LABETING KARTIYOSO

0

LABETING KARTIYOSO




Kautaman Bagus ing Ati

Labeting kartiyoso puniko

Awit saking pambudayaning gito dursilo

Rinuwat kanthi mrihatini adrenging karso

Nguboro lan ngumbara miyat dumununging kamitran

Amangsuli prahoro bebendu agung

Tan ginayuh hastaning mamilat broto

Wosing roso kang ginubel graito

Graitaning karso, dumununging cipto


Tan ono angkoro

Tan ono rubedo

Tan ono dursilo

Tan ono tandang duraka


Jejer anyar

Gagrak anyar

Titah anyar

Jagad anyar

Sarwo gumebyar


Tan ono kang samar

Tansah suminar

Magilar-magilar

Anggelar tulusing nalar


Budi pinilih, luhur angarih-arih

Moso wurungo karsaning Jati

Hangesti drajading titah

Hawya mirudo kang kinarso ing Gusti


Kabeh soko telenging jangkah

Kabeh awit gumelaring pratingkah

Kabeh ngemu tulusing ngabdi


Kunjuk Ing Ngarsaning Gusti

Humangkoro

Humangroso

Hamungwat trikarso

Hamungwing baskoro

Hamungwing jumantoro


Ngadep Gusti

Welasing Gusti

Ingkang Moho Sih

Mawanti-wanti, angati-ati


Ojo kongsi keri nunggang jung omah agung

Kang dinayung dewo hambaruyung

Dipandhegani dening poro dewo

Sinanggo mring poro leluhur


Kinebakan jalmo utami

Mulyaning manungso jati

Kang pinilih dening Gusti


Kapilah saking ngalamipun

Awit driyanira mung nyawiji

Kabeh kagungane Gusti


Mulo ojo noleh

Mulo kudu mantheng

Katuto baitagung

Nyuwuno palilahe Hyang Agung

Awit kuwi Kagunganipun


Najan wus kebak ilmune

Najan wus gentur tapane

Najan wus suwung samadine

Ning durung kaparingan karsaning Gusti


Mulo dudu rapale, ning atine

Mulo dudu wujude, ning lire

Mulo dudu jlegere, ning kawruhe


Poma, sindukoro karaning ronsih

Sawunging sworo sawang suwung

Gebyaring gebyur gambyong grambyangan

Rinakit, rinoso, rapito, retyakaning radyo


Tlusurono sing tlaten

Anggito gitaning suksmo

Andungkap sunaring padhang

Njingglang ngawang-awang


Hamung sawiji kang kinanthi

Wahyuning Gusti

Kang pinuji-puji

Wus pupus barang kalire


Hooong... 

Wilaheng Sekar ing Bawono Langgeng

Rahayu Kamulyaning Jagad



Imajiner Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)