Kidung Nyawang Endahing Netra

0

 Kidung Nyawang Endahing Netra




Manjing Lintang wayah ing wengi

Endahing Swasono kumerlip lintang 

ing Hyang angkoso

Sing agawe padang sumunar ing lati


Aruming Gondho sekar melati

Anggondo Agawe rerindu saknjroning lati

Tumuju tresno mring karsane Gusti

Kang moho Yekti


Rasa agung mring  pangrosoku

Marang kang moho suci

Tan bisa owah lan luntur

Kang sampun manjing jero ati 

selawase...


Tresno Prasasti Suboyo pati

Sliramu seng bakaling kang Reruntungan

Lakone sang Hyang Sri Rama lan Shinta

Kang bakaling reruncening

Nyambung nyawiji


Tan ora bakaling pedot taline 

Asmoro kang suci


Lumahing bumi Nuswantoro

Titahing hyang Dewo 

Jagad batara

Tumitis jalmo manungso kang

Suci  


para rojo lan ratune jagad jawa dwipo Nuswantoro kang

Manunggal kang

Nyawiji 


Titisaneng rahwono 

gegarananing angkoro murko

Bumi Nusantara 

Endang kang nyato digawe braholo...


Katahing jalmo manungso 

Luput kinodrat titahing hurip

Kala wun Titi wancine

Parahyangan Djawi bakaling nyawiji 

bakaling bali kang miwiti trah Kahurip kang hanata Nagari...


Solah tingah muna muni

Tindak lan tanduk kang nyawiji

Linambaran agomo ageming aji


Becik kang tinulodho

Kang olo singkirno

Ngunduh wohing pakerti

Tan biso diwiradati


Ngupoyo lan pamarsudi

Kanthi tulusing ati

Podho nggayuh Wahyuning Hyang sejati

Gusti Hyang moho yekti...


Rahayu Rahayu Rahayu kamulyaning jagad Nuswantoro 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)