DEWA RUCI
Crita wayang Jawa Dewa Ruci sing sejatine salah sijine crita lelakone Bima/Werkudara golek jati diri. Mugi-mugi andharan cariyos ingkang dipun rangkep ngginakaken basa Jawi lugu ing nginggil saged migunani tumrap kita sedaya. Aja lali maca crita liyane ing ringkesan wayang ramayana basa Jawa.
Dewa Ruci, ing crita wayang, yaiku jeneng dewa alit sing ditemoni Bima utawa Werkudara nalika lelungan golek banyu panguripan. Jeneng Dewa Ruci uga minangka lakon utawa irah-irahan pagelaran wayang ngenani dewa iki, sing ngandhut piwulang moral lan filosofi urip wong Jawa. Lakon wayang minangka interpolasi tumrap Mahabarata, mula ora ana ing naskah Mahabharata asli saka India.
Lakon Dewa Ruci nyritakake babagan ketaatan siswa marang guru, kemandirian akting, lan perjuangane golek jati diri. Manut filosofi Jawa, ngelmu dhiri bakal nuwuhake manungsa ngerti asal-usule awake dhewe minangka titahing Gusti. Kawruh Gusti Allah iki nuwuhake kepinginan kanggo tumindak laras karo kersane Gusti, malah manunggal karo Gusti, kang sinebut Manunggaling Kawula Gusti (Manunggaling Kawula Gusti).
Perlu digatekake yen Dewa Ruci beda karo Sang Hyang Tunggal, amarga Dewa Ruci iku wujud sampurnane Werkudara utawa Bima (Mahabharata). Kanggo golek banyu prawan, ngalahake naga, lan ketemu Dewa Ruci kebak pralambang ngenani perjuangane manungsa kanggo ngalahake hawa napsu kang bisa ngalang-alangi nggayuh kasampurnan, kayata napsu, kuwasa, gumedhe, lan sapanunggalane. Bima nggayuh kasampurnan amarga saka kekarepane, manut, waspada, eling (ora lali marang awake dhewe) watak lan sipate, lan andhap asor. Tiyang ingkang sampun ngertos jati dhirinipun badhe nindakaken perkawis-perkawis punika kanthi alesan anggenipun nindakaken jejibahan ing donya.
Dikisahke Bima nduweni sawong guru kanthi jeneng Resi Drona. Banjur Resi Drona merintah Bima supaya nggoleki banyu kuripan sing bakal nggawe Bima tumeko kasampurnan urip. Perintah iki sayektine mung siasat kanggo nglenyapake Bima supaya ora melu perang njero Perang Baratayuda sing kala kuwi lagi dipersiapke.
Bima sing nduweni jiwa sawong murid, tanpa pitakon banjur nglakokake titah saka sang guru. Dheweke mangkat nuju panggon-panggon berbahaya sing wis ditentukan dening Resi Drona.
Pisan, dheweke dikongkon menyang gua gunung Candramuka. Nning, banyu sing den upadi jebulna ora ana, nuli gua neng sakiwo tengene diobrak-abrik nganti nggawe kaget buta sing tinggal neng kana, yaiku Rukmuka lan Rukmakala. Banjur kedadean gelut antarane dekne kabeh lan nggawe loro raksaksa kesebut kalah ditendang, dibanting mendhuwur watu lan njeblok dadi lebu.
Bima durung bisa nemu banyu kauripan, akhire dheweke pasrah lan tersandar nang siji wit beringin sing gede banget.
Ora suwe banjur, dheweke krungu suwara sing ora ana wujud e, "Hei putuku sing lagi sedhih, kowe nggoleki sawijining barang sing ora ana neng kene. Mustahil nggoleki banyu kauripan neng kene".
Suwara kuwi asale saka Batara Indra lan Bayu sing banjur ngandhani bima menawa loro buta sing dipateni mau ternyata nyat lagi dihukum Batara Guru.
Nuli diomongke uga supaya Bima leren anggone nggoleki banyu kauripan, Bima di kongkon supaya bali menyang istana Astina.
Sakwise dheweke bali menyang astina, dheweke memoni gurune maneh, yaiku Resi Drona. Bukane ngakoni kaluputan, Resi Drona berdalih mung nguji Bima wae. Dheweke banjur merintahake bima kanggo nuju samudra supaya oleh banyu kauripan.
Sadurung lunga, kabeh sedulur bima ing pandawa lima termasuk arjuna nglarang lan wanti-wanti menawa kabeh kuwi mung jebakan wae. Nanging Bima/ Werkudara tetap kukuh lan bertekad lunga demi nglakoni titah saka guru Druna.
Malah yen dheweke kudu memoni kemalangan dheweke wis siap, amerga dheweke dhewe nduweni kepitaya an menawa apa sing dilakoni dheweke yaiku Darma, lan kabeh ana sing ngatur.
Saketuke neng pinggir segara, dheweke ngatur emosi sing timbul, keweden, keraguan neng jero awak saguh lan orane dheweke renang ing samudra kui.
Kanthi kesekten aji jalasegara sing dheweke olehke saka Batara Bayu nang dalan sadurunge, dheweke mleboni dasar segara karo menyibak banyu, malah saguh ngambekan neng jero banyu segara.
Dikisahke ana naga sagedhe anakan kali, pemangsa iwak neng segara, rai liar lan ganas, nduweni bisa sing isoh mateni sopo wae, cangkeme kaya gua, siunge katon landep cemlorot, melilit Bima nganti mung kari ketok gulune, menyemburkan bisa kaya banyu udan saka naga kesebut.
Bima bingung lan nduga supaya cepet mati, nanging wektu kesel ora kuwasa nglawan, dheweke eling banjur cepet-cepet nggunakake kukune yaiku kuku pancanaka, nancap neng awak naga, getih kemocor, naga gedhe kuwi banjur mati, seisi segara bagyo mulya mergo ora ana maneh mangsa sing ganas.
Nganti akhire neng segara den samya Bima ketemu karo Dewa cebol sing nduwe jeneng Dewa Ruci sing raine persis Bima dewe. Gedhe saka Dewa Ruci ora luwih gedhe dibanding epek-epek Bima. Dewa Ruci merintah Bima kanggo mlebu kuping kiwa saka Dewa Ruci, siji perintah sing mustahil.
Nanging, kanthi keajaiban, Bima kedadeyan bisa mlebu menyang kuping Dewa cebol kuwi lan neng jerone Bima mbisani donya sing jembar banget.
Dewa Ruci ngomongke menawa banyu kauripan ora ana nengendi-endi, rakacek nggoleki banyu kauripan neng panggon ing donya, amerga banyu kauripan ana ing jero awak manungsa kuwi dewe.
Saka kunu Bima mahami wejangan Dewa Ruci sing sayekti yaiku gambaran saka deweke dhewe, sing ngetok lan menehi pamulangan marang dheweke amarga dheweke wis matuhi parintah saka gurune.
Ana papat wujud sing katon saka Bima, yaiku ireng, abang, kuning lan putih. nuli celathua Dewa Ruci, "sing pisan kok delok cahayane, urip ora ngerti jenenge, Pancamaya kuwi, sayekti ana sajroning atimu, sing dadi pangarepmu, yaiku ati, sing nuntun awakmu marang sifat luwih, ngrupakne hakikat sifat kuwi dhwe.
Lekas mulih aja mlaku, delengen rupa kuwi aja mangu, ati kuwi sejatine hakikatmu, lagekne sing arupa abang, ireng, kuning lan putih, kuwi yaiku pangalang saka atimu.
Bima sakwise krungu tembung Dewa Ruci, atine padhang, nrima kanthi ati seneng, jero ati ngarepake oleh anugerah wahyu sing sak tenane. Banjur Dewa Ruci ngomong, "Bima, mangertenana sliramu, sing tok kerjakne, ora ana ngelmu sing ditekake, kabeh wis kok kuwasani, ora ana meneh sing den upadi, kasekten, ugo kepinteran, amarga ati sing temenan yaiki ati sing nglaksanakake.
DEWA RUCI
(SANGGIT KI NARTOSABDO)
Ing padhepokan Sokalima, Resi Drona kadhayohan muride kang kinasih Sang Bratasena Ya Harya Werkudara. Ana ing patemon iku Resi Drona ngutus Brantasena, supaya golek “Kayu Gung Susuhing Angin.” ing alas Tikbrasara yan alas Candramuka.
Brantasena tanpa tidha-tidha tumuli mangkat nyuwun pangestu marang Sang Guru Resi Drona. Ing patemon guru lan murid iku uga ana Patih Astina Sang Harya Sengkuni. Sang Sengkuni ngerti apa sing dhawuhake Resi Drona marang Brantasena. Sengkuni nyuwun pirsa geneya Resi Durna dhawuh mangkono marang Bratasena. Resi Drona wangsulan manawa anggone ngutus Werkudara nggoleki Kayu Gung Susuhing Angin iku satemene kepengin njlomprongake Sang Bratasena supaya sirna margalayu.
Sengkuni lan Drusasana kadhawuhan dening Resi Drona supayaning ngawat-awati Brantasena.Kacarita Brantasena wus tekan ing alas Tikbrasara. Werkudara tumuli ndhungkari gunung, mbedholi wit wit sing ana ing kono, nanging apa sing digoleki ora ditemokake. Malah arep dibadhog buta loro Rukmuka lan Rukmakala . Buta loroiki bias disirnakake dening Werkudara kanthi di adu kumba . Buta loro iki satenane panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu kang disotke/dikutuk dening Sang Hyang Guru.
Bathara loro mau ngaturake panuwun marang Brantase. Kanggo tandha atur panuwun, Branthasena diparingi ,sesupe utawa ali-ali Kang aran “Sesotya Mustika Maniking Candrama”. Dene daya panguwasane ali-ali mau bias ngurangi dayaning samudra kang jero lan amba satemah ora bakal kelem ing banyu. Banjur Brantasena nyuwun pirsa maneh ngenani “Kayu Gung Susuhing Angin?” Bathara Indra mangsuli,”yen Kayu Gung Susuhing Angin iku tegese,pusat napas tentreming ati lan pikiran”
Banjur Brantasena bali menyang Sokalima arep nyuwun pirsa marang Resi Drona sang guru.
Ing padepokan Sokalima, Brantasena ngaturaken marang gurune, kabeh sing wis kedadean marang awake, Brantasena nyuwun pirsa babagan ilmu kasampurnaning dumadi. Banjur Drona mangsuli,
” Isih ana syarat kang kaping pindho, goleka Tirta Pawitra Mahening Suci kang mapan ana ing sajeroning Samudra Minang Kalbu.” Banjur Brantasena pamit marang gurune.
Brantasena nyuwun pangestu marang ingkang ibu, Dewi Kunthi lan para kadang Pandhawa liyane. Ananging Dewi Kunthi lan para kadang Pandhawa ngalang-alangi tekade Brantasena. Ana kang nggondheli kampuh, ana kang nyikep sikile Werkudara, ana kang nyekeli tangane Sang Bratasena. Bratsena mberot tumuli malumpat tumuju Samodra Minangkalbu.
Ing dalan Brantasena dicegad Anoman, sarta sedulur tunggal Bayu liyane yaiku , Begawan Maenaka, Jajal Wreka lan Gajah Setu Banda, Sedulur papat tunggal bayu mau ngarih arih Branthasena supaya murungake tekade . Brantasena tetep mberot , ora bisa diendhakake tekade.
Brantasena bacutke laku, Kocap kacarita Bratasena wus tumeka ing gisiking samudra kang tanpa tepi, Bratasena tumuli nyemplung samodra kang ombake gedhe,lan kilat kang nyamber-nyamber. Brantasena tansaya manengah, tansaya manengah , saperlu ngupadi Tirta Pawitra. Ing tengahing samodra Brantasena digubeg dening naga Namburnawa ya Nabatmawa kang gedhene sawit tal. Bratasena kasil merjaya sang naga nganggo pusaka kang mapan ing anggane Sang Bratasena aran Kuku Pancanaka. Malerah abang getihe Sang Namburnawa menuhi tengahing samodra.
Werkudara wus tekan ing pulo cilik ing tengahing samodra. Tanpa dinyana wus ana wewujudan kang nganeh-anehi ana Dewa cilik menthik, gedhene mung saepek-epeke Werkudara. Dewa bajang mau wujude plek persis karo Werkudara.
“Heh Werkudara apa kang sira upadi, ana kene ora ana apa-apa, anane mung sepi suwung”. Mangkono pitakone Dewa bajang mau. Ing batin Werkudara ngungun dene ing tengahing pulo kang sepi kathik ana bocah cilik menthik ijen urip ing kon.
“Werkudara aku ngerti apa sing ana ing batinmu, aku ngerti apa sing kok upadi, aku ngerti kabeh karo lelakonmu sarta sapa kang nurunake sira”
Werkudara ora kesamaran yen bocah cilik kang diadhepi iki or aliya Sang Ruci Bathara ya Sang Dewa Ruci ya Sang Marbudyengrat. Mula age-age Werkudara nyembah sumungkem kanthi kebak ing tata Susila matur kanthi basa krama.
“Dhuh Sang Ruci Bathara kula ngupadi dunungipun Tirta Pawitra Mahening Suci, miwah ngelmu “Sangkan paraning dumadi”
“Werkudara yen iku kang sira upadi, tumuli manjinga ing guwa garbaku liwat ing talinganku kang kering”
“Dhuh Sang Ruci Bathara, nama aneh kula saged lumebet ing guwa garba paduka. Kula menika ageng birawa, dene paduka namung cilik menthik sajempol kula?”
‘Heh Werkudara, gedhe endi sira karo jagad? Kabeh jagad saisine kalebu samodra, gunung, lan wana bisa kamot ing guwa garbaku”
Werkudara sandika manjing ing guwa garbane Sang Ruci Bathara. Jebul ing jero rasane adhem, ayem, endah, tintrim. Ing kono Werkudara diwejang ngilmu sangkan paraning dumadi lan wejangan Pancamaya Kuwasaning Tyas. Isi wejangan Pancamaya, manungsa kaparingan Pancaindra kang pigunane dhewe-dhewe, yaiku paningal, pamiyarsa, pangganda, pangrasa lan pamirasa. Ing jiwaning manungsa ana cahya kang mahanani hawa napsu.
Cahya ireng lambange nepsu aluamah yaiku nepsu marang pepanganan.
Cahya abang lambange nepsu amarah yaiku hawane kudu nesu, panasten.
Cahya kuning lambange nepsu supiah yaiku hawa kesenengan, pepenginan kabungahan.
Cahya putih lambange nepsu mutmainah yaiku karep tumuju tindak utama.
Dewa Ruci sajarwa menawa satemene banyu suci perwitasari kuwi ora ana. Mula sakabehing tumindak iku kudu dipetung luwih dhisik. Migatekake pituture wong liya, apa maneh pituture wong tuwa, sanak lan kadang sing banget sutresna. Kabeh mau supaya ora keduwung tembe burine. Marang Pandhita Durna (gurune), Werkudara aja gething. Sanajan bakal nglorobake, nanging iku dadi jalarane ketemu marang Dewa Ruci lan banjur antuk ilmu sejatine urip.
Sawise diwejang, Werkudara kadhawuhan metu. Werkudara ora gelem amarga rumangsa enak lan kepenak ing jero anggane sang dewa. Salawase urip durung nemoni kahanan lan papan kang kaya mangkana. Bareng dielingake marang kadange Pandhawa sing padha bingung nggoleki dhewekke,Werkudara kaya kadhodhog rasa tresnane banjur metu saka karnaning sang Dewa Ruci. Werkudara kabuncang dening Dewa Ruci, among sakedheping netra wis tumeka ing Negara Ngamarta.