WEWALER

0

WEWALER




Wewaler meniko salah satunggaling Ajaran Leluhur Jawa ingkang awujud pitutur luhur


Pitutur meniko mboten namung awujud ujaran utawi panyaruwé mawi lisan, nanging saged awujud menopo kemawon


Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur poro tiyang sepuh dhumateng putranipun


Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jowo marang sawênèhing bab utawa prakoro kang ora tinemunalar


Tumrape wong jowo kang percoyo utawa ngandel tansah duwe roso was sumelang menowo ora biso nyranani utawa nyembadani prakoro kang dianggep mbebayani iku


Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang bedo babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni


Tulodho :

1. Kadonyan kang olo iku ateges mung ngangso-angso golek bondho donya ora mikirake kiwo tengene, ugo iro mikirake kahanan bathin

Cinta dunia itu karena nafsu angkoro murko yang mengesampingkan hati nurani & tidak memikirkan orang lain


2. Golek bondho iku sakmadyo bae, udinen katentreman njobo njero

Mencari harta itu secukupnya saja, yang diperlukan adalah kebahagiaan

Harta banyak karena nafsu malah tidak bisa membahagiakan


3. Bondho iku biso gawe mulyo ugo biso gawe ciloko

Gawe mulyo lamun barang kang becik, gawe ciloko lamun barang soko panggawe olo

Harta benda bisa membahagiakan & menyengsarakan

Membahagiakan bila dihasilkan dengan cara yg benar & menyengsarakan bila dihasilkan dari cara yang kurang benar


4. Bondho iku anane mung aneng donya, mulo yen mati ora digowo

Ingatlah bahwa harta benda itu cuma ada di dunia ini, bila meninggal tidak akan dibawa


5. Ora ono penggawe luwih dening mulyo kejobo dedana mbiyantu nyampeti liyan ingkang nandang rekoso

Tidak ada pekerjaan yang lebih mulia selain bersedekah membantu kesulitan orang lain


Mugi-mugi wedharan Kawruh puniko saged dados mupangaté panjenengan sedoyo

Hooong... 

Wilaheng Sekar ing Bawono Langgeng

Rahayu Kamulyaning Jagad



Imajiner Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)