LUKITANING ROSO JATI
Roso sejati pinangkanipun saking Gusti
Tanpo roso sejati, manungso boten leres wonten ngarsaning Gusti
Suraosing gesang ingkang nunggil kaliyan suraosing Gusti, puniko kahurmatan lan pangabekti, saged langgeng wonten ing pejah soho gesang, punopo malih begjo utawi ciloko
Manungso ingkang nampeni dhawuhing GUSTI puniko ingkang kangenan roso sejati
Gadhah kamukten salebetipun nandhang nistho soho kabegjan salebetipun sangsoro
Tindaking gesangipun mboten miturut raosing howo nepsu
Tiyang ingkang kanggenan roso sejati puniko mikir lan ngatos-atos menggah ing tumindak gesangipun
Gesang tanpo roso sejati puniko gesang tanpo guno, kados dene ukoraneki urip iku minongko uyahing jagad, mangko menowo uyah iku ilang asine, kang kagawe mulihake asine opo ?
Wus ora ono paedahe opo-opo
kajobo mung dibuwang lan kedakan dening wong
Tiyang ingkang temen ing batos punikl gadhah gesang langgeng, gesangipun roso sarto mantep, boten kados dene baitl ingkang kaoncat-ancitaken dening ombak
Wit kang becik iku ora biso ngetokake woh kang olo, lan wit kang gering iku ora bisa ngetokake woh kang becik
Sak ngalam donya puniko betah tiyang temen
Tiyang ingkang temen dhumateng Gusti, dipun welas temen
Sukmo sejati sing tak tresno
Tansah ngroso neng sakjroning dodo
Pucuke asmoro wes tak gowo
Lantaran mantra jiwa rogo mikat sukmo
Nyoto wus gumanti den cumawis
Wis tinilar alaming jawoto
Yuwono ing wewengkone
Kawengku jroning hayu
Suwung alaming Gusti
Lamus wis biso teko
Tekadnyo den tuhu
Tumandukno jroning roso
Awit iku alaming Hyang Tunggal Jati
Titiso jroning ngroso
Hoong...
Wilaheng Sekar ing Bawono Langgeng
Rahayu Kamulyaning Jagad