SEKAR MACAPAT =
(MAS KUMAMBANG, MIJIL, SINOM, KINANTHI, ASMARADANA, GAMBUH, DHANDHANGGULA, DURMA, PANGKUR,
MEGATRUH, PUCUNG, GIRISA, WIRANGRONG, BALABAK, JURU DEMUNG)
ꦱꦼꦏꦂꦩꦕꦥꦠ꧀ =
꧋(ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ꧈ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ꧈ꦄꦱ꧀ꦩꦫꦣꦤ꧈ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ꧈ꦣꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ꧈ꦣꦸꦂꦩ꧈ꦥꦁꦏꦸꦂ꧈
꧋ꦩꦼꦒꦠꦿꦸꦃ꧈ꦥꦸꦕꦸꦁ꧈ꦒꦶꦫꦶꦱ꧈ꦮꦶꦫꦔꦿꦺꦴꦁ꧈ꦧꦭꦧꦏ꧀ꦗꦸꦫꦸꦣꦼꦩꦸꦁ)
MAS KUMAMBANG
Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta
ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ
ꦤꦣꦾꦤ꧀ꦱꦶꦭꦶꦃꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁꦏꦏꦶꦤꦶꦤꦶ
ꦱꦣꦸꦭꦸꦂꦩꦾꦁꦱꦤꦏ꧀
ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦸꦫꦸꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀
ꦤꦺꦴꦫꦥꦤ꧀ꦠꦺꦱ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦤꦸꦠ
MIJIL
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipun
ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀
ꦥꦺꦴꦩꦏꦏꦶꦥꦣꦝꦶꦥꦸꦤ꧀ꦌꦭꦶꦁ
ꦆꦁꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦆꦔꦺꦴꦁ
ꦱꦶꦫꦈꦒꦱꦠꦿꦶꦪꦄꦫꦤꦺ
ꦏꦸꦣꦸꦄꦤ꧀ꦠꦼꦁꦗꦠ꧀ꦩꦶꦏꦆꦁꦧꦸꦣꦶ
ꦫꦸꦫꦸꦃꦱꦂꦠꦮꦱꦶꦱ꧀
ꦱꦩꦸꦧꦫꦔꦶꦥꦸꦤ꧀
SINOM
Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nafsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀
ꦤꦸꦭꦣꦭꦏꦸꦈꦠꦩ
ꦠꦸꦩꦿꦥꦺꦮꦺꦴꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶ
ꦮꦺꦴꦁꦄꦒꦸꦁꦆꦁꦔꦼꦏ꧀ꦱꦶꦒꦤ꧀ꦝ
ꦥꦤꦼꦩ꧀ꦧꦲꦤ꧀ꦱꦼꦤꦺꦴꦥꦠꦶ
ꦏꦼꦥꦠꦶꦄꦩꦂꦱꦸꦣꦶ
ꦱꦸꦣꦤꦺꦲꦮꦭꦤ꧀ꦤꦥ꦳꧀ꦱꦸ
ꦥꦶꦤꦺꦱꦸꦠꦥꦧꦿꦠ
ꦠꦤꦥꦶꦆꦁꦱꦶꦪꦁꦫꦠꦿꦶ
ꦄꦩꦺꦩꦔꦸꦤ꧀ꦏꦂꦪꦺꦤꦏ꧀ꦠꦾꦱꦶꦁꦱꦱꦩ
KINANTHI
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Ing kaprawiran den kesthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling
ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ
ꦥꦣꦒꦸꦭꦔꦺꦤ꧀ꦆꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ
ꦆꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠꦄꦩꦿꦶꦃꦭꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀
ꦄꦗꦥꦶꦗꦺꦂꦩꦔꦤ꧀ꦤꦼꦤ꧀ꦝꦿ
ꦆꦁꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦏꦼꦱ꧀ꦛꦶ
ꦥꦼꦱꦸꦤꦺꦤ꧀ꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦫ
ꦱꦸꦣꦤꦺꦤ꧀ꦝꦲꦂꦭꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ
ASMARADANA
Nora gampang wong ngaurip
Yen tan weruh uripira
Uripe padha lan kebo
Angur kebo dagingira
Kalal yen pinangana
Pan manungsa dagingipun
Yen pinangan pesthi karam
ꦄꦱ꧀ꦩꦫꦣꦤ
ꦤꦺꦴꦫꦒꦩ꧀ꦥꦁꦮꦺꦴꦁꦔꦻꦴꦫꦶꦥ꧀
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃꦈꦫꦶꦥꦶꦫ
ꦈꦫꦶꦥꦺꦥꦣꦭꦤ꧀ꦏꦼꦧꦺꦴ
ꦄꦔꦸꦂꦏꦼꦧꦺꦴꦣꦒꦶꦔꦶꦫ
ꦏꦭꦭ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦶꦤꦔꦤ
ꦥꦤ꧀ꦩꦤꦸꦁꦱꦣꦒꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦶꦤꦔꦤ꧀ꦥꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦫꦩ꧀
GAMBUH
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadalu warsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ
ꦱꦼꦏꦂꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃꦥꦶꦁꦕꦠꦸꦂ
ꦏꦁꦕꦶꦤꦠꦸꦂꦥꦺꦴꦭꦃꦏꦁꦏꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ
ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭꦏꦠꦭꦶ
ꦏꦣꦭꦸꦮꦂꦱꦏꦠꦸꦠꦸꦃ
ꦏꦥꦠꦸꦃꦥꦤ꧀ꦝꦣꦶꦄꦮꦺꦴꦤ꧀
DHANDHANGGULA
Pamedhare wasitaning ati
Cumantaka aniru pujangga
Dhahat mudha ing batine
Nanging kedah ginunggung
Datan wruh yen akeh ngesemi
Ameksa angrumpaka
Basa kang kalantur
Tutur kang katula-tula
Tinalaten rinuruh kalawan ririh
Mrih padhanging sasmita
ꦣꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ
ꦥꦩꦺꦣꦫꦺꦮꦱꦶꦠꦤꦶꦁꦄꦠꦶ
ꦕꦸꦩꦤ꧀ꦠꦏꦄꦤꦶꦫꦸꦥꦸꦗꦁꦒ
ꦣꦲꦠ꧀ꦩꦸꦣꦆꦁꦧꦠꦶꦤꦺ
ꦤꦔꦶꦁꦏꦼꦣꦃꦒꦶꦤꦸꦁꦒꦸꦁ
ꦣꦠꦤ꧀ꦮꦿꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦄꦏꦺꦃꦔꦼꦱꦼꦩꦶ
ꦄꦩꦺꦏ꧀ꦱꦄꦔꦿꦸꦩ꧀ꦥꦏ
ꦧꦱꦏꦁꦏꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ
ꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦁꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭ
ꦠꦶꦤꦭꦠꦺꦤ꧀ꦫꦶꦤꦸꦫꦸꦃꦏꦭꦮꦤ꧀ꦫꦶꦫꦶꦃ
ꦩꦿꦶꦃꦥꦣꦔꦶꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠ
DURMA
Dipun sami ambanting sariranira
Cegah dhahar lan guling
Darapon sudaa
Nepsu kang ngambra-ambra
Rerema ing tyas sireki
Dadi sabarang
Karsanira lestari
ꦣꦸꦂꦩ
ꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦄꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦶꦁꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦫ
ꦕꦼꦒꦃꦣꦲꦂꦭꦤ꧀ꦒꦸꦭꦶꦁ
ꦣꦫꦥꦺꦴꦤ꧀ꦱꦸꦣꦄ
ꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦏꦁꦔꦩ꧀ꦧꦿꦄꦩ꧀ꦧꦿ
ꦫꦺꦉꦩꦆꦁꦠꦾꦱ꧀ꦱꦶꦫꦺꦏꦶ
ꦣꦝꦶꦱꦧꦫꦁ
ꦏꦂꦱꦤꦶꦫꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶ
PANGKUR
Mingkar-mingkur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhur
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
ꦥꦁꦏꦸꦂ
ꦩꦶꦁꦏꦂꦩꦶꦁꦏꦸꦂꦆꦁꦄꦁꦏꦫ
ꦄꦏꦫꦤꦏꦫꦺꦤꦤ꧀ꦩꦂꦣꦶꦱꦶꦮꦶ
ꦱꦶꦤꦮꦸꦁꦉꦱ꧀ꦩꦶꦤꦶꦁꦏꦶꦣꦸꦁ
ꦱꦶꦤꦸꦧꦱꦶꦤꦸꦏꦂꦠ
ꦩꦿꦶꦃꦏꦼꦂꦠꦂꦠꦥꦏꦂꦠꦶꦤꦶꦁꦔꦼꦭ꧀ꦩꦸꦭꦸꦲꦸꦂ
ꦏꦁꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦆꦁꦠꦤꦃꦗꦮ
ꦄꦒꦩꦄꦒꦺꦩꦶꦁꦄꦗꦶ
MEGATRUH
Wong ngawula ing ratu luwih pekewuh
Nora kena minggrang-minggring
Kudu mantep sartanipun
Setya tuhu marang gusti
Dipun miturut sapakon
ꦩꦼꦒꦠꦿꦸꦃ
ꦮꦺꦴꦁꦔꦮꦸꦭꦆꦁꦫꦠꦸꦭꦸꦮꦶꦃꦥꦼꦏꦺꦮꦸꦃ
ꦤꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦩꦶꦁꦒꦿꦁꦩꦶꦁꦒꦿꦶꦁ
ꦏꦸꦣꦸꦩꦤ꧀ꦠꦺꦥ꧀ꦱꦂꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀
ꦱꦼꦠꦾꦠꦸꦲꦸꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
ꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦥꦏꦺꦴꦤ꧀
PUCUNG
Ngelmu iku
Kalakone kanthi laku
Lekase lawan khas
Tegese khas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
ꦥꦸꦕꦸꦁ
ꦔꦼꦭ꧀ꦩꦸꦆꦏꦸ
ꦏꦭꦏꦺꦴꦤꦺꦏꦤ꧀ꦛꦶꦭꦏꦸ
ꦊꦏꦱꦺꦭꦮꦤ꧀ꦏ꦳ꦱ꧀
ꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦏ꦳ꦱ꧀ꦚꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤꦶ
ꦱꦼꦠꦾꦧꦸꦣꦾꦥꦔꦺꦏꦺꦱꦺꦣꦸꦂꦄꦁꦏꦫ
GIRISA
Anak putu den estokna
Warah wuruke pun bapa
Aja na ingkang sembrana
Marang wuruke wong tuwa
Ing lair batin den bisa
Anganggo wuruking bapa
Ing tyas den padha santosa
Teguhana jroning nala
ꦒꦶꦫꦶꦱ
ꦄꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸꦣꦺꦤ꧀ꦄꦼꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦤ
ꦮꦫꦃꦮꦸꦫꦸꦏꦺꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥ
ꦄꦗꦤꦆꦁꦏꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤ
ꦩꦫꦁꦮꦸꦫꦸꦏꦺꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮ
ꦆꦁꦭꦻꦂꦧꦠꦶꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦧꦶꦱ
ꦄꦔꦁꦒꦺꦴꦮꦸꦫꦸꦏꦶꦁꦧꦥ
ꦆꦁꦠꦾꦱ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦥꦣꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ
ꦠꦼꦒꦸꦲꦤꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦤꦭ
WIRANGRONG
Den samya marsudeng budi
Wiweka dipun waspaos
Aja dumeh, dumeh bisa muwus
Yen tan pantes ugi
Sanadyan mung sakecap
Yen tan pantes pernahira
ꦮꦶꦫꦔꦿꦺꦴꦁ
ꦣꦺꦤ꧀ꦱꦩꦾꦩꦂꦱꦸꦣꦺꦁꦧꦸꦣꦶ
ꦮꦶꦮꦺꦏꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦎꦱ꧀
ꦄꦗꦣꦸꦩꦺꦃ꧈ꦣꦸꦩꦺꦃꦧꦶꦱꦩꦸꦮꦸꦱ꧀
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦺꦱ꧀ꦈꦒꦶ
ꦱꦤꦣꦾꦤ꧀ꦩꦸꦁꦱꦏꦺꦕꦥ꧀
ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦺꦱ꧀ꦥꦼꦂꦤꦲꦶꦫ
BALABAK
Mugi Gusti Allah paringa pepadhang
Mligine
Kawula kang lagya katindhih panandhang
Pamrihe
Dimen sabar tawakal dhatan sumelang
Atine
ꦧꦭꦧꦏ꧀
ꦩꦸꦒꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦥꦫꦶꦔꦥꦼꦥꦣꦁ
ꦩ꧀ꦭꦶꦒꦶꦤꦺ
ꦏꦮꦸꦭꦏꦁꦭꦒꦾꦏꦠꦶꦤ꧀ꦝꦶꦃꦥꦤꦤ꧀ꦝꦁ
ꦥꦩꦿꦶꦲꦺ
ꦣꦶꦩꦺꦤ꧀ꦱꦧꦂꦠꦮꦏꦭ꧀ꦝꦠꦤ꧀ꦱꦸꦩꦺꦭꦁ
ꦄꦠꦶꦤꦺ
JURU DEMUNG
Ni ajeng mring gandhok wetan
Wus panggih lan rara mendut
Alon wijile kang wuwus
Heh Mendut pamintanira
Adhedhasar adol bungkus
Wus katur sarta kalilan
Dening jeng Kyai Tumenggung
ꦗꦸꦫꦸꦣꦼꦩꦸꦁ
ꦤꦶꦄꦗꦺꦁꦩꦿꦶꦁꦒꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦮꦼꦠꦤ꧀
ꦮꦸꦱ꧀ꦥꦁꦒꦶꦃꦭꦤ꧀ꦫꦫꦩꦼꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀
ꦄꦭꦺꦴꦤ꧀ꦮꦶꦗꦶꦭꦺꦏꦁꦮꦸꦮꦸꦱ꧀
ꦲꦼꦃꦩꦼꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦥꦩꦶꦤ꧀ꦠꦤꦶꦫ
ꦄꦣꦺꦣꦱꦂꦄꦣꦺꦴꦭ꧀ꦧꦸꦁꦏꦸꦱ꧀
ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦠꦸꦂꦱꦂꦠꦏꦭꦶꦭꦤ꧀
ꦣꦼꦤꦶꦁꦗꦼꦁꦏꦾꦻꦠꦸꦩꦼꦁꦒꦸꦁ
Katrangan :
Tembang macapat yaiku salah siji jinise tembang ing kasusastran Jawa. Tembang macapat uga diarani tembang cilik kang cacahe ana sewelas. Mula bukane diarani macapat, yaiku carane maca papat-papat utawa macane ’cepat-cepat’. Macane tembang macapat kang nganggo paugeran papat-papat iku kudu dilarasake karo paugerane pamedhote gatra tembang supaya bisa ngatur anggone unjal napas.
PAUGERAN TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan utawa paugeran tartamtu.
Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku :
- Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
- Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.
Guru lagu yaiku tebaning swara ing pungkasaning gatra.
Imajiner Nuswantoro
ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ