LAKON ANOMAN DHUTA
(ANOMAN OBONG)
Para Kadang pandhemen cariyos ringgit ingkang minulya, kaparengna kula nglajengaken cariyos ANOMAN DHUTA. Mugi sageda kangge waosan lelipur sawatawis.
Babaran cariyos punika kula mendhet saking werni-werni sanggit kanthi ewah-ewahan sawatawis bilih wonten bentenipun kula namung nyumanggakaken sakarsa kemawon.
Ing sangandhaping ringin kembar madyaning alun-alun Pancawati nenggih karan Kyai Dewandaru lan Kyai Jayandaru lenggah sipating Jawata ingkang ngejawantah nenggih Sang Nayantaka, ya Janggansmåråsantå, ya Sang Bogasampir, ya Sang Dhudha Manangmunung, ya Sang Juru Dyah Puntaprasanta, ya Kyai Lurah Semar Badranaya ingkang nglenggahi Paranggedhempel. Aywa dumeh sipating kawula alit namung sayektosipun panjalmaning Jawata Bathara Ismaya wewisikira.
Lenggah wonten ing ngandhaping mandira gung Kyai Jayandaru tengahing alun-alun lelemekan gelaran pandhan.
Ing ngarsanipun ngadhep ingkang putra saking Klampis Ireng Ki Lurah Nala Gareng, Cakrawangsa, Pegatwaja ya Sang Pamcalpamor ya Bambang Sokadadi.
Ing kananipun ndherek ngadhep Sang Sura Gendhela, Ronggungjiwan, Kanthongbolong, Dublajaya, Jengglongjaya, Dawala, Jambulita Tontongsot ya Ki Lurah Petruk saking Pecukpecukilan.
Ing keringipun Ki Lurah Nala Gareng lenggah wuragiling Panakawan punika ta Ki Lurah Bagong ya Cepot, Astrajingga, Jamblahita, Lupit, Pathokol Baworsari, Grubug, Mangundiwangsa ya Sang Bawor, manggen ing Karang Kacepotan.
Duk samana samya nembe tetembangan anglelipur diri sinambi ngentosi babaring gati ing pasewakan. Suka parisuka nggennya tetembangan Rujak Jeruk. Suwuking tembang praptanira Sang Senggana gya ngadhep maring ngarsanira Kilurah Badranaya makatrn wiyosing atur ingkang dereng kaeijil ing lesan.
Semar : " Hhh, mbegegeg ugeg-ugeg sadulita hemel-hemel. Lae ... lae dak waspadakake kaya Anoman kang prapta ana ngarepku. Kepriye kabare pasewakan,Senggana?
Anoman : " Nurun inggih Kyai, Anoman ingkang ngadhep ngarsa ndika, Kyai! Bekti kula mugi katur Kyai!
Semar :" Hhh, ya wis dak tampa , pangestuku tumrapa marang sira, Maruti!
Anoman :" Kula pundhi ing mustaka mugi mimbuhi kayuwanan kula.
Gareng :" Ndara Anoman sugeng rawuhipun?
Anoman : Nala Gareng dak tampa pabagemu.
Petruk :" Ndara Anoman sami sugeng?
Anomang :" Raharja tekaku Petruk, awit saka pamujimu.
Petruk :" Ehh ehh, sekethi jumurung, Raden!
Bagong :" Ndara Anoman wilujeng?
Anoman :" Ya ya Bagong dak tampa pambagemu! Kowe rak ya pada becik ta, Bagong?
Bagong :" Inggih sae, ning niki kraose pun ngintir-intir. Pating plilit weteng kula!
Anoman :" Lho! Apa kowe lagi lara!
Bagong :" Jane nggih boten. Mung gara-gara Kakekne Semar niku ngejak lunga kesusune ra jamak. Kula semayani sedhelit ajeng sarapan mawon boten kanti. Jer nggujeeeeg mawon kaya kalih gendhaane nika!
Petruk :" Rak ya mau dibuntel wae nggo sangu, dipangan yen leren rak ya bisa ta Gong?"
Bagong :" Jane mau ya dak buntel nggo sangu, nanging awak ki yen lagi cilaka! Neng prapatan mau aku kelumah kepleset lethong kebo, sanguku ketindhihan awakku. Bareng aku ngadeg jebul segaku wis campur!
Gareng :" Oh ho hooo, ya malah peneran kari nandangi lab leb ta, Gong!
Bagong :" Lab leb dhengkulmu amoh kono! Lha wong campure karo lethong kok, kon mangan!
Sedaya sami gemujeng kemekelen mireng sambatipun Bagong.
Anoman :" Ya wis mengko golek jajanan ana warung!
Semar :" Heeehh hm, Wis Anoman aja bok gagas bocah siji kuwi! Wong urip mung nggedhekake puluke wae. Bokya ajar sesirih prihatin ngono apa piye!
Bagong ;" Halah, kono sing prihatin wit biyen ya pagah mlaraaat wae kok!
Semar :" Nadyan mlarat nanging bisa nyukup-nyukupke ra nate nganti utang-utang ta, Ber Jeber?"
Bagong :" Ra tau utang, lha wong sing diutangi wis dha kapok kabeh!
Petruk :" Ya ora ngono, Gong! Bapak ki lenggah neng ndhapa wae gula teh pating sluru mara dhewe-dhewe!
Bagong :" Apa isih nyambi dhukun?"
Petruk :" Dhukun dhengkulmu amoh kuwi!
Bapak ki gedhe prihatine, banter ngibadahe dadi sawabe ya gedhe, mandi dongane! Mula pada ngaup sawabe Bapak nyuwun dongane.
Bagong :" Halah mandi apa? Yen mandi bok anak-snake iki didongakne ben sugih! Anak telu ya kabeh kere we kok! Mandi apane?"
Gareng :" Wis, Truk! Aja ngandhani menungsa pathak urang, ngantiya kaya bethet sewu ya ra bakal bisa nggugu!, sengara yen manuta."
Bagong :" Halah, saya Thekle kuwi. Mesthi ya ngewangi lha wong kerep dikepyuri!
Diamplop seket ewu tembunge, " Iki lho sing mikirke rakyat! Iki lho sing bakal mbangun desa!"Mangka ya blas ra cucul. Wong kabeh dhuwite rakyat dhewe, tenane jane ya mung udhu abab!"
Anoman :" Wis, wis, Bagong nyoh dak wenehi dhuwit nyanga warung kana kareben rada lerem pikirmu!
Bingar cahyanipun Bagong dupi nampi paringan Sang Anoman.
Bagong :" Iki ... marganing rejekiku! Matur nuwun, Den! Kere- kere ora sah dha melu dak menyang dhewe ra usah dha ngeyerke malah gawe bunek pikirku mengko!"
Petruk :" Lha rak tenan ta! Menungsa keparat! Lambe ki nek jeber ...! Yen kerejeken njur lali dulur. Lagi serep mbako sithik wae pendirange kaya tukang potang!"
Anoman :" Kyai, nyaosi pirsa bilih gatosing pasewakan wau Prabu Rama Ngutus kula kinen nyarawidekaken wonten pundi Dewi Sinta dipun-singitsken ngiras pantes kangge mangertosi sepinten kekiyatanipun Negari Ngalengka. Dinten punika ugi Panjenengsn lan sedaya Punakawan badhe kula kanthi dhateng Ngalengka!"
Semar :" Kira-kira butuh wektu pirang dina kowe bisa nindakake dhawuhe Prabu Rama?"
Anoman :" Kula sagah sasuruping surya sampun wangsul dhateng Pancawati!
Semar :" Aja sembrana Anoman! Tangeh bisa kalakone lekasmu iku!
Anoman :" Boten, sauger Panjenengan kersa paring sabiyantu!"
Semar :" Njur priye carane aku bisa sabiyantu?"
Anoman:" Penjenenga kula dherekaken panggih dhateng Putra Panjenengan Bathara Surya kapurih ngendheg sawatawis lampahing Bagaskara ngantos rampung padamelan kula, kanthi makaten saderenging serap surya kula sampun saged wangsul!"
Semar :" Eh, mengkono?"
Anoman :" Nuwun inggih, Kyai!"
Semar :" Ya, wis ayo pupung isih rada esuk enggal-enggal wae supaya gaweyane ndang rampung!
Dereng purna nggennya sami wawan pangandika kesusul praptanipun Raden Jaya Anggada gumrojog tanpa larapan!
Nyaketi Sang Senggana.
Semar :" E e ee, ndara kula Raden Jaya Anggada ingkang rawuh, ngaturaken kasugengan, Gus!"
Jaya Anggada :" Ya, Kyai raharja tekaku!"
Gareng :" Raharja Den?"
Petruk :" Wilujeng, Gus?"
Bagong :" Raden Jaya Anggada sami sugeng?"
Jaya Anggada :" Panakawan daktampa pambagemu saka pamujimu aku becik wae!"
Anoman :" Yayi Jaya Anggada, kok sajak sumengka pengawak bajra ana parigawe apa, Dhi?"
Jaya Anggada :" Kakang Anoman iki ora pirsa apa api-api ora ngerti?"
Anoman :" Kosik ta Dhi! Wuwusmu kok rada sugal iki ana babagan apa?"
Jaya Anggada :" Hemm, Kakang paribasan kecoh wae durung asat mokal yen Kakang lali ing pasewakan mau. Kakang adol rai adol gendhung adol gawe, pamrihe supaya dikersakake Prabu Rama dadi dhuta!
Anoman :" O alah kuwi ta Dhi Jaya Anggada. Prabu Rama rak sing dhawuh menawa kang bisa luwih rikat kang pinilih dadi dhuta!"
Jaya Anggada :" Nanging Kakang Anoman ngongasake kaprawiran kang ngayawara, bisa menyang Ngalengka lan bali amung sasuruping surya. Apa kuwi ora mung adol umuk mbuh nyatane!"
Anoman :" Aku ora adol umuk nanging aku bisa mbuktekake!"
Jaya Anggada :" Buktekna saiki. Lamun ora bisa mbuktekake tegese Kakang mung ngilani dhadhaku lan ngepel sirahe Jaya Anggada.
Ngene kakang sawangen pucuk gumuk sisih lor kae! Mara coba aranana kae wit apa lan cacahe pira?
Anoman ya Sang Senggana mateg Aji Pramanajati amung sakedheping netra tanpa mirsani sampun saged mangertosi ingkang pun kajengaken Raden Jaya anggada.
Anoman :" Oh, kae ana wit klapa gadhing cacah loro kang sawiji awoh pitung janjang dene kang sawiji mung awoh sajanjang. Bener apa ora?"
Jaya Anggada :" Bener, nanging yen awohe aku ora ngerti. Aja seneng dhisik! Saiki ayo dhisik-dhisikan karo aku nggawa wit klapa kae siji edhing, sapa kang tekan kene luwih dhisik nggawa wit klapa kae iku sing unggul lan pantes dadi dhutane Prabu Rama!
Anoman :" Dak ladeni kabeh karepmu, Dhi! Mara mangkata dhisik mengko dak tututi!
Jaya Anggada :" Wah, isih adol gendhung! Aja ngarani aku laku cidra yen Kakang Anoman kalah!"
Raden jaya anggada gya cancut taliwanda mateg aji Bandung Bandawasa sepisan malumpat sayojana adohe. Tan katalompen Sang Maruti, eling-eling siswanipun Bathara Bayu pramils gya mateg Aji Sepiangin lan Bayubajra lajeng lumumpat sagebyaring thathit sampun dumugi gumuk lan mbedhol wit kalapa gadhing kalih-kalihipun kabekta wangsul dhateng ngalun-alun.
Kagyat Raden Jaya Anggada dupi dumugi ing pucuking gumuk tan manggihi wit klapa gadhing sampun boten wonten malih kantun tatunipun. Saya gempung penggalihira, gya wanngsul kanthi jaja bang mawinga-winga!
Sadumugining alun-alun ningali pun Anoman sampun lenggah senden pacak sujining waringin kurung nyandhing wit klapa kakalihipun. Saya kebranang Raden Jaya Anggada rumaos dipun ewa-ewa dening Raden Anoman.
( Kasambet candhakipun)