Kuwasaning Gusti Kedjawen
ꦏꦸꦮꦱꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
Kuwasaning Gusti
Aku urip ana tengahing donyo
Bareng-bareng awu ing dalan
Ngunekake swara nganggo gendulku
Ngaukup duit saka wong kang loma
Lego mergo sego sak emplokan
Aku iki dinistha,
diidoni ana tengahing panase srengenge
dilokke lan diasorake
nalika aku bisa bebas ambegan
manging aku ora bakal leno,
ora bakal nglokro
Gusti tetep ngerti tumindakku
menehi panguripan marang aku
kadhang kala ireng utawa putih tetep taktampa
Gusti ora nate kendel
Gusti sing ngyayomi lan nulung kanti lantaran
merga aku percaya bilih Gusti ora sare
Wedjangan kanggo mangerteni marang kuwasaning Gusti. Nyiptakake ukuming agomo Kedjawenkang ono wolong perkoro, kanggoning bongoso Djowo.
Kedjawen, Tembung wancahan :
1. Kahuripan : Kehidupan
Among Gusti engkang moho kuwoso, nyiptakake kahuripan sarto ukume kahuripan kanggone bongoso Djowo. Kang uwes katulis deneng:
Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo. Wekasaning Gusti: Tresnoho marang kahuripan siro, bandjor tresnoho marang sak podho - podhoning urep.
2. Enotuk : Jatidiri/Asal usul
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso nyiptakake Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo kang diutos Gusti, ndjogo
kahuripaning bongoso Djowo. Wekasaning Gusti: Ngelingono marang asal usol siro, odjo tumindak olo marang kahuripan siro. Semono ugo marang
djalmo manungso.
3. Dawuh : Perintah
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso ngutos Hosoropolo. Kanggo aringi pangelingan marang bongoso Djowo, supoyo biso mangerteni marang udjuting roso. Wekasaning Gusti: tumindakho kang djudjor marang roso siro. Awet roso kuwi tjahyoning Gusti kang moho sutji. Kang manggon ono ing rogo siro, odjo diregetake.
4. Jeso : Pegangan
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Kang kuwoso nyiptakake sedulor papat. Supoyo bongoso Djowo biso mangerteni marang kuwasane, kang diparengake Gusti naliko iseh ing bumi sutji. Wekasaning Gusti: tumindakho kang betjek marang sedulor papat, kang asmone Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo.
5. Angger-Angger : Ketetapan
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Supoyo bongoso Djowo biso nyirnakake sengkalane kahuripan, kang katon ugo kang ora katon, kang
tekane soko setan. Ugo marang kasengsarane sukmo yen uwes bali marang kuwasaning Gusti. Wekasaning Gusti: tumindakho kang nastiti, marang. Sengkalane kahuripan. Supoyo yen siro bali ono ing ngarsaning Gusti, sukmo siro biso sempurno.
6. Wahana : Firman
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso pareng dungo lan bohoso ngawi gaib, marang Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo,
Hodjorolo, supoyo bongoso Djowo, biso mangerteni marang kuwasane sedulor papat, lan biso tjedak marang Gusti. Wekasaning Gusti: tumindakho
kang sabar yen kahuripan siro ing bebayan. Gunakake kadegdayan siro, bebayan opo wahe bakal sirno soko kahuripan siro.
7. Elok : Keajaiban
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso pareng pangaksumo marang bongoso Djowo. Supoyo yen bongoso Djowo nduweni kesalahan, biso ngakoni, kesalahane marang kahuripane, lan nenuwon marang Gusti. Wekasaning Gusti: Tumindakho kang betjek, odjo nuruti angkoro murko, kang tekane soko setan. Awet kasengsaran kang teko kanggo kahuripaning siro. Kang bakal nyonggo, anak lan putu siro.
8. Nawosa : Keperkasaan
Gusti engkang welas asih, lan moho kuwoso. Engkang kuwoso nyempurnakake sak isine rogo kang ono ing kahuripaning bongoso Djowo,
bali sempurno marang kahananing Gusti, kang moho kuwoso. Wekasaning Gusti: Tumindakho kang sempurno marang udjuting kahuripan. Budi, roso, pikiran, lan angen - angen. Awet Djoborolo, Mokoholo, Hosoropolo, Hodjorolo, kang bakal. mbarengi lan nyaksekake marang pisahe sukmo, lan rogo siro.
Imajiner Nuswantoro