.
Lèsan anuwuhakè wicara kang tanpa prayoga.
4.
Parji, anuwuhakè karsa kang tanpa duga-duga.
5.
Dubur, anggepar raksa. Ing kono anyangga rekasaning
jasad.
Yèn
kurang awas, yakti nuwuhakè tiwas. Kabèh-kabèh iku lawang sanga, bisa dadi
dedalaning swarga naraka. Mulanè kang para sujana, para sarjana, ingkang ahli
budi, mardi nyataning ngilmu kasampurnan. Pasthi akèh kang padha anggelarakè
marang muridè, nanging gèyonganè trekadhang amung wewedharanè triloka baè. Dadi
gadugè, wong bisa mepet napsu hawa iku wus kalebu luwih. Wajibè kang anganggo
para wali sajroning praja. Suprandènè nadyan wus padha jumeneng wali, ijèh ana
ngeresing panemu. Marmanè sira dèn bisa mengku bener luputè para wali. Dèn
èling marang rubet rentenging dumadi ing ngalam dunya kabèh iki, karana iku
padha baè panggawèning Pangèran kang Amurbamisèsa.
Kangjeng
Sultan ing Demak wus padhang tyasira terawangan, sumarambah dhateng palawija
kekalih pisan. Pun Wada, pun Wadaka matur, “Gusti kawula kang aparing iman,
rèhning kawula lampahi pundi ?”.
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga ngandika, “Luhur-endhek, gedhe-cilik, padha baè. Amung
nganggo duga-duga. Tegesè : ing ngatasè wong cilik, nadyan ngilmunè dadi,
durung kuwat andulu anak-bojonè. Mulanè nadyan tumeka ing pati, titis
tumanjanè.”
Pun
Wada, pun Wadaka matur, “Nuwun kapundhi, amung sageda kalimputan ing sabda
pangandika, sarta kaparengena kawula mantuk dhumateng asal kawula ing tanah
Kidul. Bilih saged anglubèri anak-bojo kawula, sami katumusana ing sabda
pangestu.”
Kacariyos
pun Wada lawan Wadaka. Sasampunipun untuk nugraha saking saking berkahipun Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga, pun Wada, Wadaka sakalangkung memundhi. Wasana matur
nyuwun kanca, rèhning sampun sepuh, sarta sampun lami dènya suwita ing Nata.
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga ndangu asalipun, Wada, pun Wadaka. Asal saking dhusun
wanasida. Dinangu ing sedya matur, yèn kepingin pejah. Nanging senadyan sampun
kinubur, kaparenga taksih tumuntur ring karaton Jawi.
Äšnggalipun,
palawija kekalih rinilan mantuk, sarana pinaringan brana. Palawija kalih
dumugining alas Wanasida pejah. Nanging kuwandanipun kalih pisan kukut, tilar
weweling makaten, “Alas ing Wanasida akèh kayune jati siluman. Besuk dadia
pirantining karaton Jawa.”
Sareng
anak putunipun atur uninga, Kangjeng Sunan Kalijaga nedhaki piyambak.
Sarawuhing ngriku andangu dhateng warisipun, lamining tumeka dumugining pati.
Ingkang dinangu matur sajarwa, “Dhatengipun sèmah kawula punika saweg pendhak
dinten, lajeng pejah. Wewelingipun namung nedahaken, manawi sawingking griya
punika alas ageng. Kathah witipun jati, nanging kajengipun sami boten katingal.
Manawi badhè uninga, kedah sarana toya mawi sekar setaman. Ingkang dipun anggè
nandha, pangilon. Manawi katarimah, saged gana witing jati ageng. Ananging
manawi dèdè karaton Jawi ingkang ngagem, boten kènging.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga lajeng nglaksanani, dipun tandha sarana pangilon utawi
kembang sataman, kanthi dedupa kang agung. Sasampuning makaten, Kangjeng Sultan
namur kawula dhusun dhateng Wanasida. Dupi wus prapta lajeng sami nyatakaken.
Wasana kanyatahan, wana ageng katingal. Tuhu tanpa sela, wit jati ageng-ageng.
Kangjeng Susuhunan Kali lajeng dhedhawuh.
“Hè
bojonè Wada lawan Wadaka, ing mengko mupakatna. Awit saka karsaningsun, ing
alas Wanasida ingsun elih ing Danalaya, minangka panengeran patinè si Wada
lawan Wadaka. Karo dènè rèhning wus dadi panuwunè si Wada lawan Wadaka kayu iki
dadia pirantinè kraton Jawa. Ingsun wus angidèni, lestari. Aja katon, yèn nora
bakal kagem ing Ratu.”
Kang
liningan matur sandika. Kangjeng Sultan ing Demak utawi Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga lajeng kondur, paring tetilaran dunya sawatawis.
Mila
dados pèngetan sapariki, wana Danalaya kajengipun jati langkung kathah tur
ageng-ageng, nanging boten katingal. Sadaya wit jati siluman. Dènè manawi badhè
kanggè karaton, inggih saged ngatingal. Nanging kedah dipun saranani sesajèn
sekar setaman sarta pangilon, kanggè ngilokaken kajeng jati ingkang siluman
wau. Ananging sanèsipun kagem ing Ratu, boten kènging.
Kacariyos
ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga kaliyan Kangjeng Sultan ing
Demak samargi-margi anggung imbal pangandika makaten :
“Jebèng,
wruhanamu, mungguh patinè si Wada lawan Si Wadaka iku luwih becik, dènè bisa
anggawa saraganè. Yèn kang durung sumurup, si nengguh mranyanyang dadi dhemit
sing rumeksa kayu jati siluman. Mangka sadurungè si Mada, Wadaka mati, kayu
jati wus padha tumuwuh. Dènè enggonè ora katon janggerenging kayu, ing nguni
pananemè Sang Hyang Bathara Wisnu, nuju siluman. Dalah wijinè nalika janggleng
uga saka wiwitan suwarga. Utawa nalika nanjakakè wiji, iya sarana sinung sabda,
sing sapa trahing Wisnu jumeneng tanah Jawa, iku kena negor kayu ing alas
Wanasida. Marmanè saiki ingsun elih aran Danalaya, karana dadi panengran,
enggonè si Wada lawan Wadaka mati ana ngalas iku.”
Kangjeng
Sultan ing Demak matur tanjanipun, “Menggahing pati katun raganipun, punapa
boten sinengguh mrenyanyang ? Upami nunggil lawan dhangnyang ingkang tengga
wana, saèstu nistha ngilminipun.”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga angandika :
“Iya
bener kang angarani, karana sunduk prayoganè ora mlèsèt. Ananging, sajatinè ora
paja-paja yèn anunggala panuksmanè lelembut, ananging ora timu-tinemu. Amung
ana luputè si Wada lawan si Wadaka. Rada karikaten. Dadi ing pati mung sampurna
baè. Wujuding sampurna iku mung nunggal lawan Datè Kang Agung. Dadi mung tetep
piranti baè. Iya iku kang ingaran sampurnaning pati. Upama saangkatan engkas,
pasthi bisa tunggal lawan Hidayatullahi. Wus kena sinebut kamulyaning pati.”
Kanjeng
Sultan ing Demak matur malih, “Punapa wonten inggahipun malih?”
Kangjeng
Sunan Kalijaga angandika :
“Teka
amindho kardi, dènè sira wus ingsun pituturi, mungguh caritaning Kadis
pangandikaning Allah, sing sapa wus nunggal hidayatjati, yakti wus kalebu
punjul panggayuhè. Ananging yèn katetepakè ing wewejanganingsun ijèh
nyamut-nyamut nyatanè, karana saangkataning Hidayatullahi, banjur tumaka ing ngalam kanyut.
Iya
iku dununging kalimput.
Dènè
yèn wus bisa anembadani kahananing ngalam iku, banjur tumaka sajatining kira.
Iya iku alam kang wus tan kanyanan, karana ananè kalingan ing nikmatullahi.
Sawusè
tumeka ing ngalam sajatining kira, banjur ana rerupan kang sira durung tau
sumurup salawasè urip.
Yèn
carita duk Kangjeng Nabi Adam, kang kadulu mau sinebut Wohing Kuldi. Mulanè
Kangjeng Nabi Adam nganti kasiku, tunurunakè ing dunya, iya saka dhahar Wohing
Kuldi mau. Upama duk nguni ora dhahar Woh Kuldi, pasthi tulus Nabi Adam, nora
kasiku, tinetepakè anèng swarga baè. Ora nitahake manungsa iki kabèh.”
Kanjeng
Sultan Demak matur, “Sejatining Woh Kuldi ?”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga ngandika :
“He
Jebèng, mungguh kang diarani Wohing Kuldi iku sejatinè sesotya sarining swarga.
Iya iku arang kang weruh rupanè dèning Allah Wohing Kuldi mau mung Nabi Adam
dhèwè.
Marmane
ana sesiku, jalaran saka gajah ngidhak rapah, katempuh pepesing papah. Tegesè :
kang dirilani rumeksa amung Nabi Adam. Wasana ngrusuhi rereksanè dhèwè.
Iya
bener, kang agawè luput, wus dadi ukumè yen wong rusuh, anemu pakèwuh.”
Kanjeng
Sultan matur, “Menggah sesotya sarining swarga punika punapa ?”
Kangjeng
Susuhunan Kalijaga ngandika :
“Wruhanamu
Jebèng, mungguh kang diarani sesotya sarining swarga iku kahananing jinem.
Sajroning
jinem iku : wadi.
Sajroning
wadi iku : madi.
Sajroning
madi iku : manikem.
Sajroning
maningkem iku : rahsa sajatining rahsa, kang ginawè dèning Allah, kang rinengga
dèning suksma, kang pinardi dèning ati.”
Kangjeng
Sultan ing Demak sampun mangertos. Sakalangkung anuwun kapundhi. Wasana
nutugaken lampah sakalih-kalihipun. Sareng dumugi Delanggung, labuh tan ana
wong lumaku. Alas gung liwang-liwung, kathah bebujengan ingkang galak-galak.
Kangjeng Sultan Demak matur, menawi kapareng kasengkakaken ing lampah, supados
angicalaken samar.
Sunan
Kalijaga angandika :
“Ngendi
panggonanè samar, emar, wedi ? Dadinè ana ing sirri dhèwè. Aja sumelang, karana
iki pangajaraning tekat. Mungguh ing dalem ati, luwih sangka iki pakewuhè. Kari
luput pisan, kena pisan. Balik kang dilakoni iki gampang malasahè.
Bebasanè
: saupama kapapag ing bebaya sarpa miwah
sardula, kari ananting kuwandanè. Lamun sira kalah, sirna. Menang, ngukup.
Mungguh kukupanè, sirna bathangè, pinangan ing sato galak.
Balik
ing ngalam akirat, wus anyandhak-nyandhak tuna, ngrangsang-ngrangsang luput.
Maring ngendi palayunè ? Andhelik, aling-alingan apa ? awit ing pati kari
sapisan. Ora bisa menang ing aprang sabil. Tur mesthi kalahè, awit ing dalem
pati, tanpa andulu apa-apa. Tan ana kayu kekayon kang katingalan. Mung kari
awang-uwung, wus kari anglindhung dhèwè.
Mulanè
si Kaki Dhalang bisa gawè ngibarat Arjuna kalawan Semar. Ing saben ana bebaya, Semar nangisi ngajak lumayu. Yèn
Semar wus umpetan, Janaka prang lawan buta. Marmanè Kaki Dhalang agawè ngibarat
wewayangan, amung nuduhakè barang lelakoning ngurip. Mulanè yèn Janaka ijèh
kairing Semar lunga, buta mati.
Tegesè
: mungguh lelakonè ngurip utawa lelakoning pati, yèn maksih samar-samar, pasthi
jèdok panggayuhe, awit kurang wani tèkadè, uwas-uwas pamawasè. Yèn wus ilang
sumelangè, kari melang tekadè, iya tutug sedyanè.
Lamun
nora mangkana, urip tutuging pati tansah dadi gawè, utawa tiwas uripè.
Ewadenè
yèn sira meksa durung wani andadar tèkad, pasthi ingsun bisa angulihakè marang
Demak, padha sanalika teka.”
Kangjeng
Sulatan matur, “Gampil nglampahaken weninging tèkad. Wangsul ing mangkè anetepi
angger-anggering karaton, inggih kedah dipun anggè. Dados angsal
sakalih-kalihipun.
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga angandika, “Iya bener.”
Sasampuning
makaten lajeng ambèbèr baju gebayak landhung. Kangjeng Sultan ing Demak
kadhawuhan malebet ing lengenan kabayak landhung wau, kinen merem netranipun
sapandurat. Saking nyata kuwasa Sèh Sutabarit, saged angingset paran ungguling
jagad. Kangjeng Sultan ing Demak sami sakala manjing lengenan kulambi.
Sakedhèping nètra dumugi ing Demak.
Ing
nalika punika Kangjeng Sultan ing Demak kaliyan Ingkang Sinuhun Kalijaga,
sarawuhipun ing kadhaton taksih angdugèkaken reraosanipun nalika wonten
samadyaning wana. Kangjeng Sultan ing Demak matur, “Pakartining pati, sagedipun
titi pangruktining pakarti, tinarik saking punapa ?”
Kangjeng
Susuhunan ing Kalijaga angandika makaten dhawuhipun :
“Hè
jebèng, anadenè pangertining pati, manawa titi patitis, pasthi kena ginulang
saiki. Supaya lanyah, amiwitana ngawruhi keplasing turu. Aja lali panglesing
layap, tumekaning luyup. Tegesè : wiwit baliyut tumekaning angler, iya uga ana
petunganè, minangka panengeran.
Kaping
pindhonè tarèk, andadar tekad ing kauripanira dhèwè. Tegesè : anarik napas,
pinepes amrih marang anpas.
Anpas
pineksa supaya ngumpul marang tan napas. Tan napas pinusthi bisanè dadi sawiji
marang nupus.
Mungguh
sinaonè rong prakara ing mangkènè. Patitisena, Jebèng :
Kang
dhingin : ngurangana pangan, supaya kothong wetenge.
Kapindhonè :
ngurangana turu, supaya ènthèng badanè, padhang polatanè.
Kaping
telu : dèn upakara jamunè, supaya kuwat balung
ototè.
Kaping
pat : dèn lega lila ciptanè, supaya menang
papanthenganè.
Yèn
wis sampeka pakartinè, supayo uwas atinè, iya sinaonana eling lerleraning turu
dhingin. Angètunga keketeg ingkang terus pangrunguning kuping.
Ingkang
dalem sawidak keteg, pasthi katara rèrèhing napas. Nganggo meneng sadhèla,
banjur dhedheti maneh. Ing saben wus kaping sawidak, rèrèh. Manawa wis kaping
telu rèrèhing napas, banjur ana swara, saèngga kendhenging gandhèwa lagi mentas
pinentang. Ing kono dèn awas sarta patitis pètungira.
Yèn
wus “greng”, “greng” kaping telu, banjur saya kerep “greng”, “greng”, “greng”
tanpa sela. Iya iku kang dèn èling, aja lèna, awit ngarepakè tibaning
bawa-bawa. Tegesè : lelimpet kang bakal anglimputi marang panon kita prabadi.
Kalalèn
ler-leraning cipta maya. Banjur ana tumeka manèh gora-goraya. Tegesè : swara
sora tanpa sela, ngungkuli gumlegering gelap utawa baledhèg, sarta ora nganggo
antara karepè.
Iya
iku kang bebarung mamrih rusaking pangangen-angen kita, manuman nonton bawur
kuwur, ora ngawruhi sarta ora dèn kawruhi. Ing kono dèn prayitna, aja samar.
Bokmanawa bakal uninga sajatining kahanan.
Kapindhonè,
kang diarani tarèk, iya iku tarik. Tegesè : anarik napas, anpas, tan napas,
nupus.
Ananging
panarikè ora sarana turu, ora nganggo alam kanyut. Amung pineksa lawan lungguh
baè. Nanging pakartinè padha nganggo ngurangi pangan utawa turu, apadène jamu
kang anget-anget. Utamanè, yèn nganggè minum arak kang nganti mendem. Ing kono
dianggo tarèk, gelis kalakonè. Angger ora kalalèn, malah becik.
Dèn
yèn dhasar bisa santosa budinè, mantheng ciptane, iya ora kaya kang tanpa sarana
mendem.
Dadi
wantah pamandengè ing kahanan jati.
Ewadènè
pangkat-pangkating lelakon iya ora bèda dedalanè nalika patrap layaping nèndra. Amung yen wus
tumekaning don sejating kira, uga tumangkar dadi telung perkara. Yèn padha
katarima :
• Manawa padha turu, katrimanè ing
dalem kasunyatan, bisa raga sukma.
……………………………………………….
………….Halaman
26 hilang………….
……………………………………………….
Wekasanè
malah anjalari tiwasè wong ngatuwa. Dadi gelisanè wong kang arep swara, wong
kang sukak micara sora, wong kang dhemen solah, tenaga saru kurang rèrèh ririh,
iya iku kalebu pancèn.
Tegesè
: wus dadi pepancèning roh nalika lagi cumithak sajroning maningkem. Èwadènè
ana tandhanè. Telung prakara panitikè wewatakan mau :
1.
Kaèngetakè. Tegesè : dièlingakè laku-lakunè kang ora
prayoga, brabah, sora, saru, supaya mari. Yèn meksa ndadra, tandha wus kodrat
duk dadinè. Iya wus takdiring Allah.
2.
Kaèngetakè, supaya patrapè kang ala bisa becik, mangka
gelis miturut. Tandha patrap tetularan.Tegesè :katut apa woworanè. Bebasanè
amor maling, wruh lakune maling. Amor wong ala, katularan ala. Iku nyata bener
kang padha ngarani.
3.
Kaèngetakè supaya èling uripè, aja nganti darbè patrap
kang ora prayoga. Mangka lagi dèn agagi gunem baè wus ènget dhèwè. Iya iku
sajatining urip. Nyata elasing dumadi. Tetep kamangungsanè.
Jer
manungsa sipatè, watakè bodho, druwolo, angèl wulanganè. Iku duk nitisake,
mosiking Bapa-Biyung sepen pikirè kang premati. Dadinè manungsa pasthi kaya
kebo. Anadènè ala sipatè, wekasan becik atinè, pasthi duk cumithak anuwuhakè
budi paramarta. Katitik saka katuju tujunu karepè.
Anadènè
maneh sipatè manungsa wekasanè lumancang langkah karepè. Iku nalika nitisakè
kurang netes. Tegesè : kurang satiti, kurang sucinè. Dadi tibaning wiji becik,
akèh borotè. Kabeh titahing Pangèran wus ora kena kinaya ngapa, lawan ora
bedanè tibaning roh kang dadi luhur, lawan kang dadi asor.
Marmanè,
nadyan sira jumeneng Nata, aja nganti ambek kumalungkung. Èngetana padha asal
saka banyu. Ing kono ana nyatanè, kaya ta : wong tinitah luhur, mangka wani ngidak
benere, bokmanawa kuwalik adilè. Kasiku padha asalè.
Marma
dèn èling, Jebèng, kabèh wekasaningsun.”
Kangjeng
Sultan Demak matur, “Pisah-pisahing toya buthek lan wening, puruging warna yèn
wus mawor, paraning ijem-abrit dhateng pundi? Kawula nyuwun pitedah.”
Kangjeng
Sunan Kalijaga angandika, “Wrunanamu Jebèng, mungguh empanè kang among sawarna,
tunggal lawan kang wening. Kang wus wujud banyu bening iku tegesè : wus meneng.
Iya
iku kang nora obah. Kaworan banyu warna-warna, iya mulih marang warnanè dhèwè :
1.
Banyu abang momor banyu wening, ulehè si abang iya
mulih warang cahya abang, ya iku nepsu amarah.
2.
Banyu ireng iya mulih marang cahya ireng, kahananing
nepsu luamah.
3.
Banyu kuning iya cahyaning nepsu supiyah.
4.
Banyu putih iya mulih marang asaling cahya putih, kang
ingaranan saka nepsu mutmainah.
Tumangkarè
ana dhèwè. Kaya ta : biru, klawu, gedhah, lamus, sapanunggalanè iku padha saka
wahananing cahya ireng.
Jambon,
kapuranta, jingga, wungu, sapanunggalanè iku padha asalè, saka cahya abang.
Ijo
pupus, gadhung, sapanunggalanè, iku asal saka cahya kuning.
Pingul,
sèta, pèrak, padha asal saka wahananè cahya putih.
Mungguh
terusè sabarang warna teruse mangkènè :
Putih
iku bisa dadi kuning, awit saka cecampuran.
Kuning
bisa dadi abang, uga saka cecampuran.
Abang
bisa dadi ireng, uga saking cecampuran liru lambang empaning carup wor.
Wekasan
dadinè ora bisa mulih marang banyu wening. Mangka yèn satuhunè, warna iku mung
rong bab :
1.
Kang dhingin : anuduhakè luguning cahya ireng. Marmane
ireng banget irengè iku putih. Putih kang banget ireng.
2.
Kaping pindho : anuduhakè satuhuning cahya abang.
Manawa abang banget abangè, iku dadi kuning. Kuning kang banget kuningè bisa
dadi abang. Iya iku sajatining warna.
Ananè
wungu, dadu, ijo, jambon, sapanunggalanè iku soroting rong prakara mau.
Marmanè
ana pati sasar, utawa ana rupa bagus, ala, kiwa, cacat, sapapadhanè.
Ing
kono aja nganti kurang tampaning ati kita. Aja tumpang suh cipta rasanè. Aja
kaliru surup budinira. Aja kuwur sedyanira
Ing
kono ananè saka kita pribadi. Oranè iya kita kang amurungakè. Dadine iya kita
kang ambebakali bisa dadi.”
Kangjeng
Sultan ing Demak duk nampèni dhawuh wewedhararanipun Ingkang Sinuhun Kalijaga
sakalangkung pamundhi panuwunipun. Salebeting panggalih rumaos padhang
terawangan, saèngga boten wonten ingkang dados aling-aling. Melenging panggalih
sampun karegem sadaya. Upami tinaruju kaliyan boboting wali sadaya, taksih
awrat Narpati ing Demak, margi ginulang-gulang, wineleg ing siyang ratri.
Suprandosipun manawi anandukaken tembung, kedaling lèsan, taksih katawis kirang
seblaking budinipun. Mila Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga anggung mangandika
makaten :
“Hè
Jebèng, baya kayaa, enggon kita aneter pangarti kita. Dènè panawangingsun kaya
maksih ana wewageling atinira. Rumasa kurang terang tampaning budi premati. Yèn
ta maksih ana kodhenging panemu, becik sajarwaa maringsun. Bokmanawa ingsun
bakal anuduhakè salugu, mupung ingsun maksih kapareng tunggu ing sira, Jebèng.
Aja pakèwuh.”
Kangjeng
Sultan ing Demak matur, saluguning sigeging galih, taksih wonten wewagelipun,
amung jabaring cahya kawan prakawis. Anggènipun cacamburan weninging tirta
marta, dèrèng saged tumancep anampeninipun. Mila nuwun wantahipun, supados
saged tumanem amanggih ing manah. Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga gumujeng, sarwi
angandika makaten :
“Yahu
Allah, teka banget temen enggonmu pindha bayi salapan umurè. Prakara cacamburan
iku, upama ingsun ora nuduhakè, pasthi sira wus bisa ambabar pribadi sawewadinè
kabeh. Amung saka banget temen enggonira jugul. Kang wus jumonggol, sira
sengguh bonggol. Mangka yen prakara iku, bebasanè angger wus darbè paugeran
kang ana pingilè, pasthi bisa ambabarakè dhèwè. Èwadènè sira ingsun tuduhakè
salanjaran baè, bokmanawa banjur bangkit anuntumakè gothak-gathukè. Ana ta
othak-athikè, anjarum sarumbunganè wus ora kawekèn. Mara pareka maning, Jebèng.
Sira ingsun paringi lanjaran jarwaning wewadi.”
Sang
Nata nembah marbukuh ing ngarsa. Sigra ginelaran talering warih kang
warna-warna.
“Tampanana,
Jebèng, aja kaliru.”
Aturipun
Sang Nata, “Sembah nuwun sandika.”
Ing
nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wasitaning galih taksih asmu
gumuyu. Dados kedaling pangandika kadi winor ing raras, binarung ing sesingir, kados
ing ngandhap punika bebukanipun :
“E..
Allah Yatallah, Gusti Allah, angudubillahi, barang polah yèn tan kalah man
aklah, la ilalaha illallah, Muhammadan rasulullah, Allah kita dèning ingsun.
Allah ingsun dènè kita. Sanyatanè kang tinemu nemokakè. Mokal linyok, mokal
dora. Yèn goroha nora dadi. Dènè temen kang tinemu saka Datè. Dat sipatè yèn
tan nyata pasthi wurung. Yèn ruwetè pasthi bingung, agungaka ing sendhang kang
manca warna. Lamun kita cipta cidra, cinidranan, sedya harda antuk nepsu, niyat
rusuh pasthi kisruh. Reged resikan tan saking osik kita. Kita iku yèn kukuh
amasthi kuat. Lamun heneng pasthi hening. Hening iku tan lyan saka panggawè
kita pribadi.”
Dhatdhat
karaos panggalihipun Sri Nata ing Demak. Rumaos saged anggelaraken piyambak.
Pasemonipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sasampunipun makaten lajeng paring
pangandika malih saklimah, wantahipun makaten :
“Hè
Jebèng, satuhunè banyu rahmani, iya iku lamun sira lagi mosik, aja kacamburan
apa-apa. Manawa kacamburan rahsa rumasaning cipta kang ora bener, pasthi bakal
malèncong dadinè.”
Pangandika
makaten wau sarwi jumeneng kèsah Narèndra ing Demak badhè nyandhet, ajrih
sesikuning guru. Mila mung sembah nuwun kaping sèwu kapundhi Kangjeng Susuhunan
ing Kalijaga atilar pangandika.
“Jebèng,
bèsuk ingsun bali manèh manawa wus ana antaranè.”
Tumindaking
lampah Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dumugi sahandhaping taratag lajeng boten
kawistara.
Gentos
cinarita, para wali sadaya marek ngarsa
Nata, atur uninga yèn Sunan Dèwakatong tilar dunya, Kangjeng Sultan ing Demak
dahat pangunguning galih lajeng utusan anggandhèk tengen kalih, amringake
waragatipun sawates.
Ing
nalika samanten taksih anetepi punapi lenggahipun siti, yèn wali bekel,
lenggahipun sèwu karya, paring wragat inggih sèwu rèyal. Yèn wali sepuh, wolung
atus karya, inggih wolung atus rèyal. Sunan Dèwakatong wali nem, lenggah
gangsal atus rèyal. Nanging mawi tambah ganjaran, margi Sunan Dewakatong saking
sepuhing umur satus taun.
Sampun
kapengker cariyosipun layoning Sunan Dèwakatong.
Nuju
satunggaling dinten kangjeng Sultan ing Demak andangu prakawis roh dateng wali.
Amung Sunan Kudus utawi Sunan Giri suwung. Minangka tadhah timbalaning Nata,
Sunan Panggung sakancanipun. Patakèning Nata ugi dipun aturi sesorahipun
satunggal-tunggal, kados ing ngandhap punika :
1.
Dipun wastani Roh Ilapi, inggih punika roh kudus
mulya. Pakartinipun : saged mapan ing gaib. Mila kawasa dados lambaring Jati
Wasèsa, awit saking winenangaken dados manungsa, tan lyan saking Rohilapi.
2.
Roh Jasmani, punika roh sajatining gaib, nanging boten
dados lambaran, awit sanget kaalusanipun. Mila manawi taretip pangruktinipun,
cepak anyorot dhateng bangsaning jim prayangan.
3.
Roh Rokani, punika sakalangkun santosa. Kawasanipun
saged anambahi kekuwataning manungsa. Amung manawi kirang gemet pangukudipun,
cepak-cepak anyorot dhateng bangsaning lelembat, brakasakan, sapanunggalipun.
4.
Roh Kèwani, punika dados pirantining jiwa-raga. Saged
anambahi kuwating bebayu miwah otot. Ananging manawi kirang resik
pangungakipun, cepak saged dados bangsa kèwan.
5.
Roh Mahdi, kawasanipun saged amimbuhi kalimpating budi
sanubari. Ananging manawi kirang kabegyanipun, asring kasaluru ing panyipta,
awit ambah-ambahanipun bangsa nikmat.
6.
Roh Rabani, kawasanipun saged andamel pakarti.
Tegesipun : tuwuhing pangraita. Ananging asring kataliweng dhateng panasaran,
awit ambah-ambahanipun dhateng manpangat.
7.
Rohmani, tegesipun wiji rangkep, ingkang kawasa
anggelaraken sagung dumadi sadaya, punapa dènè kabegyanipun saged adamel bilai
sami sanalika, awit tetarikanipun saking mukti wibawa enggènipun.
8.
Rohkiyat, inggih punika ingkang winenang adamel
santosaning balung atot, kulit, bayu, daging. Ananging tibaning bilai tan
anglabeti. Telas akalipun, lajeng larat sadaya.
9.
Rohkayat, tegesipun roh ingkang anarik sakaliring
begya dahulat. Mila saged andhatengaken palalullah. Tegesipun : ganjaraning
Allah ingkang tanpa kanyanan. Kanyatanipun anarik bangsaning gaib. Ananging
bancananipun amung sakedhap kanyanan. Mila kedah tineteg saking anteping tèkad
kita kang saluguning cipta kita.
10. Roh Nurani,
kawasanipun saged adamel padhanging budi, angluwari ricuh, andhatengaken
bingah, awit panganggènipun angambah dhateng barang sedya kang asuci. Amung
bilahinipun saking konusing wicara, kirang dyatmika. Mila kedah anteng.
11. Roh Nurmadi,
punika raksaning roh ingkang rumeksa ing atma, utawi wonten ing sukma. Mila
kawasanipun saged andamel padhang terawangan. Amung tiwasipun manawi boten
ngati-ati.
12. Roh Nursiri,
tegesipun : cahya ing kang kawasa nunggil lawan ing manah suci, sumrambahing
dhateng budi sanubari. Kerep angsal beja, arang sungkawa, awit ing nalika
punika nursiri wau dhatengipun kalawan cipta kita kang wening.
13. Roh Insani,
kawasanipun saged amimbuhi sereng-serenging panggalih, awit katumusan saking
sarining nepsu ingkang tanpa kedhat. Mila manungsa saged ajeg ingkang
kaniyatanipun, amung woten tundha bèmaning panggalih, manawi kataman ing cipta
ruhara. Tegesipun : panggagas ingkang boten saged kendel. Èwadenè wonten
gaibipun pakartining Roh Insani wau. Manawi angsal sakseriking sasama-sama,
karsaning Allah tangala saged anuwuhaken osik ingkang kumrisik.
14. Rohnapi, tegesipun
: roh ingkang alus. Inggih punika rahsaning Pangèran wewenang ingkang gaib.
Kawasanipun saged adamel empaning wewenang ingkang tanpa wewangenan. Inggih
punika ingkang amimbuhi kajat Jatiwasèsa. Tegesipun : osiking Pangèran Sajati.
Kangjeng
Sultan ing Demak adangu kathahing roh. Sunan Panggung amangsuli atur, “Saking
dhawuh pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sajatining roh punika
satunggal. Ananging kawasa dados satus kalih dasa roh. Mila kawula aturaken
saweg kawan welas, awit saweg punika gaduging manah kawula, nadyan ing nguni
sampun kagelaraken sadaya. Nanging kawula derèng gadug raosipun, anggelar
satunggal-satunggal, kados ingkang kawula gancaraken. Èwadenè wonten ingkang
radi kathah pangawikanipun, prayoogi dupun timbali : 1. Sèh Sitijenar; 2. Sèh
Ibrahim Jatiswara.
Kangjeng
Sultan ing Demak anayogyani, nanging kedah saselaning para wali-wali kathah.
Ing saben malem Jumungah Sunan Punggung. Sèh Sitijenar, Sèh Molana Ibrahim
Jatiswara katamtokaken amung saben malem Anggara Kasih.
Anuju
malem Jumungah, para wali dalah pamagangnipun pisan sami sowan malebet. Ingkang
ngirid Kangjeng Sultan ing Demak boten wonten ingkang dipun pangandukakaken,
liya amung bangsa pati tuwin bangsaning panengeran. Badhè kajumbuhaken kaliyan
pamanggihipun Sang Nata. Pangandikanipun makaten dhateng Susuhunan Giri, “Boten
saking punapa-punapa, wontenipun panengeran ingkang mesthi sangking pundi
tarikanipun? Saupami boten sarana uninga ing panengeran, punapa inggih badhe
boten saged pejah? Kula nedha kapajarana.”
Sunan
Giri, Sunan Kudus sakancanipun kagyat ing galih, nalika tampi pangandikaning
Nata. Nanging èwet anggènipun badhè ngaturi wewangsulan, awit sami anginten yen
cengkolongan pangandikanipun, awit Sultan Demak mentas anggeguru Sunan
Kalijaga. Upami ngaturaken sapamanggih kèmawon, tamtu darbè kadho-kadho ing
panggalih. Mila sami pakèwet dènya ngaturaken. Amung satunggal ingkang
sumengka, purun matur sagadug-gadugipun, pamagangan wali, anama Sèh Molana
Khaji, saking tanah Jepara, kados ing ngandhap punika :
“Saking
pamanggih kula, gaduging alit balaka, menggah paugèraning panengeran punika
sakalangkung kathah, nadyan saking kitab-kitab ugi mboten kirang uger-ugering
panengeran. Èwadenè menggah angger panenggeran punika dèrèng tamtu. Ingkang
tinamtu sampun boten èwah gingsir punika amung tigang panduman :
1.
Osiking cipta kang karsa.
2.
Tetep panetesing Jatiwasèsa.
3.
Purbawasèsaning Susmayajati.
Tegesipun
: ingkang tampa malèsèt punika, manawi sampun gadhah sentuging manah ingkang
sampun dados gegelengan. Tandha yèn utusaning Pangèran.
Tegesipun
: Jatiwasèsa punika, manawi kita sampun mratandani lelagon ènggal. Inggih
punika : sanyataning tèkad sampun andungkap badhè tumeka ing ngalam kiyamat
kubbra.
Purbawisèsaning
Susmaya punika tegesipun : ingkang sampun mratandhani asating akhir jaman,
yakti tumekaning don anyirnakaken cahya.”
Kangjeng
Sultan ing Demak atetakèn dhateng Sèh Molana Khaji, “Pamanggih ingkang mangkana
iku saka ngapa pathokanè?”
Ingkang
dinangu matur, “Saking Kitab Bayan Budiman.”
“Kitab
Bayan Budiman iku pira kèhè?”
Molana
Khaji umatur yèn gangsal Kuran :
1.
“Kitab Bayan Budiman punika nyariosaken gumelaring ing
roh, duk dadi manungsa.
2.
Sasaming roh ingkang sampun winenangaken dhateng para
Malèkat, winastan Bayan Mani, kitab pangarangipun pra jamhur sadaya.
3.
Kitab Bayan Maot, ugi anggelaraken pakartining roh
sadaya.
4.
Kitab Bayan Tarikul, ambababraken pingiling roh
ingkang andhap, ingkang inggil, kadadosanipun sadaya.
5.
Kitab Bayan Rakimul Kiyin, inggih punika ingkang
anedahaken dununging roh ing dalem satus kalih dasa, sami kapratèlakaken
satunggal-satunggal.
Kangjeng
Sultan ing Demak lajeng anggraita, yèn sami kaliyan sorahipun Sunan Panggung.
Èwadènè wajibing Ratu punika kedah momon, momot, mengko. Nadyan sampun uninga,
kedah piarsa. Makaten pangandikanipun Kangjeng Sultan ing Demak, “Payo gelarna
sapanemunira.”
Molana
Khaji lajeng nggancaraken, “Ing nalika manungsa saweg tumitah wonten ing ngalam
dunya, kasebut Adam. Mungging Pangèran saweg maringaken iman tetiga : 1. Kidam;
2. Juwar; 3. Nur. Ing nalika punika Malèkat Jabarail katitahaken wujud toya,
pitung prakawis :
1.
Toya Dal, dados panggesangan.
2.
Banyu Kal, dados swara.
3.
Banyu Molia, dados rupa.
4.
Banyu Mendhati, dados cahya.
5.
Banyu Manikem, dados nyawa.
6.
Banyu Mani, dados paningal.
7.
Banyu Wadhèh, dados pamirengan.
Dènè
pancering roh sadaya wau kados makaten :
1.
Banyu Angin, dados loh kalam.
2.
Banyu Jasma, dados pikuwat.
3.
Banyu Lebu, dados bumi langit sap pitu.
4.
Banyu Panas, dadso Malèkat.
5.
Banyu Ngèlmu, dados rina lan wengi.
6.
Banyu Suhut, dados lintang, rembulan, srengèngè.
7.
Banyu Matci, dados naraka.
8.
Banyu Katdi, dados suwarga.
9.
Banyu Musik, dados karsaning Allah.
Kangjeng
Sultan ing Demak angandika, “Banget panarimaningsun, sira asung wimbuhing
pangawikan. Amung saiki sira padha ingsun rilani bubaran dhingin, marga wus
sadhengè ingsun arsa jengkar. Bèsuk Jumungah ngarep baè dèn tutugakè.”
Molana
Khaji matur nuwun sandika.
Kangjeng
Sultan lajeng jengkar, tilar weling dhateng Sunan Giri, Molana Khaji kinèn
ganjar pangkat sapalihing wali.
Gantya
lebetipun Sunan Panggung, kalih Sèh Sitijenar, tiga Sèh Molana Ibrahim
Jatiswara. Tetiga wau anetepi ubaya ing saben malem Anggara Kasih tiga pisan
sami rinilan sowan ing Jeng Sultan.
Dumadakan
ing dalu punika boten wonten pingiling ginem ngilmi, amung ngraosaken aturipun
Sèh Molana Khaji Jepara, dènya ngandharaken atur prakawis roh warni-warni.
Nunggil misah kaliyan aturipun Sunan Panggung miwah aturipun Sunan Lemahbang,
punapa dene aturipun Sèh Ibrahim
Jatiswara. Ananging taksih wetah balaka. Asaling kitab-kitab suprandosipun
boten saged sami, margi pangawikaning dhusun. Tamtu garoyok duk winulangaken
ing Narèndra.
Sunan
Panggung ugi gumuyu nayogani. Sunan Kajenar miwah Sunan Jatiswara ugi sami
nembadani karsa Nata, sarta gadhah atur makaten, “Tandha asnapun, parimarmaning
Pangèran ingkang tumerah para titah, yèn ta boten kabèdakna pangawikaning
dhusun utawi pangawikaning praja, kados pundi? Nadya para wali salebeting
praja, yakti boten saged anyamèni pangawikaning Ratu.”
Sasampunipun
makatèn, satengah dalu rinilan bibaran. Dados tandha suwunging budi tanpa gumana,
awit kalingan caritanè Sèh Molana Khaji kèmawon. Mangka parlu sanget anggènipun
badhè tetakèn dhateng ahli ngilmi. Wasana malah amung urug-urug uwuh kèmawon.
Èwadènè kamirahaning Nata taksih lumintu tanpa kendhat.
Boten
kacarita ing dalem pendhak dinten, nagari ing Demak kadhatengan jaja. Tegesipun
: pakartining tetiyang sesadèyan anèh, utawi cara-caraning para kawula tilar
padatanipun. Sarta mèh waradin, sanagari jaler-èstri sami kadunungan manah
harda angkara-kara, akarem rerantan. Tegesipun : pawèstri katut ing jaler,
jaler kabandhang pawèstri. Kathah tilar kawiraganing jaler estri. Sarta saben
tiyang sami ngumbar hawa, kirang trimah panduming tedha samurwatipun.
Watawis
angsal sawulan, lajeng wonten tambahaning lelampahan ing kaèlokan. Kados ta tiyang
alit wani ing Gusti, Gusti ajrih ing kawula. Lelabet tan anglabeti, lelabuhan
malah kabubuh, jejailan saya ngrebda, lali sihing kekadang, ilang lumrahing
pawong sanak.
Watawis
antuk sawulan, wimbuh malih kaèlokaning praja. Kados ta : pisang pupus cindhè,
jamur tumuwuh ing waton. Ingkang makaten punika dhasar temen, manawi kathah
lelampahan anèh. Mila katelutuh, ngantos dados prajangji èrang-èranging serat
piyagem tuwin tebas-tinebas bumi.
Dupi
angsal setengah taun, lajeng wonten lelampahan ingkang bebayani. Wadyabalanipun
Arya Jipang ingkang sampun sanyata anata baris pendhem, lampahipun sami
sesingidan, anyidra kadi traping durjana. Sawenèh ngècu, mandung, ambègal,
adamel reresah ing nagari.
Mila
sampun dados apesing praja. Tandhanipun tiyang sami nganèh-anèhi, wonten
ingkang jejagongan, paguneman tanpa kusur, wonten ingkang tutur-tinutur awon
nganggur. Saweneh wonten tiyang wicantenan kumriwik tanpa rowang. Upami
kasengguh tiyang èwah, dèdè, awit boten
gadhah cembilak polatanipun.
Ing
nalika punika malah sulayan kaliyan rowang. Kados ta : Sunan Kudus anggènipun
katingal panas dhateng Sèh Lemahbang dipun leksanani. Kalampahan Sèh Lemahbang
pinejahan saanak-rabi, dalah sabat-sabatipun pinejahan sedaya. Mila Sunan
Punggung utawi Sèh Molana Ibrahim Jatiswara lajeng miruda malih, angili ngungsi
gesang dhateng wana, wukir-wukir, pundi ingkang dipun senengi, saking ajrih
wantuning alit, bokmanawi pinaten. Awit ing wektu punika nagari ing Demak
kathah tiyang kalintu imanipun, utawi para tetiyang sami ngumbar hawa, ambabar
budi sura wani.
Kala
samanten Sunan Panggung lajeng terus lelana, angulati Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga. Dènè Sèh Molana Ibrahim Jatiswara laju dhateng pantaran redi Merapi,
anetepi pratapanipun lami, punapa dènè ngantos koonus ing pangandika dhateng
garwa-putranipun, “Heh Rubiyah, ing mengko ingsun èstrenan. Ing saiki ingsun
jenak ana gunung Mrapi kènè, sarta ora pati-pati bali marang Demak, yèn ingsun
ijèh andulu Sunan Kudus.”
Ingkang
garwa matur, “Sabab saking punapa teka ngantepaken prasetyaning galih?”
Sèh
Ibrahim Jatiswara awewarta, yèn lunga kapeksa, saking ajrih dahat, awit arinira
Sèh Lemahbang pinatèn tanpa dosa.
Garwanipun
duk winartan, yèn ingkang rayi Sèh Lemahbang tumeka tiwas, lajeng anjerit lara
karuna. Rèhning tanpa mendha panangisipun, sarta kaimur-imur boten saged sarèh,
Sèh Molana Ibrahim Jatiswara kaken ing panggalih, lajeng angandika makaten,
“Heh Rubiyah, mungguh benering waton, yèn katempuh ing pancabaya iku, kari rong
prakara, pilih salah sawiji. Apa nglampus, apa nglamong? Tegesè nglampus iku
bèla patining kadang. Yèn amilih nglamong milua Ratu Kalinyamat. Apa kang dadi
prasetyanè, anirokena, supaya bisa kalegan karenteging tyasira.”
Ingkang
garwa matur sandika, manembah, lajeng wisata, sumusul ing tapanipun Ratu
Kalinyamat. Dinangu, matur sajarwa sawewadining sedyanipun. Ratu Kalinyamat
matur dhateng ingkang bibi makaten :
“Dhuh
bibi tiyang sepuh kawula, dènè pati-pati sumusul ing ngarga, ambèlani sungkawa.
Inggih sakalangkung suka bingahing manah kula, jalaran bibi mbèlani pepulunan.
Ananging manawi saking pamrayogi kula, rèhning bibi sampun sepuh, punapa dènè
kirang urup pati raga nglabuhi guru laki kados kula punika yekti urup kèmawon,
bibi. Mila kagaliha ing saparlunipun. Nadyan sanget asih tresna ing kadang,
kedah mawi dugi prayogi. Mangka upami tiyang njemparing, lèsanipun watu item.
Dèrèng tamtu pasah bèdhoripun. Mangkè yèn ngantos bali, tikel, yakti tumampeg
ing jaja, ambilaèni. Bokmanawi si bibi wonten kawawa kataman balining panah,
awit lèsanipun bibi bongkotaning kayu tal. Tangèh sageda gempur lèsan wau.
Aben-aben malah damel sangsara, jalaran si bibi dèdè timbangè kalih kang badhè
dipun elas. Yaktine beda kalih lelakon kula. Kira-kira panah saè, bèdhor
kencana, kedah boten pasah dhateng gedebog, inggih saking bejanè badan kula.
Yèn Jèngandika ngilo lelakon kang kula lakoni, tamtu waluhu alam. Amung kinten
kula si bibi tiwas rusak, dèrèng kantenan saged angrisak. Mila mugi dipun
raosaken rumiyin. Amung kula gadhah pitedah kèmawon, sageda bibi mituhu atur
kula. Ing dhusun Karang Galinggang wonten tiyang satunggal, nama Kaki Walaka.
Bibi amanggihana, sapitedahipun sampun ngantos boten amituruti.”
Nyai
Ibrahim Jatiswara suka ing galih, lajeng pamit mangkat. Boten kacarita ing
margi, sapraptaning dhusun Galinggang, tetakèn boten angsal. Malah sadhusun
ngriku boten sumerep ingkang nama Kaki Walaka, sarta mireng kèmawon saweg
punika. Nyai Jatiswara sakalangkung ngungun, mangunandika ing galih, “Apa Ratu
Mas Kalinyamat iku dora? Yèn cidraa pangandika, mokal. Nanging nyatanè ora ana
kang aran Kaki Walaka.”
Ing
ngriku Nyai Jatiswara, rèhning kadalon lajeng sipeng ing dhusun ngriku. Sadalu
tansah rinaosaken kèmawon, anggènipun tan saged kapanggih kang nama Kaki
Walaka. Sareng ing wanci bangun ènjing, Nyai Jatiswara dipun undang tiyang nama
Nyai Galinggangan. Ingkang dipun undang lajeng medal. Wasana dèn ajak dhateng
griya, miturut malebet. Saweg lelungguhan sawatawis, lajeng byar raina.
Ingkang
darbè griya boten pangling, yèn punika tiyang estri asring wonten ing jurang.
Malah saben tiyang anginten yèn punika bangsa miskin. Mila ingkang darbè griya
asmu kirang mirena. Sareng Nyai Jatiswara dipun jarawani, lajeng ngaras pada,
sarwi karuna. Dènè tiyang ingkang darbè griya wau sanget pangunguning
manahipun. Wantuning tiyang alit kadhatengan tamu, kekalih estri. Mangka
ingkang satunggal sipatipun kèrè, suprandosipun ingkang sarwabusana èndah malah
ngabekti. Mila ingkang gadhah griya lajeng ngaturi para parpat manca lima,
supados sami nyumerepi tetamu kalih pisan.
Dènè
ingkang dipun aturi para parpat sadaya dhateng, dalah tangga tepalih. Dupi
ingkang darbè griya nyadhiani sugata sakadaripun, Nyai Sepuh awewarta, “Aja
susah ngrupakakè sugataning parpat manca lima, marga mengko sedhèla anak putuku
teka anggawa piranti suguhan sapepakè, ora kuciwa.”
Ènggalipun,
sareng para parpat sampun dhateng sadaya, lajeng wonten tiyang dhateng nyunggi
tènong ageng-ageng, isi sekul ulam sapirantosipun, sumaji ngarsaning tamu.
Ingkang gadhah griya dahat suka asmu ngungun, dènè anggung kabagyananipun. Wasana
ingkang gadhah griya tetakèn, sinten nama miwah aslinipun. Nyai tuwa mangsuli,
“Inggih kula kang nama Kaki Walaka utawi Nyai Walaka.”
Ingkang
gadhah griya lajeng nyaitaken dhateng para prapat, sampub ngèstreni. Wonten
ingkang tetakèn, angudi makaten, “Kadi pundi Nyai Walaka, dènè Jengandika èstri
mawi ngrangkep nama Jaler? Nalika saweg dhateng, kula mireng pamicara Andika
nama Nyai Galinggangan. Sapunika sesilih nama Nyai Walaka, inggih Kaki Walaka.”
Kang
tinakèn amangsuli, yèn wandu. Sipat wadon darbè pajaleran. Para parpat sami
ngungun ing panggalih. Dumadakan wonten ingkang sepuh satunggal nama Kaki
Tengara, anggerengi dhateng para parpat ingkang pitakèn wau, “Hè, hè, jemplon,
aja sambrana tetakon tanpa urus. Besik sing sarèh, sarta rumeksa marang Nyai
Molana Ibrahim. Iku dudu sapapadhanira.”
Sirep
duk mangkana, para tetiyang kadi binungkem. Kaki Tengara piyambak ingkang
nandukaken imbal wacana, makaten, “Dhuh Nyai, Kyai Walaka, kados pundi menggah
witipun, dènè kapareng nama rangkep? Inggih sanadyan wandu, yakti salah
satunggal ingkang kaanggè sesebutan. Punapa dènè kula kedah nyuwun jinarwanana,
kahananing sesegah punika, dènè kathah sarta manèka warni, saged marnèkaken
sami sakala. Punika saking pundi angsalipun? Punapa dènè wonten ing pundi
anggènipun ngolah sekul ulam panganan?”
Nyai
Walaka mangsuli, “È ki sanak sadaya, mugi andadosaken sumerep sampèyan, yèn ing
mangkè jaman nagari Demak sabawahipun, ageng alit sami badhè ngambah lelampahan
èlok.
1.
Ingkang rumiyin, punapa pantes garwanipun wali, anama
Nyai Molana Ibrahim Jatiswara kedah angeruru tiyang kèrè kados badan kula? Wah mawi purun angèstu pada? Ingkang makaten
punika tandha kalebet aèng. Bokmanawi jaman Demak badhè wonten lelampahan, para
luhur ujung dhateng tiyang alit.
2.
Ingkang kaping kalih, tiyang ing dhusun Galinggangan
boten sumerep tiyang nama Nyai Walaka, mangka sampun dangu dènya wonte jurang.
Inggih punika tandha jaman Demak badhè boten sumerep sasami-sami. Sarta badhè
wonten lelampahan anèh. Tiyang èstri dados jaler, tiyang jaler dados èstri.
Inggih punika tandha icaling kawirangan.
3.
Ingkang kaping tiga, badhè wonten sesunguting perang
ageng. Tandhanipun : tiyang gegriya kadhatengan tiyang kèrè kèmawon sumelang,
temah nyuruhi parpat tangga tepalih.
4.
Dènè sesuguh kula punika nandhakaken tiyang dhusun
badhè nyegah mungsuh sarana sanalika saged wujud sekul ulam, kaanggè nambak
umur. Tandhanipun dhateng kula ngriki asmu dipun sigèni. Wekasan malah angerobi
tiyang kathah.”
Mangkana
Kaki Tengara, sareng jinarwan makaten ènget welinging bapa, yèn wonten tiyang
nganè-anèhi inggih punika Kangjeng Sinuhun Kalijaga. Mila Kaki Tengara lajeng
nolih anak-putunipun sarwi ngucap makaten, “È, è, wong ing dèsa Galinggangan
kabèh, wruhanamu ingsun arsa tut wuri saparanè sesembahaku iki. Dènè
sapungkuringsun, sira banjur memetria tilas palenggahanè Gustimu iki, karana
bakal ana prang gedhè. Nagara ing Demak tutug tanah Pengging kènè.”
Telasing
weling, Kyai Walaka, Nyai Ibrahim miwah Kaki Tengara wus tan katingal.
Patilasan ngriki wel-uwelan rebut dhucung, lajeng karan ing dhusun Kuwel, tanah
Pengging Dlanggu.
Ing
ngandhap punika anyariyosaken pratandaning nagari ing Demak, salebetipun
Kangjeng Sultan Seh Ngalam Akbar ambabar yasan dalem gangsa Sakatèn sareng sampun sawatawis sumimpen,
margi saweg angupados gendhing ingkang saged momor kaliyan sasingiraning para
ngulami. Mila malebet gangsa Islam, tandhanipun tunggil waoten ing masjid
ageng.
Anuju
satunggal dinten, salebeting gedhong gangsa Sakatèn wau wonten swara
gumrenggeng, kados ngulami, ngaken nama pun Rambu. Ingkang satunggal nama pun Rangkung.
Sajarwa, yèn dèdè manungsa. Pangakenipun, talitining jim ingkang rumeksa ing
wana Bintara, nywun lilah badhè rumeksa gangsa Sakatèn punika. Para ngulami
ingkang mariksa wau, ingkang sami rinembag punapa? Wangsulanipun jim kekalih,
“Adamel leresing tembung, supados boten kelantur. Mila tansah imbal gantos
wacana.”
Ènggaling
cariyos, sareng kauningan dèning Kangjeng Sultan, lajeng andhawuhaken dhateng
para wali, kinèn adamel Sakatèn kiwa tengen. Imbaling swara, gantos lelagon
gendhing, nanging ing nalika punika jim kekalih kinèn rumeksa satunggal sèwang.
Anurutaken imbal-imbaling pangucap, gentosan takèn-tinakèn. Ananging sami
caraning jim kekalih punika, para ngulami boten wonten ingkang mangertos, awit
tembung budha.
Dumadakan
wonten satunggiling tiyang, nama Kyai Ganjut, saged anjarwani wicantenanipun
jim kekalih wau. Mila katrimah, lajeng kadadosaken kanca prebot, anabuh tengara
bedhug. Menggah gancaring pangucaping jim katur ing Nata, kados ing ngandhap
punika :
Pun
rambu atakèn dhateng pun Rangkung, kados makaten pitakènipun :
“Anirna
Daya. Tegesipun : tiyang padudon,
alelèndhèyan tiyang sampun pejah.
Mila
dumugi samangkè, kanggè tembung dhusun lindhèyan kayu aking, dados angicalaken
kekuwataning padudon wau.
Anirna
Warsa. Inggih punika ngibaratipun tiyang gadhah pasitèn, dipun sampun ing
tangga, kataneman kitri utawi sanès-sanèsipun, tanpa saksi parpat manca lima.
Sareng kitri sapanunggalanipun wau awoh, pasitèn katedha ingkang gadhah,
sataneman wohipun sadaya. Pinanggihing manah makaten, rèhning Anirna warsa
punika tegesipun : angicalaken taun. Dados angicalaken kangelaning tiyang
ingkang amulasara siti utawi wit-witan, ngantos dumugi awohipun. Angsala
pinten-pinten taun, kaicalaken kèmawon.
Utawi,
tembung warsa wau bokmanawi kadamel anyaman wastaning kajeng taun. Dados
angicalaken tetaneman. Wondènè sepènipun ing serat utawi pasahid kala
panyambuting siti, inggih pikantuk dipun salokani : Anirna Warsa, dados
ngicalaken taun. Inggih punika sepen saking titi mangsa, adamel petenging
prakawis.
Menggah
warsa wau inggih anggadhahi teges : jawah. Ananging menggahing pangraos, teges
taun ingkang pikantuk.
Anirna
Lingga. Salokanipun tiyang nyamur ing panggènaning durjana. Utawi boten kedah
ing penggènanipun durjana, angger tiyang nyamur, kènging dipun salokani Anirna
Lingga.
Anirna
Pandaya. Salokanipun tiyang gadhah prakawis, asèndhèn tiyang kèsah. Pandaya
tegesipun : paèkan, pirantos. Dados kajengipun ing saloka wau : kaicalan
gegarining prakawis. Punika ingkang dipun ngibarataken pirantos, sairib mèh sami
kaliyan Anirna Daya wau.
Anirna
Parosa, Anirna purusa. Salokanipun tiyang ambaèkaken parèntahing Ratu utawi
parèntahing ngadil. Tegesipun : parosa utawi parusa : meksa, mikekah, midosa.
Anirna
Patra. Ngibarat tiyang mukiri seratanipun. Patra tegesipun : godhong. Mila
kabasakaken patra, awit tiyang kina manawi nyerat, papanipun godhong tal,
ingkang nama lontar, rontal utawi kropak.
Anara
Wacana. Salokanipun tiyang angujar-ujari tiyang, tanpa sebab, utawi jaksa
angajak reraosan kaliyan tiyang gugat, utawi tiyang ingkang ginugat. Anara
utawi Abara, tegesipun : anjemparing. Purba utawi lingga saking : rasa
jemparing. Dados anjeparing kaliyan ujar.
Anir
Dhsutha, Anirna Dhustha. Ngibarat tiyang angèsahaken pandung utawi durjana.
Dhustha tegesipun : awon, pandung, durjana. Anirdhusta miruda wacana.
Salokanipun tiyang ngaken boten ngèsahaken durjana. Miruda tegesipun : ninglar,
oncat, ajrih.
Anir
Yukti. Salokanipun tiyang peteng utawi boten yektos panarkanipun. Yukti
tegesipun : temen.
Ina
Riba. Salokanipun tiyang nindakaken prakawis, ingkang sampun boten saged
tumindak ing pradata, amargi saking kekirangan waragat. Ina, tegesipun : cacad,
kirang. Riba : pisungsun, kemèlikan.
Anak-anakan
Timun. Punika ambasakaken tiyang kolu dhteng anak-anakipun. Kados ta : tiyang jaler
amendhet anak, rarè èstri. Sareng diwasa lajeng dipun pendhet bojo, utawi
tunggil tilem. Makaten ugi tiyang èstri amendhet anak, rarè jaler. Sareng
diwasa dipun ajak nunggil tilem, utawi lajeng dados bojonipun.
Ina
Kulina. Salokanipun tiyang lumuh sesanakan, utawi tiyang memanggih, boten abaya
wara. Lina tegesipun : raket, sengsem, etrapipun dhateng lumuh pasanak. Dados
kirang raketipun utawi etrapipun dhateng amemanggih, dados lumuh bayawara,
saking sengsemipun dhateng barang ingkang pinanggih.
Anak
Molah Bapa Kapradah. Ngibarat tiyang manggih kasusahan utawi reribed, kabekta
saking lepating anak.
Kapradah,
tegesipun : kabedhah, kababar. Purba utawi lingga saking : pradhah; bedhah
babar. Molah wau ngibarat anggenipun nglampahi kalepatan.
Kapradhah,
ngibarat tambah risak utawi reribed, awit samukawis ingkang dipun pradhah anama
risak. Wasana tiyang budinipun pradhah, tumrapipun dhateng ing tamu ingkang
dipun gumatosi tuwin ingkang dipun erobi ing pasegah, saèstu manawi saè.
Ananging tumrapipun dhateng darbèk ingkang kasegahaken, boten prayogi, awit
saking kalong, amargi dipun pradhah dhateng ingkang gadhah. Kados ta : tiyang
sugih anglangkungi, manawi badhè adedana utawi udhik-udhik kathah dahteng
tiyang miskin, pamendhetipun ing arta saking gedhong pasimpenanipun kabasakaken
bedhah.
Tumrapipun
dhateng gedhong arta ingkang kabedhah saèstu boten prayogi, ananging tumrapipun
dhateng ingkang dipun danani udhik-udhikan saè. Dados tiyang ingkang budi
pradhah wau pasajanipun, babar kasaenanipun. Inggih punika kathah.
Andriya
Raksa. Punika salokanipun tiyang butajengan ing samukawis. Andriya tegesipun :
ambudi, amanah. Raksa : jagi. Pasajanipun : tiyang ingkang manahipun tansah
jagi-jagi kèmawon.
Andaka
Ina, Tan Wrin Ngupaya. Tegesipun : bantheng cacad boten uninga ing paèkan,
lajeng katempuh ngupadosi pandungipun.
Boten saged amanggihaken, namung ngaturaken belik ingkang kapendhet pandung
wau. Dados tiyang makaten punika kalebet cacad. kènging ing panggrayangan,
tumut mandung utawi nglampahi piyambak. Dados tan wrin ngupaya wau kajengipun :
boten sumerep paekanipun ingkang aken ngupadosi pandung.
Andaka
Atawan Wiyasa. Punika salokanipun tiyang gadhah prakawis, rumaos utawi sumerep
yèn badhè kawon, lajeng kèsah minggat. Andaka tegesipun : banthèng. Atawan =
anemahi; wantahan; kusung-kusung; aboyong. Wiyasa = wangun; damel.
Terangipun makaten : banthèng, ngibarat tiyang ingkang
gadhah prakawis. Boyong tegesipun : ingkang salugu ngalih. Punika kadamel
ngibarat : kesah, minggat.
Wiyasa,
kados kadamel awakipun ingkang kesah. Dados kapikantukaken dhateng teges :
wangun inggih punika dhapur, utawi wanguning badan.
Andaka
Anglukar Sari, Baut tan Wrin Baya. Tegesipun : bantheng angudari sekar, saged
boten uninga dhateng pakèwed. Salokanipun tiyang jaler angawasaken tiyang èstri
liya.
Andaka
angungas sari, tan wrin baya. Tegesipun : bantheng angambus sekar, boten uninga
ing pakèwed. Salokanipun tiyang jaler anyara-nyara rabining liyan.
Nyara-nyara
tegesipun : pindha-pindha, ningkah-ningkah. Kajengipun : angrengkuh dhateng
rabining liyan, apinda utawi kacara kados dhateng bojonipun piyambak. Wondèning
boten uninga ing pakèwed, utawi boten ajrih dhateng pakèwed.
Andaka
Kitiran. Salokanipun tiyang bogo ing parèntah, utawi ngubeng-ubeng ing
parèntah. Kitiran tegesipun : kiteran; peksi perkutut; utawi wonten dedolanan
anama kitiran. Manawi kanginan mubeng.
Andaka
Mangsa Prana, Tan Wrin Ing Lingga. Tegesipun : banthèng amangsa manah, boten
uninga ing badan. Salokanipun tiyang nyara-nyara dhateng randhaning
rèncangipun.
Tembung
prana punika ingkang kadamel ngibarat randhaning rèncang. Mila dipun wastani
boten uninga ing badan. Kajengipun : supè yèn bendara, badhè amarunggul rècang
èstri. Tegesipun : dadosa panguban.
Andasalin.
Tegesipun : anyedasa sembrana. Punika salokanipun tiyang anglelèdhèk sato,
wekasan dipun cakot utawi dipun tujah, dipun pèngkal, sasaminipun bilai ingkang
pinanggih awit dèning sembrana.
Andiyu
Wraksa. Salokanipun tiyang purun dhateng jaksa, utawi dateng parèntah. Anditu
tegesipun : kados danawa. Purbanipun : diyu, danawa. Dados tiyang ingkang purun
dhateng jaksa utawi parèntah, kaupamèkaken kados danawa utawi kados santosaning
pikajengan.
Andum
Amilih, punika mabasakaken tiyang ingkang dipun pitadosi amratanata samukawis
ingkang dipun pranata, wekasan gadhah pamilih. Menggah tiyang ingkang dipun
pitadosi wau, pancènipun inggih gadhah panduman, bebahan, kados ta : angedum
barang utawi siti dhusun, mawi amilih ingkang saè, minangka bebahanipun
piyambak.
Andangkarta.
Wetahing tembung : Andangkaharta. Andangka tegesipun : angudha, harda
kalangkung. Punika salokanipun tiyang gadhah atur ngambar-ambar, boten kantenan
wekasanipun.
Anteng
Kitiran. Ngibarat tiyang kathah tenaganipun utawi ingkang boten saged nganggur
badanipun.
Ora
Ana Geni Tanpa Kukus. Ngibarat pandamelan saè utawi pandamelan awon tuwin
lampah awon, lampah saè, boten wonten ingkang tanpa pawartos. Saben pandamelan
utawi lampah-lampah, ènggal, lami, inggih kapireng sanèsipun.
Ora
Urus. Punika ambasakaken tiyang manahipun ingkang boten jujur utawi ingkang
boten purun uninga ing lepatipun. Urus tegesipun : leres.
Ora
Iga Ora Kunca. Punika ngibarat tiyang ingkang miskin sanget. Kaumpamakaken
boten dhuwungan, boten bebedan. Dados namung kathokan kèmawon. Iga punika boten
tebih kaliyan lambung, panggènan anyangkelit dhuwung. Kunca : klèwèring pucuk
kampuh ing wingking.
Ora
Angon Kosok. Ngibarat tiyang ingkang boten angon mangsa. Kados ta : tiyang
saweg kasusahan, dipun ajak gegujengan. Kosok, ing bebasan punika tegesipun :
kosok rebab. Mila dipun basani : ora angon kosok, kados ta : tiyang ngrebab
pathet nem, mangka dipun gambangi gandhing pathet sanga, mesthi boten kantenan.
Dados bibrah. Makaten ugi sasaminipun : tiyang kasusahan, amesthi boten saged
tumut gegujengan.
Ora
Narima Ing Pandum. Punika ambasakaken tiyang ingkang boten narimah ing
pepesthènipun Gusti Allah. Kedah anggayuh ingkang inggil, kedah anggegem
ingkang ageng.
Ora
Kena Bathuk Klimis. Punika ambasakaken tiyang blèrè kèmawon, inggih ajeng.
Bathuk punika ngibarat warni. Klimis, ngibarat resik. Kajengipun : dadosa boten
ayu, angger resik.
Ora
Kena diampu-ampu. Ambasakaken tiytang ingkang boten kènging dipun rosani utawi
dipun wisèsa. Ampu tegesipun : rosa, kuwat.
Ora
Kena Dikarokos. Ambasakaken samukawis ingkang boten kènging dipun gegempil,
utawi boten kènging dipun ina. Karokos, tegesipun : anggras, ekul wasèsanipun.
Ngrokos, tegesipun : nganggras, ngekul.
Ora
Kena Disuwawa utawi Sawawa. Sawawa, tegesipun : tandhing, proyogi, pantes,
sambada. Puunika ambasakaken tiyang ingkang boten kenging dipun timbangi.
Pra
Kena Disangga Miring. Tegesipun : boten kènging dipun gegampil. Ambasakaken
samukawis ingkang mboten kènging dipun lampahi akanthi sembrana, pepèka.
Ora
Kena Wong Pilis. Punika anggadahi teges kekalih. Ingkang sapisan : ora kena bathuk klimis.
Kaping kalih : ambasakaken tiyang ngekul utawi amewahi reribeding liyan.
Terangipun
makaten, manawi etrepipun dhateng tiyang blèrè. Pilis wau pilis ayon-ayon, kados
ta : pilis wungu, ijem, jene, sasminipun, ingkang boten wonten tiyang jejampi,
manawi boten sakit.
Ora
Kena Londhè. Londhè, ambasakaken samukawis ingkang boten kenging dipun damel
api boten. Longok-longok, tegesipun : lenggah, ngadeg utawi limampah, aningali
nginggil, sairib kados langak-langak.
Ora
Keris, Nanging Keras, utawi : ora keris, yen keras. Punika ambasakaken tiyang
nganggras. Tetèlanipun, sanajan tanpa dedamel, nanging keras wicaranipun,
saèmper kados tiyang giri-giri.
Harda
Walèpa. Punika ambasakaken tiyang centhula, amangsulaken pitakènanipun tiyang.
Dipun takèni dèrèng sumaur, males tetaken. Harda tegesipun : sanget,
kalangkung. Walèpa = amangsulaken ujar.
Ora
Dublong. Ambasakaken tiyang apes, boten daya, boten rosa. Dublong tegesipun :
ciplos, gobog, pathak, cocot. Tegesipun : mripat, kuping, sirah, cangkem.
Tegesipun Ora dublong punika boten saged wawratan.
Ora
Tèlèr. Punika sami kaliyan : dublong ora waru. Tèlèr, tegesipun : umbel. Dados
kajengipun : boten saged sisi. Ananging tèlèr punika inggih ugi tembung kasar.
Ora
Tèdhèng, utawi ora nganggo tèdhèng aling-aling. Punika ambasakaken tiyang
barès, boten mawi samudana. Tèdhèng tegesipun : tetebeng, inggih bangsanipun
aling-aling.
Ora
Tèyèr. Punika sami kaliyan ora : Ora dublong wau. Tèyèr, tegesipun : uyuh.
Menggah tèyèr akaliyan tèyèng, wau sami tembung kasar.
Ora
Tembung Ora Lawung. Ngibaratipun tiyang mendhet gadhahanipun tiyang, tanpa
patembung, boten mawi akèn nembungaken.
Lawung
tegesipun : umbaran, landhèyan utawi landhèyan sawaosipun.
Mila
lawung kadamel upamiakèn nembungakèn, awit minangka lantaranipun ingkang akèn.
Aliya saking punika, tiyang ingkang boten micara, boten saè dedeg piadegipun,
inggih dipun basakaken : Ora tembung, ora lawung. Ora tembung punika kajengipun
: ora bisa ngempakakè tembung.
Ora
lawung, boten saè dedeg pangadegipun : boten kados lurusing lawung.
Ora
Satu. Ambasakaken tiyang kekalih utawi tiyang tiga, ingkang boten tunggil ing
pamanah, utawi boten sarju. Satu tegesipun : tunggil, tunggal, banon.
Ora
Weruh Endhas Trasi. Ngibarat tiyang jaler ingkang boten opèn dhateng
pandamelanipun tiyang estri, utawi tiyang ingkang boten purun anglampahi
pandamelan kanistan.
Terangipun
makaten : Sarèhning traos panunggilanipun bumbuning olah-olahan, mangka
olah-olah punika pandamelanipun èstri, mila kabasakakèn : Ora weruh endhas
trasi.
Aliya
saking punika, ora weruh endhas trasi wau ring basanipun tiyang ingkang boten
anggadahi èring, utawi boten ngaosi dhateng tiyang, amicanteni sawiyah-wiyah.
Ora
Weruh Alip Bèngkong. Punika ambasakaken tiyang boten sumerep dhateng aksara
Arab. Terangipun makaten : dhapuring Alip punika warni kalih. Ingkang satunggal
: leres. Satunggalipun : ing ngandhap ragi nyakuntheng. Punika ingkang dipun
wastani Alip bèngkong.
Ora
Weruh Kenthang Kimpulè. Ngibarat tiyang boten sumerep ing rembag utawi
wijang-wijangipun ingkang dados nalaring prakawis.
Ora
Polo Ora Uteg. Amabasakake tiyang ingkang bodho sanget. Polo akaliyan uteg,
boten wonten bèdanipun. Namung kaot polo punika tembung kasar.
Arep
Jamure, Emoh Watangè. Ngibarat tiyang ajeng dhateng kamèmilikan. Utawi :
pokilipun, boten purun kagepok utawi kasempèt ing prakawisipun. Watang makaten
: landhèyan. Punika ingkang kangibarataken prakawis, utawi reribed.
Ora
Dhenger “Pa” Pincang. Ingkang dipun wastani “pa” pincang punika pasangan “pa”.
Ora
Juntrung. Tegesipun juntrung : purun. Punika ambasakaken tiyang matur
cecariyosan, boten genah urutipun. Utawi tiyang ingkang boten genah
lelurinipun. Dados boten kantenan urutipun ingkang nurunaken.
Ora
Jaman, Ora Makam. Punika samukawis ingkang boten mawi kalamasa, saha boten
manggèn. Utawi tiyang ingkang boten kantenan asal tuwin panggènanipun.
Katelahing basa dados : Ora Jaman, Ora Makan. Makan kaliyan makam, punika sami
tembung Arab. Makan tegesipun : panggènan. Makam : kuburan.
Ora
Nyèthèt. Punika sami kaliyan : dublong kasebut ing nginggil nyèthèt punika
tembung kasar. Tegesipun : wawratan.
Ora
Mambu Ènthong Irus. Punika ambasakaken tiyang sanès, ingkang boten wonten
ambet-ambeting sana. Terangipun makaten : ènthong kaliyan irus, punika sami
abahan pawon. Dados kajengipun : boten kalebet panunggalaning sanak. Boten
kados ènthong kaliyan irus. Punika panunggalanipun. Anangining paribasan punika
dados rerebatan. Woten ingkang mastani kados makaten wau, wonten ingkang
amastani : amabasakaken sanak sadhèrèk ingkang kalis. Dados kajengipun, boten
mèmper yèn tunggil bedadok. Ingkang dipun wastani bedadok punika warninipun
kados tumbu, kadamel wadhah abahaning pawon, ingkang warni : ènthong, irus,
uleg-uleg, sasaminipun. Dados kajengipun : boten mèmper satunggal wadhah. Wadhah punika ngibarat :
biyung.
Ora
Mambu Sega Jangan. Punika sami kaliyan : ora mambu ènthong irus. Ananging
inggih ugi dados rerebatan kados ingkang sampun wau. Mila sekul kaliyan jangan
ingkang dados upami, awit jangan abenipun tiyang nedha.
Ora
Mambu Wong Wadon. Punika ambasakaken tiyang èstri ingkang gadhah pratingkah
utawi bebudèn kados tiyang jaler.
Ora
Mambu Wong Lanang. Ambasakaken tiyang jaler ingkang gadhah pratingkah utawi
bebudèn kados tiyang èstri. Dados koso wangsulipun : Ora Mambu Wong Wadon wau.
Ora
Mambu Bocah. Ambasakake larè ingkang gadhah
bebudèn kados tiyang sepuh.
Ora
Ganja, Ora Unus. Ambasakaken tiyang ingkang dhapuripun awon, yèn wicantenan
awon utawi saru. Terangipun makaten : awoning dhapur kaumpamèkaken dhuwung
tanpa ganja. Unus punika inggih unusing dhuwung utawi pedhang. Ngibarat
wedaling wicanten.
Hèr
Gung Raja Manung. Wetahing tembung : Hèr gung raja wana anung. Punika
salokanipun tiyang sugih arta, singgih ingkang utama manahipun. Hèr tegesipun :
toya. Gung : ageng. Punika kadamel ngibarat kasugihan. Mana : manah. Nung utawi
Anung : kawasa, utama, linangkung.
Ora
Bisa Andulit Mangsi. Ambasakaken tiyang ingkang boten sumerep aksara Arab. Sami
kaliyan : Ora Weruh Sanak. Boten kados ènthong kaliyan irus. Punika
panunggalanipun. Utawi : boten sumerep Alip Bèngkong (kasebut ing ngunggil kala
wau).
Ora
Thothok Jawil. Tiyang gadhah solah tingkah utawi padamel, boten awewartos
dhateng tiyang sanès ingkang pantes utawi wajib dipun wartosi. Dados
kabasakaken : boten wonten panothok panjawilipun.
Ora
Ngebuk, Ora Ngepèn. Ambasakaken tiyang boten saged maos, boten saged nyerat.
Ngebuk utawi ngepèn punika sami dèdè tembung Jawi, ananging tiyang Jawi sampun
kathah ingkang sumerep. Menggah ingkang dipun wastani : ebuk punika serat. Epèn
= kalam.
Ora
Ngubengakè Jantra, Kedhayohan Wong. Utawi : Ora ngubengakè jantra, teka katekan
wong edan.Punika basanipun tiyang ingkang kadhatengan tiyang èdan. Terangipun
makaten : ingkang dados ila-ilanipun tiyang Jawi, yèn jantra kaubengaken, boten
kadamel ngantih, ngadat ingkang ngubengaken kadhatengan tiyang èdan.
Aran
Raja Likasan, yèn ginawa perang, kinepung mungsuhè, ora katon; lan ora kena
dialani ing wong; tulus dayanè, bener pikirè, lan bisa mlumpat adoh, sarta adoh
bebèkanè, kalis ing lara, cepak jatu kramanè lan sandhang panganè; sinung
kadrajatan sarta apa karepè katekan; ginawa memaling, olèhan; kinèston dèning
wong wadon, kèringan, tulus karejekènè.
Encak-encaken.
Tegesipun : ginjal-ginjal. Yèn tumraping budi, tiyang kekathahen reringa.
Encak-encak
Pucuking Eri. Ngibarat tiyang ngabdi ingkang boten angsal manah. Samukawis
lampahipun angsal kalepatan. Dados tansah minggrang-minggring kèmawon.
Ana
Catur Mungkur. Punika maribasakaken tiyang ingkang boten purun mirengaken utawi
amanah reraosan.
Terangipun
makaten : menggahing ngibaratipun, tiyang lumampah mawi teken, manawi ngambah
radinan ingkang jeblog, tekenipun inggih kaanggè ugi, boten mawi kapilihaken
ingkang gasik. Dados teken wau kawstanan boten ajrih ing jeblogan.
Wondènè
teken punika ngibarat pajaleran. Jeblongan ngibarat pawetrèn. Menggah tiyang
jaler ingkang lèmèran, manawi gadhah pikajeng dhateng tiyang èstri, boten mawi
milih. Sanajan sampun sumerep yèn tiyang awon, sarta badhè anulari ing
sesdakitipun, inggih ugi dipun ramuhi.
Amadu
Balung Kapèsing. Wetahing tembung : Amadu balung tanpa isi.
Wonten
bebasan : Ora ngrungokakè jaratan growong. Wetahing tembung : Ora ngrungakakè
ujaring wong.
Cocak
Mati Ulonè. Wetahing tembung : Cocak mati gulunè.
Inggih
punika tiyang lonyo pangucap, karem ngathi-ngathik ingkang boten wonten.
Wekasan pejah saking ucaping piyambah. Mila dados pepènget ing tembè wingking,
anak putu sampun ngantos karem ujar jejailan, muthakil, awit punika mejahi
sandhang panganipun.
Wonten
tembung malih : Cecak Nguntal Lo, Katèpang Ngrangsang Gunung.
Leresipun
cecak anedha lo punika tandha kaèlokan; amung dados sasmitaning nagari kèmawon.
Katèpang
ngrangsang gunung punika leresipun tembung : Wit katèpan ngrangsang ardi. Yakti
andadosaken kaèlokan malih. Mangka leresipun, ingkang nama katèpan wau
wit-witan ingkang sakalangkung andhap; godhong karaket ing siti.
Yakti
mokal yèn sageda angungkuli agraning wukir. Mila sadaya wau amung dados
pratandha cipta sasmitaning nagari, badhè karisakan.
Kala
samanten sampun katur ring Nata imbal wacananipun jim kekalih wau. Mila lajeng
kaanggè wewaton bebukaning gangsa Sekatèn wau imbal-imbalan kadi ucap-ucapan,
wangsul winangsulan.
Bebukaning
gangsa Sekatèn winasta Rambu. Dènè leresipun bebuka Rambu punika Sekatèn Ageng
Rangkung punika Sekatè Anakan.
RAMBU
: bedhug rumiyin, minangka tengaraning bebuka ingkang nama Rambu.
RANGKUNG
: demung panunggal kasarengan saron barungan, lajeng saur-sauran ing bonang.
Tanpa kenong.
Sadaya wau ingkang dipun enut swara barung binarunging jim kekalih, nama pun Rambu Rangkung, inggih punika ingkang rumeksa gangsa Sekatèn. Dènè rarasing gendhing barung rarasing sisingiran masjid.
Dipun lajengake bagian 2
https://syehhakediri.blogspot.com/2023/09/serat-siwacala-serat-kaki-walaka-bagian.html
Sumber referensi :
Tedhakan Serat Kina Ingkang mratelakake lelampahan Sarta sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak. Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA KANGJENG SUNAN KALIJAGA. Dening PAGUYUBAN AHLI WARIS/KULUWARGA SUNAN KALIJAGA, Cabang Jakarta 1993. Ingkang nindakaken penedhakipun Astuti Hendrato Darmosugito.