SEKAR SARKARA PITUTURE SIMBOK
Lamun sira duhkita ing kapti
Ywa kadlarung karanta ing driya
Manggih tuna wekasane
Becik ngeneb ing kalbu
Hangupadi margi kang becik
Patrap sabar darana
Mrih nemu rahayu
Gusti datan nate nendra
Tumungkula mangesthi tulus ing ati
Mugya antuk usada
Lemes pepes tuhu mitunani
Nora guna myang muspra kepara
Datan ana paedahe
Luwih becik manekung
Sumaraha pasrah mring Gusti
Ingkang murbawasesa
Bawana sawegung
Enggal paringa pepajar
Ingkang peteng gya kapadhangana nuli
Temah manggih yuwana