Myat jroning wardaya ngrumpaka kakandha,   nujwèng ari sajuga,  Srinata suméwa lênggah dampar dênta,   ing sitinggil binatara,   ingadhêp punggawa ingajap pra kênya,   rungkêp ing paséwakan, tintrim kang suméwa,   samya anilingakên pangandikaning nata.