MANUNGSA KANGGONAN LALI LAN LUPUT

0

MANUNGSA KANGGONAN LALI LAN LUPUT

ꦩꦤꦸꦁꦱꦏꦁꦒꦺꦴꦤꦤ꧀ꦭꦭꦶꦭꦤ꧀ꦭꦸꦥꦸꦠ꧀












MACAPAT (Sinom) 

Angurmati mring sesama

Tanprabeda wruhing diri

Ngedohaken pasulayan

Momong rasa iku becik

Rembuken kanthi aris

Ana gesehing panemu

Tumprap ing pasrawungan

Kanggonan luput lan lali

Yeku aran manungsa datan sampurna


Mingkar-mingkuring ukara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji


Bodo yaiku aja rumangsa paling pinter

Ino yaiku aja rumangsa paling mulya

Luput yaiku aja rumangsa paling bener

Apes yaiku aja rumangsa paling ampuh


DASARING URIP 

Kang nduweni urip yaiku Gusti Allah 

Kang ngurip-uripi yaiku bopo lan biyung

Kang nduduhake dalan urip yaiku guru lan para Rasul 


Sampurnaning urip kang sampurna

Eling lan ngabekti marang kang ngurip-uripi

Eling lan ngabekti marang kang nduduhake dalan


Manungsa ora sepi saka lali ora adoh saka luput

Mulane ora tumon ana wong Jowo sing ngaku suci. 

Tumprap wong Jawa, kabeh manungsa kanggonan lali lan luput. 

Mula saka kuwi wong Jawa nduwe tepa selira. 

Tumprap adiluhung budaya tradisi Jawa, luput sing ora disengaja ora kabeh dianggep ala, apa maneh mung kleru tembung sakecap ing pasrawungan, kang tanpa seja sing ala.

 

WASPADA ING PATRAP 

Mangayut ayat winasis

Wusana wosing jiwangga

Melok tanpa aling-aling

Kang ngalingi kalingling

Wenganing rasa tumlawung

Keksi saliring jaman

Angalangut tanpa tepi

Yeku aran tapa tapaking Hyang Suksma


Mulane klebu ora umum manungsa tumprap adiluhung budaya tradisi Jawa, lamuntha :

1. Tembung sak kecap dadi perkara. 

2. Rumangsa paling bener

3. Rumangsa paling suci

4. Rumangsa pinter dhewe

5. Pamer

6. Sumugih

7. Kemayu

8. Gembagus

9. Gumedhe

10. Tumbak cucukan/ tukang adu adu. 

11. Ngamukan

12. Cugetan

13. Urakan

14. Brandalan

15. Lancang/seneng ngina marang liyan.

16. Dhemen metani alaning liyan. 

17. Lsp. 


Mulane ing pasrawungan budaya tradisi Jawa, ora perlu keweden wedi luput, wedi kleru. 

Amarga lamun tumindak wus linambaran welas asih, sejane becik, nganggo tepa selira, tata krama lan andhap asor, biasane saumpama kleru utawi luput kuwi amarga ora disengaja, marga ora ana seja sing ala. 

Lan kuwi isih klebu lumprah mungguhing manungsa lan mungguhing adiluhung budaya tradisi Jawa. 

Beda maneh lamun panggautane tumindak ina, sejane nistho, kuwi genah luput sing disengaja,  lan cetho tumindak sing ala. 

Mulane ing pasrawungan uga bisa guyup rukun, lamun isih ana tepa selira, tata krama, lan andhap asor, ora perlu rumangsa paling ampuh dhewe, amarga kudu tansah bisa ngrumangsani, manungsa mung saderma titah, ora sepi saka lali lan ora adoh saka luput. 

Mulane ing pasrawungan budaya tradisi Jawa, sing wigati sejane becik, welas asih, teposelira, tatakrama lan andhap asor, sabanjure ala utawi becik kuwi apa jare liyan sing ngarani,sing penting sejane wis becik. 


BABONE KABECIKAN

Kabeh tumindak ing ngisor iki bisa kasebat kabecikan yaiku :

1. Migunani marang liyan

2. Ora gawe rugine liyan

3. Ora gawe gelaning liyan

4. Ora gawe susahing liyan

5. Ora gawe cilakaning liyan

6. Ora mbebayani marang liyan

Mulane kabecikan uga ora bisa mung diukur saka :

1. Sugihe

2. Rupane

3. Klambine

4. Banter mbengoke

5. Apik nyedhite

6. Dowo apalane

9. Dawane irunge

10. Gedhene blangkone

11. Lsp. 


Nanging kabecikan bakal tuwuh lamun kanggonan babone kabecikan, yaiku :

1. Seja sing becik

2. Linambaran welas asih

3. Sepi ing pamrih

4. Lila legawa

5. Temen prasaja

6. Sabar narima 

7. Narima ing pandum

8. Ngalah

9. Tepo selira

10. Andhap asor

11. Tata krama

12. Guyup rukun

13. Lembah manah

14. Gotong royong

15. Ramah tamah

16. Tulung tunulung

17. Sumendhe pasrah sumarah marang panguwasaning Gusti kang murbeng dumadi. 

18. Lsp. 

Lamun jiwa manungsa wus kadunungan rasa kamanungsan babone kabecikan, biasane tanduran kabecikab biso tuwuh saenggon enggon lan ing ngendi ngendi. 

Nanging kala mangsa uga kudu tansah sabar narima lila legawa, amarga kabecikan biasane uga ora kuwawa thukul, lamun tumiba ing jiwa sing atos lan cengkar, yaiku jiws sing wis koncatan rasa kamanungsan, sing wis mati jiwane, mati nalare, mati welas asihe, mati tepa selirane, lan wis mati rasa pangrasane, sing biasane uga sinebut bathang mlaku.


BUDI LUHUR

Budi Luhur minangka dhedhasarane ngelmu urip. Ajaran Jawa nduweni konsep menawa urip bebarengan iku kudu tata (tertib), tentrem (aman tenteram), kerta (makmur) lan raharja sejahtera). Bisane wujud menawa para manungsane iku nduweni budi luhur.


MURIH BISA DUWE BUDI LUHUR KUDU NYECEP PIWULANG KAUTAMAN 

Apa wae sing diwulangake ing piwulang keutaman iku ngandhut kawruh lan laku. Tegese ora mung bisa ngerti bab kawruhe, nanging uga kudu dilakoni apa kang diwulangake. Babon baku piwulang kautaman mulangake kawruh murih manungsa padha eling marang kajatene. Yaiku titah kang diparingi kaluwihan wujud cipta-rasa-karsa. Mula kaelingan sing bener-becik-pener yaiku :

1. Eling menawa dadi titahing Gusti (Sangkan Paran, Manunggaling Kawula Gusti).

2. Eling menawa dititahake manggon ing planet bumi kang ora ijen anane, nanging minangka bagian cilik saka alam semesta. (Jumbuhing jagad cilik lan jagad gedhe).

3. Eling marang peparing ‘cipta-rasa-karsa’ kang ukurane manungsa kudu ‘beradab’.

4. Eling manwa kudu tansah ngutamakake kerukunan karo manungsa liyane lan titahe Gusti liyane.

5. Eling menawa kudu tansah njaga keselarasan (kemarmonisan), melu memayu hayuning bawana.

Dhasaring laku diarani Panca Brata yaiku lakubrata kanggo nguripake (ngoperasionalake) cipta-rasa-karsa, yaiku:

1. Nglatih bisane nduweni watak narima, disranani laku kanthi ngengurangi mangan lan ngombe. umpamane laku pasa, mutih, ngrowot lan sapiturute. Bedane pasa ing laku Jawa karo pasa tumrape ibadah agama, yaiku ana ing tujuwane. Nek pasa cara agama kanggo nggayuh suwarga, dene pasa laku Jawa amung kanggo nglatih bisane duwe watak narima. Ewa semono, kanyatane luwih abot syarat-syarate. Ing antarane, senajan bisa pasa sedina nutug, nanging yen ing batin isih durung bisa nrimakake pangan lan ngombe saanane nalika buka bakal njugarake gegayuhan. Ora bisa kanggonan watak anarima. Selagine kanggonan watak anarima wae ora bisa, lha kok kepingin nggayuh suwarga mesthi tangeh lamun.

2. Nglatih bisane tansah eling, disranani ngengurangi sare (turu). Syarate, anggone melek ora kena disambi apa wae. Apamaneh dislamur nganggo dolanan kertu utawa jagongan gayeng karo para kanca. Kang ditindakake, melek lan tansah eling marang kajatene manungsa.

3. Nglatih urip kang tata utawa tertib, disranani laku ngengurangi sanggama. Nanging anggone ngurangi kudu kanthi pangerten babagan sanggama kang sejatine. Yaiku pangerten sanggama kang gegandhengan karo titising wiji kang mahanani rasa sejati. Yaiku rasa nikmat mulya kang ditampa manungsa nalika dadi saranane Gusti nyipta manungsa anyar. Rasa nikmat mulyane sanggama kang bisa nitisake wiji, dudu nikmat sanggama kang lumrah amung nuruti derenging birahi. Kanthi mangkono, sing dikurangi iku sanggama kang mung mburu kanikmataning birahi.

4. Nglatih kesabaran, disranani kanthi laku ora kena nesu. Mula kang becik iku laku ing siyang ratri tansah amamangun karyenak tyasing sesama.

5. Nglatih panalangsa utawa pasrah sakabehane marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Srana lakune mbisu. Nanging ora mung ora guneman thok. Ing jroning batin tansah ngulati mobah-mosiking ati. Iya obah osiking ati iku kang bisa uga mujudake wisik utawa dhawuhing Gusti marang kita sowang-sowang (dhewe-dhewe). Bisane dimangerteni kudu dipêndêng utawa mêlêng temenan. Mêndêng utawa mêlêng ora bisa kelakon yen sinambi ngendika utawa omong-omong. Wohing pasrah iku antuk wisik utawa sabda dhawuh kang nuntun marang bebener, kabecikan sing pener.


GUSTI ALLAH ORA SARE

Tegese Gusti priksa saparipolahe manungsa, uga laku jantrane jagad saisine. Pitutur kang ngelingake supaya kita ora kendhat nyuwun pitulungan lan pangayoman marang Gusti Kang Akarya Jagad. Kejaba saka iku, aja gampang-gampang tumindak salah (dosa), awit Gusti ora sare. 

Apa sing durung kocap, sing sumimpen sajroning ati lan sing jeneng wewadi Panjenengane priksa sakabehe.

Manungsa urip ing alam donya diparingi kalodhangan sing amba dening Gusti Allah. Paribasan apa sing ginayuh bakal kelakon. Ananging kita kudu tansah ngati-ati, jalaran kabeh tumindak bakal kecathet dening Kang Murbeng Dumadi.


Ala lan becik iku geghandengan, kabeh kuwi saka karsaning Pangeran



Dening Imajier Nuswantoro 



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)