JANGKA NUSANTARA
Jangka tegese wewecan babagan lelakon kang durung kalêksanan utawa katelah ramalan.
Ora ngêmungaké anèng tanah Jawa, sanadyan anèng nagara sing ilmu lan pangetrapan sarana kanggo pagêsangan (tèknologi) wis luwih maju, nganti saiki ora uwal mbucal saka kawruh batin kang sinebut jangka utåwå ramalan.
Jangka kang paling misuwur tumraping tanah Jåwå yaiku Jangka Jayabaya kang kamot ing kitab Jayabaya Musasar gubahaning Sunan Giri Prapen (Sunan Giri kaping tiga) warsa 1540 S utawa 1618 M. Kajaba kuwi ugå ana Serat Pranitiwakya lan Babad Tanah Jawi.
Wodene Prabu Jayabaya (Prabu Jayabhaya, panyeratan saturut sujarah) punika ratu saka Kraton Kadiri (Panjalu) kang misuwur narèndrå gung binathara, ambau-dhêndhå nyakra-wati, ambeg adil Paramarta, barbudi bawa laksana, mêmayu hayuning bawana. Pinrecaya pangèjåwantahing Sang Hyang Bathara Wisnu ing madyapada.
Sapèrangan jangka Jayabaya kang wus sumêbar kinawruhan ing akathah ugå kabukti antaraning :
1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran.
Kanyatan kanthi ananing mobil sing kariptå kawitan mawi tenaga uap ing warså 1769 M, nanging ijih nganggo rodha telu.
2. Tanah Jawa kalungan wesi.
Kanyatan kanthi ananing rél sêpur sing kawitan diwangun warså 1864 M, jalur kuthå Semarang - Vorstenlanden (Sala -Yogyakarta). Saiki malah kaimbuhan kinalungan dalan tol (watu cor).
3. Prau mlaku ing dhuwur awang-awang.
Kanyatan kanthi ananing montor mabur (pesawat terbang).
Têrusane seratan jangka kuwi ijih rong-atusan iji cacahé, kalêbu :
- Wong Jawa kari separo.
- Landa-cina kari sajodho.
Nanging kulå boten badhe ngrembag bab punika, kadosipun para kadang ugi sampun kathah ingkang pånå bab suraosipun.
Nunggal babag beda rembag.
Pranyata saakehe jangka utawa ramalan nembe kaweca gamblang trawåcå lamun wus kadadeyan. Kayadene jangka Jayabaya bab lampahané tanah Jawa (Nusantara) ngênani panjajahan Jepang.
Aneng buku lawas (wedalan Tan Khoen Swie, Kediri) katulis (kurang luwihe) :
Ana wong cebol kêpalang saka wetan, panguwasané saumur jagung.
Saiki sing sumêbar ing ratmaya :
"Kejajah saumur jagung karo wong cebol kepalang.
Ingkang badhé kula rêmbang namung ukara "saumur jagung". Nalika sêmånå akèh uwong sing ngluputaké jangka kuwi, amargå umuré jagung awit tandur tumekan panen kurang luwih mung têlung sasi sêtêngah, kamångkå Jêpang njajah Nusantara nganti têlung warså setengah!
Sawetara warså sawisé Indonesia mardikå nêmbé samyå mangêrti surasané "saumur jagung", yå-iku : wiji jagung wiwit dipanèn nganti ora biså ditandur kanggo winih kuwi umuré têlung warså sêtêngah!
Nanging ånå ugå kang duwé panêmu lamun ramalan kuwi dudu yasaning Prabu Jayabaya kang gêsang ing antarané warså 1135 - 1159 M, amargå tanduran jagung nêmbé ånå ing tanah Jåwå udåkårå warså 1400an. Biså ugå jangkå kuwi rêriptaning R. Ng. Ranggawarsita utåwå pujånggå, êmpu, winasis, liyané.
Sigeg sawetara, gentya kang rinumpaka.
Padha jangka carita
Wong Jawa, tiyang Jawi, precaya lamun tumrap babagan pamarèntahan ing Nusantara kawengku dening jangka rêriptaning Prabu Jayabaya, yaiku Satriya Piningit lan Nata Nagara, kang bisa agawé Nusantara tumuju kahanan kadya jejanturane Ki Dhalang, panjang apunjung, pasir wukir, loh jinawi, gêmah ripah, karta tata raharja.
SATRIYA PININGIT
Jangka utawa ramalan ngenani Satriya Piningit kaya kasebutake ing ngisor iki.
Selot-selote yen besuk ngancik tutuping taun,
sinengkalan dewa wolu ngasta manggalaning ratu,
bakal ana dewa ngejawantah,
apêngawak manungsa,
apasuryan Bathara Kresna,
awatak Baladewa,
anggegem trisula Wedha,
jinejer wolak-waliking jaman,
wong nyilih mbalikake,
wong utang nyaur,
utang nyawa nyaur nyawa,
utang wirang nyaur wirang.
Sadurunge ana tetenger lintang kemukus dawa,
ngalu-ngalu tumanja ana kidul wetan,
lawase pitung bengi,
parak esuk bener ilange.
Bathara Surya jumedhul,
berbarengan sing wis mungkur,
prihatin manungsa kelantur-lantur,
iku tandhané putrå Bathara Indra wus katon,
tumeka ing arcapada ambebantu wong Jawa.
Padunungane ana sikil redi Lawu sisih wetan,
wetane bengawan banyu .......
Sinengkalan dewa wolu ngasta manggalaning ratu :
1. Yen ditamatake ukara sengkalan kuwi luwih satembung, amarga sengkalan lamba kadadeyan saka patang têmbung, kajaba yen ana tembung panggandheng sing ora duwe watak angka.
2. Dewa = watak 9.
3. Wolu = angka 8, watak 8.
4. Dewa wolu = ing pedhalangan ana golongane dewa, yaiku kang sinebut : wasu, basu, sing cacahe wolu. Dadi dewa wolu kuwi nunggal watak 8.
5. Ngasta = asta = watak 2.
6. Manggalaning = manggala + ning.
7. Manggala = watak 8.
8. Ning = tembung panggandheng, têmbung katerangan, ora duwe watak angka.
9. Ratu = watak 1.
Dadi sengkalan dewa wolu ngasta manggalaning ratu mituduhake angka warsa 1828 J utawa 1899 M, ateges wis kliwat, lan nalika samawa Nusantara uga durung dadi nagara Indonesia.
Nanging ora ana jangka kang gampang tinarka, ora ana wewecan kang cetha trawaca, apa maneh tumraping Tiyang Jawi kang kebak pasemon, mratah wêwarah sinandi sasmita.
Wodene tegese tembung-tembung ukara ing nginggil kuwi yaiku :
1. Sinengkalan = ditenggeri angka warsa.
2. Sinengkalan = sengkala :
-- Tetengering warsa kang sinandi ing têtêmbungan (ukara) utawa pepethan.
-- Cilaka, kacilakan, cintråkå, pataka (petaka), sangsaya.
3. Dewa : Dewata, Bathara, sang hyang, jawåtå, roh luhur kang dianggêp duwé panguwåså tumrap manungsa utåwå ing cipta.
4. Wolu : angka 8.
5. Ngasta : nyekel, nyepeng, nggawa.
6. Manggalaning = manggala :
-- Ngalamat kabegjan, begja, berkah.
-- Bebukaning pujan.
-- Pangarsa, pangarep, senapati.
-- Ratu : aji, raja, narapati, prabu, kang nguwasani praja dalah isine.
Pamanggih kula, lamun punika estu panjangka lan dereng kaleksanan, bokbilih ukara punika asung pepenget babagan kahanan, sanês mituduhaké wekdal.
Rikala kawula lan nagara nandhang kacintrakan, bisane kabengkas lamun panguwasa nagara (ratu) anuhoni sipat lan pakartining dewa wolu (Astha Brata), ing kana bakal pikantuk ngalamat tumuruning kabegjan.
Utawa luwih gamblange, Nusantara bakal dhuwur kuncarane, adoh kukuse, Tata Titi Karta Raharja lamun panguwasaning praja asesikep Hastha Brata.
Wêdharan babagan Astha Brata wus sumebar sumarambah ing ratmaya.
Banjur kepriye ngrnani ukara sapiturute ? Kuwi mono uga gegambaran lan pasemon.
Sigeg sawetara, gentya kang rinumpaka.
Nata Nagara
Saliyané unen-unen Satriya Piningit, ana manèh ukara kang misuwur minangka jangka lumaksitaning pamarèntahan tumrap ing Nusantara, pinrecaya rêriptaning Prabu Jayabaya, yaiku Nata Nagara.
Ukara Nata Nagara dudu wewecan wêktu utawa panyandra kahanan kang bakal kadadèyan, nanging pralambang ngênani asmaning panguwasa kang bakal hanyakrawati Nusantara (sabanjuré kasebat Presiden NKRI).
Jaya, jaya wijayanti.
Kanthi sesanti Bhinneka Tunggal Ika mugya reroncen Sekar bangsa Nusantara tetep wutuh bakuh tumuju hanjayeng bawana.
TUMURUNE WAHYU MAKUTA RAMA
Wahyu ngowahi laku kang ala murih Rahayu
Tumurune
Wahyu Makuta Rama
Makuto manunggaling laku isine tansyah Tata
Rama Roh Suci Rasa kang Utama.
Wahyu makuta Rama ngupadi papan paraga kang Resik lahir batine Satria sejati satria utama.
Jiwa Jawa sejati
Jiwa Jawa Jawata ngeja wantah
Tejaning jatining wahyu