BABAD DIPANEGARA (JILID 1)
Artikel blog BABAD DIPANEGARA JILID 1, diterusake utawa dilanjutake karo artikel blog BABAD DIPANEGARA JILID 2. Artikel BABAD DIPANEGARA 1 kasusun saking :
1 PUPUH I = MIJIL
PUPUH II = KINANTHI
PUPUH III = SINOM
PUPUH IV = DHANDHANGGULA
PUPUH V = DURMA
PUPUH VI = MASKUMAMBANG
PUPUH VII = ASMARADANA
PUPUH VIII = PANGKUR
PUPUH IX = MEGATRUH
PUPUH X = GIRISA
PUPUH XI = PUCUNG
PUPUH XII = DURMA
PUPUH XIII = DHANDHANGGULA
PUPUH XIV = SINOM
PUPUH XV = ASMARADANA
PUPUH XVI = YUDAKENAKA
PUPUH XVII = MIJIL
PUPUH XVIII = KINANTHI
PUPUH XIX = SRINATA
(DHANDHANGGULA)
PUPUH XX = DHANDHANGGULA
PUPUH XXI = DURMA
PUPUH XXII = ASMARADANA
PBABAD DIPANEGARA (JILID 1)
PUPUH I
M I
J I L
Sun amedhar surasaning ati, atembang
pamiyos, pan kinarya anglipur, aneng kitha Mendho duk kardi tan ana kaeksi,
nging sihing Hyang Agung.
Mapan kathah kang karaseng galih, ing
tingkah kadudon, pan mengkana ing tyas pangesthine, kaya paran solah ingsun
iki, yen tan ana ugi, apura Hyang Agung.
Lara wiring pan wus sun lakoni, nging
panuwun ingong, ingkang kari lan kang dhingin kabeh, kaluwarga kang ngestokken
yekti, mring agama nabi, oleha pitulung.
Maring Allah kang robil alamin, lan
supangat mangko, Kangjeng nabi kita lan wargane, kang sekhabat ansar kang
muhajir, lan pra rasul sami, pra wali sedarum.
Muga padha oleh iman suci, padene
wakingong, muga Allah ngapuraha mengko, lawan iya Jeng Nabi Lukmiyi, tingka
ingsun dhingin, mapan keh kang kudu.
Awal akhir anging tan yekti, lan jeng nabi
kaot, datan wonten malih ing liyane, ingkang asih ngapunten ing dasih,
pangesthining ati, tan mring liyanipun.
Kaya paran baya temah nekti, dadine
wakingong, yen tan ana ing sih apurane, Gusti Allah kang robilalamin, lawan
kangjeng nabi, tanpa wekas tuhu.
Langkung sanget limiting tyas neki, ri
sang kang palunggoh, data nana ing siang dalune, nging sihing hyang lan
supangat nabi, marma karya gendhing, mrih anamur wuyung.
Kang kinarya wiwitaning gendhing, hijrah
kang kinaot, Kangjeng Nabi Muhamad samangke, purwa Mekah ing Madinah mangkin,
ing hijrah samangkin, sewu kalih atus.
Kawan dasa wolu ing mangkyeki,
sangkalannya mangko, pan ing Jawa lumrahe wong akeh, sewu pitung atus skeet
iki, sanga langkung neki, windu sengareku.
Pan kulawu alip kang lumaris, je tahunnya
mangko, mapan khaji ing wulan tanggale, kaping wolu Jume’ah nujoni, dina kurang
luwih, apura den agung.
Kang pinurwa karsane kang nulis, Tanah
Jawa mangko, nging ginancar carita yektine, kang tan prelu mapan den langkungi,
mrih enggal dumugi, mring kalifan rasul.
Tanah Jawi nagri Majapahit, Brawijaya
katong, kang pinurwa nging wekasan bae, duk jenenge kang kaping pat neki, mapan
Tanah Jawi, langkung arjanipun.
Lan keringan mring prangmuka sami,
Brawijaya katong, langkung adil lan paramartane, nging cacade maksih Buda
yekti, garwanya yu luwih, putri Cempa iku.
Ratu Darapati parabneki, wus peputra
mangko, Raden Jaran Panoleh namane, pan tinanem anengk Madureki, lawan ana
malih, putranya sang prabu.
Arya Dilah ingkang ibu yekti, putrid buta
mangko, larasati nenggih jejuluke, ing kayangan buta mangunteki, nging dyah
Larasati, kang warna yu punjul.
Arya Dilah karsane sang aji, wus tinanem
mangko, ing Palembang kang dadya ratune, suwarnane praja Tanah Jawi, ingkang
agung iki, tinaneman sampun.
Ingkang putra Brawijaya sami, marmanya
sang katong, kineringan mring prangmuka kabeh, sugih donyya garwa myang
putraneki, bala becik-becik, myang ambek sang prabu.
Kapandhitannya klangkung awehing, trus
tingal sang katong, enenggna sang Brawijaya, nagri Cempa wau kang winuning, Sri
Nalendra iki, mapan sampun sepuh.
Tiga putra kang jalu sawiji, bayun sang
dyah sinom, Darawati kang dadya garwane, Brawijaya nateng Maospait, arinya sang
dewi, dyah Sujinah ayu.
Sampun krama mapan angsal sarif, ginuron
mring katong, dadya Islam nateng Cempa mangke, sawadyanya sampun Islam sami,
parabnya sang sarip, Ibrahim puniku.
Pan punika wutah Islam ing Jawi Mangkana
cinator, dyah Sujinah wus patutan mangke, lan sang Sarip mapan jalu kalih, kang
sepuh nameki, Sayid Rahmat iku.
Sayid Rahman mapan arineki, sang sarit
winuwos, dereng lega anenggih ing tyasa yen tan islam ratu Mahapahit, mengkana
nulyamit, mring kang rayi sampun.
Lajeng kesah maulana sang Sarip, nanedha
Hyang Manon, Tanah Jawa anenggih Islame, pan wus sinung wangsiting Hyang Widi,
kelamun sang Sarip, tan lali lan iku.
Nging kang putra benjing den lilani, Sang
Sarip ta mangke, lajeng dating kondur mring Cempane, dumugekken gennya
mangunteki, langkung mati ragi, lan salin jejuluk.
Sarip Maulana Mahribi ki, wus lami
winuwos, ingkang putra kalih dewasane, nuhun pamit mring kang ibu nuli yun
padis sudarmi, wus linilan iku.
Sayid kalih nulya mangkat aglis, saking
Cempa mangko, pan kalunta sang Sayid lampahe, tanya-tanya pan tan angsal warti,
mangkana ningali, teja ngadeg iku.
Mapan sundhul marang ing wiyati, Sayid
kalih mangko, wus anduga kang rama tejane, pan Mancingan prenahe dumeling,
dadya Sayid kalih, mring Mancingan rawuh.
Sarip Maulanah wus udani, mring kang putra
mangko, kalih samya nusul prapta age, neng ngarsane kang rama tur bekti,
ngusweng pada kalih, ingaras kaembun.
Lon ngandika Sarip mring kang siwi,
lungguh anakingong nulya lenggah sang Sayid kalihe, sampn katur ing saweling
neki, ingkang ibu uni, Sarip mesem muwus.
Lah ta uwis kaki ywa pinikir, ibunira
mangko, ingkang prelu karsaning Hyang kiye, ingsun Jebeng nora den lilani,
nglesamken ing Jawi, nging sira nak ingsun.
Kang linilan marang ing Hyang Widi, wus ta
Jebeng mangko, ngwulaha mring Majapahit, samargane sira Jebeng benjing, Jawa Islam
neki, sira marganipun.
Wus ta Jebeng mangkata tumuli, anjujuga
mangko, mring wakira ratu iku bae, Darawati islamena dhingin, kalih atur bekti,
wus lengser sing ayun.
Tan winarna marga sampun prapti, Majapahit
mangko, gya ngandika mring kang uwa mangke, Ratu Darawati sampun panggih, sang
Sayid kekalih, wus karsa Hyang Agung.
Teka gampil Ratu Darawati, manjing Islam
mangko, sampun katur mring Brawijayane, gya ngandikan ri sang Sarip kalih,
prapta ngarsa aji, sang nata nebdarum.
Gya dinangu ri nang Sarip kalih, mring
prenatal mangko, ing wong Islam tanapi tekade, sampun katur ing sedaya sami,
esmu remen aji, nanging jrih satuhu.
Mapan ajrih kalamun ngowahi, mring agama
mangko, ing kang sampun lumampah lamine, dadya nata angandika aris, marang Sarip kalih, ya wus
padha iku.
Ing tekade agama Islami, lawan Buda
mangko, nanging kari prenatane bae, tata krama iya ingkang lahir, wus tan ngapa
iki, anging wekas ingsun.
Sarupane wong ing Majapahit, kang gelem
amomor, mring agama Islam sarupane, iya Jebeng ingsun tan maleri, nging
saseneng neki, aja meksa iku.
Dene Jebeng ya ingsun pribadi, pirang bara
mangko, dene tekad pan wus padha bae, Brawijaya mapan langkung asih, marang
sarip kalih, tinariman sampun.
Sarip Rahmat angsal putraneki, Harya Teja
mangko, pan ing Tuban nenggih negarine, tilarane putra mapan kalih kang nem wau
iki, wilatikta juluk.
Pan sampun jumeneng ing Tubin, ingkang
rayi mangko, Sarip Rahmat wus pinaring mangke, ingkang putra sang nata pribadi,
pan sinungan kasih, kalih mring sang prabu.
Sayid Rahmad Sunan Makdum iki, Sayid
Rahman mangko, Sunan Iskak nenggih jejuluke, mapan kalih wus sinung nagari,
Sunan Makdum iki ing Ngampel kang sinung.
Sunan Iskak pan sinung ing Giri, sekaliyan
mangko, wus linilan mantuk dhewe-dhewe, sampun samya karya masjid sami, lawan
wulang santri, pan wus kathah iku.
Ingkang Islam wong ing Tanah Jawi,
mangkana cinatur, Sunan Ngampel sekawan putrane, ingkang jalu mapan tiga iki,
wus linilan sami, nama sunan iku.
Sunan Ngudung nulya arineki, Sunang Bonang
iku, Sunan Gunung Jati warujune, kang wuragil mapan iku estri, katiga wus alim,
lan sinungan sampun.
Kang panggenan karya mulang santri, Sunang
Gunung mangko, mapan kendur mring Cempa karsane, pan kinarya pusaka nagari,
gantya kang winarni, ing Giri winuwus.
Kanjeng Suna wus kersaning widi, sampun
seda mangko, mapan nuju kang garwa wawrate, pitung wulan sareng babar neki,
sang retna ngemasi, konduran puniku.
Putra jalu mapaan dadya yatim, wus
pinundhut mangko, marang kang wa Kanjeng Sunan Ngampel, ginadhuhken mring Nyai
Gung Grisik, tan winarna iki, nging dewasanipun.
Wus jumeneng nenggih Sunan Giri, langkung
alim ngelmu, lawan laku tan ana timbange, iya sagung wali Tanah Jawa, dadya
paraneki, Prabu Sadmateku.
Sunan Bonang nenggih paraneki,
Nokrokesumeku, enengena pra wali lampahe, wilatikta Tuban kang winarni, kalih
putraneki, ingkang sepuh jalu.
Raden Sahid kang rayi pawestri, wrenanya
yu mangko, nging den Sahid kelangkung dhugale, wis tinundhung mring kang rama
nuli, kesah Raden Sahid, kang rayi winuwus.
Dewi Rasawwulan angulati, mring kang raka
mangko, tan kapanggih dadya kalutane, sang kusuma lajeng mangunteki, neng
tengah wanadri, tapa ngidang iku.
Datan kenging tumingal mring jalmi,
lumajeng sang sinom, kawarnaha den Sahid ta mangko, mapan begal amejahi margi,
mangkana winarni, mapan kapinuju.
Ingkang langkung kanjeng sunan iki, wus
karsa Hyang Manon, pan amawas jeng sunan ageme, jungkat cundrik mapan emas
sami, lawan lampah nekti, esmu manis kalbu.
Sunan Bonang nging kalih kang ngiring, den
Sahid wus anon, gya cinegat jeng sunan lampahe, wus apanggih neng ngandhap uringin,
Raden asru angling, lan modine iku.
Eh ta endi golekira mantri, lan cismu ta
mangko, ngong anggone lan srebanmu kuwe, kulambine wus sisan mulangkring,
ingong dadya santri, mesem jeng sinuhun.
Lon anebda bagus ta sireki, karya conto
mring ngong, lamun sira remen mring donyane, wurinira ngadek iku ugi, ana emas
neki, sak aren puniku.
Papah uwit myang uwohe reki, mirah lan
jumerot, lah tamara gus dulunen kuwi, sareng noleh sira Raden Sahid, njenger
aningali, kolang-kaling runtuh.
Dadya pecah aneng ngarsaneki, gumerlapan
sagong, mirah intene ngarsane kabeh, Raden Sahid metonggong tan angling, jeng
sunan nabda ris, lah ambilen iku.
Nora kurang ing sakarsaneki, den Sahit us
amot, nulya agya nungkemi padane, sarta nangis nuhun apuraki, lan tur pati
urip, mesem jeng sinuhun.
Yen mengkono pa sira nglakoni, marang
karsaningong, pan sumangga Raden ing ature, gya pinendhem sira Raden Sahid,
neng ngandhap uringin, wus tinilar iku.
Kawarnaha Sang Dyah Rarasasi, sampun lama
mangko, nggennya tapa neng tengah wanane, nora siram ing salamineki, mangkya
sang retna di, arsa siram iku.
Marang sendhang sendhang ing wanadri,
sangandhaping kayon, pan wit asem ngaubi sendhange, dadya lukar sang dyah tanpa
tapih, mangkana winarni, kang tapa neng kayu.
Kanjeng Sarip Maulana Mahribi, mapan wus
wespaos, sebarange sang retna ing mangke, tuhu data nana nguciwani, dadya
kanjeng Sarip, metu lakenipun.
Sampun medhar tyasira sang Sarip, nulya
matek sampun, ing ngelmu raga metu mulyane, campuh rasa mangkana sang dewi,
tembe temen yekti, rasa lir puniku.
Ing tyasira mapan lir ngemasi, wus karsa
Hyang Manon, lajeng wawrat sang retna ing mangke, bungkur ingkang prembayunnya
kalih, samya sekaleki, geng padharanipun.
Pan mangkana tyasnya sang dewi, ana apa
ingong, dene kaya mengkene rasane, awakingsun yen anaha jalmi, ana sun takoni,
lir peteng wak ingsun.
Nulya sang dyah awas aningali, ing toya
sang sinom, mapan Ana iya wangane, pan wong lanang wus akakikaki, jenggotira
putih, mangkana sang ayu.
Langkung runtik mring wong kaki-kaki, gya
mentas sang sinom, datan sinjang kelangkung wirange, mapan sanget sang retna
ngujari, sira wong punapi, teka aneng ngriku.
Baya sira ingkang nyidreng resmi, marang
awakingong, nora suka lila ingsun kiye, mapan ora ana liya maning wong kang
aneng ngriki, pan ming sireku.
Lah ta mara mudhuna kaki, sang wiku duk
anon, mring runtike sang retna ing mangke, dadya sanget mirangnya sang Sarip,
gya dakarireki, anulya binubut.
Mapan sampun karsaning Hyang Widi, ingkang
Dakar mangko, dadya braja sangkuhku mulane, dene tilas labet wus tan keksi,
Raden lir pawestri, anglir lanang dudu.
Ingkang sangkuh sinengkelang nuli,
megleng-megleng tinon, nulya tedhak sang Sarip nulya ge, sampun rawuh
ngarsaning sang putri, sang dyah meksih runtik, sru pamuwusipun.
Mara kaki ilangena iki, tan tarina ingong,
wong wus tuwa teka salah gawe, dene jenggotireku wus putih, yen tapa sireki,
tapane kepahung.
Wong wus tuwa banget nora mikir, weh
wiranging uwong, mara ta lah kepriye sun kiye, sang Pandhita mesem ngendika
ris, aja runtik nini, wus karsa Hyang Agung.
Dene sira ambeka mring mami, ya wus bener
mangko, yekti kena tan ana wong maneh, anging sira mangke sun tuturi, mapan iya
mami, tan estri tan jalu.
Mara ta lah delengen ta mami, gya lukar
sang wiku, sang dyah retna waspada tingale, mapan langkung kadhuwungireki, keh
ngujar-ujari, langkung jrih sang ayu.
Atur bekti nuwun apureki, sang wiku nabda
lon, iya uwis tan ngapa ta kuwe, mapan ingsun iki kang sayekti, wus tan kedhah
kedhih, anging braja sangkuh.
Sang dyah ayu mangrep atur neki, nuwun
tulung ingong, waluyane puniku yektose, langkung wiring ing tyas kawuleki,
wawrat tan salaki, mesem jeng sang wiku.
Ya mengko yan ana sihing Widi, sang retna
turnya lon, sampun ngantos medal ing margane, pan kawula dereng darbe laki,
ngandika sang yogi, mungkura sireku.
Lan merema gya mungkur sang dewi, wus
kinetek mangko, anglir ngundang pitik panguwuhe, nulya ana pitulung Hyang Widi,
mijil jabang bayi, mapan margi nglambung.
Tinadhahan ing nyamping Yogi, kang warna
mencorong, mapan jalu sang wiku wuwuse, lah meleka tampanana iki, anakira
mijil, wus melek sang ayu.
Lah ta enya anakira iki, sang retna turnya
lon, mapan kula dereng laki mangke, yen darbeya anak kados pundi, sawusira
angling, sang retna lumayu.
Dadya kewran ing tyasnya sang Sarip, wong
tapaha mangko, gawa bayi kelangkung rubeda, nulya enget ing nala sang Sarip,
kalamun ing dhingin, darbe pawong karuh.
Kyai Ageng ing Tarub duk dhingin, gya
tedak sang wiku, marang Tarup titipken putrane, pan ginembol ing pambektaneki,
mapan aneng margi, pirsa wartanipun.
Pan wus seda Kyai Geng ing mangkin, pitung
dinanipun, dadya Sarip jujuk kuburane, sampun prapta Nyai Geng winarni,
kelangkung prihatin, seda kakungipun.
Nyai Ageng dereng darbe siwi, mila
kelangkung, rudatine dalu supenane, mapan panggih lan kang raka yekti, kinen
anuweni, iya marang kubur.
Sareng enjang Nyi Ageng lumaris, iya
marang kubur, tan antara sampun prapta age, nulya panggih lan sang wiku jati,
Nyai Geng nungkemi, sang wiku nabda rum.
Lah menenga sun weh putra yekti, tampanana
mangko, mapan lanang iya kauwarmane, Kidang Tlengkas iya lawan iki, sangkuh wasiating,
gya musna sang wiku.
Nyai Ageng langkung suka neki, darbe putra
mangko, gya binekta kondur tumulya ge, prapta Tarub Nyi Geng tumuli, wuwung
bengkung iki, lan wawajah sampun.
Tan winarna solahnya sakehing, dyan dawasa
sampun, karemannya saba wana bae, datan pisah lawan sangkuh neki, Nyi Ageng
malangi, nging Raden tan purun.
Malah asring sare neng wanadri, pinggir
sendhang mangko, langkung kiwarah aden enggene, pan dilalah ana widodari, samya
siram iki, kathah tunggilipun.
Mapan sampun karsaning Hyang Widi,
widadari mangko, tan uninga dhimateng Rahaden, gya cinolong sandhangnya sawiji,
kang becik pribadi, nuju lurahupun.
Nulya kondur Rahaden aglis, bekta sandhang
mangko, ngumpetake neng dhasar parine, nulya wangsul Rahaden tumuli, bekta
sandhang jawi, Raden sampun rawuh.
Nanging dhelik ingkang widadari, tan udani
mangko, sampun tutug gennya siram kabeh, nulya mentas sagung widadari, nging
dyah Nawangsasi, ical sandhangipun.
Samya mabur ingkang widadari, nanging sang
dyah sinom, nora bias dadya kungkum bae, sabab ical kang sandhangan sami,
langkung kawlas asih, Sang Dya Nawangsantun.
Lon ngandika sapa kang nulungi, weh
sandhang maringong, lamun anom sun aku kadange, lamun tuwa sun aku sudarmi,
Raden wus miyarsi, api agya rawuh.
Apan api kagyat atanya ris, nilakrama
ingong, jengandika punapa westane, pan wanodya kungkum jroning warih, lan
kenging punapi, ngandika sang ayu.
Gih kawula mapan widadari, wus tinilar
mangko, marang kanca adusku westane, pan sandhangan kula katut sami, krerangkut
wong dugi, wus binekta mabur.
Raden Kidang Tlangkas nabda aris, paran
karsa mangko, tan prayogi neng warih dangune, sang dyah retna alon anabda ris,
inggih yen upami, wonten kang tetulung.
Welas asung sandhangan mring mami, lamun
anom mangko, mapan kula aken kadang bae, lamun sepuh ngong aken sudarwi, mesem
Raden angling, pan tanggel wong ayu.
Tiyang jalu kadang lan pawestri, tur
meksih samya nom, lamun pareng lan karsanah angger, pan kawula meksih jaka
yekti, sampun tanggel gusti, abdekena ingsun.
Dangu kendel sang retna tan angling,
mangkana tyasipun, paran baya polah ingsun kiye, yen nuruta ingsun tatapih,
baya wus pinasthi, karsaning Hyang Agung.
Kudu ingsun kinen mawwikrami, lan maneh
tyas ingong, kudu asih ingsun mring wong kuwe, Raden Kidang Tlangkas ngling
malih, paran karsa gusti, kadadosanipun.
Sang dyah ayu besengut pan sarwi,
tumungkul lingnya lon, lamun sudi punapa karsane, angger wonten kang welas
tulung sih, mesem Raden angling, kantuna wong ayu.
Pan sekedhap kula mantuk gusti, ngambil
sinjangi ngong, nulya dhelik sedhela Rahaden, sawetara api enggal prapti, wus
sinungkem aglis, sagung busaneku.
Sang dyah retna angandika aris, kesaha
sang anom, pan kawula arsa sinjang mangke, mesem Raden apan sarya angling,
kesah dhateng pundi, yun ngladosi ulun.
Myang angiwa sang dyah sarya angling,
gething temen ingong, yen wong lanang ora tegan kuwe, apan dadak sun lunga
mring ngendi, mapan arsa tapih, sadhela katengsun.
Tan derana Raden ing tyas neki, nulya
tumut mangko, malbeng toya tan winarna lire, sampun carem nulya mentas kalih,
wus busana sami, pinondhong sang ayu.
Tan suwala Sang Dyah Nawangsasi, gya
binekta mangko, kondur maring ing Tarub nulya ge, kawarnahe Nyai Ageng iki,
langkung ngarsi-arsi, mring kang putra itu.
Pepajangan mapan wus rinakit, tan pantara
rawuh, Raden Kidang Telangkas ta mangke, lan kang garwa kanthen asta neki, Nyai
Geng ningali, langkung tyase meru.
Nyai Ageng nulya melajengi, mring kang
putra mangko, ingkang mantu rinangkul nulya ge, wus binekta lungguh, aneng
panti, Rahaden tan tebih, wus datan cinatur.
Pan wus lama Nyai Geng ngemasi, Rahaden ta
mangko, wus jumeneng Kyai Geng Tarube, Nawangwulan sampun darbe siwi, wanodya
yu luwih, Nawangsih kang juluk.
Mapan lagya lumingling sang dewi, mangkana
winuwos, Nawangwulan arsa mring sendhange, lon ngandika ki omah sireki, poma
wekas mami, ywa ngungkabi iku.
Marang oleh ingsun adang iki, lan tunggua
mangko, anakira ni Nawangsih kuwe, ingsun arsa sedhela masuhi, marang sendhang
mami, dyah sampun lumaku.
Kyai Ageng wus karsaning Widi, salah karya
mengko, pan mengkana nenggih ing ciptaning, kaya apa lehnya adang iki, sun ayun
udani, tan kaduga ingsun.
Nanging pari sak lumbung puniki, nora
kalong-kalong, selawase pinangan wong akeh, nulya ingkang tutup den ungkabi,
mapan wus kaeksi, saelas puniku.
Dadya jejer ki Ageng ningali, wus
winangsul gupoh, tan pantara sang dyah rawuh mangke, lawan Tanya ki omah
sireki, nora salah kardi, ki Ageng nabda rum.
Yayi nora nulya den tiliki, kang las
meksih wutoh, dadya runtik sang dyah ris sabdane, dene cidra ki omah sireki,
lah ta iya uwis, kang pari tinutu.
Dipun garap mapan kadya jalmi, tan lama
mangko, ingkang lumbung katingal dhasare, nulya sang dyah awas aningali, lamun
agemeki, sadaya neng ngriku.
Dadya sang dyah runtik tan sipi, mring
Kyai Geng mangko, gya rinasuk lawan sru sabdane, nyata sira ki omah nyidrani,
marang ingsun iki, wus kariya iku.
Iya lamun anakira nangis, gawekena,
panggon, lan ngobonga merang ketan bae, ingkang wulung mesthi ingsun prapti,
lan iya maning, yen laki anakmu.
Sun undangen pesthi ingsun prapti, ki
Ageng duk anom, mapan sanget runtike garwane, sru mangrepa lawan ngasihasih,
sang dyah den prepeki, lan arsa sinambut.
Nawangwulan anulya nyidrani, gya musnaha
mangko, karya geni ki Ageng ing mangke, lajeng jetung nora kena angling,
kelangkung wlas neki, mring kang putra niku.
Gya pinupus wus karsaning Widi, kinarya
lelakon, nanging ngestoken welinge, saben sang dyah Nawangsari nangis,
ingunggahken nuli, kendel tangisipun.
Henengena Tarub kang winarni, Sunan Bonang
mangke, pan wus lama enget pendhemane, nulya arsa wau den luwari, pan nulya
lumaris, prapta prenahipun.
Bekta sobat wus dhinudhuk nuli, mengkana
pan sampun, Radyan Sahid dadya kunarpane, nanging sampun kersaning Hyang Widi,
wutuh kang jasmani, nora bosok iku.
Nanging kantun balung awak kulit, gya
binekta sampun, marang Ngampel wus ingaturake, mring kang rama Sunan Ngampel
Gadhing, nulya den bayoni, Sunan Giri rawuh.
Pan samya tumut ambayoni, pra wali
sedarum, nulya Allah ana pitulunge, pan pramana kang dhateng rumiyin, nulya
napas neki, keteg medal sampun.
Ingkang rama lan kang ibu prapti, lan kang
rayi mangko, Rasawulan pan sareng praptane, saking wana jujuk Ngampel Gadhing,
pan pinuju sami, pepekan sedarum.
Saya ageng napasnya kang mijil, pra wali
sedarum mapan samya anyingiri mangke, nulya bayu sampun dhateng sami, den Sahid
wus nglilir, pan lir nendra dangu.
Nulya lungguh kinepang pra wali, Raden
pungon-pungon, sampun pepak kang pra wali kabeh, nulya ngujung mring kang para
wali, tanampi sudarmi, sekaliyan sampun.
Rasawulan anulya nungkemi, mring kang raka
mangko, mapan anglir supena ta mangke, sedayanya gawokan ati wiyadi, langkung
elok neki, sadaya pan ngungun.
Pan sedaya karkatnya den Sahid, pan waluya
sampun, nanging kantun kang lesune bae, Sunan Makdum angandika aris, kabeh anak
mami, ngestokna sedarum.
Ya si Sahid ingsun jejuluki, Seh Melaya
mangko, pan sadaya ngestreni ature, Kangjeng Sunan angandika aris, mumpung
pepak sami, iya anak ingsun.
Wilatikta anakira kalih, ingsun pundhut
mangko, ki Malaya ingsun dhaupake, lawan putraningsun kang wuragil, nini
Rasasasi, dhaupe karsengsun.
Lawa iya ji Jebeng ing Giri, nulya ningkah
sampun, ingestrenan para wali kabeh, nulya luwar sagung kang pra wali,
sowang-sowang sami, mengkana cinatur.
Seh Melaya dereng lega galih, nulya pemit
mangko, mring kang rayi yun lelana mangke, sampun mangkat saking Ngampel
Gadhing, turut ing kekisik, kendel grageh iku.
Mati ragi aneng pinggir kali, lan
sendheyan kayon, mapan gelinggang sinendheyan mangke, sampun lama nulya tuwuh
iki, kang gelinggang jati, ngaubi ngrembuyung.
Kangjeng Sunan Bonang kang winarni,
alelana mangko, mapan nuju prapta ing grerageh, aningali na wong mati ragi,
aneng pinggir kali, lan sendheyan iku.
Dangu-dangu tan supe kang rayi, gya
pinarak sampun, Seh Melaya lagya nendra mangke, wus ginugah lah tangia yayi,
kagyat aningali, yen kang raka rawuh.
Nulya ngaras pada anungkemi, Jeng Sunan
ling alon, wus lungguha Jebeng sira mangke, aranira iya sun wuwuhi, dene
Jagakali, wus arana iku.
Sunan Kalijaga patut yayi, lan maneh
riningong, wus ta sisan dhukuhana kiye, ingsun yayi ingkang angrewangi, lan
rabinireki sun undange iku.
Tan lenggana nenggih Sunan Kali, Sunan
Bonang mangko, wus utusan dhumateng ing Ngampel, animbali dhumateng kang rayi,
lawan nuwun iki, lan kang rama iku.
Tan winarna mapan sampun prapti, kang
dhukuh wus dados, Sunan Gunung Jati kang garapke, Sunan Bonang sampun kondur
nuli, winarna wus lami, nggenira neng ngriku.
Sunan Kali wus putra sawiji, jalu pan kinaot,
ingkang warna myang kasutapane, jinulukan jeng sinuhun adi, nengna kang
winarni, Majapahit Prabu.
Wonten putranira kang sawiji, langkung
kawlas ayon, putri Wandhan anenggih ibune, pinaraban den Bondhan Surati, sang
nata wus uning, yen ginadhang Jawata gung.
PUPUH II
K I N A N T H I
Mangkana kangjeng sang Prabu, mapan wus
uningeng gaib, lamun karsaning Hyang Sukma, kang putra Raden Surati, dadya wiji
Tanah Jawa, datan kaselan benjing.
Panenggih turun-tumurun, ing Jawa ingkang
darbeni, nanging kang putra punika, sagung kang para narpati, datan liya
turunira, Rahaden Bondhan Surati.
Ngantos dugi akhir besuk, nora liya kang
darbeni, iya ratu Tanah Jawa, mengkana karsa sang aji, ingkang putra
ginadhuhna, marang pandhita kang lewih.
Pan wus padhang tingalipun, Sang Brawijaya
narpati, marang karsaning Hyang Sukma, yen Tarub ingkang madhahi, mangkana
nulya ngandika, Kyai Ageng sampun prapti.
Ing ngarsanira Sang Prabu, Brawijaya
ngandika ris, marma Jebeng Tarupira, ing mengko ingsun timbali, iya arsa titip
ingwang, mring putraningsun Surati.
Mangsa bodhoa sireku, predinen amangun
teki, lan yen pareng lan sira, temokna anakireki, ingsun pracaya ing sira, Ki
Ageng matur wotsari.
Inggih sendika pukulun, nanging pangestu
dewaji mugi ta kelampahana, sang nata ngandika aris, ingsun aweh pratandha,
keris ran Ki Gunung Geni.
Anging Jebeng wokasingsun, sira aja walang
ati, mulang muruk anakira, iya marang Ki Surati, Sang Wiku matur sandika,
langkung tyas sagunung siwi.
Wus linilan nulya mundur, ambekta Raden
Surati, datan winarna ing marga, Tarub mapan sampun prapti, Nawangsih methuk
kang rama, langkung bungah tyas sang dewi.
Lamun ingkang rama rawuh, lawan angsal
lare iki, sang pandhita nulya lenggah, tan tebih Raden Surati, sang Retna nulya
sareyan, aneng pangkoning sudarmi.
Sarya atetanya arum, iku rama rare ngendi,
sang pandhita angandika, iya kakangira iki, selawase ingsun tilar, iya kulup
neng negari.
Iki ngong parani iku, anaha rewangireku,
saya bungah tyas sang retna, nreka lamun kadang nyekti, lajeng ngrangkul
dhateng radian, kang rama suka ningali.
Solahe putrane reku, Dyah Nawangsih tanya
aris, lan liyangan pangkonira, sira kakang ana ngendi, iya selawase ika, Raden
mesem ngandika ris.
Ngawula marang sang Prabu, yayi ratu
Majapahit, sang retna aris ngandika, kakang aja sira bali, data nana
rewangingwang, mesem dan Bondhan Surati.
Kalamun tan bali ingsun, sapa yayi kang
ngingoni, sang retna aris ngandika, iya si rama kang ngingoni, iya kalamun
mengkana, wus yayi ingsun tan bali.
Mesem sang Pandhita dulu, mring solahe
putraneki, cinarita sampun lama, Rahaden Bondhan Surati, aneng dhekah Tarup
ika, tan pisah lawan sang dewi.
Ing siyang kalawan dalu, Sang Pandhita
kang winarni, aneng pegangan kewala, kang neng wisma putraneki, nanging
angintun kewala, saben siang mring sudarmi.
Winarna wus lama sampun, Rahaden Bondhan
Surati, mengkana sampun diwasa, tanapi Dyah Retnaningsih, samya nusul mring
pagagan, wus prapta agaran sang yogi.
Den Bondhan alon turipun, yen pareng karsa
sang yogi, kawula anggentosana, atengga pegagan iki, kalawan ayun uninga,
inggih ing raosing sakit.
Sang Pandhita ngandika rum, ya wus bener
anak mami, sira sinangun tapa, wus mangsane sira kaki, kalamun oleh sarira,
angling sang retna Nawangsih.
Iya kakang ingsun melu, aneng ing kene ta
mami, Raden alon ngandika, aja yayi tan prayoga, wong wadon aneng pagagan,
lawan sapa kang ngingoni.
Iya yayi maring ingsun, kelawan menawa
yayi, ana wong kang calunthangan, nora wurung yayi, pasthi ataker ludira, lan
tan becik sawang neki.
Ingkang dadi karsaningsun, ing saben dina
ta yayi, sira prapta angirima, iya marang ingsun yayi, iku ugi kang prayoga, Ki
Ageng mesem nabda ris.
Ya bener kakangireku, payo nini padha
mulih, pan sampun nurut sang retna, mapan nulya kondur sami, Raden kari neng
pegagan, saben dina sang dyah prapti.
Ngintun mring sang raka iku, anggendhong
sumbul pribadi, lawan nyangking janganira, tan suka ginawa cethi, kawarna mapan
wus lama, Raden neng pegagan iki.
Sangsaya diwasanipun, atanapi sang retna
di, wus katingal warnanira, tan wingwang kang ibu yekti, tuhu yen ayu utama,
sang retna dewi Nawangsih.
Lelewanya karya wuyung, tuhu lamun jungkar
angin, gandrung manis salewanya, kaya wirangrong mantesi, pasaja lamun
ngendika, ulat lindri tan patya ngling.
Raden Surati yen dulu, wau dhumateng kang
rayi, ing tyas tanpaja muga yen kang rayi mentas ngirim, sapungkurira mangkana,
ngengleng-ngengleng den Surati.
Lama-lama Raden sampun, pan nora saged
nyabili, dadya wedhar karsanira, mangkana sang dyah winarni, apan nuju ngintun
ika, kang ngiring inya sawiji.
Sang dyah mapan gendhong sumbul, lawan
nyangking janganeki, prapta dyah anulya lenggah, neng ngersanya den Surati, lan
seleh gendhonganira, dyan Surati ngandika ris.
Awan temen ariningsun, iya olehira ngirim,
payo yayi padha mangan, ngelak temen ingsun yayi, sang retna aris aturnya,
kakang mangana pribadi.
Marmane awan katingsun, si rama kang
ngajak bukti, dadya wareg ingsun kakang, mesem Rahaden Surati, alon rinangkul
sang retna, Raden lon ngandika aris.
Kangen temen yayi ingsun, nginepa kene
sawengi, dyah Nawangsih lon ngandika, yen mengkono kakang mami, ingsun tutur
mring si rama, kakang ingsun mulih dhingin.
Raden mesem ngandika rum, aja nganggo
tutur yayi, banjur nginepa kewala, sang retna aris nahuri, kakang wedi ingsun
uga, marang ing si rama yekti.
Kakang mangana rumuhun, Raden mesem sarya
angling, nora mangan ingsun dewa, yen tan kaliyan sireki, dhuh mas mirahku
bendara, sang retna garjiteng ati.
Kang manah langkung kumepyur, mengkana
asthining galih, paran baya polah ingwang, si kakang owah lir nguni, pangemeke
marang ingwang, sarta lan pangucap neki.
Teka gila atiningsun, apa lali marang
mami, yen ingsun kadange nyata, mengkana Raden Surati, sang retna nulya
ingaras, tangkis gelunging tan polih.
Raden medhar karsanipun, anulya nguwah
panepi, katingal kang payudara, lir daru gebyarireki, wentis gilig kengis
nulya, gumebyar lir pendhah thathit.
Rahaden sangsaya limut, sang dyah sanget
miwal kapti, mengkana anulya uwal, lumajeng Sang Dyah Nawangsih, wudhar gelung
kasemekan, sebit wus datan tinolih.
Langkung dyah gumeteripun, riwe lir
tinuras iki, ni emban kagyat tumulya, niba tangi anututi, Raden Bondhan saulihnya,
anulya niba aguling.
Dyah prapta pinggiring dhukuh, lenggah
sangandhap waringin, angentosi embanira, ing nala sang dyah asandi, estu welas
mring kang raka, marma kendel sang retnadi.
Praptanya ni emban iku, mapan sarya niba
tangi, mesem sang retna ngandika, wus ta biyang payo mulih, ingsun ngenteni
mring sira, nulya kondur Dyah Nawangsih.
Datan miyos dalemipun, kang rama kangjeng
sang Yogi, jujuk dalemnya priyongga, menawa tinanya iki, ewet sang retna
aturnya, mengkana ing wados neki.
Prapta dalem sang retna yu, lajeng sare
sang retnati, kagagas marang kang raka, kelangkung getunireki, marang solahe
kang raka, sang retna dewi Nawangsih.
Ngantos tigang dinten iku, sang retna
mapan tan ngirim, mangkana jeng sang pandhita, sampun kaduga kang galih, mring
solahe ingkang putra, anulya dipun timbali.
Sang retna mapan wus rawuh, ing ngarsane
sang ayogi, sang pandhita ris ngandika, paran marmanya ta nini, sira kongsi
telung dina, sun dulu nora na ngirim.
Iya mring kakangireku, paran kang dadya
wiyadi, sang dyah tumungkul kewala, datan saged matur yekti, nging kumembeng
ingkang waspa, sang pandhita wus kadugi.
Yen Raden Surati iku, salah karya mring
sang dewi, mangkana jeng sang pandhita, esmu kewran ingkang galih, angur baya
sun pajara, dimena padhang kang ati.
Mesem ngandika sang wiku, iya sira sun
tuturi, sayektine kakangira, iya ki Bondhan Surati, iku putra Majalengka, kinen
momong maring mami.
Iya sira anakingsun, neng kene kang den
ngengeri, wus dadya karsaning nata, kinen manggihken sireki, ing mangko paran
karsanya, sira wus ingsun pajari.
Lan pesthi karsa Hyang Agung, yen iku
jodhonireki, sang retna sareng miyarsa, marang sabdaning sudarmi, saya wuwuh
wirangira, solahaya kang katon dhingin.
Mring kang rama runtikipun, dadya
tumungkul sang dewi, nanging katara ing ulat, kang rama yen den rengoni, kang
rinasa wirangira, solahe kang katon dhingin.
Dene lir kadang satuhu, nora nganggo taha
yekti, salaminya pan mengkana, mila wirangnya sang dewi, lamun Raden
pacangannya, tan pisah ing siang ratri.
Mring kang rama runtikipun, sang retna
runtikireki, ki Ageng suka tyasira, kelamun kang putra runtik, anulya aris
ngandika, wus kramaa sira nini.
Mapan ta wus mangsanipun, turuten tutur
sun gusti, ya mung iku pesthinira, kang dadi jodonireki, ing awal akhir
kapanggya, sira lan kakangireki.
Lan tan ana liyanipun, mung iku wijining
Jawi, wus pinasthi karsaning Hyang, lamun sira kang madhahi, turun temurun ing
benjing, nora kaselanan iki.
Nanging iku pasthinipun, kakangira ki
Surati, marmanya akeh rinasa, wiring kang kelakon dhingin, mapan wus tan dadi
ngapa, nging estokna tutur mami.
Sareng mirsa sang retna yu, ing wirayating
sudarmi, dadya ical wirangira, solahe kang katon dhingin, nulya kondur sang
kusuma, mring dalemira pribadi.
Lampahira gandrung-gandrung, sang wiku miyat
ing siwi, langkung amanah mrawata, ni emban gya den timbali, kang ngiring ing
mulanira, prapteng ngarsa atur bekti.
Sang pandhita ngandika rum, mring ni emban
atanya ris, sira pajara den weca, paran polahe nak mami, ing nguni sira tut
wuntut, ni emban matur wotsari.
Nuwun pangapunten ulun, pun patik datan
udani, lawan prapta lajeng nendra, aneng sawijining kori, sang retna lawan kang
raka, lenggah aneng dalem gusti.
Sareng amba tangi turu, anging putra tuwan
sepi, langkung tyas gusti kawula, nulya lumajeng nututi, putra tuwan tan
kapanggya, pinarak ngandhap waringin.
Sareng pandhita mesem muwus, paran polahe
kang kari, ni emban matur wotsekar, putra tuwan den Surati, pan sare mujung
kewala, kados langkung sekel neki.
Antawis amba pukulun, kang dhahar punika
meksih, mapan gelar wonten panggenan, tilas tataning pakardi, mila sanget tyas
kawula, lan nerka wonten prekawis.
Mila lumajeng pukulun, kepareng tyas tan
sinipi, nututi putra paduka, kepanggih lenggah sang dewi, aneng sangandhaping
gurda, lan esmu sungkawa yekti.
Sareng praptamba pukulun, sang retna
atanya ris, ana apa buri kana, mekaten tur amba gusti, pan datan wonten punapa,
nging rakanta den Surati.
Kados langkung sekelipun, antawis mujung
aguling, putranta mesem ngandika, lah uwis ja dinawa piker, menawa si rama
wikan, si kakang nek diseneni.
Wis ta biyang payo mantuk, aja sira
ngetarani, mesakake ya si kakang, sang wiku mesem wus uning, marang ature ni
emban, sang pandhita ngandika ris.
Emban muliha sireku, sun nusul mring ki
Surati, iya marang ing pagagan, sang pandhita gya lumaris, ni emban dhedhes
sang retna, kawarna Raden Surati.
Ingkang lagya magung wuyung, nging sang
dyah kang aneng galih, ngantos jangkep pitung dina, Raden tan dhahar lan
guling, nging gandrung marang sang retna.
Dadya gandrung kapirangu, mirangrong Raden
Surati, sebarang ingkang katingal, gunung jurang parang ngiring, wana kayon
memanukan, pan wus tan ana kaeksi.
Buron kali tan kadulu, nging sang dyah
kang nglimputi, mengkana ciptaning driya, Rahaden Bondhan Surati, patemahe
babaya, yen ingsun nora kepanggih.
Lan nimas lesmining santun, tan wurung pun
kakang gusti, ngameda tanpa wekasan, wurung kapandhitan mami, sapa baya kang
welasa, yen dede dika wong kuning.
Paran baya marginipun, kang abdi panggih
lan gusti, dhuh mas mirah jiwaningwang, emuta sira wong kuning, lamun duwe
ponakawan, neng pegagan kawlas asih.
Langkung liwung tyas den sunu, mring sang
retna dyah Nawangsih, ing siyang dalu mangkana, nging sang retna kang den
esthi, tumancepa neng wardaya, kumanthil-kanthil neng alis.
Marma barang kang kadulu, tan lyan sang
dyah Retnaningsih, semana meh tanpa jiwa, sira Rahaden Surati, marlupa ingkang
sarira, sendheyan wit nagasari.
Dhuh mas mirah pepujanku, mengkana
esthining galih, sapa kang duwe bendera, wong kuning kang Sawangsasi, bias weh
rujiting driya, nging abdi Bondhan Surati.
Paran temahe wak ingsun, lir lara
kembanging pati, kang pati-pati pantaran, yen tan sihing Hyang Widi, angur baya
den banjura, tan bisa wit nandhang sakit.
Muga ta kangjeng sang wiku, welasan mring
awak mami, sapa yogya nambanana, yen dede dika wong kuning, susutya neng
pagulingan, lajeng nendra den Surati.
Sang pandhita sampun rawuh, ing dhepoke
den Surati, jumeneng neng palataran, sang wiku dangu anganti, ing wijilira kang
putra, adangu datan kaeksi.
Ki Ageng lajeng lumebu, marang dalemnyya
kang siwi, sepi tan ana katingal, wau den Bondhan Surati, pesareyan ora ana,
kadi wus tinilar lami.
Sang pandhita mesem kalbu, mangkana ing
tyas sang yogi marag ngendi paranira, putraningsun ki Surati, baya banget
prihatinnya, sang wiku lajeng ngulati.
Pagagan datan katemu, pakebonan tan
kapanggih, marang sendhang pasiraman, makana Raden Surati, kapanggih nendra ing
lawang, sare ngandhap nagasari.
Sang pandhita wus andulu, mring putra
Raden Surati, salira sawang kunarpa, langkung ngres ing tyas sang Yogi, nanging
radian lagya nendra, tan uninga kang rama prapti.
Kepati nendra den sunu, sendheyan wit
nagasari, langkung lupa kang salira, mengkana sang maha yekti, lungguh aneng
sandhingira, langkung tyasira sang yogi.
Mengkana osiking kalbu, yen sun gugah anak
mami, menawa kaget ki putra, tilase tan nendra lami, kongsi nglayung kang
wedana, kang putra alon sinandhing.
Wus dangu Raden awungu, tumingal kang rama
prapti, lenggah aneng sandhingira, tur bekti Raden Surati, rinangkul mring sang
pandhita, ingaras embun sang siwi.
Sarya angandika arum, adhuh nyawa anak
mami, wus aja dinawa-dawa, kulup lehira prihatin, mapan ingsun wus uninga, kang
dadya kingkinireki.
Marma prapta kaki ingsun, ngluwari
kinglinireki, tan prabeda arinira, sun duga pribadi, wus ta payo mulih nyawa,
esmu isin den Surati.
Tur sembah Raden tumungkul, nanging tyas
sagunung siwi, mesem sang raja pandhita, non ing tyas kang putra sandi, sang
wiku malih ngandika, wis ta kaki payo mulih.
Tan lenggana Raden sunu, tur sembah nulya
tut wuri, lumampah aneng wuntatnya, sang pandhita munggeng ngarsi, kang manah
marwata suta, Rahaden Bondhan Surati.
Henengena kang lumaku, kawarna Dyah
Retnaningsih, saundurira sing ngarsi, nira ri sang wiku Jati, nging wirangira
kaetang, neng tepas mujung sang dewi.
Tanpa dhahar sang retna yu, kang kaesthi
solah neki, kanihaya kangjeng rama, tanpa jarwa kang sayekti, ingsun temah
kawirangan, ing salami-lamineki.
Alah ta dene si anu, bisa temen karya
sandi, selawase tan ketara, dene nadya kadang yekti, waspada sebarang ingwang,
iya sidi pangan sugih.
Paran baya tambahipun, kinarnya ngilangken
isin, tan bisaa temu ingwang, kalawan wong ika maning, mengkana osiking nala,
sang retna dewi Nawangsih.
Ni Emban kaku tyasipun, nunggoni mring
sang retnadi, tan dhahar datan ngandika, esmu ngelih lawan arip, dadya turon
anglungsur, lir bulus angrem kaeksi.
Ayun matur mring sang arum, ni emban
sanget denya jrih, dadya tinengga kewala, kawarnaha jeng sang yogi, wus prapta
neng dhepokira, lan Raden Bondhan Surati.
Sang pandhita ngandika rum, mring Raden
Bondhan Surati, lah kulup sira kariya, sun nari arinireki, mesem nembah Raden
Bondhan, sang wiku nulya lumaris.
Mring dalemnya sang dyah ingrum, kagyat si
emban ningali, mring rawuhe sang pandhita, nulya matur marang gusti, pukulun
rama paduku, rawuh tumedhak ing mariki.
Sang retnaning dyah tumurun, saking
jroning tilam sari, amenthuk dhateng kang rama, semu lingsem sang retnadi, sang
pandhita nulya lenggah, sang retna sampun ngabekti.
Ngusweng suku sang palunggoh, sang
pandhita ngandika ris, rara wus sira lungguha, dyan lenggah sang mindha ratih,
sang wiku malih ngandika, marmaning sun prapta ngriki.
Nutukaken karsaningsun, sira akrama nini,
tan ana ingkang prayoga, kang pantes sira ngengeri, tumeka donya ngakherat,
mung iku paningal mami.
Lan wus karsaning Hyang Agung, pinesthi
jodhonireki, tan ana liyaning nyawa, nging kakangira Surati, ingkang dadya
karsaningwang, paran mengko sira nini.
Sang retnaning dyah umatur, alon dhumateng
sudarmi, ya rama sakarsanira, ingsun darma anglakoni, nanging ta penjaluk
ingwang, tekane si ibu dhingin.
Mapan sun rama ayun weruh, wernane si ibu
yekti, sang pandhita duk miyarsa, mring panuhun ingkang siwi, esmu kewran ing
tyasira, supe dhingin wus wineling.
Mengkana enget sang wiku, yen ing dhingin
wus wineling, wau dhumateng kang garwa, mengkana welingereki, ya ki omah
anakira, yen ana jodhoning benjing.
Ya sira ngundanga mring sun, pan ingsun
ayun udani, ing lakine anakira, wus pesthi ingsun gya prapti, mengkana jeng
sang pandhita, mring kang putra ngandika ris.
Ya bener nini karepmu, ingsun meh kelalen
yekti, iya marang ibonira, payo marang sanggar nini, ngundang marang ibonira,
menawa Allah marengi.
Sang pandhita gya tumurun, tedhak marang
sanggar nuli, sang retna mapan tut wuntat, emban satunggal kang ngiring, prapta
sanggar sang pandhita, nenuhun marang Hyang Widi.
Sarya ngobong merang iku, pari ketan wulung
iki, aneng palataran sanggar, sang pandhita lan kang siwi, aneng ing sajroning
sanggar, sarta nenuhun Hyang Widi.
Nawangwulan praptanipun, kagyat retna
Nawangsari, sapraptane kukus merang, ketan wulung ing tyas neki, ki omah
ngundang mring ingwang, baya leh jodho nak mami.
Dyah Nawangwulan tumurun, saking kayangan
ireki, ing ngiring sagung widadara, tan dangu prapta sang dewi, aneng ing
sanggar langgatan, nging angin ganda rumiyin.
Sang pandhita tyasnya gumyur, myat angin
ngidit ganda mrik, wus duga lamun kang garwa, badhe ingkang andhatengi, angga
tyas mantuk taruna, Nawangwulan nulya prapta.
Sang pandhita tyasnya gupuh, arsa
pinondhong sang dewi, saking oneng salaminya, marma supe mring kang siwi,
nginggati dyah Nawangwulan, ki omah ayun punapi.
Prapta sun kene satuhu, ayun wruh mring ni
Nawangsih, tan kangen marang wong cidra, mesem ngandika sang yogi, ya wus nora
nimas dewa, den gedhe apura yayi.
Saking ta kelalen ingsun, alawas nora
kepanggih, wus yayi payo lenggaha, anakira ni Nawangsih, ayun ngabekti mring
sira, Nawangwulan nulya linggih.
Sang pandhita ngandika rum, Retnaningsih
anak mami, iya iku ibunira, sang retna nulya ngabekti, rinangkul nungkemi pada,
esmu waspada sang dewi.
Dene lami tan kapangguh, langkung tyas
dyah Nawangsasi, pinupus purbaning sukma, mangkana ngandika aris, dhuh
Nawangsih anak ingwang, wus lungguha sira nini.
Sawusnya tata alungguh, dyah Nawangwulan
tanya ris, ki omah wonten punapa, dene angundang mring mami, sang pandhita lon
ngandika, marmane sun undang yayi.
Ing mengko putranireku, iya ni rara
Nawangsih, yen sarju kalawan sira, ayun sun kramakken ugi, mapan wus ana
jodhonya, iya putra Majapahit.
Kang dadya teleng tyas ingsun, westa den
Bondhan Surati, dyah Nawangwulan ngandika, ya ki omah sun methuki, pan iku
wijining Jawa, kang kinarsakken Hyang Widi.
Malih ngandika sang ayu, marang dyah retna
Nawangsih, paran nini karsanira, sang retna matur ngabekti, ya ibu sakarsanira,
pan ingsun darma nglakoni.
Lamun wus dadi karepmu, kelawan si rama
yekti, ingsun anarah kewala, Nawangwulan mesem angling, ya ki omah mantunira,
ing mengko ana ing ngendi.
Mapan ingsun ayun weruh, marang den
Bondhan Surati, ki omah sira undanga, mengko ta ana ing ngendi, sang wiku mesem
ngandika, ngong tinggal neng dhepok mami.
Emban miyanga sireku, timbalana anak mami,
iya ki Bondhan KeJawan, tan pantara nulya prapti, neng ngarsane sang pandhita,
manembak Raden Surati.
Sang wiku alon nabda rum, kaki marma sun
timbali, ibonira iku prapta, ayun wruh warnanireki, mara sira ngabektiya, tur
sembah Raden Surati.
Dyah Nawangwulan nabda rum, ya kaki
Bondhan Surati, ingsun titip arenira, den gedhe apura kaki, marang
kaluputanira, iya ni rara Nawangsih.
Sira ugung anakingsun, iya sawetara kaki,
lawan maneh welasane, rare adoh lawan mami, tur sembah nuhun den Bondhan,
Nawangwulan angling malih.
Retnaningsih putraningsun, poma ywa
sumaleng kapti, sakarsane kakangira, kumembeng wespa sang dewi, tumungkul
denira lenggah, tan matur limiting galih.
Dadya nungkemi sang ayu, ing pangkon sarwi anangis, maras bok tinilar
musna, dereng tutug kangeneki, dyah Nawangwulan semana, kumembeng wespanireki.
Wekasan ngandika arum, Nawangsih nakingsun
gusti, wus aja sira karuna, pupusen kelamun tekdir, mapan ingun nora kena, yen
tiru manungsa yekti.
Wus kariya nakingsun, den atut apalakrami,
atenapi kaki sira, iya ki Bondhan Surati, estokna pitutur ingwang, kaki ingsun
pamitan mulih.
Ki omah kariya ingsun, pamit mapan arsa
mulih, sang pandhita lon ngandika, bok aja mulih tumuli, tunggonana anakira,
anaha kang pitung bengi.
Melerok dyah Nawangingrum, sang pandhita
amrepegi, ayun cinandhak kang garwa, Nawangwulan wus udani, marang karsane kang
raka, ayun ngrusak taman sari.
Nulya musna sang retnayu, mapan karya gena
sami, ajentung raja pandhita, adangu tan kena angling, Nawangsih niba kantaka,
mengkana Raden Surati.
Kang rayi cinandhak sampun, pinondhong
sang pindha ratih, nanging tan emut sang retna, binekta kondur tumuli, mring
dalemira priyongga, sinarekken jinem wangi.
Sang pandhita meksih kantun, neng sanggar
tan kena angling, kelangkung limiting driya, nging kang garwa aneng ati,
Nawangwulana kaniaya, aweh lara nora mati.
Dya Retnaningsih winuwus, sinungkeman mring
Surati, dhuh gusti sira wunguwa, tolehen pun kakang yayi, dyah emut purwa
duksina, ngusap sri nata sang dewi.
PUPUH III
S I
N O M
Pupungun sang dyah kusuma, adangu tan kena
angling, nging kang ibu aneng driya, mangkana Raden Surati, tansah mangarih-arih,
dhuh masmirah jiwaningsun, kadawa-dawa, tolehen pun kakang gusti, ngestupada
sadaya lamun kanggeya.
Baya yang yang nging kumala, pupujan
retnadi luwih, piturun saking ing swarga, tumedhak ing Tarup gusti, icala kang
wiyadi, sapanen kang abdi masku, mirah krana punapa, tan sotah miyating dasih,
tingalana gusti.
Gusti abdi tanpa dosa, para ta den
pitambuh, dhuh angger angandikaha, sapanen pun kakang gusti, kadya matur ing
tulis tanana timbanging wuwus, mas mirah tur kawula, agya lega tyasing abdi, satemahe
ing mangke angsal duduka.
Duk kawula neng pepagan, limiting tyas lir
ngemasi, ing mangke angsal usaha, temahe den pitambeti, mirah tan wedi gusti,
pun kakang saestu lampus, mesem ratna juwita, sarya angandika aris, gething
temen aku wong sugih wicara.
Byar padhang tyasnya den Bondhan, tenapai
dyah Retnaningsih, mring ibu ilang onengnya, pinupus kersaning Widi, nulya
tumangkep nuli, langit lan buntala sampun, supe ing sekalihnya, katemben uninga
resmi, wedhar karsa pan anglir manggih kumala.
Gengira sagunung adam, pinangku sang
mindha ratih, tan pegat kinuswa-kurwa, nulya ingemban sang dewi, mring patirtan
tumuli, wus sasotya kalihipun, samya salin busana, ni emban ingkang ngLadosi,
sawusira anjenger niba buhinya.
Kelangkung pandung ni emban, ningali kang
warna kalih, angladosi dalu siyang, prandene jomblong ningali, marang kang
warna kalih, tuhu kalamun piturun, nulya kekanthen asta, lir Komajaya lan
Ratih, marang sanggar ayun sowan sudarmi.
Mangkana jeng sang pandhita, meksih aneng
sanggar neki, samusnaning ingkang garwa, retna Nawangwulan iki, langkung
tyasnya sang yogi, tan kondur mring dhepokipun, aneng sanggar kewala,
Nawangwulan kang aneng ati, pan kawarna praptane putra kalihnya.
Sareng katinggal pan agya, ingawe mring
jeng sang yogi, dadya ical tyas mring garwa, sukanon mring saribit kalih, kalih
samya ngabekti, marang ing sudarma sampun, sawusnya tata lenggah, sang pandhita
ngandika ris, mring den Bondhan dhuh Surati anak ingwang.
Ing benjing sapungkur ingwang, sira
gumanti ing kami, den mengkel amangun tapa, aja sira salah kardi, tolehen
ingkang kari, ing saturunira besuk, wus pinasthi dening Hyang, tanah Jawa kang
darbeni, nora liya pan among saturunira.
Iku kulup wruhanira, meh ana karsaning
Widi, ramanira Brawijaya, wus telas lelakoneki, rusaking Majapahit, agama Buda
nak ingsun, salin agama Islam, dene ingkang anyalini, ing agama yaiku dudu wong
liya.
Mapan putrane priyongga, iya kadangmu
pribadi, kulup kang ana Palembang, kang kinarsakaken Hyang Widi, kang pra wali
ngembani, sirnane ramanireku, marma sira sun wekas, aja sira salah kardi, ing
rusake Negara ing Majalengka.
Tumungkula ing atapa, poma aja walang ati,
ing sirnane ramakira, apan wus kersaning Widi, turun ping patku benjing, ing
Demak keratonipun, nuli Pajang gumantya, nging turun Pengging, yen wus iku ing
Mentaram turun ira.
Nging iku tanana liya, iya wiji Majapahit,
nging turunira priyongga, kang tumeka jaman akhir, tanana kang anyalini, poma
kulup wekas ingsun, suwunen mring Hyang Sukma, tetepe keraton Jawi, marma
mangko aja sira salah karya.
Tumungkula ing atapa, nging kurang ping
lima kaki, kenane keraton Jawa, wus pasthi sira duweni, tanana maningmaning,
kang kinarsaken Hyang Agung, nging ugere atapa, pan tiga sastranya kaki, iku
kulup wernane ingkang aksara.
Mapan zehad aranira, tegese iku ta kaki,
tan ayun mulat ing liya, nanging dhiri kang kaeksi, kang ehe teges neki
nyinggahi uni sedarum, ingkang wal tegesira, tinggal donya nora nolih, mapan
ana ngandikane Hyang Sukma.
Muhamad kekasih ingwang, sira sun turunken
niki, iya marang ngalam donya, mapan telu wekas mami, sira wurukena iki, ya
marang umat ireku, mengkene ya Muhamad, aturuwa lamun arip, amangana kalamun
luwe ta sira.
Nanging ta den sawetara, asahuwat lawan
rabi, nanging yen banget kangennya, iku marganira eling, iya marang ing kami,
kelawan umatireku, selamet ya Muhamad, jeng nabi sujud tumuli, neng ngarsane
iya Rabil ngalamina.
Bondhan Surati nak ingwang, ana wekas
ingsun maning, iya ugering atapa, aksara setha den eling, iki wernane kaki,
alip iku tegesipun, tan payun kawoworan, tingal kang sejati, dhirinira yekti
suwung kewala.
Datan darbe apa-apa, lam jalalah teges
seki, endi kadudu kagungan, iya dhirinira kaki, miwah ingkang kaeksi, katingal
laku sedarum, tan sepi datting sukma, mengkana anggepe tapi, kang lam tapi wus
sirna sebarangira.
Suwung tan ana katingal, nanging wujuding
Hyang Widi, iku den prayitna, aja mengeng tingal neki, lamun iku kasliring,
dadya batal tapanipun, dhuh kaki den prayitna, tegese ehe puniki, pan idayat
idayat iku nugrahan.
Marma Jebeng sira bisa, ningali wujud
dolahi, iku pratondha nugrahan, oleh karilaning Widi, barang solehireki,
ingkang musna meneng iku, sayektine ku drema, bisa panapa sireki, yen derbeya
pan sira darbe punapa.
Nanging poma ku den awas, aja kamomoran
kaki, kalamun kamomoran, iku wujud setan iki, mim awal tegesneki, tan ana
estining kalbu, liyaning pati ingkang, mulih mring iskikhayati, aneng donya pan
iku dolan kiwala.
Aksara kha tegesira, anging khak kang kaeksi,
iya khak ira Hyang Sukma, pangucap paningal neki, pangambu pamiyarsi tanpayun
liyan sukmeku, tan arsa kamomoran, anglindhung purbaning Widi, iya iku Jebeng
kang tumekeng tapa.
Dene Mim akhir tegesnya, ngantepi wuwus
kawijil, lamun marang kalanggengan, tanpayun Jebeng baleni, lara pati tan
gingsir, saking sihira Hyang Agung, ika wong kang tumeka, marang sampurnaning
jalmi, mapan iku wus tan wruh swarga naraka.
Aksara wal tegesira, tinggal jiwa raga
dhiri, tan tolih marang salira, rusake wus tan udani, mapan punika sami,
pinasrahaken kang asung, iku tingal ing tapa, tegese manungsa jati, pan mung
iku pinandeng tan kena owah.
Tur bekti Rahaden Bondhan, sumungkem pada
sudarmi, langkung padhang ing tyasira, winejangan ngelmi ghaib, atenapi sang
dewi, samya sumungkem mring suku, kalih langkung marwata, tan sumelang ing tyas
mami, sang pandhita malih alon angandika.
Lah wus ta padha muliha, mung iku poma den
eling, wekasane wong agesang, tur sembah Raden Surati, tenapi sang retnadi,
lengser sing ngarsa sang wiku, samya kekanthen asta, langkung tyasira sang
yogi, aningali mring kang putra sekalihnya.
Sapraptane dalemira, langkung sih
sinisihan kalih, tan pegat pulang asmara, ing siyang tanapi ratri, tan pisah
kadya mami, kalihnya samya tyasipun, mangkana wus alama, sang wiku tumekeng
jangji, Raden Bondhan anggentosi mring kang rama.
Henengena Tarub kawarna, Palembang sri
narapati, langkung arjaning nagara, mengkana ingkang winarni, sowan mring
Majapahit, sira Arya Dilah prabu, anulya tinimbalan, lajeng manjing ing jro
puri, wus ingirid marang Patih Gajahmada.
Prapteng ngarsa Brawijaya, ngusweng pada
sri bupati, riwusnya nata ngandika, Arya Dilah anak mami, ingsun paringi rabi,
putra Cina wijilipun, nanging ta wekas ingwang, ing mangke lagya garbini, poma
sira aywa salah karya.
Yen wus lahir karsanira, nateng Palembang
tur bekti, pukulun nuwun sandika, ngandika malih sang aji, wus muliha anak
mami, marang Palembang sireku, gawanen rabenira, tur sembah lengser sing
ngarsi, medal lawan ki Patih Gajahmada.
Lajeng kondur mring Palembang, sarta
ambekta sang putri, datan winarna ing marga, Palembang pan sampun prapti,
mangkana sampun lami, babar putra miyos jalu, apekik ingkang warna, Raden Patah
parabneki, sampun lama anulya malih puputra.
Raden Kusen namanira, patutan Palembang
aji, kalih pan sampun diwasa, ngandika sri narpati, Patah anakingsun gusti,
magangana nagrimu, iya iki Palembang, mapan sun tan angwasani, arinira si Kusen
sira gawaha.
Maranga ing tanah Jawa, ngawulaha mring
sang aji, iya nateng Majalengka, mapan ingsun anggawani, kulup marang sireku,
wong Palembang patang puluh, jujuka ing Jepara, langkung suka Raden kalih,
nulya lengser sampun prapta ing Jepara.
Raden Patah angandika, Kusen banjura
pribadi, ngawula marang sang nata, iya ratu Majapahit, ana dene sun adhi, arep
lunga ngaji ingsun, marang ing Ngampeldenta, sun kepengin dadi santri, wong
Palembang kabeh sira gawaha.
Anging kakang Wonapala, lan Wonasalam ku
adhi, wong loro ingkang sun gawa, dene Palembang negari, ingsun wus lila adhi,
kaduweha mring sireku, iki layang aturna, gawan sing Palembang adhi, lah ta
payo wus adhi ungkur-ungkuran.
Sira mringa Majalengka, ingsun marang
Ngampelgadhing, kang rayi mopo karuna, nanging meksa den dukani, lajeng nurut
kang ari, nulya sareng angkatipun, tan winarsang marga, Majapahit sampun
prapti, jujuk dhateng kyana Patih Gajahmada.
Kang surat lajeng tinampan, sampun katur
mring sang aji, Raden nulya tinimbalan, dinangu saneskaryeki, wus telah atur
neki, ya ta mesem sang aprabu, nulya aris ngandika, Gajahmada karsa mami, ya si
Kusen ingsun ganjar nagara.
Ing Trerung aran dipatya, Pecatondha karsa
mami, ki patih matur sandika, kaliyan wus kinen mijil, henengna gentya winarni,
Raden Patah kang winuwus, ngiring ki Wonasalam, Wonapala sampun prapti,
Ngampeldenta langkung denya kinasiyan.
Datan lama Raden Patah, gennya ngaji wus
ngulami, pan lajeng pinundhut pisan, mantu dhateng sang ayogi, mapan dadya
kekalih, kanjeng sunan mantonipun, jeng sunan wus uninga, marang karsaning
Hyang Widi, yen den Patah badhe karsaning Hyang Sukma.
Kang nyalini gama Buda, mila sagung para
wali, mapan ta asih sadaya, mengkana ingkang winarni, Raden anulya pamit, mapan
arsa karya dhukuh, jeng sunan angandika, ya Jebeng anak mami, lamun sira arsa
karya dhukuh nyawa.
Ngupoyoha ingkang wona, ana gelagah kang
wangi, iku Jebeng dhukuhana, Rahaden anulya pamit, ngupaya kang wanadri,
ingkang wangi glagahipun, mapan kalunta-lunta, wus manjing tengah wanadri,
nulya manggih iya satengahing wona.
Kang ganda kelangkung ambar, anulya dipun
ulati, sampun panggih kang gelagah, satuhu kelamun wangi, Raden ngandika aris,
kang Wonosalam sireku, maranga Ngampeldenta, iya ngaturana uning, yen wus ana
glagahwangi gandanira.
Ingsun yen dinangu kakang, wus bacut ana
ing ngriki, nulya gya ana ing Wonasalam, lampahnya datan winarni, ing Ngampel
sampun prapti, wus katur sasolahipun, jeng sunan nulya tedhak, pinunju para
wali, pan pepak lan sedaya neng Ngampeldenta.
Pan lajeng dherek sedaya, wus prapta
lampah neki, ing prenahe kang gelagah, wus kepanggih lawan kang siwi, nulya
kang para Wali, dhatengken kreramatipun, dumadak pan sakala jinurung marang
Hyang Widi, tengah wona mapan wus dadi nagara.
Jeng Sunan Makdum ngandika, marang sagung
kang pra wali, lah ta kabeh seksenana, iya sagung anak mami, arane nagari iki,
ing Demak lawan nakingsun, iya Rahaden Patah, arane mengko sunelih, jejuluk iya
Pangeran Bintara.
Mapan pra wali sedaya, kelangkung jumurung
sami, anulya samya luwaran, sowang-sowang kang pra wali, Sunan Makdum winarni,
wus kondur mring Ngampel iku, ing Demak sampun arja, langkung kathah jalma
prapti, wus kapirsa saking nagri Majalengka.
Kalamun tengahing wona, ing mangko dadya
nagari, winestan nagari Demak, dene kang jumeneng iki, Pangeran Bintareki,
nanging tanbuh wijilipun, mangkana kyana patya, putusan kinen nimbali, wus ping
tiga tansah sinangga ing krama.
Mengkana sang Brawijaya, wus uning nulya
nimbali, mring Patih Gajahmada, lawan terung dipati, Pecatondha wus prapti,
aneng ngarsane sang prabu, Sri Nalendra ngandika paran weratnira patih, tengah
alas kawarta dadi nagara.
Ki patih matur anembah, mapan estu kang
pawarti, kawula sampun putusan, ngutus kaping tiga gusti, tansah sinongga
krami, dene westane puniku, ingkang dadya gunungan, Pangeran Bintara sang aji,
nging wijile sadaya datan uninga.
Sri Nalendra angandika, marang ing Terung
dipati, paran nguni kakangira, Pecatondha matur wotsari, rumiyin abdi aji,
semados ngaos pukulun, dhumateng Ngampeldenta, mapan remen dados santri, lawan
sanes inggih namane puniku.
Nenggih namanipun kakang Raden Patah duk
ing nguni, nanging kalih rencangira, sedaya punika gusti, pinasrahken sang aji,
tiyang Palembang sedarum, inggih dhateng kawula, kelawan mokal upami, yen pun
kakang gadhaha kajeng punika.
Nanging santri karemannya, Sri Nalendra
ngandika ris, yen mangkono Pecatondha, sira ingkang ingsun tuding, iya ngluruga
iki, marang ing Demak sireku, kabeh wong Majalengka, gawanen aja na kari, matur
nembah sang dipati Pecatondha.
Pukulun dawuh sandika, nanging yan merangi
gusti, dalem Terung kewala, lan Palembang anyampuni, nadyan kathah upami,
tiyang ing Demak pukulun, tiyang anyar sedaya lan tan kena dugi neki, ya ta
mesem nata alon angandika.
Yen mangkono kersanira, iya wus ingsun
lilani, nanging ta sira mangkata, iya ing sadina iki, tur sembah nulya mijil,
sira sang dipati Terung, anulya mepak bala, semahab wong Terung sami, lawan
Palembang nulya budhal sang dipatya.
Henengena kang aneng marga, kawarna ing
Demak iki, mapan wus miyarsa warta, lamun badhe den lurugi, kathah kang samya
ngili, kangjeng Pangeran mapan sampun, pratela kang pawarta, lamun kang dadya
pangirid, wong Palembang dipati Terung tindhihnya.
Mesem Pangeran Bintara, lawan angandika
aris, lah ta kakang Wonasalam, lan Wonapala ing benjing, aja na ngaton iki,
sira lawan sabalamu, sun dhewe kang ngetingal, dimen ingsun den pateni, iya
marang prajurit kang peksa lanang.
Mengkana nulya ana, lumajeng atur upeksi,
lamun damel ageng prapta, inggih saking Majapahit, Demak kinepung kikis, jeng
pangran mesem amuwus, lah kakang Wonasalam, lan Wonopala den aglis, balanira
padha kabeh umpetena.
Kalihnya matur sandika, jeng pangran
lenggah pribadi, aneng surambining langgar, dipati Terung winarni, langkung
kaku tyas neki, den anti nora na metu, kelamun ateluka, tan ana pratondha neki,
yen waniya nora mapaga yuda.
Anulya sang adipatya, pan arsa uning
pribadi, dhateng ingkang gadhah praja, mangkana esthining galih, baya
amejanani, dene nora metu, lah padha kariya, sun ujane padha siji, ya si kraman
nulya manjing sang dipatya.
Mapan ta kapasang yoga, anjujug langgarnya
uning, sang dipatya mring kang raka, alenggah aneng surambi, nulya tedhak sing
wajik, wus binucal lawungipun, lumajeng sampun prapta, nungkemi pada anangis,
nora nyana katuju samya raharja.
Kangjeng pangran angandika, lah ta wus
menenga yayi, mapan ingsun atanya, sireku prapta ing ngriki, apa karyanereki,
atawa ngutus sang prabu, lah ta mara pajara, sang dipatya matur aris, pan
kawula ingutus kangjeng sang nata.
Inggih kinen anelika, yen ing mriki wonten
baris, sang nata nerka paduka, nanging sanget tur ta yekti, dene tuwan inguni,
yun ngaos mring Ngampel iku, kelangkung kemokhalan, yen paduka gadhah kapti, pan
mekaten tur amba dhateng sang nata.
Kangjeng pangran angandika, sarya mesem
mring kang rayi, mengka paran karsanira,
lamun wus nyata yen mami, sang dipatya tur bekti, sumangga karsa
pukulun, kangjeng pangran ngandika, yen mangkono karsaa mami, wus ta mara
ingsun sira aturena.
Tanana wekasaneya, yen nora seba sun iki,
najan tumeka ing lara, pati mapan sun lakoni, lah payo mangkat adhi, anulya
budhal sedarum, wong Terung lan Palembang, ing Demak sawonteneki, tan winarna
Demak Majapahit prapta.
Panggya Patih Gajahmada, ingirid manjing
ing puri, sang dipati Pecatondha, jeng pangran ingantun Jawi, cundhuk kelawan
sang aji, sira adipati Terung, lajeng nungkemi pada, anangis sang adipati, Sri
Nalendra alon denira ngandika.
Lah ta wis sira menenga, matura paran
sireki, nulya matur sang dipatya, pukulun atur pati urip, lepat amba narpati,
pun Pecatondha pukulun, gusti punapa karsa, kang dadya runtaging nagri, pan ing
Demak punika estu pun kakang.
Mesem sang nata ngandika, lah ing mengko
ana ngendi, iya iku kakangira, lon matur sang adipati, lun antun wonten jawi,
sang nata ngandika arum, mara sira undanga, anulya dipun timbali, sampun prapta
ingawe nungkemi pada.
Rinangkul marang nalendra, ingaras
mustakaneki, wus Jebeng sira lungguha, sun tanya ing purwaneki, gya katur
niskareki, mesem ngandika sang prabu, ya wis ngestreni ingwang, nanging Jebeng
wekas mami, ingkang gelem manjing agama prayoga.
Kang tan gelem ywa pineksa, lawan aranira
kaki, sun lilani aran sultan, ing Demak prayoga iki, Gajahmada sireki, padha
undhangna sedarum, yen mangko putraningwang, sing Patah ingsun lilani, aran
sultan ki patih atur sandika.
Wus Jebeng sira muliha, mring nagrinira
pribadi, kangjeng sultan tur sendika, wus lengser saking ngarsa ji, langkung
marwata sami, sagung wong Demak sedarum, kangjeng sultan panulya, lajeng marang
Ngampelgadhing, sampun prapta pra wali pepak sedaya.
Wus katur sasolahira, langkung sokur kang
pra wali, mapan nulya pirembagan, sagung ingkang para wali, karya Masjid
puniki, ingkang damel rembag sedarum, anulya samya mangkat, mring Demak
sagunging wali, sareng lawan kangjeng
sultan sampun prapta.
Ing Demak wali sedaya, jumurung marang
Hyang Widi, karya Mesjid geng wus dadya, mapan tundha tiga iki, langkung endah
kang warni, lajeng inganyaran sampun, mapan kinarya salat, Jumengah sagunging
wali, Sunan Bonang ingkang dadya imanira.
Sunan Giri maos kutbah, mung ngasiral
Sunan Kali, pra wali awal sedaya, lawan kangjeng Sultan iki, wus bakda
salatneki, anulya ana gumandul, saluhur pangimanan, Sunan Bonang mundhut aglis,
ingkang cucal menda kinanthilan surat.
Pan mengkana ungelira, penget iki kang
kulambi, lorodanjeng rasulolah, pinaringken Sunan Kali, antakusuma iki, ulesnya
walulang wedhus, ki gondhil aranira, anulya binuka nuli, langkung endah kang
rasukan monca warna.
Langkung sokur sunan Bonang, mesem
angandika aris, Jebeng kali mareneya, sira ingkang den paringi, lorodaning jeng
nabi, yayi ngempek bae ingsun, Sunan Kali tumulya, asujud marang Hyang Widi,
wus luwaran sagung pra wali sedaya.
Ing Demak kelangkung arja, dadya alit
Majapahit, mengkana sang Brawijaya, dadya bendu animbali, marang rekyana patih,
kalawan Dipati Terung, sampun prapta ing arsa, ngandika Sri Narapati, Gajahmada
ing Demak sira rusaka.
Kelawan si Pecatondha, kerigen wong
Majapahit, kekalih matur sandika, sampun lengser saking ing ngarsi, medal
tengara muni, kendhang gong teteg gumuruh, sagung wong Majalengka, samya asiaga
jurit, nulya mangkat gegaman tanpa wilangan.
Jeng Sultan Demak winarna, mapan wus
miyarsa warti, pepak pra wali sedaya, wus rembag methuk ing jurit, kang dadya
Senapati, anenggih jeng Sunan Ngudung, nulya nembang tengara, gemuruh swaraning
jalmi, wong ing Demak sampun siyaga ngayuda.
Tan pantara nulya pangkat, wus kapethuk
aneng margi, mapan wus datan kuciwa, singa kathaha kang jalmi, nulya campuh
kang jurit, mapan samya purunipun, mengkana Senapatya, panggih samya senopati,
Sunan Ngudung lan dipati Pecatondha.
Anulya ayun-ayunan, arame denira jurit,
data nana kang kuciwa, mapan wus karsaning widi, Sunan Ngudung kajodhi, wus
rinebat kayonipun, kasapih dalu ika, wong Demak alit tyas neki, mesanggrahan
kyana Patih Gajahmada.
Kasukan wong Majalengka, mengkana ingkang
winarni, sang dipati Pecatondha, kelangkung ngungunireki, dadya ewed ingkang
galih, ajrih mring kalihanipun, ing dalu pirembangan, lan wadya Palembang sami,
nulya budhal bolos mantuk mring Palembang.
Pan lajeng mancal bahita, praptanira tan
winarni, wadya ing Terung sadaya, pan sampun atur upeksi, dhateng rekyana
patih, Gajahpremada angungun, henengna gantya winarna, Sunan Ngudung layoneki,
mapan sampun prapta negara ing Demak.
Wus katur dhateng jeng sultan, layon
sinareken nuli, jeng sultan langkung bramatya, wau dhumateng kang rayi,
angrasuk busana glis, arsa nyalirani pupuh, tan pantara wus budhal, tan kantun
kang para wali, kawarnaha kyana Patih Gajahmada.
Mapan wus miharsa warta, yen badhe
ingantep jurit, langkung ewet tyas ki patya, nulya tinengaran sami, sagung wong
Majapahit, mundur marang Majalangu, prapta rekyana patya, lajeng lumebeting
puri, sampun katur langkung ngungun Sri Nalendra.
Mengkana enget sang Nata, yen wus
janjining Hyang Widi, anulya aris ngandika, Gajahmada karsa mami, ingsun
mekhrad saiki, pan wus karsaning Hyang Agung, lan sakeh wadyaningwang, kang
meksih agamaneki, iya Buda paningsun gawa sedaya.
Ana dene garwaningwang, iya ratu Darawati,
mapan nora ingsun gawa, sebab wus manjing agami sebatur neki, wus
maratundhangna iku, ki patih tur sendika, tan pantara wus weradin, nulya musna
kangjeng rising Brawijaya.
Lawan Patih Gajahmada, lan kulawarga tan
kari, musna lawan kedhatonnya, nging sang ratu Darawati, punika meksih kari,
lawan sapawonganipun, atenapi dalemnya, lawan pajeksan kang meksih, lan mariyem
liya punika pan musna.
Kawarna jeng sultan Demak, prapta lan
sagung pra wali, kapanggih suwung sedaya, tanana jalma sawiji, lawan
kedhatonneki, nging kaputren meksih kantun, anulya kangjeng sultan, sowan lan
kang ibu panggih, gya rinangkul mring kang ibu Darawatya.
Samya kumembeng kang waspa, gya emut
purbaning widi, ingkang ibu ingaturan, kondur marang Demak nuli, tan winarna
wus prapti, Demak langkung arjanipun, semana tanah Jawa, mapan sampun Islam
sami, pan wus lama sang prabu sampun peputra.
Jalu abagus kang warna, lawan wus alim
mring ngelmi, jinulukan mring kang rama, kangjeng Pangran Trengganeki, tata
tita wus lami, kawarna ki Ageng Tarub, mapan sampun peputra, jalu warna apekik,
pinaraban mring rama Getaspendhawa.
Diwasa sampun winejang, ngelmi traping
mangunteki, sampun kaduga rasanya, dadya luluh tyas sireki, mapan kersaning
Widi, Raden tan remen wismeku, remen asaba wona, nenepi guwa kang sungil, pan
ingampah mring ibu rama tan kena.
Kelangkung liwung tyasira, Rahaden mring
kang sejati karem mring rasaning purba, supe dhahar lawan guling, malah kang
eyang iki, sring manggihi mring den sunu, dyah retna Nawangwulan, amejang
ngelmi kang sidik, dadya wuwuh Raden sudira ing tapa.
Dadya trus ing tingalira, padhang tanana
ngalingi, marang dattira Hyang Sukma, sura legawa mring pati, wus nyata
sakarseki, wani nglara tega lampus, bagus meksih taruna, sumilak tajanya
wening, datan uning jurang parang arga wona.
Ki Ageng ingkang winarni, kang putra
pineksa krami, angsal putraning pandhita, ing Sekarlampir yu luwih, dadya tut
palakrami, wus lama Kyai Geng lampus, prapta ing janjinira, tan lama lan
garwaneki, Raden Getas wus gentosi mring kang rama.
Nanging ki Ageng punika, ing Tarub
langkung arjeki, ri sampunnya lama lama, peputra jalu apekik, mapan sinung
wewangi, Raden Selarasa iku, ri sampunnya diwasa, remen adhekah pribadi, lawan
sampun kinaramakaken ika.
Angsal putrining pandhita, ing Selabentar
puniki, wus lama anggennya dhedhekah, akathah tiyang tut wuri, dadya karan
puniki, dhekahing sela punika, mengkana kinarya, namur lampah among tani,
langkung arja ing Tarub sampun kuciwa.
Ki Ageng Tarub semana, wus sepuh ing
mangsa neki, ingkang putra tinimbalan, Raden Selarasa prapti, ngarsanya kang
sudarmi, manembah sumungkem suku, sang pandhita ngandika, wus Jebeng lungguha
iki, marma ingsun angundang marang ing sira.
Pan ingsung iki wus tuwa, meh ana
karsaning Widi, anging ta wewekas ingwang, kulup den angati ati, wong urip neng
donyaki, den awas sira nakingsun, marang saliranira, sarta pangridhuning iblis,
aneng donya ywa pegat sira nastapa.
Lan iki pitutur ingwang, marang sireku den
eling, mapan sastra tigang dasa, karyanen ugrering ati, amrih ywa keguh kaki,
tingalira mring Hyang Agung, alip tegese ika, karepa marang Hyang Widi,
angrasaha yen uripira titipan.
Aja karep mring kang liya, karepna marang
kang titip, hebe tegese punika, yun bener anggepireki, barang tingkah ireki,
mosik meneng nyata kulup, mring ngendi paranira, poma den wespada kaki, lamun
meneng ana ngendi osikira.
Kalamun mosik tyasira, henengira ana
ngendi, poma iku iku aja pegat, ing siyang kelawan latri, ijenen iku kaki, lan
sapa kang ngajeni iku, lawan tetegesira, yun terang tapaning ngati, atinira adhepena
mring Hyang Sukma.
Lamune sireku ana, mapan ana ingkang
kardi, dudu ananira dhawak, yen sira mangkono maning, nanging den awas kaki,
marang ngendi sirnanipun, marma kulup mengkana, denesireku wus dadi, tan wus
terang sira kapanjingan rasa.
Ingkang satengese nyawa, lir sarah sira
paniki, ananira aneng donya, separan parane kentir, mapan lir katut warih,
puniku upamenipun, kumambang neng segara, nging srahna dhirinireki, angeliya
marang purbaning Hyang Sukma.
Aja ngeli marang hawa, den wespada sira kaki,
aksara jim tegesira, mapan sireku wus pinaring, jembar paningal neki, pangambu lawan pangrungu, atenapi pangucap,
nging trusena mring kang jati, kabeh iku ulihena mring satunggal.
Lamun nora mengkonoha, kena ing rencana
kaki, aksara kha tegesira, anging khak ingkang kaeksi, kang anyar wus tan
kesthi, nging kadis karya Hyang Agung, kha gedhe tegesira, khalal kharam wus
tan nolih, pan tegese pan iku lumuh sadaya.
Aksara dal tegesira, derajat iku sayekti,
tegese ingkang derajat, ananira iku kaki, kinacek sami neki, mahluk kang aneng
donyeku, marma ingkang manungsa, kaki arep ngati ati, sipatira pratondha
ananing sukma.
Kang dal gedhe tegesira, iku ta dedalan
eling, eling iku rong prakara, kang dhihin dalaning urip, pindho dalaning pati,
anging Allah tegesipun, tan payun mulat liya, pan anging datting Hyang Widi,
aksara re tegese iku pan rahmad.
Marma kaki sira bisa, ningali wujud
dolahi, iku pratondhaning rahmad, tan bisa weruh pribadi, yektine sireku kaki,
wuta tuli bisu suwung, tanana dayanira, ze teges iku kaki, mapan ajrih ningali
wujud kang liya.
Wus datan yun kawoworan, tingal marang
kang sejati, nengeng heneng kang salira, pan lir ulama lungsungi, sin cilik
tegesneki, nging sebarang polahipun, kang kaniyana ing jalma, yektine tyase wus
sepi, pan wus ilang tingal kang bangsa manungsa.
Sa gedhe tegese iya, kusarat ningali
dhiri, ing tyase mapan wus sirna, dunya wus kalimput yekti, marang ngelmuning
widi, dadya sokur lakunipun, sat tegese ika, wus serupiku yekti, datan kena
winuwus mongsa bodhowa.
Lat tegese iku iya, wus kerem teleng
jeladri, tan kena kinaya ngapa, yen jamak jalma kang uning, iku pesthi tan
uning, mapan larangan satuhu, te gedhe tegesira, tuwekal cobaning widi, wus
angrasa yen tan derbe apa-apa.
Le kang laku tegesira, nglakoni prentah
kang yekti, mapan iku kang warana, ling aligning jalma luwih, ngain ing
tegesneki, ngaran irih karyanipun, ing laku myang ing solah, lungguh tenapi yen
angling, datan montra yen iku jalma utama.
Ain tegeseku iya, nyekeli kadis lan dalil,
datan kena yen bengganga, wedi pisah lan Hyang Widi, kang efe tegesneki, wus
prenah sebarangipun, pan wus iku tan kena, yen kawoworan iblis, wus mutakim
marang rabil ngalamina.
Ka cilik tegese ika, wus weruh karsaning
widi, kang dudu lawan kang nyata, mapan tan keliru yekti, kap gedhe teges neki,
wus narima ing sihipun, yen dhiri iki karya, wewayangan kang sejati, lam
jalalah wespada isining jagad.
Kabeh pan wus kalimputan, yaiku ngalam
kekalih, kabir sahir wus jinajah, kang mim nenggih teges neki, mantep tan
ngrasa mati, kana kene tan kadulu, suwarga lan neraka, sakeh elok tan katolih,
anging Allah kang dadi paraning tingal.
Aksara nun tegesira, nerawang tingal mring
jati, anerus bumi akasa, tumeka ing pitung lapis, mulih duk cahyaneki, wus tan
kamomoran tuhu, wawu tegese ika, wus weruh sakeh dumadi, tagungane iya rabil
ngalamina.
Ing prenah satunggala tunggal, kang ehe
tegesireki, amrih maring katunggalan, tan payun benggang sayekti, pan lir
upamineki, tembaga lan emas iku, sirna kalih warnanya, lan arana iya salin,
kang aksara lam alip teges ika.
Aling aling iku nyata, tetebeng Hyang Maha
Suci, yektine marga sempurna, pan tan ana malih malih, margi luwih utami,
ingkang liya saking iku, wus perak datting sukma, aksara ambyah puniki, ing
tegese wus kumpul bangsa tetiga.
Nabi wali mukmin ika, aksara ya teges
neki, mapan iya iku nyata, wus tanana malih malih, poma estokna, kaki, den
ngati ati nakingsun, wong amrih katunggalan, nora kena salah kardi, kaya kaya
mapan iku nora kena.
Tur sembah den Selarasa, sumungkem suku
sudarmi, langkung padhang ing tyas neki, winejangan ngelmi sidik, mangkana
aturneki, mugi angsala pangestu, saking jeng sang pandhita, lan supangat
kangjeng nabi, karilane Subhanahu Watangala.
Kawula mugi sageda, nglampahi lampah kang
yekti, tebihna lampah duraka, sang Pandhita ngandika ris, ya Jebeng sun amini,
karilana mring Hyang Agung, mugi tinulungana, lan sumangat nabihumi, lawan
Jebeng ingsun arsa mangun lampah.
Mapan iya satus dina, ingsun aja ka
tiliki, apa dene nyai sira, sun arsa weruh kang yekti, mring ghaib kang sejati,
poma nyai wekas ingsun, pa dene Jebeng sira, aja na sumelang ati, yen wus genep
satus dina sun rihaya.
Lah padha olah olaha, wus Jebeng muliha
iki, tur sembah den Selarasa, mundur sing ngarsa sudarmi, kang winarna sang
yogi, tedhak saking dalemipun, lajeng lumebet wona, mapan sedya mangunteki,
rempuning tyas birahi marang Hyang Sukma.
Mapan wus tanana kaetang, miwah ingkang
walang ati, karem marang ing iradat, liwung suwung wus tanolih, jajah wona
myang ardi, guwa jurang parang agung, mengkana sang pandhita, ngupados
telenging galih, duksemana pinarak ngandhap widara.
Dadekken tunggal lahira, neng ngriku sang
maha yekti, sendheyan kajeng widara, ingkang putra sring nuweni, nanging saking
ing tebih, mapan tan tega ing kalbu, ajrih yen ngatingala, sabab dhingin wus
wineling, marmanira tan tega den Selarasa.
Dene wus sepuh kang rama, Rahaden
kelangkung water, menawa tinilar seda, marma saben dina prapti, nuweni mring
sudarmi, yun tan suka jrih kelangkung, nanging datan katingal, mengkana sampun
nujoni, satus dina pananging kirang sedina.
Jangkepira satus dina, mila sami suka
neki, nyai Ageng lan kang putra, wong Tarubsela wus prapti, mapan samya
kinerig, olah olah karsanipun, badhe karya rihaya, rame jalma raratengi,
henengena kawarna jeng sang pandhita.
Ingkang lagya mangun brongta, neng
ngandhaping widareki, tansah anggung among karsa, mapan nedya anglabeti, jajah
ngalam puniki, sekawan sampun kacakup, wus terang sakarsanya, sadaya mapan
dumeling, angalam nasut pranyata alam manungsa.
Alam jabarut punika, nyata jim ingkang
drebeni, alam malakut punika, Malaekat kang duweni, alam lahut wus yekti,
prapta purbaning Hyang Agung, pasenetan datolah, anggene manungsa jati, ya
manungsa ingkang tumeka sampurna.
Sang pandhita duk semana, angrasuk kang
tingal asib, pan asib tunggaling rasa, pan rasa tunggaling urip, urip tunggal
karseki, karsa mantuk suci sampun, kadya duk nguni cahya, wis tan kamomoran
yekti, tunggal rasa tunggal urip tunggal cahya.
Kang jasmani sampun purna, asalin badan
rokhani, ngalam sahir wus tan ana, ngenggeni ngalam kang kabir, wus jumbuh tan
kekalih, pan datan kena winuwus, mengkana sang Pandhita, wus musna saking
donyeki, myang kang raga dadya tan ana tilasnya.
Kondurnya mring ngisikhayat, ing jaman
langgeng wus prapti, ngalam donya duk semana, amawi pratondha yekti, icale
jalma luwih, kukuwung pating palengkung, teja mangkara-kara, gumleduk kang poma
wukir, segara rob tedhuh peteng tanah Jawa.
Kilat thathit lawan lidhah, timbangan lan
ubar-abir, lindhu ping pitu sedina, surya sasi tan kaeksi, mengkana kang
winarni, den Selarasa winuwus, pan lagya lalungguhan, kalawan kang ibu iki,
tata-tata ayun methuk mring sudarma.
Wong Tarubsela wus aglar, kang boja sampun
miranti, mengkana den Selarasa, kelawan kang ibu iki, samya kapareng galih,
mulat gara-gara agung, wusnya nayen kang raka, tampi rahmating Hyang Widi,
Selarasa ing tyasnya datan sakeca.
Mengkana den Selarasa, ayun susul mring
sudarmi, tan kantun kang ibu ika, kulawongsa dherek sami, tan dangu prapti
nuli, neng ngandhaping widareku, sang Pandhita wus musna, nyai Ageng duk
ningali, mring tilase kang raka anjrit karuna.
Niba nulya kapidhara, mapan wus karsaning
Widi, Nyai Ageng lajeng seda, dene Selarasa winarni, langkung rempuning galih,
anjetung tan kena muwus, nanging kari sakilan, jembare jagad kaeksi, kulawongsa
kang tuwa samya grahita.
Rahaden ngrupak paningal, nulya samya den
sungkemi, mengkana samya turira, adhuh gusti kados pundi, abdi kang keri-keri,
tuwan tolehken pukulun, punika kang kunarpa, kangjeng ibu tuwan gusti, welasana
tuwan sinten ingkang nyaenana.
Rahaden emut sekala, yen meksih sipat
dumadi, mapan iku nora kena, yen luput lara prihatin, nulya pinupus nuli,
marang tekdir ring Hyang Agung, nuli aris ngandika, ya sakehe sanak mami,
becikana petilasane jeng rama.
Layone kang ibu nulya, kinukup wus den
beciki, lajeng kondur dhateng Sela, juju king panepeneki, mapan tan kena mijil,
ing Tarub ingkang winuwus, sagunge kulawongsa, tan karuwan solah neki,
kudhandhangan saenggen-enggen karuna.
PUPUH IV
DHANDHANGGULA
Henengena Tarub Selasami, ingkang lagya
prihatin sedaya, Rahaden sampun gumantos, kiyageng namanipun, pan tinilar ing
Tarub iki, dalem wonten ing Sela, dadya karan sampun, anenggih kiyai Ageng
Sela, pan sinigeg ing Demak ingkang winarni, kangjeng Sultan wus seda.
Ingkang putra pan sampun gumanti, Kangjeng
Pangran Trenggana punika, Wonasalam pepatihe, Pengulu Sunan Kudus, yata ana
winarna malih, Pengging Tingkir punika, samya turunipun, anenggih sang
Brawijaya, ana ing Tingkir Kebokanigara iki, Pengging Kebokenonga.
Pan wus lami ki Ageng Pengging iki, datan
arsa sowan mring Demak, kang raja langkung susahe, ki Ageng Tingkir sampun,
tedhak rawuh dhumateng Pengging, panggih kang rayi nulya, Jawab asta sampun, ki
Ageng Tingkir ngandika, ingsun adhi ayun tanya kang sayekti, mara sira pajara.
Dene lawas tan arsa sireki, iya seba mring
jeng Sultan Demak, pan kandhangan sira kuwe, yen dhasar wani tuhu, pa yo sisan
umadeg baris, ingsun mongsa tegaha, dadi nora tanggung, ingkang kaya karepira,
drawasaka wus sun duga karsaneki, sira dhi kaya-kaya.
Datan matur ki Ageng ing Pengging, pan
tumungkul lawan ismu waspa, winarna wau garwane, ki Ageng Pengging iku, wawrat
sepuh wus mongsaneki, dalu mapan ringgitan, beber ringgitipun, anyegah dhateng
kang raka, nyai Ageng kepareng babar puniki, miyos jalu kang putra.
Gya pinangku mring kang uwa nuli, Kyai
Ageng Tingkir angandika, yayi putranira kiye, sun arani yayi iku, iya Raden
Kerebet yayi, kang rayi tan lenggana, mengkana wus kondur, kiyageng ing Tingkir
ika, kawarnaha jeng Sultan Demak anuding, mring Kyaigeng Wanapala.
Animbali mring ki Ageng Pengging, wus ping
tiga pan sinongga krama, ki Ageng Tingkir ta mangko, miyarsa wartenipun, yen
kang rayi ki Ageng Pengging, tinimbalan mring Demak, wus ping tiga iku, tan
sowan sinongga krama, dadya susah ki Ageng Tingkir kang galih, angles pan
lajeng seda.
Nyai Ageng Tingkir wus tur uning, marang
Pengging yen kang raka seda, kagyat lantaran lampahe, ki Ageng Pengging rawuh,
dhateng Tingkir anulya nungkemi, mring layone kang raka, ri wusnya amuwus, mugi
kula sampun lama, kakang kantun wus tan saged neng donyeki, wus kinubur kang
raka.
Nulya pamit kondur dhateng Pengging,
sampun prapta pan lajeng kewala, ki Ageng manjing panepen, pan datan kena
muwus, lawan nora amijil-mijil, henengna ingkang sungkawa, gantya kang winuwus,
nenggih kangjeng Sultan Demak, animbali Sunan Kudus sampun prapti, sang nata
angandika.
Marma kang kawula aturi, aprekawis pun
Pengging punika, kados pundi prayogine, kangjeng Sunan umatur, yen marengi kula
pribadi, mangke ingkang lumampah, jeng sultan nabda rum, gih kakang langkung
prayoga, Jawab tangan pamit kangjeng sunan mijil, busana nulya mangkat.
Nging sekawan sekhabat kang ngiring, tan
winarna marga Pengging prapta, lungguh ngandhap waringine, jeng sunan ngandika
rum, mring sekhabat sekawan neki, padha sira kariya, neng mriki sedarum, poma
aja lunga-lunga, sun malebu lamun ana rame iki, tabuhen Kyai sima.
Pan sandika sedaya tur neki, kangjeng
Sunan malebet wus prapta, jujug kori butulane, dhepepel pinggir pintu, mapan
nuju ana wong mijil, arsa ngangsu mring sendhang, kaget duk andulu, ana wong
dhepepel lawang, gya tinanya andika tiyang ing pundi, kula tembe uninga.
Kang busana lawan warna neki, dene lajeng
neng kori butulan, jeng sunan mesem nabda lon, ingsun arep ketemu, iya lawan ki
Ageng Pengging, ingkang ngangsu angucap, tan kenging puniku, ki Ageng lagya
sungkawa, sasedane kang raka ki Ageng Tingkir, pan sampun pitung dina.
Kyai Ageng mboten mijil-mijil, kula ajrih
kalamun matura, jeng Sunan ngandika mangko, ora teka umatur, mapan ingsun wong
teka langit, akarya kang kita, ingutus Hyang Agung, langit biru wismaningwang,
yen tinanya dadya wong punika ajrih, wangsul matur anulya.
Kyai Ageng mesem ngandika ris, aturana
wong langit ku iya, banjur malebuwa mrene, ngaturana sampun rawuh, nulya
panggih Ki Ageng Pengging, kelawan kangjeng Sunan, neng jro kobongan iku, jeng
sunan nulya ngandika, Jebeng Pengging mangke sira den timbali, marang jeng
Sunan Demak.
Kyai Ageng alon anahuri, mapan tiyang
dhedhekah kawula, ngandika apa karyane, kangjeng sunan amuwus, yen tan arsa
sira ki Pengging, mara sira piliha, karsane sang prabu, ing luhur lawan ing
andhap, jaba jero kang endi sira enggoni, ki Ageng angandika.
Yen miliya ing jero pan sirik, yen miliya
jaba luwih sasar, semang-semang pangidhepe, yen miliya ing luhur, pan
kumandhang den kabekteni, yen miliya ing ngandhap, iku sasar agung, kapire patang
matdehap, jaba jero ngisor luhur drebe mami, orane duwekingwang.
Sunan Kudus mangkya ngandika ris, dene
sira angucap mengkana, apa mateng panggilute, Kyai Ageng amuwus, mundur bakal
sira puniki, kalamun wis ingucap, ku pesthi den ulu, jeng sunan mesem ngandika,
yen mengkono ingsun pan arsa udani, samengko suwungira.
Kyai Ageng pan alon nahuri, yen manungsa
metu marga ina, pasthi nganggo dalan mangke, olehe maring suwung, Sunan Kudus
alon nahuri, apa kinarya marga, ingsun ayun weruh, Kyai Ageng angandika, iki
lading belekna sikutngong kering, sunan Kudus tumandang.
Wus binelek ki Ageng ngemasi, sunan Kudus
nulya uluk salam, ki Ageng Jawab salame, sunan Kudus amuwus, wong wus mati bisa
nahuri, oleh mretabat setan, Kyai Ageng lampus, lajeng denira palastra, Sunan
Kudus wus medal lan sabat panggih, wus lajeng kondur nulya.
Nyai Ageng wus kang winarni, sampun mateng
nggennya olah-olah, badhe sugata tamune, dangu datan pinundhut, lan tan ana
banane sami, nulya ngintip kang raka, wus seda puniku, kagyat nyai Ageng nulya,
anungkemi ing layon sarwi anangis, lajeng atuweg raga.
Datan tolih mring kang putra iki, lajeng
seda sandhing kang raka, mangkana den mas Karebet, kapejeng denya muwun, mapan
lagya brerangkang iki, aneng sandhing kunarpa, wong Pengging gemrumung, kang
estri nangis sedaya, ingkang jaler mapan samya anututi, marang wong ingkang
cidra.
Nanging sampun tebih tan kepanggih, mapan
lajeng ngaturi uninga, dhumateng ing Tingkir mangke, nyai Ageng wus rawuh,
lajeng ngemban dhateng kang siwi, langkung denya karuna, layon wis kinubur,
Rahaden nulya binekta mring ibu wus kondur dhumateng Tingkir, sunan Kudus
winarna.
Sampun rawuh ing Demak nagari, lajeng
sowan dhumateng jeng sultan, lajeng katur saneskarane, langkung tyasipun, wus
tanana kang dadya galih, henengna jeng sultan Demak, Sela kang winuwus,
kelangkung dene raharja, Tarub Sela wus kumpul dadi sawiji, Ki Ageng wus
peputra.
Mapan tiga kang jalu sawiji, Raden Henis
pan sampun diwasa, lajeng kineramakake, pan angsal putranipun, nenggih buyut
Laweyan iki, Raden Henis mengkana, remen dalem iku, anenggih ing Kelaweyan,
ingkang rama ki Ageng Sela nuruti, wus lama apeputra.
Jalu bagus lawan amrahati, wus pinundhut
dhumateng kang eyang, binekta ing Sela mangke, pan wus sinung jejuluk, mring
kang eyang ki ageng iki, Rahaden Pemanahan, langkung sih sang wiku, wau
dhumateng sang wayah, pan kuciwa marang kang putra pribadi, tresna dhateng kang
wayah.
Marmanira jinulukan iki, mring kang eyang
den Pemanahan, ki ageng henting tresnane, sapangen agengipun, watak kendel datan
patya ngling, pan gangsal sadhereknya, nanging kang pinundhut, wau dhumateng
kang eyang, nging Rahaden Pemanahan iku singgih, binekta dhateng Sela.
Mapan tanen makaryanya singgih, kang
kinarya namur lampahira, mangkana panuju mangko, ing mongsa rendheng iku, sang
pandhita mapan neng sabin, tan kantun lan kan wayah, kinen aneng gubug, Rahaden
datan lenggana, sang pandhita amemacul aneng sabin, kang Jawah langkung
dresnya.
Samya bubar sagunge wong tani, nora tahan
dening atisira, dadya mantuk dhewe dhewe, mengkana ingkang kantun, sang
pandhita lan wayah neki, Rahaden Pemanahan, nanging wonten gubug, sadAngunya
udan udan, ingkang eyang mapan datan anglilani, marma neng gubug ika.
Terang udan kantun riwis riwis, wonten
coba sing Allah Tangala, warna kaki-kaki mangko, wus pikun wayahipun, sarya
amoh penganggo neki, ki Ageng pinaranan, sarwi mesem iku, sang pandhita wus
uninga, lamun iku dudu jalma sayekti, sang wiku wus prayitna.
Sareng celak wus cinandhak nuli,
kinipatken sang wiku kasingsal, nulya dinuwang pacule, langkung bramatyanipun,
sang pandhita nerajang malih, nulya candhak cinandhak, samya sudibya nung, data
nana kang kuciwa, dreg udregan Rahaden nulya udani, kelamun ingkang eyang.
Pacakara lawan kaki kaki, yun tetulung
teksih ajrih ika, gya lumajar kondur mangke, mring desa asung weruh,kawarnaha
ingkang ajurit, gentya larak linarak, awetara iku, ana sawah sa jung lawah,
ingkang rata pan anglir ginaru singgih, mapan dadya leleran.
Wus pratela wirayating ngelmi, yen
manungsa ingkang sejatinya, hunusaning makluk kabeh, wus kersaning Hyang Agung,
ya ta apes wong kaki kaki, karingkus tanganira, pan kekalih sampun, kawarna den
Pemanahan, sampun prapta ing desa lan tawan tangis, dadya kaget sadaya.
Wong ing desa samya taken warti, gya
winartan kelamun kang eyang, yuga lawan kaki tuwane, nging tan buh sangkanipun,
dadya gita wong Sela sami, gendhong titir sadaya, mapan sakelangkung, wurohan
yen piniharsa, bareng lawan penangise gung pawestri, sampun budhal sadaya.
Wong sadesa mapan sampun mijil, lan
sumekta lawan gamanira, brubul kelangkung kathahe, estri kalawan jalu, ingkang
munggeng arsa pribadi, Rahaden Pemanahan, pan samya anggregut, henengna kang
aneng marga, kawarnaha sang pandhita ingkang jurit, kalawan kaki tuwa.
Mapan angsal pitulung Hyang Widi, sawusira
ki tuwa kasoran, binekta mring gubug mangke, nanging tan kena ucul, kaki tuwa
tanganereki, pan meksih cinepengan, dhumateng sang wiku, tangan ira kalih
pisan, kaki tuwa mapan peringas peringis, polahe palintiran.
Kawarnaha ingkang lagya prapti, wayahira Raden
Pemanahan, lan ngirid wong desa kabeh, sumekta gamanipun, tingalira gumbira
sami, denira mring rahadyan sang pandhita dulu, kelangkung sokur mring sukma,
yen kang wayah prapta sarya ngirid baris, sumekta sagamannya.
Raden Pemanahan aningali, mring kang eyang
mapan sampun lenggah, neng gubug lan ki tuwane, nging cinekelan iku, mring sang
wiku tangannya kalih, ki tuwa datan bisa, yen obaha iku, Rahaden nulya lumajar,
pan angrangkul dhumateng kang eyang singgih, apan sarya karuna.
Angandika sang Pandhita aris, putuningsun
aja perak-perak, sumingkira sira angger, nek sawanen ta kulup, nulya Raden
alenggah tebih, wong Sela pan wus putra, ingarsa sedarum, kang kinarya
pinituwa, mring sang wiku mapan sekawan puniki, westa ragaenggala.
Raga Jaya raga wong saiki, Ragamulya pan
esmu karuna, sakelangkung gegetune, uninga tilasipun, kulawongsa mengkana sami,
andher ning pelataran, lan gegamanipun, samekta lir arsa yuda, langkung samya
pangunguning tyas kepati, dadi apa tiwasa.
Kulawongsa aturira sami, mring sang wiku
punapa kang karsa, tiyang punika ing mangke, yen marengi pukulun, inggih luhung
dipun pejahi, mesem ri sang Pandhita, angandika arum, eh ta kabeh wruhanira,
sayektine mapan iku dudu jalmi, arane walahu alam.
Nora kena lamun den pateni, lah ta mara
padha awasena, nulya samya ngawasake, duk wahunya andhingkluk, gennya lenggah
tumungkul isin, ningali marang jalma, wus binandha iku, paning sedya sang
pandhita, kang kinarya ing wau anenaleni, rinangkepan lan donga.
Nulya samya wau den tingali, singa celak
tinolih aniba, kalenger langkung dangune, wernane kang cinatur, kaki tuwa
pahelan jalmi cemeng panjang wulunya, dhengkul sukunipun, nyepluk bekel
wetengira, pundhak kepis kuwaga tangannya kalih, jenggote arang dawa.
Gulu dawa lan bokonge canthik, janggut
nyenthang suwing lambenira, jepat mung siji untune, sesisih brengosipun, irung
menthil tepung kang alis, mung siji matanira, puret kupingipun, bathuk manyung cilik dhasnya, rambut abang
mapan arang kruwis-kruwis, ambu wangur asengak.
Langkung bacin apan tungtung amis,
marmanira sagung kang tumingal, pan kathah kalenger mangko, tan tahan
ambunipun, lan mengkana yen dipun tolih, kathah kang samya niba, panonnya
sumaput, dadya na tan wani perak, mring ki tuwa nanging sang wiku pribadi, kang
rinilan mring sukma.
Sang pandhita angandika aris, mring kang
wayah Raden Pemanahan, kulup wus muliha kowe, lan sagung kabeh iku, nging si
Ragamenggala iki, lawan si Ragajaya, meluwa sireku, ingsun arsa maring Demak,
ngaturake marang ki tuwa puniki, karo anyekelana.
Muga sira wentalaha iki, parilana mring
Alahangala, sandika kalih ature, pinaringaken sampun, kaki tuwa mring jalma
kalih, Kyai Ragamenggala, lawan Ragajayeku, anyekeli kering kanan, sang
Pandhita anulya ngandika aris, dhumateng ingkang wayah.
Wus ta kulup amuliha aglis, lan sarupaning
wong padha bubara, datan lenggana Rahaden, Ragamulya puniku, lawan Ragasentana
iki, ingkang ngiring mring radian, lan jalma sedarum, sang Pandhita nulya
mangkat, karo ungkuungkuran kang wayah singgih, mapan wus tan winarna.
Kyai Ageng lampahnya neng margi, kawarnaha
Sultan Demak ika, mapan wus mirsa wartane, lamun ki Ageng iku, sowan badhe
tur-atur iki, nulya miyos Jeng Sultan, ingkang munggeng ngayun, Kyai Ageng
Wonasalam, lawan Kyai Ageng Wonapala iki, lawan para ngulama.
Myang sagunge kang punggawa mantri, mapan
pepak suhun munggeng ngarsa, datan pantara dangune, Kyai Ageng Selaku, pan
katingal ingawe nuli, anulya Jawat asta, wus lenggah neng ngayun, jajar Kyai
Wonasalam, Wonapala ingkang bandan aneng buri, tiyang kalih kang bekta.
Cinekelan marang tiyang kalih, kaki tuwa
andhingkul kewala, Kyai Geng alon ature, kawula sang aprabu, ngaturaken jalma
puniki, ing nguni yun sikara, dhumateng pukulun, mangke sumangga paduka,
kangjeng sultan pangandikanira aris, ya kakang sun tarima.
Pinangkanya iku jalma ngendi, sang
Pandhita aris aturira, nuhun tan uning sangkane, yen tinanya iku, mapan mboten
saged sahuri, wicanten kados jalma, tan saged pukulun, lamun aningali jalma,
melarati mapan kataha wong tan eling, lajeng kinen ngunjara.
Tinampanan mring sagunging mantri, ingkang
gepok mapan lajeng niba, tinoleh kalenger kabeh, mesem sang Nata duru, lon
ngandika marang sang yogi, lah ta kepriye kakang, dene lir puniku, apa becik
pinatenan, sang Pandhita aturnya sumangga aji, punapa ingkang karsa.
Sri Nalendra angandika aris, paran sira
kakang Wonasalam, lawan Wonapala mangke, kalih samya turipun, yen marengi karsa
sang aji, prayogi kinunjara, tosan ta pukulun, kalih wetawis kawula, dene jalma
kados boten kenging pati, dadya nurut jeng sultan.
Angandika mring ki geng Seleki, wus ta
kakang iku baturira, loro konen ngaterake, marang kunjaran iku, wong ing Demak
tan wentaleki, ki Ageng aturira, sandika nulyeku, Ragameng-gala kelawan,
Ragajaya wus kinen ngaterken sami, kunjaran wesi prapta.
Mapan sampun kinunjara iki, kaki tuwa
sinrahken punika, dhumateng pra mantri kabeh, kang samya remekseku, sampun
wangsul Ragajayeki, lawan Ragamenggala, ki Ageng winuwus, nuhun pamit kondur
ika, dhateng Sela kangjeng sultan anglilani, nulya lengser sing ngarsa.
Sri Nalendra gya luwar tinangkil, sampun
bubar kang saya siwaka, ki Ageng prapta Selane, mapan wus tan cinatur,
kawarnaha ki tuwa iki, ingkang aneng kunjaran, pan rineksa sagung, mring sagung
mantri ing Demak, mapan langkung denya samya agati-ati, rumeksa kaki tuwa.
Nulya wonten ingkang nini-nini, andhepepel
lan sendheyan lan saka, lawan anyangking beruke, mantri kemit tanyeku, lah ta
sira nini wong ngendi, lan apa karyanira, ni tuwa sumahur, ingsun iki tanpa
wisma, praptaningsun ing kene pan yun ngirim, toya mring kaki tuwa.
Wruhanira iku laki mami, lajeng nyiram
marang kaki tuwa, nulya na swara jumebret, kunjara wesi sampun, bubrah sirna
wong kaki-kaki, kelawan nini tuwa, sareng tan kadulu, kunjara pating
balengkrah, ingkang kemit sedaya kalenger sami, wus dangu nglilir samya.
Sampun katur dhumateng sang aji, lamun
bubrah wau kang kunjara, ki tuwa tan buh parane, musna datan kadulu, ya ta
mesem Sri Narapati, mengkana ing tyasira, wakane selaku, Jawane aweh pratandha,
lamun tembe bisa bubrah turun mami, iya walahu alam.
Henengena ing Demak puniki, kawarnaha
Kyaihageng Sela, mengkana ing sarawuhe, saking ing Demak wau, ngaturaken wong
kaki-kaki, langkung kaduwungira, Ki Ageng tyasipun, angrasa kasiku sukma, yen
kadudon ing wau lampahereki, sesiku ing atapa.
Dadya sanget tobat mring Hyang Widi,
atenapi mring Nabi Muhamad, nuhun apurane, sanget denya manekung, neng panepen
tan mijil mijil, nanging kang wayah ika, ngladosi sang wiku, sira Raden
Pemanahan, siyang latri nulya na swara dumeling, iya wus kaki Sela.
Ingapura sira mring Hyang Widi, pan
lestari besuk turunira, mengku tanah Jawa kabeh, nanging ta poma iku, ya ing
wurinira den eling, ingkang patang prakara, murungake laku, pepetenge ing
agama, kusud drengki riya kaki lawan kibir, iku pamurung tapa.
Nadyan akeh lakunira iki, yen kagepok kang
patang prakara, dadi sirna temahane, tan ana dadenipun, nadyan ngamal mengkono
maning, mapan denya kadya toya, mili pamaneku, lakune sadina dina, iya iku
upama geni sayekti, laku ngamal upama.
Alang alang kusud pamaneki, angin lesus
laku ngamalika, datan pantara sirnane, tanana labetipun, pan mengkana ing wong
ngaurip, lamun wus bisa ngresa, patang prakaraku, dadi barang kang sinedya, pan
mung iku poma ta den ngati ati, wong urip aneng donya.
Lajeng sujud sukuring Hyang Widi, dadya
rena titahing Hyang Sukma, Ki Ageng padhang tingale, dadya tyasnya wus lipur,
siyang latri nging sih Hyang Widi, kang tumancep ing driya, mengkana cinatur,
ki Ageng Sela karsanya, animbali mring kang putra wayah sami, miwah kang kulawarga.
Sampun prapta putra wayah sami, kulawongsa
andher munggeng ngarsa, mapan pepak sadaya, Kyai ageng pitutur, marang putra
wayahe sami, eh bocah sun pepoyan, marang sira iku, padha sira rungokena,
tuturingsun dudu papan dudu tulis, pepali aranira.
Pepaliku ajinen berkati, tur selamet sarta
kuwarasan, pepali iku sangkane, aju anggawe angkuh, aja lawak lan aja jahil,
aja ati surakah, lan aja cilimud, lan aja guru aleman, aja dahwen kang mengkono
aglis mati, aja ati angiwa.
Aja sira watak sugih wani, aja sira
sanakkan, asesanjan apa dene, aja sira kumingsun, aja watak ngaruh-aruhi, aja
ngegungken awak, aja guru nepsu, wong urip pada den yitna, aja sira teberi
sembranan kaki niwasi dadenira.
Aja sa enden adhep ing isin, aja sira
ngagungaken awak, wong urip pinet baguse, ewuhe wong abagus, bagus iku dudu mas
picis, lan dudu sesandhangan, dudu rupa iku, wong bagus pakewuh pisan, sa
pepadha wong urip pan padha asih, mrak ati rupanira.
Aja sa enden indhap ing ngisin, isin iku
mapan rong prakara, kang siji sin pangerane, dene kapindho iku, dena isin
padhaning jalmi, yen sir tan mengkana, kelakon sireku, kawingkis wewadinira,
temah wiring aja pegat ngati ati, yen dene dadi ala.
Lan den atut pawong sanak kaki, aja sira
kepengin kedhaton, panguwasa apa dene, aja waktak andhukun, aja dhalang ngedhok
sireki, lah aja kerawitan, tanpa pedah iku, wus pesthi tanpa dadiya, lan
maninge aja watak memetani, yen luput kawirangan.
Aja sira watak suka sugih, lawan aja
dhemen sasanakan, yen tan patut agamane, lan paprenesan iku, tanpa gawe
ambilaheni, aja ngudi sedagar, aja ngudi kaum, jangjine jakat lan pitrah, yen
den suda padune cukenga bengis, iku kaum kang nyata.
Kumbrah kakah cukit lan dadulit, wong
melanten jagal lawan merna, iku nora dadi gedhe, siriken ujar iku, wong ngaurip
den ngati ati, mapan katemu ngulat, pan ketara semu, mapan katemu ing tingkah,
atining wong kang ala kelawan becik, kang jujur aneng cahya.
Aja sira mangeran mas picis, aja sira
mengeran busana, ja mangeran kebisane, aja mengeran ngelmu, ja mangeran teguhireki,
aja mangeran japa, mapan kabeh iku, sayektine pancabaya, lawan aja gugoni
sastranireki, iku lah singgahana.
Angku kang jujur lan narahen kaki, aja
sira angarah keringan, sa idhep idhep dhewe, angeling wong tumuwuh, lah den
bisa ngenaki ati, atine sa sepadha, karepa ja turut, dudu karepe manungsa, kudu
kedhep marang sepadhaning urip, iku lah singgahana.
Ayam ginusah yen munggah ing panti,
atenapi yen amangan beras, teka ingadhangan bae, iku wong ulah semu, yen
tetanggan sarate kaki, kang layak ingaruhan, aruhana iku, yen tan layak
henengena, mapan iku mangan segane pribadi, pan dudu rayatira.
Yen ta mungguh rayatira pribadi, kepenakna
ing awake ika, lan larakena mring atine, lan aja sira prih weruh, kaya pawong
noraha bangkit, aja kaya ki Soma, kebone den pukul, mapanpinrih bisa maca, kebo
iku sayektine nora bangkit, mulane awewuda.
Aja sira padhakaken jalmi, aparentah
marang satu khewan, kebo sapi lan ayame, nadyan jalma satuhu, yen wus tita iku
tan keni, pinrih mring kabecikan, aja sira tutuh, kelangan wuwuh duraka, lamun
ana wong patrap poma den wedi, malati iku uga.
Nora kena lamun dipun aji, jalma patrap
sira kalihana, arahen sawabe bae, amberkati wong iku, nora kena lamun den aji, tiniru bae kena,
pambekane alus, pangucape ngarah arah, yen alenggah nora pegat ngati ati, nora
sawiyah-wiyah.
Kawruhana jalma kang khakiki, mapan iku
guruning pandhita, nora ketara lakune, tan nyegah tana sahun, nora tapa nora
amutih, tan pegat aprayitna, mring awakereku, prayitna mring awakira, mung
sanake mapan ingkang den wedeni, sanake iku jagad.
Banyu bumi angin lawan langit, srengenge
lintang rembulan ika, pan iku sanake kabeh, jalma kang salah iku, mapan kabeh
satrunireki, mulane ana walat, lara kang tinemu, sing sapa patine ala, nora
wurung ing besuk iku nemahi, wong ala nemu ala.
Sapa ingkang dhasaraken becik, nora wurung
iku nemu arja, lawan saturun turune, kelakon dadi agung, aparentah marang wong
cilik, aja sawiyah wiyah, dadi nora tulus, sa enggon dadi pauban, aja nacah yen
parentah sira kaki, tan lan dadinira.
Ya mung iku pomata den eling, pepaline
wong urip neng donya, selamet prapteng kepaten, putra wayah tur nuhun,
kulawongsa mengkana sami, langkung padhang tyasira, kang sarta lan wahyu,
kacipta nugrahan sukma, sampun luwar sang wiku genya siniwi, nengna gantya
winarna.
Nyai Ageng Tingkir kang winarni, putranira
wus ageng ki jaka, karem aneng pegagane, kang warna langkung bagus, lan jatmika
sasolah neki, singa estri kagiwang, mulad mring den sunu, kathah kang samya
palastra, kemlurusen nging Raden datan arsa krami, ajrih mulad wanodya.
Mapan nuju Raden Jaka Tingkir, matun gaga
mengkana winarna, kangjeng sunan Hadi mengko, tanpa sangkan wus rawuh, neng
ngarsanya den Jaka Tingkir, garjita Raden Jaka, yen wali puniku, gya ngaras
lebuh suku sang, kangjeng sunan mesem angandika ris, aja katungkul sira.
Matun gaga sireku pinasthi, mring Hyang
Sukma saka guru Jawa, angur perakana mangko, ngawulaha sireku, marang Demak
riwus sebdeki, jeng sunan anulya musna, den Ja kagegetun, nulya kondur
awewarta, mring kang ibu sebarang tingkahereki, nyai ageng ngandika.
Iya kulup iku Sunan Hadi, lah turuten
nyawa lumakuwa, marang Demak sira angger, ingsun duwe sedulur, dadi lurah
Suranateki, ki Ganjur aranira, gonen marga iku, ngawula marang sang nata, tan
winarna Raden Jaka sampun prapti, Demak lajeng ngawula.
Langkung dennya kinasiyan iki, pan kinarya
lurah ponakawan, sampun karsaning Hyang Manon, jeng sultan Demak iku, kaping
tiga ingkang mekasi, nenggih keraton Demak, mapan karya itu, nama prajurit
tamtoma, Raden Jaka kang kinarya lurahneki, nenggih dadya tamtoma.
Wonten magang tamtoma sawiji, Dhadhangawuk
kramane puniku, ing Kedhupingit wismane, nulya ngayonan iku, pan sinuduk sadak
ngemasi, dhumateng Raden Jaka, katur mring sang nata, kelangkung ing bendunira,
Raden Jaka nulya kinen nundhung iki, tan kenging ngambah praja.
Langkung wiring Raden Jaka Tingkir, datan
panggih lawan ibu nulya, anjujuk ing Prangging bae, mring pakuburanipun,
ingkang rama den sungkemi, siyang dalu karuna, karsaning Hyang Agung, ana swara
kapiyarsa, wus ta kulup maranga ing Banyuwilis, ing kono geguruwa.
Enjing mangkat Raden saking Pengging,
Banyubiru kang sinedya driya, tan winarna prapta mangke, ki Ageng Banyubiru,
langkung dennya welas ningali, dhumateng Raden Jaka, angandika arum, eh ta
kulup wruhanira, adoh perak kang sira jaluk iki, sayekti adohira.
Lamun perak tan kena winarni, nanging iku
pilih kang tumeka, nging adhepira ywa mengeng, wus ta muliha kulup, kaya ana
pitulung Widi, ingsun gawani srana, mapan iki lempung, lolohna ing kebo ika,
lawan maning ingsun anggawani kanthi, kakangira mas Monca.
Aja ngaton yen tan den timbali, sira
marang kangjeng Sultan Demak, Rahaden sandika ture, ngaraspada wus mundur, ki
mas Monca pan datan kari, wus prapta desanya, nagri Demak iku, non mahesa
langkung gengnya, wus cinepeng linolohan lempung nuli, gebres ngacar buntutnya.
Pan lumajeng alun alun prapti, lajeng
ngamuk langkung galakira, datan pasha braja kabeh, wadya tamtoma sagung, datan
wonten kelar nadhahi, jeng sultan langkung kewran, angandika arum, eh iya bocah
tamtoma, sapa weruh parane ki Jaka Tingkir, lah sira golekena.
Timbalana tarinen yen wani, lawan kebo
kang ngamuk ku iya, ingsun apura dosane, wonten tamtoma matur, pan kawula wingi
udani, kapethuk wonten marga, nulya kinen ngluru, kepanggih wus dhinawuhan,
sampun kering wus prapta ngarsa sang aji, tinantun purun turnya.
Lajeng kinen medal sampun prapti, ngalun
alun panggih lan mahesa, langkung maras ingkang anon, ningali sang aprabu, kang
mahesa nerajang wani, Raden pan eca eca, kebo mapan sampun, anelasken
budennira, Raden Jaka dinawuhan males nuli, tinampiling mahesa.
Sampun pejah Rahaden annuli, tinimbalan
sampun prapteng arsa, gya rinangkul mring sang katong, ingaras ingkang embun,
sampun pulih tresna sang aji, Raden Jaka anulya, pan pinundhut mantu, mangkana
pan sampun lama, Sri Nalendra pan sampun prapta ing jangji, kondur mring
rahmatulah.
Sampun pepak sagung kang pra wali, aneng
Masjid ing Demak sadaya, ngrembag kang gumanti katong, ing Demak mapan sampun,
telas datan kenging dadya ji, keraton ngalih Pajang, mengkana pan sampun, pra
wali rembag sadaya, putra mantu kang samya ngangkat dadya ji, lan wus karsaning
Sukma.
Ingedenan sagung para wali, Jaka Tingkir
wus jumeneng nata, mapan Pajang keratone, putra Santana sagung, myang punggawa
ing Demak sami, jumurung marang karsa, pra wali sedarum, ing Demak sampun
tinilar, dadya ngalih nagara ing Pajang singgih, tata tita wus karta.
Mapan wonten santana sawiji, kaponakanira
kangjeng sultan, ing Demak kang winirahos, ing Jipang nengrinipun, aparentah
Bang Wetan sami, langkung tyasnya tan lega, mring jumeningipun, Jaka Tinggir
aneng Pajang, lan sirnane keraton ing Demak nenggih, langkung manah tan suka.
Mengkana osiking tyas neki, Arya Jipang
ing ngendi kepanggya, ingsun lawan si Kerebet, pan wani taker marus, lawan
wonten ingkang botohi, mapan wali satunggal, nenggih sunan Kudus, ngronjongi
mring Arya Jipang, marmanira tan suda raosing galih, nenggih Arya Penangsang.
Henengena ing Jipang puniki, mapan Sela
ingkang kawarnaha, ki Ageng wus kondur mangke, marang rahmatolahu, datan lami
lan kang putreki, ki Ageng Henis ika, nenggih sampun kondur, marang rahmat
ingkang mulya, kang jumeneng ing Sela wayahneki, Rahaden Pemanahan.
Kyai Ageng mapan sampun krami, angsal
putranira ingkang uwa, nyai Ageng Saba mangko, sampun puputra jalu, warnanira
kelangkgung pekik, mengkana Sultan Pajang, mirsa wartenipun, yen kang raka
kyageng Sela, darbe putra jalu warninira sigid, langkung kepinginira.
Gadhah putra kangjeng sri bupati, dhasar
sampun lunges wayah ira, nulya tedhak mring Selane, prapta sampun kepangguh,
kangjeng sultan ing Pajang nuli, lawan ki Ageng Sela, Jawat astha sampun, jeng
sultan aris ngandika, marma kakang ingsun ketemu sireki, yen pareng lawan sira.
Ingsun iki kapengin kepati, darbe putra
yen dhangan lawan sira, iya anakira kuwe, sun ambil putra tuhu, pan dadiya
panutaneki, ing sawuri sun benjang, marang putraningsun, ki ageng matur
sumongga, tan rumaos kawula yen gadhah siwi, punapa ingkang karsa.
Kangjeng sultan agya pamit nuli, mring
kang raka sarta Jawat astha, kondur marang Pajang mangko, lan bekta raja sunu,
prapteng pura panggih lan suri, sang dyah langkung bungahnya, rawuhnya sang
prabu, sarta angsal-angsal putra, gya tinampa dhateng kangjeng prameswari,
pinangku ingarasan.
Pan wus lami kangjeng prameswari, langkung
denya kepengin puputra, marma kelangkung tresnane, nulya sinung jujuluk, mring
kang rama sri narapati, Raden Sutawijaya, wus karsa Hyang Agung, garbini jeng
prameswara, babar, jalu kang warna kelangkung pekik, winestan dyan Benawa.
Pan welagang kalis dening sakit, putra
kalih samya meh agengnya, tan pisah siang dalune, pan lir sadherek tuhu,
kangjeng sultan kelangkung denya sih, mring sang Sutawijaya, den Benawa kantun,
pramila nira mengkana, kangjeng Sultan pan sareng amundhut siwi, dadya kathah
putranya.
Pan wus lama wayahnya sang siwi, pan
jumaka wus kumala kala, pinaringan dalem mangko, lor pasar prenahipun, lawan
sinung jejuluk malih, ri sang Sutawijaya, mring kang rama sampun, Raden Ngabei
Lor Pasar, lawan Raden Benawa dipun nameni, nenggih Pangran Dipatya.
Henengena ing Pajang puniki, kawarnaha
nenggih Arya Jipang, mapan tinimbalan mangko, dhumateng Sunan Kudus, sampun
prapta ngarsanereki, kangjeng sunan ngandika, sira ingsun tantun, Jebeng Jipang
yen mungsuha, Sultan Pajang lan Sunan Prawata iki, karo ngalap dho ika.
Wong ngalap dho khukune pan mati, Arya Jipang
aris aturira, mapan sandika ature, agal lembat pun purun, lamun wonten karsa
sang yogi, nadyan siang dalua, tan ulap pukulun, mengsah lawan Sultan Pajang,
ing Prawata mapan dados wigati, sampun wonten ing asta.
Kangjeng Sunan Kudus ngandika ris, iya Jebeng
yan sira kaduga, prayoga kang lembut bae, yen sira agal iku, pasthi akeh kang
bela pati, mapan tan wurung dadya, aprang gedhe iku, dadi rusak temahira, Arya
Jipang sandika aturereki, gya mundur saking ngarsa.
PUPUH V
D U
R M A
Arya Jipang kondur mapan sampun prapta,
anulya animbali, lurah kajineman, Dhadhang Wiring namanya, kelawan pun Rangkut
iki, sang Arya nabda, karo padha sun tuding.
Dhadhang Wiring sira maranga ing Pajang,
ya Sirangkut sireki, maringa Prawata, padha dadiya dustha, karo kucidranen iki,
poma den kena, aja na ngapirani.
Dhadhang Wiring lan Rangkut matur sandika,
anulya den paringi, curiga kalihnya, wus lengser saking ngarsa, gegancangan
lampahneki, apan dum karya, lampahe dhustha kalih.
Dhadhang Wiring wus lumebet marang Pajang,
Rangkut mring Prawateki, henengena winarna, nenggih ki Ageng Sela, tetuwi mring
putra neki, dhumateng Pajang, kapirsa mring sang aji.
Kyai ageng mapan lajeng tinimbalan,
dhumateng sri bupati, mring penepen prapta, pan sampun Jawat asta, tan wonten
ingkang ginalih, lawan kang raka, nging tatane agami.
Lajeng manjing waktu Magrib salat samya,
ki Ageng kang ngimani, lajeng salat ngisa, bakda sampunnya dhahar, ki Ageng
apamit mijil, jeng sultan nebda, kakang ja sira mijil.
Anginepa ing kene sawengi kakang, wan
lenggana karsa ji, wus kondur nalendra, lajeng mring pasareyan, wayahira,
tengah wengi, ingkang winarna, duta saking Jipang prapti.
Pelataran sigra masang sirepira, pas wus
katrima iki, sedaya pan nendra, sidhem kayon pan samya, tan ana kang walang sisik,
sri naranata, mapan kepati guling.
Prameswari sare aneng daganira, Dhadhang
Wiring wus manjing, marang praba yeksa, pan sarwi ngungak-ungak, sampun wespada
ningali, panggenanira, sare sri narapati.
Dhadhang Wiring lajeng anarik curiga,
ginrocos sri bupati, meksih eca nendra, mujung sri naranata, lir laler mencok
upami, pan kampuhira, sang nata datan titih.
Kawarnaha wau ta ki Ageng Sela, kang neng
panepen iki, tan eca tyasira, dene sidhem sadaya, tan ana kang walang sisik, ki
Ageng nulya, miyos nganglang wus prapti.
Pelataran jumeneng Ki Ageng Sela, Dhadhang
Wiring winarni, pan kaku tyasira, tan pasha curiganya, lan keselak siang iki,
wus bang-bang wetan, ngawud sang goconeki.
Dadya kenging wau kang Kendhipratula, neng
keringnya sang aji, mancur ingkang toya, jeng ratu kagyat nulya, mapan
kacipratan warih, wungu anulya, ningali jalma mijil.
Ngagar dhuwung medal saking pasareyan,
jeng ratu nulya anjrit, nungkemi kang raka, tinarka kenging cidra, jeng sultan
kagyat tanya ris, lah ana apa, dene sira anangis.
Kangjeng ratu umatur pan wonten dhustha,
nyidra mring paduka ji, mangkya sampun medal, sarta ngliga dhuwungnya, sang
nata mesem gya mijil, lan prameswara, kang wong sedaya tangi.
Lajeng samya lok pandung gumuruh samya,
mengkana kang winarni, Kyai Ageng )Sela, kang aneng palataran, sampun kaduga
tyas neki, yen wonten dhustha, nulya non jalma mijil.
Lawan meksih angliga kang dhuwung ika,
anulya den cegati, Kyageng aris atanya, sira ingkang wong apa, Dhadhang Wiring
tanauri, nulya nerajang, apan sarya anuduki.
Kyai Ageng mesem aris angandika, basakena
sireki, ana wong tinanya, nora sumahur ika, teka banjur anyuduki, bilahi sira,
nulya cinepeng aglis.
Tanganira kalih mring ki Ageng Sela,
kawarnaha sang aji, miyos sampun prapta, pelataran punika, kalawan kang garwa
iki, lawan parekan, wong kemit pan wus tangi.
Kangjeng sultan tumingal mring duratmaka,
yen wus cenepeng iki, dhumateng kang raka, nenggih ki Ageng Sela, nulya tata
lenggah sami, nata ngandika, sira maling wong ngendi.
Dhadhang Wiring umatur tiyang ing Jipang,
ingutus nyidra gusti, dhumateng paduka, mesem sri naranata, alon angandika
aris, ing mengko sira, apa karep ireki.
Dhadhang Wiring umatur abdi sumangga,
pejah gesang sang nrepati, mesem Sri Nalendra, mapan aris ngandika, dhumateng
kang raka nenggih, ki Ageng Sela, kakang paran karseki.
Mapan sira kang oleh maling ku iya, ki
Ageng matur aris, kawula sumongga, mongsa borong nalendra, kangjeng sultan
ngandika ris, lamun sembada, sun luwari si maling.
Iya kang derapon awawertaha, marang kang
kongkonan iki, ki Ageng aturnya, langkung jumurung karsa, mapan nulya den
luwari, lan pinaringan, arta lan busaneki.
Dhadhang Wiring kinen mantuk ika, nembah
lengser sing ngarsi, Kyai Ageng Sela, nuwun pamit mring narpa, kondur dhumateng
Seleki, sampun linilan, mengkana kang winarni.
Ing Prawata kangjeng sunan mapan lagya,
anandhang gerah iki, langkung sanget ira, mapan sring supenira, kulawarga pepak
sami, aneng Prawata, mengkana kang winarni.
Duta Jipang Rangkud pan sampun prapta, ing
Prawata puniki, wus neng pekarangan, gya masang sirep ira, wayah ira tengah
wengi, sampun katrima, tan ana walang sisik.
Nging jeng sunan mapan datan arsa nendra,
sinundhang mring kang rayi, pan pongah-pangihan, jeng ratu rip kalintang,
nundhang mring kang raka iki, kelangkung sayah, dadya supe aguling.
Rangkud manjing ing dalem sarwi
murangkang, jeng sunan nyapa aris, iku ta wong apa, murangkangi londiyan,
kagyat pun Rangkud tyas neki, apundirangan, langkung kewran tyas neki.
Pan mengkana pung Rangkud osiking nala,
yen tan ngaku sun iki, pesthi lamun pejah, angurbaya ngakuwa, ingsun lumayu
mring ngendi, pesthi kecandhak, nulya umatur aris.
Pan kawula dutane rayi paduka, Arya Jipang
puniki, mapan kinen nyidra, inggih dhateng paduka, jeng sunan mesem nebda ris,
lah Rangkud mara, tekakna karseneki.
Nanging poma aja sira salah karya,
riningsun lagya guling, banget arip sira, nembah pun Rangkud nulya, narik
curiganya aglis nulya nerajang, kangjeng sunan wus kanin.
Jajanira watgata terus walikat, mengkana
kang winarni, kang kangjeng milya, kanin jaja katratas, mijil ludirane reki,
kalawan mulad, yen kang raka ngemasi.
Mapan langkung panjeritira sang retna,
mengkana kang winarni, Jeng Sunan Prawata, mapan wungu sadhela, lawan asru
denira ngling, eh Rangkud sira, ngelirken wekas mami.
Kyai Bethok ginagap sampun kepanggya,
sinawataken nuli, mring pun Rangkud ika, kasrempet sekar kacang, niba pun
Rangkud ngemasi, Sunan Prawata, lajeng mring ngalam suci.
Kangjeng ratu nungkemi ingkang kunarpa,
langkung pamular neki, datan kenging benggang, lan layonnya jeng sunan,
kulawongsa kaged sami, lajeng karuna, gumuruh swaraning tangis.
Bangkenira pun Rangkud cinacah-cacah, ana
ingkang jejuwing, jeng ratu winarna, mapan emut sekala, mupus mring tekdir
Hyang Widi, nulya ngandika, mring kang sentana sami.
Samya kinen ngrumati ingkang kunarpa, ri
wus ngandika ngandika malih, sakeh sanak ingwang, ingsun lah seksenana, mapan
iya ora tapih, kelamun nora, iya atapih kulit.
Iya marang kulite si Arya Jipang, lan
ngaturana uning, marang Sultan Pajang, kang tinuding turira, sandika nulya
lumaris, Jeng Ratu tandiya, tedhak mring sendhang nuli.
Pasiramanira kang raka ing kuna, lukar
sinjang ireki, lan wudhar kang rema, wus ambyur marang toya, rahina wengi
anangis, marang Hyang Sukma, tenapi mring jeng nabi.
Kangjeng Ratu Kalinyamat duk semana, supe
dhahar lan guling, langkung prihatinnya, kang tinedha mring sukma, muga ana
kang nandhingi, mring Arya Jipang, nadar ingsun ngengeri.
Henengena kang lagya agung sungkawa, Arya
Jipang winarni, pan lagya sineba, pepak kang pra dipatya, bang wetan sedaya
nangkil, mring Arya Jipang, ingkang tansah tinata.
Aneng ngarsa tumenggung Metahun ika, datan
pantaran iki, Dhadhang Wiring prapta, mapan sarwi karuna, tur tiwas dinuta
gusti, Arya Penangsang, langkung bramantya neki.
Jaja bang lir pendah medal dahana, kumedut
ingkang lathi, datan arsa tanya, mring tingkahnya dinuta, nulya kinen amejahi,
sampun tumandang, sagunge pra dipati.
Dhadhang Wiring mangkana sampun palastra,
Arya Jipang sru angling, lah padha dandana, sakeh ing wang bang Wetan, bapa
Mentahun den aglis, sira dandana, ingsun arsa nindaki.
Marang Pajang angaduwa kasudiran, lan si
Kerebet mami, Ki Mentahun turnya, mapan sarwi karuna, adhuh gustiku sang pekik,
nadyan wuwuha, mengsah ing Pajang ugi.
Dereng ulap abdi dalem ing Bang Wetan,
sedaya purun sami, nanging den sabarna, kajengipun sumekta, dados mboten
nguciwani, sang Arya Jipang, wus dhahar atur neki.
Angandika eh ta bapa poma poma, iya den
ngati ati, sakeh wong Bang Wetan, yen wus padha sumekta, ingsun arsa mangun
jurit, marang ing Pajang, sandika atur neki.
Wus luwaran sang Arya nggennya sineba,
henengena ingkang winarni, Kangjeng Sultan Pajang, mapan lagya sineba, pepak
sagung pradipati, kang munggeng ngarsa, Raden Moncanegari.
Raden Arya Ngabei Saloring Pasar, jajar
Pangran Benawi, jeng sultan ngandika, marang kyana patya, eh sira Moncanegari,
padha den yitna, menawa anekani.
Mungsuh Jipang den patih matur sendika,
datan pantara prapti, duta sing Prawata, sarwi tawan karuna, kagyat jeng sultan
ningali, ingawe nulya, majeng ngarsa wot sari.
Lajeng matur pukulun abdi paduka, rakanta
atur uning, jeng Sunan Prawata, mangkya sampun pralena, marga cinidra sayekti,
mring duta Jipang, pun Rangkud westaneki.
Sampun katur saneskarane sadaya, jeng
sultan tan kenangling, pan tigang pandurat, nulya aris ngandika, Moncanegara
sireki, den becik sira, lawan kang pra dipati.
Mapan ingsun ayun tilik mring Prawata,
kabeh den yitna kari, nanging kulup sira, Ngabei kang sun gawa, sandika aturnya
sami, nulya luwaran, kondur mring kenya puri.
Kangjeng sultan sampun angrasuk busana,
lawan Raden Ngabei, angampil pegantenan, gamel lan punakawan, kang kalilan
dherek sami, akekapalan, tana dharat sawiji.
Nulya mangkat gegancangan lampahira, datan
kawarna margi, wus prapta Prawata, nging jeng ratu tanana, lagya sanget hanru
brangti, aneng ing sendhang, lukar da tanpa tapih.
Kangjeng sultan nulya nusul dhateng
sendhang, nging lawan den Ngabei, sedaya tinilar, kantun aneng pasohan, prapta
sangandhap kemuning, lajeng tumulya, lamun kang rayi prapti.
Aneng sendhang tan pegat denya karuna,
jeng sultan lenggah nuli, aneng sangandhapnya, kemuning pringgir sendhang, jeng
ratu ngandika ris, apura nira, iya marang ing sami.
Mapan ingsun nora bisa jejagongan, sun iki
tanpa tapih, jeng sultan ngandika, bokyu krana punapa, paduka da tanpa tapih,
jeng ratu nebda, yayi sun wus ubanggi.
Nora tapih lamun ora ana ika, iya ingkang
nyaguhi, marang patenira, iya si Arya Jipang, lan ubaya sun ngengeri, mesem
jeng sultan, sarya ngandika aris.
Bokyu ratu prayugi andika sinjang, kawula
kang ngluwari, dene pejahira, nenggih pun Arya Jipang, kawula ingkang nyagahi,
jeng ratu nulya, anurut mring kang rayi.
Sampun sinjang kangjeng Ratu Kalinyamat,
lenggahan lan kang rayi, jeng sultan tumingal, wonten lare satunggal, wernanya
ayu linuwih, nging wayahira, lagya mur sangan warsi.
Angladosi mring jeng ratu Kalinyamat, jeng
sultan atanya ris, pawestri punika, kang bok sinten kang putra, jeng ratu mesem
nebda ris, ya kakangira, swargi ing kang derbeni.
Sesengkeran kala maksih cilik ika, mapan
iku den anti, mesem kangjeng sultan, yen marengi punika, kawula suwun pawestri,
minongka opah, pejah pun Jipang iki.
Kangjeng ratu mesem aris angandika, iya
sokur sun adhi, ana ingkang gawa, marang rareku iya, kelamun ingsun ningali,
mring wertanira, mundhak eling kang swargi.
Dadya pareng kelawan begjane padha, jeng
sultan sigra pamit, kondur marang Pajang, datan kawarneng marga, jeng sultan
ing Pajang prapti, manjing jro pura, enjing wiyos tinangkil.
Pepak sagung punggawa Pajang kang seba,
kang munggeng ngarsa aji, adipati Monca, Sri Nalendra ngandika, kakang
undhangena iki, sapa kang bisa, mateni satru mami.
Ingsun ganjar kakang nagri Metaram, iya
lawan ing Pathi, sapa kang kaduga, mungsuh Arya Penangsang, wus sun gawe
pasanggiri, Pathi Metaram, pasthi ingkang duweni.
Marma kakang ingsun gawe sayumbara, lamun
ingsun pribadi, kakang mangun aprang, pesthi akeh kang rusak, dipati Monca tur
bekti, nuwun sandika, nulya luwar sang aji.
Adipati Moncanegara dhang undhang, iya
sapa kang wani mungsuh Arya Jipang, sagung kang pra dipatya, sireku wus wruh
pribadi, timbalan nata, sedaya sami ajrih.
Kang pra mantri mengkana ing aturira,
inggih kawula malih, kelamun puruna, mengsah lan Arya Jipang, puruna kang pra
dipati, katur sang nata, dadya sungkawa aji.
Henengena sultan Pajang kang sungkawa,
gantya ingkang winarni, Kyai Ageng Sela, pan sampun miyarsa warta, yen nata
pasanggiri, nimbali nulya, marang kang rayi kalih.
Ki Penjawi kelawan ki Juru ika, pan sampun
prapti ngarsi, ki Ageng ngandika, yayi sun wis Warta, sultan Pajang pasanggiri,
sapa kang bisa, iya ingkang mateni.
Arya Jipang mapan ginanjar nagara, Pathi
lawan Mentawis, ki Penjawi aturnya, lawan ki Juru ika, kawula sumongga ugi,
punapa karsa, mapan inggih nglampahi.
Henengena kang lagya imbal wecana, kawarna
Sunan Hadi, saking alelana, mampir dhumateng Sela, ki Ageng kagyat ningali,
nulya tumedhak, ngusweng pada sang yugi.
Ki Penjawi lan ki Juru gentya gentya, ri
wusnya tata linggih, jeng sunan ngandika, Jebeng ingsun atanya, apa sira mirsa
warti, yen ari nira, ing Pajang pasang giri.
Sapa ingkang wani marang Arya Jipang, pan
ginanjar nagari, Pathi lan Metaram, ki Ageng matur sembah, inggih sampun mirsa
warti, jeng sunan nabda, paran karsanereki.
Apa sira Jebeng katelu kaduga, ki Ageng
matur aris, nging pangestu tuwan, mesem kangjeng suhunan, nanging ta pangrasa
mami, wong telu sira, kaya nora kuwawi.
Nanging ana Jebeng kang dadi sarana,
nanging anak ireki, si Ngebei ika, kang kelar nadhahana, si Penangsang
yudaneki, sagendhingira, wus pinasthi Hyang Widi.
Anakira dadi prajurit ing Jawa, yen liya
si Ngebei, nadyan den keriga, kabeh wong tanah Jawa, tanana kang miyatani,
mring Arya Jipang, kalawan ana maning.
Sira Juru iya ingkang botohana, ing
separaning benjing poma aja pisah, wis mung iku estokna, sandika katiga sami,
jeng sunan sigra, musna datan kaeksi.
Henengena ing Sela Pajang winarni,
kangjeng sultan prihatin, neng penepenira, datan kena sineba, kawarna sang guru
nadi, anulya prapta, jeng sultan atur bekti.
Ngusweng pada ri wusnya tata alenggah,
jeng sultan ngandika ris, paran marmanira, Jebeng prihatin sira, jeng sultan
matur wot sari, mongsa boronga, sumongga jeng sang yogi.
Sunan Hadi mesem aris angandika, iya wus
weruh mami, kang dadya tyassira, prekara si Penangsang, tanana yogane maning,
kang kelar nongga, nadhahi jurit neki.
Nanging kakangira ya si Jebeng Sela, jeng
sultan atur bekti, langkung padhang tyasnya, jeng sunan nulya musna, sing
ngarsa datan kaeksi, jeng sultan Pajang, nulya utusan aglis.
Marang Sela nimbali ki Ageng ika, tan
winarna wus prapti, ki Ageng ing Sela, lawan kalih renira, ki Juru lawan
Penjawi, negari Pajang, wus katur mring sang aji.
Nulya ngrasuk busana sri naranata, lajeng
miyos tinangkil, munggeng pagelaran, langkung padhang tyasira, praptanya kang
raka iki, wadya ing Pajang, pepakkan munggeng ngrasi.
Kyai Ageng jajar lan dipati Monca, ki Juru
lan Penjawi, jajar pra dipatya, Raden Ngebei jajar, lawan Pangeran Benawi, jeng
sultan Pajang, mapan ngandika aris.
Kakang marma ingsun animbali sira, prakara
Jipang iki, yen sira kaduga, ingsun ganjar Negara, Metaram kelawan Pathi, ki
Ageng turnya, pukulun amba dermi.
Anglampahi ayahan paduka nata, nging
pangestu dewaji, mesem Sri Nalendra, yen sira wus kaduga, kakang ingsun
anggawani, marang ing sira, ya wong Pajang sepalih.
Kyai Ageng mapan aris aturira, pukulun pan
kapundhi, pasiyan nalendra, nanging yen marengana, abdi dalem pun ngebei, kawula
bekta, Sri Nalendra nebda ris.
Paran karya anggawa Ngabei sira, pan bocah
meksih cilik, tanggung temen kakang, bocah kumala kala, menawa tiwas ngajurit,
sapa kelangan, ki Ageng matur aris.
Pejah gesang kawula pan boten gadhah,
kagunganing Hyang Widi, nging ecaning manah, kawula mung punika, mesem jeng
sultan nebda ris, lah paran sira, kulup iya Ngebei.
Aja melu apa nora mring si kakang, tur
sembah dyan Ngabei, senadyan pejaha, gesang ayun uninga, dhumateng pun bapa
yekti, mesem jeng sultan, iya uwis sun ngamini.
Den Ngabei nulya ngabekti mring nata,
pinaring pusaka di, dhuwung ki Sengkelat, ki Ageng pamit sigra, tur salam
dhateng sang aji, tenapi marang, radian Moncanegara.
Ki Penjawi lan ki Juru mengkana, wus
lengser sing ngarsa ji, sekawan punika, nata luwar sineba, kawarnaha kang
lumaris, agegancangan, ing Sela sampun prapti.
Lajeng mepak sagung ingang kulawarga,
Tarub lan Sekarlampir, Selabentar Saba, Laweyan samya prapta, wus pepak neng
Sela sami, pan pinilihan, wongnya kang becik becik.
Nanging angsal tigang atus winetara, kang
samya wani mati, pan kaduk sudira, pan kathah wiring ika, mapan wus samya
pinaring, ingkang busana, lawan gegamanneki.
Wus samekta sagegamaning ngayuda,
pinasrahaken nuli, dhumateng kang putra, Raden Ngabei Ika, kang Kinarya
senopati, Ki Juru Ika, mapan Kang bobotohi.
Ki penjawi kang Gadya pangirit Yuda,
semana sampun dadi, rembag kulawongsa, Pusaka Tarub mulya, pinaring Raden
Ngabei, nenggih namanya, Ki pelered puniki.
Mapan iku, Wong Teguh yuwana, nenggih
asale dhingin, sangking kidang Tiangkas, pan sareng praptanira, mangkana Raden
Ngabei, langkung tyasira, nulya agya kepanggih.
Lawan Arya Penagsang apa rasanya, iya wong
taker getih, dhassar wayahira, lagya kumala kala, pinaringan pusaka di, dhateng
kang rama, mila amber kang wani.
Den Ngabei wus pinasthi mring Hyang Sukma,
yen prajuriting Jawi, marmanya mengkana, ing tyas kedah sudira, lawan pinaring
turanggi, dhateng kang rama, cemeng wulunireki.
Pun sengkali nenggih namina punika, wruh
sakareping jalmi, sagung kulawarga, langkung hengyar tyasira, nulya abusana
asmi, ri sawus ira, budhal saking Seleki.
Ingkang dadya pangiriding lampahira,
nenggih Kyai Penjawi, janjan kudanira, nama pun Hendrayeksa, rasukan gendhok
mantesi, dhestarnya seta, angler Sang Hyang Basuki.
Pan wong sela mengkana pangaggenira,
sedaya mapan sami, lir penjawi ika, anulya sinambungan, lampahnya jeng
senopati, Ki juru ika, tan tebih angampingi.
Karemannya angagem kan sarwa kresna, lir
Sang Hyang Wisnumurti, tumurun sing swarga, pun Sengkali tenaga, tuhu kelamun
mantesi, prajurit Jawa, ngengleng sagung ningali.
Kyai juru anitih kuda belalak, pun Gunawan
nameki, kombor lancingannya, angagem dhesthar jingga, rasukan intipyaneki,
kadya Nerada, tuhu botoh utami.
Kyai ageng aneng wuri lampahira, anitih
kuda putih, nama kuramadya, angagem samya seta, mapan ijem dhesthar neki, lir
Sang Hyang Tunggal, tumurun sanking swargi.
Ginarebeg pra wongsa kang tuwa tuwa,
samarga samya eling, marang ing Hyang Sukma, lestari lampahira, henengena
ingkang lumaris, ya ta kawarna, Arya Jipang siniwi.
Pepak wadya pra dipati ing Bang Wetan,
ingkang munggeng ing ngarsi, ki mentahun ika, Arya Jipang Atanya, apa wus
sumekta sami, lehira dandan, ki Mentahun tur bekti.
Inggih sampun gusti di dalem sadaya,
samongsa-mongsa neki, pan sampun sumekta, Arya Jipang nagndika, ya bapa antekna
dhingin, nanging den yitna, ing sasi ngrep iki.
Ingsun arsa marang Pajang bebarang prang,
kabeh wong sanak mami, iya wong Bang Wetan, aja na kari padha, sun ajak
bebarang iki, matur sandika, sagung kang pra dipati.
Henengena ing Jipang ya ta winarna, ki
Ageng lampahneki, mapan sampun prapta, nenggih telatah Jipang, saben saben den
takoni, marang wong Jipang, asandi den timbale.
Ayun sowan marang kang jeng Arya Jipang,
mapan samargi margi, lamun tinakenan, mengkana sahurira, kelangkung denira
sandi, lawan jetmika, ki Ageng lampah neki.
Malah jalma kathah segah urut marga, yen
wus nulya pinaring, tinikel kewala, nenggih paringanira, marma tan nanyanani,
sagung wong Jipang, lawan remen ningali.
Marang Raden Ngabei ing respatinya, pantes
lan kang turanggi, samarga tenaga, pun sungkali punika, mengkana esthining ati,
sagung wong Jipang, mendah wusa kepanggih.
Lawan gustiningsun kanjeng Arya Jipang,
baya suka tyas neki, marang Raden ika, ingsun pan during mulat, ing Jipang wong
kang respati, pan duganingwang, pinundhut putra yekti.
Henengena sagunging jalma sedaya, ki ageng
kang winarni mapan sampun prapta, nenggih kilen bengawan, tata mesanggrahan
nuli, ingkang neng ngarsa, nenggih Raden Ngabei.
Ki Penjawi kalawan ki Juru ika, mapan
tansah tinari, ki juru aturaya, yen sembada lan karsa, prayogi, anonjok tulis,
mring Arya Jipang, surat penantang jurit.
Adatipun yen tiyang wanter punika, gampil
gen ngerenahi, pa suprih kawula, tiyang Jipang semakin.
Lagya awrat yen renibat ing ngayuda, kawon
kuciwa tandhing, nenggih wadya tuwan, kedhik kathah wong Jipang, kalawan kuciwa
bumi, lamun ngantosa, tata awrat sinanggi.
Kados boten kuwawi wadya ing Sela, ki
Ageng ngandika ris, Penjawi kaya pa, mengko ing piker ira, ki Penjawi atur
bekti, mapan kawula, anging darmi nglampahi.
Kathah kedhik mapan sampun tinemeha, sakit
kalawan pati, kagungan Hyang Sukma, ki Juru sahurira, leres wakane penjawi, yen
wus tan ana, ingkang binudi malih.
Kyai Ageng mapan alon angandika, iya juru
sireki, ingsun turut mara, ngupayaha usada, sira lungaha pribadi, matur
sandika, nulya lengser sing ngarsi.
Nanging bekta gegamel kalih punika, lan
nitih kuda estri, babak tur akera, wus amoh kambilira, awetara tebih neki, lan
pesangrahan, sapangetan winitawis.
Lawan malih anyabrang let kang bengawan,
prapta wetan benawi, ningali ara ara, mulat ana wong juga, mapan ingkang lagya
ngarit, wus pinanaran, marang ki juru iki.
Kudanira mapan tinuntun kewala, sandi
angen puniki, gamel sekalihnya, samya bekta keranjang, marma tan nyana iki,
kang ngarit ika, den nyana nunggil kardi.
Mapan sampun prapta nulya jejagongan, ki
Juru atanya ris, bagus ingsun tanya, sira gamele sapa, kang tinanya anahuri,
gamele ingwang, ki Gagak Rimang mami.
Ageming prang jeng gusti Arya Penangsang,
kuda kandhoan yekti, tan pasah ing braja, sira iki wong apa, lan ngendi
wismanereki, ingsun ataya, ki Juru ris nahuri.
Iya ingsun iki kisanak wong sela, kang
neng kulon Benawi, yen dhangan lan sira, dadi kepasang yoga, ingsun arsa kirim
tulis, mring gustinira, nging kupingira sisih.
Iku bae sun tuku selawe reyal, gamel kagyat kepati, pan arsa lumajar, nulya
tunubruk ika, iya marang wong kekalih, wus tinalenan, nulya kupingnya sisih.
Dipun iris lawan kinanthilan surat, lan
pinaring harteki, pan selawe reyal, gamel nulya lumajar, ki Juru wus kendur
nuli, mring pesanggrahan, sewan kang raka panggih.
Tur uninga yen lampahe angsal karya, samya
ken nganti ati, ki Penjawi nulya, angrasuk kang busana, lan sagunge kang
prajurit, ki Juru ika, lawan Raden Ngabei.
Wus siyaga lan sagamaning ngayuda, baris
pendhen sami, ki Ageng punika, tunggil lan pra ngulama, mapan samya, aneng
wuri, sarta dedonga, nenuwun mring Hyang Widi.
Datan manjing meksih neng kilen bengawan,
henengena kang winarni, gamel kang lumajar, prapta ing wismanira ki tumenggung
duk ningali, kagyat kalintang, asru denira angling.
Eh wong gamel sira iku kena apa, wus katur
solah neki, lawan angsal surat, ki tumenggung anulya, lumebet ambekta tulis,
Arya Penangsang, nenggih ingkang winarni.
Mapan lagya ketanggelan lagya dhahar,
kagyat duk aningali, marang labetira, ki Mentaun punika, sang Arya sru denira
ngling, apa ka gawa, bapa ingsun, tingali.
Ki tumenggung kalangkung kewraning driya,
aris aturireki, ing mangke kewala, yun sampun kendhel dhahar, kawula umatur
gusti, Sang Harya duka, ki tumenggung langkung ajrih.
Dadya katur kang surat nulya tinampan, marang
kang asta kering, kang kanan pan lagya, pan kinarya ngepel sega, winaca
sinukmeng ati, mapan mengkana, bubukaning kang tulis.
Penget ati layange ki Ageng Sela, teka
amring sireki, ya Arya Pengangsang, dene apeksa lanang, yen nyata sira den
aglis, anekanana, sun neng kulon benawi.
Yen tan prapta mapan sira dudu lanang,
ngur tapiha sireki, tan dumugi nulya, binanting kepel sira, suratnya dipun
jejuwing, asru ngandika, marang wong gamel iki.
Kambilana kudaningsun Gagak rimang,
angrasuk busana aglis, mengkana kang garwa, kanjeng Sang Arya Jipang, sang dyah
retna Larasati, sanget karuna, kang raka den gendholi.
Ki Tumenggung Mentaun sanget bingungnya,
lajeng lumayu mulih, nyandhak bendhenira, tinabuh pinggirannya, wong Jipang pan
kawur sami langkung wurohon, Sang Arya kang winarni.
Ingkang garwa kinipataken wus kontal,
lajeng nitih turanggi,, mandhi pengawinan, balereges arannya, anulya dipun
cemethi, pun Gagak rimang, mamprung tan ngembah siti.
Tan pantara wus prapta wetan bengawan,
sumbar sumbar ngjarihi, endi si rupannya, si Pemanahan Sela, nyabranga sawetan
kali, lamun prawira, wadya Sela winarni.
Sampun tata barisaya kilen bengawan,
andher sapinggir kali, Ki Juru winerna, estri titihanira, kera babak ingkang
gigir, kambilnya samak, buntutira ginodhi.
Lawan amben pinrih estri katingala,
lampahnya jondhil, lawan sru sesumbar, eh mara Arya Jipang, yen sira nyata
prajurit, mayo nyabranga, ingsun dhewe nadhahi.
Lir sinebit talinganya Arya Jipang, anulya
den cumethi, kuda Gagak Rimang, nanging mogok kiwala, yen sageda ngucap iki,
dhuh gustiningwang, paduka den apusi.
Kyai Juru asru dennya sambar sambar, dene
suwe sireki, mara Arya Jipang, kaya dudu wong lanang, sang Arya bendu tan sipi,
pun Gagak Rimang, anulya den cumethi.
Pokking kuping mengkana lamun ngucapa,
dhuh gustiku sang pekik, tan kena ngaturan, senadyan sun matiya, anglabuhi
gusti mami, pun Gagak Rimang, ambyur nulya anglangi.
Wong ing Sela lan Tarub wus ngatya atya,
sareng pengedrel neki, nanging tanpa karya, Gagak Rimang wus mentas, wong tarub
Sela pan sami, ngroyok kewala, sang Arya tan kaeksi.
Ramining prang pan anglir duk punwanira,
Arya Jipang upami, sang Ongkawijaya, rinebet ing Kurawa, yan kewran tyasnya
sang pekik, pun Gagak Rimang, langkung pengamuk neki.
Nyakot nujah anyepak pun Gagak Rimang,
braja datan gundhili, mring pun Gagak Rimang, tandangira lir yeksa, kelangkung
anggegilani, wadya ing Sela, Tarub wus bubar sami.
Nanging kantun Pejawi yun ayunan, langkung
remeng jurit, tan ana kuciwa, kuda pan samya kuda, agenti larih linarih, tan
ana tumama, mangkana den Ngabei.
Nuhun pamit wau dhumateng kang rama, mapan
wus den lilani, anitih turangga, pun Sungkali punika, Kyai Plered pinandhi, Ki
Juru ika, wus ingkang botohi.
Pun Sungkali kelangkung dennya gumbira,
yen sinawang mantesi, lir Wisnubrata, tumurun saking swarga, Ki Juru kudaya
estri babak tur kera, buntutnya wus ginodhi.
Lawan amben jongkit jongkit lampahira,
Gagak Rimang ningali, wus kersaning Hyang Sukma, supe ring gustinira,
dadyabujung kuda estri, saparanira, Ki Juru den tut wuri.
Dhasar lami kinurung pun Gagak Rimang,
kelangkung bigar neki, tan kenging ngingerna, Raden Ngabei nulya, Kyai Palered
pinusthi, wus linarihan, Arya Jipang ngemasi.
Ki Penjawi nglarihipun Gagak Rimang,
ambruk lajeng ngemasi, pan sarang kewala, lawan ingkang turongga, Ki mentahun,
kang winarni, lawan sang retna, tan nganti mring wadyeki.
Sesanderan wong kalih pan sampun prapta,
aneng wetan benawi, awas dennya mulat, yen gustinya pralena, lan sendheyan kang
turanggi, kunarpanira, ki tumenggung anangis.
Larasati anjrit nyumethi kuda, ambyur
marang benawi, Ki mentahun ika, tan keri lan sang retna, wong loro tan sedya
urip, pan sampun mentas, prapta kilen benawi.
Wong ing Tarub Sela neng kilen bengawan,
wan genira baris, kang lumayu padha, ing mangke pan wus prapta, tinata kadya
ing nguni, mring Ki mentahun ini.
Tinadhahan mring wong Tarub lawan Sela,
meksa datan kuwawi, Mentaun tandangnya, pan anglir Jayajatra, turangganya
sampun mati, putung lawungnya, nging ngamuk lawan keris.
Sang Dyah Retna Larasati tandangira, kadya
Wara Srikandhi, ngagem patremira, ingkang katrajang bubar, mapan wus tanpa
turanggi, sarya karuna, mengkana den Ngabei.
Pan wus mulat yen estri kang ngamuk ika,
tedhak saking turanggi, nulya cinegatan, Ki mentahun wus panggya, kelawan Kyai
Penjawi, sru panyuduknya, panggah Kyai penjawi.
Tinempiling Ki Mentahun nulya niba, mapan
lanjeng ngemasi, saking sayahira, wus dangu pangamuknya, pedhot napas ira iki,
lan wus takdirnya, mengkana Den Ngabei.
Wus apanggih lanang sang dyah rarasing
driya, mengkana estinira, bagus temen bocah iki, sun durung mulat, ing Jipang
kang kadyeki.
Dadya menggah pengamuknya sang kusuma, lan
uwis aningali, Ki Mentaun Pejah, mangkana ing tyas ira, mongsa sun anoma
maning, angur belaha, nulya patrem pribadhi.
Sampun niba palastra dyah rarasatya, dadya
katiga sami, tinunggul kewala, wau ingkang kunarpa, mengkana wong Jipang
prapti, kang pra dipatya, miwah ingkang prajurit.
Pan sumekta sagegamaning ngayuda, baris
wonten benawi, ra ara kabekan, mring sagung wadya Jipang, beleber pinggir
benawi, tanpa wilangan, langkung denya ngajrihi.
Wadya Sela lan Tarub nenggih barisnya,
aneng kilen benawi, mapan let bengawan, dennya ayun ayunan, lawan langkung
kedhik neki, wadya ing Sela, lawan Tarub puniki.
Tigang atus winetara kathahira, nging wong
Jipang puniki, kang manah wus suda, ningali gustinira, kelamun sampun ngemasi,
lawan sang retna, tenapi ki dipati.
Dadya dangu denira sawang sinawang, tanana
ingkang wani, lamun lamun anyabranga, mengkana ki Ageng Sela, Ki Juru ingkang
tinari, pakarsanira, Juru prayoga neki.
Apa becik kelamun sira nabranga, yen
mangkene pribadi, mapan tanpa wekas, manggung sawang sinawang, Ki Juru umatur
aris, yen sinabrangan, kado boten kuwawi.
Langkung kathah punika tiyang bang Wetan,
wadya Tuwan ming kedhik, inggih lamun tahan, langkung saking prayoga, lamun
datan tahan ugi, langkung memirang, lan mindhak angsal ati.
Dugi kula tiyang Bang Wetan punika,
manahnya sampun alit, kelamun ngantosa, punika angsal manah, kados aurat sanggi
neki, Ki ageng nebda, paran prayogi neki.
Kyai Juru mapan alon aturira, inggih lamun
amarengi, lawan karsa tuwan, wonten udur punika, namung pun kakang Penjawi,
lawan kawula, tiga Raden Ngabei.
Dene baris ing Tarub Sela punika, mundura
mapan sami, sowana kewala, wonten ngarsa paduka, kawula bilih menawi, wonten
sih ing Hyang, lan supangat jeng nabi.
Kang kapundhi amung pangestu paduka, ing
siyang lawan latri, Ki ageng ngandika, yen mengkono karsanya, iya ingsun
angamini, Penjawi mara, undurna sagung baris.
Tur sendika nulya nembah aparentah, mundur
sagunging baris, wong Bang wetan wikan, yen baris mundur samya, dadya ewuh ing
tyas neki, narka yen gelar, saya alit kang ati.
Den Ngabei kelawan Ki Juru ika, tiga Kyai
Penjawi, wus ngrasuk busana, samya nitih turongga, Ki Juru titihan neki,
belalak pancal, pun gunawan nameki.
Hendrayeksa Ki Penjawi titihanya, Sungkali
den Ngabei, pan samya tenaga, gawok wadya Bang Wetan, mapan samya aningali,
jomblong sedaya, prapta pinggir benawi.
Pra dipati ing Jipang pepak sadya, ingkang
dadya pengarsi, Tohbau namanya, pan lagya paguneman, kelawan aningali, mring
solahira prajurit tiga sami.
Kang teteger aneng sapinggir bengawan,
datan pantara prapti, kang prajurit tiga, bengawan linumpatan, kang kuda katiga
sami, tan mawi nyebrang, dadya pra sami ajrih.
Ki Tohbau lan sagung kang pra dipatya,
ayun lumajar sami, nulya cinegatan, marang Ki Juru ika, lawan angandika aris,
eh pra dipatya, aja lumayu sami.
Praptaningsun ing kene nemoni sira, yen
dhangan lan sira, padha amituhuwa, pan amrih rahayu neki, kendel sedaya, sagung
kang pra dipati.
Sohan andher neng ngarsa ri sang katrinya,
Ki Juru anebda ris, endi engkang tuwa, lan sapa aranira, Tohbau matur ngabekti,
inggih kawula, Tohbau westa mami.
Eh Tohbau marmaningsun iki prapta, ayun
tanya sayekti, paran karsanira, apa sedya abela, yen kena sun eman ugi, ngur
rahayuwa, Tohbau atur bekti.
Pan kawula inggih punapa kang karsa, gusti
dhateng nglampahi, Ki Juru ngandika, yen wus
mengkono padha, angur sebaha tumuli, Ki Ageng sela, sandika mapan sami.
Bilahinya pan ingsun kang nanggung padha,
lah wis kariya iki, nuli anusula, sangung kang pra dipatya, sandika samya tur
neki, anulya musna, ingkang prajurit katri.
Sangsaya jrih sagunging wadya Bang wetan,
anulya ambongkoki sagung ingkang wastra, nungsul nyabrang bengawan, Tanana kari
sawiji, sedya aseba, Ki Juru kang winarni.
Ki Penjawi Raden Ngabei wus prapta, ing
arsa atur bekti, Ki Ageng atanya, paran ing lakonira, Ki Juru matur wot sari,
pangestu tuwan, pukulan angsal kardi.
Datan dangu kados nunten samya prapta,
nulya sujud ing widi, Kyai Ageng Sela, langkung sokur mring sukma, tan pantara
nulya prapti, wadya Bang Wetan, gumrah awaraning jalmi.
Kyai Juru ingkang kinen methukena, kang
sarta lajeng ngirid, mapan sampun praptra, sagung kang dipatya, ing ngarsa dher
atur bekti, tumungkul samya, tan kuwarsa ningali.
Marang wernanira Kyai Agung Sela, langkung
dennya blerengi, mengkana ngandika, mring sagung pra dipatya, apa wis mituhu
sami, mring kersaningwang, sadaya atur bekti.
Sampun sakit senadyan dhumateng pejah,
gusti inggih nglampahi, ki Ageng ngandika, ya wis ingsun tarima, nanging ta
perentah mami, negeri Jipang, iya ing mengko iki.
Ingsun titip Tohbau marang ing sira, lan
sagunging dipati, padha rumeksaha, ingsun anyun kondura, iya marang Pajang
mami, sapungkur ingwang, padha nusula nuli.
Asebaha kelawan sak kancanira, mring
Sultan Pajang iki, iku poma poma, padha amituhuwa, sandika samya tur neki, lan
maning ana, iya wewekas mami.
Layonira Arya Jipang becikana, lan kang
loro iku ugi, tunggalna kewala, iku ya poma poma, aja sira ngiparani, matur
sandika, sagung kang pra dipati.
Mapan ingsun yun budhal sandina benjing,
wus ta mundura iki, sagung pra dipatya, ngabekti gentya gentya, ngusapi lebu
sang Yogi, sa undurira, angemu wespa sami.
Hengengena sagung ingkang pra dipatya, Ki
ageng kang winarni, mapan perimbangan, lawan ki Juru ika, tenapi Kyai penjawi,
lawan kang putra, nenggih Raden Ngabei.
Angandika Ki Ageng mring ri kalihnya,
paran karsanireki, sapa ingkang tompa, ingganjara negara, pan ingsun tan melu
jurit, Ki Juru turnya, lamun Kyai Penjawi.
Pan sedaya panika asta paduka, Ki Ageng
ngandika ris, iku Juru nora, ingsun ngater kewala, sayekti kang oleh kardi, pan
anakira, kelawan si Penjawi.
Kyai Juru gumujeng sarwi anembah, leres
yen den tingali, nenggih kang tumandang, Raden Ngabei ika, kelawan wakne
penjawi, nadya kawula, inggih pan boten keri.
Ki Penjawi mapan boten prajeyan, lawan
jeng sultan dhingin, mongsa sininglaran, mapan gampil kewala, pun thole mekaten
malih, pan ponakawan, boten angsal negari.
Ponakawan ganjaran astra busana, sanes
paduka yekti, mring pundi purugnya, tan wande dhateng anak, sadherek mekatan
ugi, datan parbeda, lawan anak kantun kedhik.
Kyai Ageng wus dhahar ing aturira, Ki Juru
amertani, nulya angandika, ya wis sun turut sira, Penjawi prentaha nuli, ingsun
budhalan, malih sedina iki.
Marang pajang Penjawi atur sandika, nulya
tengara muni, wadya Tarub Sela, langkung ing tyas gumbira, gustenira angsal
kardi, sa marga marga, mapan kasukan sami.
Henengena wau kang lagya lumampah, kawarna
pajang negri, nenggih kang jeng sultan, mapan lagya sineba, pepak kang wadya
anangkil, kang munggeng agarsa, Raden moncanegari.
Kang jeng sultan aris denira ngandika, eh
ta Moncanegari, apa sira wikan, wertane kakang sela, olehe amangun jurit, asor
unggulnya, nembah Moncanegari.
Inggih mirsa wertininun kakang sela,
meksih apacak baris, neng kilen bengawan, wadyanya Arya Jipang, baris bang
wetan benawi, wadya ing sela, kawarta sanget kontit.
Langkung kathah wadyanira arya Jipang,
kadugi tan kuwawi, eca angandika, kasaru geger jaba, kang jalma samya ningali,
ing praptanira, Ki ageng Sela iki.
Langkung asri lampahe sa marga marga,
anging Raden Ngabei, ingkang dadya kondhang, sagung wong kang tuminggal, kang
jeng sultan wus miharsi, lajeng putusan, ngenggalken lampah neki.
Tan pantara Ki ageng wus prapteng angarsa,
lajeng Jawat asteki, nulya tata lengah, Raden Ngabei nulya, ngbekti marang sang
aji, rinangkul lawan, lawan kang putra den arasi.
Adhuh nyawa sokur selamet ta sira, rineksa
mring Hyang widi, nulya tata lengah, lawan Pangran Benawa, mapan rarangkulan
sami, samya kangennya, ri wus tata alinggih.
Kang jeng sultan aris denira tannya, mring
ki Ageng seleki, paran kang sira, lakonira sun duta, Ki Ageng lon atur neki,
lampah kawula, angsal berkat sang aji.
Arya Jipang sapunika sampun pejah, nging
lawan patih neki, Mentaun namanya, bojonipun satunggal, westa dewi Larasati,
iku ta kakang, sapa lawaning jurit.
Arya Jipang pan inggih lawan kawula, mentaun
lan Penjawi, Larasati mapan, pun Ngabei puniki, nenggih lawaning ngajurit, nata
ngandika, balane ana ngendi.
Balanipun wenten sawetan bengawan, pun
juru kang nadhahi, nanging let bengawan, tiyang tarub lan sela, punika ingkang
nadhahi, sareng tumingal, yen Arya Jipang mati.
Lajeng teluk sadaya tiyang Bang Wetan,
Tohbau kang pangirid, sagung kang dipatya, punika ingkang tuwa, kang jeng
sultan tanya malih, kabeh ku iya, ing mengko ana ngendi.
Kyai Ageng mapan aris aturira, teksih
kantun neng wingking, kades nunten prapta, saweg kula ken samya, nyaeni kunarpa
neki, pun Arya Jipang, sang nata ngandika ris.
Ya wis kakang abanget tarimaningwang,
nging sira aja mulih, wong Tarub kewala, lan sela ulihena, anaha wismanireki,
kakang prayoga, ya siroabeng Ngabei.
Tan lenggana nulya luwar Sri Nalendra,
bubar sagunging nangkil, Ki Ageng winarna, lajeng mring wisma nira, kang putra
Raden Ngabei, wong tarub sela, wus lajeng kinen mulih.
Ki Penjawi lan Ki Juru ika, kang meksih
anenggani, angeng Pengabeyan, kawarana kang jeng sultan, nimbali rekyana patih,
Moncanegara, prapta panepen nuli.
Kang jeng sultan sakondurira sineba, mapan
tan manjing puri, sampun pitung dina, neng panepen kewala, lawan datan mijil
mijil, langkung sungkawa, nulya ngandika ris.
Kakang Moncenegara marmane sira, iya
ingsun timbali, paran karsa nira, prekara kang ubaya, ingsun wus eling sayekti,
kang pangandika, iya jeng Sunan Giri.
Ing Mentaram parentah sa tanah Jawa, paran
genya baleni, dene mengko kakang, wus dadi bayaningwang, dadi cidra yen tan
yekti, lamun yektiya, paran kakang kang keri.
Matur nembah dipati moncanegara, kula
mekaten malih, kelangkung supenya, duk paduka ubaya, ing mengko emut sayekti,
kang pangandika, inggih Sinuhun Giri.
Yen marengi pan inggih atur kawula, kejawi
den lintoni, sinerah kewala, ing pundi kinarsakna, senadyan tikela kalih, kula
sengaja, kang jeng sultan nebda ris.
Iya kakang ingsun wus mongsa bodhowa,
angger tarima iki, mara ta dhawuhna, marang ing Pangabeyan, sandika lengser
sing ngarsi, rekyana patya, ing Pangbeyan prapti.
Mapan nuju Ki Ageng lenggah pendhapa, kang
munggeng ngarsa neki, Ki Penjawi lawan, Kyai Juru punika, katiga Raden Ngabei,
kagyat praptanya, Raden Moncanegari.
Mapan lajeng wau sami Jawat asta, ri
wusnya tata linggih, Adipati Monca, mapan lajeng ngandika, kakang kawula
tinuding, dhateng sang nata, kinen masrahna ugi.
Kang ubanggi kang negeri kalihnya, Pathi
lawan Mentawis, nanging ing Mentaram, karsane Sri Nalendra, kakang mapan den
lintoni, sabab Mentaram, kakang negari alit.
Kalih dene sapunika taksih wona, paduka
kinen milih, negeri tanah Jawa, sedaya pilihana, senadya tikela kalih, sri
naranata, kakang mapan nglilani.
Kyai Ageng mapan dangu tan ngandika,
wusana anebda ris, gih adhi matura, dhumateng Sri Nalendra, kawula tan saged
krami, lan boten nedya, gadhah wicanten kalih.
Mung punika adhi kawula aturna, dhumateng
sri bupati, nulya Jawat asta, pamit dipati Monca, wus katur marang sang aji,
lamun mengkana, ki Ageng atur neki.
Dadya kendel sang nata datan ngandika, wus
dangu ngandika ris, yen mengkono Monca, padha meneng kewala, nanging den yitna
sireki, wus ta muliha, sandika atur neki.
Sampun lengser Den Adipati Monca, saking
ngarsa sang Aji, henengena winarna, nenggih Ki Ageng sela, saundurnya duta aji,
kendel kewala, mapan datan kena angling.
Ki Penjawi ingkang tyas langkung bramatya,
jaja lir metugeni, mengkana aturnya, yen marengi kang karsa, suwawi dipun
ayoni, ratu kang cidra, Ki Juru anahuri.
Pan mengkane Penjawi karsa paduka, punika
tan prayogi, ngajak ngrusak tata, wekasane punika, ingkang raharja sayekti,
dadosnya sama, wekas cidra pribadi.
Kyai ageng mapan aris angandika, wus aja
na pinikir, pan cobaning Sukma, ingsun mapan kinarya, lelakon marang Hyang
Widi, eh Juru sira, kelawan si Penjawi.
Ingsun titip anakira karo padha, emongen
si Ngabei, iku poma poma, aja na walang driya, sireku marang ing mami, mapan
ingsun arsa, kumambang mring Hyang Widi.
PUPUH VI
MASKUMAMBANG
Nulya manjing wektu Maghrib jeng sang
yogi, mring panepen nulya, asalat ki Juru ngiring, lawan ki Penjawi ika.
Pan katiga anenggi Raden Ngabei, makmum ri
sawusnya, bakda Ngisa karo sami, amrih eca tyasing putra.
Atenapi dhumateng kang rayi kalih, dadya
samya eca, ing tyasnya katiga sami, tengah dalu wayah ira.
Jawah angin Ki Ageng ngandika aris, wus
padha turuwa, mapan ingsun arsa guling, Ki Ageng nulya sarehan.
Den Ngabei Ki Juru lawan Penjawi, samya
aneng dagan, wayah ira bangun enjing, katiga wus samya nendra.
Kyai Ageng tumulya miyos aririh, lajeng
lampahira, mapan sedya mati ragi, manut salembak ing manah.
Wus kapungkur negara ing Pajang iki,
samoun manjing wona, Raden Ngabei winarni, lawan kang paman kalihnya.
Sawungunya asri kagyat pan sami, sang wiku
tan ana, nulya Raden Ngabei, lajeng niba pasarehan.
Kyai Juru datan pegat mituturi, dhumateng
kang putra, mapan sarwi den keloni, ki Penjawi kang winarna.
Datan saged ningali Raden Ngabei, yen
sampun sangeta, pengampahe ingkang rayi, ki Juru mertani ika.
Mapan kedah angamuk Kyai Penjawi, mapan
lajeng kesah, sedyanira Ki Penjawi, anusul dhateng kang raka.
Kawarnaha Sultan Pajang wus udani, yen
kang raka kesah, kalawan Kyai Penjawi, langkung getering tyas ira.
Nging Ki Juru kalawan Raden Ngabei, kang
teksih neng wisma, nanging Raden Ngabei, sare amujung kewala.
Kyai Juru kang tansah mituturi, jeng
sultan winarna, nimbali marang dipati, Moncanegara wus prapta.
Ing ngarsane sang nata ngandika aris,
paran kesanira, eh sira Moncanegari, lungange si kakang Sela.
Apa nora yen iku dadya kawatir, adipati
Monca, umatur sarya ngabekti, nenggih pangraos kawula.
Kades boten antawis Raden Ngabei, pan
meksih tinilar, lan pun kakang Juru meksih, kados pun kahang ing sela.
Kesahipun kula dugi mangun teki, marmaming
tyas amba, ing lahir boten kuwatir, ing batos kula sumongga.
Kangjeng sultan nulya angandika aris, yen
mengkono Monca, payo nenuwun Hyang widi, muga ja na kara-kara.
Wis muliha mung iku parentah mami, adipati
Monca, sandika matur sing ngarsi, kawarnaha Kyageng Sela.
Pan wus prapta anenggih ing Sekar lampir,
kang sinedya driya, ing Garenjeng mati ragi, Ki Penjawi kang winarna.
Gennya nusul ngulati datan kapanggih,
lajeng mati raga, aneng salabentar iki, pan tapa ngadek kewala.
Neng jro sela ki ageng winarna malih, neng
Gerenjeng punika, asmilati ragi, pinarak sangandhep toya.
Mapan lenggah sarya sila tumpang iki,
lawan madhep keblat, nora ebah nora esik, mapan sampun mindha reca.
Pan wus suwung yekti tan mujud kekalih,
awang awang ika, uwung uwung kang kaeksi, mahluk kang ayua wus sirna.
Nanging kadim ajalalan kang abdi, wus
dadya satunggal, mengkana pan sampun lami, awetara satus dina.
Gara gara mapan nulya andhatengi, mengkana
winarna, kangjeng Susuhunan Adi, wus miyarsa yen kang putra.
Sultan Pajang dinugas laya kapti, lan kang
putra Sela, jeng sunan ing karsaneki, nulung mring putra kalihnya.
Sampun tedhak sang wiku karsaneki, Pajang
kang sinedya, manggihi jeng sultan iki, kawarna jeng Sri Nalendra.
Mapan lagya kemengan sri narapati, tan
kena sineba, neng penepening pribadi, tan arsa ingadhep jalma.
Tan pantara rawuhnya Sinuhun Adi, sang
nata wus mulat, lamun sang pandhita prapti, angraos manggih duduka.
Nulya tedhak saking panepen sang aji,
manembah suku sang, manguswa pada sang yugi, sang pandhita angandika.
Lah ta uwis pa ye Jebeng tata linggih,
nulya samya lenggah, sang pandhita ngandika ris, marmaningsun iki prapta.
Ayun takon mring sira ing sayekti, paran
wartanira, lakune kakang ireki, jeng sultan tumungkul nembah.
Mongsa barong paduka mesem sang yogi, ya
Jebeng sun wikan, kang dadi rubeda neki, atenapi kakangnira.
Marmaningsun iki Jebeng nuli prapti, ja
kadawa-dawa, geseh lan kakangireki, nora becik dadenira.
Iya bener Jebeng karsanireki, nadyan
kakangnira, pan iya mengkono maning, paran gone balenana.
Balang tiba pan iku upamaneki, mapan nora
kena, lamun iku bali maning, Sultan Pajang ris aturnya.
Pan kawula sumongga karsa sang yogi, nging
panuhun amba, lestaring Pajang negri, jeng sunan mesem ngandika.
Iku Jebeng beciko sira prajangji, lawan
kakangnira, mapan ingsun kang nekseni, jeng sultan matur sumongga.
Pan ing mengko kakangnira ana ngendi, jeng
sultan aturnya, kawula mboten udani, mapan sampun kesah lama.
Ingkang kantun amung pun thole Ngabei, lan
pun kakang ika, nenggih Juru amertani, kang Penjawi tumut kesah.
Kangjeng sultan mesem angandika aris, yen
mengkono iya, becike ingsun tiliki, nulya tedhak kangjeng sunan.
Kangjeng sultan dherek dhumateng sang
yogi, marang Pengabehan, datan antara wus prapti, Raden Ngabei winarna.
Selaminya tinilar kang rama iki, pan sare
kewala, wau Rahaden Ngabei, mujung aneng pesalatan.
Nrekang rama datan mobah datan mosik,
ingkang asta kanan, tumumpang ing jaja neki, astanya kiri punika.
Mapan nurut ing wentis samya kang kering,
delamakan kanan, iku mapan den tindhihi, mring kang wentis kiri ika.
Kang deriji sedaya bineber sami, lan kukub
punika, ki Juru ingkang nenggani, nanging salat kasilira.
Mapan tan ana mengeng tingalireki, Ki Juru
punika, kalawan Raden Ngabei, wus prapta munajat ira.
Kangjeng sunan prapta pelataraneki, ing
panepenira, Sultan Pajang ingkang ngiring, nging sepi tan wonten jalma.
Kadya rusak yen tinon saking ing jawi,
datan ana tiyang, tilas kang ngambah sawiji, pan kadya tan wonten jalma.
Dadya dangu jeng sunan lenggah surambi,
lan jeng Sunan Pajang, jeng sunan ngandika aris, Jebeng ingsun yan kaduga.
Mara coba engakna lawang neki, nulya
kangjeng sultan, Pajang angengakken kori, ki Juru katinggal salat.
Kangjeng sultan nulya matur mring sang
yogi, yen ki Juru salat, mengkana jeng sunan nuli, takbir lawan uluk salam.
Kyai Juru tan pandung ing tekbir neki,
lamun gurunira, anulya salam tumuli, medal mring surambi nulya.
Kyai Juru nyungkemi pada sang yogi, ri
sawusnya lenggah, nulya Jawat asta sami, kelawan jeng Sultan Pajang.
Kangjeng sunan mangkya angandika aris,
endi anakira, iya si Jebeng Ngabei, ki Juru matur punika.
Ingkang kula tengga inggih pun Ngabei, pan
tilem kewala, selaminipun tan osik, marma amba tikar salat.
Ya ta mesem jeng sunan nulya umanjing,
mring panepen nulya, sinandhing Raden Ngabei, dhateng kangjeng sang pandhita.
Sultan Pajang lan ki Juru amertani,
lenggah neng dagannya, sang wiku anulya singkir, dikir ghaib kang kinarya.
Nulya wungu wau Rahaden Ngabei, kagyat
mulat marang, sang pandhita ingkang prapti, nulya sumungkemi pada.
Pan rinangkul wau Rahaden Ngabei, marang
sang pandhita, ingaras embunireki, sawusnya Raden tumingal.
Mring kang rama Sultan Pajang gya ngbekti,
pan rinangkul nulya, esmu wespa sri bupati, den Ngabei pan mengkana.
Kangjeng Sunan Hadi nulya ngandika ris,
mring ki Juru ika, kakangnira ana ngendi, iya ki Jebeng ing sela.
Kyai Juru umatur sarya ngabekti, kesah
sampun lama, kawula boten udani, kang sinedya karsanira.
Nanging weling punika Raden Ngabei, amba
kinen monga, lawan pun kakang Penjawi, nging pun kakang tumut kesah.
Mapan nusul sampun elet tigang wengi,
panggih lan botennya, kawula mapan tan uning, jeng sunan aris ngandika.
Wus ta Juru tenapi Jebeng Ngabei, wis aja
rinasa, prakara ingkang tan yogi, pa dene Jebeng ing Pajang.
Wus tetepa padha dadya dulur maning,
sandika katurira, wus padha kariya iki, sun susule kakangira.
Nulya musna sang pandhita tan kaeksi,
kangjeng Sultan Pajang, kang putra Raden Ngabei, kalawan ki Juru ika.
Sakalihnya binekta manjing ing puri, mapan
tan lenggana, wus mantuk kadya ing uni, sirna tan ana kerasa.
Henengena kawarna sang wiku jati, ingkang
angupaya, dhateng ki Ageng Seleki, tumingal marang gegana.
Sorot padhang teja sundhul ing wiyati,
jeng sunan tan samar, ing Gerenjeng prenah neki, ki Ageng amati raga.
Sampun prapta sang pandhita lampah neki,
lajeng malih warna, ingkang putra den ayoni, menda serpa alit ika.
Lejeng grenet mring pangkon kang serpa
alit, pan nadyan nyakota, nanging ta sang ageng brangti, wus sirna bongsa
manungsa.
Sirna serpa nulya na kelabang alit,
geremet neng kerna, lajeng lumebet kerneki, nging sang brongta yan kerasa.
Nulya musna ingkang kelabang alit, mendha
ingkang putra, sira Rahaden Ngabei, prapta anungkemi pada.
Asru nangis mengkana aturereki, jeng rama
luwarsa, pun paman Juru ngemasi, pinejahan sultan Pajang.
Pan kawula kinuya-kuya sayekti, lamun
kecandhaka, pan inggih dipun pejahi, dhumateng jeng sultan Pajang.
Tiyang Sela Tarub samya den Penjahi, estri
binoyongan, pun ibu lawan pun bibi, sadaya wus aneng pura.
Datan ewah tyasira sang agung brangti,
sumendhe ngiradat, tumancep mring dat sejati, wus sirna kang ponca driya.
Langkung suka tyasira jeng Sunan Hadi,
kalamun kang putra, ing Sela wus den keringi, marang sagung ponco driya.
Nulya sira kang werna Raden Ngabei, jeng
sunan wus lenggah, ngarsanya sang ageng brangti, dadya wedhar tinglira.
Kang khakiki tumingal gurumaja ji, mapan
anglir serpa, ingkang lagya malungsungi, paningalira kang tapa.
Dereng wedhar sedaya gahota neki, mengkana
jeng sunan, ingkang putra den singiri, ghaib ginaib kinarya.
Nulya wedhar kumpuling gahota sami, mantuk
basa riyah, kamil mukamil nglimputi, dhumateng ing sipat ngaral.
Alam kabir kalimputing alam sahir, wus
mulya manungsa, mengkana nulya ngabekti, nungkemi pada jeng sunan.
Pan rinangkul dhumateng sang maha yekti,
lawan angandika, wus Jebeng luwara iki, aja ta sira kedawa.
Wus pinasthi sira marang ing Hyang Widi,
pan wijine Jawa, turun temurun ing benjing, mapan iya tan keselan.
Kangsi prapta ing jaman akhirku benjing,
pan turunira, datan nana kang nyelani, ingkang mengku tanah Jawa.
Wus jamake Jebeng tan wong bakal luwih,
pinaringan papa, nadyan ingkang para nabi, Jeng Nabi Adam awitnya.
Nabi Enuh lawan jeng Nabi Ibrahim,
kangjeng Nabi Musa, jeng Nabi Ngisa puniki, apadene nabi nira.
Kangjeng Nabi Muhamadsam iku yekti, padha
awit papa, mulya ing wekasan neki, nanging jeng Nabi Suleman.
Ingkang nora awit papa iku ugi, pan
karsaning sukma, anglahirken kodrat neki, pan kinarya kenyataan.
Awitara sira Jebeng anampani, mring
pulunging Jawa, anakira si Ngabei, kang wus pinasthi Hyang Sukma.
Mapan ana Jebeng prathonda neki, iya
arenira, Jebeng Pajang liwat asih, iya marang anakira.
Pulung iku Jebeng kelamun angalih, mapan
iku nora, ngalih mrika den sengiti, pesthi mring kang kinasiyan.
Wus ta payo Jebeng mulih lawan mami, iya
marang Pajang, jaluken ingkang prajanji, ingsun ngater marang sira.
Lawan iya pesthi banjur sun nekseni, lah
payo nagiha, adhenira si Penjawi , mengkone ngendi prehnya.
Kyai Ageng umatur sarya ngabekti, kawula
tan wikan, rumiyin kantun negari, pan kula ken ngemong samya.
Mapan inggih kekalih dhateng Ngabei, mesem
sang pandhita, wus Jebeng ingsun kepanggih, nging Penjawi nusul sira.
Payo mangkat goleki Jebeng Penjawi, miyos
kangjeng Sunan, saking sangandhaping warih, Kyai Ageng atut wuntat.
Aningali jeng sunan sorot wiyati, mapan
wus tan samar, mring tejane Ki Penjawi, prenahira Salabentar.
Saking Grenjeng jeng sunan sampun lumaris,
ki Ageng tut wuntat, Salabentar sampun prapti, ki Penjawi kang winarna.
Mapan ngadek tapanira Ki Penjawi, aneng
jroning guwa, lan madhepe kiblat gingsir, sarta asendheyan sela.
Kangjeng sunan lan Ki Ageng sampun prapti,
pelataran guwa, nulya uluk salam neki, kagyat kang aneng jro guwa.
Ki Penjawi mapan nulya anahuri, tan
pandung swaranya, kelamun sang maha yakti, sampun wedhar tingalira.
Nulya medal saking guwa ki Penjawi, lajeng
ngaras pada, ngusapi lebu sang yogi, ri wusnya nulya tumingal.
Mring kang raka ki Ageng lenggah neng
wingking, ki Penjawi nulya, nungkemi sarya anangis, ki Ageng aris ngandika.
Wus ta yayi menenga aja anangis, mara
alungguha, anaha purbaning Widi, aja akeh kang rinasa.
Sawusira tata alenggahan sami, jeng sunan
ngandika, Jebeng pa yo padha mulih, tan pantara nulya mangkat.
Tan winarna ing marga Pajang wus prapti,
lajeng manjing pura, Ki Ageng kantun neng jawi, lawan Ki Penjawi ika.
Mapan nuju jeng sultan lenggah pendhawi,
lan dipati Monca, Ki Juru lan den Ngabei, sekawan Pangran Benawa.
Samya kagyat rawuhnya jeng Sunan Hadi, pan
methuk sedaya, nulya tata lenggah sami, mapan ngujung gentya gentya.
Ri wus tata jeng sunan ngandika aris, dene
pasang yogya, padha pepak temon iki, Jebeng Ngabei Benawa.
Lan mapaga marang uwakira prapti, sun anti
neng jaba, mengkana Raden Ngabei, kalawan Pangran Benawa.
Sakelangkung tysira marwata siwi, nembah
sekalihnya, pan samya lumajeng mijil, wus panggih lawan kang rama.
Anungkemi padanira kanan kering, pan sarya
karuna, kalihnya rinangkul sami, dhumateng ki Ageng Sela.
Lon ngandika Jebeng wus menenga kalih, pan
wus kendel samya, anulya umatur aris, padika lajeng ngandikan.
Wus lulampah tan keri Kyai Penjawi, pan
lagya katingal, jeng sultan angawe gipih, prapta lajeng rerangkulan.
Ki Penjawi Ki Juru rangkulan sami, lan
dipati Monca, jeng sunan suka ningali, wus tan na rasa rumangsa.
Ri wusnya jeng sunan ngandika aris, mring
jeng Sultan Pajang, paran ta karsanireki, kakangira pan wus prapta.
Luwarana ubayanira ing nguni, kelamun
anaha, Jebeng kang dadya tyas neki, prayoga sira pajara.
Kangjeng sultan umatur sarya ngabekti, pan
mongsa boronga, paduka sampun udani, ing samanah manah amba.
Ya ta mesem jeng sunan ngandika aris, ya
wus Jebeng Pajang, mapan ingsun ya udani, kang dadya kuwatirira.
Pangandika dhingin jeng sinuhun Giri, lah
pa gene ika, sira anggo pasang giri, jeng sultan tumungkul nembah.
Saking sanget tyas kasupene sayekti, marma
yen kenginga, pun kakang amba lintoni, sang pandhita angandika.
Iku ora sapa ingkang karya lali, lamun
mengkonoha, kagepok ngujub sireki, dadi kitib mekasannya.
Khukum akal iku Jebeng ametengi, marang
ngelmunira, tinurut tan tanpa kardi, mundhak ilang pasrahira.
Dadya matur jeng Sultan Pajang ngabekti,
marang sang pandhita, punapa karsa sang yogi, kawula mapan sumongga.
Nging panuwun kawula osiking ati, gih pun
kakang Sela, wontena prasetyaneki, mapan dhumateng kawula.
Amrih anteng ing manah selamineki, mugi ta
tulusa, dados kadang donya akhir, mesem sang wiku ngandika.
Lah ta paran ki Jebeng Sela sireki, iku
arenira, kang dadya penjaluk neki, ki Ageng Sela aturnya.
Mapan inggih amba paduka sekseni, yen
ngantos sakhajat, nging awak amba pribadi, jumeneng ratu ing Jawa.
Pan punika sumangga karsa sang yogi, jeng
sunan ngandika, dhumateng jeng sultan aris, paran Jebeng karepira.
Mapan uwis prasetya kakangireki, sang Nata
aturnya, punika nanging pribadi, ing wingking kados punapa.
Kangjeng sunan mapan angandika aris, bener
kakang ira, ananggung awak pribadi, ing urip sapa weruha.
Mapan iku iya kagunganing Widi, kalamun
manungsa, iya melu anderbeni, kagepok ing sirik ika.
Dadya sira was marang ngelmu nireki, iku
pan tan ana, liyane awak pribadi, kang linilan ngawruhana.
Lawan maning dunduman pan ora keni, lamun
ngawruhana, begja lara lawan pati, wus ana ngatasing Sukma.
Lamun nora mengkono anyekuthoni, iku
sakarsa, jeng sultan matur wot sari, yen paduka sampun karsa.
Pan kawula sumongga dherek sayekti, ing
sakarsa tuwan, kangjeng sunan ngandika ris, wus Jebeng sira ulungna.
Kangjeng sultan nulya angandika, aris, wus
kiraka Sela, Mentaram lawan ing Pathi, sun pasrah marang ing sira.
Nulya geter pater pan amertandhani, Ki
ageng sela, nampani negri mentawis, sineksen mring sang pandhita.
Kangjeng sultan nulya angandika aris, wus
kiraka sela, Mentaram lawan Pathi, dadi kaduwe mring sira.
Tampanana ingsun pasrah mring sireki, Ki
Ageng aturnya, pan langkung panuwunneki, dadya luwar kang ngubaya.
Aranira ing mangko kakang sun alih, Ki
Ageng Mentaram, lan Pathi sapa nenggoni, Ki Ageng aris aturnya.
Yen marengi inggih pun adhi Penjawi, wus
kakang prayoga, si Kakang Juru Martani, dadi tan uman negara.
Pan gumujeng Kyai Juru Amertani, awon
Pathi punika, dene kaprentah Mentawis, mesem kangjeng sang Pandhita.
Sultan Pajang gumujeng ngandika malih,
kakang ing Mentaram, mapan ana kang duweni, si kakang gedhe Mentaram.
Kyai Juru angguguk gujengireki, nulya ris
aturnya, yektinipun kakang singgih, tan saged parentah jalma.
Mangke malih wus gadhah negri kekalih,
kelamun sageda, parentah dhumateng jalmi, duk nguni meksih neng Sela.
Nanging kendel lan salat kang den karemi,
marmane punika, tan wande kula pribadi, ingkang parentah Mentaram.
Dadya samya gumujeng suka tyas neki,
mengkana jeng sunan, langkung sokor mring Hyang Widi, kang putra wus tanataha.
Sang Pandhita mangkana ngendika aris,
kabeh Jebeng padha, estokna pitutur mami, aja lali ngelmunira.
Lah ya iya Ki Jebeng ing Mentawis, iku
poma poma, aja lali ing prejangji, lan renira Jebeng Pajang.
Kyai ageng umatur sarya ngabekti, mugi ta
angsala, ingkang pangestu sang yogi, sageda anglampahana.
Iya Jebeng sun donga marang Hyang Widi,
muga ta bisoha, tenapi arinireki, iya ki Jebeng ing Pajang.
Poma karo aja na selaya pikir, wus padha
kariya, ingsun Jebeng arsa mulih, kangjeng sunan nulya musna.
Sultan Pajang ngandika mring kang ris,
kakang besuk apa, sira mulih mring Mentawis, Ki Ageng aris aturnya.
Benjang enjang yen marengi sri bupati,
sang nata ngandika, paran si Jebeng Ngabei, apa kari pa kagawa.
Kyai Ageng mapan alon atur neki, kawula
sumongga, ing karsa paduka aji, Sri Nalendra angandika.
Iya kakang tinggalen jabeng Ngabei, ana
kanthiningwang, Raden Ngabei turneki, kalilan tan kalilana.
Mapan amba yun tumut pun bapa iki,
dhumateng Mentaram, mesem jeng sri bupati, aris denira ngadika.
Iya Jebeng aja susah tyasireki, apa
karsanira, mapan ingsun anglilani, matur Pangeran Benawa.
Pan kawula dewaji anuhun pamit, tumut
mring pun kakang, ngateraken mring Mentawis, gumujeng suka nalendra.
Iya mara Benawa melu Ngabei, ingsun iki
iya, melu si kakang pribadi, Monca sira melu sapa.
Baya melu marang si kakang Penjawi, kakang
Juru nora, ana iya kang ngeloni, ki Juru gumujeng suka.
Pan sedaya punika kula den iring, dadya
samya suka, sang nata ngandika malih, kakang sun titip mring sira.
Bocah wadon teka Kalinyamat dhingin,
meksih cilik ika, yen wus mangsanira benjing, kakang sira aterena.
Tur sandika nulya luwaran sang aji, kondur
ki mas Monca, mantuk mring dalemirekim, Ki Ageng mring Pengabean.
Pan sedalu nora ana ingkang guling, samya
tata tata, wong Tarub Sela wus prapti, enjing pan samya budhalan.
Kangjeng Pangran Benawa kang munggeng
ngarsi, lawan ingkang raka, kangjeng Rahaden Ngabei, Ki Ageng neng wurinira.
Mapan lawan kang rayi Kyai Penjawi, Ki
Juru punika, kang nindhihi repot sami, lawan dyah rara sengakaran.
Wus pinaring tunggil lan rerepot estri, Ki
Juru sedaya, ingkang rumeksa pan sami, ningali jeng Sultan Pajang.
Wong ing Pajang sedaya tan ana kari,
gabagan rantaban, sagunging wong aningali, langkung asri lampahira.
Boyongira Ki Ageng dhateng Mentawis, pan
samarga marga, tiyang kang samya ningali, atenapi kang sugata.
Tan winarna ing marga lampahnya prapti,
nenggih ing Mentaram, nulya tata tata sami, karya pamondhokanira.
Ki Penjawi nulya mantuk dhateng Pathi,
wong Tarub lan Sela, sedaya ingkang angiring, lampahira sampun prapta.
Pan wus manggih ing Pathi kitha kang lami,
lajeng ingenggenan, dhumateng Kyai Penjawi, wong Pathi suyud sedaya.
Wong ing Tarub Sela samua nuhun pamit, pan
mantuk sedaya, linilan wus budhal sami, kawarna Pangran Benawa.
Sampun lami neng Mentaram nuhun pamit,
kondur dhateng Pajang, Kyai Ageng wus marengi, Jebeng Ngabei ingaterna.
Nulya mangkat lampahira tan winarni,
sampun prapta Pajang, lajeng sowan kang rameki, dinangu ing saneskara.
Sampun katur ing salampah lampah neki,
kang jeng Sultan Pajang, langkung sokur ing Hyang Widi, semana ing tanah Jawa.
Langkung kerta tan nana winalang ati,
Mentaram winarna, Kyai Ageng karya mesjid, kalawan kang palesiran.
Kang kedhaton mapan sampun den badheni, ri
wus sira dadya nyai Ageng kang ngenggeni, mapan kalawan kang putra.
Kyai Juru karya wisma sampun dadi, westa
Pegambiran, langkung kertaning Mentawis, Kyai Ageng kang winarna.
Sampun karya panepen sakilen masjid,
langkung asrinira, pangulu pan sampun kardi.
Tata tita langkung kerta ing Mentawis,
pitik iwen ika, mapan nora den kandhangi, durjana wus nora nana.
Siyang dalu nging rame ngibadah sami,
mengakna kocapa, Kyai Ageng pan wus lami, saben mongsa sowanira.
Marang Pajang yen kondur lajeng nenepi,
pan nanging punika, ki Ageng kareman neki, nging mesjid lan panepennya.
Lawan nyai Ageng mapan awis awis, panggih
lawan kang raka, tenapi Raden Ngabei, awis sowan mring kang rama.
Kawarnaha dyah rara sengkaran iki, wus
lami dewasa, wernanira jungkar angin, tuhu yen ayu utama.
Gandrung manis pan asawang rumring sari,
yen angliring ika, tuhu lamun karya brangti, tur kaduk raga kerana.
Kang salira mapan lir emas sinangling,
dalem petamanan, wus mempeng birahi neki, den Ngabei pan mengkana.
Yen tumingal marang dyah sengkaran iki,
kelangkung tyas ira, dhasar Rahaden Ngabei, sampun kelangkung dewasa.
Mapan sang dyah sengkaran mengkana maning,
kelamun tumingal, dhumateng Raden Ngabei, kadya pejah tanpa jiwa.
Lami lami dadya supe kalih neki, dhumateng
jeng sultan, tenapi weling sudarmi, sampun nemah sekalihnya.
Nanging repit tan nana jalma udani, yen
sang dyah mengkana, kelawan Raden Ngabei, ing sawusnya lama lama.
Sang dyah Retna Dumilah mapan garbini,
lagya kawan candra, nyai Ageng wus udani, mapan nulya tinimbalan.
Prapta ngarsa nyai Ageng ataya ris, sinten
rewang dika, ingkang wani angrasuhi, mapan tumungkul sang retna.
Datan saged umatur nging esmu tangis, kang
jeng nyai ika, langkung kewran galih neki, wus rumahos tiwasira.
Mapan lajeng kinen animbali nuli,
dhumateng ingkang putra, wau Rahaden Ngabei, datan karsa lajeng kesah.
Langkung sanget nyai Ageng ing tyas neki,
nutuh kang salira, lajeng mring panepen nuli, ayun matur mring kang raka.
Sampun prapta panepen Nyai Ageng nuli,
nungkemi kang raka, neng pada sarwi anangis, Kyai Ageng angandika.
Lah tutura Nyai aja sira nangis, dadya
tanpa karya, wong nangis sun durung udani, kang dadya daruna nira.
Mara ta wis tutura Nyai den yekti, Nyai
Geng aturnya, kawula tiwis kiyai, sarwi ngusapi waspa.
Nulya matur pejah gesang kula Kyai, katura
sampeyan, ing mangke sengkeran aji, dyah rara sampun awawrat.
Sareng mirsa Ki Ageng langkung tyas neki,
dangu tan ngandika, nulya angandika aris, sapa kang ngrusak larangan.
Nyai Ageng umatur sarya ngabekti, kawula
tan wikan, sampun kula pitakeni, tumungkul nangis kewala.
Saking kaku manah kawula Kyai, lajeng
kawula ngundang, nenggih dhateng pun Ngabei, boten purun lajeng kesah.
Kula undang badhe kula ken nakeni, kang
karya punika, menawi ngaken Kyai, ingkang anyidra asmara.
Boten purun mila kuwur ingkang ati, ki
Ageng anulya, utusan aken nimbali, mring ki Juru Mertanika.
Tan patara ki Juru anulya prapti, wus
pinaring priksa, Ki Juru getun tan sipi, pan wusnyana yen kang putra.
Aturira Kyai Juru Amertani, pan mongsa
wontena, pandugi kawula malih, liya pun Ngabei ika.
Ingkang purun ngresahi sengkaran aji,
anyidra asmara, mapan boten woten malih, Ki Ageng les kang driya.
Awekasan nulya angandika aris, Juru
golekana, undangen ya si Ngabei, praptane ing ngarsaningwang.
Kyai Juru tur sembah lengser sing ngarsi,
ngupados kang putra, nenggih Rahaden Ngabei, wus panggih ki Juru nebda.
Payo Jebeng sira mangko den timbali,
marang ramanira, barenga kelawan mami, den Ngabei tan lenggana.
Tanpa tara lampahira sampun prapti,
ngarsane kang rama, tumungkul Raden Ngabei, kang ibu sareng miyarsa.
Mring kang putra rinangkul lan den
tangisi, ki Ageng ngandika, lah menenga sira nyai, mapan wus kersaning Sukma.
Uculana anakira iku nyai, sun arsa atanya,
nulya nyai lenggah malih, lawan angusapi wespa.
Kyai Ageng ingkang putra den takeni, Bei
sapa ingkang, angrusak ing taman sari, samahura ingkang weca.
Den Ngabei tumungkul tan saged angling,
kang rama wus wikan, lamun kang putra sayekti, dadya aris angandika.
Paran Juru kang dadya karsa neki, iki pan
wus nyata, anakira angrusuhi, Ki Juru matur anembah.
Pan kawula sumongga karsa sang yogi, ing
dalil punika, mongsa borong tuwan singgih, Ki Ageng aris ngandika.
Adhuh nyawa anak ingsun sira gusti, bisa
temen karya, angrusak rahmate Widi, iya Juru kersaningwang.
Lah kariya reksanen sengkeren aji, lah den
becik sira, ana dene ingsun iki, arep seba marang Pajang.
Nyaosake iya pati urip mami, apa dene
sira, nyai dandana iki, iya lawan anakira.
Padha dosa nganggoha kang sarya putih, wus
bener khukumnya, lamun sira pada mati, apa dene lawan ingwang.
Poma enggal ayun mangkat ingsun nuli, Ki
Juru aturnya, punapa tan bekta abdi, Ki Ageng aris ngandika.
Juru no menawa tan tahan uning, marang
awakingwang, mundhak temah ngrurubedi, sun iki mapan wus katrap.
Khukum molah paran geningsun sumingkir, Ki
Juru sekala, kumembeng wespanireki, mapan yun dherek kawula.
Pinten banggi kawula yan manggih urip,
Dyah Retna Dumilah, mapan ya mengkono maning, datan purun yen kantuna.
Kyai Ageng wekasan ngandika aris, yen
mengkono padha, lah dandana sira sami, adusa lan keramasa.
Menganggeha iya ingkang sarya putih,
marmane mengkana, ingsun iki anglabeti, iya marang karsanira.
Kangjeng sultan mapan wus bener lan dalil,
lah wus padha mara, mulih adandana anglis, mapan ingsun nuli mangkat.
Nyai Ageng kelawan Raden Ngabei, lan Retna
Dumilah, Ki Juru pan mantuk sami, lajeng angrasuk busana.
Nyai Juru kagyat manahnya tan sipi, dene
ingkang raka, angrasuk kang sarya putih, nulya aris aturira.
Paran marmanya ingagem sarya putih, pan
nulya jinarwan, mimiti malah mekasi, jeng nyai nungkemi pada.
Kyai Juru Mertani ngandika aris, nyai wis
menenga, paran geningsun sumingkir, mapan kena khukum hina.
Nyai juru pegat pegat atur neki, kayi pan
kawula, pejah gesang lamun kari, Ki Juru aris ngandika.
Yen mengkono nyai ing karsa nereki, wus
mara dandana, ingsun iki selak kari, Ki Juru aris ngandika.
Mapan sampun mengangge kang sarya putih,
medal saking wisma, abdine kang uning sami, yun dherek pan sinupatan.
Samya ajrih wus prapta panepen nuli, Kyai
Ageng nulya, mangkat garwa putra ngiring, tan keri ki Juru ika.
Kyai Ageng lampahnya amurang margi, mapan
nasak nasak, jrihnya yen konangan jalmi, nusup-nusup lampahira.
Nyai Ageng nyai Juru lan sang dewi,
langkung kawelas arsa, lampahnya samargi-margi, wantu datan medal marga.
Tan winarna lampahnya kang kawelas asih,
ing samarga-marga, mengkana ing Pajang prapta, jeng sultan ingkang winarna.
Mapan nuju amiyos munggeng sitinggil,
pepak pra dipatya, ki Ageng pan sampun prapti, lajeng sohan panenggahan.
Mapan nglosod tiyang nenem tiga estri,
kang lanang tetiga, lawan samya ngangge putih, jeng sultan kagyat kalintang.
Dangu-dangu tan pandung kang raka iki, lan
ki Juru ika, katiga Raden Ngabei, langkung geter tyas nalendra.
Nulya gandhek tinuding kinen nimbali, tan
pantara prapta, ing ngarsanira sang aji, sang nata aris ataya.
Paran karsa kiraka wonten puniki, dene
karya gita, menganggo kaya wong mati, lawan padha ririmbitan.
Payo kakang malebu marang jro puri, sira
sesomahan, nora patut aneng jawi, si Monca lawan Benawa.
Iku bae meluwa manjing jro puri, kabeh wus
bubara, sang nata luwar tinangkil, sampun lenggah neng pendhapa.
Kyai Ageng nyai Ageng atut wuri, Ki Juru
punika, tan karilawan kang nyai, den Ngabei pan kelawan.
Sang Dyah Retna Dumilah ingkang tut wuri,
adipati Monca, kelawan Pangran Benawi, wus tata denira lenggah.
Sri Nalendra mapan angandika aris, kakang
ana apa, Ki Ageng aris aturnya.
Ngaturaken tiwas kawula pribadi, pan
kagungan nata, taman sampun risak yekti, pun Ngabei ingkang ngrisak.
Mapan mangke sumongga karsa sang aji,
punika sedaya, pejah sampun katrap sami, tumitah lan hukum melah.
Sri Nalendra mesem angandika ris, kang tan
ora ora, iku kakang sira pikir, dhasar bener anak ira.
Pan wus mongsa iya si Jebeng Ngabei,
dhingin iku iya, ingsun ambil putra yekti, delasan ing mengko iya.
Mapan meksih si Ngabei putra mami, kaliwar
diwasa, ingsun durung aweh rabi, wus pesthi kersaning Sukma.
Lamun iku jodhone Jebeng Ngabei, lah ta
mara Monca, pangulu undangen aglis, ingsun ningkahene pisan.
Ki Pangulu tinimbalan nulya prapti, lan sa
Ketib ira, sang nata ngandika aris, Pangulu sira ningkahna.
Putriningsun iya si Jebeng Ngabei, lan
Retna Dumilah, sandika Pangulu nuli, den Ngabei sampun ningkah.
Sri Nalendra nulya angandika ris, mring
dipati Monca, lah iya Moncanegari, sira saos sawahana.
Den samekta lan kang ngiringaken iki,
marang ing Mentaram, ulihe si kakang iki, tur sembah dipati Monca.
Nulya medal dipati Moncanegari, sampun
tata tata, wahana lawan kang ngiring, wus katur marang nalendra.
Mapan sampun sumekta niskaraneki, ki Ageng
punika, mapan sampun pinisalin, lan putra segarwanira.
Atenapi Kyai Juru Amertani, lawan
garwanira, sang nata ngandika aris, wus kakang sira muliha.
Ingsun duga kakang sapungkur neki, iya
wong Mentaram, padha susah ingkang ngati, marma den enggal muliha.
Tur sendika nulya sesalaman sami, den
Ngabei nulya, ngabekti mring sri bupati, tenapi Retna Dumilah.
Sampun lengser nulya medal saking puri,
wus nitih wahana, mapan rarambatan sami, kesmaran ingkang tumingal.
PUPUH VII
ASMARADANA
Tata tita tan winarni, lampahe duk aneng
marga, ki Ageng lawan putrane, tenapi ki juru ika, sampun prapta Mentaram,
langkung suka manahipun, sagung ingkang kulawarga.
Duk nguni tinilar agring, mapan negara
Mentaram, mangke saras niskarane, praptanya nyi ageng ika, pan agring angsal
tomba, Raden Ngabei awinuwus, kelawan Retna Dumilah.
Langkung sih siniyan sami, tan pegat
pulang asmara, saparannya renting-renting, mapan akekanthen asta, angler pendah
mintuna, kang ibu langkung tyasipun, tenapi ki Juru ika.
Henengna gentya winarni, Kyai Ageng pathi
ika, mapan wus miyarsa wartos, yen kang raka ing Mentaram, mentas geng manggih
susah, dhasar lami tan kepangguh, arsa sowan mring Mentaram.
Budhal sagarwa putreki, tan winarna aneng
marga, Mentaram wus prapta mangke, nulya panggih lan kang raka, lenggah surambi
ika, atenapi Kyai Juru, mapan sami kangenira.
Anenggih nyai geng pathi, lajeng
lumebeting pura, wus panggih tata lenggahe, lan nyai ageng Mentaram, nyai Juru Kelawan, anenggih kang ponan mantu, Dyah rara
Retna Dumilah.
Mapan rerangkulan sami, sakelangkung
kangen samya, nyai Juru apa dene, pan lami tan kepanggya, mengkana kang
winarna, nyai ageng Pathi iku, kang putra sampun diwasa.
Peparabira sang dewi, sang Dyah Retna
Parantresna, mapan wus kembar warnane, lan sang Dyah Retna Dumilah, mapan nging
kantun cahya, lan anteng jatmikanipun, sang Dyah Retna Parantresna.
Mengkana sareng ningali, Raden Ngabei
punika, mapan anginjen dangune, tan sohan dhateng kang rama, tinimbalan tan
arsa, Ki Ageng Pathi puniku, sekelangkung kangenira.
Marang Rahaden Ngabei, mapan angical
kewala, kang prelu karsane dhewe, mespadaken mring sang retna, pinareng linggih
jajar, Sang Retna Dumilah iku, lan Dyah Retna Parantresna.
Kadya pejah tanpa kanin, Raden Ngabei
tumingal, mring kang rayi Pathi mangke, nulya niba pasarayan, lajeng tan arsa
dhahar, mengkana ingkang winuwus, Kyai Ageng ing Mentaram.
Alenggah aneng surambi, lawan kang rayi
kalihnya, ki Ageng ngandika mangke, sareng tekdirnya, anak ira si rara, Dyah
Parantresna sun pundhut, dhahupa lan anak ira.
Iya si Jebeng Ngabei, Ki Ageng Pathi aturnya, sumongga karsa ing
mangke, mapan tan ngrahos gegadhah, tan pantara rawuhnya, nyai ageng ing
Mentaram, anusul dhateng kang raka.
Umatur sarya ngbekti, Kyai putra sampeyan,
pun Ngabei pan ing mangke, boten purun medal medal, lan boten ajeng nedha,
bibekipun ayun pangguh, kiyai wangsul kewala.
Ngantos kawula pribadi, murugi pan boten
obah, eca amujung ing mangke, ngantos kaku manah kula, punapa kang den tedha,
pan boten purun sumahur, mantu sampeyan karuna.
Pan inggih tan den preduli, Kyai ageng wis
ngandika, wus nyai menenga bae, mongsa sira ta bisaha, aweh leganing driya,
kejaba adhimu Juru, iku sira paranana.
Lah sira muliha nyai, adhinira tuturana,
anake sun dhaupake, ya kelawan anakira, Dyah Rara Parantresna, nyai geng lega
tyasipun, nembah lengser saking ngarsa.
Ki Ageng nulya nimbali, mring pengulu
khakim ika, sampun prapta sokan andher, lawan Ketibe sadaya, ki Juru kang winarna, sampun prapta
gennya mujung, neng taman kang pasarehan.
Dyah Retna Dumilah nangis, nenggani neng
daganira, kongsi abalut netrane, dhasar sang dyah lagya nyidham, mengkana
manggih susah, kawarna sang aya buh ayu, ki Juru lenggah neng dagan.
Mapan lajeng den sungkemi, mring sang Dyah
Retna Dumilah, Ki juru lan panebdane, wus rara sira menenga, ingsun arsa
atanya, paran dadi widanipun, sang retna alon aturnya.
Kawula boten udani, sareng nyai ageng
prapta, ing Pathi kawula kinen, marak lajeng manggihana, putra tuwan ngandikan,
kang bibi kangen kelangkung, bola bali boten karsa.
Ki Juru mesem tanya ris, rara sapa
rowangira, jegongan ing dina kuwe, Retna Dumilah turira, inggih lawan sang
Retna, Dyah Parantresna puniku, tan pisah malah sedina.
Ki Juru ngandika malih, rara iku saupama,
duwen sadulur kuwe, apa ta sira kaduga, sang Dyah Retna Dumilah, tumungkul aris
umatur, paman kawala sumongga.
Mapan sampun jaman neki, estri kapurba ing
priya, kawula sinahu mongmong, inggih kelamun kanggeha, nanging panuhun kula,
kantenan karsanipun, leganing manah kawula.
Mengkana kang api guling, wus terang
ingkang pamirsa, yen tan suwala karsane, kang garwa Retna Dumilah, mapan sampun
sumongga, api kagyat gennya wungu, Ki Juru gumujeng suka.
Nulya tedhak den Ngabei, melerok Retna
Dyah Dumilah, nulya sinambat sang sinem, kinuswa Retna Juwita, mapan karya
ngandika, dhuh mas mirah jiwaningsun, senadyan pun kakang krama.
Pan nora sumedya lali, nah angger dhateng
paduka, ki Juru ngandika alon, wus Jebeng sira ngandika, lah ta mara dandana,
nanging adusa karuhun, Rahaden sampun ananya.
Lajeng siram den Ngabei, sawusnya nulya
busana, sang dyah ngladosi dangune, lawan kumembeng kang waspa, ingkang manah
neratab, Rahaden nulya andulu, mring tyasnya sang lir supadma.
Nulya sinambut sang dewi, ingemban lan
pinriyembada, winor lan kitab basane, dhuh dewa pupujan retna, sampun maras
kang driya, boya supe jiwaningsun, senadyan kawula krama.
Mongsa supe ing ngabdi, inggih dhumateng
paduka, ki Juru aris sabdane, wus bei kasuwen nyawa, ika padha den antya, marma
dhingin sun meh lampus, dene mengkono ta sira.
Mesem Rahaden Ngabei, nulya sineleh sang
retna, ing ngaras lan pengahire, dhuh angger mirah kantuna, pun kakang ayun
seba, nora dangu nuli wangsul, sarwi anglus kang sri nata.
Wus mangkat payo Ngabei, iki baya bocah
apa, nora nana kawusane, kasi kaku ateningwang, mesem Raden lumampah, Dyah
Retna Dumilah iku, lajeng mujung pasareyan.
Datan winarna ing marga, Ki Juru mapan wus
prapta, ing mesjid wau lampahe, den Ngabei aneng wuntat, lajeng angaras pada,
nira kang paman Pathi wus, ki ageng ngrangkul mring putra.
Mapan sarwi den arasi, adhuh kangen temen
nyawa, lawan nora temu angger, ri wus nya lenggah atata, Kyai Ageng Mentaram,
aris pangandikanipun, wus adhi sira ningkahna.
Pangulu majuwa iki, kalihe matur sandika,
mapan sampun ningkah mangke, Raden Ngabei kelawan, Dyah Retna Parantresna, Kyai
ageng ing Mentaram, aris denya angandika.
Eh Juru gawanen iki, Ngabei mring
wismanira, nulya luwaran sakehe, Kyai ageng Pathi ika, mondhok masjid kewala,
kawarna jro kedhatun, nyai geng pepek sedaya.
Binusanan sang retna di, kadya gambar
wewangunan, wus tan kena winirahos, mapan wus patut sedaya, Ki Juru kang
winarna, busanani putranipun, Raden Ngabei punika.
Sampun surup sang Hyang Widi, surya
tunggang ing ngacala, ki Juru andherekake, lebetira marang pura, jeng ri sang
pinengantyan, ingkang ibu sampun menthuk, dyah rara nulya tumedhak.
Wus panggih kekathen sami, pan bangun
turut kewala, sang retna sakarsane, kang raka datan lenggana, wus dalu wayah
ira, kang ibu pan samya kondur, mring panggenane sowang sowang.
Mengkana sang raja putri, pan tansah
pinriyambada, mring Rahaden Ngabeine, pinondhong kinuswa kuswa, sang retna tan
lenggana, wus binekta sang dyah ayu,l umebet mring pasarean.
Dyan sira Raden Ngabei, pan anglir manggih
kumala, sagunung adam gedhene, sampun alintu asmara, enjing ira winarna, kang
ibu wus samya rawuh, nyirami kakalih ira.
Nulya sohan mring sudarmi, pan samya
kekathen asta, ingkang ibu katigane, pan ngiringaken sedaya, wus prapta
panepennya, mapan ki agung Mentarum, panuju samya lenggahan.
Lawan ki ageng ing Pathi, katiga Ki Juru
ika, rawuhnya sang pinengaten, ingiring kang ibu tiga, sampun prapta ing
ngarsa, ki ageng sokur Hyang Agung, ningali putra kalihnya.
Ki ageng Pathi tenapi, Ki Juru Mertani
ika, langkung suka pirenane, sawusnya sami ngabektya, lajeng kondur kalihnya,
marang pura sampun rawuh, tan kena benggang sadhela.
Nenggih ki ageng Mentawis, semana pan
lajeng gerah, nanging tan punapa mangko, pan sampun karsaning sukma, kondur
ring rahmatolah, sinare panepenipun, obah kang bumi pra gempa.
Mapan karsanya pribadi, meling dhumateng
kang putra, riwusnya pitung dinane, ki ageng pathi
rembagan, lawan ki Juru ika, sowan marang
Pajang iku, anyaosaken kang putra.
Nenggih Rahaden Ngabei, sampun rembag
kalihira, mapan nulya mangkat mangke, saking negari Mentarum, sohan dhumateng
Pajang, sampun prapta lampahipun, sri nata nuju sineba.
Pepak sagung pra dipati, kagyat sang nata
tumingal, ki ageng Pathi praptane, lan ki Juru Mertanika, katiga lan kang
putra, pan kinen nimbali sampun, prapta ngarsane nalendra.
Mengkana Raden Ngabei, pan lajeng angaras
pada, rinangkul dera sang katong, ki Ageng Pathi kelawan, ki juru Mertanika,
sampun atur salamipun, sawusnya lenggah atata.
Ki Ageng Pathi matur aris, pukulan amba
tur priksa, pun kakang Mentawis katong, mantuk dhateng ramatolah, kagyat sri
naranata, adangu tan kena muwus, lawan kemembeng kang wespa.
Dipati Moncanegari, lawan pangeran Benawa,
pan samya medal wespane, sang nata aris ngandika, atanya pa geneya, Pathi tan
aweh wruh, kala geraha si kakang.
Mapan adoh nagri Pathi, sing Menteram
perak Pajang, dene sira wus neng kono, Ki ageng Pathi aturnya, pan amba sampun
lama, marengi sohan pakulun, inggih dhumeteng Mentaram.
Lawan anak amba estri, pinundhut mantu
punika, inggih pan dhinaupake, lawan pun Ngabei ika, gerah datan punapa,
marmanya amba pukulan, tan ngantos atur uninga.
Sri Nalendra ngandika ris, Monca lan
sagung dipatya, pirsakena kersaningong, ing mengko nagri Mentaram, sasedane si
kakang, iya ingsun paringken iku, si Ngabei kang gumantya.
Lan arane ingsun elih, Senopati ing
Mentaram, kang minongka pamomonge, ya si kakang pathi ika, arane Adipatya,
Bregola ing Pathi iku, si kakang Juru pan iya.
Ingsun arani dipati, Mondaraka wus
prayoga, samya anuwun ature, ingestren sagung siwaka, nata malih ngandika, eh
Senapati Mentarum, poma ta den eling sira.
Mring si kakang weling neki, iya Ki Ageng
Mentaram, sang Senapati ature, pukulan inggih sandika, nging pangestu paduka,
ing siyang kelawan dalu, dewaji ingkang pinuja.
Sang nata ngandika malih, wus sira pudha
muliha, ing wuri pan duganinggong, yen lawas sira tinggala, kaya banget
susahnya, jeng Senapati Mentarum, sandika gya ngusweng pada.
Rinangkul marang sang aji, ingaras mustaka
nira, nulya dipati Pathine, tur salam marang nalendra, Dipati Mondaraka, katiga
wus samya mundur, saking ngarsane sang nata.
Sang Prabu luwaran tinangkil, sampun
manjing kenya pura, kang siwaka luwar kabeh, samya mantuk sowang-sowang,
kawarna kang lumampah, jeng Senopati Mentarum, ngiring kang paman kalihnya.
Datan winarna ing margi, sampun prapta ing
Mentaram, langkung suka pirenane, sagung ingkang kulawarga, sang Dipati
Pregola, pamit mring kang putra sampun, yun kondur dhateng Santenan.
Kang putra sampun nglilani, nulya budhal
wong Santenan, datan winarna margane, ing Pathi pan sampun prapta, tan lama
nandhang gerah, pan sampun kersaning Hyang Agung, kondur marang rahmatolah.
Ingkang putra wus gumanti, Parantresna
arinira, mapan ta jalu sawiyos, gentosi dhateng kang rama, nenggih nama
Bragola, ing pathi kelangkung mungguh, ri sang dipati Bragola.
Tata tita karta sami, ing Pathi Pajang
Mataram, ya ta ingkang winirahos, Sang senopati Mentaram, pan wus kersaning
Sukma, datan marem karsanipun, yen tan mengku Tanah Jawa.
Kelangkung dennya prihatin, mengkana Ki
Mondaraka, mapan wus miyarsa mangko, yen kang putra Senapatya, pan mirong
kersanira, Ki Mondaraka malebu, panggih lan Ki Senapatya.
Ki Mondaraka tanya ris, para Jebeng
kersanira, mapan tan enak tyas ingong, lamun sun dulu tyas ira, ing mengko
lewanira, owah lawan adatipun, sang Senopati aturnya.
Inggih mapan kados pundi, rahose manah
kawula, kedah mekaten esthino, kelamun tan kelampahan, kawula mengu Jawa, ngur
pejaha paman ulun, tan saged tumingal jalma.
Ki Mondaraka ngling malih, yen mengkono
kersanira, bener kang wus mati bae, dene teka kersanira, lamun manggiha arja,
ing denya bae puniku, ngakherat wus pirang bara.
Apa sira gawe wani, amungsuh lan ramanira,
tan karuwan kuciwane, kang dhingin iku wong tuwa, lan kapindho ratunya, mapan
kaping telu guru, kaping pat bandhu sentana.
Ping lima keh balaneki, kaping neme sugih
bondha, dene ingkang ping pitune, mapan iku betah tapa, ping welune punika,
yekti ngibadahe pengkuh, ping sanga siniyan sukma.
Ping sepuluh kandel ati, paran kang sira
wanekna, sang Senapati ature, nangging satunggil punika, mapan purun kawula,
nging tipise manahipun, jeng Sultan Pajang punika.
Ki Mondaraka nahuri, paran gene titis ika,
ing nguni ana dutane, iya si Arya Penangsang, Dhadhangwiring arannya, anyidra
tanpa karyeku, lir laler mencok kewala.
Mapan meksih eca guling, kampuhira tan
tumama, lah Jebeng endi tandhane, sira ni tipis ika, Senapati aturnya, duk
Lepen Nyamat rumuhun, kawula dherek punika.
Nuju kendel wonten margi, mapan arsa
ganten ika, kawula kang ngampil ganten, mapan inggih kering ira, lenggah
katiban klabang, mingser sanget kagetipun, punika purun kawula.
Ki Mondaraka ngling malih, ya Jebeng
kasusu apa, kalamun dhasar tekdire, sira kinarsakken Sukma, iya mongsa wurunga,
nanging den ririh nak ingsun, den samar aywa ketara.
Ing Gunung Kidul puniki, ana jalma mangun
tapa, Ki Ageng Giring namane, iku yen sisip ta nyawa, angrusuhi mring sira, yen
bener pratikelipun, malah angendhih negara.
Dene kang dadi karseki, becik den sabar
kewala, pan mongsa wurunga angger, nanging ta aja ketara, ramanira jeng sultan,
durung anu cacadipun, angur angluruwa bondha.
Abot Jebeng Tanah Jawi, mapan akeh wong
siniyan, iya marang pangerane, agampang Jebeng ing Pajang, duk surgi ramanira,
sira sun jarwani kulup, mapan sira durung ana.
Duk mempenga amangun teki, iya Jebeng
ramanira, tan ana tumimbang kabeh, pandhita ing Tanah Jawa, kang sinisihan ing
Sukma, mapan iya nanging iku, kang papak lan ramanira.
Iya Kyai Ageng Giring, kang oleh wahyuning
Jawa, nanging karsaning Hyang Manon, ngalih marang ramanira, marma dhingin
ramanta, jinalukan waris iku, genti mengku Tanah Jawa.
Sahure ramanireki, kakang kawula tan
kuwasa, punapa karsa Hyang Manon, saking tan rasa rumangsa, marma ngunjuk
kewala, meksa jaluk waris iku, ramanira nuli lunga.
Iku kang dadi kuwatir, ana dene ta ing
Pajang, mapan ming sapisan kiye, nora dadi wiji Jawa, Senapati aturnya, kawula
sumongga tuhu, mapan dermi nglampahana.
Ki Mondaraka ngling aris, ana dene
kersaningwang, amrih awera wijine, pan Ki ageng Giring ika, darbe putra
wanodya, ingkang dadi kersaningsun, rabenana Senapatya.
Umatur sang Senapati, pan kawula dereng
priksa, Ki Mondaraka nebda lan, ya ingsun kang ngaterna, lah mara pa yo
mangkat, nulya abusana sampun, sarwa cemeng busananya.
Pan sampun nulya lumaris, Ki Mondareka
neng ngarsa, datan winarna margane, ing Giring pan sampun prapta, jujug
panepenira, ki ageng Giring winuwus, sampun lunges wayahira.
Lenggah neng panepen neki, ki Mondaraka
luk salam, ki Ageng Giring pan kaget, wantu sampun lungse ika, wus lama tan
pinanggya, pan sakedhap pandung, ri wusnya sesalaman.
Mapan tatalenggah sami, Ki Ageng Giring
atanya, kawula tambet yektose, pun kakang anila krama, wingking pundi pinongka,
Ki Mondaraka sumahur, punapa supe paduka.
Nulya enget ngrangkul nuli, dhuh si adhi
Juru sapa, wong anem lungguh burine, ki Mondaraka aturnya, punika kang tilaran,
rayi paduka satuhu, anenggih Ki Ageng Sela.
Kagyat Kyai Ageng Giring, winertan kang
rayi seda, mapan sanget pangangune, dene ingsun kang wus tuwa, meksih keri neng
donya, nora nyana adhi Juru, yen ingsun iki kariya.
Ki Mondaraka turnya ris, kakang yen
dhangan paduka, kawula tanya sayektos, putra paduka si rara, punapa dereng
krama, yen pareng lan jodhonipun, punika putra sampeyan.
Pundhuten mantu pribadi, pan sampun
ngantos kaliya, ki ageng aris sebdane, iya adhi lamun karsa, mapan ta anak ira,
kang warna pan luwih wagu, lan bodho marang pakarya.
Iku putrane si adhi, sun sawang luwih lan
jalma, warna myang selah tingkahe, adhi banget selayanya, kelawan anak ira, sun
duga lamun tan ayun, gumujeng ki Mondaraka.
Kelawan umatur aris, mapan boten rabi
warna, nging melik taler kemawon, ki ageng Giring ngandika, yen mengkono lah
iya, ingsun tanya kang satuhu, sapa rane lan wismanya.
Lawan apa durung rabi, gumujeng ki
Mondaraka, esmu kewuhan ature, mengkana nulya jarwa, kakang panuwun kula, den
agung apunten tuhu, punika derbe negara.
Mentawis ingkang derbeni, Senapati
namanira, mapan kekalih rabine, nama ratu ing Prawata, kang satunggal namanya,
mapan ratu Pathi iku, ratu Giring yen parenga.
Kumepyur ki Ageng Giring, emut wirayating
kuna, kang mengku ing Jawa kabeh, Senapati namanira, Negara ing Mentaram, dadya
yektinipun, adangu tan angandika.
Wekasan ngandika aris, ya ta adhi ingsun
sumongga, nanging ta duganingong, kaya lamun nora karsa, Senapati Mentaram,
mesem kang sinungan wuwus, tenapi sang Senapatya.
Datan winarna wus panggih, Senapati ing
Mentaram, mapan asih sekalihe, sampun angidham sang retna, pamit sang
Senapatya, kodur dhumateng Mentarum, tan winarna sampun prapta.
Ratu Prawata winarni, wawrat tan ira wus
babar, pan miyos jalu putrane, winestan Rahaden Rangga, langkung bagus kang
warna, lan semu prawira tuhu, welagang kalis ing lara.
Wus ketawis rosaneki, yen gujengan lare
kathah, pan kinarya caclang bae, nadyan tikela gengira, mapan iya mengkana, lan
asring ngresah iku, mring kang eyang Mondaraka.
Padasan asring den elih, jinunjung
sabancikira, kiwa nggennya ngumpetake, yen kang eyang arsa salat, mapan dadak
kecalan, ki Mondaraka nebda rum, mongsa duduwa si Rongga.
Eh ta Rongga ana ngendi, ing mengko
padasan ingwang, mapan arsa salat ingong, gumujeng Rahaden Rongga, eyang kula
tan priksa, ki Mondaraka nebda rum, Rongga ja sira sembrana.
Pan meh akhir waktu neki, gumujeng Rahaden
Rongga, mapan nulya ngaturake, pinondhong lir kembang mayang, mesem ki
Mondaraka, henengena gantya winuwus, sang Senapati ngalaga.
Saben mongsa sowan neki, anenggih
dhumateng Pajang, lan kang rayi Pathi mangko, tan ewah kadya kang rama, yen tan
arsa sowana, ki Mondaraka tanpa sung, mengkana ing lama-lama.
Kawarna jeng Sunan Hadi, mapan mentas
alelana, ngubengi tanah Jawane, pan pinareng kersanira, mampir dhateng
Mentaram, lan Senapati wus pangguh, tenapi ki Mondaraka.
Sampun samya angabekti, mapan lajeng tata
lenggah, jeng sunan sanget ngungune, yen ki ageng ing Mentaram, kondur mring
rahmatolah, lan ki Ageng Pathi sampun, ingkang dadyane Mentaram.
Kang putra Raden Ngabei, ing Pathi iya
kang putra, lawan pinaring namane, den Ngabei Senapatya, ki Juru Moncanegara,
paning Pathi namanipun, nenggih Dipati Brenggola.
Mengkana sinuhun Hadi, ri sawus
sangungunira, nulya atetanya mangko, eh ki Jebeng Senapatya, leh ira karya
kutha, iku sayektine luput, sisiku marang agama.
Lan politik iwen ireki, teka nora nganggo
kandhang, iku ya mengkono maneh, karep sira iku pasrah, marang Hyang Maha
Mulya, nanging pasrahira luput, kandhangan teka buriya.
Dene ingkang tuwan meksih, sira Jebeng
Mondaraka, datan ana pengrasane, tumungkul ki Mondaraka, tan saged matura, jeng
sultan ngandika rum, mengkene ki Senapatya.
Artino kersanireki, mapan lir tigang
prakara, gunung surya segarane, kang gunung lamun ngucapa, mapan iya mengkana,
sapa wani marang ingsun, tur gedhe pakewuh ingwang.
PRadene atemahaneki, dadi asor kang
mengkana, segara mengkono maneh, iya lamun angucapa, sapa wani mring ingwang,
jembar ingsun jero ingsun, tan kena yen tinrajanga.
Dene kang surya puniki, iya lamun angucapa,
mapan ya mengkono maneh, sapa baya kang kelara, nandhang rasane iya, panase
mring nepsoningsun, lan luhur panggenan ingwang.
Ingkang tiga iku kaki, Jebeng pan kasor
sedaya, ana dene prathandane, kang gunung pan asung pangan, segara asung
sandhang, kang surya iku pan asung, marga ing sakarsanira.
Pan kita mangkono maning, Jebeng senopati
sira, wisma tanpa pager mangko, pitik iwen tanpa kandhang, mengkono artenira,
sapa kang wani maringsun, Mentaram neng astaningwang.
Lan teguhe kulit mami, iya wesi Tanah
Jawa, tanana tumama kabeh, lan becike gaman ingwang, luput teguh yuwena, iku
Jebeng artinipun, tumungkul sang Senapatya.
Mengkono karsa mami, iya Jebeng Senapatya,
wong Mentaram iku kabeh, becik padha konen karya, iku bata sedaya, selingen
kelawan watu, dadi bata becingah.
Lawan pitik iwen iki, becik padha
kandhangana, lawan kuncinen lawange, lamun dalu sambangana, iya Jebeng ping
tiga, nuli pasrahna Hyang Ageng, ngilangken teka burinya.
Iku manungsa sayekti, prayitna mring sipat
ngaral, dene watese kedhaton, iya karsaning Hyang Sukma, ingsun tuturi sira,
nyandhak mendelem sang wiku, cinagking ing asta kiwa.
Poma Jebeng ywa ngewahi, tuturen
separanira, kang toya mancur iline, sang Senapati tut wuntat, lan bekta pathok
ira, ki Mondaraka tan kantun, sawusnya sang wiku musna.
Nulya kangjeng Senopati, lawan Kyai
Mondaraka, parentaha karya banus, ana ingkang matut sela, kerigan wong Metaram,
Raden Rongga kang winuwus, mapan iya lagya prapta.
Dinangu mring Senapati, kulup teka ngendi
sira, wus lawas sira tan katon, umatur Rahaden Rongga, saking Pathi kawula,
mapan inggih pados guru, mesem kangjeng Senapatya.
Kurang apa ya ireki, ya si paman
Mondaraka, kulup arep apa kowe, teguh sekti tan bisa, guna lawan serana, tur
wespada mring Hyang agung, tumungkul Rahaden Rongga.
Henengena ing Mentawis, ingkang lagya
ngangkat karya, kerigan ing sadinane, tan lewa sadina dina, kawarnaha ing
Pajang, jeng sultan miyarsa sampun, lajeng miyos sinikawa.
Pepak kang para dipati, ingkang munggeng
arsa nata, putra Pangran Benawane, lawan adipati Monca, mantu dipati Demak, lan
Dipati Tuban iku, samya mantu Sri Nalendra.
Dipati Carebon nangkil, lawan dipati
Mandura, Madiyun Surabayane, Kadhiri lan Panaraga, Sumedhang lan kerawang,
Jakarta Palembang iku, Betawi lan Belambangan.
Kangjeng sultan ngandika ris, tanya mring
Dipati Monca, sira mirsa wertane, Ki Senapati Mentaram, arsa ngrakit kedatyan,
Dipati Monca umatur, pan inggih sampun miharsa.
Paran Monca karsa neki, apa becik
tinimbalan, Ki Senapati ing mangko, ature Dipati Monca, yen marengi kang karsa,
prayogi pinirsa sampun, yektos kelawan botennya.
Matosi lan boten neki, nanging pandugi
kawula, wantunipun tiyang anem, tan wikan ing suba sita, mring sesikupunika,
lamun kalajeng punika, dewaji pun Senaptya.
Dugi kawula tan kenging, pan pun kakang
Mondaraka, kados atur uningane, kalih kelamun puruna, punapa kasupena, inggih
kang jangji rumuhun, punapa ingandel kena.
Sinten kang ingaben jurit, inggih titiyang
Mentaram, mapan sepinten kathahe, tur samya tusse wong desa, Sri Nalendra
angandika, ya kakang bener aturmu, nging sapa ingkang prayoga.
Moncanegara turnya ris, yen paduka
utusana, bupati ageng manahe, prayogi Gandhek kewala, inggih pun pulang jiwa,
lan jiwaraga puniku, Sri Nalendra angandika.
Wus iku kakang prayogi, mara nuli kinon
mangkat, kakang ing sadina kiye, kang tinuding tur sandika, sang nata gya
luwaran, kang siwaka bubar sampun, wernanen Ki Pulungjiwa.
Lan jiwaraga lumaris, gegancangan
lampahira, datan kawarna lamine, Mentaram pan sampun prapta, kawarna Senapatya,
mapan angideri iku, mring sagung kang karya bata.
Kelawan nitih turanggi, Pulungjiwa
jiwaraga, pan esmu kewran manahe, paran iki kersanira, ika kang Senapatya, pan
lagya ngubengi iku, marang wong kang bata.
Lan paran karsanireki, iya adhi Jiwaraga,
apa ta dhinawuhake, karsa nira Sri Nalendra, iki sang Senapatya, mapan anitih
kudeku, apa padha aneng kuda.
Iya ing prayoga neki, atawa lamun dharata,
ki Jiwaraga sahure, iya kakang Pulungjiwa, ingkang katemu ingwang, prayoga
andharat iku, amrih ketara tyas ira.
Pan iku sang Senapati, alane lawan
beciknya, yen meksih becik atine, pesthi mudhun saking kuda, lamun estu
sedhenga, pasthi yen tan arsa medhun, kena kinarya pratondha.
Dyan Pulungjiwa nahuri, yen mengkono
karsanira, dadi masang kala kuwe, tur tan kena karya tondha, adhi ingsun lan
sira, wong cilik saestonipun, tangeh yen ingudhunana.
Jiwaraga sahur neki, bener kakang lamun
ingwang, mapan wong cilik estune, nanging ingsun iki kakang, ngemban timbalan
nata, dadya pradudon adangu, mengkana sang senaptya.
Wus prapta panggenan neki, Pulangjiwa
jiwaraga, dadya gandhek kalih mangko, samya mudhun saking kuda, kaselak
ajrihira, sang Senapati wus rawuh, manggung aneng ing turongga.
Langkung kewran gandhek kalih, mengkana
ing karsanira, pan lajeng dhinawuhake, pan kawula Senapatya ngutus rama paduka,
hangyektosken wartenipun, paduka yen karya bata.
Punapa tan atur uning, sang Senapati
ngandika, eh gandhek matura bae, nyata ingsun karya bata, ayun becike wisma,
iya lawan pager iku, nora nana adatira.
Wong karya wisma pribadi, yen ngango atur
uninga, matura mengkono bae, wus lajeng sang Senapatya, kondur dhumateng pura,
gandhek kekalih angungun, wus nyata sang Senapatya.
Dene datan amerduli, marang utusan
nalendra, nulya gandhek matur age, gegancangan lampah ira, sampun prapta ing
Pajang, kangjeng sultan tan winuwus, mapan lagyas iniwaka.
Dipati Moncanegari, kang munggeng ngarsa
nalendra, datan pantara praptane, Pulangjiwa Jiwaraga, wus cundhuk aneng
ngarsa, Sri Nalendra tanya rum, parangandhek lakonira.
Mring Mentaram ingsun tuding, nyatakaken
Senapatya, lan apa ketemu dhewe, sira lawan Senapatya, matur den Pulangjiwa,
lan Jiwaraga wot santun, dewaji abdi dinuta.
Sampun prapta ing Mentawis, inggih yektos
ing Mentaram, tiyang pan kinerig mangke, mapan tan woten nganggurnya, sedaya
karya bata, wonten ingkang matut watu, sela pethakkang kinarya.
Sinami lan banon neki, badhe kinarya
becingah, lawan kawula sang katong, inggih kepanggih priyongga, lawan sang
Senapatya, akarya banon puniku, punapa tan tur uninga.
Inggih dhumateng sang aji, kawula ngantos
ataya, sang Senapati sahure, lah iya gandhek matura, marang kangjeng sang nata,
nora nana adatipun, kelamun wong karya wisma.
Lan pager nganggo tur uning, mengkono bae
matura, sang nata ataya mangko, paran baya nora ewah, mring sira patrap ira,
gandhek kekalih puniku, ature mapan selaya.
Pulungjiwa atur neki, tan ewah kadya ing
kina, Ki Jiwaraga ature, mapan yektos sampun ewah, kewran jeng Sri Nalendra,
dadya angandika arum, paran dipati Monca.
Kang dadya prayoga neki, tur sembah dipati
Monca, inggih yen pareng sang katong, pan kawula priyongga, lumampah mring
Mentaram, tan wonten sampunanipun, lepat mindhak karya susah.
Sri Nalendra ngandika ris, wus Monca
mangsa bodhoha, nanging iku prayogane, kanthinya lan si Benawa, yen ana
lalenira, ing salah sawiji iku, ana ingkang ngelingena.
Sampun dadya rembag neki, sang nata luwar
sineba, dipati Monca pan mangko, anulya atata tata, lawan Pangran Benawa, wus
budhal dhateng Mentarum, ing marga datan winarana.
Kawarnaha ing Mentawis, Senapati Ing
Ngalaga, lawan ki Mondarakane, mapan wis miyarsa warta, lamun dipati Monca,
ingutus dhateng sang prabu, lawan Pangran Benawa.
Ki Mondaraka nebda ris, paran Jebeng
karsanira, ki Senapati ature, kawula sumongga paman, angling ki Mondaraka iya
Jebeng karsaningsun, mapan methuk mring gredegan.
Nanging Jebeng wekas mami, poma ywa sira
ketara, payo nuli mangkat mangko, menawa kadhinginan, dadi suda kang sarya,
sang Senapati pan sampun, anulya ngrasuk busana.
Nulya budhal Senapati, lawan Kyai
Mondaraka, nging ponakawane bae, lawan gamel kekapalan, wetara kawan dasa, lan
Raden Rongga pan tumut, tan kalilan nora kena.
Prapta geredegan nuli, sampun kaphetuk
punika, lawan dipati Moncane, tenapi Pangran Benawa, samya tedhak sing kuda,
pan lajeng rangkul rinangkul, mapan samya kangenira.
Dipati Moncanegari, mulat rare alit ika,
meksih neng luhur kudane, pan sampun medhun sadaya, anging kantun punika, kang
warna kelangkung bagus, meksih manggung neng turongga.
Dipati Moncanegari, tanya mring Ki
Mondaraka, punika sinten putrane, kang werna luwih ing kathah, bagus semu
prawira, Ki Mondaraka gumuyu, wayah sampeyan.
Putraningpun Senapati, patutan saking
Prawata, inggih kelangkung besure, lamun kawula asalad, den resahi kewala, tan
kenging ing ingaruh-aruh, mesem adipati Monca.
Nulya angandika aris, lah kulup sira
mudhuna, ingsun eyangira dhewe, tan karsa Rahaden Rongga, Ki Mondaraka anebda,
suwawi lajeng lumaku, lare tan kenging pineksa.
Mring ramanipun tan ajrih, anulya lajeng
lumampah, datan winarna margane, wus prapta negri Mentaram, lajeng lumebet
kitha, pan sampun tata alungguh, mengkana Rahaden Rongga.
Mapan lajeng angabekti, mring eyang dipati
Monca, rinangkul ingaras mangke, nulya ganti mring kang paman, nenggih Pangran
Benawa, cinandhak nulya pinangku, dhasar dereng gadhah putra.
Kelangkung kepengin neki, Pangran Dipati
Benawa, yen darbeya putra mangko, nulya alon angandika, kulup meluwa mring
wang, Raden Rongga tan umatur, mapan akendel kewala.
Kangjeng Pangran matur aris, mring kang
raka Senapatya, kang mas yen marengi mangko, pan thole kawula bekta, mesem sang
Senapatya, mongsa bisa ariningsun, anakira iku uga.
Bocah Jawala kepati, lan maning mongsa
gelema, lah mara terinen dhewe, tinari mantheleng nulya, suka Pangran Benawa,
gumujeng ingaras kang bun, adhuh nyawa anak ingwang.
Pendah wusa sagedhe benjing, baya pilih
tandhingira, ki Mondaraka sahure, yen pareng wonten punika, kang ngresahi
kewala, nging mentas dhateng puniku, saking ing Pathi mulana.
Marmanipun tan menangi, jeng Sunan hadi
rawuhnya, dipati Monca nebda lan, inggih kakang Mondaraka, dhateng kula punika,
ingutus kangjeng Sang Prabu, mapan ta kinen amirsa.
Kang wreta misuwur sami, yen Senapati
Mentaram, mangkya angrakit kedhaton, marmane kawula kakang, ingkang kinen lumampah,
ing mangke kawula dulu, mila yektos kang pawarta.
Punikata ta kados pundi, punapa ta
kasupena, ki Mondaraka sahure, sarwi gumujeng alatah, adhi dipati Monca, den
ririh adhi rumuhun, mangke ta kawula warta.
Putra paduka sayekti, pun Senapati Mentaram,
mapan darbe karsa dhewe, malah ta mentas dinukan, dhumateng kangjeng sultan,
kang ngreka lan watesipun, jeng Sunan Hadi sedaya.
Kawula mapan nggih adhi, tan kantun tumut
kadukan, lawan punapa cacade, tiyang anyaheni wisma, kalawan pagerika, mapan
winenangken ngelmu, rumeksa awak pribadya.
Amrih ecane tyas neki, adhi tiyang wonten
donya, mapan sinungan kemawon, pan angger kuwat ngibadah, ecane ingkang manah,
yen tan eca manahipun, dadya rongeh ciptanira.
Pun adhi punapa adhi, rumeksa tiwas
kawula, ing siyang lawan dalune, gumujeng dipati Monca, lah kakang basakena,
wong dinawuhan, bebendu, teka ngajak padu ika.
Kang dadi watiring ngati, punapa kakang
andika, purun nanggung kakang mangko, dhumateng Senapatya, ki Mondaraka nebda,
inggih adhi pindho laku, mongsa kawula selaka.
Ing lara kelawan pati, mongsa kawula
kantuna, lan inggih mekaten maleh, pun adhi prapta punika, ingutus Sri
Nalendra, yen datan sageda ananggung, adhi ing selakihanya.
Mapan inggih tanpa kardi, kelamun boten
sageda, amupangati kalihe, kang patut lawan agama, ingkang eca lampahnya, icale
rahos piniku, kang nerah purbaning Sukma.
Yen tan mekotena adhi, tan wande manggih
sangasara, inggih kang salah sijine, ing donya prapteng ngakherat, mesem dipati
Monca, sarya angandika arum, basakna kang Mondaraka.
Kawula dhateng puniki, kakang negari
Mentaram, mapan ngemban timbale, kakang kangjeng Sultan Pajang, dhawuhaken
duduka, dhateng jengandika tuhu, lan Senapati Ngalaga.
Wekasan kakang dukani, inggih dhumateng
kawula, lah ta iya, sapatemon, saya gumujeng asuka, saking tana tinaha, ki
Mondaraka nebda rum, pun kakang wong krana Allah.
Dipati Moncanegari, wekasan aris ngandika,
Jebeng Senapati kuwe, den eling pitutur ingwang, iku ta poma poma, ya wus bener
anak ingsun, yen sira sinihan Sukma.
Nanging poma aja wani, Jebeng marang
ramanira, lawan ingsun titip angger, iya marang ari nira, Jebeng Pangran
Benawa, jumenenge Pajang besuk, ingsun percaya ing sira.
Tumungkul sang Senapati, sarwi matur isak
Allah, kelamun pareng tekdire, inggih pun adhi Benawa, kawula mongsa supeya,
ing donya ngakheratipun, punapa malih jeng sultan.
Mapan pun bapa pribadi, yektose dermi
kewala, dene ingkang ngagengake, dhumateng awak kawula, inggih jeng sultan
Pajang, paran margenipun purun, gumujeng Dipati Monca.
Adhuh anak ingsun gusti, margane ne yen
ajaha, sun dhewe lumaku angger, nora wurung karasukan, iya Jebeng Mentawis, wus
ta paran anak ingsun, ingkang dadi kersanira.
Sebanira Senapati, iya marang ramanira,
yen ingsun dinangu angger, ature sang Senapatya, dhumateng sang dipatya, pan inggih
sasampunipun, mapan kawula aseba.
Sang dipati ngandika ris, iku ewuh
Senapatya, tegese wong sakarepo mapan tan ana watesnya, yen sira arep seba, ing
mengko barang lan ingsun, iya Jebeng sira bisa.
Yen karep sira kaki, nadya salawas haneya,
nora entek karep kuwe, tumungkul sang Senapatya, ki Mondaraka nebda, yen pareng
adhi puniku, prayogi winalerana.
Sewanipun Senapati, sang dipati lan
ngandika, pinten kakang prayogine, sampune ingkang pakarya katingale kang
warna, ki Mondaraka sumahur, wontena katigang warsa.
Sang dipatya anahuri, dene lami temen
kakang, Ki Mondaraka sahure, adhi senadyan lamiya, yen kenging ing entosan,
nadya enggal sami nipun, yen resah karya punapa.
Dipati Moncanegari, aris denira ngandika,
yen sampun dados rembage, inggih kakang Mondaraka, kawula arah kewala, nging
Senapati nak ingsun, poma aja lali sira.
Senapati turnya ris, inggih pangestu
paduka, mengkana kang winirahos, dipati Mocanegara, lawan Pangran Benawa, wus
lami aneng Mentarum, tan kirang kang boja krama.
Pitung dina winetawis, mengkana dipati
Monca, lan Pangran Benawane, pamit kondur marang Pajang, dherek sang Senapatya,
Ki Mondaraka tan kantun, tenapi Rahaden Rongga.
Kendhel Prembanan nuli, Salaman sang
Senapatya, lan Kyai Mondaraka, tenapi Rahaden Rongga, wus kondur mring
Mentaram, sang dipati mapan sampun, lawan Pangeran Benawa.
Prapta ing Pajang negari, wus cunduk lawan
nalendra, katur ing saneskarane, kalangkung ngungun ing nala, kangjeng sultan
miharsa, henengena ingkang winuwus, kawarnaha ing Mentaram.
Kelangkung kasukan neki, lawan mantri
Pamajegan, Pagelen ing sapangilen, dadya katungkul sadaya, tan sowan dhateng
Pajang, Ki Mondaraka winuwus, kelangkung kuwatir ira.
Nulya manjing dhateng puri, wus panggih Ki
Mondaraka kelawan Senapatine, Ki Mondaraka ngandika, eh Jebeng Senapatya, dene
ta sira katungkul, apa wus mengkano nyawa.
Kang amantri manjegan iki, sira jak
mengkono ika, yen kapirsaha sang katong, tan wurung dadi prakara, tur mongsa
nguwisana, kelamun mengkana karepmu, angur sebaha kewala.
Sakehe majegan niki, becik suwunen kewala,
sira kang dadi lurahe, mapan ingsun yen kaduga, kelamun anyuwuna, sang Senapati
tumungkul, datan saged yen matura.
Ki Mondaraka ngling malih, paran kaki
Senapatya, yen sidaha sira mangko, memusuhan ramanira, kangjeng Sultan ing Pajang,
bala siji tandhing sewu, lir karubuhan akasa.
Nadyan anaha kang sekti, Senapati
balanira, tandhing guna sernane, teguha tandhingan rosa, paran ta polah ira,
dene mengkono karepmu, wus payo angur sebaha.
Nora wurung iki benjing, iya sakeh wong
Mentaram, padha dadi bathang kabeh, Jebeng dene polah ira, marma payo nesha,
sang Senapati tumungkul, mapan sarwi ngemu wespa.
Ki Mondaraka ling malih, paran kang sira
andelna, apa polahira kuwe, ingkang bakal dadi bondha, matur sang Senapatya,
paman luhung kula lampus, yen tan mengku Tanah Jawa.
Ki Mondaraka duk uning, yen kang putra lit
tyasira, mengkana ris panebdane, iya Jebeng Senapatya, wus jamake wong priya,
ing aprang pan kinarubut, wor pupug praguling pupya.
Kantar bahu genti kreris, nanging sawiji
cacadnya, yen mungsuh wong liya kae, mapan sun kaliwat suka, iki mungsuh
ramanta, paran besuk yen katemu, ingsun lan si adhi Monca.
Mendah dene wirang mami, ingsun nuli
tinudingan, maring tangan kiwa bae, apa dene Sri Nalendra, ingsun iki pan
ngarasa, wus kinulangi sudengsun, tumungkul Sang Senapatya.
Ki Mondaraka ling malih, lamun kita
memungsuhan, sepuluh Pajang gedhene, nadyan silih den keriga, estri lawan
rarenya, mapan yekti wani ulun, sarehning padha kawula.
Becike eh Senapati, mapan anganggo
setiyar, suwunen marang kang gawe, den terang aja kumlamar, gampange kersanira,
mapan lawas tigang tahun, aja ta katungkul sira.
Nyuwuna kanthi ngajurit, mapan Allah sipat
murah, yen wis kalilan nakingeng, pasthi sira pinaringan, nama nira jeng
sultan, mapan gampang merganipun, yen wus rinikan Sukma.
Mengkana jeng Senapati, sakondurira kang
paman, mapan nulya kesah mangko, lajeng manjing dhateng wona, kawarna tengah
wona, ing Nglipura namanipun, wonten selanya gegi-lang.
Lajeng kangjeng Senapati, pinarak ing sela
gilang, ngentingken panca driyane, nutupi ingkang babahan, nenggih kang nawa
songa, sarwi sila tumpang iku, wus angrasuk badan satunggal.
Dadya sirna gung kaeksi, wus suwung sang
Senapatya, amor lawan Pangerane, nulya neba Senapati, mapan sare neng sela,
mengkana ingkang winuwus, wonten kalih prapta.
Ngapit aneng kanan kering, gennya sare
Senapatya, nengna ingkang winarna mangke, sira Kyai Mondaraka, datan eca kang
driya, lajeng lumebet kedhatun, tanya mringkang kemit nulya.
Apa ana Senapati, kang kemit matur wot
sekar, tan uning amba puruge, Ki Mondaraka ngandika, den becik kari padha,
sandika samya turipun, ingsun nusul Senapatya.
Ki Mondaraka lumaris, ngulari dhateng kang
putra, wus datan samar prenahe, yen aneng alas Lipura, lajeng Ki Mondaraka,
datan pantara wus rawuh, lintang kalih sareng musna.
Jumeneng keringnya linggih, Ki Mondaraka
punika, sarya wungu ingkang sare, dene enak Senapatya, oleh ira anendra, tan
sembada karsanipun, kagyat kangjeng Senapatya.
Tumingal kang paman prapti, anulya atata
lenggah, Ki Mondaraka nebda lon, paran sira Senapatya, apa wus oleh karya, sang
Senapatya turipun, ingguh sampun angsal karya.
Ki Modaraka tanya ris, apa Jebeng kang
pratondha, paringanira Hyang Manon, matur kangjeng Senapatya, paman pan wonten
lintang, kekalih prapta atutur, pan sagah ngrencangi kula.
Benjing kelamun ajurit, gumujeng Ki
Mondaraka, adhuh anakingsun angger, lintang sira gugu nyawa, pan adoh
enggenira, kalawan banget adhuwur, tan kena pinasthekna.
Kaya pa genira nagih, lawan nora sipat
jalma, paran gone ngadu angger, tumungkul sang Senapatya, nebda Ki Mondaraka,
yen mengkono anak ingsun, payo padha andum karya.
Sira manjinga jeladri, ingsun munggah
marang arga, sang Senapati ature, mapan punapa kang karsa, kawula tan lenggana,
nulya sareng angkatipun, sampun prapta Prerambanan.
Ki Mondaraka nebda ris, wus Jebeng sira
kariya, sun mring gunung Mrapi mengko, tan pantara gya lumampah, kawarna
Senapatya, nulya ambyur ngumpak iku, marengi geng ingkang toya.
Banjur ngeli tuting warih, lampahnya
mendha kunarpa, kasangsang sangsang lampahe, nging kodrating Pangeran, mengkana
kendelira, neng rawa aji manekung, kawarna kang samodra.
Toya panas anglir geni, lajeng bebek kang
sawangan, mengkana kang winirahos, ingkang ngedhaton samodra, tan kuwawi
nyandhanga, ingkang gara-gara agung, kangjeng ratu wus uninga.
Yen Senapati Mentawis, ingkang karya letoh
ika, samodra saniskarane, nulya animbali prapta, pan Tunggulwulung ika,
angandika kangjeng ratu, Tunggul sira ingsun duta.
Maranga ing rawa aji, aturana Senapatya,
sang Tunggulwulung gya lengser, nanging kersaning Hyang sukma, datan bisa
mentasa, Tunggulwulung nulak wangsul, mapan sampun tur uninga.
Jeng ratu mesem ing galih, mengkana
ciptaning driya, nora bakal wus tekdire, kang iku kang duwe Jawa, tan kena gina
gampang, dene bali Tunggulwulung, anulya ngrasuk busana.
Dene jeng ratu kawarni, salin ping telu
sadina, yen enjing mapan wernane, lir Dewi Ratih suwarga, yen bedhuk wernanira,
lir Dresanara tumurun, sore lir Dewi Supraba.
Nulya lumampah pribadi, datan mawi bekta
bala, nging Tunggulwulung kang dherek, tan pantara nulya prapta, ing rawa aji
ika, pun Tunggulwulung ingantun, nging kangjeng ratu pribadi.
Mengakan jeng Senapati, lagya munajating
sukma, datan uninga praptane, kangjeng ratu aneng ngarsa, lawan aris aturnya,
kawula anuwun tulung, mulyane ingkang segara.
Sang Senapati ningali, kelamun ana
wanodya, donya tan ana pindhane, dadya wewer tingalira, nulya aris angandika,
paduka mundhut pitulung, mulyane ingkang segara.
Kawula makaten ugi, mugi paduka tulunga,
ing Mentaram kamulyane, jeng ratu mesem ngandika, iki silih basakna, ana wong
anyuwun tulung, mundur winales kewala.
Sang Senapati nebda ris, sampun limrahe
punika, yen tiyang wade nah angger, tinumbas mesem sang retna, inggih benjing
kawula, punapa karsa jumurung, angger mulya kang samodra.
Sang Senapati nebda ris, dene ta ingkang
samodra, waluya karsa sang manon, pan kawula tan kuwasa, mugi Allah paringa,
tan pantara mulya sampun, mesem jeng ratu ngandika.
Yen parang karsa dewaji, pinaraka mring
samodra, neng ngriki awon tingale, sang Senapati ngandika, kawula pan sumongga,
nging tan wikan margenipun, mesem jeng ratu ngandika, kawula pan sumonga, nging
tan wikanmargenipun, mesem jeng ratu ngandika.
Kawula ingkang ngaturi, Tunggulwulung gya
ngandikan, datan pantara praptanya, jeng ratu aris aturnya, tuwan nitih punika,
sang Senapati pan nurut, wus nitih ing gigirira.
Jeng ratu musna tan kaeksi, pun
Tunggulwulung lumampah, wus ambles ing segarane, prapta telenging samodra, ya
ta ingkang winarna, nenggih ing kedhaton kidul, mapan amindha suwarga.
Pager kang banon cepuri, selaka pethak
kainarya, kori pinilaran jene, suwasa bebetur ira, nenggih pethetannira, pan
warna warna dinulu, kang kinarya pan selaka.
Kang gendhong sinilih asih, atenapi lan
uwitnya, mapan ya mengkono maneh, langkung asri yen pinirsa, dene kang
pelataran, sinebaran ten jumerut, mirah nila nawa retna.
Jembangan mapan merapit, kinarya warna
warna, jumerut lan mirah kabeh, bancike emas kinarya, ana ingkang suwasa,
selaka selangipun, tan ana dalu rahina.
Ingkang sekaran pan asri, taneman munggeng
kembangan, pan warna warna yen tinen, Kedhaton Kidul punika, mapan ing ngalam
denya, nging punika ingkang punjul, mapan amendha kang suwarga.
Kang Prabayeksa winarni, bale mas kang
saka dhomas, mirah inten pepatike, pan wus tan kena winarna, kan
pasarehanrineka, kang naga emas puniku, mapan anetra kumala.
Praptanya teleng jeladri, Tunggulwulung
sampun werna, jalma samodra tan katon, nanging katingal kang praja, kelangkung
agengira, miwah langkung asrinipun, lan kathahe ingkang jalma.
Mengkana Sang Senapati, sampun rawuh
paregolan, kangjeng ratu winirahos, mapan waus neng paregolan, ngayap
jimperayangan, lan Senapati wus cundhuk, lajeng akekanthen asta.
Ngaturan manjing jro puri, prapta lajeng
tata lenggah, jeng ratu mengkana tyase, coba sun godhane mana, ingkang bakal
nalendra, dimen lali prajanipun, jeng ratu mesem ngandika.
Kang waja kengis lir thathit, gumebyar
karya asmara, anggodha paran liringe, mapan mesem aris turnya, pukulun
Senapatya, yen pareng karsa sang ngulun, sampun kondur Mentaram.
Jumenenga wonten ngriki, mapan kathah
sawabira, sang Senapati nebda lon, punika sawab punapa, kawula pajarana,
kangjeng ratu mesem matur, mapan tan kenging palastra.
Lan sepuh mekaten malih, atenapi ingkang
susah, punika tan kenging mangko, mesem kangjeng Senapatya, mapan aris
ngandika, dhuh mas mirah jiwaningsun, bendara sampun anduga.
Kawula miyarsa warti, sampun kocap jroning
iman, yen makhluk punika lire, dera lamun tan kenginga, pejah tenapi susah,
nanging datira Hyang Agung, punika tan kenging ewah.
Mapan inggih kang utami, manungsa kang
sipat ngaral, sabab akathahe linge, punika dados ganjaran, yen lawan kapanrima,
sareng mirsa kangjeng ratu, lamun kasinggihan sebda.
Karsanya yun gedha yekti, mapan tan nora
kagodha, wekasan kagodha dhewe, dadya anyumkemi pada, ring kangjeng Senapatya,
karuna aris turipun, kawula dhingin manungsa.
Suwunen dhateng Hyang Widi, pan inggih
awak kawula, dadose manungsa maleh, jeng ratu sanget mularnya, mengkana
Senapatya, jeng ratu nulya sinambat, ingemban lawan jinarwan.
Dhuh mas mirah ingsun gusti, sesotyane ing
samodra, kendela dhuh nahing angger, mapan iku nora kena, wus tekdire Hyang
Sukma, wus pinesthi lohimahpul, angurbaya narimaha.
Mengkana lejar tyas neki, kangjeng ratu
amiyarsa, sebdane sang Senapatine, nanging meksih neng embanan, mulat sang
Senapatya, yen jeng ratu sampun lipur, nulya gunturi srenggara.
Kang abdi matur sayekti, sareng tumingal
paduka, angler manggih upamane, kumala sa alam denya, mapan ciptaning driya,
mendah kramaha satuhu, sun pindha kadya ngawula.
Dhuh gusti pujaning sari, sarine retna
dimulya, dhuh nahangger kawulane, bendara pun Senapatya, mugi den mengena,
linton asmara satuhu, mesem jeng ratu miharsa.
Mengkana sang Senapati, jeng ratu nulya
binekta, manjing mring tepas wangine, sang retna datan lenggana, sinareken lan
sarta, kinarang hulu asteku, tan kendel ingkang srenggara.
Lesu lupa sarireki, mapan wus datan
sajiwa, saking genge pengarihen, mengkana sang Senapatya, mapan ngarah asmara,
sang dyah tangkis wus karingkus, sampun aliru asmara.
Ketemben uninga resmi, jeng ratu mapan
kantaka, nulya sang Senapatya ge, jeng ratu nulya ingemban, binekta mring
patirtan, wus sesotya kalihipun, nulya anembung ngastanya.
Wus lenggah malige rukmi, mapan pinangku
sang retna, datan pegat panguswane, sang Senapati Mentaram, dadya ingkang
salira, kangjeng ratu hemar lesu, sare aneng pangkonira.
Sang Senapati Mentawis, aris denira
ngandika, wus kantuna mirah angger, pun kakang ayun mantuka, gusti dhateng
Mentaram, jeng ratu kendel basengut, sarya nglirik neng pangkonira.
Ngandika sang Senapati, sarta anglus kang
sri nata, winor lawan pengarihe, dhuh dewa inten rineka, pepujan saking swarga,
wit ning angger abdinipun, tan betah pisan lan dika.
Nanging mirah kadosa pundi, ingkang
amindha supadma, yen kawula tilar angger, aneng ing mriki kewala, sagung wadya
Mentaram, dhuh gusti abdi nenuhun, welasa mring dasih ira.
Saprandene ingkang abdi, pun Senapati
Ngalaga, lumados sakarsane, dhuh mirah angger bendara, sepinten tebih ira, ing
ngriki lawan Mentarum, mesem jeng ratu ngandika.
Bisa temen amek ati, ratuning wong Tanah
Jawa, tur mongsa mantepa kuwe, lamise pan wus ketara, mendah silih wadona, baya
luwih saking iku, sarwi malerak sang retna.
Mesem kangjeng Senapati, sang retna
kinuswa kuswa, winor lan kitab basane, dhuh sotyaning pramudhitya, biya karya
la hela, pun Senapati saestu, sumedya angestu pada.
Dadya rena tyas sang dewi, Tunggulwulung
tinimbalan, datan pantara praptane, jeng ratu aris ngandika, Tunggulwulung
dherekna, sang Senapati Mentarum, sandika nulya lumapah.
Datan pantara wus prapti, Senapati ing
Mentaram, panggih lan Ki Mondaraka, mesem Kyai Mondaraka, lawan aris ngandika,
dhuh anak ingsun wong bagus, kaya ta wus oleh karya.
Mesem kangjeng Senapati, mapan pangestu
paduka, ki Mondaraka nebda lon, iya iku kersaningwang, Jebeng wis tinurutan,
dadi wus tan wirang ingsun, katemu si adhi Monca.
Henengena ing Mentawis, wonten genaya
cinarita, ing Tanah Sabrang ta mangko, Sepanyol araning praja, ingkang dadya
nalendra, mapan kembar namanipun, Baron Sukmul ingkang tuwa.
Baron Sakendher ingkang ari, mapan lagya
pejagongan, Baron Sukmul nebda lon, adhi ingsun mirsa warta, iya ing Tanah
Jawa, negara gedhe kelangkung, lan murah sabarang ana.
Datan ana kang nimbangi, adhi ing negara
Sabrang, Baron Sankendher wuwuse, iya kakang ingsun wikan, warta kayamengkana,
Baron Sukmul aris muwus, adhi yen rembuk lan sira.
Sun arsa ing Tanah Jawi, ngong coba luru
dagangan, Baron Sakendher wuwuse, aja kakang angure ingwang, tanggung kakang
yen sira, pan akeh pakewuhipun, lan mongsa anguwisana.
Baron Sukmul angling aris, ya adhi
sakarsanira, nanging ajalawas bae, kakang sun duga duga, lah wis ta kakang
kariya, nulya dandan mapan sampun, bekta ponakawan ira.
Pun Sakeber aranneki, mapan duk kala
lahirnya, lan Sakendher bareng bae, wus nitih kang grudha mas, Sekeber buntut
nulya, garudha pan sampun mumbul, dedel gayuh jumantara.
Pan wus karsanung Hyang Widi, Baron
Sakendher lampahnya, wus prapta tanah Jawane, nanging kelangkung bingungnya,
wus prapta tanah Jawa, lawan datan saget mudhun, ngideri ing Tanah Jawa.
Yun mulih mapan tan uning, prenahe
nagrinira, dadya sa paran parane, mengkana ingkang winarna, kangjeng Senapatya,
dalu lagya salad tahjud, tesbih lawan salad barjah.
Mapan kendhar Senapati, aneng ing sela
gegilang, kauban wringin tumpange, mengkana karsaning Sukma, Sekendher
lampahira, ngungkuli nagri Manterum, nulya niba kang garudha.
Neng ngarsane Senapati, Sankendher wus
tanpa jiwa, Sekeber malih warnane, mapan awarni mahesa, lit bule dhungkul ika,
katiga samya anglumpruk, neng ngarsane Senapatya.
Sang Senapati nebda ris, sira iku buron
apa, Baron Sekeber ature, mapan samya alas arsa, sampun katur sedaya, ing
sasolah tingkahipun, mesem lajeng Senapatya.
Lawan sokur ing Hyang Widi, nulya ngaturi
kang paman, Ki Mondaraka prapta ge, mapan sampun tata lenggah, gumujeng
Mondaraka, lawan atetanya arum, sira iki buronapa.
Ingkang siji sipat jalmi, nanging iya lare
bajang, dene kang sijine kuwe, lir mahesa warnanira, nanging gengnya samenda,
bule dungkul sungunipun, ingkang siji anglir peksa.
Nanging teka rahi jalmi, gedhenira mung sa
merak, teka bisa ngucap kabeh, sun gawok kodrating Sukma, lah ta mara matura,
wisma lan kamulanipun, lawan apa aranira.
Sekendher matur sarya jrih, mapan ingsun
wong ing sabrang, sepanyol Negara ningong, Baron Sakendher ran ingwang, kang
rupa kebo ika, manungsa kamulanipun, Sekeber araneika.
Dene ingkang rupa peksi, pan iku
tunggangan ingwang, garudha mas arane, wus katur sasolahira, gumujeng
Mondaraka, lawan ngandika arum, mengko apa karepira.
Sekendher aris tur neki, yen kena ingsun
ngawula, mulih wus tan bisa ingong, mengko apa kersanira, ingsun nurut kewala,
angger mulya awakingsun, ki Mondaraka ngandika.
Mara Jebeng Senapati, sira ingkang
pinaringan, sang Senapati nebda lon, lah iya sekendher sira, muga Allah
paringa, mulya marang sireku, tan pantara samya mulya.
Nanging wus tekdir Hyang Widi, tan mantuk
kang werna lama, kang saras bayune bae, dene Sakendher wernanya, dadya laweyan
putih, dedegnya agengaluhur, mawi siyung sa gedhang mas.
Kang warna langkung ngajrihi, dene Sekeber
kang warna, mapan meksih mahesane, nging kang mindak agengira, samya lawan
dirada, ingkang garudha mas iku, mapan iya werna serpa.
Nging suku suwiwi meksih, sekelangkung
agengira, dadya sang Senapatine, tenapi Ki Mondaraka, samya sokur Hyang Sukma,
Sang Senapati nebda rum, eh Sekendher aranira.
Pan mengko ingsun salini, iya sira
Jurutaman, dene Sekeber arane, Kebo Kemili ta sira, garudha mas aranya, ya si
Manglarmonga patut, katiga matur sandika.
Lan wus karsaning Hyang Widi, padha sira
narimaha, yen dadi seluman kabeh, Jurutaman karsa ningwang, tunggu wa ing
Tunjung Bang, Kebo Kemili sireku, kelawan si Manglarmonga.
Tungguwa pasarehan ning, Kyai ageng ing
Mentaram, katiga sandika ature, tan pantara samya musna, singarsa Senapatya,
kelangkung dennya mituhu, mapan wus noleh wuntat.
PUPUH VIII
P A N G K U R
Henengena ing Mentaram, ya ta gentya
ingkang winarneng tulis, ing Pajang ingkang cinatur, kangjeng sultan pan lagya,
siniwaka pepak wadya agung agung, ingkang tansah munggeng ngarsa, dipati
Moncanegari.
Pangran Dipati Benawa, mapan jajar lawan
dipati Tubin, Dipati Demak puniku, samya mantu nalendra, kangjeng sultan
pengandikanira, arum, eh ta paran kersanira, Dipati Moncanegari.
Putreng ulun Senapatya, pan wus lama dene
tanana prapti, Dipati Monca umatur, rumiyin atur kula, mapan wonten semados ing
tigang tahun, punika dugi kawula, dereng dugi kang prejangji.
Sri Nalendra angandika, kaya paran kangen
ingsun kepati, sedhela arep katemu, apa ta nora kena, tinimbalan sang dipati
ris umatur, kawula mapan sumongga, ing karsa sri narapati.
Sapa baya kang prayoga, animbali mring
putreng ulun Mentawis, dipati Monca umatur, kawula pan sumongga, ingkang karsa
kilap punapa pukulun, sang nata aris ngandika, iya si Dipati Tubin.
Kelawan Dipati Demak, kangjeng Pangran
Benawi ris tur neki, yen kenging umatur, kados sanget kagentya, dugi kula tan
prayogi dadosipun, pun adhi dipati Demak, lawan pun adhi ing Tubin.
Yen pareng karsa nalendra, pan pun adhi
ingkang salah satunggil, kinanthekna mring pukulan, kawula kang lumampah, ya ta
mesem Sri Nalendra ngandika rum, kelingane si Benawa, kuwatir sadulur neki.
Ya Jebeng sun turut sira, sun kantheni
lawan Dipati Tubin, kalihan samya turipun, inggih nuhun sandika, nulya luwar
sang nata manjing kendhatun, wus bubar sagung kang seba, Pangran Benawa
winarani.
Lawan sang Dipati Tuban, lajeng budhal
mangkat dhateng Mentawis, langkung asri balanipun, henengena kang lumampah, ing
Mentaram Senapati kang winuwus, lawan Kyai Mondaraka, mapan wus miyarsa warti.
Lamun Pangran Dipatya, kang ingutus lawan
Dipati Tubin, Ki Mondaraka amuwus, eh Jebeng paran karsa, arinira Pangran
Benawa ingutus, kelawan Dipati Tuban, apa nora mapag iki.
Pan ingsun nerah kewala, Senapati Ngalaga
ngandika ris, paman boten methuk ulun, wenten ngriki kewala, ngalun alun Ki
Mondaraka lon wuwus, ya Jebeng sakarsa nira, mapan wus prayoga iki.
Kawarna kang lumampah, kangjeng Pangran
Benawa sawadyeki, lan Dipati Tuban iku, ngalun alun wus prapta, pan wus cunduk
lan Senapati Mentaram, lan Kyai Mondaraka, tenapi Dipati Tubin.
Pan wus samya tata lenggah, lawan sampun
anjawat, asta sami, Dipati Tuban tyasipun, mapan sampun uninga, Senapati yen
wus ewah patrapipun, nanging Pangran Benawa, tan ewah karsanireki.
Lenggah aneng tratag rambat, mungeng kursi
kang wadya dher ngebekki, wong Tuban lamun dinulu, ngajrihi sasolahnya, anom
anom mapan samya kaduk purun, mangkana Rahaden Rongga, lenggah neng ngandhaping
kursi.
Sang Senapati ri wusnya, buja krama
dhumateng tamu neki, tan kirang weradin sampun, Pangran Benawa nebda, kakang
Senapati kawula ingutus, dhumateng jeng sultan Pajang, paduka dipun timbali.
Jeng rama kangen kalintang, Senapati
sendika aturan neki, nging adhi andika matur, kirang kedhik punika, nuhun inah
benjing punika yen sampun, mengakana Dipati Tuban, pan wus kaduga tyas neki.
Nanging inginep jro nala, pan sinamur
gumujeng sarya angling, kakang Senapati sampun, paduka dados manah, pan kawula
ayun atanya satuhu, ing Mentawis gih punika, punapa wontena jalmi.
Kang kangkung samining jalma, prawiranya
myang teguh ingkang kulit, mesem Senapati muwus, adhi langkung dupara, ing Mentawis
gih adhi tiyang desa tus, kejawi macul kewala, kelawan anuntun sapi.
Gumujeng Dipati Tuban, sarya latah lawan
umatur aris, ing Tuban kakang pan agung, tiyang ingkang prawira, ingkang punjul
pan namung tiyang wewolu, sapunika kawula bekta, bilih sampeyan yun uning.
Lan dipun damel tingalan, ing lenggahan
amrih sampuna sepi, mesem Senapati muwus, adhi langkung prayoga, bok suwawi
adhi pun kakang yun weruh, nulya sang Dipati Tuban, kajineman den timbali.
Mapan wolu kathahira, kang sekawan ngagem
pedhang lan tampir, sekawan angagem lawung, nulya Dipati Tuban, mundhut
gendhing Kalaganjur, tan pantara gya tinembang, langkung jalma kang ningali.
Sang Dipatya angandika, lah ta mara padha
den kepareng ngarsi, kajineman sampun maju, sang dipatya ngandika, wus ta
beksaha sira wong wolu, den kaya adete ika, poma aja ngungkak ati.
Ing Mentaram pan tan ana, ingkang bisa
beksa lir sira sami, nulya nembah nyandak lawung, ana nyandhak kang pedhang,
Kalaganjur tinitir kelangkung umyung, kajineman wolu pisan, kang manah gembira
sami.
Lajeng mentaraken samya, wolu pisan ing
kaprawira neki, kang sekawan beksa lawung, beksa tameng sekawan, ingkang lawung
kinarya onclang pan muluk, ingkang tameng pan mengkana, tinadhahan jaja sami.
Sampunnya lajeng tumandang, ingkang lawung
ganti larih linarih, tanan kuciwanipun, kang tameng pan mengkana, pan binuwang
kang tameng sekawanipun, agenti pedhang pinedhang, tanana kang nguciwani.
Raden Rongga sadangunya, aningali langkung
panas tyas neki, sring nguthik sampeyanipun, kang rama Senapatya, nanging sring
pinanthelengan puniku, kendel sakhedap kewala, dangunya mangkono ugi.
Dipati Tuban tumingal, yen kang putra
asring ahuthak uthik, nulya ngandika arum, tanya dhateng kang raka, yun punapa
kangmas pun thole puniku, sang Senapati ngandika, lare jawal tan prayogi.
Gumujeng Dipati Tuban, bok kajengo
kakangmas Senapati, pun thole sumut sinahu, drerapon gar tyas sira, mungpung
wonten kang mulang leres puniku, wus thole mara meluwa, den Rongga datan
ningali.
Matur malih sang dipatya, mring kang raka
bok sampeyan lilani, ngangkah punapa puniku, kajenge dipun wulang, Senapati
angandika arum, wus thole mara meluwa, jaluk wuruk wak mami.
Dipati Tuhan ngandika, mapan sarya
gumujeng saka nenggih, marang kajinemanipun, eh ya bocah ing Tuban,
putraningsun kepengin beksa yen melu, lah poma wuruken padha, sandika samya tur
neki.
Mengkana Rahaden Rongga, mundhut agem
lawung ira wus prapti, lawan ingkang tameng iku, gotong wolu lawungnya, ingkang
tameng pan gotong sekawan iku, kang kinarya mapan waja, lawung kayu nagasari.
Sagunge wadya ing Pajang, lan ing Tuban
samya jenger ningali, sang Dipatya sareng dulu, kang tyas langkung bramatya,
dadya lingsem kathak kaduk ingkang wuwus, mesem Pangran Benawa, den Rongga
ingkang winarni.
Pan mundhut gendhing ketawang, lajeng
beksa nyandhak lawungireki, rinangkep lan tamengipun, surak wadya Mentaram,
ingkang lawung kinarya onclang pan muluk, pan namung kantun samerang, dhawah
tinadhahan wentis.
Tamengnya nulya binuwang, mapan muluk
ngung sakupu kaeksi, dhawah tinadhahan sampun, ing jaja Raden Rongga, mapan
kontal tameng waja murub, jengre ingkang kajineman, wolu mitenggengan sami.
Bramatya Dipati Tuban, kajineman wolu wus
kejepi, pan sareng nerajang sampun, anumbang lan amedhang, Raden Rongga eca
beksa onclang lawung, sapolahnya kajineman, Raden Rongga tan merduli.
Wong Mentaram surak ira, bal ambalan wong
Tuban lit tyas neki, sang Dipatya aris muwus, mara kulup malesa, di dimone rame
kang padha andulu, Raden Rongga eca beksa, mapan datan aningali.
Nulya Adipati Tuban, ris turira dhateng
sang Senapati, pangandikanira arum, pun thole paduka atag, amalesa marang wong
Tubin puniku, wus kulup mara malesa, bramatya den Rongga nuli.
Ingkang kalih kajineman, den du kumba
pecah endhasnya sami, kalih kinarya puniku, onclang rempu endhasnya, kang
sekawan punika mati sinikut, pecah balung dhadhanira, langkung merang sang
dipati.
Anulya nitih turongga, datan pamit marang
sang Senapati, kang kuda sinambet mampreng, tan mawi nolih bala, wadyanira
kececer turut delanggung, antuk ira marang sang dipati.
Tedhak saking kursi nulya, kang putra
sinandhak den arasi, mendah wusa tuwa besuk, Raden nulya binekta, lenggah kursi
Mapan sarwi dipun pangku, marang Pangran
Benawa, ri wusnya tedhak tumuli.
Wus sohan ngandhap den Rongga, kangjeng
Pangran Benawa atur neki, sampun kakang kula mantuk, nanging sapungkur kula,
bek menawi jeng sultan dhahar aturipun, inggih pun dipati Tuban, marma den ngati ati.
Mapan sampun jawat asta, atenapi lan Ki
Mondaraka kaki, jeng Pangran pan sampun mundur, sing ngarsa Senapatya,
gegancangan kangjeng Pangran lampahipun, kalawan wadyannira, nungsul mring
Dipati Tubin.
Datan winarna ing marga, sampun prapta ing
Pajang lampah neki, nging ngutap untapan iku, lawan Dipati Tuban, kawarnaha
jeng sultan Pajang panuju, lagya miyos siniwaka, pepak sagung ingkang nangkil.
Mangkana Pangran Benawa, lajeng sohan
lawan Dipati Tubin, prapta ngarsanya sang prabu, nata aris atanya, paran warta
Benawa sira sun utus, umatur Pangran Benawa, pukulan amba tinuding.
Lumampah dhateng Mentaram, sampun prapta
panggih lan Senapati, pun kakang nenggih turipun, tinimbalan sandika, nanging
wonten pun kakang semadosipun, nging kirang kedhik punika, mapan tenggel atur
neki.
Sang nata malih aturnya, apa nora ewah
sapatrapneki, Pangran Benawa umatur, botenna ta ngandika, eh sun duga sireku
geseh satuhu, iya lan Dipati Tuban, pratondha laku nireki.
Paran ta Dipati Tuban, matur nembah sira
Dipati Tubin, pukulun mila saestu, balik pun Senapatya, mapan dora ingsa atur
aturipun, putranta Pangran Benawa, mapan kedah angalini.
Umatur Pangran Benawa, amiwiti malah teka
mekasi, sanget pan esmu bendu, dhateng Dipati Tuban, dene karya lingsem ing
temahipun, nulya luwar Sri Nalendra, wus bubar sagung kang nangkil.
Kawarnaha ing Mentaram, Raden Rongga ameng
ameng neki, sela ancik ancik wulu, kang eyang Mondaraka, cinablosan ing dariji
kang panuduh, samya bolong lebur ika, Ki Mondaraka winarni.
Mapan arsa salat ika, luhur lebur sela
kang ancika ancik, binolong driji panuduh, lawan lenggah den Rongga, Kyai
Mondaraka mapan aris muwus, nora kaya sira Rongga, tan mari besurireki.
Mapan atos watu iya, sira bolong lawan
deriji neki, karya cotho salat iku, pan empuk darijinya, pesthineki mapan atos
waku iku, nulya wetah ponang sela, sampun mantuk atos malih.
Datan pasah derijinya, Raden Rongga malah
sakit, den Rongga dadya melerek, mring Kang Yang Mondaraka, pan gumujeng Ki
Mondaraka ling arum, mara maning tutugena, Raden Rongga kesah nuli.
Kondur dhateng kedhatonnya, ameng ameng
sangandhap ing wringin, tumpang sarya cantheng watu, sagenuk genuk gengnya,
ingkang rama sang Senapati wus rawuh, murugi dhateng kang putra, lenggah sela
gilang iki.
Ingkang putra tinimbalan, sampun prapta
Senapati ngandika ris, rosa temen sira kulup, yen sira nyata rosa, mara iki
putungen derijiningsun, Rahaden Rongga tumulya, nyandhak asta Senapati.
Deriji panuduhira, ngraos gerah sira sang
Senapati, cinuthatkan putranipun, dhawah sajawen bata, bolong nulya Raden
Rongga mapan laju, tirakat ing kersanira, kang ngiring nging enban siji.
Mapan dhumateng Mancingan, Kyai emban
datan eca tyas neki, sampun prapta ing Talsewu, kawarna wonten sarpa, naga
ageng mapan langkung galakipun, ki emban sanget aturnya, gendholi lawan
anangis.
Ngaturi wangsul Rahadyan, nanging meksa
sang sarpa den ayoni, ki emban binucal sampun, kontal tebih tibanya, Raden
Rongga anulya nerajang purun, sawer sampun uninga, ngadek ngakak sisik malik.
Mapan samya purunira, nulya campuh saking
ramening jurit, tanana kuciwanipun, mengkana Raden Rongga, wus pinuletan
katingal mapan sampun, ki emban sanget karuna, saking tebih jelih jelih.
Dhuh gusti tuwan malesa, tan pantara Raden
Rongga nulya glis, kang serpa winales sampun, den bithi sirahira, pecah lajeng
pejah kang naga sampun, ki emban nulya lumajar, gustinira den sungkemi.
Ngaturan kondur tumulya, Kyai emban lawan
sanget anangis, Raden Rongga sampun nurut, kondur dhateng Mentaram, sampun
panggih den Rongga lawan kang ibu, jeng ratu angrangkul nulya, ingakang putra
den arasi.
Ngandika sarwi karuna, adhuh gusti wus aja
lunga maning, den Rongga mesem nebda rum, ye wus ibu nora, pan wus lama
mengkana ingkang cinatur, Raden Rongga nandhang gerah, mapan wus kersaning
Hyang Widi.
Langkung sanget gerahira, ingkang rama lan
kang ibu nenggani, sagung usada punika, wus tana mulyakena, ingkang ibu kalih
mapan samya muhun, mengkana sanga Senapatya, lawan Ki Mondarakeki.
Sakelangkung susah ira, tan pantara gara
gara dhatengi, mengkana jeng Ratu Kidul, wus uning yen kang raka, Senapati
langkung sekel ing tyasipun, kangjeng Ratu nulya prapta, mesem lon umatur aris.
Sampun paduka sungkawa, ing sayekti putra
paduka ugi, sampun kinarya Hyang Agung, semanten ingkang yuswa, yen ngantosa
panjang punika satuhu, pan telas wijining Jawa, datan nurunaken malih.
Punika pan datan panjang, turunipun mindhak
ngewed ewedi, sang Senapati pan sampun, narima aturira, Ratu Kidul Raden Rongga
gerahipun, mapan sampun lajeng seda, susah sagung wong Mentawis.
Henengena ingkang samya, nandhang susah
sagung wadya Mentawis, ya ta gennya kang cinatur, ing Pajang kang winarna, Ki
Tumenggung Mayang mapan darbe sunu, jalu bagus ingkang warna, Raden Pabelan
nameki.
Tumenggung Mayang punika, ingkang ipe
lawan jeng Senapati, patutan satunggal iku, nama Raden Pabelan, dadya kondhang
ing Pajang tanana iku, ingkang mendha wernanira, bagus dhasar jungkar angin.
Mengkana kang cinarita, anglanangi aneng
Pajang negari, sang nata ingkang winuwus, darbe putra wanodya, kang waruju
warnanira lewih ayu, pinaraban mring kang rama, Dyah Ayu Retna Kemuning.
Mapan ta dereng akrama, cinarita sampun
dewasa iki, samana sampun katemu, lawan Raden Pabelan, saben dalu tan konangan
mlebetipun, mengkana ing lama lama, konangan cinepeng nuli.
Neng kaputren pinejahan, ingkang rama
Tumenggung Myang nuli, karsanira sang aprabu, lawan kang ibu ika, wus cinepeng
binucal mring Jepareku, mapan sewu wong ing Pajang, prajurit ingkang angiring.
Mengkana den ayu Mayang, kintun surat wau
dhateng Mentawis, mring Senapati wus katur, lajeng sinukmeng nala, mapan nuju
sineba wadya Mentarum, ki Mondaraka neng ngarsa, sareng sampun mahos tulis.
Bramatya sang Senapatya, jaja abang anglir
medal geni, kang surat lajeng sinung, mring Kyai Mondaraka, wus kaduga
siraosing suratipun, angling Kyai Mondaraka, wus Jebeng karsa nireki.
Iki nyata ramanira, kang miwiti nulya Sang
Senapati, ngandika dhumateng sagung, kang mantra pamajengan, sanakingsun
sapisan jaluk karyamu, rebuten Tumenggung Mayang, kelawan nak rabineki.
Bunuwang marang Jepara, lah cegatan metu
kedhu iki, sasandika samya turipun, kang mantri pamajengan, kawandasa wus lengser
saking ngarsanipun, mapan samya kakapalan, sadaya tan nedya urip.
Nging sihe sang Senapatya, kang katingal
sedaya ambek pati, sesanderan lampahipun, prapta inga Salatiga, samya aso
makani turangganipun, sampun aso nulya mangkat, kaphetuk ing Bayalali.
Nulya mantri kawan dasa, rembag ngamuk
sareng samya bek pati, golong rempeg tandangipun, kagyat prajurit Pajang,
lajeng kuwur sedaya penyananipun, tinerka Rahaden Rongga, ingkang nyegat wonten
margi.
Lajeng geger leng ulengan, pan sedaya
sampun miyarsa warti, yen Raden Rongga puniku, langkung teguh lan resa, nulya
ana gumleger swara neng gunung, sangsaya lajeng wurohan, tunjang tinunjang
pansami.
Kathah kang mati kedekan, bubar larud siji
tan ana kari, Tumenggung Mayang pan sampun, karebut lan kang garwa, wong ing
Pajang pelayune mungkur wedhus, sangu lawan kang gegaman, kuda samya den
tilari.
Lumayu pating sulebar, rebut urip saparan
paran neki, henengena ingkang lumayu, kawarna wong Mentaram, pan kelangkung
tyasira marwata sunu, kelawan Tumenggung Mayang, pan garwa putra neki.
Wus dhinereken nulya, mring Mentaram datan
winarna margi, Mentaram pan sampun rawuh, cundhuk lan Senapatya, Ki Tumenggung
mapan lajeng ngrangkul suku, kelangkung panangisira, lir wong mati urip maning.
Tanapi garwa putranya, pan sedaya mengkana
tyas ireki, pan lajeng ngabekti sampun, mring Kyai Mondaraka, henengena gentya
winuwus, wadya Pajang kang lumaya, pan sampun anglempak malih.
Lajeng samya pirembagan, yun atur uninga
mantuk mring Pajang nagri, lamun tiwas sing ingutus, wus sarembag nulya
mangkat, tan winarna marga Pajang prapta sampun, pan lajeng atur uninga, mring
Raden Moncanegari.
Wus katur katur sasolahira, langkung
ngungun Raden Moncanegari, lajeng sohan mring sang prabu, prapta ngarsa
nalendra, tur uninga yen tiwas adhi pukulun, bucal pun Tumenggung Mayang,
karebet neng Bayalali.
Langkung kagyat Sri Nalendra, sru ngandika
eh iya Moncanegari, wong pira ingkang angerbut, matur Moncanegara, aturipun
aming tiyang pitung puluh, ingkang dados pangiridnya, putranipun Senapati.
Kang westa Raden Rongga, meksih alit
langkung digdaya neki, wadyanta risak kelangkung, mapan kathah kang pejah,
sareng mirsa sang nata kelangkung bendu, nulya angandika, eh iya Moncanegari.
Wus tita mapan tan kena yen den eman
Senapati Mentawis, sapa kang prayoga iku, nglurug marang Mentaram, Adipati
Moncanegara matur, di dalem konca sedaya, sagunging kang pra dipati.
Inggih kados boten nyongga, yen tinadhing
lawan pun Senapati Mentawis, nadya kalih putranipun, kewala boten nyongga, dugi
kula mindhak sulung lebu awu, Sri Nalendra angandika, paran ta prayoga neki.
Sang dipatya aturira, pan kawula tan darbe
atur malih, sumongga karsa pukulun, mapan dherek kewala, pejah gesang nglampahi
karsa sang prabu, Sri Nalendra angandika, eh iya Moncanergari.
Ingkang dadi karsa ningwang, ingsun dhewe
mengko ingkang nindaki, kerigen wong Pajang iku, aja na kari padha, sang Dipati
Monca sandika turipun, wus lengser saking ing arsa, anembang tengara jurit.
Kendhang gong maguru gongsa, ingkang teteg
kaya butula iki, wong Pajang kagyat sedarum, dadyat wus sami mirsa, yen sang
nata badhe tedhak mring Mentarum, anglurugi Senapatya, nulya prapta dandanan
sami.
Sagung kang pra dipatya, sawadyanya sampun
sumekteng jurit, tenapi kang pra tumenggung, mantri demang lan rongga, pan
delegan kandhuwuran arya iku, ngabei kelawan bapang, tenapi sagung prajurit.
Belabar tanpa wilangan, miyos kangjeng sri
narapati, lenggah aneng siti luhur, ingkang munggeng ing ngarsa, Adipati
Moncanegara puniku, kelawan Pangran Benawa, tenapi Dipati Tubin.
Jajar lan Dipati Demak, ing Palembang
Bektawi Mandureki, Cerbon Sumedhang iku, Kerawang Surabaya, Belambangan Kedhiri
Jipang Mediyun, Banten lawan Ponaraga, sedaya wus munggeng ngarai.
Sri Nalendra angandika, eh ta poma iya
Moncanegari, lan sagung pra dipatya yeku, kabeh aparentaha, yen wis padha teka
ing Prambanan iku, aja na kang nyabrang ika, mring sakulon ompak iki.
Lah padha sira antiya, ing wektune ika Si
Senapati, sokur lamun gelem teluk, sedaya tur sendika, wus ta mara sapa kang
dadi pengayun, wus mara padha mangkata, nulya kang tengara muni.
Kelangkung saking wurohan, tampingan wadya
ing Pajang iki, wus budhal ingkang pengayun, mengkana kangjeng sultan, sampun
nitih dirada langkung geng luhur, Pangran Dipati Benawa, tenapi Moncanegari.
Tan tebih lawan jeng sultan, sampun budhal
saking Pajang negari, lampahnya mapan kelangkung, rendhet sa marga marga,
saking dene jejele wadyeku, henengena kang lumampah, kawarnaha ing Mentawis.
Sang Senapati Ngalaga, mapan lagya sineba
wong Mentawis, ingkang aneng ngarsanipun, kang paman Mondaraka, lawan mantri
majegan kang patang puluh, samya sohan munggeng ngarsa, tenapi ki adipati.
Ki Mondaraka ngandika, paran karsa eh
Jebeng Senapati, Sultan Pajang ayun rawuh, nglurugi mring sira, kerig kabeh
wong Pajang tan ana kantun, iya apa kersanira, Sang Senapatya nebda ris.
Gih mapan sa angsal angsal, pan kawula
arsa methuk ngajurit, aneng Prambanan puniku, angling Ki Mondaraka, yen
mengkono wus Jebeng karsa nireku, angur payo nuli mangkat, rebut papaning
ngajurit.
Nulya samya pradandanan, wong Mentarum lan
mantra kawan desi, Tumenggung Mayang tan kantun, kinerig wong Mentaram,
sahanane sumekta gegamanipun, sang Senapati Ngalaga, lawan Ki Mondaraka iki.
Sawusira abusana, nulya budhal Senapati
Mentawis, langkung asri yen dinulu, kang dadya cucuk yuda, pamajegan apan
mantri patang puluh, ingkang dadya pangiridnya, Ki Tumenggung Mayang iki.
Datan winarna ing marga, lampah ira wus
prapta Ngrandu gunting, tata mesangrahan sampun, Senapati Ngalaga, kawarnaha
Sultan Pajang sampun rawuh, mapan aneng ing Borongan, tata mesanggrahan sami.
Sagung kang pra dipatya, cucuk ing prang
neng Prambanan baris, beleber lir samodra gung, mapan sampun tinata, kang
pengawat kanan kering dhadhanipun, ngantos dugi sukunya, baris ing ardi Merapi.
Mengkana Jeng Sultan Pajang, mapan sampun
ingaturan udani, yen Senapati Mentarum, mangkya wus mapak yuda, Randhugunting
anenggih barisipun, mengkana Jeng Sultan Pajang, langkung ngungun ing tyas
neki.
Nengna kang ajeng ajengan, Sultan Pajang
lawan sang Senapati, kawarna Jeng Ratu Kidul, mapan sampun uninga, yen kang
raka sang Senapati Mentarum, mangkya sampun jeng ajengan, baris aneng
Randhugunting.
Sultan Pajang neng Borongan, cucuk ing
prang neng Prambanan baris, mengkana jeng Ratu Kidul, nimbali gung pra nata,
ratuning jim Tanah Jawa sedarum, mapan sampun samya prapta, dene kang dados
pangirid.
Sunan Lawu Ngargapura, sagung ratuning jim
kang priya sami, jeng Ratu Nawang Retneku, ngirid ratu jim samya, kang wanodya
sampun prapta ngarsanipun, Jeng Ratu Kidul sedaya, nulya angandika aris.
Eh Jebeng Lawu ta sira, tetulunga sakanca
nira iki, ingkang jim priya sedarum, marang Sang Senapatya, Nawang Retna
ngadhepa bae maringsun, iya lawan sakancanira, mapan su ayun udani.
Mapan wus kersaning Sukma, Jebeng Lawu
ngangkata prang lir jalmi, ngijenana kang pra ratu, lawan punggawa Pajang, sira
dhewe Jebeng ingkang ingsun tuduh, tandhingana lan Sultan Pajang, nanging poma
wekas mami.
Aja na mateni jalma, padha gegilanen ku
sami, derapon nungkula iku, marang sang Senapatya, lawan aja andhingini perang
iku, poma Jebeng gugur sira, wus padha mangkata nuli.
Sultan Lawu tur sandika, nembah lengser
sagung kang pra narpati, kawarna jeng Ratu Kidul, panggih lan Senapatya, ris
turira ing benjing kelamun pupuh, abdi paduka Mentaram, ningalana ingkang
tebih.
Menawi kesaru ing prang, ya ta mesem
kangjeng Senapati, jeng Ratu nulya sinambut, pinangku lan kinuswa, Senapatya
angandika manis arum, dhuh dewa gusti bendara, mirah inten kumaladi.
Pupujan retnaning swarga, kang mingakana
jimat sang Senapati, kados pundi tengeripun, yen bala jim tumandang, kangjeng
ratu mesem sarta ngandika rum, yen ardi mungel punika, sagung ing wadya
Mentawis.
Enggal samya mireha, ningalan inggih
saking kang tebih, sang Senapati nebda rum, kula kados punapa, lamun celak
lawan ing ngarsa jeng ratu, kangjeng ratu nampel asta, lawan mesem ngandika
ris.
Nyanyengite iku ija, kang si lara tan ana
anteng neki, margane kelamun ingsun, gelema kerep prapta, yen paduka mapan inggih
sinten purun, sa karsa-karsa pan dadya, mesem kangjeng Senapati.
Jeng Ratu anulya musna, saking pangkon
jentung sang Senapati, henengena gentya winuwus, sultan Pajang pan lagya,
siniwaka munggeng ing teterub agung, pepak kang pra dipatya, jeng sultan ataya
aris.
Paran ta Moncanegara, ing wertane iya si
Senapati, apa sida ngangkat pupuh, apa teluk kewala, sang dipatya Moncanegara
turipun, pun Senapati Mentaram, mapan inggih werti neki.
Kedah rosa ngangkat aprang, nanging gusti
datan purun miwiti, pan baris pendhem puniku, mapan sabala nira, Randhugunting
pan wetawis wonten sewu, prajuritipun Mentaram, gusti langkung dene kedhik.
Ngandika malih sang nata, yen mengkono eh
iya Moncanegari, dadi wus tita satuhu, Senapati Mentaram, nora kena yen den
arah becik iku, wus ta padha undagena, sagung kang para dipati.
Padha konen magud yuda, tur sandika Raden
Moncanegari, nulya aparentah sampun, tengaraning ngayuda, teteg kendhang gong
beri swaranya umyung, mariyem ambal ambalan, wus tata kang pra dipati.
Mengakana ingwang winarna, Senapati kang
baris Randhugunting, lan sawadya ing Mentarum, kagyat nulya siyaga, wus miyarsa
yen Sultan ngantepprang pupuh, sang Senapati ngandika, mring sagung wadya
Mentawis.
Eh sakehe sanak ingwang, poma poma aja
obah sireki, lan sira adhi Tumenggung, Mayang anindhihana, aja kongsi obah poma
kabeh iku, mapan ingsun ayun lunga, sadhela arep udani.
Lan si paman Mondaraka, pan sandika samya
atur ireki, sang Senapati pan sampunya, lawan Ki Mondaraka, nitih kuda
cinamethi kuda mamprung, sakedhap prapta Cagurawa, mapan kangjeng Senapati.
Manuwun dhateng Hyang Sukma, tan pantara
jumegur kang wiyati, kang gunung munya gumledhuk, obah kang bumi pra kempa,
sultan Lawu nulya angabani gupuh, sagung pra ratu samya, sedaya wus malih
warni.
Mapan amrih katingala, Sunan Lawu malih
sela sa hardi, pan ana salumbung-lumbung, weradin sa mahesa, jim tumenggung
agengnya sagenuk genuk, satan pantara kobekan, lepen ompak sakaleki.
Jeng Ratu Kidul Winarna, neng ngawiyat
niti malige rukmi, pan anglir surya tumurun, lan Ratu Nawang Retna, retuning
jim wanodya pepak sedarum, mapan neng malige samya, jim alit wus kinen sami.
Asurak mapan sedaya, dadya geter oter
ingkang pratiwi, jeng sunan Lawu pan sampun, nata kang baris samya, sampun tata
jeng sultan Pajang winuwus, mapan wus nitih dwipongga, wong Pajang pan kawur
sami.
Mengkana kang ponang sela, ingabanan nulya
gumbira sami, samya minggah dharat sampun, nulya samya nerajang, pra dipati
nempuh watu salumbung, tumenggeng pan sa mahesa, sa genuk kang para mantri.
Jeng Sultan Pajang anulya, tinerajang
marang sela sa hardi, sakelangkung gegripun, sagung wadya ing Pajang, apuyengan
tan buh rewang tan buh musuh, sadaya mapan mengkana, wus nyana lamun tan urip.
Kathah karenah ing jalma, ingkang samya
wau ngupados urip, ana ingkang menek kayu, mapan saweneh ana, ngungsi arga
mengkana ing ciptanipun, lah mara watu meneka, lawan amunggaha wukir.
Kang saweneh mapan ana, ingkang niba
lajeng pi api mati, saking sayahnya lumayu, sampun derah kewala, ingkang kathah
samya ngungsi wingkingipun, sang Senapati Mentaram, kang menek kayu winarani.
Pan ana lelembut Jawal, ingkang menek
samya den purugi, lawan ngithik ithik iku, sedaya samya tiba, babak bunyak
kathah kongsul balungipun, ingkang minggah dhateng ngarga, sedaya wus den
cegati.
Gendruwo lawan thek thekan, ilu ilu keblak
lan banaspati, wewe wedhon bugang bahu, jrangkong lawan kang sirah, warna warna
sampun baris luhur gunung, andher pan sampun kebekan, jalma kang samya
angungsi.
Mapan kathah minggah ngarga, sareng prapta
lajeng kalenger sami, kamikekelen andulu, mulad rupa tan rupa, dhasar sayah wus
pedhot ambekenipun, lajeng samya sinurakan, kalawan ingithik ithik.
Kawarna Dipati Tuban, sampun kontal saking
turangga neki, dhawah ngathang athang iku, kongsul kalih sukunya, mapan lajeng
sendheyan galengan iku, sampun pasrah mring Hyang Widi.
Kang sela ngdhep kewala, kangjeng Sultan
wau ingkang winarani, binujung mring Sunan Lawu, dipongga langkung gila, dadya
kontal sang nata pan sampun dhawah, lajeng tan saged lumapah, sendheyan kang
wit waringin.
Kang liman sampun lumanjar, Sunan lawu
kendel pambujung neki, Dipati Monca andulu, lawan pangran Benawa, yen jeng
Sultan wus dhawuh saking ngesthiku, lajeng samya abeg pejah, tedhah sing
turongga kalih.
Kangjeng Sultan sinungkeman, sang dipatya
lawan sang Pangran Benawi, lan sanget penangisipun, rumiyin tur kawula, lah
punika dhuh gusti temahanipun, ngandelaken sugih bala, magatruh tan ana kari.
PUPUH IX
M E G A T R U H
Kawarnaha ingkang lagya kawelas ayun,
aneng sangandhap waringin, Jeng sultan Pajang puniku, tan ingadhep bala siji,
wus sawarnaning wong.
Nanging kanthun Dipati Monca kang tunggu,
lawan jeng Pangran Dipati, Benawa nyungkemi suku, lawan asru dennya nangis, sang
nata ngandika alon.
Lah ta uwis Jebeng menenga nak ingsun,
mapan wus kersaning Widi, nanging ta kakangireku, bisaha temu lan mami, kangen
temen kulup ingong.
Henengena ingkang lagya kawelas ayun,
kawarna jeng Senapati, saking tebih wus tan pandung, kelamun kang rama yekti,
neng waringin ruboh katong.
Sampun tedhak saking turangganipun, lawan
Ki Mondaraka, kang kuda samya tinuntun, wangsul mring Prambanan malih, lenggah
aneng Candi Sewu.
Senapati alon angandika arum, paman
sampeyan timbali, prajurit sedayanipun, kang samya neng Randhugunting, Ki
Mondaraka nulya ku.
Nitih kuda cecongklangan lampahipun, datan
pantara wusprapti, ing Radhugunting puniku, ki Tumenggung den dhawahi,
ngandikan sira den gupoh.
Lawan kabeh sakancanira puniku, sandika
nulya lumaris, Ki Mondaraka tan kantun, datan pantara wus prapti, ngarsa sang
Senapatya ku.
Andher ngarsa sang Senapati nebda rum,
mring Kyai Mondaraki, paman punika sedarum, prajurit sampeyan irid, sohan mring
kangjeng sang katong.
Lan kawula aturi turongga telu, sumongga
karsa sang aji, kawula lamun dinangu, yun sohan pan meksih ajrih, mapan
sampeyan kimawon.
Andherekena paman lajeng konduripun,
nanging Tumenggung Mayang iki, paman kajengipun kantun, wonten kang tut
wingking mami, bilih dinagu sang katong.
Pan kawula mapan sampun lajeng mantuk,
inggih dhumateng Mentawis, lan malih sampeyan kukup, bilih wonten tiyang kari,
kang boten saged lumaku.
Sampun paman lajeng sesalaman iku, kur
ungkuran lampah neki, kang dherek Senapatya ku, panamung Mayang Dipati,
kondurira mring Mentarum.
Kyai Mondaraka pan sampun lumaku, tiyang
sewu ingkang ngiring, kalawan sumektanipun, mapan dharat lampah neki, kang kuda
sami tinuntun.
Sampun prapta lampahe waringin rubuh, Jeng
Sultan kagyat ningali, lamun Mondaraka rawuh, pan lajeng ingawe nuli, wus
cunduk lawan sang katong.
Mondaraka mapan ta lajeng rinangkul,
dhumateng sri narapati, lan kumembeng wespanipun, adangu nata tan angling, Ki
Mondaraka mangkono.
Mapan sanget nangis ngantos sengruk
sengruk, Dipati Monca pan sami, lan Pangran Benawaku, mapan iya samya nangis,
lir angimpi ing tyasipun.
Ri sampunnya sang nata atanya arum, marang
Ki Mondaraka, ana ngendi putra ngulun, Ki Senapati Mentawis, Ki Mondaraka
turnya lon.
Sampun wangsul manthuk dhateng Mentarum,
yen sohan sanget dennya jrih, sang nata ngandika arum, sun iki kangen kepati,
iya marang putraningong.
Kyai Mondaraka aris aturipun, kawula
kinengken abdi, pun Senapati Mentarum, angaturi kuda katri, sumongga karsa sang
katong.
Pan punika tiyang Mentawis sedarum,
ngaturken dherek dewaji, kawula pangiridipun, sang nata ngandika aris, ya
kakang tarima ingong.
Nanging ingsun yun mampir Tembayat
ngujung, wus payo mangkat tumuli, sira aja doh lan ingsun, si Monca Benawa iki,
dadya pangirid ngayun.
Nulya mangkat Tembayat pan sampun rawuh,
nulya minggah sri bupati, marang pasareyan iku, nanging wus karsa hyang Widi,
kori tan kenging sinorog.
Sampun tedhak sang nata pan lajeng kondur,
nulya prapta Pajang nuli, geger kelangkung, tinarka yen Senapati, ayun anjarah
kadhaton.
Sri Nalendra pan lajeng manjing kedhatun,
Ki Mondaraka tan keri, lawan Dipati Monca ku, Pangran Benawa tiganing, Ki
Mondaraka turnya lon.
Nuhun pamit mantuk dhateng Mentarum, sang
nata wus angilani, nanging kakang wekas ingsun, putra ulun Senapati, nuli
praptaha ta mengko.
Saking dene banget temen kangeningsun,
nulya tur salam tumuli, lawan dipatya Monca ku, tenapi Pangran Benawi, pan
gentya rangkul rinagkul.
Ri sawusnya ki Mondaraka gya mundur,
saking ngarsanya sang aji, prapta jawi mangkat sampun, wong Mentaran sewu
ngiring, ing marga datan cinatur.
Sampun prapta Ki Mondaraka Mentaram, wus
panggih sang Senapati, winartakaken pan sampun, ing sawelingnya sang aji,
tenapi lan niskareku.
Denya ngukup sakathahe wong kang lumpuh,
Senapati anebda ris, gih paman aso rumuhun, suwawi paman ing benjing, sohan
dhumateng sang katong.
Sekelangkung wong Mentaram ing tyasipun,
mapan samya alit wukir, henengena ing Mentarum, ing Pajang ingkang winarni,
rerep sagung ponang wong.
Datan lama sang nata ingkang winuwus,
lajeng nandhang gerah aji, lan dipati Monca iku, mapan iya nandhang sakit, pan
wus karsaning Hyang Sukma.
Langkung sanget denya gerah sang aprabu,
tan arsa dhahar lan guling, nging kang putra ing Mentarum, kang tansah dinangu
iki, mengkana utusan sampun.
Kangjeng ratu lawan mawi surat iku,
gegancangan lampah neki, sampun prapta ing Mentarum, wus katur mring Senapati,
langkung tyasira sang anom.
Ingkang paman tinimbalan sampun rawuh,
mapan lajeng sinung uning, Ki Mondaraka kelangkung, tysira kuwatir neki, kang
putra ngaturan sampun.
Sohan dhateng Pajang sang Senapati ku,
nulya ngrasuk busana glis, sampun nitih kudanipun, ki Mondaraka tan kari,
sasanderan lampahipun.
Wong Mentaram miyarsa saklangkung gugup,
pra samya anusul gusti, kekecer lampahipun, datan winarna ing margi, Pajang
mapan sampun rawuh.
Pan wus pepak Pajang dipatya gung agung,
mapan maka jangan sami, sedaya neng ngalun alun, Sunan Kudus sampun prapti, lan
kang prawira sedarum.
Senapatya Mentaram pan sampun rawuh,
Pangran Benawa anuli, kang raka ngaturan laju, melebet kedhaton nuli, wus
cundhuk lawan sanga katong.
Sri Nalendra pan sampun ngaturan weruh,
punika putranta prapti, sang Senapati Mentarum, nulya wungu sri bupati, kang
putra lajeng rinangkul.
Mapan samya karuna kangjeng sang prabu,
sinundhang mring Senapati, pan samya karunanipun, dadya wong sedalem puri,
tumut karuna sedarum.
Sawusira sang nata ngandika arum, eh ya
Jebeng Senapati, estokena wekas ingsun, lamun prapta jangji mami, gawanen
marang Mentarum.
Tunggalena kelawan si kakang ingsun, lan
titip arinireki, si Benawa iku kulup, bocah bodhone kapati, Senapati tan
umatur.
Saking sanget lir rinemet kang jejantung,
mengkana sang Senapati, kathah kerahos tyasipun, ri wus telas waling neki, sang
natya pan lajeng surud.
Tan selaya lan Dipati Moncaku, pan sareng
sadina iki, wong Pajang kelangkung kuwur, wurohan swaraning tangis, mengkana
jeng sunan kudus.
Kang kinarsakken jemeng puniku, aneng ing
Pajang nagari, dhumateng sunan kudus, Senapati Demak puniku, mupakat prapta
dipatiku.
Senapati Mentarum pan tan tinantun,
langkung runtik ing tyas neki, Ki Mondaraka nebdaku, Jebeng aja salah kardi,
mapan dudu gawe iku.
Lawan arinira durung jaluk tulung, angur
payo padha mulih, dherek layoning sang Prabu, lawan layone si adhi, Senapati
sampun nurut.
Nulya budhal sang Senapati Mentarum,
dhereken layon nerpati, lawan Dipati Monceku, binekta dhateng Mentawis, tan
winarna sampun rawuh.
Mapan lajeng sinarekken jeng sang prabu,
tunggil ki ageng Mentawis, lawan dipati Monceku, inggih samya neng Mentawis,
henengena Pajang winuwus.
Kangjeng pangran Benawa ing karsanipun,
jeng sunan Kudus puniki, pinaring ing Jipang iku, mapan yun suwala ajrih,
lajeng kinen mangkat gupuh.
Pra dipatya sedaya ingkang tinuduh,
andherekken lampah neki, mring Jipang Pangran puniku, datan winarna ing margi,
Jipang mapan sampun rawuh.
Nulya pamit sedaya pan sami mantuk, jeng
pangran sampun nglilani, ing Pajang ingkang winuwus, dipati ing Demak iki, wus
tetep jumeneng katong.
Sultan Pajang nenggih jejulukipun, sunan
Kudus kondur nuli, henengena sadina dinanipun, kangjeng pangran kang winarni,
langkung wirang ing tyas mangko.
Supe nendra lan dhahar wirang kelangkung,
sanget nenuhun Hyang Widi, sakelangkung kawlas ayun, mapan nora bukti bukti,
yen tan ana kleyang runtoh.
Kang salira risak kang cahya anglayung,
mengkana ing lami lami, wonten wangsiting Hyang Agung, eh Benawa sira iki, yen
uyun amadeg katong.
Anjaluka tulung marang ing Mentarum, tan
ana yogane maning, kang dadi serananipun, liyane sang Senapati, nging iku karsa
Hyang Manon.
Nulya kagyat Pangran Benawa puniku, mapan
lajeng karya tulis, sampun putusan iku, tur surat dhateng Mentawis, gegancangan
kang ingutus.
Nulya katur kang surat winaca sampun,
mengkana ungeling tulis, yen kawula nyuwun tulung, dhateng kangmas Senapati,
wus katur sasolahipun.
Kangjeng Senapati esmu arawat luh, emut
kang weling suwargi, ingkang surat lajeng sinung, mring Kyai Mondarakaki, sang
Senapati nebda lon.
Kados pundi mapan ing prayoginipun, Ki
Mondaraka nebda ris, iku Jebeng becikipun, ari nira iku ugi, praptaha dhingin
Mentarum.
Nulya katur Jebeng yen sira tan methuk,
ngong duga banget kuwatir, sang Senapati nulyaku, kang surat dipun angsuli,
kang duta wus kinen mantuk.
Sampun lengser sing ngarsa Senapatyeku,
gegancengan lampah neki, ing marga datan cinatur, prapta ing Jipang negari,
kang surat pan lajeng katur.
Kangjeng pangran sapraptane suratipun,
kang raka sang Senapati, langkung tyas asrep kelangkung, winahos sinukmeng
galih, dadya padhang tyas sang anom.
Nulya karya surat malih nuhun pethuk, ing
desa Weru puniki, lan prajangji dintenipun, kang dinuta mangkat nuli,
gegencangan lampahira.
Sampun prapta Mentaram surat wus katur,
dhateng kangjeng Senapati, winahos kaduga sampun, nulya den angsuli tulis, duta
pan wus kinen wangsul.
Tan winarna marga Jipang prapta sampun,
kang surat tur tumuli, kangjeng pangran nulya gupuh, wong Jipang kinon
ngundhangi, sahanane dandan sampun.
Jalu estri wong Jipang boyong sedarum,
inggih dhumateng Mentawis, kang tresna labuh satuhu, dhateng jeng Pangran
Benawi, wus mangkat anulya bodhol.
Langkung rendhet samarga ing lampahipun,
tan pegat ngatiati, jeng Senapati winuwus, prapta ing semaya neki, wus budhal ing
Mentarum.
Kyai Mondaraka mapan datan kantun, lawan
mantri kawan desi, ing marga datan winuwus, lampahe Sang Senapati, ing desa
Weru wus rawuh.
Mapan ngantos mesanggrahan kalih dalu,
ingkang rayi dereng prati, saking remben lampahipun, sabab kathah tiyang estri,
ing Jipang sedaya bodhol.
Pejah gesang jeng pangran tan sedaya
wangsul, inggih dhateng jipang malih, wus sedya ngungsi Mentarum, mengkana ing
lampah neki, ing desa weru wus rawuh.
Lajeng cundhuk jeng Pangran Jipang puniku,
lawan kangjeng Senapati, rinangkul nyungkemi suku, kalawan asru anangis, sang
Senapati duk anon.
Mring kang rayi sarira risak kelangkung,
dadya kumembeng wespeki, sang Senapati Mentarum, tenapi Mondarakeki, samya emut
mring sang katong.
Sesampunnya lejar kang tyas katigeku, lajeng
budhal mring Mentawis, tan kuwarna sampun rawuh, nenggih negari Mentawis,
ingkang rayi pan wus sinung.
Pesanggrahan lawan wong Jipang sedarum,
weradin pinaring panti, wus kadya wisma satuhu, dadya tan patya tyas neki, kang
rayi wus kenen ase.
Lawan boja krama wradin sedarum, tan
kirang wong Jipang sami, wus aso antaranipun, mengkana sang Senapati, kangrayi
ngandika mangko.
Atenapi kang paman Mondaraka wus, samya
malebeng ing puri, lawan Senapati cundhuk, ngandika sang Senapati, mring
Pangran Jipang alon.
Paran yayi ing mengko si rareningsun, kang
dadi karsa nireki, prekara ing Pajang iku, apa rinebut ngajurit, apa sinembut
reningong.
Kangjeng Pangran ing Jipang aris umatur,
kawula sumongga yekti, agal lembat dherek tuhu, Ki Mondaraka nebda ris, Jebeng
lamun mungguh ingong.
Becik sira aweha layang rumuhun, yen kena
jinaluk aris, dadi nora ina iku, ewuh apa Senapati, gampang yen tan aweh
mengko.
Sakarsanya Jebeng pan ingsun jumurung,
mengkana sang Senapati, nulya karya surat sampun, utusan mring Pajang nuli, gya
mangkat ingakang ingutus.
Tan winarna marga Pajang prapta sampun,
Sultan Pajang gya siniwi, surat Senapati rawuh, nulya ngaturken tumuli,
tinampanan sinukmeng kalbu.
Pan mengkana tembungnya kang surat iku,
adhi ing Panjang sireki, becik sira muliha riningsun, iya mring ing Demak
maning, ing Pajang iku reningong.
Mapan meksih adhi kang duwe satuhu, sareng
sampun mahos tulis, jeng Sultan Pajang gumuyu, ya talah kang Senapati, dene lir
nundhung segawon.
Lajeng karya surat amangsuli sampun, tan
winarna marga prapti, surat mring Senapatya wus, winahos sinukneng galih,
mengkana kang surat iku.
Kakang Senapati paduka pan asung, surat
sampun prapta yekti, nanging kakang puniku, kula tan dadi pribadi, Sunan Kudus
karya mring ngong.
Kalih kakang Senapati ing Mentarum, paduka
pan sampun lami, tan sohan mring Pajang iku, punapa tan mirsa warti, yen jawi
pajang keraton.
Dene mawi paduka atembung laku, anedha
pajang negari, arsa dadi bener tuhu, andum waris tanah jawi, kula dereng ulap
anon.
Ing segendhing andika kawula purun,
kadhatengan andhatengi, benjing punapa puniku, kepanggih ing pundi, semados
dinten kemawon.
Napa dumeh duk sultan tedhak rumuhun,
kawon andika gelari, kang sela minggah sedarum, tata baris bujung jalmi, sulap
nging tan giris ingong.
PUPUH X
G I
R I S A
Sang Senapati ngadek duka, tupiksa surat
ira, lamun uniya mengkana, mesem sarya ngandika.
Mring kang paman Mondaraka, tenapi lawan
arinya, jeng Pangran Jipang punika, eh ta paman Mondaraka.
Tenapi lawan dhi sira, padha den angatya
atya, lawan den prayitneng baya, si Pajang kudu prakosa.
Ngajak aprang bondhawala, kados pundi kang
prayoga, kalawan ta adhi sira, ki Mondaraka manebda.
Eh ya Jebeng yen sembada, wong Mentaram sa
ananya, kelawan wong Jipang ika, payo nuli mangkat yuda.
Mumpung pajang meksih sepya, mesem
kangjeng Senapatya, lawan aris angandika, punika prajurit nistha.
Paman ing kajeng kawula, ngentosi sa pepak
ira, kang bala Pajang sedaya, Ki Mondaraka ngandika.
Jebeng ya luwih utama, pan ingsun melu
kewala, wus apa sa karsanira, nulya kangjeng Senapatya.
Sampun akarya nuwala, pan sinungaken kang
duta, datan winarna ing marga, Pajang mapan sampin prapta.
Wus katur ponang nuwaka, winaca sinukmeng
nala, mring sultan pajang punika, tembung ingkang raka kara.
Eh adhi pajang ta sira, yen wus mengkono
karsanya, pepakena rerehan nira, kabeh ja na keri padha.
Pan ingsun atenapi sira, lan poma den
sumekta, yen wis kabeh padha prapta, nuli weha weruh sira.
Anuli pasthi sun prapta, payo padha
bondayuda, aja na ngoncati ngrana, den padha sura merata.
Sultan pajang sawusnya, tupiksa ponang
nuwala, sang Senapati Ngalaga, langkung suka ing tyas ira.
Nulya aris ngandika, wus duta sira baliya,
layang iki paring ena, marang Senapati Ngalaga.
Wus lengser saking ing ngarsa, tan winarna
marga prapta, gya katur ponang nuwala, winaca sinukmeng driya.
Ri sawusnya tinupiksa, mesem kangjeng
Senapatya, nulya aris angandika, mring kang paman Mondaraka.
Lan kang rayi Jipang ika, lah padha dipun
semekta, samangsane layang prapta, ingsun nuli brongtayuda.
Kang rayi matur sandika, tenapi ki
Mondaraka, henengena Mentaram ika, ing Pajang ingkang winarna.
Mepak sagung pra Dipatya, kang kareh
Pajang sedaya, lawan sa gegaman nira, wus prapta sa gegaman nira.
Sang nata Pajang anulya, karya panggungan
wus dadya, prenahe sajroning pura, badhe kinarya tupiksa.
Perange sang Senapatya, yen benjang
kelamun prapta, saking tebih mapan nglela, kawarna kang pra dipatya.
Wus prapta Pajang sedaya, lawan saprajurit
ira, neng alun alun barisnya, tan petung kathaning jalma.
Beleber mring lurung samya, sang nata
Pajang anulya, kintun surat nantang yuda, dhumateng sang Senapatya.
Ri sawusnya tinupiksa, mesem kangjeng
Senapatya, nulya aris angandika, mring kang paman Mondaraka.
Tenapi mring arinira, pangeran Jipang
punika, apa wus padha sumekta, yayi prajurit sadaya.
Jeng Pangeran aturira, inggih wonten
sawontennya, nulya kangjeng Senapatya, parentah kinen tengara.
Sumahab kang wadya kuswa, lir tumurun
saking arga, kang busana warna warna, kalih ewu kang wetara.
Prajurit Jipang sedaya, Mentaram sewu
punika, dadya tri ewu sedaya, nulya budhal Senapatya.
Tata gelar dheder samya, wong Jipang
Mentaram ika, nging wong pathi wus uninga, dadya akendel kewala.
Mengkana jeng sang Pragola, Pathi nulya
nandher sigra, panggih lan Mayang dipatya, wus lajeng ngirid tumulya.
Cundhuk lan sang Senapatya, tumulya
angaras pada, rinangkul ri sang Pragola, dhateng Kangjeng Senapatya.
Kurang thithik yayi sira, kasmaran aneng
marga, sawusnya samya pranata, pan lejeng gumujeng suka.
Sang Senapatya atanya, sira gawa bala
pira, matur sang dipati Pragola, sewu tan kathah langkungnya.
Wus payo sira dhingina, wong Pathi dadya
pangarsa, tinengeran budhal ira, datan winarna ing marga.
Wus prapta jawining prapta, sang Senapatya
anulya, mesanggrahan karsanira, mapan sarwa nata bala.
Karya tarub gung wus dadya, pan lajeng
sang Senapatya, kasukan sadina dina, lan sagung kang wadya kuswa.
Mengkana Pajang winarna, jeng sultan mapan
uninga, yen Senapati sabala, prapta mesanggrahan samya.
Aneng sawijing kitha, jeng sultan miyos
sineba, pepak sagunging dipatya, jeng sultan aris ngandika.
Eh sakehing sanak ingwang, ing mengko apa
kang karsa, mungsuriha pan wus prapta, ana sajabaning kutha.
Apa nora rinebasa, ature kang pra dipatya,
yen pareng karsa nalendra, prayogi ngantos kewala.
Nging Mentaram prajuritnya, ingkang satuhu
punika, kang kenging ingaben yuda, mengkana ta ngandika.
Yen wus mengkono rembugnya, nging den
padha ngatya atya, sedaya matur sandika, gya nata luwar sineba.
Kawarna sang Senapatya, sandina dina
drawina, lan kang rayi katiganya, tenapi kang kulawarga.
Kang paman ki Mondaraka, ingaturan sampun
prapta, sang Senapati ngandika, sampun punapa kang karsa.
Tan wonten kawushaneya, yen samya kendel
kewala, nebda Kyai Mondaraka, sun Jebeng mapan sumongga.
Dipati Mayang mengkana, mapan sumongga
kewala, namung sang Pathi Pragola, aturnya dhateng sang nata.
Yen merengi ingkang karsa, pan lajeng
pareng kewala, amrih kiwul ing ngayuda, kawula sang dados dhadha.
Pangeran jipang punika, dados sapengawat
kanan, keringnya pun kakang Mayang, lan ngirid wadya Mentaram.
Paduka lenggah kewala, lan pun paman
Mondaraka, mesem kangjeng Senapatya, wus adhi ya sun tarima.
Nanging ta pangarsa ningwang, senadyan
asor unggula, karya rusak balanira, sarehne karoban sira.
Pan nora tikel sadasa, dadya kang rayi
sumongga, ing karsa sang Senapatya, kang raka nulya ngandika.
Wus adhi padha kariya, lawan paman
Mondaraka, tutugna asuka suka, lan sa wadya bala nira.
Pan ingsun lunga sadhela, sedaya matur
sandika, nulya kangjeng Senapatya, anitih Puspakencana.
Sinabet nader tumulya, siji nora gawa
bala, wus prapta ingkang sinedya, lajeng kangjeng Senapatya.
Ningali wadya ing Pajang, kathah ira tan
petungan, neng ngalun alun barisnya, mengkana sang Senapatya.
Nenuhun marang Hyang Sukma, nungkemi
kekepuh ira, mengkana kang pangandika, he Allah Pangeran nulya.
Mugi tuwan tulunga, mring abdi kang ina
papa, langip wus datan pakarya, nging tuwan ingkang kuwasa.
Saking wor munajadira, Senapati lajeng
nendra, aneng ing kekepuh nulya, pan sampun angraga sukma.
Ki Mondaraka winarna, tinilar
pesanggrahannya, nindhih ingkang para putra, gen nya kasukan lan bala.
Tan sekeca manah ira, nulya aris
angandika, lah Jebeng padha kariya, sun susule kakang ira.
Tutugena suka suka, kakangira Senapatya,
saguhe maju ing rana, dene suwe nora nona.
Suwarane kang senjata, nulya Kyai
Mondaraka, anitih turangganira, cecongklangan lampah ira.
Prapta gen sang Senaptya, gemujeng Ki
Mondaraka, iki silih basak ena.
Dene teka eca nendra, den anti mangsa
onaha, unine kang sanjata, iki silih basak ena.
Ya ta ingkang kawarnaha, wong Pajang geger
barisnya, wurohan ingkang swara, ingamuk mring Senapatya.
Tunjang tinunjang pan samya, pangrasane
wong sedaya, Senapati pangamuknya, mapan sarwi nitih kuda.
Nulya Kyai Mondaraka, tumingal kang
lumayu, alah iki ana apa, ngong coba ingsun atanya.
Ki Mondaraka anulya, cecongklangan
lampahira, tan pantara sampun panggya, lawan jalma kang lumalya.
Cinegatan lampah ira, lawan aris
angandika, anak mandhega sadhela, pan ingsun arep atanya.
Iku anak ana apa, dene wong padha lumayu,
kang tinanya sahur ira, Kyai sang Senaptya.
Ngamuk aneng luhur kuda, ngidek ngiles
kuda nira, lan datan pasah ing braja, tandang ira anglir yeksa.
Dene ta sang Senapatya, mapan lawung agem
ira, memateni marang jalma, pan anglir cecak kewala.
Ki Mondaroka ngandika, anak sun tuturi
sira, lah iki ki Senapatya, mapan iya lagya nendra.
Ki Mondaraka anulya, tinunjang sarya
lumayu, mengkana pangucapira, baya iki ta wong gila.
Sang Senapatya ngalaga, ngamuk ngrusakake
jalma, teka tinuturken nendra, baya wong rep amet karya.
Ki Mondaraka mengkana, baya iki ta wong
gila, tinuturan Senapatya, mapan nyata lagya nendra.
Teka anunjang kewala, ingsun nganti emeh
tiba, sarwa murugi kang putra, winugu sang Senapatya.
Lah Jebeng sira wunguha, kuda nira wus
palastra, kagyat kangjeng Senapatya, aniba Puspa kencana.
Ngandika sang Senapatya, si paman asalah
karya, lawan saturunku iya, aja na anganggo ika.
Jaran lir puspa kencana, mapan madu
wulunira, mengkana ki Mondaraka, aris denira ngandika.
Paran benjang karsa nira, mungsuh nira
geger samya, sang Senapati ngandika, paman sampeyan pundhutna.
Kuda pun sengkali ika, putra sampeyan
katiga, kalawan saprajuritnya, kang samya numpak turongga.
Mapan den enggala prapta, kang dharat
samya nusula, nulya Kyai Mondaraka, sesanderan lampah ira.
Datan pantara wus prapta, kang samya nitih
turongga, gangsal atus winetara, nulya kangjeng Senapatya.
Anitihi Kyai singa, kadya sinabet mamprung
sandernya, lan rayi katiganya, tenapi ki Mondaraka.
Gangsal atus prajuritnya, samya sanderan
sedaya, tan pantara nulya prapta, Pajang ngalun alunira.
Wus bubar tan ana jalma, sultan Pajang
kang winarna, ningali neng panggungira, mulad telas wedyanira.
Lan Senapati wus prapta, kalawan sawadya
nira, sang nata anulya niba, saking ing panggungan ika.
Lajeng murugi kang garwa, mengkana kang
pangandika, purun baya polah kula, dewa tan wande palastra.
Raka paduka wus prapta, sang Senapati
Ngalaga, kalawan sawadyanira, neng ngalun alun sedaya.
Mesem sang retna ngandika, ujare sira
kuwawa, mungsuh kangmas Senapatya, ing mengko mara tutugna.
Kuwawaha kangjeng rama, mengrepa sang
adipatya, sang retna melas ngandika, apa wus tobat sira.
Kang raka matur sumongga, pejah gesang lun
katura,dhumateng raka paduka, sang retna alon ngandika.
Yen mengkono wus kariya, sun matur mring
Senapatya, menawa ana kogelnya, iya marang ingsun uga.
Anulya miyos sang retna, kawarnaha
Senapatya, wadya ingkang dharat samya, pan sampun prapta sedaya.
Sang Senapati Ngalaga, lenggah munggeng
ing witana, ki Mondaraka neng ngarsa, lan Pangeran Jipang iku.
Lawan sang pathi Pragola, tumenggung
Mayang neng ngarsa, sang retna anulya prapta, anyungkemi pada karuna.
Kagyat kangjeng Senapatya, lamun kang rayi
karuna, nulya aris angandika, wus nimas mengena sira.
Ana ngendi lakenira, sang retna aris
aturnya, inggih kawula punika, kinengken abdi paduka.
Anuhun kang pangapura, pejah gesangnya
sumongga, mesem kangjeng Senapatya, wus ta mara timbalana.
Sang retna lengser sing ngarsa, wangsul
lumebeting pura, wus panggih lawan kang raka, nulya aris angandika.
Wus mara sira sun bonda, tinimbalan
Senapatya, sang tan lenggana, sakarsa dhateng sumangga.
Tan pantara wus binonda, cindhe kembang
kang kinarya, nulya medal sampun prapta, ing ngarsa sang Senapatya.
Kagyat mulat Senapatya, yen kang rayi
pinusara, nulya aris angandika, lah ta iku pa geneya.
Si adhi nganggo pusara, sang retna aris
aturnya, mapan kinarya prathonda, lamun sumongga ing karsa.
Mesem kangjeng Senapatya, ya uwis ingsun
tarima, si adhi wis uculana, nulya anungkemi pada.
Pan asru dennya karuna, ri wusnya tata
ngandika, eh ta adhi paran karsa, turira mapan sumongga.
Senapatya angandika, iya adhi karsa
ningwang, ing mengko sira muliha, tetapa Demak negara.
Kelawan ya arenira, sun pundhut mulih
akuna, aturnya inggih sandika, lah ta wus adhi muliha.
Mring Demak saiki iya, donya nira usurena,
lamun nora na kang gawa, wong Mentaram ngater.
Aturnya inggih sandika, nulya lengser
saking ngarsa, budhal mring demak sakala, wong Mentaram pan sedaya.
Ngaterken lan ngusung donya, binekta mring
Demak samya, tan pantara sampun prapta, henengena Pajang winarna.
Sang Senapati Ngalaga, kang rayi ingangkat
nuli, nenggih Pangeran Benawa, jumeneng Pajang Negara.
Sultan Pajang jejuluknya, ingestren Ki
Mondaraka, lawan Pathi sang Pragola, sang nata aris aturnya.
Kangmas punapa kang karsa, pusaka Pajang
sedaya, kawula mapan sumongga, sang Senapati ngandika.
Ora adhi wis tetepa, sira ingkang
duwenana, nging yen pareng kawan sira, Kendhali lawan Kapa.
Iku wae kang sun tedha, jeng sultan mapan
sumongga, mengakana sang Senapatya, aneng pajang pan wus lama.
Awetara pitung dina, nulya pamit kondur
nulya, jeng sultan kedah dherekna, nulya mangkat tan winarna.
Marga Mentaram wus prapta, jeng sultan
kondur tumulya, lawan dipati Pragola, tata tita pa wus lama.
Putra nira pan wus lama, ingkang jalu pan
tetiga, wus sinung nama sedaya, Pangran Jumilah bayunnya.
Arinira Raden Rongga, kang ibu saking
Prawata, anulya Pangran Purbaya, saking giring ibunya.
Waruju pangran Dipatya, saking pathi ibu
nira, mengkana pan wus lama, ing Pajang ingakang winarna.
Langkung kartaning nagara, kangjeng sultan
kawarnaha, gerah lajeng surudira, pan sampun karsaning Hyang Sukma.
Mapan boten gadhah putra, wus katur mring
Senapatya, mapan langkung ngungunnya, dadya ing Pajang negara.
Tan wonten madeg nalendra, nglempak
Mentaram sedaya, Madiyun ingkang winarna, pan sedya ambeg sarosa.
Panembahan nama nira, bang wetan suyud
sedaya, mengkana sang Senapatya, mapan wus miyarsa warta.
Nulya nglurug Senapatya, lan kang rayi
sang Pragola, nulya pinethuk ing yuda, Madiyun pan wus kaciwa.
Putra nira estri juga, langkung endah
ingkang warna, binoyong sampun kagarwa, dhateng kangjeng Senapatya.
Datan lama sampun putra, jalu bagus
ingkang warna, mapan pinaringan nama, sira Pangran Pringgalaya.
Dadya sekawan putranya, Panembahan
Senapatya, nanging kang jalu kewala, kang putri datan winarna.
Semana ing Tanah Jawa, sakalangkung
kartanira, tan ana kang dora cara, mengkana ing lama lama.
Kangjeng risang Senapatya, Ngalaga karsa
Hyang Sukma, gerah lajeng kondurira, dhumateng ngalam sampurna.
Obah kang bumi prakempa, Ing Tanah Jawa
sedaya, mapan ilang cahyanira, ing Mentaram kang winarna.
Karsanya Ki Mondaraka, lan sang dipati
Pragola, kang wayah Pangran Dipatya, ingkang kinarya nalendra.
Semana ing Tanah Jawa, wus pulih kadya
jenengnya, duk Senapati Ngalaga, Ki Mondaraka winarna.
Wus kondur mring ngalam nulya, ingkang
putra pan gumantya, ki Juru Kithing namanya, tan ewah kadya kang rama.
Mengkana ing lama lama, juru taman kang
winarna, sasedanya Senapatya, kang manah sampun kaduga.
Kelamun angayonana, mring Senapati
turunnya, kersanira, yun mantuka, lan wus mari bingung ira.
Kebo kemili lar mong nga, tinantun samya
selaya, kalih kedah dumugekna, ngawula mring ratu Jawa.
Nging juru taman pribadya, kang manah
kedah kaduga, anulya lumebet dhuata, sampun manjing dhatu laya.
Karsanya mundhut pusaka, agemnya sang
Senapatya, lisah Jayeng Katong rannya, semana mapan wus kena.
Juru taman wus ngumbara, kangjeng sultan
kagyat nulya, uninga kalebon dhusta, pinirsa lisah kang kena.
Kangjeng sultan mapan kena, ngaturi
dhateng kang raka, prapta Jeng Pangran Purbaya, jeng sultan aris ngandika.
Kangmas katiwasan kula, lisah Jayeng
Katong musna, cinidra mring duratmaka, sampun binekta ngumbara.
Juru taman dugi kula, bramatya Pangran
Purbaya, nulya pamit mring nalendra, arsa nusul mring kang dhusta.
Linilan lajeng ngumbara, kangjeng Pangran
Purbaya, juru taman wus kapanggya, inguwuh kinen mandhega.
Wus kendel nulya tinaya, eh juru taman
sira, anggawa lenga pusaka, juru taman sahurira.
Mapan kawula tan priksa, sarya rongeh
ulatira, mengkana osiking nala, sinedya ingsun apranga.
Kalawan pangran Purbaya, yen padha siji
kewala, iya mongsa sun ulapa, parandene ingsun yun lunga.
Dangu dangu pan ketara, kang lisah aneng
siyungnya, bramatya Pangran Purbaya, juru taman wus uninga.
Dumadya samya purunnya, mapan wusa neng
ngakasa, tan ana ingkang kuciwa, braja tan wonten tumama.
Mengkana Pangran Purbaya, ing nala saya
gembira, juru taman ing solahnya, pan wus kersaning Hyang Sukma.
Juru taman apes ira, semana sampun binanda,
kang lenga nanging tan ana, tinanya kumbi kewala.
Jeng Pangran langkung bramatya, juru taman
pinilara, dene alawan tan bisa, ingudharan gelung ira.
Nanging meksa tan kepanggya, dinagu kumbi
kewala, dadya cinangap cangkemnya, katemu neng siyung ira.
Jeng Pangran saya bramatya, wus ketara
cidranira, nulya pinothes siyungnya, netra cinubles kalihnya.
Ing gunting ingkang kinarya, yen kenginga
ing palastra, kaya sampun pejah ika, nanging juru taman iya.
Nora suda manah ira, anulya ngucap
mengkana, eh ya Pangran Purbaya, ing mengko iki ta iya.
Ingsun tan bisa malesa, ing besuk kelamun
ana, wong bule siwer netranya, karo iku den prayitno.
Tan wurung winales sira, ngandika pangran
Purbaya, iya ing besuk mengkoha, pan ingsun mongsa wediya.
Mengkana Pangran Purbaya, wus kondur lisah
binekta, nanging wisak wardhaira, lan kang rayi wus apanggya.
Anulya anjawat asta, wus katur sasolah
ira, jeng sultan sanget ngungunya, aris denira ngandika.
Mring raka Pangran Purbaya, kangmas kang
lisah punika, sampeyan agem priyangga, manah kula sampun gela.
Dadya kang lisah mangkana, dadya wasiat
Purbaya, mengkana kang cinarita, langkung arja Tanah Jawa.
Dene pakarya negara, sampun bubuhan
kewala, sepira kathahe ika, ing aprang Pangran Purbaya.
Yen lembat pakewuh ika, pan iku kang duwe
karya, Pangran Juminah punika, mila kreta Tanah Jawa.
Mengkana ingkang winarna, kangjeng sultan
wus prapta, anenggih pembajengira, nama Pangran Natapura.
Ingkang rayi nama nira, Pangeran Rangsang
punika, nulya arinya wanodya, Ratu Wandhan nama nira.
Ri sawusnya lama lama, katiga sampun
diwasa, nanging kang dadi carita, kangjeng Pangran Rangsang ika.
Kelangkung brangta Hyang Sukma, tan
ngetang kamulyan dennya, malah supe mring salira, kongsi anggeguru raos ika.
Pan sampun karsaning Sukma, tan kenging
winahonnana, kedah mengkana esthinya, kangjeng Pangran Rangsang ika.
Tan ana wekasaneya, wong urip ana ing
dunnya, yen manggunga olah raga, dadi lir pocung kewala.
PUPUH XI
P U
C U N G
Pan mengkana ing tyas sang narpa sunu,
marma nora ngetang, ing kawiryan donya iki, kang kaetang anging wekasing utama.
Kang utama wong urip neng donyeku,
anglarani raga, mrih aja katungkul neki, mring dumadi rehning kinarya Hyang
Sukma.
Marmanira kangjeng pangran lampahipun, pan
ginantya gantya, terkadhang nurut pasisir, yen terkadhang jujur gunung manjing
guwa.
Lamun banjir angeli sang narpa sunu, yen
Ramlan angluwat, langkung sudira atapi, kedhap kedhap wus katingal cahyanira.
Wus ketara yen badhe tinitah luhung, aneng
tanah Jawa, kangjeng Pangran Rangsang iki, bagus anom wani lara tega pejah.
Surengrana setyaning tyas tingal terus,
yekti kadang dewa, legawa lila donyane, wus pinasthi jalma luwih tanah Jawa.
Kawarnaha kangjeng sultan ing Mentarum,
pan sampun uninga karsanira kang siwi, dadya mupus ingkang tyas pan pira pira.
Duk semana jeng pangran adreng tyasipun,
nuhun pamit ika, mapan arsa minggah khaji, tan linilan nging jeng pangran kedah
meksa.
Dadya mupus jeng sultan tekdir Hyang
Agung, mapan wus ngidenan, kangjeng pangran mangkat nuli, ingkang dherek nging
ponakawan titiga.
Apan sampun lir jinurung ing Hyang Agung,
datan lama prapta, ing Mekah sang narpa siwi, dadya saya sudira ingkang
ngatapa.
Wus tan kewran tyas ira sang narpa sunu,
mring sagung dumadya, ilhaming yang wus pinaring, neng werdaya sagung elok wus
uninga.
Langkung rena tyas ira neng Mekah iku,
sanget mati raga, tan mantra putra narpati, mindha papa iman papat kinawulan.
Sampun lama jeng pangran neng Mekah iku,
sanget matiraga, tan arsa kondura mangke, Mesir Ngesam Bental Mukades jinajah.
Naning Mendhadru wis langip lampahipun,
nut lembak ing driya, tan mantra putraning aji, ing Setambul ing Ngerum sampun
jinajah.
Dadya kathah kangjeng pangran tilasipun,
saben saben ngambah, ana tilas siji siji, gen manekung saking karem dating
Sukma.
Saben ana Seh terang maring ngelmu, samya
ginuronan, dadya sangsaya tyas neki, tingalira dumeling kodrat kang mulya.
Kangjeng pangran wus kapam neng Mekah iku,
supe ing Mentaram, imam sekawan samya sih, wulangira pan sampun telas sedaya.
Henengena kang angeng Mekah puniku, ya ta
kang winarna, neng Mentaram jeng sang aji, karsanira mapan arsa karya praja.
Madeganda binabatan mapan sampun, lagya
kinenerapyak, kasaru gerah sang aji, langkung sanget mapan wus karsaning Sukma.
Lajeng kondur dhumateng rahmat tolahu, pun
dadya paraban, sinuhun Seda Krapyak, nulya kangjeng pangeran Juminah Ika.
Lan kang rayi kangjeng pangran Purbayeku,
lan ki Juru ika, wus rembaga ngangkat nerpati, kang den angkat nenggih Pangran
Natapura.
Datan lama sampun kersaning Hyang Agung,
lajeng gerah manah, langkung sanget gerah neki, dadya susah wadya Mentaram
sedaya.
Nulya rembag sentana katiganipun, urusan
mring Mekah, nimbali kang putra sami, Pangran Rangsang wus lama denya neng
Mekah.
Lawan atur atur dhumateng ing Ngerum, lan
atur sedhekah, marang para iman sami, lawan nuhun idi mring jumeneng ira.
Kang dinuta ki Tumenggung Singaranu, lawan
bekta surat, kapal tiga den momoti, ingkang brana langkung kathah warna warna.
Nulya mangkat ki Tumenggung Singaranu, wus
mancal bahita, mapan nuju angsal angin, lampah ira nora lawas prapta Mekah.
Samya kagyat wong Mekah sedyanipun, lamun
ana duta, saking Tanah Jawa iki, beta brana atur atur karsanira.
Ingkang surat wus katur mring saripipun,
anulya winaca, punika kang salam taklim, kangjeng Pangran Jumilah lawan
Pangeran.
Pubaya katura mring sarip iku, lawan para
iman, sekawan sampunnya mangko, wiyosipun kula ngaturi sidhekah.
Lawan nuhun putra kawulantukipun, inggih
Pangeran Rangsang, lan mugi tuwan ideni, tulusipun jemeneng Tanah Jawa.
Sarip kalih lan iman sekawan iku, pan
kagyat sedaya, ing kene tan ana iki, kang wong Jawa aran nganggo mengkana.
Ana lare sawiji warnanya bagus, ngiring
wong tetiga, nging mengko tan ana katon, barong ana warta dutanah Jawa.
Ki Tumenggung Singaranu ris umatur, pan
inggih punika, gusti kula wetawis, kula nuhun mugi tuwan timbalana.
Sarip Mekah utusan ngupados sampun, dangu
tan kepanggya, sabab nora tunggal jalmi, salaminya neng Mekah mapan mengkana.
Nging yen salat kepanggih lan jalma agung,
lamun sampun bakda, salat mapan sagineki, genya Ngujrat salaminya pan mengkana.
Aneng ngardi lenggah sedheyan neng watu,
ngantos lengok ika, kang sela ingadhep sami, ki katigan kalawan Kyai serang.
Kyai Pamijah anenggih katiganipun, pan
sekawan samya, wus tan ana ngetang dhiri, nging purbaning Allah katingal
gumawang.
Kawarnaha duta sira prapta sampun, lajeng
asalaman, kangjeng pangran den dhawahi, yen ngandikan wus kerid pan sampun
prapta.
Neng ngarsane Sarip ing Mekah puniku, lan
kang para iman, sampun asalaman sami, ki Tumenggung Singaranu wus tumingal.
Mring gustinya yen risak saliranipun, ki
tumenggung nulya, nungkemi pada anangis, angandika jeng pangran lah wusmenenga.
Sarip Mekah lan para iman sedarum,
langkung gawok ika, ningali marang tatane, kang wong Jawa sungkeme mring
ratonira.
Ri sawusnya matur Kyai Singaranu, yen jeng
rama nata, kondur mring rahmat tolahi, jeng pangeran esmu kumembenging wespa.
Gya pinupus yen urip wekasan lampus, nulya
angandika, sireku prapta pa kardi, atur sembah gusti kawula dinuta.
Inggih dhateng kangjeng wa dalem sedarum,
lan jeng ibu tuwan, nimbali paduka mangke, Tanah Jawa tan wonten gusti ratunya.
Jeng pangeran nulya angandika arum,
kangmas Natapura, ki Singaranu tur neki, raka tuwan sanget dennya nandhang
gerah.
Wa paduka kalih samya aturipun, kalamun
paduka, datan karsa kondur mangke, pan anedya nusul mariki sadaya.
Kados telas abdi paduka sedarum, lan ibu
paduka, siyang dalu lan sang dewi, ratu Pandhan tan kedel denya karuna.
Tanah Jawi langkung peteng sorotipun,
mengkana jeng pangran, tan kenging keguh tyas neki, saking dening
prathisthaning kang wardaya.
Sarip Mekah sareng mirsa aturipun, lan
kang para iman, langkung welas ing tyas neki, ing susahe Negara ing Tanah Jawa.
Nulya aris sang sarip nebdannipun, lan
kang para iman, lah muliha putu mami, sedya nira sireku luru utama.
Yen mengko iya iku tuturipun, ing salaku
nira, putu kelamuntan mulih, awusana sireku nemu duraka.
Dadya emeng kangjeng pangran ing tyasipun,
pan sareng miharsa, sebdanya sedaya sami, dadya nerah jeng pangran marang kang
murba.
Nulya aris kangjeng pangran aturipun,
marang sarip Mekah, lan kang para iman sami, pan sakarsa kawula sampun
sumongga.
Sarip kalih lan para iman sedarum, sareng
kangjeng pangran, sampun nurut karsa neki, langkung suka putusan atur uninga.
Dhateng ing Rum lawan nuhun idinipun,
lawan tur aturnya, saking ing pratinggi Jawi, tan winarna ing marga Ngerum wus
prapta.
Serat ipun sarip lan iman sedarum, katur
mring jeng sultan, langkung sokur mring Hyang Widi, wus ingidenan lawan kinen
paring nama.
Pinatuta kelawan ing dalil iku, ingsun wus
pracaya, kalawan wus sun idini, wus muliha duta marang Mekaha sira.
Nulya mundur gegancangan lampahipun, tan
winarna neng marga, duta mekah sampun prapti, mapan nuju ing dina Jumu’ah ika.
Sampun katur mring sarip myang iman iku,
suratnya jeng sultan, ing Ngerum gya tinupeksi, langkung sokur sarip lawan para
iman.
Mapan nulya ingangkat jeng pangran iku,
iman Sipangika, ingkang amaos kutbahi, kutbah baka pan iku ingkang kinarya.
Lawan sampun nenggih sinungan jejuluk,
Sultan Ngabdulrahman, Sayidin Panatagami, ing Mentaram ngaliman lawan ngaliman.
Lawan sucian rahupan dahikan sampun,
ngiden pra pandhita, Sayid Mahulana sami, para ukma ngulama lawan suhada.
Nulya katur kang dunya kalih perahu,
kinarya sidhekah, weradin wus bubar sami, kangjeng sultan mring dalem Sapingi
iman.
Langkung samya kang iman asih sedarum,
dhateng kangjeng sultan, bagus anon wani sakit, tega pati wus nyata sakeh
ngelmunya.
Kangjeng iman Sapingi ngandika arum, wus
putu muliha, sira marang tanah Jawi, nora beda ing kene lawan ing kana.
Kana kene tan liya dhinireku, kang dadi
warana, mapan wus tan ana maning, dene sira nyingkiri ingkang brahala.
Pan ing Jawa iku gen brahala agung, nadya
kene iya, nora beda iku kaki, sayektine brahala ugrering manah.
Ingkang papat mapan iku drema pintu, yen
sepi tyas ira, kabeh iku melu sepi, lamun rame kabeh iku mapan derma.
Wus mung iku ugre sihing Hyang Agung,
lawan maning ana, nging karya suratku ugi, lamun karya ing kubur putu miliha.
Ingkang bumi wiwit hema aranipun, dene iku
padha, arane katelu iki, bok menawa ana nugrahaning Sukma.
Kangjeng Sultan mring sang iman Sapingi
iku, aris atur ira, mugi kawula puniki, kinuwatna pinaring nugrahan sukma.
Kangjeng iman Sapingi anebda arum, ingsak
Allah uga, ing kene dongane sami, pan jumurung kabeh marang sira nyawa.
Wus ta nuli amuliha putuningsun, Jawa
welasana, kangjeng sultan anulya, mit, marang sarip atenapi para iman.
Pan sedaya dongane samya jumurung, nulya
kangjeng sultan, budhalan sawadya neki, tan winarana sampun nitih ingkang
palwa.
Angsal angin pan lestari lampahipun, tan
winarna marga, wus prapta ing Tanah Jawi, kangjeng pangran Purbaya wus mirsa
warta.
Yen kang putra rawuh lan jumeneng sampun,
langkung suka nira, mapan nulya menthuk nuli, lawan sagung putra sentana
sedaya.
Wus kapethuk mapan nulya mangkat sampun,
tan winarna neng marga, ing Mentaram sampun prapti, mapan lajeng kodur marang
kenya pura.
Pepak sampun sedaya wonten kedhatun, pan
anglir supena, sedaya ingkang tyas sami, sokur ing tyas sami, sokur ing tyas
marang pangran pira pira.
Sampun luwar kondur sowang sowang iku,
mengkana winarna, kangjeng sultan pan wus lami, tata tita langkung karta Tanah
Jawa.
Ing Mentaram pan rame ngibadahipun, sirna
dora cara, mengkana pan sampun lami, kangjeng sultan pan ngalih kedhaton ira.
Pan bebadhe wona kapit lepen iku,
winestanan karta, datan mawi den pageri, mapan nanging kenentha kentha kewala.
Ingkang dadya telenging tyas kang sinuhun,
nanging pasarehan, welinge iman Sapingi, duk semana gunung merak wus binabat.
Para Nata myang Dipati agung agung, pan
samya tuguran, sedaya ageng magiri, sultan Cerbon Sultan Banten tindhih ira.
Sultan palembang ingkang binubuhan kayu,
ingkang pasarehan, kangjeng wunglan kang kinardi, gennya mendhet saking negeri
Palembang.
Wus rinakit pagere lan gapuranipun, sami supit
urang, tundha tiga kori neki, banon rawi saking bekung toyanira.
Kang serasah batur sela cendhaniku, saking
ing Mandura, kubur landhak sampun dadi, mapan ngiras jeng sultan kalamun
ngluwat.
Sampun dadya langkung asri yen dinulu,
ingkang pathetan, cengkeh jawi naga sari, saking Ngambon cengkeh iku wijilira.
Pelataran enceh kalih agung agung, mapan
saking Mekah, lawan sang padasan kalih, toya jamjam enceh iku isenira.
Kangjeng sultan sigra animbali sampun,
Kyai Manglarmonga, kang kinen tengga puniki, Kyai Kebo Kemili meksih tinilar.
Kantun tengga pasarehan ing Mentarum,
kawarna jeng sultan, awis kondur dhateng puri, aneng bengkung punika
panepenira.
Ingkang tengga kedhaton anging pangulu,
kekalih punika, katiga lawan serange, pamijahan kedah remen wesmeng ngarga.
Tinurutan pinaringan bumi sewu, Carebon
ginempal, tanah karang aran neki, tata tita langkung arja Tanah Jawa.
Kangjeng Pangran Juminah pan yasa iku,
mapan pasarehan, Girilaya aran neki, kangjeng Pangran Purbaya mapan wus yasa.
Ing wot galih kangjeng sultan kang
winuwus, mapan sampun krama, putra Batang ayu luwih, sampun lama mapan kalih
putranira.
Samya jalu ingkang sepuh mapan sampun,
pinaringan nama, kangjeng Pangran Adipati, Pangran Alit kang weruju nama nira.
Ratu Pandhan pan kinramakaken sampun,
angsal Surabaya, Pangran Pekik ingkang nami, langkung atut denira apala krama.
Henengena Mentaram gentya winuwus, Betawi
kang winarna, anenggih ingkang duweni, nama nira nenggih Pangran Jakarta.
Mapan dadya bandar langkung agengipun,
nulyana nakoda, saking negari Welandi, langkung sugih Kapitan Temas namanya.
Sampun tepang lan Pangeran Jakarteku,
langkung ki nakoda, angsal ira mendhot galih, denyanira mapan ginelar sadaya.
Ana ingkang kinarsakaken jumurung, mapan
ki nakoda, nora gelem angregani, wus pracaya lan trena pangran Jakarta.
Mapan nulya nuwun nebas siti sampun, dene
sengadinya, karya wewadhah kemawon, ing dagangan tan wiyar nanging punika.
Nging sawalulang kebo wiyaripun, kang
jinanget ika, anging paten ingkang jangji, gansal leksa panebase ki nakoda.
Dadya meliki ki nakoda panebasipun,
pangran ing Jakarta, datan wani atur uning, mring Mentaram dinuga nora ngopoha.
Mapan sampun tampan tinampan puniku,
anulya kang walulang, jinanget kelangkung alit, ing ngubengken langkung wiyar
dadenira.
awetara kawan dasa cengkal iku, pangeran
Jakarta, kelangkung kaduwung neki, ngajak balen nging nakoda datan arsa.
Lama lama nulya binata puniku, wong Betawi
samya ingakang abeberah iki, pan pinenging marang pangran near kena.
Ki Nakoda langkung tan ngeman donyeku, wong
Betawi samya, sih lutut mring nakodane, pan kuciwa nenggih pangeran Jakarta.
Nulya rakit beteng lan mariyem sampun, pan
sampun sumekta, nulya gurnadurnya prapti, langkung kathah kuwatir pangran
Jakarta.
Ingaranan kitha inten betengipun, kapir
saya kathah, warna warna tiyang neki, dadya geseh wus tan sedya mundura.
PUPUH XII
D U R M A
Kawarnaha wau Pangeran Jakarta, nulya
mepaki wadyeki, nenggih prajuritnya, Betawi winetara, sewu mapan langkung
kedhik, Gurnadur mirsa, nulya mepak Kumpeni.
Gangsal atus mapan punuka sedaya, wong
sabrang warna warni, pan sampun sumekta, nulya mendali yuda, wus campah kang
ngajurit, pan kathah pejah, wau wadya Betawi.
Datan kathah nadhani pengedrelira, wus
mundur wong Betawi, binerek kewala, sira Pangran Jakarta, kuthanya wus den
anciki, Pangran nulya lolos sa anak rabi.
Donya brana mapan kantun sedaya, nanging
kang anak rabi, kang meksih tut wuntat, wong Betawi sedaya, mapan sampun samya
balik, Pangran karsanya, mapan atur upeksi.
Mring Mentaram datan winarna ing marga,
Mentaram sampun prapti, mapan sampun panggya, lawan Ki ADipatya, Singaranu
Kyana Patih, Pangran Jakarta, wus katur niskareku.
Langkung kagyat Ki Singaranu miharsa,
lajeng katur Sang Aji, gya nuding Nalendra, ingkang kinen ngluruga, Ki
Mandurareja iki, sakancanira, pangiwa kinen ngerig.
Lan Bupati Wangkit sakilen Semarang, pan
kinen bekta sami, gya nembang tengara, budhal sawadya kuswa, gumuruh swaraning
jalmi, anulya budhal, sagung wadya Mentawis.
Ki Mandurareja pangiriding lampah, medal
dharatan sami, sangking gunging wadya, wana jurang kabekan, mapan dadya marga
sami, datan sami, datan winarna, marga Betawi prapti.
Langkung geger Betawi samya wong desa,
mapan samya angili, Gurnadur wus mirsa, sigra nembang tengara, wus pepak bala
Kumpeni, lawan wus kathah, ingkang prapta bantoni.
Kalih ewu langkung kedhik kewala, samya
siyageng jurit, kang arsa methuk yuda, tan pantara wus budhal, kawarna wadya
mentawis, yen sampun pirsa, arsa pinagut jurit.
Ki Mandurareja nulya tata tata, ingkang
dadya pangirid, pasisir sadaya, nenggih Pangran Sumedhang, lawan ing Tegal
Dipati, sampun sumekta, nulya tengara muni.
Cucuking prang pan sampun ayun ayunan, wus
ingabanan sami, nulya campuh ing prang, pan sampun ayun ayunan, pangedrelo kang
Kumpeni, lir gunung rebah, mawut wadya pasisir.
Datan tahan ingudanan mimis samya, nulya
kang praDipati, angawaki yuda, lan sagung wong Mentaram, kang dadya pangawat
kering, Pangran Sumedhang, kanan Dipati Tegil.
Ki Mandurareja pan wus dadya dhadha,
rempek pangamuk neki, wong Kumpeni tadhah, sanget pangedrelira, nanging wus
datan preduli, kang pra Dipatya, lawan wadya Mentawis.
Samya nusup ing kukuse kang senjata, dadya
kuweling jurit, senjata wus pejah, kantun ngamuk kang pedang, nanging wus tan
miyatani, Kumpeni telas, lumayu inglang urip.
Ngungsi kitha wong Mentaram sampun prapta,
ingkang samya nututi, mriyem sinuledan, kang aneng luhur ika, ing beteng lir
gelap swarneki, wadya Mentaram, dadya menggah pan sami.
Ki Mandurareja lan kang pra Dipatya, mapan
rembagan sami, kinepung kewala, kitha inten punika, derapon ngenes saiki, nulya
kinepang, Kumpeni ambedhili.
Saking luhur ing beteng mapan kiwala, pan
wus tan bisa mijil, ing tyas langkung giras, lan mega binedhilan, pan sampun
miharsa warti, Pangran Purbaya, saget ngambah wiyati.
Rinten dalu kang senjata berondongan, dene
wadya Mentawis, pan eca kasukan, mengkana pirembagan, Pangran Sumedhang tur
neki, mring Ki Mandura, ki lurah yen suwawi.
Inginggahan kang kitha inten punika,
saging konca Dipati, samya nginggahana, tiyang alit sedaya, sampun wonten
tutumut jurit, dugi kawula, sampun alit kang galih.
Sendawanya sampun tipis dugi kula, rembag
kang pra Dipati, nulya sareng mangkat, kutha inten wus prapta, tan pantaran gya
rinampit, Gunadur nulya, langkung gugup ngabani.
Kang mariyem pan sampun sinuledan, pan
anglir gelap muni, nengah pra Dipatya, pan rempek ajengira, tan ajrih swaraning
mimis, langkung gugupnya, kang neng jro beteng sami.
Dadya telas kang pelor tinja kinarya,
mapan tepiyo sami, karya nyendhoki tinja, mengkana Ki Mandura, mapan kenging
mimis tahi, ingkang salira, mapan galuprat tahi.
Miwah para Dipati hiya mengkana, pan
nungur nungur sami, dadya undurira, sedaya dening tinja, dadya mesanggrahan
malih, pan samya siram, henengena ingkang winarni.
Kangjeng Sultan animbali mring kang uwa,
Pangran Purbaya prapti, jeng Sultan ngandika, wus sampeyan pirsa, tangled
tiyang mentawis, pan sampun lama, tan wonten wartineki.
Kangjeng Pangran Purbaya matur sendika,
nulya selamun nuli, wus lengser sing ngarsa, datan ambekta bala, nging
ponakawan kekalih, ngampil ganthennya, lan pakecohaneki.
Sampun prapta jeng Pangran nitih bahita,
pecala bahita lit, ran Ki Kaladuta, wus lepas lampahira, aneng satengah
jeladri, kapethuk nulya, bahita kapal iki.
Mapan bantu saking nagari Walonda, pan
lajeng amriyemi, nging Ki Kaladuta, tan kendel lampahira, mergi kapal Kumpeni,
dadya grahita, sagung wadya Kumpeni.
Baya iki wong Jawa kang wus kacrita, saka
nagara mami, kang aran Pangeran, Purbaya duganingwang, dene teka bahita lit,
kang tinunggangan, bisa nengah jeladri.
Datan gawa rewang mung loro ika, pan padha
lare cilik, ya bilahi sira, dene kepasang yogya, nulya ngedrel lan mriyemi, Ki
Kaladuta, akas lampah lir angin.
Wus kaliwat pelore ingkang senjata, nulya
ambetus sami, lir gelap swaranya, mapan samya bahita, rempu kapaling Kumpeni,
kerem anulya, wonten kang nunggang sami.
Pan sekawan anenggih prahu penJawat,
lumajeng den tututi, mring Ki Kaladuta, kacandhak binentusan, rempu sedaya pan
sami, kerem palastra, tan ana kari siji.
Pitung atus winetara kathahira, telas
tanana keri, lajeng Kaladuta, tan pantara wus prapta, anenggih nagari Betawi,
kang pra Dipatya, langkung gugup tyas neki.
Mulat lamun Kangjeng Pangran Purbaya,
rawuh dhateng Betawi, sagung pra Dipatya, rumahos tampi duka, Ki Mandurarejo
nuli, nembang tengara, loji renempid malih.
Kangjeng Pangran Purbaya aris ngandika,
padha menenga dhingin, ingsun iki prapta, tan kinen ngadu yuda, nging kinen
mariksa iki, marang ing sira, lawan pan margoki.
Nora sira bedhah iya betengika, yen tan
kelar sireki, nora tur uninga, tumungkul ki Dipatya, tan saged matura sami,
Kangjeng Pangeran, nulya ngandika malih.
Alah payo ingsun sira tuduhena, aja na
gawa jalmi, marang ingkang aran, kutha inten yun wikan, sendika kang pra
Dipati, samya kapalan, wolung dasa wetawis.
Prapta pinggir beteng nulya geger samya,
mariyem den suledi, lan ngedrel senjata, mesem Pangran Purbaya, sarta angandika
aris, eh si Welonda, dene kepati pati.
Ngendelake iya iku bedhilira, lawan
betengireki, nulya tinudingan, benteng bedhah sekala, mapan iya sedheng jalmi,
saya gegernya, kuwur tyasnya Kumpeni.
Kangjeng Pangran nulya wangsul
mesanggrahan, sineba pra Dipati, nulya ris ngandika, paman Mandurareja, lan
sagung kang pra Dipati, padha kariya, lan aja magut jurit.
Mapan ingsun ayun mulih mring Mentaram,
pada barisa sami, aja magud yuda, kelamun durung ana, utusan teka Mentawis,
kang pra Dipatya, sandika aturneki.
Kangjeng Pangran nulya kondur nitih palwa,
Ki Kaladuta iki, rikat lampahira, datan winarneng marga, jeng Pangran mapan wus
prapti, Kanjeng Pangran, kondur dhateng Mentawis.
Sampun prapta lajeng sohan mring kang
putra, Kangjeng Sultan wus panggih, lajeng Jawat asta, Sri Nalendra ngandika,
atanya marang kang uwa aris, kados punapa, wertine ing Betawi.
Kangjeng Pangran mapan alon aturira, dene
inggih Betawi, mapan sampun risak, ing loji dereng bedhah, kelamun dipun
bantoni, sepisan engkas, kados bedhah kang loji.
Kangjeng Sultan mapan aris angandika,
sampun karsaning Widi, pan punika uwa, benjing sapengker kula, dados kanthi
ingkang wingking, turun kawula, punika kang ngembani.
Sampun pesthi kersane Allah Tangala, kapir
jaler ing jurit, ing sapengker kawula, uwa kapir punika, mapan inggil jurit
neki, neng Tanah Jawa ngantos tri atus warsi.
Yen wus jangkep tigang atus warsa uwa,
kapir neng Tanah Jawi, pan lajeng misesa, ngakon ratuning Jawa, punika uwa ing
benjing, pan wonten uga, uwa karsaning Widi.
Kang nandhingi yudane kapir punika, mapan
risak kang benjing, nging waluhu alam, uwa lestarinira, marmane uwa ing mangkin,
kajeng kawula, kang baris ing Betawi.
Mapan ayun kawula unduraken uwa, nanging
inggih pun kapir, tinantun kewala, punapa ta puruna, teluk lawan bataneki,
Pangran Purbaya, kasinggihan tur neki.
Kangjeng Sultan nimbali Ki Wiraguna, pan
sampun prapta ngarsi, jeng Sultan ngandika, ya sira Wiraguna, ing mengko sira
sun tuding, sekancanira, maranga ing Betawi.
Anusula lakune Mandurareja, wus padha
konen mulih, nanging si Welanda, iku sira tariya, konen atur bulu bekti, marang
Mentaram, wus ta mangkata nuli.
Atur sembah Ki Tumenggung Wiraguna, wus
lengser saking ngarsi, gya nembang tengara, mangkat sakancanira, datan winarna
ing margi, Betawi prapta, Ki Mandura wus panggih.
Lan Pangeran Sumedhang sakancanira, sagung
kang pra Dipati, samya salamun, lan Kyai Wiraguna, sedaya sampun weradin, Ki
Wiraguna, nulya dhawuhken iki.
Ing timbalanira Kangjeng Sri Nalendra,
marang Ki Mandura iki, lan sagung Dipatya, samya tumungkul ika, tan wonten
saged mangsuli, rumahos tiwas, henengena ingkang winarni.
Kutha Inten anenggih Gurnadur Jendral, pan
sampun miharsa warti, bantu ageng prapta, tindhihnya Pangran Purbaya, lan
miharsa warta malih, yen bantunira, telas aneng jeladri.
Pan kapethuk kalawan Pangran Purbaya, lan
wus wikan pribadi, mring Pangran Purbaya, yen kutha tinudingan, kewala bedhah
ing mangkin, lawan wus telas, nenggih kang obat mimis.
Dadya telas tyas sira Gurnadur Jendral,
rumahos tumpes sami, pan ayun teluka, tan angsal pados marga, dadya langkung
tyas sireki, dennya sungkawa, henengna gentya winarni.
Ki Tumenggung Wiraguna pirembagan, lan
sagung pra Dipati, pan ayun urusan, marang Gurnadur ika, lawan serta mawi
tulis, Ki Jiwaraga, wau ingkang tinuding.
Tur sandika sampun lengser saking ngarsa,
kutha Inten wus prapti, Gurnadur anulya, sampun sinung uninga, yen wonten duta
nireki, Ki Wiraguna, kang serta mawi tulis.
Langkung suka tyas sira Gurnadur ika, gya
methuk kori jawi, mapan sampun panggya, lan Kyai Jiwaraga, pan lajeng binekta
manjing, mring loji ika, langkung panyubaneki.
Mapan nulya pinaring ika nuwala, nulya
winaca nuli, kelangkung tyas ira, asrep Gurnadur ika, rumahos yen angsal urip,
wus keri dika, datan mawi Kumpeni.
Nanging lawan kapitan lan juru basa, mapan
sampun kapanggih, lan Ki Wiraguna, lan sagung pra Diptya, mapan atabeyan sami,
kelangkung suka, tyasnya Gurnadur iki.
Dhinawuhan yen sampun angsal apura, saking
jeng Sri Bupati, nanging saben warsa, nenggih kinen sohana, lawan atur bulu
bekti, marang Mentarum, nging wakila prayogi.
Tan kalilan yen sira dhewe lumampah, iya
marang Mentawis, Gurnadur aturnya, inggih sandika, wus rampung saneskareki, Ki
Wiraguna, anulya den aturi.
Lawan sagung wau kang pra Dipatya, mariksa
kitha nuli, Gurnadur utusan, wau kang juru basa, ingkang kinen ngrumiyini,
ngresiki kitha, Ki Tumenggung lumaris.
Lawan sagung wau kang pra Dipatya,
Gurnadur datan tebih, sampun prapta kitha, langkung pasunggatannya, Gurnadur
mring pra Dipati, lan tur aturnya, kang badhe mring Mentawis.
Warna warna ingkang nora nana, lawan
pasungsung neki, mring sagung Dipatya, apan sampun warata, sawusnya tabeyan
sami, nulya budhalan, mundur dhateng Mentawis.
Tan winarna marga Mentawis wus prapta,
lajeng sohan sang aji, wus katur sedaya, solahira dinuta, lawan atur atur neki,
Gurnadur Jendral, mapan wus katur sami.
Mapan kathah kelangkung awerna werna,
lajeng samya pinaring, mring sagung punggawa, weradin sawadyanya, mengkana pan
sampun lami, ing saben warsa, mapan tur bulu bekti.
Ing Betawi inggih dhumateng Mentaram,
Gurnadur mapan wakil, nenggih Kapitan Temas, sohan ing saben warsa, serta bekta
bulu bekti, nging kendelira, ing kehijenu iki.
Tur uninga marang kyai Adipatya, Singaranu
anuding, wong gandhek kewala, nenggih Ki Jiwaraga, ingkang kinen ananpeni,
panginep sira, kalilan pitung bengi.
Tata tita mangkana mapan wus lama, Pangran
Jeminah nenggih, mapan sampun seda, ingkang putra gumantya, anama Pangran
nenggih, Riyamenggala, dadya bantheng Mentawis.
Kangjeng Pangran Purbaya inggih wus seda,
ingkang putra gumanti, meksih namanira, nenggih Pangran Purbaya, Kangjeng
Sultan kang winarni, langkung tyas ira, tinilar kang wa kalih.
Saya sanget birahi marang Hyang Sukma,
rumahos tanpa kanthi, angles ingkang driya, aneng kluwat kewala, wus tampi
wangsiting Widi, lamun wus celak, Jeng Sultan mring ngisiki.
Nulya miyos animbali mring kang putra,
nenggih Pangeran Dipati, sampun prapta ngarsa, Sri Nalendra ngandika, kulup
marma sun timbali, den becik sira, ingsun meh prapta jangji.
Kangjeng Sultan kang putra nulya winejang,
mring ngelmu laduni iki, wus karsa Hyang Sukma, landhep ing tampinira, nulya
kinen animabali, mring Kyana Patya, lawan pangulu kalih.
Sampun prapta Kangjeng Sultan ngandika,
dhateng Rekyana Patih, lan pangulu ika, lah padha undhangena, lamun iki putra
mami, Ki Adipatya, genteni marang mami.
Wus jumeneng amengku Ing Tanah Jawa,
gumanti marang mami, sedaya tur sandika, sami tumungkul ika, lawan ngemu waspa
sami, ajrih matura, mapan rumahos iki.
Yen tinilar Kangjeng Sultan wus uninga,
semunya punggawa tri, nulya ris ngandika, dene bebekal sira, apa wekasaning
ngurip, pan samya tompa, nulya nerah karsa ji.
Lawan enget marang purbaning Hyang Sukma,
wus samya lejar iki, Jeng Sultan angandika, wus ta padha muliha, kalawan Ki
Adipati, angkaten nulya, sakawan ngujung sami.
Sampun lengser saking ngarsaning Nalendra,
tumedhak saking wukir, sampun prapta kreta, Ki Singaranu nulya, amepak kang pra
Nrepati, lawan sentana, Bupati ageng alit.
Wus jumeneng Kangjeng Pangeran Dipatya,
Kangjeng Sunan Mentawis, pan ngestoken samya, sagung wong Tanah Jawa, Kangjeng
Sultan kang winarni, nimbali ika, Kangjeng Ratu wus prapti.
Mapan kinen angladosi gennya siram, nging
lawan juru kunci, sakawan punika, gapura kinencenan, lawan parekan satunggil,
pan Palawija, ni Repet westaneki.
Nulya siram mila mengkana Jeng Sultan,
sampun ira dumugi, nulya abusana, kang sarwa suci ika, lajeng ta sarehan nuli,
neng sandhing kluwat, nulya surut sang aji.
Mapan lajeng sinarekaken kewala, obahing
Tanah Jawi, langkung gora gora, surya sasi grahana, sedaya pannyana sami, lamun
Jeng Sultan, kondur mring Rahmatulahi.
Kangjeng Ratu nututi let telung dina, lan
nyai Repet iki, henengna kang wus munglya, Kangjeng Sultan winarna, tan arsa
ngedhaton iki, wonten ing kreta, dadya yasa pribadi.
Kadospaten kang lajeng kinarya praja,
Palered westa neki, langkung agengira, lawan yasa segara, sampun karsanya Hyang
Widi, Kangjeng Suhunan, marang karsanireki.
Mapan nilar lawan duk swargi kang rama,
garwanira kekalih, kang sepuh punika, pan saking Surabaya, ingkang anem
putraneki, Pangeran Harya, Menggala pan wus sami.
Apeputra ingkang saking surabaya, pan wus
jumeneng iki, Pangeran Adipatya, kang sampun Jeminahan, Pangran Puger
purabneki, Jeng Sunan derman, pan kathah putra neki.
Putra putri mapan satan winarna, nanging
pengajeng kalih, mengkana Jeng Sultan, pan kathah kersanira, lawan assuring
remen nenggih, nglahirken ika, mring hasibing Hyang Widi.
Dadya samya jrih giris sagung punggawa,
malah Pangran Pekik, pan sampun sinedan, dadya Pangran Dipatya, kelangkung
denya prihatin, sasedanira, ingkang eHyang Pangran Pekik.
Kangjeng Pangran nimbali marang kang
EHyang, Pangeran Kajoran prapti, gya binobot karya, saguh Pangran Kajoran, kang
kinarya sawung neki, nenggih sang Adipati.
Ing Kadhiri westa Raden Trunajaya,
mengkana sampun dadi, lan prajangji nulya, semana tan winarna, mapan wus umadeg
baris, Sang Trunajaya, aneng nagri Kadhiri.
Mapan sewu prajurit Sampang Mandura,
kalawan wonten malih, nenggih wong Mekassar, tigang atus wetara, Raja Glosong
westaneki, pengangengira, mengkana pan wus dadi.
Ing Bang Wetan mapan wus teluk sedaya,
sagung para Dipati, mring Sang Trunajaya, mengkana wus kapirsa, saking nageri
Mentawis, Kangjeng Suhunan, mapan anulya anuding.
Mring kang uwa Kangjeng Pangran Purbaya,
lawan kang para Dipati, panengen sedaya, sampun nembang tengara, wus budhal
saking Mentawis, Sang Trunajaya, mapan sampun miharsi.
Nulya nuding mring kang putra Mekassar,
Raja Glosong iki, lan sagung Dipatya, ing bang wetan sedaya, kang kinen
methuking jurit, nulya tengara, wus budhal sawadyeki.
Tan winarna ing marga pan sampun prapta,
ing demung tata baris, wadya ing Mentaram, datan pantara prapta, anulya campuh
ing jurit, pan long linongan, langkung rame ning jurit.
Datan ana kuciwa ingkang ngayuda, pan wus
kersaning Widi, Jeng Pangran Purbaya, kenging mariyam ika, ing wentis ira kang
kering, datan tumama, mapan lajeng ngemasi.
Wus rinebat lang layon mring pra sentana,
nulya mundur pan sami, dhadhal wong Mentaram, bereg wadya bang wetan, anuli
kasaput wengi, wadya bang wetan, pan mesanggrahan sami.
Langkung suka wong Mentaram tan winarna,
undunya lan prihatin, pan samya karuna, kecalan senapatya, dalu mapan lajeng
sami, budhal sedaya, kang manah langkung geris.
Raja Glosong mapan lajeng tur uninga,
lamun lananging jurit, angsal senapatya, nenggih Pangran Purbaya, ingkang
kesambut ing jurit, wadya Mentaram, wus dhadhal wangsul malih.
Langkung suka sang aprabu Trunajaya, mapan
lajeng ngaturi, mring Pangran Kajoran, prapta ngaturan wikan, yen Pangran
Purbaya lalis, Pangran Kajoran, sika ngandika aris.
Yen mengkana pa yo kulup wus den lagar,
iya praja Mentawis, wus ilang banthengnya, iku Pangran Purbaya, tan ana
boboting malih, nadya akeha, pan wus nora wigati.
Prabu Trunajaya wus nembang tengara,
budhal saking Kedhiri, lan Pangran Kajoran, arsa nglagar Mentaram, prapta ing
Demung wus panggih, lawan kang putra, Raja Galongsong nenggih.
Nulya lajeng samya mangkat mring Mentaram,
henengna ingkang winarni, wadya ing Mentaram, ingkang samya kaplajar, sampun
katur mring sang aji, lamun ingkang wa, sampun kesabut ing jurit.
Lawan malih wadya ing bang wetan ika,
mapan samya nututi, mengkana sang nata, langkung ngunguning nala, kalamun kang
wa kajodi, karsaning sukma, lan nuju grerah aji.
Ingkang putra Kangjeng Pangeran Dipatya,
pan sampun dhawuhi, kinen methuk yuda, lan sagung wong Mentaram, kinrerig
sedaya sami, nembang tengara, wus budhal gunging jalmi.
Tan petungan datan kawarna ing marga,
nulya kapethuk margi, lan wadya bang wetan, nulya tangled sakedhap, mengkana
wadya Mentawis, karsaning sukma, manahe samya alit.
Nora kena tinata mundura kewala, wus
karsaning Hyang Widi, magul magul kontal, wong bang wetan punika, dhasar mentas
angsal ati, bereg kewala, prapta Prambanan nuli.
Helet empak mengkana pinanggulan, marang
Jeng Pangran Dipati, meksa nora kena, wus kathah ingkang prapta, anenggih
Palered nagri, pan sedyanira, angrebat anak rami.
La kagyat Kangjeng Pangran Puger ika,
lajeng manjing mring puri, ngrebut mring kang rama, mapan ngaturi nulya, lolos
Kangjeng Sri Bupati, lan nuju gerah, sanget Jeng Sunan iki.
Lawan sampun pirsa mring gaibing sukma,
nulya nurut mring siwi, lajeng lolos nata, anitih tandhu ika, Pangran puger
kang ngampingi, dhateng kang rama, lestari kang winarni.
Kangjeng Pangran Dipatya pan jeng
ngajengan, lawan prabu Kadhiri, let empak kewala, nulya na atur uninga, yen
sampun lolos sang aji, saking negara, Palered pan wus sepi.
Langkung kewran tyasira Pangran Dipatya,
dadya yan toleh nagri, nging tresna sudarma, nulya nyamethi kuda, nander nusul
kersaneki, dhateng kang rama, wus tan toleh wadyeki.
Dadya budhal barisnya wadya Mentaram,
sedya ngrebat nak rabi, supe suba sita, dadya mawus sedaya, Mekasar sampun
nututi, brereg kewala, wus bubar wadya Mentawis.
Tan winarna niskara, sang Trunajaya,
sampun manjing ing puri, sagung wong bang wetan, mapan samya ajejarah, dadya
Palered wus kendhih, mring bang wetan, henengna gentya winarni.
Sri Nalendra rarendhonan lampah ira,
saking kathah pawestri, lan rare lit ika, dadya rubet samarga, miyos urut sewu
aji, datan winarna, toya mas sampun prapti.
Nulya kendel sang nata amesanggrahan,
aneng toya mas nenggih, ngasokaken salira, lan sanget grerah ira, mengkana
ingkang winarani, Pangran Dipatya, prapta lajeng nungkemi.
Padanira kang rama sarwi karuna, Sunan
ngandika ris, wus kulup menenga, paran mengko wertanya, tan saget matur sang
siwi, nata wus duga, nulya ngandika malih.
Paran mengko yen nora sira rebuta,
nagrinira nak mami, menawa kalunta, kancikan mring wong liya, Jeng Pangran
matur wot sari, manah kawula, pan dereng gadhah kapti.
Pejah gesang mapan yun dherek kewala, Jeng
Sunan ngandika ris, apa sira nyawa, wus lila nagrinira, Jeng Pangran aris tur
neki, mapan samangkya, sumongga karsa aji.
Sri Nalendra nulya nantun mring kang
putra, Pangeran Puger nuli, paran karsanira, apa sira kaduga, angrebut nagri
nireki, aris aturnya, Pangran Puger ngabekti.
Pan kewala sumongga karsa Nalendra,
kalawan ingkang ngidi, putranta kakang mas, mapan dermi lumapah, ing ngayahan
kang sayekti, nata ngandika, marang Pangran Dipati.
Paran sira kulup Dipati ku iya, ature ring
rineki, Jeng Pangran aturnya, kawula pan sumongga, anulya ngandika aris,
Pangran Dipatya, dhumateng ingkang rayi.
Ya wus adhi ja sira sumeleng driya, mapan
jumurung mami, wus mongsa bodhoha, adhi ingsun lan sira, mapan padha anduweni,
mesem Nalendra, nulya ngandika aris.
Mring kang putra Kangjeng Pangran Puger
nulya, wus kulup sun ngamini, iki kang pusaka, Tarub sira agema, karyanen
ngrebut nagari, lan Mondhalika, Gajah Mada sireki.
Padha sira ngembana putra ningwang, poma
den ngati ati, kalih tur sandika, nata malih ngandika lawan ing Pagelan iki,
sira aduwa, kulup karyanen kanthi.
Wus ta kulup baliya kene kewala, maranga
pagelan kaki, atoto totoha, poma aja sumelang, sira marang ingsun kaki, wus
karsaningwang, kena sesiku kaki.
Mapan ingsun kulup banjur marang Tegal,
poma ja walang hati, angrebut praja, Kangjeng Pangran anulya, sumungkem pada
nerpati, lan mring kang rama, ri wus anulya pamit.
Sampun lengser saking ngarsanya Nalendra,
ngiring punggawa kalih, Harya Mondholika, lawan Gajah Premada, ing Pagelen
sampun prapti, neng Purwaganda, Jeng Pangran tata baris.
Wong Pagelen semena pan sampun prapta, ing
Panjer Kalapaking, Kaleng Wirakartya, Grendhetan Tambakbaya, Surajaya Wingka
iki, sampun sumekta, sagamaning ngajurit.
Langkung ageng dedamel Pagelen sedaya, wus
tata mangkat nuli, anembang tengara, langkung enggar tyasira, kang dadya cucuking
jurit, Ki Tambakbaya, lan Ki Surajayeki.
Wirakerti Kalapaking Jayawirya, sampun
mangkat nulya glis, Jeng Pangeran ika, nambungi lampahira, Harya Mondholika
iki, Gajah Premada, ngampingi datan tebih.
Henengna Jeng Pangran lampahira, Palered
kang winarni, Prabu Trunajaya, sampun ngaturan priksa, yen Pangran Puger
mangsuli, yun ngrangsang kitha, mesem prabu Kadhiri.
Nulya matah sagung Dipati sedaya, ing bang
wetan tan pra sami, kinen methuk yuda, nulya nembang tengara, sampun pepak
mangkat nuli, datan winarna, marga kapethuk sami.
Lan dedamel Pagelen campuh kang yuda, wong
bang wetan kalindhih, wong Pegelen ika, lir buta tandangira, mapan wus tan
mangga puliha, wadya bang wetan, mapan lumayu gendring.
Wong Mentaram apan sampun kathah prapta,
saya agung kang baris, Harya Mondholoka, lawan Gajah Premada, wus pepak
prajurit neki, henengena, Trunajaya nrepati.
Wus maturan uninga lamun kang wadya,
kapelajar ing ngajurid, wadya ing bang wetan, sampun mawut sedaya, tan kenging
ing ngaben iki, Pangran Kajoran, nulya ngandika aris.
Yen sembada anak Prabu Trunajaya, becik
mundur ta dhingin, mring Kedhiri ika, nadya benjang apranga, sedheng ta kabeh
iki, wadya bang wetan, yen wong Pagelen iki.
Lagi wani akumpulan wong Mentaram, abot
sangganig jurit, Prabu Trunajaya, mapan nurut kewala, gya budhal sawadya neki,
kebut sedaya, Palered pan wus sepi.
Kangjeng Pangran sawadya mapan wus prapta,
nanging menangi sepi, lajeng manjing pura, sampun jumeneng nata, ingangkat
punggawa sami, lan pra pandhita, julukira sang aji.
Jeng Sinuhun Sunan Prabu ing Ngalaga,
sampun mupakat sami, sagung wong Mentaram, lawan Pagelen ika, Harya Mondholika
patih, Gajah Premada, punika sisih neki.
Henengna kang sampun jumeneng nata, tetep
aneng Mentawis, kawarna Jeng Sunan, kang aneng negri Tegal, saya sanget gerah
neki, kinen ngupaya, mring siti ingkang wangi.
Sampun katur Jeng Sunan nulya ngandika,
dhateng Pangran Dipati, kulup wekas ingwang, kelamun ingsun prapta, ing jangji
kuburen mami, ing bumi ika, kang wangi gandaneki.
Sun arani Tegalarum bumi ika, mapan
ngestokken sami, sagunging punggawa, lan jeng Pangran Dipatya, mengkana Sri
Narapati, lajeng surudnya, sinarekaken nuli.
Ing sawelingira sampun datan ewah, inggih
ing Tegalwangi, henengena kang wus mulya, kawarna ingkang putra, Kangjeng
Pangran Dipati, sasedanira, kang rama Sri Bupati.
Langkung sanget prihatin Pangran Dipatya,
pan arsa minggah khaji, nulya Jeng Pangran, nimbali Mertalaya, punika Dipati
Tegal, wus prapta ngarsa, jeng Pangran ngandika ris.
Mertalaya sira dandan bahita, Mertalaya
tur neki, kinarya punapa, gusti mundhut bahita, Jeng Pangran ngandika aris, pan
ingsun karya, titihan munggah khaji.
Mapan arsa ingsun khaji marang Mekah,
Mertalaya tur neki, luhu jemenenga, mengsah dalem bang Wetan, kawula ingkang
nyagahi, nadyan wewaha, gusti semanten malih.
Dereng ulap Kangjeng Pangran ngandika, sun
tarima tur neki, nanging ing tyas ingwang, kudu khaji kewala, dene iya Tanah
Jawi, pan meksih ana, si adhi ingkang kari.
Mertalaya wus mundur saking ing ngarsa,
dandan bahita nuli, kawarna Jeng Pangran, mapan asesarehan, aneng masjid den
pateki, mring ponakawan, kalih sarya ngebuti.
Lajeng nendra Kangjeng Pangran asupena,
saka gadaning Mesjid, pan jebol mring tawang, lawan ingkang mustana, langit
kapitu kaeksi, kang ponakawan, kalih pan ngantuk sami.
Nulya kagyat andulu kang ponakawan,
cumlorot saking langit, dhawah ingkang jaja, Kangjeng Pangran ika, nulya wungu
dennya guling, Kangjeng Pangeran, wus sanes karsaneki.
Apan ngadeg Jeng Pangran suraning nala,
nulya ngandika ris, mring kang ponakawannya, lah sira timbalana, si Mertalaya
den aglis, Ki Mertalaya, datan pantara prapti.
Ngarsanira Kangjeng Pangran angandika,
wurung mring Mekhah mami, iya Mertalaya, kabeh padha pepakna, sakehe kang pra
Dipati, pan ingsun iya, arsa jumeneng aji.
Mertalaya langkung suka manahira, mundur
sing ngarsa nuli, panggih Mondaraka, pan sampun dinawuhan, sagung kang para
Dipati, pepak sedaya, nulya sohan pra sami.
Sampun prapta ngarsa Jeng Pangran
ngandika, sagung punggawa mami, padha ngestokena, ingsun jumeneng nata, ana
dene parab mami, Sultan Mangkurat, iya ing Tanah Jawi.
Mondaraka kang ingsun karya warongka,
sihan nrang kusumeki, dadi sosorannya, sisih Harya Sindurja, Mangun heneng
jajar neki, binareng ika, Mertalaya sang sisih.
Mertapura Suranata Sihurawan, iku sisihan
neki, dumurung sadaya, sagung kang pra Dipatya, lajeng ngaras pada sami,
langkung tyas sira, ri wus tata alinggih.
Kangjeng Sunan lajeng aris angandika,
Mondaraka sun tuding, mringa Batawiyah, mundhuta bantu ika, marang si Gurnadur
iki, bala Welonda, Mertalaya tur neki.
Yen marengi bok sami mawi Welonda, wantu
titiyang kapir, tan kana manahnya, dene prekawis mengsah, di dalem gusti
nyagahi, pun Mertalaya, mesem nebda sang aji.
Mertalaya iya wus sun tarima, prasetyanya
mring mami, lah ta kaya ngapa, pan wus karsaning sukma, lelakone anak mami,
bala becingah, tumungkul sang Dipati.
Ki Dipati Mondaraka nulya mangkat, lengser
saking ngarsa ji, wus mancal bahita, tan winarna wus prapta, anenggih nagri
Betawi, mapan wus panggya, kelangkung suka neki.
Pun Gurnadur Jendral Betawi punika, dene
kang Sunan iki, mundhut wong Walonda, nulya nyaosi ka, Amral al Duwelbih ika,
pangagengira, kalih dasa upesir.
Gangsal atus prajuritira sedaya, lawan tur
atur neki, kathah warna warna, Gurnadur welingira, mring Ki Mondaraka ki,
sakirang ira, Kumpeni ing Betawi.
Ingkang wonten Jepara kula sumongga, pan
kineriga sami, wus rampung sedaya, welingnya nulya budhal, mapan numpak palwa
sami, datan winarna, ing Tegal sampun prapti.
Sampun cundhuk kalawan Kangjeng Sunan,
Amral lan para Opesir, sampun atabeyan, wus kondur kintunira, kang saking
Jendral Betawi, langkung akathah, mapan awarni warni.
Kinen aso Amral lan seprajuritnya,
Mondaraka kang ngirit, wus sinung penggenan, wetara sampun lama, Jeng Sunan
budhal sing Tegil, sawadya kuswa, Amral tan kenging tebih.
Mapan urut pasisir ing lampahira, prapta
ing Surawesthi, mengkana winarna, kang baris Surabaya, Raja Galongsong puniki,
lan pra Dipatya, nulya campuh ing jurit.
Langkung rame mapan genti long
linongan, Amral tetulung nuli, lawan
Opsirnya, prajurit wus tinata, nulya rempek ajeng neki, pangedrelira, bareng
mariyem neki.
Tan kuswa nadhahi wadya Bang Wetan, mring
pengedrel Kumpeni, wus bubrah tatanya, mapan kathah kang pejah, gya mundur kang
pra Dipati, pan wadyanira, ayun atur upeksi.
Marang Prabu Kadhiri Sang Trunajaya, pan
wus ngaturan uning, yen wadya sor ing prang, nulya nembang tengara, pangarsa
nindhih ing jurit, Sang Trunajaya, wong Bang Wetan kinerig.
Ingkang dadya andeling prang Trunajaya,
wong Mandura puniki, lan Sampang Makasar, wus budhal Trunajaya, saking nagri
Kedhiri, anulya prapta, aneng wetan benawi.
Mesanggrahan aneng sawetan bengawan,
henengena ingkang winarni, Jeng Sunan Mangkurat, mengkana sampun prapta, aneng
sakilen benawi, ajeng ajengan, Amral matur mring aji.
Yen suwawi punika dipun sasaka, inggih
lepen pan puniki, nulya Sri Nalendra, lajeng kinen akarya, sasak henengena kang
winarni, sang Trunajaya, sampun ngaturan uning.
Wong Mentaram samya karya sasak ika, marma
kendel kang jurit, Prabu Trunajaya, nulya miyos yun priksa, lenggah sawetan
benawi, ngayap gung wadya, aneng tepining warih.
Trunajaya anggedhangkrang pinayungan,
lawan sesumbariki, baya wong Mentaram, ngenteken gendhengira, ratu tedhak ing
wong tani, angur macula, bari wangona sapi.
Pira bara yen padha lan Trunajaya, tedhak
jaran panolih, ratu kaduk sura, lah payo wong Mentaram, yen lanang nyabranga
iki, Sri Naranata, sampun ngaturan uning.
Lamun Trunajaya asru sumbar sumbar, aneng
wetan benawi, langkung dukanira, nulya nitih turangga, mapan sampun den
cemethi, ambyur ing toya, semana kang benawi.
Mapan nuju banjir ingkang pelabuhan,
toyanya sa penHyangking, pan marmaning Sukma, asat padha sekala, lajeng kenging
den sabrangi, kang pra Dipatya, lan Amral sareng nuli.
Pra hupsir sareng lan wadya sedaya, prapta
wetan benawi, nulya campuh ing prang, rame samya sudira, tanana kang ngrasa
ajrih, pra hupsir samya, rempek pangedrel neki.
Langkung rame peteng kukusing sendawa, pan
wus karsaning Widi, kang prang punika, panggih samya timbangnya, ingkang alit
samya alit, kapara klawan, urakan sampun panggih.
Raja Glongsong wus panggih kalwan Amral,
wong Mekasar pan sami, rempek pengamuknya, wong Kumpeni atadhah, dadya kuwel
ing ngajurit, tanana kuciwa, Trunajaya winarni.
Sampun panggih lan Raden Nerang Kusuma,
Dhangdhang Wecana iki, panggih lan Sindurja, Mangkuyuda Mandura, panggih lawan
Jangraneki, Ki Mertayuda, panggih Mangkuyudeki.
Pan ing Kedhu sampyuh sareng palastra,
liya mangkono maning, wus ijen ijenan, datan ana kuciwa, akuwel denira jurit,
karsaning sukma, apes Trunajayeki.
Sampun telas tan ana mongga puliha, lumayu
ingkang urip, sasisaning pejah, wangke asawang arga, wong Mentaram wuru getih,
lajeng sang nata, manjing kitha Kedhiri.
Wong Mekasar meksih rempek undurira, mapan
ngungsi ing ardi, pan gunung Sampora, nging Galongsong palastra, nging Busung
Manur kang meksih, pengagengira, lawan Dhaeng Makincing.
Henengena ingkang ngungsi minggah arga,
Kangjeng Suhunan winarni, pan miyos sineba, Amral kang munggeng ngarsa, kalawan
kang pra hupsir, kang pra pratiwa, nu nganung muggeng ngarsi.
Kang kinarya werangka den Nreng Kusuma, Ki
Mondaraka lalis, grerah duk neng marga, Sri Nalendra ngandika, Nrang Kusuma
karsa mami, satinggalira, si Mangkuyuda iki.
Kang gumanti anake loro ku iya, Kedhu
paranen iki, si Lembuaranya, Tumenggung Mangkuyuda, si Buang aranireki, si
Natayuda, mapan wus jumurung sami.
Sri Nalendra alon malih angandika,
Sindurja sira dingin, mapan ingsun duta, nelik marang Mentaram, apa wus estu si
adhi, umadeg nata, Sindurja atur bekti.
Sampun estu rayi paduka sang nata, Pangran
Puger gusti, kang umadeg nata, aneng nagri Mentaram, jujulikipun nrepati,
sinuhun nata, Ngalaga ing Mentawis.
Sri Nalendra arum dinira ngandika, paran
padha sun tari, ngendi karya praja, Mentaram wus kanggonan, iya marang ya si
adhi, Kedhiri iya, dudu waris negari.
Nrang Kusuma umamatur dhateng Nalendra,
kejawi Surawesthi, mapan nagri lama, lan malih kang tilaran, Kangjeng Hyang
dalem pribadi, boten kuciwa, lawan ageng aradin.
Sri Nalendra Surabaya datan arsa, ki
Urawan tur neki, rumiyin kawula, miharsa kang wirayat, jeng Hyang dalem Pangran
Pekik, pan dhinawuhan, dhateng Sinuhun Giri.
Alas iki ingkang aran Wonakarta, besuk
dadi negari, iya putunira, kang jumeneng ing kana, lan bala bancingah benjing,
Sri Naranata, dadya padhang kang galih.
Angandika yen mengkono Nrang Kusuma, padha
babaden nuli, iya Wonakarta, sira rakita praja, sandika Raden apatih, nata
luwaran, sampun manjing ing puri.
Raden Anrang Kusuma lajeng kewala, lan
sagung pra Dipati, kang babad Wonakarta, tan lama sampun dadya, wus rakit
ingkang nagri, kang purbayeksa, lagya jinaro iki.
Raden Anrang Kusuma wus tur uninga, yen
ingkang nagri dadi, nulya Sri Nalendra, saking Kedhiri budhal, ing Wonakerta
wus prapti, ngedhaton nulya, enjing miyos tinangkil.
Pepak sagung pratiwa nung anung seba,
mHyang Amral munggeng ngarsi, pepak upsirnya, sang nata angandika, Nrang Kusuma
nagri iki, arane iya, Ing Kartasura becik.
Undhangena wong sagung ing Tanah Jawa,
sandika kyana patih, Mral jumurung karsa, nata malih ngandika, Mangunjaya
ingsun tuding, sira menHyanga, iya nagri Mentawis.
Maringana weruh marang si adhi sira, yen
Trunajaya lalis, lan ing mengko iya, ingsun wus madeg nata, lawan sun karya
negari, ing Kartasura, lan ingsun kangen kepati.
Mring si adhi wus lawas datan kepanggya,
Mangunjaya tur bekti, wus lengser sing ngarsa, nata luwar sineba, den
Mangunjaya winarni, pan gegancangan, lampahnya mring Mentawis.
Kawarnaha Kangjeng Sinuhun Ngalaga, enjang
miyos tinangkil, Harya Mondalika, lawan Gajah Premada, Pangran nata Kusumeki,
Pangran Pamenang, Pangran Surya Mentawis.
Lan Pangeran Harya Panular punika, kalih
samya kang rayi, pepak pra punggawa, Sri Nalendra atanya, dhumateng kang paman
kalih, man Natasuma, punapa mirsa warti.
Wanakarta wartine dados negara, sinten
kang madeg aji, Pangran Nata Suma, pan aris aturira, werti raka panduka ji,
Pangran Dipatya, Pangran Pamenang tur neki.
Kula mireng pan dede raka panduka, anake
Amral yekti, dadya geseh turnya, sedaya pan mengkana, kasaru wau kang prapti,
den Mangunjaya, sarwi amundhi tulis.
Langkung kagyat tyasira nateng Ngalaga,
myat Mangunjayeki, prapta bekta surat, lajeng angaras pada, riwusnya katur
tumuli, ingkang nawala, tinampan mring sang aji.
Gya binuka kang serat sinukmeng nala,
sawusnya mahos tulis, dangu tan ngandika, langkung kewran tyas narpa, wekasan
ngandika aris, eh Mangunjaya, pajara den sayekti.
Ingsun mirsa wertane kangmas Dipatya,
dhingin wus kesah khaji, iku Mangunjaya, sapa ingsun tan duga, kawerta sing
kene iki, anake Amral, kang madeg Kartawani.
Raden Mangunjaya aris aturira, kawula
gusti tan dugi, sumongga Nalendra, ing penggalih punika, dadi kewran tyas sang
aji, Pangran Nata, Kusuma tur ira raris.
Yen marengi kawula ingkang yektosna,
inggih lan dede neki, jeng raka paduka, sakit kalawan pejah, kawula ingkang
nglampahi, lilah Nalendra, amrih ecaning galih.
Sri Nalendra aris denira ngandika, inggih
paman prayogi, nanging den prayitno, kula kantheni paman, Puspa Kusuma sireki,
sira meluha, sandika atur neki.
Nulya mangkat Pangeran Nata Kusuma, lan
Puspa Kusumeki, tiga Mangunjaya, datan winarneng marga, Kartasura sampun
prapti, Sri Naranata, mapan nuju tinangkil.
Kagyat mulat praptane den Mangunjaya,
kalawan angsal kanthi, Pangran Nata Kusuma, ingawe prapta ngarsaji, nungkemi
pada, Pangran asru anangis.
Sri Nalendra aris denira ngandika, pun
paman dika linggih, paran ingkang warta, si adhi praptanira, sanget kangen
ingsun iki, marang adhimas, Pangran aturira ris.
Amba mila ingkang kinen rumiyina, rayinta
jegeng galih, uwas dening warta, tinarka apus krama, mesem Kangjeng Sri Bupati,
aris ngandika, sokur sewu si adhi.
Duwe ati weweka marang prekara, pun paman
dika mulih, Pangran aturira, ewet amba mantuka, kajengipun rayi aji, pitajeng
nala, amba kantun ngarsa ji.
Adhi Puspa Kusuma dika mantuka, matur
Raden sayekti, kalamun kang raka, sampun estu punika, kula den dinangu adhi,
dados pratobdha, mrih pikajenging galih.
Sampun lengser Rahaden Nata Kusuma, saking
ngarsanira ji, tan winarna marga, Mantaram sampun prapta, lajeng sohan mring
sang aji, nuju sineba, pepak kang pra Dipati.
Dadya kagyat Nalendra mulat praptanya,
Puspa Kusuma iki, kang paman tan ana, nata nulya atanya, sireku prapta pribadi,
Nanatasuma, ing mengko ana ngendi.
Nulya matur Rahaden Puspa Kusuma, mapan
paduka sang aji, lajeng mangsul nata, amba kinen mantuka, sang ngandika malih,
paran wartanya, ingkang jumeneng aji.
Apa nyata lamun kakang mas Dipatya, yen
dudu mokal neki, paman Natasuma, teka gelem ngeriha, Puspa Kusuma tur neki,
anuwun duka, dewaji pandung yekti.
Ingkang warna tenapi kang pangandika,
nging limrahipun gusti, tiyang Kartasura, samya mestani ika, lamun anake
Kumpeni, Sri Saranata, langkung kewran kang galih.
Angandika dhateng Harya Mondalika, lan Gajah
Premada ki, paran karsanira, kari sun tari padha, dening ewuh lalakon iki,
kalih aturnya, gusti lamun marengi.
Nadyan estu punika raka paduka, pan landi
tiyang kapir, tan sae dadosnya, rahose tyas kawula, datan wande risak gusti,
ing Tanah Jawa, luhung sampun menangi.
Sareng mirsa Kangjeng Sinuhun Ngalaga,
marang aturireki, Harya Mondalika, lawan Gajah Premada, gya ngadeg suraning
galih, nulya ngandika, yen mangkono sireki.
Mondalika kelawan Gajah Premada, lan
sagung wadya mami, wus padha dandana, angur andhinginana, lurupa pan ing
ngajurit, mongsa wurunga, aprang lawan si kapir.
Tur sandika Raden Harya Mondalika, nulya
luwar sang aji, Harya Mondalika, lajeng nembang tengara, wong Pagelan lan
Mentawis, wus kumpul samya, siyaga ing ajurit.
Henengena ingkang lagya tata tata, kawarna
Kartawani, Jeng Sunan mangkurat, sampun miharsa warta, yen ingkang rayi
Mentawis, tan arsa sohan, kedah menglawan jurit.
Langkung ngungun tyasira Kangjeng suhunan,
anulya animbali, Raden Nrang Kusuma, kinen menthuk ing yuda, sedaya wadya
pesisir, moncanegara, sampun sumekta jurit.
Nulya budhal saking nagri Kartasura, baris
ing pokak iki, pan tanpa wilangan, wong pasisir sedaya, kumpul lan moncanegari,
henengena kawarna, Jeng Sinuhun Mentawis.
Sampun budhal saking negari Mentaram, kang
dadya cucuk jurit, Harya Surajaya, lan Harya Tambakbaya, angiridan Pagelen
sami, pan sampun prapta, Malinjon tata baris.
Sampun tata nulya samya magut yuda, rame
asilih ukih, wadya ing Mentaram, mapan karoban lawan, nanging datan sedya
ajrih, pangamukira, lir bantheng tawan kanin.
Nanging meksa kangelan karoban lawan,
mengkana kang winarni, Ki Gajah Premada, mingre saprajuritnya, anelabung saking
kering, wus tinadhahan, mring wadya Surawesthi.
Langkung rame sampun karsaning Hyang
Sukma, Gajah Premada kanin, jaja trus walikat, dhawah saking turongga, kang pra
sentana ningali, kelamun dhawah, Ki Tumenggung sing wajib.
Mongsa dadak ingsun wurunga palastra, yen
sira wedi mati, padha lumayuwa, sun tinggalen kewala, Ki Tumenggung anguculi,
paningset ira, ingambenken tumuli.
Lan tumingal tatu jaja kang ludira, pra
sentana nungkemi, pan sami karuna, ingaturan mundura, Ki Tumenggung ngandika
ris, mundur kakarya, dene ngisin isini.
Ngemu wespa lawan aris angandika, dhuh
gustiku sang pekik, sinuhun Ngalaga, sun tetedha Hyang Sukma, tulusa jumeneng
aji, mapan pun bapa, gusti amit ngemasi.
Pan kawula dadosa banten Nalendra, tulusa
mengku Jawi, gya nitih turongga, wus ngegem pengawinan, cinamethi kuda neki,
nerajang mengsah, golong pengamuk neki.
Ramening prang kalah duk prang Trunajaya,
wong Mentaram prang lali, Harya Mondalika, rempe ngamukira, tanana wani
anadhani, Tumenggung Demak, Suranata nadhahi.
Suranata sira iku liwat ala, dene wus den
beciki, marang gustiningwang, Sinuhun ing Ngalaga, teka pati bebentusi, si
demak edan, ngenger ratu Kumpeni.
Ya ta kurda Ki Tumenggung Suranata,
ngembat watang kumitir, sampun tinadhahan, nulya tumbak tinumbak, tanana
kasoran kalih, samya sudira, braja tan miyatani.
Harya Surajaya Harya Tambakbaya, Harya
Jayawiryeki, Harya Wirakerta, Kalapaking punika, tinindhika mring sang aji,
liwung tandangnya, lir buta anon daging.
Wong Pagelen lamun bedhil tindhihira, tan
sedya mundur urip, wong pesisir bubar, miwah moncanegara, Welonda wus kathah
mati, kalindhih prangnya, wong Kartasura iki.
Lan kasapih ing dalu kala semana, wong
Kartasura sami, mundur atur uninga, yen kalindhih ing yuda, langkung ngungun
Sri Bupati, henengena kawarna, Jeng Sinuhun ing Mentawis.
Mesanggrahan sampun ngaturan uninga, yen
Ki Tumenggung kanin, pan lajeng palastra, langkung ngungun Nalendra, patine
prajurit luwih, Gajah Premada, mila susah pra sami.
Harya Mondalika aris aturira, yen marengi
sang aji, aluhung kondura, gusti dhateng Mentaram, nadyan rempena ing banjing,
mongsa ajriha, gusti wonten Mentawis.
Lawan ngasokaken abdi Sri Nalendra, wus
nurut Sri Bupati, marang aturira, Ki Harya Mondalika, wus budhal Sri Narapati,
kebut sedaya, kondur dhateng Mentawis.
Henengena kawarta ing Kartasura, Kangjeng
Suhunan iki, kang mangku rat Jawa, mapan lagya sungkawa, langkung heneng mring
kang rayi, temahan yuda, langkung ngungun sang aji.
Mangkene ya yudanira wong Mentawis, duk
Trunajaya dhingin, pesthi nora bedhah, iya nagri Mentaram, mengkana pangungun
neki, Sri Naranata, nulya kinen nimbali.
Raden Anrang Kusuma prapta ing ngarsa,
sang nata ngandika ris, paran warta nira, barise wong Mentaram, Raden patih
atur bekti, rayi paduka,mundur dhateng Mentawis.
Sapejahe gusti pun Gajah Premada, kados
alit kagalih, sagung wong Mentaram, nging kantun Mondalika, kang dados andeling
jurit, rayi paduka, ngandika Sri Bupati.
Nrang Kusuma kabeh padha undhangana,
sagung wong kartawani, ingsun arsa tedhak, iya marang Mentaram, sokur yen si
adhi eling, rekyana patya, wus lengser sing ngarsa ji.
Prapteng jawi anulya nembang tengara,
sumahab wadya sami, pasisir sedaya, lawan moncanegara, Amral Hel Duwelbeh iki,
lan sa wadyanya, sampun sumekta jurit.
Nulya miyos sang Nata Prabu Mangkurat,
ngagem cara Welandi, lenggah siti bentar, sineba pra pratiwa, miwah Amral
munggeng ngarsi, lamun sinawang, lir durnadur ngejawi.
Raden Anrang Kusuma kinen tengara, budhal
sagunging baris, ingkang muggeng ngarsa, wadya moncanegara, sinambungan wong
pesisir, lan Kartasura, nulya amral nambungi.
Lan sawadya Kumpeni neng ngarsa nata, wuri
wadya jro sami, Den Harya Sindurja, kang dadya pangiridnya, rumeksa wuri
Nerpati, kebut sadaya, sagung wong Kartawani.
Rindhik rindhik gunas trabas trabandhung
santana, amHyang lir gunung geni, werdu hangga sasra, kumerab wadya pangarsa,
lir watu turun sing ngardi, ya ta henengna, ingkang lagya lumaris.
Kawarnaha Kangjeng Sinuhun Ngalaga, mapan
lagya tinangkil, Harya Mondhalika, kang muggeng ngarsa nata, lawan ki pengulu
iki, pan pra pandhita, ngulama ketib modin.
Pra paratiwa nung anung wus muggeng
ngarsa, Mondhalika tur bekti, lan atur uninga yen mengsah ageng prapta, warni
warni wadya neki, ing Kartasura, mapan kerigan sami.
Lan ngandika Kangjeng Sinuhun Ngalaga, yen
mengkono ta iki, Harya Mondhalika, anembanga tengara, ingsun arsa mapan jurit,
ing yudanira, iya wadya Kumpeni.
Wa pangulu kalawan sa kancanira, kariya
tunggu nagri, ki Pangulu turnya, nuhun napa kawula, pinten banggi maggih urip,
kanca sedaya, pan sedya dherek sabil.
Sri Nalendra mesem alon angandika, yen
mengkono sireki, wus padha dandana, nulya kondur Sang Nata, angrasuk busana
adi, Raden Harya, nembang tengara jurit.
Wus sumahab sagung ing kang wadya kuswa,
sa kepraboning jurit, ngalun alun anglar, ki Pangulu punika, sampun ngagem
sarwa putih, sa kancanira, padhita lan ulami.
Ketib modin merbot ngagem pethak samya,
anglir kuntul sa rawi, wus miyos Nalendra, rasukan baludru kresna, alancingan
panji panji, cindhe puspita, rinengga ing subyadi.
Yen sinawang anglir putra Madukara, Raden
Bimanyu yekti, yuswanya Nalendra, lagya selawe warsa, ki Pangulu yen ningali,
sa kancanira, mapan kedah anangis.
Nulya budhal kang dados cucuking aprang,
wadya Pagelen iki, lajeng sinambungan, dhateng wadya Mentaram, nulya ki pengulu
iki, ngarsa Nalendra, kang neng wuri narpati.
Ingkang paman nenggih Pangran Pamenang,
lawan wadya jro sami, ngambil Suranata, datan winareng marga, pan sampun
kaphetuk sami, panganjuring prang, lan wadya Kertawani.
Nulya dhedher alok mungsuh tata gelar,
Pagelen sampun panggih, lan mocanegara, pasisir lan Mentaram, Welonda pan
sampun panggih, lawan ngulama, lajeng campuh ing jurit.
Wong Kumpeni kelangkung pangedrelira,
peteng kukusing bedhil, wadya ing Mentaram, nusup kukusing sendawa, langkung
ruketing ngajurit, wus wor kang yuda, nanging karoban tandhing.
Lir upama toya cangkir lan segara,
langkung denya mangukih, wadya ing Mentaram, wus tan asedya gesang, dene
gustinya jenengi, wong Kartasura, mapan mengkono maning.
Tinindhihan dhumateng Sri Naranata,
langkung panggah ngajurit, wangke sawang arga, wong Mentaram tandangnya, kadya
bajo angejawi, nging kasayahan, dadya kathah kang mati.
Harya Mondhalika kelamun pasaha, telas
salira neki, ajur dening braja, kinrubut pra Dipatya, senadya balunga wesi,
kulit tembaga, emu salira neki.
Kasayahan sampun karsaning Hyang Sukma,
Mondhalika ngemasi, ki Pangulu ika, kang aprang lan Welanda, sampun ki pangulu
sabil, sakancanira, Welanda nanging kari.
Kalih welas Amral ngungsi wingking nata,
narpa ngalaga winarni, mulad Mondhalika, lan ki Pangulu ika, kelamun wus samya
sabil, pan arsa bela, Ki Palered pinundhi.
Bubar lurug punggawa ing Kertasura, Ki
Urawan ningali, Sinuhun Ngalaga, Ki Palered pinadya, anulya lumayu gendring,
watir ing nala, marang gustinya sang aji.
Dene meksih busana cara Welanda, Ki Urawan
nungkemi, dhuh gusti lukara, ngagema cara Jawa, wau kawula udani, rayi paduka,
ki Palered pinandhi.
Wus dhinahar aturira Ki Urawan, nulya
lukar sang aji, ngagem cara Jawa, datan pantara prapta, Jeng Sinuhun Ngalageki,
ngarsa Nalendra, pan wus awas ningali.
Datan pandung lamun kang raka yektinya,
nulya sujud sang aji, saking luhur kuda, sampun ngingreken nulya, kudanira den
cumethi, nander undurnya, dhadhal wadya Mentawis.
Sekarine wau kang samya palastra, pan
lajeng anututi, nging Pagelen ika, kang wetah pengagengnya, meksih rempek undur
neki, ingkang satengah kudhangdhangan ngulati.
PUPUH XIII
DHANDHANGGULA
Mring Pagelen undurnya sang aji,
rangurangu lampahireng marga, kang kacipta jro driyane, kang raka sang aprabu,
langkung kewran tyasnya nerpati, mengkana ciptanira, paran polahipun, kalamun
ingsun sebaha, mring kakang mas, wus banget wirang sun iki, paran temahen baya.
Yen manggunga memungsuhan mami, pasthi
ingsun kelamun kaseban, kakang mas akeh balane, ewuhe atiningsun, karya paran
ing polah mami, mengkana Sri Nalendra, Pagelen wus rawuh, pesanggrahan
purwaganda, ingkang wadya nututi pan sampun prapti, wus pepak munggeng ngarsa.
Mapan lajeng karya patih aji, pan Ki Arya
Cakrajaya ika, kang dadya wrangkaning katong, wus mupakat sedarum, nulya luwar
Sri Narapati, wus bubar sowang sowang, karya pondhok sampun, sagunge wadya
sedaya, neng pagelen sang nata langkung prihatin, nging kang raka ning nala.
Henengena kang lagya prihatin, kawarnaha
Jeng Sunan Mangkurat, wus kondur lawan wadyane, ing kertasura rawuh, mapan
lajeng nata nimbali, marang Kyai Urawan, sang nata nebda rum, Urawan lah
lumakuwa, mring Pagelen katemua lan si adhi, paran wekasaneya.
Yen manggunga mamengsahan mami, lan si
adhi rusak tanah Jawa, sapa kang kelangan mangke, lamun si adhi ayun, dadi
ratuning tanah Jawi, sun jumurung kewala, nanging mongmong ingsun, iya sapa
kang kelangan, Tanah Jawa mung ingsun lawan si adhi, wus ta sira mangkata.
Tur sandika lengser ki Dipati, sangking
ngarsa sampun prapta wisma, nulya salin busanane, angagem sarya kadut, mapan
mindha ki Adipati, lir pekathik punika, dalu angaktipun, sarya ambekta
kuranjang, pan kekalih pinikut mring ki Adipati, wus lepas lampahira.
Tan winarna lampahira margi, ing Pagelen
mapan sampun prapta, wus tunggal pekathik akeh, aneng tegal panuju, gamel dalem
ingkang angarit, Urawan tinakenan, ing gamel jro iku, sireku gamele sapa, Ki
Urawan aris denira nahuri, gameling Cakrajayan.
Ki Urawan males atanya ris, sira iku iya
gamele sapa, gamel dalem lon sahure, dalem ingsun ta ingsun Ki Urawan pan
angling malih, yen mengkono ta apa, sira gelem iku, ingsun tut wuri mring sira,
mapan ingsun iki susah ati mami, aneng ing Cakrajayan.
Lurah ingsun kerenge kepati, ingsun iki
kinarya gebugan, lan mendhit marang pangane, marma yun minggat ingsun, gamel
dalem gumuyu angling, marma kuru ta sira, pan lelurah ingsun, belaba maring
pangan, lamun kurang iya goningsun angarit, lampu tuku kewala.
Nora gelem iya srengen iki, lan maringe
konca meksih kurang, dadya kepasang yogyane, payo melu maring sun, nanging apa
sira puniki, kena sun tanggung sira, menawa calimut, ki Urawan sahurira, yen
calimut patenana ingsun iki, gamel dalem ngucap.
Yen mengkono wus ta payo mulih, suketira
apa wus kebak, ki Urawan lon sahure, iya wus kebakiku, nulya samya rinembat
aglis, sampun prapta gedhongan, katur lurahipun, wus inganggep ki Urawan, dadya
sikep kawarnaha Sri Bupati, miyos dhateng gendhongan.
Mapan mirsa mring titiyan aji, Ki Urawan
kumepyur tyasira, sareng mirsa mring sang katong, nulya lumajeng gupuh,
anungkemi pada nerpati, langkung penangisira, kagyat jeng sinuhun, tumingal
mring ki Urawan, lon ngandika lah menenga Sendhi, prapta apa karyanya.
Balik sira tutura ta Sendhi, Ki Urawan
meksa tangisira, saking trenyuhe druyane, anglir supena tuhu, sareng panggih
Sri Narpati, langkung asrep ing nala, mengkana wus dangu, nulya kendel Ki
Urawan, pegat pegat umatur dheteng sang aji, dhuh gusti abdi nata.
Suka lamun dhumateng ing pati, yen upami
tan dhahar tur amba, kados punapa wekase, Tanah Jawi pukulun, sinten ingkang
kecelan gusti, ing risake punika, tan liya pukulun, kelawan jeng raka nata, yen
manggunga tuwan mamengsahan gusti, lan jeng raka paduka.
Nadyan silih arsa madeg aji, lamun sampun
panggih jeng rakanta, mapan tan enget rahose, kawula gusti purun, talang pejah
lamun upami, Kangjeng raka Nalendra, kalamun tan sreju, punapa kang dados
karsa, jeng sinuhun prayogi matur pribadi, dhateng raka paduka.
Lawan malih raka tuwan gusti, langkung
honeng dhumateng paduka, mapan yun yunen ing lamine, dhuh gusti sang prabu,
mugi malih aturing abdi, risake nagri Jawa, welasa pukulun, ing sinuhun
Ngalaga, sareng mirsa ature Urawan iki, lir sinendhal kang driya.
Pan kumembeng wespanya sang aji, emut
dhateng swargine kang rama, lamun kang raka lirune, wekasan ngandika rum, ya
wus Sendhi ingsun nuruti, marang ing aturira, nulya sang aprabu, nimbali
ingkang Pratiwa, lawan Urawan mapan wus sinung pesalin, nulya kondur sang nata.
Ki Urawan pan tan kena tebih, tan pantara
sagung kang pratiwa, sampun prapta ing arsa andher, ngandika sang aprabu,
Cakrajaya karya tulis, marang ing Kertasura, katur sang aprabu, tan pantara
nulya dadya, pinaringken marang ki Urawan aglis, Urawan aturira.
Amba nuhun datan gusti lamun boten sareng
lawan paduka, lan atur pejah gesange, anulya sang aprabu, Tambakbaya ingkang
tinuding, lawan Ki Jayawirya, mring Kartasuraku, sampun lengser saking ngarsa,
gegancangan datan winarna ing margi, prapta ing Kartasura.
Kawarnaha Kangjeng Sunan iki, mapan lagya
miyos siniwaka, kang pratiwa pepak andher, Amral kang munggeng ayun, lawan
Raden Nrang Kusuma ki, kesaru praptanira, Tambakbaya iku, kelawan Ki Jayawirya,
sampun katur nuwala mring Sri Bupati, lajeng sinukmeng driya.
Sareng sampun nata mahos tulis,
sakelangkung sukaning wardaya, nulya winangsulan age, lawan ngandika arum, eh
ya duta warahen adhi, ing benjing lamun prapta, mapak dhewe ingsun, Nrang
Kusuma parentaha, lamun ingsun karsa mapak mring si adhi, duta sira muliha.
Lawan enggala praptaha si adhi, nulya
nembah lengser Tambakbaya, saking ngarsane sang katong, gancangan lampahipun,
tan winarna lampahe prapti, Pagelen Tambakbaya, cundhuk lan sang prabu, sampun
katur kang nuwala, gya tinampan winahos kang ponang tulis, langkung tyasnya
Nalendra.
Angandika mring Cakrajayeki, Cakrajaya
sira undhangena, ingsun arsa budhal mangko, mring Kartasura iku, tur sandika
Cakrajayeki, nulya nembang tengara, wus pepak sedarum, wadya Pagelen Mantaram,
nulya budhal saking Pagelen sang aji, tan tebih Ki Urawan.
Henengena kang lagya lumaris, kawaranaha
Jeng Sunan Mangkurat, sampun miharsa wartane, yen ingkang rayi sampun, budhal
saking Pagelen iki, Rahaden Anrang Kusuma, dhinawuhan iku, lamun Kangjeng Sri
Nalendra, badhe methuk dhumateng wau kang rayi, mHyang amral dhinawuhan.
Nulya nembang tengara den patih, sampun
pepak wadya Kartasura, agelar, neng ngalun alun, nulya miyos sang prabu, sampun
budhal sing Kartawani, kebut wadya sedaya, tan pantara ngenu, pan sampun
kapethuk marga, Kangjeng Sunan wau kalawan kang rayi, mapan sampun kapanggya.
Jeng sinuhun Ngalaga nulya glis, ngaras
padanira ingkangraka, nulya rinangkul janggane, lajeng ngaras kang embun,
langkung samya honengnya kalih, riwus anulya budhal, mengkana Sri prabu, kang
rayi tan kena tebah, tan winarna marga Kartasura prapti, sang nata manjing
pura.
Langkung rayi prabu Ngalageki, sagung
wadya wus bubar sedaya, mengkana Kangjeng sang katong, tan pisah siHyang dalu,
dadya lami tunggil neng puri, winarna sampun lama, wus pinaring iku, kang rayi
dalem priyongga, lan kang nama sampun sinahosken iki, wau dhateng kang raka.
Nanging nuwun wangsul nama lami, Pangran
Puger kang sinuhun ika, kang raka enting karsane, tata tita pan sampun, datan
ana winalang ati, Tanah Jawa semana, langkung arjanipun, mengkana ing
Kartasura, mapan sampun binanon ingkang negeri, jeng Sunan wus peputra.
Pan satunggal jalu werna pekik, sampuna
majeng Pangran Dipatya, Kangjeng Pangran Puger mangke, pan dreman sugih sunu,
jalu estri nanging kekalih, Denayu lembah ika, nenggih kang waruju, Denayu
Impun namanya, henengena kawarna ingkang negari, pan langkung larang pangan.
Kangjeng Sunan kelangkung prihatin,
ingkang rayi nulya ingandikan, sampun prapta negara katong, Jeng Pangran Puger
iku, Kangjeng Sunan ngandika aris, paran yayi karsanya, sira ingsun tantun, yen
negari tan waluya, pesthi nistha geningsun jumeneng aji, ana ing Tanah Jawa.
Yen aweta larang beras pari, nagri Jawa
ingsun lawan sira, rayi kang den inakake, mapan nisthaning ratu, yen nagara
larang kang bukti, wong cilik akeh rusak, padha mangan gadhung, Kangjeng
Pangran Puger turnya, yen maringi nuwun pangestu dewaji, kawula pamit kesah.
Pan nenuhun dhumateng Hyang Widi, yeng
kapareng lan bekja Nalendra, sang nata pangandikane, yayi ingsun jumurung, muga
sira oleha kardi, nulya angaras pada, kang rayi rinangkul, sampun lengser
saking ngarsa, Kangjeng Pangran prapta kapugeran nuli, sampun salin busana.
Kang busana pan pindha daruwis, sarwa
pethak pan langkung lungsednya, sampun kinandhut tesbehe, cinangking
brerukipun, ngagem golok lawan teken cis, Kangjeng Pangran lumampah, dalu
angkatipun, saking nagri Kartasura, datan ana jalma wikan sawiji, wus lepas
lampahira.
Byar rahina Pangran lumaris, saking nagri
Madeganda ika, pan sedya mring Kutha Gedhe, kene sedya manekung, amaladi samadi
hening, aneges karsaning Hyang, amurweng pandulu, mengkana pan sampun prapta,
Kutha Gedhe mapan nuju wektu mahrib, lajeng makmum jeng Pangran.
Apan lajeng wektu Ngisa neki, Kangjeng
Pangran gennya makmum ika, aneng wuri panggenane, pojok kidul iku, ingkang
wetan prenahe neki, sakehe wong kang salad, Tanana wruh iku, yen gustinya tumut
salad, Kangjeng Pangran Puger neng sajroning Masjid, ingkang Mangkurat Jawa.
Sampun bakda nulya bubar sami, sowang
sowang mantuk mring wisma, Kangjeng Pangran kantun dhewe, wancinya lingsir
dalu, nulya miyos
Jeng Pangran iki, pan arsa salat khajad,
mundhut toya wulu, sampun ika wungsul nulya, dhateng Masjid Jeng Pangran
ngangkat usoli, kalih rekangat salam.
Mapan lajeng ngeningken kang yekti,
Kangjeng Pangran lenggah sila tumpang, wus sirna panca driyane, sagung elok
punika, mapan sampun datan kaeksi, miwah ingkang kapirsa, wus ngumpul neng
wujud, sedaya mahluk pan sirna, Kangjeng Pangran wus kandheg ing johar jisim,
nanging sedaya purba.
Purbaningrat sifat ingkang kadim, pan wus
prapta ing marifatolah, sekawan pakarinahe, jalal jamal kawengku, kahar kamal
mapan wus kamil, mengkana sampun prapta, marmaning Hyang agung ingkang winarti
tanpa pitrah, Kangjeng Pangran wus ucul paningal neki, mantuk mring
bongsariyah.
Ingkang tompo sampun munggeng ngarsi, gya
pinundhut nuju wektu pajar, kang wong padha prapta kabeh, mapan asalad subuh,
Kangjeng Pangeran makmum nenggih, ri sawusira bakda, mapan samya mantuk, nulya
miyos Kangjeng Pangran, arsa kondur ingkang tompo wus kinempit, cinangking
brerukira.
Urut marga mampir pasar iki, arsa nempur
pan sinentan sentan, datan limrah lan wong akeh, nenggih pengawisipun, Kangjeng
Pangran mesem nebda ris, gih nyai lamun angsal, pan ngalih ngalih mengkana,
nulya ana pasar malih den ampiri, anjujuk pabrerasan.
Kangjeng Pangran atentanya aris, pinten
bibi regane kang beras, ingkang tinanya sahure, sapithi rong wang iku, awis
temen punika bibi, punapa ta kenginga, ingawis puniku, ingkang tinanya
sahurnya, sampun limrah yen tiyang wade ingawis, punika telu suwang.
Ingkang wade nyentan amecicil, basakena ki
santri ta sira, nora lumrah penganyane, mendah dene malembung, olehira mangan
ki santri, iyeku watengira, beras ajengipun, mapan sapithi rong uwang, nuju
oleh telung pitrah suwang iki, paran marga muraha.
Wismanira ki santri ing pundi, Kangjeng
Pangran alon sahurira, kawula ing Kedhunggudel, kinengken kadang sepuh,
angulati kang murah pari, marma kalunta lunta, bibi marginingsun, dene tan
wonten kang murah, sapreriki bibi larang beras pari, ni Cumbrang lon sahurnya.
Pan wong desa arang kang sesabin, apa sira
nora ngrungu warta, ing Jawa geger lawase, ijab ta lawasipun, duk bedhahe
Mentaram dhingin, iya aran pesampang, pijer haHyang huyung, wong desa nora na
sawah, pan katutuh kang duwe Negara prapti, pRadene durung kreta.
Rebut singgih kalawan kang rayi, Suhunan
Ngalaga aneng Mentaram, wong desa ewuh atine, buh lor embuh kidul, elor gusti
kidul ya gusti, dadya sakeh wong desa, pijer huHyang huyung, kewuhan ing
atinira, lagi mangko ki santri nora angili, lawase pra bendara.
Ingkang raka atut lan kang rayi, Kangjeng
Pangran Kerasatyasira, mesem kabelet guyune, kang wade wos andulu, pengrasane
dipun guyoni, dhasar ing tyase ana, dadya lon amuwus, sira iku basakena,
tinuturan teka dadak angguyoni, apa rika jeJawat.
Dene warnanira iku sagid, nora weruh duga
lan prayoga, geguyu dudu mukrime, dhasar wus lumprahiku, yen wong santri tan
wruh ing dugi, yen rika keris ana, pasthi kena siku, yen ajaha santri rika, sun
dhedheli mulane wong anom iki, sinahuwa ngawula.
Dadi weruh tata krama iki, lan ngemana
marang warnanira, kalamun wus tuwa bae, nyantria maning iku, dadi weruh ing
tata krami, dadi santri musthika, kang mangkono iku, bisa ninggal saenira,
lamun santri welaka tan ngidhep isin, nanging saene dadra.
Dhasar santri watane priyayi, iya iku
musthikaning janma, patut de ombe uyuhe, rika iku abagus, mung cacade teka
anyantri, yen dhangan karsanira, lah poma wong bagus, meluwa mring wismaning
wang, bagus santri aku gelem ngitik itik, amuruk tata krama.
Kangjeng Pangran mesem ngandika ris, pundi
bibi wisma jengandika, lan bibi sinten namane, kang tinanya samahur, desa
Padhas wis mengong iki, karan anak kewala, biHyang Cumbring ingsun, paman rika
mapan lunga, marang Kudus lawase wus pitung sasi, sun wetara palastra.
Pan Musapir pamanira iki, lunganira tan
lawan palastra, adhimu si Cumbring kuwe, marma gering ten ingsun, akeh kang
wong padha ngarani, pangling pan katon tuwa, marang awakingsun, sayektine
ingsun uga, meksih rare lagi drebe anak siji, sugih pari bras ingwang.
Nora nana rewang ingsun bukti, mapanira
dhingin tinggal langgar, balumbang lan padasane, yen sembada puniku, enggenana
amalanggring, nging salata kewala, lan drung wis puniku, ingsun kang dadi
makmumnya, sandhang pangan aja susah sun saguhi, ning salata kewala.
Lan kalebu pethek ingsun iki, duk meksihe
jenate sibiHyang, kaya mengkono ujare, kanggo laki nak ingsun, lembat temen
daginge iki, lan kenceng kang wadidang, ujare si buyung, duk jenate paman rika,
den ku wayuh ping lima menang pribadi, maruku ting palesat.
Jeng Pangran pan arsa lumaris, ginondhelan
kang sijeg gujegan, tinonton dening wong akeh, ni Cumbring nyentan asru, eh
wong apa sira tingali, angandheng lakuningwang, dhewe pamit iku, arsa lunga aji
kita, mapan nglangut ingsun ora aweh iki, kang nonton samya bubar.
Langkung kewran jeng Pangran kang galih,
nulya aris denira ngandika, dawek sampun bibi mulih, ing pundi marganipun,
langkung bungah tyasnya ni Cumbring, anulya atetumbas, ulam lawan bumbu, sekar
konyoh lan panganan, nulya mangkat ni Cumbring kang munggeng arsi, lampahe
lancing lancang.
Sampun prapta wisma nulya aglis, nyelehake
kang gedhonganira, nulya anggelar klasane, lan tiga bantalipun, aneng langgar
sarwi madhahi, kuweni pelem nongko, lawan ladingipun, Jeng Pangran ngecaning
manah, nulya lukar rasukan sineleh aglis, ni Cumbring asrep tyasnya.
Jenger mulat ni Cumbring ningali, pan
wespada marang wernanira, katumon mulat baguse, nulya aris umatur, dipun eca
lenggah wong sigid, kawula mapan arsa, mususi puniku, mring lepen lawan
ambekta, temu pan kinarya lulur nenggih, kawarna jeng Pangeran.
Sapengkere ni Cumbring puniki, nulya kesah
sigra Jeng Pangeran, kondur mring Kartasurane, datan winarneng inu, sampun
prapta ing Kertawani, lajeng sohan kang raka, jeng Pangran rinangkul, wus
katrima lampahira, pan wus murah tedha beras lawan pari, kang rayi aturira.
Pan dewaji kawula pan dremi, anglampahi
ayahan paduka, sang nata pangandikane, ya wus tarima ingsun, wus muliha asoha
adhi, wus lengser Kangjeng Pangran, sing ngarsa sang prabu, sampun rawuh ka
Pugerran, henengena ing Kartasura winarni, negari Batawiyah.
Kapiten tur langkung sugih neki, tumbas
lare punika, mapan tan pilih margane, angsalnya dagang hontung, lajeng minggah
hedler puniki, dadya lare punika, ingaran pan Hontung, mapan ta ing lama lama,
raremanan kelawan nyonyahe riki, donyane ing Nguleran.
Kawenangan wanci pukul kalih, gya cinepeng
ki Hontung punika, lajeng kinunjara mangke, nunah nulya sinapu, nging cinendhak
caritaneki, ki Hontung nulya minggat, lan sarewangipun, sedaya kang neng
kunjaran, wolung dasa lajeng ngamuk kantuneki, nging tiyang kawan dasa.
Kang wong kapir kathah ingkang mati,
lajeng mundur ki Hontung punika, tan pisah lan rewange, Welanda wus datan wruh,
mring parane ki Hontung iki, lawan sarewangira, mengkana ki Hontung, aneng
beteng ngalang alang, gennya dhelik nanging tan eca tyas neki, pan lajeng
pirembagan.
Aneng beteng ngalang alang iki, Huntung
lawan ing sarewangira, kang sepuh nenggih namane, Bunjaladriya iku,rembug
ngungsi Carebon sami, dalu anulya mangkat, lan sarewangipun, datan winarna ing
marga, ing Carebon ki Huntung mapan wus prapti, katur dhumateng Sultan.
Pan ki Huntung lajeng kinen ngungsi,
marang nagri Kartasura iki, nanging pinaring namane, Den Surapati iku, lawan
Sultan ngandika aris, wus pinesthi ta sira, dadi satrunipun, iya marang
Welanda, wus mangkata iya ingsun angamini, langkung bungah tyasira.
Surapati dene angsal idi, lawan malih
pinaringan nama, nulya atur sembah lengser, mangkat sarewangipun, datan pisah
wong kawandesi, datan winarneng marga, Kartasura rawuh, lajeng jujuk kepatiyan,
wus ngandikan langkung resep den patih, mring Raden Surapatya.
Sampun katur dhumateng sang aji, wus
inganggep lajeng kinasihan, jeng Sunan melas driyane, tinantun mapan purun, yen
ingaben lan laknat kapir, mengkana sampun lama, pan kapirsa iku, yen ki Huntung
wus karuhan, mapan ngabdi mring Jeng Suhunan Kartawani, Jendral lajeng utusan.
Dipun suwun Jeng Sunan nglilani, nanging
kinen nyepenga priHyangga, mengkana tinantun kabeh, sagung Kumpeni iku, mapan
datan ana kadugi, anging Kapitan Hetan, punika kang purun, hupsirnya saking
nagri ing Betawi, prapta ing Kartasura.
Gangsal atus prajurit Kumpeni, Kangjeng
Sunan sampun karya waHyang, Raden Anrang Kusumawe, kinon ngembani iku, mapan
dhateng Den Surapati, sinuruwaken nulya, lamun balik iku, purun dhumateng Jeng
Sunan, kinen tangled aneng alun alun sami, ningali Kangjeng Suhunan.
Neng sitinggil pepak pra Dipati, ingkang
rayi Jeng Pangran ika, Puger kang aneng ngarsane, ingkang ngembani iku, mring
Kumpeni Raden Sindurjeki, pan sampun samya prapta, ngalun alun iku, lajeng campuh
ing ngayuda, langkung rame Tanana kasoran kalih, mapan samya sudira.
Langkung watos Jeng Sunan kang galih,
nulya aris denira ngandika, mring kang rayi Jeng Pangerane, Puger lah
areningsun, tuwan ana si Surapati, menang wa katiwasan, nulya awot sampun,
lengser saking ngarsa nata, Kangjeng Pangran wus mendha wong ireki, Rahaden
Surapatya.
Sawadyanya ka Pugerran sami, mapan mendha
wongnya Surapatya, den Surapati duk anon, marang Jeng pangran iku, lawan Raden
Nrang Kusumeki, kumpul lan wong KaPugerran, nulya campuh apanggih wadya
Kumpeni, langkung pangedrelira.
Lajeng peteng kukuse lang bedhil, mapan
samya anusup sedaya, wus pejah bedhil unine, lajeng kuwel acampuh, Kapitan Tan
sampun apanggih, lawan Kangjeng Pangeran, linarihan sampun, Kyai Plered
kinarya, lajeng niba Kapitan Tan sampun mati, nenggih Kapitan Brisman.
Surapati ingkang amejahi, patrem tepak wau
kang kinarya, Welonda wus telas kabeh, sakarine lumayu, telas dening wong dasa
sami, Raden Harya Sindurja, kang tatu kinukub, binekta mring loji samya,
kawarnaha Jeng Suhunan animbali, mring kang menang ayuda.
Ingkang rayi lan Rahaden patih, katiganya
Raden Surapatya, wus prapta neng setinggile, ing ngarsanya sang prabu, ngusweng
pada katiga sami, nata mesem ngandika, selamet sireku, kang padha menang ngayuda,
adhi emas akurda ingsun tingali, Jeng Pangran aturira.
Mapan amba dremi anglampahi, ajrih lamun
boten yektosena, timbalan Kangjeng sang katong, sang nata ngandika rum, iya
adhi si Surapati, ing mangko karsa ningwang, sun paringi juluk, Tumenggung Wiranagara,
lan si Anrang Kusuma tulusa iki, momong marang Surapatya.
Tur sandika Rahaden apatih, angandika
malih Sri Nalendra, mring den Wiranagarane, sun paringi sireku, iya patang
nagara iki, iku karyanen kutha, musuh Welandeku, Pasuruhan gembong ika, lawan
Bangil Pemalang karyanen iki, bendha mungsuh Welanda.
Wus ta padha mangkata tumuli, Cakraningrat
kelawan Jangrana, sira kang dadi semangeng, kalih sandika sampun, wus uninga
karsaning aji, samya lengser sing ngarsa, pan sampun misuwur, lamun Raden Nrang
Kusuma, balik purun dhumateng Sri Narapati, momong Wiranegara.
Tan winarna marga sampun prapti, Pasuruhan
Dyah Wiranegara, lan Raden Nrang Kusumane, Cakraningrat wus wangsul, lan
Jangrana pan sampun prapti, negara Kartasura, wus katur sang prabu, solahira
aneng marga, Sri Nalendra lajeng akarya pepatih, Raden Harya Sindurja.
Tata tita nenggih kang winarni, Kangjeng
Sunan sampun besanan, lawan ingkang rayi mangko, Jeng Pangeran Puger iku, lawan
putra Pangran Dipati, angsal Den Ayu Lembah, wus karsa Hyang Agung, datan tulus
palakrama, dadya pisah mengkana pan sampun lami, Jeng Sunan nandhang grerah.
Ingkang putra nulya den timbali, Kangjeng
Pangran Dipatya wus prapta, byantara nira sang katong, ngandika sang aprabu,
marma sira ingsun timbali, poma den eling nyawa, mring wewekas ingsun, iya ing
sapungkuringwang, lamun sira arsa tulus dadi aji, amengku Tanah Jawa.
Aja sira nglarakaken ati, pamanira si adhi
ta poma, Puger iku wekas ingong, lan Cakraningrat iku, lan Jangrana poma den
eling, yen sira tan ngestokena, kaya nora tulus, sira mengku Tanah Jawa,
Kangjeng Pangran Dipati nuhun turneki, mugi kula sageda.
Angestokken mring timbalan aji, ri
sampunnya memulang Jeng Sunan, sangsaya sanget gerahe, wus karsanya Hyang
Agung, Kangjeng Sunan prapta ing jangji, kondur mring Rahmatolah, pan sinare
sampun, neng dagangira kang eHyang, ing Magiri kawarna Pangran Dipati, sampun
jumeneng nata
Kang peparab Kangjeng Sunan iki, Mangurat
mas karsanya sukma, ngelirken ing sawelinge, ingkang rama swarginipun, ingkang
paman Jeng Pangran iki, Puger gerah kang manah, lawan mahilipun, nenggih
Pangran Cakraningrat, ing Madura cinidra garwanireki, ing resresmi Pakuwatya.
Surabaya Jangrana puniki, mapan arsa
pinalih lenggahnya, ing Semarang apadene, Suradimenggaleku, mapan arsa dipun
mantuni, Patih Harya Sindurja, dadya sagung pratiwa nung anung sami, sowan
mring ka Pugeran.
Mapan sampun samya rembak neki, jeng
Pangeran ngaturan lolosa, dhateng ing Semawis mangko, wus dadya rembagipun,
Cakraningrat kang pamit dhingin, kalawan ki Jangrana, mapan nuhun mantuk,
Mandura lan Surabaya, wonten karya Kangjeng Sunan teka gampil, wus karsanya
Hyang Sukma.
Anglilani nanging sampun lami, winaleran
sirnaning kang mengsah, sagah punggawa kalihe, budhal sawadyanipun, lan rerepot
tanana kari, sampun prapta Mandura, lan Surabayeku, anulya atur nuwala, mring
jeng Pangran ngaturan lolosa nuli, wau dhateng Semarang.
Dalu lolos Jeng Pangran nulya glis, garwa
putra tan kantun sadaya, geger wong Kertasurane, Jeng Sunan langkung bendhu,
mapan nulya kinen nututi, budhal wong Kartasura, kang dados pengayun, Pangran
Ngabei kelawan Kangjeng Pangran Surya Mentaram tenapi, Pangran Harya Panular.
Dadya datan wonten purun sami, anglancangi
mring Pangeran ika, Ngabei jrih sedayane, wong Kartasura iku, lamun celak
kendel puniki, tebih nulya lumampah, dadya eca iku, nulya kapethuk ika, lawan
Pangran Cakraningrat Jangraneki, lan Suradimenggala.
Lajeng tata baris anyegati, mring sagunge
wong ing Kartasura, Jeng Pangran lajeng lampahe, kendel wong Kartapurun, lajeng
samya atata baris, Pangran Ngabei ika, pan sampun angumpul, sawadya wong
Pengabehan, lan Madura Surabaya ing Semawis, dadya gung barisira.
Apan menggah wong ing Kertawani, samya
mundur rembak tur uninga, lamun tiwas ing lampahe, Pangran Surya Mentaram,
lawan Pangran Panular iki, ingkang ngirid undurnya, mapan sampun rawuh, nenggih
negri Kartasura, katur nata Kangjeng Sunan kang winarni, lir sinipi bendunya.
Sampun brongta wau kang tinuding,
nindhihana mring wong Kartasura, lan Moncanegara kabeh, kerig wong Kartapurun,
nulya nembang tengara aglis, budhal sing Kartasura, gantya kang winuwus,
Kangjeng Pangran Puger ika, ingkang lagya aneng nagri ing Semawis, papak kang
pra Dipatya.
Kangjeng Pangran angandika aris, paran
sira adhi Cakraningrat, prayogane laku kiye, Cakraningrat wot santun, abdi
dalem sampun kadugi, methuk ing yudanira, wadya Kartapurun, atenapi Ki
Jangrana, mapan samya aturnya mangko ugi, nging Suradimenggala.
Gadhah atur inggih leres ugi, aturipun
Pangran Cakraningrat, lawan kakang Jangranane, nanging upaminipun, tiyang babat
punika singgih, mapan padhang ing ngarsa, ing wingking gurambul, Kangjeng
Pangran emuting tyas, angandika mring Pangran Sampang iki, lawan ing Surabaya.
Iya adhi bener aturneki, ingsun rasa
Suradimenggala, becik aweh weruh mangko, marang betawi iku, si Welonda tetulung
becik, ora mongsa wediya, sadaya jumurung, anulya ki Cakraningrat, kang ingutus
lawan Dipati Semawis, sampun mancal bahita.
Tan winarna marga sampun prapti, ing
Betawi punggawa kalihnya, panggih Gurnadur Jendral mangko, nulya atanya arum,
ingsun arsa tanen sayekti, Pangran Puger ku iya, kang aneng Mentaram, dhingin
ran Sunan Ngalaga, pan wus akeh cacade dhingin mring Kumpeni, akeh mateni
Welonda.
Kapitan Tan dhingin kang mateni, iya iku
numpes wong Welonda, Pangran Puger sabalane, kang ngentekaken iku, pan si
Huntung wus kurang thithik, kecandhak marang Hentan, iku kang tetulung, duk
meksih aneng Mentaram, pirang pirang Walonda kang padha mati, mapan iku wus
tita.
Lamun sengit marang wong Kumpeni, Pangran
Puger marma sun tan arsa, Ki Cakrajaya saure, lan Suradimenggaleku, ing tyas
ira kelangkung runtik, pan sugal saurira, mapan gustingsun, nadyana entekna
Walonda, ing lakune prentahe kang raka dhingin, duk meksih neng Mentaram.
Madeg aji mapan den lurugi, mring kang
raka sagung wong Walonda, milu sudi karya mangko, nadyan ing lakon ingsun, iya
prapta nagri Betawi, ingutus gustiningwang, anging maringi wruh, iya ingsun
marang sira, araja kaget lamun gustingingsun mangkin, arsa madeg Nalendra.
Mapan dhingin ingkang raka iki, mangku
Jawa manggya gustiningwang, iya kang gumanti katong, Mangkurat Jawa iku, kendel
dangu Gurnadur iki, lajeng samya bicara, lawan deleripun, anenggih rat
panidiya, kalih welas wekasan Jendral ing aris, iya wus Cakrajaya.
Tabeningsun aturena iki, mring Kangjeng
Pangran lan kekirim ingwang, poma matura mangko, haya kaget ta iku, lamun
ingsun kengkenan iki, iya edrel rolas, kang bakal lumaku, lan gawe prajurit
kathah, bakal ngangkat olehnya jumeneng aji, Jeng Pangran Puger ika.
Wus mangkata dhingin mring Semawis, edrel
nuli nungkak lakonira, lawan kang prajurit kabeh, Cakrajaya pan sampun, nulya
pamit kelawan iki, Ki Suradimenggala, wus mancal perahu, tan winarna sampun
prapta, ing Semarang wus katur sasolah neki, tan lama praptanira.
Edrel lawan kang pra Hupesir, lan prajurit
sewu kathahira, anulya ingangkat mangko, Jeng Pangran Puger iku, pan jumeneng
aneng Semawis, Jeng Sinuhun punika, Mengku Buwaneku, Senapati ing Ngalaga,
Ngabdurahman Sayidin Panata Gami, kang mangku ing rat Jawa.
Wus muphakat sagung ing wong Jawi, nulya
rembag bedhah Kartasura, ingkang dados pengajenge, Jangrana Surengkewuh, nulya
Cakraningrat nambungi, sagung wadya Mandura, kang dados pengayun, nulya Kyai
Cakrajaya, lawan Kyai Suradimenggala ngirid, sagung Hupsir samya.
Wus kapanggih lawan baris neki,
Sumabrongta aneng Bayudanya, wadya Kartasura kabeh, dhadhal pan sampun larut,
nulya katur marang sang aji, lamun kasoran yuda, nata langkung bendu, arsa
nylirani yuda, Kangjeng Mangkurat Mas busana glis, kesaru praptanira.
Mungsuh ageng dadya geger sami, wadya
Kartasura nora kena, lamun tinata barise, ngrerab rebenireku, mapan samya
lumajeng sami, ing sapurug priyongga, Kangjeng Sunan iku, mapan sampun tilar
bala, nanging kantun kawan dasa wadya ngampil, lan Raden Sumabrongta.
Ingkang mapan kalih sampun balik, Raden
Sumabrongta sanget turnya, ngaturan lolos kimawon, pinten banggi ing besuk,
lamun wonten pitilung Widi, Kangjeng Sunan semana, wusnurut turipun marang
Raden Sumabrongta, lajeng lolos mangetan ing lampah neki, mring nagri Panaraga.
Henengena kang lolos puniki, kawarnaha
wadya Surabaya, Mandura lan Kumpenine, wus prapta Kartapurun, mapan kapanggih
sepi, anulya Cakrajaya, utusan puniku, tur uning maring Semarang, lamun
Kartasura wus kepanggih sepi, Jeng Sinuhun anulya.
Budhal saking ing nagri Semawis, datan
kantun lan sagarwa putra, Hedler tan tebih lan rajeng, datan winarna iku,
sampun rawuh ing Kartawani, lajeng lumebet pura, jeng sinuhun sampun, jumeneng
ing Kartasura, Hedler ingkang asagah amburu iki, mring Susuhunan Mangkurat.
Lajeng budhal saking Kartawani, Hedler
lawan sagung Hupsirnya, medal pasisir margane, datan winarna iku, wus utusan mring
Panaragi, ngaturi Kangjeng Sunan, wus karsaning Hyang Agung, Kengjeng Sunan
Mangkurat mas, teka gampil ngaturan pan sampun kenging, binekta marang Sabrang.
Tata tita nagri Kartawani, mapan lulus
jeng sinuhun ika, Mangku Buwana kang drebe, Mangkurat Jawa iku, Cakrajaya tulus
kang patih, datan angalih nama, pan meksih puniku, Ki Dipati Cakrajaya, duk
semana Tanah Jawi karta neki, Tanana dora cara.
Pan wus lama jumeneng sang aji, lan wus
sepuh wau wayahira, kondur mring Rahmatolahe, sinare Magari ku, ingkang putra
Pangran Dipati, mapan sampun gumantya, nenggih namanipun, Kangjeng Suhunan
Prabu ika, Cakrajaya datan lami nututi, mantuk mring Rahmatolah.
Ing kang putra wau kang gumanti, nama
Raden Dipati Danurja, Jeng Sunan kelangkung sihe, tanna selayanipun, barang
karsanira sang aji, Rahaden Adipatya, Danurja puniku, mumpuni karsa nata, dadya
tulus Tanah Jawa kretaneki, dhasar samya taruna.
PUPUH XIV
S I N O M
Mengkana kang cinarita, Jeng Sunan prabu
iki, mapan derman sugih putra, jalu kelawan pawestri, nanging ingkang winarni,
para putra ingkang jalu, kang sepuh namanira, Pangran Riya ingkang rayi,
Pangran Behi anulya Pangran Dipatya.
Ari Pangran Mangkubumya, nulya Pangran
Bintareki, nuli Pangran Sumayuda, wuragilira winarni, Pangran Kusumeki, nging
sedaya timur, ingkang sampun diwasa, nging Pangeran Riya iki, lan kang rayi
Pangeran Ngabehi ika.
Sampun kersaning Hyang Sukma, Kengjeng
Suhunan prabu iki, datan panjang yuswanira, kondur mring Rahmatolahi, dadya
ingkang ngresahi, kreraton puniku, nenggih Pangeran Riya, nulya Raden Adipati,
sampun sarembang lawan kang rat pinidya.
Pangeran Riya ingapusan, binucal mring
Sabrang iki, dadya lulus madeg nata, nenggih Pangran Dipati, mapan peparab
neki, Kangjeng Suhunan puniku, nenggih Mangku Buwana, mapan wus diwasa iki, lan
kang rayi sedaya sampun diwasa.
Nanging wus karsaning Sukma, akathah
karsanireki, nora kena ingaturan, dhumateng Raden Dipati, dadya selaya iki,
kajuwetan aturipun, Den Dipati Danurja, Jeng Sunan bendu tan sipi, gya cinepeng
Raden Dipati binucal.
Anenggih dhumateng Sabrang, ingkang
kinarya patih, Pangeran Nata Kusuma, mapan inggih datan lami, binucal Sabrang
iki, nging atilar weling iku, Pangeran Nata Kusuma, maring Mangun Honeng
puniki, lawan Mertapura kinen ngembanana.
Den Mas Gerendi punika, mituhu punggawa
kalih, Kangjeng Sunan kang winarni, mapan sampun karya patih, nenggih Raden
Dipati, Pringgalaya namanipun, ing jero Sastrawiguna, dadya sagung pra Dipati,
mHyang sentana ingkang tyas alit sadaya.
Mengkana ingkang winarna, Ki Mangunhoneng
puniki, lawan Kyai Martapura, nulya tepang Cina sami, ngangkat Den Mas Garendi,
pan wus jinenengken ratu, Sunan Kuning kang nama, wus kathah kang bala nuli,
nulya rembag anglurug mring Kartasura.
Cina kang dados pengarsa, mangkana
pinethuk jurit, Den Dipati Pringgalaya, wau ingkang anindhihi, sagung wong
Kartawani, krerigan tanana kantun, mapan wus jeng ajenegan pan anging helet
benawi, aparentah Den Dipati Pringgalaya.
Bengawan kinen nasakha, anulya karya wus
dadi, gung wadya kinen nyabranga, sadaya aja na kari, nging Mangunhoneng iki,
lan Cina sarewangipun, eca kendel kewala, antawis angsal sapalih, wadya
Kartasura ingkang sampun nyabrang.
Ki Mangunhoneng anulya, sagung Cina den
abani, lajeng anembang tengara, beri geng ingkang tinitir, suwara pating
barekik, samya rempeg ajengipun, sampun karsaning sukma, wadya Kartasura sami,
langkung gila aningali dhateng Cina.
Pan sinareng tinempuh nulya, lajeng geger
kuwur sami, Tanana purun lawana, mundur mapan den cegati, mring Den
Pringgalayeki, dadya kathah ingkang nempuh, saking jrih marang Cina, nulya
kinen natas aglis, ingkang sasak dadya wong ing Kartasura.
Kathah pejah kentir toya, Cina lajeng
lampah neki, Den Dipati Pringgalaya, nitih kuda den cemethi, nander pelajeng
neki, wong ing Kartasura mawur, miwah putra sentana, samya ngrebut anak rabi,
Sri Nalendra langkung kaget manahira.
Ingkang Cina pan meh prapta, ing alun alun
puniki, Mayor Hundur kang winarna, langkung kaget ing tyas neki, lajeng mepak
Kumpeni, ing sawonten-wontenipun, naming satus punika kinarya ngawali jurit,
anging meksa Cina golong pengamuknya.
Kumpeni datan kuwawa, pan saking karoban
tandhing, sedaya wong Kartasura, wus mawut tanan kari, Mayor Hundur anuli, lan
Raden Pringgalayeku, angrebut mring sang nata, kalih welas jalan kaki, Sri
Nalendra lajeng ingaturan lolos.
Kelangkung dennya kasesa, kathah kang
katilar iki, sagunge ingkang pusaka, nanging putra lan garweki, Cina wus
ngepung sami, dadya miyos banon gugrug, kang jalan kaki rolas, saangsal-angsal
ngawali, kang lumampah aneng wurine Nalendra.
Sampun lepas lampahira, Sunan Kuning kang
winarni, pan sampun lemebet pura, wus bedhah ing Kartawani, lajeng ngedhaton
iki, jeng Sunan neng Kartapurun, ingkang Cina sedaya, pan lajeng ngenggeni
loji, Mertapura ngenggeni ing Pringgalayan.
Mangunhoneng neng jro pura, tunggil lawan
sang aji, pirang pirang ingkang brona, tenapi para selir, miwah parekan sami,
ingkang kantun lan sang prabu, dadya katungkul samya, kasukan Jeng Sunan
Kuning, lawan Cina Mangunhoneng Mertapura.
Kawarnaha wong Kartasura, kang samya
lumayu ngungsi, sagung kang putra sentana, mapan rebut paran sami, ana kang
ngungsi ardi, nging
Jeng Pangran Behi iku, angungsi mring
Semarang, kalawan kang rayi kalih, Kangjeng Pangran Mangkubimi Sumayuda.
Kangjeng Sunan kang winarna, neng Surabaya
gen ngungsi, Mayor Hundur kang winarna, utusan marang Betawi, nedha bantu
Kumpeni, Jendral ambantoni sampun, gangsal atus Welanda, wus prapta ing
Surwesthi, kang sentana punggawa kang samya prapta.
Nusul dhumateng Jeng Sunan, wus pepak wong
Kartawani, Mayor lawan Pringgalaya, Kangjeng Sunan den aturi, kondur mring
Kartawani, lajeng nembang tengareku, budhal sing Surabaya, mayor kang dadya
pangarsi lawan para Hupesir sa prajuritnya.
Datan winarna ing marga, Kartasura sampun
prapti, lajeng kaget bala Cina, katungkul amupu sami, miwah Martapureki,
Mangunhoneng langkung kuwur, atenapi Jjeng Sunan, Kuning lajeng lolos nuli,
Martapura Manguhoneng rebut paran.
Kang Cina pan sampun telas, pinatenan
mring Welonda, Sunan Kuning kang winarna, sampun karsaning Hyang Widi, binujuk
teka gampil, mring Welonda kenging sampun, binekta dhateng sabrang, semana ing
Tanah Jawi, lajeng risak kawarna ing Kartasura.
Jeng Sunan Mangkubuwana, mapan samya den
parabi, Sunan Kombul mring wong kathah, mengkana nuju nimbali, kang raka
Pangran Behi, lawan kang rayi sedarum, wus pepak munggeng ngarsa, pan sampun
samya tinari kardi, Sokawati kanggenan mring Martapura.
Kelangkung ageng barisnya, sapa kang
kaduga iki, ngrebut banjur den prentaha, umatur Pangran Ngabehi, kados tan
wonten malih, tyanipun adhi puniku, Mangkubumi punika, Kangjeng Sunan ngandika
ris, paran sira dhimas Mangkubumi ika.
Apa ta sira kaduga, angrebut ing Sokawati,
Kangjeng Pangran aturira, yen wonten karsa sang aji, sandika anglampahi,
nanging pangestu pukulun, Sri Nalendra angandika, iya adhi ingsun idini, muga
sira adhimas oleha karya.
Nulya ngabekti Jeng Pangran, wus lengser
saking ngarsi, sedaya putra sentana, mapan kondur sampun sami, Jeng Pangran
Mangkubumi, mapan lajeng mangkat sampun, dhumateng Sokawati, kelawan wadyaneki,
tan winarna marga Sokawati prapta.
Lajeng pinethuk ing yuda, langkung
ramening ngajurid, sampun karsaning Hyang Sukma, Ki Martapura puniki, wentisira
kababit, marang Kalatana iku, gennya nyumed priyongga, mapan lajeng lampah
neki, wus karebut Sokawati sedaya.
Dhumateng Kangjeng Pangeran, Mangkubumi
kandor nuli, wau dhateng Kartasura, lajeng sohan mring sang aji, katur sasolah
neki, jeng Sunan ngandika arum, ya adhi sun tarima tulusa sira duweni, Sokawati
adhi sira kang parentah.
Mengkana pan sampun lama, Hedler maring
Kartawani, ginubel mring Pringgalaya, kinen mundhut Sokawati, Hedler mapan
nuruti, Sokawati wus pinundhut, dhumateng Kangjeng Pangran, nanging sewu
ingkang meksih, Kangjeng Pangran kalangkung dennya lenggana.
Nanging Hedler kedah meksa, Kangjeng Sunan
anjurungi, mring kajenge Hedler ika, dadya Pangran Mangkubumi, langkung gerah
ing galih, dalu nulya lolos sampun, lawan sagarwa putra, dhumateng ing
Sokawati, Kangjeng Sunan anreka dhateng kang raka.
Kangjeng Pangran punika, Ngabehi ingkang
ngajani, nulya cinepeng kang raka, binucal ing Sabrang iki, dadya sentana sami,
langkung giris manahipun, dadya lolos sedaya, tan ana kantun sawiji, lawan
Raden Suryakusuma pan kesah.
Langkung bendru Tanah Jawa, sagunging
santana sami, wonten nunggil mring kang raka, Kangjeng Pangran Mangkubumi,
wonten mawat pribadi, dhumateng ing gunung Kidul, nanging cinedhak kewala,
langkung risak Tanah Jawi, duk jenenge Jeng Sunan Kombul punika.
Pan lama denira yuda, Hyang uyung ing
Tanah Jawi, Kumpeni pan kathah pejah, mengsah Pangran Mangkubumi, dadya
tinulung iki, Gurnadur utusan sampun, pinilih Tanah Jawa, Jeng Sunan narima
iki, Kangjeng Pangran Mangkubumi wus narima.
Dadya kekalih punika, Tanah Jawa kraton
neki, Tanah Pajang lan Mentaram, Kangjeng Pangran Mangkubumi, ingkang aneng
Mentawis, ing Ngayogya nagrinipun, anenggih jejuluknya, Kangjeng Pangran
Mangkubumi, Kangjeng Sultan Mangku-buwana katiga.
Ing Kartasura winarna, mapan iya sampun
ngalih, kedhaton winestan Sala, Jeng Sunan Kombul winarni, seda mapan wus lami,
sinare nglangkunan iku, ingkang putra gumantya, Kangjeng Pangran Dipati,
ajejuluk Jeng Sunan Mangkubuwana.
Anenggih kaping sekawan, Pangran Bintara
kang winarni, ngapusan lajeng binucal, dhumateng ing Sabrang nuli, nging Surya
Kusumeki, langkung prakosa prangipun, mapan wus salin nama, Kangjeng Pangran
Mengkunagri, pan tinulung mring Jeng Sunan Surakarta.
Mengakana sampun waluya, ing Tanah Jawa
puniki, kawarnaha ing Ngayogya, Kangjeng Sultan kang ngrenggani, pan dreman
sugih siwi, putra putri mapan iku, nging kang putra kewala, punika ingkang
winarni, namanira Kangjeng Pangran Ngabiha.
Nulya jeng Pangran ika, Dipati arineki,
Pangran Demang aranira, nulya Pangran Dipasanteki, mapan arine malih, Pangran
Natanusumaku, lan Pangran Sumayuda, PangranHadiwijayeki, nulya Pangran Harya
Panular arisnya.
Pangran Mangku Kusuma, Pangran Adi
Kusumeki, nuli Pangran Dipasana, Pangran Danu Paya nuli, Pangran Balitar iki,
Pangran Sontanusumeku, Pangran Dipati Jaya, pepatihira sang aji, Raden
Yudanegara nagri Toya Mas.
Pinundhut kanarya patya, ingalih
namanireki, Raden Dipati Danurja, pengulu Pekih Ibrahim, katiga nunggal kapti,
ratu patih lan pengulu, marma nagri Ngayogya, kelangkung arjanireki, Patih Jero
nenggih Kyai Sindurja.
Wedana Moncanegara, Rahaden Rongga puniki,
anenggih Prawiradirja, kelangkung keringan neki, mring praja kanan kering,
anenggih ingkang winuwus, Kangjeng Pangran Dipatya, kang putra dewasa sami,
ingkang sepuh anenggih pinaring nama.
Wau dhumateng kang EHyang, Kangjeng
Pangran Mangkubumi, nulya Pangran Panengah, Pangran Martasona nuli, Pangran
Pamot kang rayi, Pangran Pringgalaya, iku nulya Pangran Riyomenggala, nulya
Pangran Singasari, kang waruju nama Pangran Anem ika.
Dene ingkang kinasihan, dhumateng kang
EHyang iki, nanging Pangran Pangkubumya, langkung kreta Ngayogyeki,Kangjeng
Sultan winarni, pan dumugi yuswanipun, menangi buyut ika, Kangjeng Pangran
Mangkubumi, drebe putra jalu sareng babarira.
Ing tahun Ehe punika, wulan Mukharam
nujoni, tanggal ping wolu kang dina, Jemungah Wage puniki, Alip ingkang lumaris,Kulawu
mapan anuju, wektu sahur babarnya, Jeng Sultan ngaturan uning, langkung suka
kang buyut pinundhut nulya.
Kangjeng ibu ingkang bekta, prapta
ngarsanya sang aji, pinarak neng Prabayeksa, pan lajeng ngiling ngilingi, Jang Sultan ngandika ris, bok ratu
buyutireku, besuk wruhanira, wus karsaning Hyang Widi, mapan pinasthi iya
kinarya lampahan.
Pan iku luwih lan ingwang, rusake Welonda
benjing, wekasan walahu alam, marma bok ratu den becik, momong buyutireki, pan
mituhu Kangjeng ratu, marma tan kenging pisah lan kang wayah buyut iki, pan
meningi tigang tahun ingkang yusnya.
Kondurnya mring Rahmatolah, Jeng Sultan
Mangkubuwaneki, anenggih kang kaping tiga, nulya kang putra gumanti, Kangjeng
Pangran Dipati, jemuneng Sultan puniku, nenggih Mangku-buwana, kaping sekawan
puniki, ingkang putra Pangran Mangkubumi nulya.
Jumeneng Pangran Diaptya, Pangran
Pringgalaya nuli, pan ingelihan namanira, Pangran Mangkudiningrati, Pangran
Anem pinaring, nama Mangkubumi iki, dadya lurahing putra, mapan ya iku kekasih,
kang sentana kalih lelurahnya.
Kangjeng Pangran Ngabehi ika, lan Pangran
Natanusumeki, Kangjeng Ratu Geng winarni, pan asring selaya neki, lan kang
putra pribadi, dadya mutung adhudhukuh, babat kang ara ara, mapan lajeng den
dalemi, tebihira saking nagri Ngayogya.
Mapan lampahan sa ejam, mengakana pan
sampun dadi, winestan Tagelreja, kang wayah buyut tan kari, Kangjeng ratu
winarni, pan tetanen remenipun, sinambi lan ngibadah, kinarya namur puniki,
lampahira gen brongta marang Hyang Sukma.
Kang buyut tan kenging pisah, sinambi
winulang iki, langkung kerta Tegalreja, mapan kabeh tiyang prapti, samya
angungsi tedhi, ingkang santri ngungsi ngelmu, langkung rame ngibadah, punapa
dene wong tani, henengena kawarnaha ing Ngayogya.
Raden Dipati Danuja, lawan ki Pangulu iki,
Pekih Ibrahi, punika, lan Kyai Sindurjeki, Raden pan sami, Prawiradirja puniku,
mantuk mring Rahmatolah, taruntunan datan lami, lan Jeng Sultan dadya sepi ing
Ngayogya.
Kangjeng Sultan nulya karya, pepatih wayah
ireki, Raden Dipati Danurja, Tumenggung Mertanegari, jinunjung nama neki, Raden
Dipati punika nunggak semi Danurja, Raden Rongga kang gentosi, ingkang wayah
pan inggih kados kang EHyang.
Anama Prawiradirja, Ki Sindurja kang
gentosi, Raden Tumenggung ika, Sumadiningrat kang siwi, Sindurja nora dadi,
nanging meksih namanipun, Ki Pangulu punika, anenggih ingakng gentosi, lurah
Surata nenggih namanira.
Muhamat Sapingi ika, punggawa tiga pan
sami, kemantu mring Sri Nalendra, Raden Sumadiningrat iki, ratu bendara
nenggih, Raden Dipati puniku, ratu angger kang nama, Raden Rongga pan pinaring,
kang weruju Kangjeng Ratu Naduretna.
Katiga samya nemira, dene karsanya sang
aji, pan langkung saking kang rama, tenapi punggawa katri, maksiyat carup sami,
kalawan agaminipun, Ki Pangulu mangkana, kabeh wong Ngayogya sami, ageng alit
awis ingkang lampah nyata.
Jeng Ratu Ageng winarna, langkung susah
ingkang galih, asung peling tan ginega, mring kang putra wayah sami, dadya
angles sireki, dhasar wancine wus sepuh, jeng ratu ingkang driya, kondur mring
Rahmatulohi, Tegalarja kang wayah buyut gumantya.
Kangjeng Pangran Dipatya, pan katiga
putraneki, kang sampun samya diwasa, Pangran Diponegareki, Pangran Hadinegari,
Pangran Suryabrongta iku, kang mengku Tegalarja, gentosi kang eHyang suwargi,
Kangjeng Pangeran Dipanegara.
Nanging wus karsaning Sukma, Pangran
Dipanegara ki, kedah momor ingkang EHyang, buyut mapan karsaneki, remen agami,
dadya selaya iku, lan Kang EHyang Jeng Sultan, dadya awis sohanneki, nging
Garebeg punika kang pesthi ana.
Seprandene kedah meksa, Walonda saha geng
alit, saking jrih dhateng kang EHyang, tenapi dhateng sudarmi, nanging kang
tyas pribadi, ing agama remenipun, mengkana Tegalarja, langkung duka kang Hyang
swargi, kang ngibadah tenapi kathah ing tiyang.
Miwah ingkang wewangunan, sedaya mapan wus
salin, Kangjeng Pangran namanira, lamun alelana iki, nenggih Syeh Ngabdul
Rakim, kelamun aneng praja gung, Pangran Dipanegara, dadya anama kalih, ingkang
yuswa sampun kalih dasa warsa.
Nanging pekaremannya, ingkang den lampahi,
mengkana esthining driya, ing siHyang kelawan latri, sepirane dunyeki, dadya
karem ingkang, marang purbaning Sukma, nanging sipat ngaral meksih, asring
kenging kagodha dhateng wanodya.
Yen kala enget tyasira, marang wekasan
dumadi, dadya eca alelana, anjajah sakeh ing Mesjid, mapan tunggil lan santri,
kang kathah kathah puniku, langkung amati raga, angagem kang sarwa langip,
milanira awis jalma kang uninga.
Lamun iku kawuningan, dhumateng guruning
santri, Syeh Dulrakim nulya kesah, nanging ingkang den karemi, tunggil lan
santri alit, lan kang samya nisthanipun, anging pondhok punika, marmanipun
ngalih ngalih, lamun bosen pesantren ngalih mring wona.
Gunung jurang parang guwa, trekadhang urut
pasisir, kelamun wulan Ramelan, ngujalat guwa ingkang sepi, mengkana kang
winarni, aneng suka mal panuju, Syeh Ngabdul Rakim ika, linggih neng jro guwa
iki, lingsir dalu cobaning Hyang nulya prapta.
Kelangkung awarna warna, coba ingkang
andhatengi, Syeh Ngabdul Rakim semana, wus tan drebe tingal kalih, nanging
marang Hyang Widi, wus musna coba sedarum, nulya ana kang prapta, jumeneng
ngarsanireki, kang wong priya cahyanya sawang purnama.
Aweta Sang Jati Sukma, sayektine Sunan
Kali, Seh Ngabdul Rakim semana, cengeng denira ningali, nulya ngandika aris, eh
Ngabdul Rakim sireku, wus pinasthi Hyang Sukma, lamun sira iku benjing, dadya
ratu iring iring nulya musna.
Nulya musna sang pandhita, pupungun Seh
Ngabdul Rakim, kelangkung gegetunira, dene tan ngantos ngabekti, enjing nulya
lumaris, lampahnya pan jujur gunung, tan ngetang pringgabaya, salira wun tan
katolih, kang kahesthi amung sih ira Hyang Sukma.
Nusup nusup lampahira, mudhun jurang
minggah ardi, Tanana ingkang sinedya, langkung liwung ing tyas neki, lamun
sayah lumaris, sare sa gen enggenipun, mangkana sampun prapta, ing bengkung Seh
Ngabdul Rakim, lajeng kendel ngantos angsal pitung dina.
Seh Ngabdulrakhin wus tedhak, dhumateng
Mesjid Magiri, pan arsa salat Jumungah,
mapan nuju samya prapti, sagung kang jurukunci, pan arsa salat sedarum, kagyat
samya tumingal, tan pandung mring gustineki, pan kumrubut samya salam sedaya.
Sabakdanira Jumungah, sagung ingkang juru
kunci, mapan lajeng samya kurmat, ing sa gadhah gadhah neki, dadya nyare
sawengi, ing Mesjid jimatan iku, enjing anulya mangkat, Seh Ngabdurakhim
lumaris, turut lepen ika lajeng minggah arga.
Prapta ing guwa seluman, lajeng anyare sawengi,
enjing anulya lumampah, nut tirah tirah inga ngardi, mengkana sampun prapti,
Seh Ngabdurakhim puniku, guwa Sigala gala, anulya dipun lebeti, kalih dalu
nyare neng Sigala gala.
Enjang anulya lumampah, lajeng anede kang
wukir, Guwa Langse kang sinedya, Dirgama wus tan kaesthi, mengkana Sampun
prapti, Guwa Langse lampahipun, Seh Ngabdulrakhim nulya, neng ngriku amati
ragi, awetara neng guwa satengah condra.
Angeningaken kang tingal, wus sirna sagung
kaeksi, Seh Ngabdulrakhim semana, nging kantun rumekseng urip, urip rumekseng
dhiri, dhiri wangsul urip sampun, kang urip kaya kaya, sampun tan kena
winuning, kawarnaha ingkang ngadhaton Samodra.
Ratu Kidul sampun prapta, neng ngarsa Seh
Ngabdulrakhim, mapan pandhang jroning guwa, nging jeng ratu wus udani, lamun
Seh Ngabdulrakhim, lagya suwung ciptanipun, datan kenging ginodha, dadya umatur
ubanggi, lamun benjang prapteng mongsa badhe prapta.
Nanging Seh Ngabdulrakhim, miharsa datan
ningali, Ratu Kidul sampun musna, mengkana Seh Ngabdulrakhim, wus ucul tingal
neki, mantuk bongsariyahipun, enjing nulya tumedhak, dhumateng Parang Taritis,
lajeng sira mahanare Parang Kusuma.
Pitekur sendhehan sela, layap layap
miharseki, suwara mapan mengkana, eh ya ta Seh Ngabdulrakhim, ngaliya aran
neki, Ngabdul Khamit ta sireku, lan maneh ingsun warah, kurang telung tahun
iki, ing bubrahe iya neraga Ngayogya.
Mapan wus karsaning Sukma, wiwit bubrah
Tanah Jawi, iya kurang telung warsa, lawan sara iku benjing, mapan iya wus
pinasthi, dadi lelakon ing besuk, ingsun aweh prethanda, marang sira Ngabdul
Khamit, Panah Sarutama iki sira goha.
Lan maneh wewekas ing wang, marang sira
Ngabdul Khamit, lan poma sira den yitna, lamun luput iku benjing, ramanira tan
dadi, nanging ta wewekas ingsun, Ngbadul Khamit maring sira, ya gelem sira kinardi,
ya Pangeran Dipati marang Welonda.
Mapan wus pesthi duraka, nanging ta
ramanireki, Ngabdul Khamit jaganana, olehnya jumeneng aji, tan ana malih malih,
nanging sira srananipun, mapan iku tan dawa, nanging kinarya leluri,
Ngabdulrakhim wus poma sira muliya.
Byar wungu padhang tingalnya, tan ana
jalma kang angling, lajeng ningali gegana, wonten cumlorot lir thathit, dhawah
ngarsa nireki, tumanceb ing sela iku, dhawah ngarsa nireki, nenggih ki
Sarutama, mapan wus pinundhut nuli, byar rahina Seh Ngabdul Khamit lumampah.
Kinandhut ki Sarutama, pan lajeng urut
kikisik, kendel aneng ing sawangan, sakedhap nulya lumaris, prapta Nglipura
iki, ing sela gilang puniku, nyare sedalu nulya, enjing pan lajeng lumaris,
prapta guwa Secang kendel Jeng Pangeran.
Anyare sedalu ika, enjing pan lajeng
lumaris, kondur marang Tegalarja, mengkana pan sampun prapti, lajeng den
busanani, Ki Sarutama puniku, rineka cundrik ika, henengena ingkang winarni,
ing Ngayogya langkung khathah kang bicara.
Hoprup mapan salin nama, Minister ing
namaneki, Hegler namaning Welonda, lawan lenggah jajar sami, lan Kangjeng
Sultan iki, lawan mawi songsong iku, pan iku datan lama, nulya Gurnadur
Ngejawi, nulya Jendral Dhandhles namanira.
Sampun prapta Surakarta, yun lajeng mring
Ngayojeki, Kangjeng Sultan datan arsa, sabab dereng wonten iki, adat kang
dhingin dhingin, Jendral Ngejawi puniku, senadyan ngejawiha, pananging kendel
Semawis, setun tebih mapan kendel Salatiga.
Nanging Jendral kedah meksa, genira ayun
udani, wekasan dadya selaya, sagung wong Ngayogya sami, kinen busana jurit,
sampun sumekta sedarum, Den Dipati Danurja, lan Raden tenapi, pra punggawa kang
agung agung sedaya.
Kang Jawi dherek sedaya, dhumaten Raden
Dipati, mapan kinen mangsulena, lampahe Jendral puniki, Kelathen sampun prapti,
tan adangu Jendral rawuh, umiyat wong Ngayogya, amepeti lurung sami, dadya
kewran Jendral pan kirang sumekta.
Lajeng lumebet kewala, mring loji Jendral
puniki, Raden Dipati Danurja, lan Raden Rongga tenapi, sagung kang pra Dipati,
tumut malebet sedarum, lajeng samya tabeyan, kalawan Jendral nuli, abicara
Jendral dados manahira.
Pan lajeng wangsul kewala, mantuk
dhumateng Semawis, mengkana lama lama, saya kathah bicareki, nanging Raden
Rongga iki, ingsah tansah dados catur, mengkana tumpa tumpa, Den Rongga ingkang
prekawis, mapan aSring den undang dhateng Semarang.
Den Rongga Prawiradirja, nanging wus
prayitna galih, ingkang tyas pan wus uninga, lamun dipun pengarahi, dhumateng ing
Kumpeni, dadya tan pegat puniku, langkung prayitneng baya, mengkana mapan wus
lami, Jendral meksa ayun uninga Ngayogya.
Wus dadya ingkang bicara, mengkana ingkang
winarni, Kangjeng Pangeran Dipatya, ingkang putra den timbali, Pangeran
Dipanegari, sampun prapta ngarsanipun, Kangjeng Pangeran Dipatya, mapan
angandika aris, lah ta kulup payo padha andum karya.
Wong ing Kadipaten ika, kang padha dadi
prajurit, kabeh iku sira rehna, pan sewu cacahe iki, dene ingkang ngiring mami,
tumbak kencengireki, mongsa bodhowa siseku, pan ingsun kang bicara, dene
ingkang ngiring mami, nging kariya ngampil lan Suranata.
Kelawan Trunaasmara, ponakawan gamel iki,
ingkang cekel priyongga, lawan adhinira kalih, dadya kanthinireki, sandika
Pangran turipun, anulya tinimbalan, ingkang Wedana prajurit, namanira Rahaden
Wiryapuspita.
Lawan Den Jayaminarsa, wus pinaringaken
iki, mring Pangran Dipanegara, mengkana pan datan lami, lan Jendral praptaneki,
Kangjeng Pangran Dipatyeku, amethuk mring Kalasan, dene ingkang jaga Westhi,
ingkang putra Pangeran Dipanegara.
Lawan kang rayi kalihnya, Pangran
Hadinegareki, lan Pangeran Suryabrongta, kelawan Wedana kalih, ingkang dados
pengarsi, mengkana sampun kepethuk, lan Jendral neng Kalasan, Kangjeng Pangeran
Dipati, mapan lenggah sakedhap anulya mangkat.
Kawarnaha Kangjeng Sultan, kang methukne
Gawok iki, mengkana pan sampun panggya, lan Jendral Dandeles nunuli, lenggah
sakedhap iki, anulya bundhalan kondur, dhateng nagri Ngayogya, lan Jendral pan
sampun prapti, mapan kathah bicara kang nora dadya.
Duk semana ing Ngayogya, mapan lagya
mempeng neki, sagung kang putra sentana, lawan kang para Dipati, mengkana
Jendral iki, mapan menggah kajengipun, kang prajurit sedaya, kalebet
moncanegari, ing Ngayogya sedasa ewu pansamya.
Sawangnya lagya gumbira, kejawi
pangrembeneki, anging Jendral ing tyasira, kang dinugi bengkalahi, Rahaden
Rongga iki, Prawiradirja Madiyun, dadya mantuk kewala, akarya karenah malih,
Raden Rongga kang ingangkah kengingira.
Kangjeng Sultan kang winarna, Rahaden
Rongga puniki, pan kalilan mantuk ika, lan sagung mocanegari, kawarna sampun
prapti, Rahaden Rongga Madiyun, sampun karsaning sukma, Jeng Ratu Maduretneki,
babar lajeng seda konduran punika.
Sinare ing Giripurna, Rahaden Rongga
puniki, tumut aneng pakuburan, rahina wengi anangis, mapan ngantos alami, saya
wuwuh driyanipun, mengkana ing tyasira, angur melu ngemasi, datan saged yen
teksih kantun neng denya.
Dadya dilalah karsanya, akeh luput den
andhemi, mengkana ingkang winarna, Jendral mapan sampun dadi, rembag lan den
Dipati, nulya katir suratipun, dhumateng Sri Nalendra, anuhun Den Rongga iki,
pan ingundang ing Jendral dhateng Semarang.
Dilalah karsaning sukma, Kangjeng Sultan
teka gampil, pan iku kang dadya marga, rusake Ngayogya iki, Den Rongga den
timabali, wus sohan sabalanipun, pan sewu winetara, nanging Den Rongga tyas
neki, nanging meksih asmara dhateng kang swarga.
PUPUH XV
ASMARADANA
Mapan lajeng dhawuhi, den Rongga
Prawiradirja, kalamun ing ngundang mangko mring Jendral dhateng Semarang,
mengkana ing tyasira, ingkang gumantung ing kalbu, ngajeng ratu Maduretna.
Mengkana esthining galih, den Rongga
Pawiradirja, yen ingsun nuruta bae, lumaku marang Semarang, iya lamun palestra,
kalamun tan mati ing sun, dadya andedawa brota.
Baya ngur mulih amami, aluru dedalan apa,
saprandene awakingong, neng dunya wus neba bisa, iki dalan utama, sun anusul
Kanjeng ratu mengkana ing dalu nulya.
Kang wadya wus den dhawuhi, manuk mring
Madiyun nulya, budhal dalu denya bolos, kalawan sawa dayanira, den Dipati
Danurja, wus ngaturi priksa iku, dhumateng Srinaranata.
Miwah dhumateng ing loji, mring minister
wus sung wikan, nulya karya surat age, kinintukken marang jenderal ingkang
aneng Semarang, Kanjeng Sultan kang winuwus, sakelangkung dukanira.
Ingkang tinuding nututi, wedana jero punika,
Raden Purwadipurane, lan Pangran Dipakusuma, punika ingkang jaba, lan Raden
Pringgalayeku, nging cinendhak kang carita.
Rahaden Rongga puniki, pan sampun kesambut
yuda, ingkang ngolani kancane, Adipati Kephadangan, Raden Sumanegara, ingkang
layon sampun katur, dhumateng Srinaranata.
Kawarna Jendral Semawis, mapan sampun
aputusan, bantu mring Mentaram mangko, mengkana pan samupun prapta, nanging tan
angsal karya, Raden Rongga wus kapupu, nulya Pangran Natanusuma.
Ingkang tinerka ngajani, tinedha sampun binekta,
dhumateng Betawi mangko, saical lare den Rongga, nenggih nagri Ngayogya, wus
tan ana banthengipun, Jendral dugeken tyasira.
Anulya dhateng Mentawis, ambekta sawadya
kuswa, Jeng Sultan tan methuk mangko, langkung ayuda ing nala, mengkana sampun
prapta, Jendral ing Ngayogya iku lajeng mring loji kewala.
Sampun karsaning Hyang Widi, Jeng Sultan
ayuda karsanya, kang putra sentana kabeh, atenapi ingkang wadya, mapan sampun
sumenta lamun kinarsa apupuh, ing tyas sampun kaduga.
Nanging wus karsa Jendral Daendels
abicara, lan Raden Adipatya Danurja ngaturan iku, Kanjeng Sultan alebet.
Inggih dhumateng ing Ngloji, kepanggih
alawan Jendral jeng Sultan tan arsa mangko, dadya langkung ayudanya, mester
enggal lan wa bram, mengkana wekasanipun, Jeng Sultan wakil kewala
Miter kalih atureneki, katiga Raden
Dipatya, kalamun wonten kajenge, Jendral punapa wus lila, Kanjeng Sultan
ngandika, iya mapan lila ingsun, marang sit hole Dipatya.
Mengkana Pangran Dipati, wus ing ngiden
mring kang rama, kinen mangggihi jendra le lan wus tilas welingira, nulya
lengser sing dhasar, lawan mister kalihipun, mHyang sagung putra sentana.
Tenapi kang pradipati, lawan prajurit
sedaya, sampun prapta ngloji mangko, nulya panggih lawan Jendral, Kanjeng
Pangran Dipatya, anulya ing ngakat sampun jumeneng sang raja putra.
Nalendra parentah iki, mring sagunge wong
Ngayogya, dadya Kangjeng Sultan mangko, mapan kendel amegawan, nanging momong
kewala, dhumateng kang putra iku, wus rampung ingkang bicara.
Kanjeng raja kondura glis lajeng sowan
mring kang rama, wus katur sanes karane enjangira Jendral nulya, dhumateng ing
kerajan, mapan lajeng pamit mantuk, enjingira nulya budhal.
Jenderal Daendels mring Betawi, datan lami
kintun bintang, dhumateng jeng raja mangko, pan sinami agengira, lan bintange
priyongga, Jendral Dhandels puniku, nanging kantun mawi sela.
Pan mudhel pratondhaneki, saking ing raja
Welanda, datan lami gantos mangke, Jendral Dhandeles punika, Jendral Janseng
punika, kawarnaha ing Mentarum, laminya jumeneng ika.
Kanjeng Raja Ngayogya di, Kanjeng Sultan
kang winarna, mapan kenging pabanguse, marang ingkang gadhah karsa, ingkang
putra Priyongga, Pangran Mangkudiningratku, lan Pangran Jayakusuma.
Pangran Sontawijaneki, Jeng Sultan Mindhak
sekawan, putra kang diwasa mangko, kang sepuh Pangran Natabaya, anuli arinira,
Pangran Slarong puniku, kuli Pangran Sontawijaya.
Pangran Jayakusumeki, punika ingkang
taruna, dadya ewa ing manahe, Kanjeng Sultan mring kang putra, Kanjeng raja
Nalendra, pan kenging pambangusipun, dhumateng kang putra tiga.
Pangran Mangkudiningrati, punika kang
gadhah karsa, nuhun mring kang rata mangko, jumeneng Pangran Dipatya, ingkang
rayi kalihnya, Pangran Jayakusumeku, lan Pangran Sontawijaya.
Punika ingkang jagani, ing lebet garwa
kalihnya, mapan ingkang mothahake, Kanjeng ratu mas punika, lawan ratu kencana,
marma Kanjeng Sultan iku, langkung emeng ingkang driya.
Enengena Ngayogya ki, kang lagya samya
kengengan ing Betawi winiraos Jendral Janseng pan tamuhan anenggih kang prang
muka, Jendral Ingris wastanipun, Rafflesepe kang bala.
Jendral Janseng atur tulis, marang Kanjeng
raja putra, Nalendra nuhun bantune, mapan lajeng binantonan anenggih kang lumampah,
mapan Rahaden Tumenggung, Danukusuma kalawan.
Den Menggung Danunegari, Den Menggung
Wiryakusuma, dene ingkang lebet mangke, Rahaden Riya Sindurja, lan Raden
Ranawijaya, mapan kang sal kang Tumenggung, sewu cacahe kang bala.
Mapan dereng ngantos prapti, Betawi pan
sampun bedhah, lajeng baris srandhole, sagung kang wadya Ngayogya, neng gembola
Surakarta, pan lestari kawonipun, Welandi Jendral Binucal.
Janseng ingkang angrenggani, Betawi
Jendral Botemas, Raffles ingkang jujuluke, mengkana ingkang winarna, nenggih
nagri Ngayogya, Kanjeng Sultan Geng tyasipun, dene Welonda wus sirna.
Mapan sampun salin Inggris, pan semana
rajeng Sultan, lajeng arsa dhatengake, ingkang dadya deleng ing tyas, mengkana
sampun rembag, kelawan putra katelu,
sekawan kang mantu nata.
Lawan ingkang ipe kalih, mapan punika
sadaya, kang samya panas manahe, dhumateng Raden Dipatya, kang mantu namanira,
den Sumadiningrat, iku ipe Rana Prawiranata.
Prawiradiwirya iki, semana Raoden Dipatya,
mapan tinimbalan mengko, sengadinira pinirsa, Inggris ing kabarira pan sampun
prapta kedhatun, cinepeng Raden Dipatya.
Mapan lajeng den sedani, atenapi lan kang
rama, Raden Danukusumane, mengkana ingkang winarna, Kanjeng raja Nalendra,
mapan sampun tanpa bayu, dadya angles ingkang driya.
Sagunging nglawang kinunci, wadya krajan
sedayanya, baris banjur andhap manko, lajeng kinen nimbalana, dhumateng ingkang
putra, Pangran Dipanegareku, dhumateng ing Tegalarja.
Kawarna Tegalarjeki, Pangeran Dipanagara,
mapan tan amirsa watos, kalamun nagri Ngayogya, nenggih wetan punika, jinawil
kang mapan iku, nenggih Pangran Natabaya.
Kelangkung kaget kang galih, lan tos
dhateng kang rama, KLanjeng Pangran nulya kinon, angambili kang turongga,
sampun mapan anulya, tinitih anander iku, datan mawi bekta bala.
Nanging lan gamel satunggil, neng marga
kapethuk nulya, lawan kang utusan mangko, ingkang rama Kanjeng raja, tan
pantara wus prapta, ing banjar andhap puniku, Pangeran Dipanagara.
Kepanggih sadaya sami, ingkang wadya
Kanjeng raja, Pangran Dipanagarane, nimbali den Jasantika, punika ingkang
patya, Kanjeng raja kang pinuju, mapan wus salin ping tiga.
Dene patih kang rumiyin, Ki Tumenggung
Wiraguna, nulya tilar sepuh mangke nulya Mas Tumenggung ika, nenggih ing
Sokawatya, Kertadirja tilar sepuh nulya mas Tumenggung kapan.
Sumadirja ingkang wangi, mapan tilar
sepuhika, nulya kekalih patihe, westa Mas Tumenggung ika, nenggih Cakradipura,
kalawan Raden Tumenggung, Jayasantika punika.
Nging mas Cakradipureki, tilar sait
marganira, kantun satunggal mangko, nenggih Raden Jasentika, kaduk purun
kewala, sing mandura wijenipun, ingkang sentana priyongga.
Marma lajeng madek baris, saking prayiteng
ing baya, pan lajeng dinukan mangke, mring Pangran Dipanagara, pan kinen
bubarena, nging kantuna ingkang sepuh, lurah mantri lan wedana.
Jeng Pangeran nulya manjing, mring panepen
ika, kang kori kinunci mangke, anenggih ingkang tengga, kirah manodin lawan, ki
Muhamad Usmaniku, sami lan sakancanira.
Kaum lan Suranateki, inggih lajeng
dinukan, kori kinen ngengakake, mengkana ingkang winarna, Kanjeng raja
Nalendra, yunyunen ing praptanipun, wau dhumateng kang putra.
Pan kinen mariksa nuli, wau dhateng banjar
andhap, keparak ing ngutus mangke, Rahaden Wiryapuspitra, mangsuli aturira,
mapan sampun rawuh dangu, lajeng duka mring ki lurah.
Sareng sampun andukani, lajeng lumebet
kewala, among samita pan age, wangsul matur mring jeng raja, lajeng kinen
madosa, mring ing panepen iku, jeng Pangran nulya kepanggya.
Mapan lajeng den timbale, wau dhumateng
kang rama, tan pantara prapta mangko, Pangeran Dipanagara, ngasanya Kangjeng
raja, ing ngawe lajeng rinangkul, sarwi kumambeng kang wespa.
Mapan ta mangkono maning, Pangeran
Dipanagara, pan inggih medal wespane, ri sampun tata kang driya Kangjeng raja
ngandika, ingsun kulup aweh weruh, pamanira Danureja.
Ing mangko wus den paeni, iya marang
eHyangira, paran polah ingsun mangko, lamun ingsun ing ngandikan iya marang
Kanjeng rama, apata ingsun lumaku, paran mangke rembagira.
Pangran Dipanegareki, mapan aris aturira
kelamun sedalu mangke, prayogi mopo kewala, Kanjeng raja ngandika, lamun
mengkono karepmu, prajurit sira pepakna.
Menawa eHyang ngireki, kebacut supe
dukanya, iya marang ingsun mangko, nora wurung bondayuda, Pangeran Dipanagara,
wotsekar alon umatur, marma andangu kawula.
Dadak mampir anyrengeni, dhateng paman
Jasentika, pan sampun sedhiya mangko, gung abdi dalem sedaya, lajeng ambakon
bubarna, nging kantun kang samya sepuh, lajeng mring panepen amba.
Pan inggih mekaten sami, kakirah manodin
lawan, ki Muhammad Usman mangke, kaum lawan Suranata, kancanipun sedaya, pan
samya sumekteng pupuh, kori sampun tinetegan.
Lajeng kawula srengeni, lan ingkang keti
punika, ambaen bucal tetege, mindhak karya salah nyana, Kanjeng raja duk mirsa,
ature kang putra iku, dangu datan angandika.
Wekasan ngandika aris, paran kulup
karepira, ingsun nora duga mangko, sireki pananging juga, senadyan akulita,
tembaga balung wesi ku, otot kawat sungsum gegala.
Mongsa ta gelar iki, mungsuh paman-pamanira,
mapan ta kaliwat akeh, Pangeran Dipanagara, pan aris aturira, nedyan mewah
malih puniku, anging pangestu paduka.
Yen Kanjeng eHyang upami, meksa dhateng
ken wesesa, dhumateng paduka supe, kapanggiha ing kawula, samya den tingalana,
sampun wonten tumut-tumut, nulya Raden Jasantika.
Mapan sowan tur upeksi, lamun den
Sumadinngrat, lawan Brotanusumane, ing ngutus dhateng sang nata, Kanjeng raja
narendra, mapan angandika arum, Dipanagara ywa lunga.
Alingana wuri mami, sun undange uwakira,
nulya tinambalan age, ing wiriden Jasentika, sampun prapta ing ngarsa, Kanjeng
raja ngandika rum, dika kang ngutus punapa.
Raden Menggung matur aris, dutus maringi
uninga, mring jeng rama tuwan katong,lan paduka ing ngandikan, Kanjeng raja
ngandika, nggih kakang andika matur, kawula ing sapunika.
Ruhun punten jeng rama ji, mapan dereng
saged soan, tan sekeca awakingong, pun kaka dika matura, dhumateng Kanjeng
rama, nulya den Tumenggung mundur, kalawan Brongtanusuma.
Kanjeng raja ngandika ris, mring Pangran
Dipanagara, paran yen ngandikan ingong, maneh marang eHyangira, Pangeran
Dipanagara, tur sembah anulya matur, kawula mapan sumongga.
Kanjeng raja ngandika ris, becik ingsun
yen ngandikan ewuh tan seta amangko, kalawan ta adhenira, apa during ana
prapta, Pangeran matur wotsantun, mapan sampun samya prapta.
Pan amba ken wangsul sami, pun adhi
Adinegara, mapan amba-amba tempahake, ngulatna dhateng pun uwa, pun adhi
Suryabrongta, ngulaten paman puniku, Jayakusuma kang dadya.
Kekalih raosing galih,mengkana mapan
antara, wonten kawandina mangke, Kanjeng raja ing ngandikan, dhumateng Kanjeng
Sultan, Nyai Riyakang ingutus, nulya Kanjeng raja soan.
Tan kantun kang putra iki, kinen kendel
ketanggelan, jeng raja manjing kedhaton, wus cundhuk lawan sang nata, jeng raja
ngaraspada, pan samya kumembengipun, mengkana pan sampun lenggah.
Kanjeng Sultan ngandika ris wau dhumateng
jeng raja, ywa sira liru mangretos, marmane iku sun buwang, benjang sapungkur
ingwang, wus sun duga iku kulup, makewuhi marang sira.
Marmane ingsun pateni, pan ingsun iki wus
tuwa, ing besuk sapa kang duwe, tinggalane eHyangira, dadya samya pulihnya,
ingkang tyas kalihanipun, nanging dereng karya patya.
wus tan ana walangati, saben dina ing
ngandikan, jeng raja manjing kedhaton, Pangeran Dipanagara, mapan sampun
kalilan, kundur mring Tegalarjeku, mengkana pan ora lama.
Kanjeng Sultan kenging malih, saking
agenging panggoda, ewa mring kang putra mangko, mengkana ingkang winarna,
Pangeran Suryabrongta, sowan mring kang raka iku, dhumateng ing Tegalarja.
Mapan atur kabar yekti, ingkang warta
sampun terang, dadya kumepyur galihe, Pangeran Dipanagara, mengkana kang
winarna, ing dina Jumungah iku, Kanjeng Sultan miyos salat.
Kanjeng raja dherek iki, pepak kang putra
sentana, pan saben Jumungah mangko, Kanjeng Sultan miyos salat, mengkana sampun
lama, Kanjeng Sultan ewahipun, dhateng jeng raja Nalendra.
Sabenda Jumungah iki, Kanjeng raja mapan
nulya nimbali kang putra mangke, Pangeran Dipanagara, lan kang rayi ika,
Pangran panengahiku, kang samya tinantun karya.
Kanjeng raja ngandika ris, paran adhi
pikirira, Kanjeng rama owah tyase tan arsa ningali mring wang, dene
pengrasaningwang, barang kinarsakaken iku, sun adhi datan suwala.
Kongsi cinacat wak mami, ingsun adhi mring
Welonda, saking dene wediningngong, iya marang Kanjeng rama, Pangran panengah
turira, kados boten marem tuhu, yen paduka teksih nama.
Nenggih jeng raja puniki, lan malih kang
prentahan, jeng raja ngandika alon, apa adhi sun aturna, Pangran panengah
turira, mapan langkung ewedipun, yen paduka angaturna.
Inggih ing kalih prakawis, boten wande yen
kapiran, paduka ing nginakake, inggih dhateng pun Welonda, sawung medhot
pondhongan, punika upamenipun, inggih dinamel punapa.
Jeng raja ngandika aris, paran adhi kang
prayoga, Pangran panengah ature, ingkang kepanggih kawula, sanajan den
pundhuta, mapan lun kekahi tuhu, nadyan praptaha ing yuda.
Mapan inggih lun lampahi, rumiyin pan
sampun lila, lawan ingkang ngangkat mangko, inggih gupremen Welonda, yen paduka
ajriha, pan Welonda sampun tamtu, ewa dhumateng paduka.
Kang lamun lajeng tinampik, kados pundi
temahanya, kapinten kalih-kalihe, senadyan bonda ayuda lawan rama paduka, kang
punika sababipun, kados nunten tinulungan.
Dhateng gupremen puniki, sabab punika kang
karya, jeng raja emeng ing tyase, nulya antun mring kang putra, Pangeran
Dipanagara, paran karepira kulup apa nunggal pamanira.
Yen upama durung nunggil lah mara sira
matura, Pangran Dipanagarane, mapan aris aturira, pisah nunggil tyas amba, lan
paman panedhah tuhu, sumongga tuwan galiha.
Upami sami satunggil, mapan awrat mring
sudarma, lamun Kanjeng eHyang yektos, peputra dhateng paduka, tan galih mring
kang liya, mapan punika satuhu, ingkang dados kancanira.
Kencenging tyas amba yekti, aluhung ing
ngaturena, senadyan silih pamine, dhumatenga ing ngayuda, lamun nunggil
sudarma, mengsah lan Welonda tuhu, mapan sae kang carita.
Yen paduka ngantos jurit, inggih kalayan
jeng eHyang, mapan ambatur sayektos, kencenge manah kawula, mapan dherek
Kanjeng eHyang, milane wonten pukululun, pan inggih saking paduka.
Pan inggih mekaten malih, paduka wonten
punika, saking Kanjeng Hyang wijine, nanging kalamun jeng Hyang, tan galih puta
liyan, nging punika mawenipun, aluhung ing ngaturena.
Mapan benjing dhateng pundi, inggih bapa
dhateng anak, anak mring putu tan wande, kalamun lujeng punika, pan amba mirsa
warta, mapan inggih terang sampun, saking adhi Suryabrongta.
Kanjeng eyang sampun galih, suwenge
Pangran dipaya, kang badhe kinarsakake, gentosi, paduka, lawan ingkang pasoan,
pan Mangkudinigrat tuhu, sampun dados pambag samya.
Nging kantun ngentosi Inggris, yen paduka
ngekahana, kados kalangkung ewede, pan Kanjeng Hyang tan sikara, dhateng nama
paduka, nanging karya jangkepipun, inggih wicalan Negara.
Ratu mapan putraneki, nenggih Pangeran
Dipatya, mekaten samya rembage, paduka wus nama raja, mapan raja kewala, aja
pecah badhenipun inggih nagari Ngayogya.
Lamun paduka ngekahi, datan wande
bondayuda, langkung awon pocapane, lamun tan kinekahana, mapan kelajeng
benjang, marma amba kamipurun aluhung ing ngaturena.
Mumpung dereng ngantos ugi, kawentar mring
tiyang kathah, lingsem lan punapa mangko, pan saking karsa paduka, priyongga
kang ngaturna, mapan wonten tandhanipun pejahe paman Danurja.
Welandi boten nulungi, tur mindhak wewah
duraka, lawana tan pocapane, mekaten kadya paduka, upami ngekahana, kalawan
ngaturna tuhu, mapan samya ewedira.
Upami benjang nemahi, pinundhut salah
sajuga, tan wande aprang temahe, senadyan silih reranga, lamun kalih Welonda,
Kanjeng Hyang peputra tuhu, inggih dhumateng paduka.
Kantenan rinebet yekti, tur mindhak angsal
utama, lawan saepocapane, mengkana Kangjeng raja Nalendra, karsa nurut
putranipun, anulya aris ngandika.
Paran adi massireki, umatur Pangran
panengah, inggih lamun meksakane, nanging kula punika, tan sageda nglampahana,
kados anak mas puniku, pan adhi watos kawula.
Wus padha mundura dhingin, nging
Dipanagara sira, kariya ana panepen, nulya mundur kalihira, nenggih Pangran
panenegah, mapan sampun lajeng kondur, nging Pangran Dipanagara.
Meksih neng panepen iki, mengkana ta
kangjeng raja, Nalendra mapan wus kinen, nenggih akarya nuwala, tan pantara wus
dadya, nulya utusan puniku, animbali Nyai Riya.
Suwonda segonda kalih, tan pantara sampun
prapta, ngarsa ingkang jeng raja ge, nulya jeng raja Nalendra, maringaken
nuwala, Nyai Riyakang ing ngutus, ngaturken marang sang nata.
Tan pantara nulya prapti, Nyai Riyangarsa
sang nata, kang surat wus katur mangke, dhumateng Srinaranata, mapan lajeng
binuka, sampun sinukma ing kalbu, langkung suka Srinarendra.
Enjang nulya den timbale, jeng raja putra
Nalendra, dhumateng kang rama mangke, tan pantara nulya prapta, jeng raja
ngarsa nata, Kanjeng Sultan nulya dangu, mring Kanjeng raja Nalendra.
Kerna sari atur tulis, nyaosaken
saneskara, jaluk mulih lir maune, jeng raja putra Nalendra, pan aris aturira,
inggih saking lepat ulun, rumiyin kenging rencana.
Sareng sampun lami-lami, kados saru
ingkang praja, mengkana sakedhap supe, jeng Sultan mringkang ngubaya, garwa
kalih mHyang putra, saking suka ing tyasipun, rinangkul raja Nalendra.
Ya wus eling anak mami, kalamun duwe wong
tuwa, Kangjeng Sultan anulya ge, mapan kinen nimbalana, Raden Tumenggung ika,
Sumadiningrat prapta wus, lan Raden prawira nata.
Brongtanusuma lan carik, mapan lajeng
karya surat, mring loji paring wruh mangko yen Kanjeng raja Nalendra, ngaturken
kang panguwasa, tenapi lan naminipun, saking karsanya priyongga.
Ingkang ing ngutus mring loji, Kyai
Sindunagara, lan Raden Tumenggung mangko Danunegara punika, pan dereng karya
patya, marma kaliwon kang ngutus, mengkana pan sampun prapta.
Lan minister Engglar panggih mapan lajeng
winertanan, ingkang serat ijoane, lamun jeng raja Nalendra, nyaosaken kang
nama, lawan parentahanipun, wit saking karsa priyongga.
Mapan wangsul nama lami, Kanjeng Pangran
Adipatya, kalawan ing pasoane mister langkung gegetunya, tan saged mangsulana,
ingkang surat mapan sampun, linajengken marang Jendral.
Nanging sampun salin Inggris, surat sinamur
kewala, datan minangsulan mangko, awetara pitung dina, Jeng Sultan nulya karya,
pepatih Kyai Tumenggung, sindunagara punika.
Mester mapan den timbale, mapan sakit
sengidanya, nging wakil letnan Ki Mangon, wus pepak sagung kaseba, nuju Isnen
kang dina, nulya miyos sang ngaprabu, nging letnan lan juru basa.
Ingkang dherek mring sang ngaji, lenggah
neng sitinggil ika, Kanjeng Pangran Dipatine, wangsul palenggahan lama,
mengkana mapan nulya, kang Kanjeng Sultan ngangkat sampun, mring Kyai
Sindunagara.
Mapan kinarya pepatih, anama Kyai Danurja,
ngestreni kabeh ika, sagung kang putra sentana, lawan kang para punggawa,
nanging letnan datan purun, kalawan kang juru basa.
Ajrih pan datan wineling, dhumateng ing
ministernya, pan mengkana sengadine, nanging Kanjeng Sultan ika, pan lajeng
karsanira, mengkana pan sampun rampung, pepatih Kyai Danurja.
Anulya luwar sang aji, bubar sagung kang
sewaka, ki Adipati nulya ge, lumebet mring loji ika, lan sagung pradipatya,
dene kang gentosi iku, anama Sindunagara.
Putranira Ki Dipati, kawarna Pangran
Dipatya, kang putra kalilan mangko, kondur marang Tegalarja, Pangran
Dipanagara, datan lama praptanipun, minister Jankrepet punika.
Eglar sampun kesah nuli, lawan kang bala
Welonda, kantun kang merdika mangko, dadya salin ingkang jaga, nenggih nagri
Ngayogya, Inggris lan Sepei iku, mengkana ingkang winarna.
Kanjeng Sultan mundhut iki, mring kang
rayi praptanira, Pangran Natanusumane, wau lawan ingkang putra, Raden
Tumenggung Natadinngrat wewangenipun, mester nenggih aturira.
Jankerapet anyagahi, mapan nulya kintun
surat, Minester Krepet mangko, mring Jendral Betawi ika, anenggih namanira,
Raples Botermas puniku, ingkang surat nulya prapta.
Datan lama nulya prapti, Pangeran
Natanusuma, mapan kalawan putrane, den menggung Natadiningrat, lajeng katur
sang nata, nulya tinimbalan sampun, Pangeran Natanusuma.
Mapan lajeng angabekti, dhumateng
Srinaranata, lawan ingkang putra mangko, Tumengung Natadiningrat, mapan
sasampunira, dumugi karsa sang prabu, kang rayi kinen kondura.
Marang dalemira lami, lan Raden
Natadiningrat, mengkana winarna mangko, mapan saya kathah ika, nenggih nagri
Ngayogya, ingkang dados ruwedipun, sangsaya kathah kang warta.
Atenapi songgarunggi, lan jegal jinegal
samya, dadya tan karuwan mangko, ingkang amrih kalujengan, mapan nagri
Ngayogya, semana susah kelangkung sagung kang putra Santana.
Miwah kang para Dipati, mapan samya
tetepangan, sasukane dhewe-dhewe, mengkana moncanegara, ingkang gentosi ika,
Raden Rongga sedanipun Pangeran Dipakusuma.
Mapan dados kalih iki, wedana moncanegara,
Dipati baurenane, Raden Prawirasentika, mengkana kang winarna, Kanjeng Pangran
dipatyeku, mapan langkung kawelas arsa.
Sapraptanira puniki, Pangeran Natanusuma,
sagung kang sentana kabeh, ajrih mring Pangeran ika, nenggih Natanusuma, lawan
kang tinantun-tantun, mring kang jeng Sultan punika.
Marma sentana samya jrih, lawan malih
sampun tepang, lan Pangran Mangkudiningrate, lan Pangran Jayakusuma, sagah
kinarya marga, lawan Inggris tepangipun, Pangeran Natanusuma.
Lawan Kanjeng Sultan iki, semana pan wus
pracaya, mring kang rayi jumenenge, Pangeran Mangkudinigrat, dadya tulus sang
nata, kenging ing rencana tuhu, wus supe marang kang putra.
Kanjeng Pangran Adipati, mengkana ingkang
pirembag, mapan lagya ngecakake, linorod lawan binuwang, wong kadipaten samya
mapan alit manahipun, wonten kang rayi kalihnya.
Nama Pangran Mangkubumi, lawan Pangran
panengah, kang raka kelangkung sihe, kang asring tinantun karya, sampun balik
kalihnya, saking jrih kabar kesuwur, mengkana ingkang winarna.
Pangran Dipanegareki, datan arsa
mirsakakena, mring sagung ing werta kabeh, tan pantara nulya kesah, saking ing
Tegalarja, ngiwa marang guwa iku ing Secang namaning guwa.
Kelangkung prihatineki, watos dhumateng
kang rama, pan mengkana pangesthine, Pangeran Dipanagara, muga ta Kanjeng rama,
pinaringan tyase amut, tuwekal marang rencana.
Lawan paran polah mami, lamun tan
tinulungana, paran baya temahane, lamun prapta ing ngayuda, mapan banget sun
miring, sepele ingkang rinebut, anak mungsuh lawan bapa.
Dadya langkung tyas ireki, Pangeran
Dipanagara, nging kang rama oneng tyase, dadya datan medal medal, aneng guwa
kewala, nenuwun marang Hyang A gung, waluyane ing Ngayogya.
Enengna nenggih kang winarni, mapan nagari
Ngayogya, kelangkung surem cahyane, Kangjeng Sultan kawarnaha, arsa dugekaken
karsa, ingkang rayi sampun saguh, Pangeran Natanusuma.
Mapan sampun angsal margi, Jankrerapet ing
pudhakira, encik amat kekasihe, punika ingkang ing Ngebang, ingkang kinarya
marga, sarta ing ngebang Pangran puniku, Natanusuma yen dadya.
Nenggih Pangran Adipati, Pangeran
Mangkudiningrat, mapan kathah pangebange, dhumateng encik Amad ika, mengkana
kang winarna, Kangjeng Sultan lamun rembug, lawan kang garwa kalihnya.
Ingkang asring angegol-agoli kang ngibu
Pangran Dipatya, ratu kedhaton namane, mengkana pan binethekan, aneng ing
dalemira, datan kenging miyos iku, kawarna Pangran Dipatya.
Mapan sampun mirsa warti yen kang ibu
kawelas arsa, esmu bramatya manahe, lajeng kinen nimbalana, dhumateng ingkang
putra, Pangran Dipanegareku, ing Tegalarja tan ana.
Lajeng kinen ngupadosi, kepanggih neng
guwa Secang, lajeng lancaran lampahe, tan kondur mring Tegalarja, mapan lajeng
kewala, saking kuwatosing kalbu, Jeng Pangran dhateng kang rama.
Tan antara sampun prapti, ing kadipaten
semana, mapan nuju bakda ngisane, Pangeran Dipanagara, mapan lajeng kewala,
malebet panepen iku, salat sampunira bakda.
Mapan lajeng den timbali, Kanjeng Pangran
Adipatya, pinarak neng gedhong pangkeng, Pangeran Dipanagara, pan sampun prapta
ngarsa, Kanjeng Pangran sareng dulu, wau dhumateng kang putra.
Kumembeng waspanya mijil, Pangeran
Dipanagara, mapan ya mengkono maneh, ring sampunira atata, sakalihan kang
driya, Kangjeng Pangran dipatyeku, mapan aris angandika.
Paran ta kulup sireki,, eHyangira kawelas
arsa, kang lawang pinepet mangko, nora kena yen manjinga, marang kedhaton ika,
margane mengkono iku, kulup iya eHyangira.
Pan kagawa ingsun yekti, wus sun duga
Kanjeng rama, marang ingsun sida supe, pratondha iku kewala, iya marang
eyangira, paran ta kulup sireku, ingkang dadi karepira.
Sapira ingsun pribadi, apadene eHyangira,
mapan wis wareg rasane, kulup kamuktene donya, nadyan silih matiya, apan wus
sedheng nakingsun, nanging sira kaya ngapa.
Lan adhi adhinireki, paran baya olahira,
mengkana Pangran duk anon, pangandikane kang rama, apan ing tyas mengkana,
marmaning ana wakingsun, iya teka Kangjeng Rama.
Kanjeng rama ana iki, iya teka Kanjeng
eHyang nanging Kanjeng eHyang mangko, mapan darbe putra liya, lan wayah, pasthi
iya, dadya ngadegsuranipun, Pangeran Dipanagara.
Anulya matur wotsari, wau dhumateng kang
rama, yen mekatenna karsane, Kanjeng Hyang yektos punika, supe dhatengpaduka,
nging amba nuwun pangestu, sasaged-saged kawula.
Bilih menawi marengi, wonten pitulunging
suksma, Kanjeng Pangran ngandika lon, ya kulup sakarepira, sun amini kewala,
dene ingsun iki kulup, mapan Hyang wus nora kena.
Yen meluwa bicareki, wus mongsa bodhowa
sira, nadyan silih upamane, tumeka lara palastra, ingsun melu kewala, lan tan
darbe anakingsun, saliyane nanging sira.
Nanging adhinira siji, si bagus mongsa
bodhoha, sun titip marang sira bae, apa ing sakarepira, ingsun pasrah kewala,
Pangran Dipanegareku, mapan aris aturira.
Bilih marengi dewaji, anuhun pamit kawula,
mantuk mring Tegalarjane, derapon sampun kawentar, dhumateng tiyang liyan,
lawan malih amba suwun, pun paman Jayasantika.
Kenging kawula kanthi, nulya Raden
Jasantika, tinimbalan prapta age, mapan lajeng kinawuhan, wus tepang kalihira,
Kangjeng Pangran dipatyeku, wus pracaya mring kalihnya.
Pangran Dipanegareki, lan Raden
Jayasantika, kalilan kalih wus lengser, saking ngarsane kang rama, kondur mring
Tegalarja, dadya langkung repetipun, gung rembag tan wonten nyana.
Kanjeng Pangran Adipati, tan owah
pasoanira, mengkana winarna mangko, den menggung Jayasantika, pan kinen
lumebeta, mring Pangran Dipanegareku, mring loji pan sampun panggya.
Lawan Jankerrapet iki, dene kang kinarya
marga, mring den Jayasentikane, anenggih Kapitan Cina, pun Jingsing ingkang
nama, nulya mretelakaken iku, Rahaden Jayasantika.
Ing sanes karanya sami, punapa dene kang
nama, Kanjeng raja narendrane, marma cinaosken ika, sabab kathah rubeda,
Jankerapet terang sampun, sagung kasturi Ngayoja.
Pan samya sukareneki, Jankreapet denya
sobat, lan den Jayasantikane, nanging langkung repitira, yen wis prapta ing
wisma, lajeng atur surat iku, dhumateng ing Tegalarja.
Mabarang bicara sami, mapan ajrih
ngrampungana, Raden Jayasantikane, sengadi atur uninga, mengkana ingkang
winarna, Jankrerapet mapan sampun, tur surat dhateng Jeng Sultan.
Anyereg mabarang iki, sagung ingkang karya
susah, Kanjeng Pangran Dipatine, mengkana wangsulanira, Kanjeng Sultan punika,
eh Yankrerapetsireku aja ta salah karya.
Nadyan ingsun srengen iki, marang sithole
Dipatya, mapan putraningsun dhewe, lan ratu kedhaton ika, garwaningsun
priyongga, mengkana wangsulanipun, mester Lir Yudakenaka.
PUPUH XVI
YUDAKENAKA
Jankrerapet sareng mirsa,k ang wangsulan
Kanjeng Sultan puniki, kalangkung bramatyanipun, kang jaja lir medaldahananya,
nulya malih karya iku, kang surat uni mengkana, dhumateng Kangjeng sang aji.
Yen tan kenging ing ngewahan, tanpa karya
kawula jaga nagri, aneng Ngayogya puniku, punapa kinen jaga, asu gancet kimawon
jaga puniku, mapan amrih wilujengnya, samya ecane kang galih.
Ing titiyang sanegara, dadya nurut Jeng
Sultan saha turneki, mester Jankresrapet iku, nanging meksih kang driya, denya
ngangkah kang putra panglungsuripun, mengkana pan datan lama, Jendral Raples
prapteneki.
Nenggih negari Ngayogya, Kanjeng Pangran
Dipatya methuk iki, aneng ing Kalasan iku, aneng gowok Kanjeng Sultan, nulya
Jendral prapta ing kalasan iku, wus pangggih Pangran Dipatya, lajeng nitih
kreta nunggil.
Jendral lan Pangran Dipatya, neng jro
kreta Jendral ngajak ubanggi, sami nunggil kareh tuhu, nanging Pangran Dipatya,
kendel datanya uloni Jendral iku, mengkana pan sampun prapta, ing Gowok Jendral
wus panggih.
Nenggih kelawan Jeng Sultan, lajeng
mangkat tan arsa nunggil nenggih, Jendral nging piyambak iku, aneng ngajeng
kang kareta, Kanjeng Sultan lawan mister puniku, Kanjeng Pangran Dipatya, lawan
suketaris Adim.
Tan pantara sampun prapta, loji kebon kang
palenggahan iki, pan sampun tinata iku, kursi ageng kalihnya, nging Jeng Sultan
tan arsa lenggah puniku kedah dhampar ken ngajengna, nging Jendral tan suka
iki.
Pan lajeng selayanira, Jendral Raples
nyandhak Krerangireki, ing pedhang arsa den unus, Kanjeng Sultan mengkana, kang
curiga ing ngasta lan dheyanipun, sagung kang putra santana, tenapi kang
pradipati.
Pan sampun ngadeg sedaya, kang pra upsir
kang baris malebet sami, dadya jejel kantor iku, mapan pipit-pipitan, yen
lajeng ngaprang kados tan saged iku angempakena gegaman, pedhang atenapi
kreris.
Sagung kang putra santana , mHyang upsir
Bupati carup sami, mengkana ing kang winuwus, Kanjeng Pangran Dipatya, aneng
tengah anapih kaliyanipun, ingkang rama lawan Jendral, lawan Jankrerapet iki.
Mapan marmaning Hyang Suksma, pan rahayu
sadaya datan nganti, nibakaken gamanipun, lajeng sareh kalihnya, Jendral ngawon
Kangjeng Sultan sampun tamtu, alenggah aneng dhedhampar, Jendral lenggah aneng
kursi.
Mengkana Jendral atanya, sapa ingkang
tinuding anggenteni, jumeneng Ngayogya iku, lamun Sultan tan ana, Kanjeng
Sultan nulya angandika iku, iya ki Dipati ika, nanging lamun tulus becik.
Jendral Botermas saurnya, becik ora
dhingin katon punapi, yen mengkono ingsun jaluk, iya kang tondha asta, lawan
tamtu ingya kang urupan iku, sagung bumi tanah Jipang, lawan preraHyangan iki.
Kanjeng Sultan angandika, mengko sore iya
ingsun ngirimi, Jendral anyauri asru, mengko iki kewala, ewuh apa iya iku
tandhanipun, yen tan siji karsanira, esmu lingsem Sri Bupati.
Nulya paring tondha asta, lawan Jendral
iya nandhatangani, mengkana pan sampun rampung, lamun Pangran Dipatya, yen tan
ana Kangjeng Sultan gumantya ku, lan wonten malih bicara, ning Jeng Sultan
arseki.
Pan besuk esuk kewala, ing saiki wis
banget sayah mami, Kanjeng Sultan lajeng kondur, sareng enjing winarna, Kanjeng
Sultan utusan mring loji iku, ki Adipati Danurja, kang ing ngutus sampun
panggih.
Lan Jendral mapan mengkana, sampun ewah
kados adat puniki, Jendral manjinga kedhaton, lampah samanya, pan gentosan dene
kang bicara agung, kepanggih wingking kewala, sabab sampun kaping kalih.
Jeng Sultan genira lenggah, dhateng loji
methuk sapisaneki, manggihi ping kalihipun, marma wayah paduka, mapan sanget
ing pangajeng-ajengipun, Jendral Raples
Abottremas, mesem sendhu denira ngling.
Mengkone pratelanira, lamun nora kena
ginawe becik, Sultan ing saujaripun, ing wingi saguhira, mapan iki ing dina pan
ayun wangsul, wekasan ingsun den undang, lah Danurja luwih becik.
Ing besuk-esuk kewala, ingsun manjing
kedhaton iku becik, wus tutura mengkono ku, nulya Kyai Danurja, sampun mundur
saking loji, prapta iku, lajeng matur mring sang nata, sagah Jendral benjing
enjing.
Manjing mring kedhaton nulya, pukul tiga
dalu Jendral puniki, budhalan sawadyanipun, mantuk kebut sedaya, nanging kantun
kang jaga lir adatipun, mester Jankresrapet ika, kalawan sawadyaneki.
Mengkana ingkang winarna, Kanjeng Sultan
saantukira iki, Jendral mapan
sakelangkung, prihatin ingkang driya, nanging ingkang sinanguran jroning kalbu,
kang putra Pangran Dipatya, wus dinuga tepang batin.
Lawan Jendral Abotremas, nanging meksih
ayuda penggalihneki, dene tan ana kang patut, wong Kadipaten ika, lamun kongsi
ing ngandel Welonda iku, ana siji sun kon buwang, kang liya tanana maning.
Mapan kinen ngupadosa, nanging repit
langkung datan nyanani, dadya tan kepanggih iku, mengkana Kangjeng Sultan,
mapan nemah mengsah lawan Ingris iku, den menggung Samadininggrat, ingkang
binobat ing kardi.
Atepang lan Surakarta, nging Jeng Sunan
pitajeng mring kang rayi, Pangran Mangkubumi ku, lawan ingkang papatya, den
Dipati Cakranagara puniku, mapan lajeng prajangjeyan, ing benjang kalamun
jurit.
Lawan Inggris Surakarta, mapan sagaha
nyabet saking wuri, mapan samya sumpah sampun, kang sata liru patra, tondha
nama wus dadya ubayanipun, mapan ing samongsa mongsa, mengkana ingkang ubanggi.
Enengna kang wus ubaya, Kangjeng Sultan
pan kalih karsaneki, ingkang binobot puniku, dhatengaken kang karsa, rapetipun
lawan Inggris malih iku, lawan tulus dadenira, nenggih Pangran Adipati.
Pangran Mangkudiningrat, ingkang rayi wau
sampun nyagahi, Pangran Natanusumeku, mengkana karsanira, Kanjeng Sultan mring
mester pamundhutipun, kang putra Pangran Dipatya, tiga sinrahakeneki.
Linorot lawan binucal, lan sinedan mongsa
borong Inggris, punika mapan pinuju, lan Raden Jasentika, Pangran Natanusuma
ing praptanipun, ing loji pan tap-untapan, nging den menggung kang rumiyin.
Jankrerapet mapan nulya, den Tumenggung
nginggahken loteng nuli, langkung dene repitipun, mring Raden Jasentika,
Pangran Natanusuma bicara iku, sebarang kang den bicara, den Jayasantika uning.
Mapan datan mawi taha, Pangran Natanusuma
bicareki, lawan Jankresrapet iku, dinuga mongsa jalma, kang wruh nulya
pinaringke iku, ingkang nuwala Jeng Sultan, barang karsa kawrat sami.
Kang nuwala gya binuka, sampun terang
genira maos tulis, mesem Jankrerapet muwus, dene dadak bebakal, gih Pangeran
mapan luwih begjanipun, kawula puniki drema, langkung begjane pribadi.
Pangeran Mangkudiningrat, napa sami lawan
Pangran Dipati, atawa liya ing galihipun, Pangran Natanusuma lon saurnya, kados
boten semonipun, nanging saking jrih kawula, marmane kula lampahi.
Ing mangke mapan sumongga, dados boten
mongsa borong puniki, mesem Jankreapet muwus, najan kula gih derma, mongsa
borong Jendral Raples karsanipun, pun Pangran dika matura, marang Kanjeng
Sultan puniki.
Kondur Pangran Natanusuma, Jankrerapet
nulya angundang iki, den Jayasantika iku, sing loteng ken mudhuna, sampun
mudhun nulya tinedahan iku, kang surat karsa Jeng Sultan, pan lajeng tinedhak
nuli.
Jankrerapet ris atanya, Raden Jayasantika
kula niki, pan dereng precaya tuhu, dhumateng jengandika, ing satutur andika
wara puniku pan dereng wonten kang tondha, saking Jeng Pangran Dipati.
Rahaden Jayasantika, ris aturnya kawula
pajar sayekti, Kanjeng Pangran dipatyeku, pan wus kenging supata, datan kena
yen derbe akarsa tuhu, marma lamun datan ana, kang manira kawelas asih.
Nadyan puniku wus nyata, lamun ingkang
rama niaya yekti, datan ewah karsanipun, nging pinrerah mring kang murba,
Jankrerapet mapan aris sabdanipun, yen mengkono Jasantika, karsaningsun tanpa
kardi.
Sapa ingkang nampanana, barang jaji lan
kang pratondha yekti, kalamun tan ana iku, sun mongsa den andela, marang
Jenderal Raples iku temahipun, nebda Raden Jasantika, kawula pajar sayekti.
Ingkang angutus kawula, yektosipun ingkang
putra puniki, Kanjeng Pangran dipatyeku, kang dalem Tegalarja, Pangran
Dipanagara jejulukipun, punika ingkang pinasrahan, dhumateng kang rama yekti.
Sagunging konca kawula, kang misesa waos
kenceng nya yekti, kang rama tan tumut-tumut, senadyan kang bicara, sampun
pasra dhumateng ka putra tuhu, nging tan arsa kawentar, dhumateng ing kathah
yekti.
Leres lepat ingkang rama, wus precaya
inggih sedya nglabuhi, dhumateng kang putra tuhu, Jankrerapet semana, langkung
kagyet pira kehe umuripun, sumaur den Jasantika, kalih kula kaot kedhik.
Pira kehe umurira, tigangdasa Kanjeng
Pangran puniki, kalih dasa gangsal iku, ingkang rama yuswanya, kawandasa
langkung tiga krapet muwus, yen mengkono iku tiga, lagya sedheng mongsaneki.
Mempenging ing karyanira, Jankrerapet
mesem amuwus aris, mapan ta kapengin weruh, mring Pangran Dipanagara, Raden
Jayasantika aris amuwus, mokal tuwan dereng wikan, lamun wonten karyaneki.
Tan pisah lawan kang rama, nanging iya
Jayasantika mami, iya wus kelinganingsun, nging durung pajagongan, lan caturan
Jayasantika amuwus, langkung ewed yen panggiha, kados nunten tan dumugi.
Wantonipun tiyang kathah, Jankrerapet
mesem amuwus aris, ggih sampun Raden Tumenggung, kula liwat precaya, nanging
kedah kawula mapan nenuhun, mring Pangran Dipanagara, pratondha kang rama
yekti.
Lamun ora mangkonoha, tan ingandel marang
Jendral tur mami, bakal sun tohpati tuhu, sira iku uninga, Pangran Natanusuma
kinongkon iku, mring Sultan nganggo pratondha, den Jayasantika angling.
Inggih badhe matur kula, dhateng Pangran
Dipanagara yekti, nuhun kang pratondha iku, Kanjeng Pangran Dipatya, nulya
mundur den Jayasantika iku, mapan lajeng mring Tegalarja, lingsir dalu wayah
neki.
Sampun panggih lan Jeng Pangran Raden
Jayasantika ris turneki, ing saneskara wus katur, Pangran Dipanagara, ris
ngandika ya paman ing besuk-esuk, ingsun seba Kangjeng rama, wus paman mulih
adhingin.
Enjing Pangran lumampah, datan mawi
nenggih abekta abdi nanging lawan gamel iku, lan ponakawan sajuga, sampun prapta
kadipaten mapan jujuk, awis ingkang wong uninga, panepen pan sampun prapti.
Nulya katur mring kang rama mapan lajeng
tinimbalan puniki, mring gedhong pangkeng wus cundhuk, nulya matur niskara,
lampahira den Jayasantika iku, Jankrerapet panuhunya, pratondha Pangran Dipati.
Nanging Jeng Pangran Dipatya, ajrih lamun
kagepok cidraneki, nging pinaringken tinurun, dhumateng ingkang putra, Raden
Jayasantika ingkang anurun, tan pantara sampun dadya, Kanjeng Pangeran Dipati.
Wus tan tumut ika, kang bicara mHyang tumbak
kencengneki, nanging langkung repitipun, awis kajalma wikan, lamun kadipaten
kang misesa iku, Pangeran Dipanagara, mengkana, ingkang winarni.
Rahaden Jayasantika, mapan dalu wus kinen
malebet loji, lawan Jankrerapet pangguh, anulya tinakenan, gowa laying apa
Jasantika iku, lan apa oleh pratondha, Jayasantika nauri.
Nggih sampun pinaring kula, kang pratondha
punika ingkang kang warni, nging suratan bekta tuhu, mekaten welingira, saudara
Pangran Dipanegareku, punapa tuwan kang karsa, kawula kinen nyagahi.
Prajangji ingkang prayoga, mongsa borong
sok sampun ewuh ugi, kalawan ingkang rumuhun, Prangran Dipanagara, mapan sampun
kelangkung pracayanipun, inggih dhumateng paduka, Jankrerapet duk miarsi.
Tuture den Jasantika, dadya langkung suka
parenaneki, nulya rembag kalih sampun, tiga Kapitan Cina, karya surat dhumateng
Jendral puniku, mungel Pangeran Dipatya, pan sampun den pretandhani.
Kankrerapet aris nebda, Jasantika aku
lunga pribadi, marang Betawi tetemu, lan Jendral abicara, nanging ingsun
ajangji lawan sireku, semangsane ingsun prapta, ora kena ora iki.
Pangeran Dipanagara, katemuwa pribadi
lawan mami, mapan sinagahan iku, mring Raden Jasantika, sampun dadya sebarang
prejanjenipun, Jasantika sampun medal, Jankrerapet anulya glis.
Mangkat mring Betawi nulya, datan lama
Krerapet sampun prapti, ngundang Jasantika sampun, lawan Kapitan Cina,
winetanan sagung kang bicara iku, pan sampun dados sadaya, nanging Jendral
karsaneki.
Linorod pisan Jeng Sultan, Kangjeng
Pangran Dipatya kang genteni, jumeneng Sultan amengku, negara ing Ngayogya,
ingkang putra Pangran Dipanagaraku, genteni, Pangeran Dipatya, kang dadya
karsanireki.
Jendral Raples Abutemas, yen tanggunga
menawa kaya dhingin, karya kasusahan iku, tuwan Jendral tan arsa, kaya Jendral
Danles karepanipun, yen Inggris meksih neng Jawa, kaya uga nora wani.
Kalamun kaganti Wlonda, mapan iku ingkang
den kuwatiri, sabab padha karepipun, lan Sultan satunggal, nora wurung karya
susah maning iku, Rahaden Jayasantika, mapan aris anauri.
Kados lamun mekatena, karsanipun tuwan
Jendral puniki, boten wande aprang iku, Jankrerapet saurnya, nadyan aprang wong
amrih utoma iku, Jendral pan mongsa wediya, nging Jayasantika iki.
Pangeran Dipanagara, aturana katemu lawan
mami, sun duga tan lawas iku, Jendral anuli prapta, Raden Jayasantika pan
sampun metu, kelawan Kapitan Cina, mengkana ingkang winarni.
Pangeran Dipanagara, mapan nuju neng
kadipaten iki, den Jayasantika matur, sagunging saneskara, mapan sampun pinuju
sedayanipun, nanging bab Pangran Dipatya,
Jeng Pangran lumuh kepati.
Lah paman sira tutura, mring si bapak
Jankresrapet den yekti, mapan ingsun banget lumuh, iya lamun kinarya, kang
Pangeran Dipatya pan ana iku, iya adhening sun juga, nging samengko maksih
cilik.
Den Mas Ambyah namanira, mapaniku dadya
penjaluk mami, gumantya jeng rama iku, dadya Pangran Dipatya, dene sagung
ingkang pakaryereku, kala meksih cilik ika, mapan meksih sun saguhi.
Lawan maneh Jasantika, bab patemon banget
pakewuh mami, menawa konangan iku, dadi murung lampahan, mapan ingsun wus
pracaya mring sireku, yen besuk prapta ing mongsa, kaya tan wurung kepanggih.
Lan maneh mongsa bodhoha, mring si bapak
Jankrepet sun yekti, angger ora owah tuhu, ana dene jeng rama, mapan ingsun
sebarang ingkang ananggung, iya ing piturutira, marang guprenemen Inggris.
Mengkana den Jasantika, sampun lingsir
dalu lumebet ngloji, lan Kapitan Cina sampun panggih lan mester nulya,
winertanen sebarang wawelingipun, Pangeran Dipanagara, kelangkung ngungunireki.
Minister Krapet ika, dangu kendel wekasan
ngandika ris, iku paran marmanipun, ingsun nora anduga, gung bicara mapan
sinaguhan iku, kinarya Pangran Dipatya, dene banget lumuhneki.
Ingkang aran den Mas Ambyah ing saiki
sapira umurneki, den Jayasantika muwus, pan lagya tigang warsa, Jankrerapet
gedheg-gedheg malih muwus, kaya paran ingkang mawa, Jasantika anauri.
Kawula boten uninga, ingkang rama tan
wonten malih malih, ingkang pinrecayan tuhu, lawan sepuh priyongga, lawan ering
ingkang rama yektosipun dhateng kang putra punika, kelangkung denira asih.
Nging yektos tan karem donya, yen tan
wonten pakarya kang matosi, nging nenepi karemipun, tan remen lalenggahan, yen
ngandika sapisan tan kenging wangsul, punika dugi kawula, ingkang dadosa
babneki.
Nulya wonten surat prapta, sing Betawi yen
Jendral badhe prapti kang sarta bekta wadya gung, mester kinen sumeka, tandho
uwos badhe ingon saradhadhu, sampun ngantos kakirangan, Jankrerapet anulya
glis.
Amawrat Kapitan Cina, Jingsing sagah
Jankrerapet ring malih, mring den Jayasantika iku, lah iya Jasantika, sira
weruh iki Jendral laHyangipun, ing besuk samongsa prapta, ora kena ora iki.
Pangran Dipanagara, katemuwa iya kalawan
mami, Raden Jasantika mantuk, lajeng sowan kewala, mring panepen mengkana pan
sampun cundhuk, lan Pangran Dipanagara, nuju alenggahaneki.
Lan kirahmanodin ika, Amat Ngusman den
Jayasantika glis, matur saneskara sampun, Pangran Dipanagara, lon ngandika kaki
Rahmanodin ingsun, lawan sira Amad Ngusman, padha seksinana mami.
Menawa lali tan ingwang, pan sun karya
eling ugering ngati, aja ta kinarya ingsun, iya Pangran Dipatya, nadyan silih
sun banjur kinarya ratu, lamun kaya Kangjeng rama, utawa Kangjeng Hyang mami.
Sun dhewe mapan tan nedya, tobat marang
Pangeran kang luwih, pira lawas neng don nyeku, tan wurung mapan dosa, mapan
tumungkul katiga tan saged matur, mengkana wus tan winarna, Jendral datan lami
prapti.
Langkung kathah ingkang wadya, wong
Ngayogya, pan wus sadhiya sami, ing gegamaning
prang pupuh, pan samya gregutira, den Tumenggung Sumadiningrat punika,
ingkang kekah aturira, kang remen dandosi jurit.
Nanging Jeng Sultan kang karsa, langkung
ewet mapan tan sah predongdi, ingkang putra tiganipun, Pangran Mangkudiningrat,
Pangran Jayakusuma Sontajayeku, remen nora dados yuda, wus ngandel kang paman
yekti.
Pangeran Natanusuma, lawan sagung
pawertane wong kaji, lamun Inggis praptanipun, badhe anyepeng ika, Kanjeng
Pangran Dipati anom puniku, binekta dhumateng sabrang, marma Kanjeng Sultan
iki.
Langkung kewran ingkang nala, Kanjeng
Pangran Dipati kang winarni, wus tan derbe karsa iku, nanging nrah kang putra,
Pangran Dipanagara sakayunipun, ingkang rama wus tanedya, yen nelayan ana
kapti.
Mengkana ingkang winarna, Raden
Jayasantika kinen iki, ngaturi manjing puniku, Pangran Dipanagara, marang loji
Jankrerapet ngayun ayun, lan Jendral Raples Botermas, Jeng Pangran dika aris.
Paran paman Jasentika, olih ingsun bisa
manjing mring loji, wet ning ya kapingin ingsun, katemu lawan Jendral, padha
dhewe sun duga lamun iku, Kanjeng rama karusakan, lamun kongsi tiwas iki.
Iya sapa kang rinebat, banget temen
pakewuhe tyas mami, upama Jeng rama iku, banjur sun gawa ika, manjing loji
arerempon temahipun, lamun nora rerempona, wus pesthi panduga mami.
Mawut sakeh wong Ngayogya, nora wurung
abot sangganing jurit, mangkene bae katengsun, pan iya wus jinaga, Jasantika
lamun amrih dhanganipun, kang dadi panjalukingwang, eHyang Natanusumeki.
Malebuwa dhingin ika, marang loji yen wus
sun duga mami, menawa bisa katengsun, nanging ya pirangbara, Jasantika ing dalu
nulya katemu, lawan Jankrerapet ika, wus winertanaken sami.
Sagunging kang niskara, Jankrerapet asru
denira angling, yen mengkono karepipun, Pangran Dipanegara, Jasantika antekena besuk-esuk, Pangeran
Natanusuma, jam lima malebu ngloji.
Lamun ora malebuwa, pan wus pesthi sun
bakar omahneki, tutura mangkono iku, lah wis sira muliha, tan winarna Raden
Jayasentika iku, Pangeran Natanusuma, sareng pukul lima manjing.
Ngloji saputra garwanya, sampun katur
dhateng Jeng Sultan nuli, kelangkung denira bendu, sagung wong Natanusuman,
ingkang kantun wus kinon nyepeng sedarum, mapan samya sinakitan, mengkana
ingkang winarni.
Rahaden Jayasantika, pan tinagih mring
Krapet ingkang jangji, Pangran Dipanegareku, mapan pinrah manjinga, dhateng
ngloji den Jayasantika muwus, tuwan kedhik karyanira, mapan kathah susahneki.
Pangeran Dipanagara, datan gadhah
pangandika kekalih, yen sampun pitajeng sampun, yen sampun pitajeng sampun, pan
inggih tan prebeda, panggih lawan boten mapan samya tuhu, tuwan punapa kang
karsa, sagunge ingkang prejangji.
Kawula kang banggem para, nggih mungela
Kanjeng Pangran Dipati, den Jayasantika sampun, binekta ngarsanira, Jendral
Raples Botermas nenurat sampun, sebarang ing karsanira, prajangji wus kawrat
sami.
Mapan lajeng pinretandhan, Raden
Jayasantika wus nHyanggemi, sabarang prajangjinipun, mengakana sampun dadya,
mapan lajeng ing ngaturan surat iku, mring Pangran Dipanagara, kawarna ing dalu
malih.
Raden Menggung Jayaningrat, mapan langlang
ketangggor lawan Inggris, samya nglang-nglang karsanipun, lajeng campuh kewala,
sami purun den mengggung Janingrat tatu, Inggris satunggal kang pejah, lajeng
dados bicareki.
Enjing Jendral kengkenan, juru basa
panggih neng Srimenganti, lawan Kanjeng Sultan iku, pepak putra santana,
Kanjeng Pangran Dipati kang munggeng ngayun, nging sagung ingkang punggawa,
tanapi moncanagari.
Sedaya wus datan ana, nanging kantun Raden
menggung puniki, Sumadiningngrat puniku, kangmunggeng ngarsa nata, kang sedaya
wus mapan panggenanipun, kang badhe nindhihi yuda, mengkana jurubasa ngling.
Wau dhumateng Jeng Sultan, karsa boten
Jeng Sultan den aturi, linorod rumiyin iku, kalamun gadhah karsa, pan jumeneng
malih mundhuta puniku, inggih dhumateng ing Jendral, lawan malebeta ngloji.
Dados boten kang bicara, winangenan lampah
kawula puniki, nanging saejam pan sampun, Jeng Sultan langkung duka, jurubasa
datan kangge aturipun, pan dereng ngantos saejam, jurubasa den susuli.
Ing ngundang mring loji nulya, Jendral
glis pipan sampun den dhawuhi, lamun datan dadi iku, iya ingkang bicara, pan
saejam nulya, kinen nyumed iku, mariyem pan sampun jungal, nulya Jeng Sultan
dhawahi.
Ing kadipaten punika, ingkang kinen
amalesa rumiyin, Kartawijaya kang Tunggung Tumenggung Menaksela, mapan lajeng
amales nyuled puniku, ing lopji anulya surak, ing ngayogya wus nimbangi.
Dadya rame mariyeman, den Tumengggung
Sumadiningrat aglis, mapan wus kalilan metu, nadhahi ing ngayuda, Raden Riya
Sindurja pinatah sampun, anyegat bantu kang prapta, lawan den Mertalayeki.
Aneng jenu genya nyegat, sakancannya
prajurit mapan sami, aprang sagen enggenipun, mengkana kang winarna, Kadipaten
kang den rosani puniku, mariyem sing loji ika, pan amrih medalireki.
Kanjeng Pangran Dipatya, lan kang putra
Pangran Dipanegari, mengkana ingkang winuwus, kang dados senapatya, Kadipaten
Pangran Dipanegareku, Sultan nan senapatiya, Pangran Mangkudiningrati.
Pangeran Dipanagara, nuwun bantu mapan
panggih pribadi, lawan ingkang paman iku Pangran Mangkudiningrat, mapan aneng
Srimenganti barisipun den Menggung Sumaduwirya, aneng pagelaran baris.
Sagung kang putra santana, neng setinggil
Brajanala gen baris, lawan kamandhungan iku, Pangran Mangkuningrat, mapan
nujune kemandhungan apangguh, lan Pangran Dipanagara, dangu apredudon iki.
Pangeran Mangkudiningrat, angandika mring
Pangran Dipanegari, ing nguni prajangji ingsun, anak mas lawan sira, wus
bubuhan ing kene katempuh ingsun, ing kadipaten ya sira, nguni mapan wus
nyaguhi.
Pangran Dipanagara, ris turira najan
samangke inggih, mapan dereng oncat tuhu, Kadipaten kawula, nanging kedah asung
uning awratipun, nadyan tan binanton ana, ning sampun tinetah ugi.
Saking keron kawula, tiyang kedhik kathah
ajenganeki, mengkana binanton sampun, nenggih putra santana, pan sekawan
Pangran Mangkubumi iku, lan Pangran Aryapanengah, Pangran Abubakar iki.
Sekawan Pangran panular, lajeng samya
minggah ing Baloreti, dadya rame mriyemipun, ngloji mapan kalawan Kadipaten
petar pinetar kelangkung, tan ana ingkang kuciwa, ing ngalunalun winarni.
Den menggung Sumadiwirya, mapan arsa
ngangseg dhumateng ngloji, sabab dinuga katungkul, sampun karsaning sukma,
kenging elor mriyem kontal den Tumenggung, tan pasah luntan ludira, ing
Kadipaten winarni.
Tumenggung Kartawijaya, selamanik kenging
pelor puniki, mriyem suku kalihipun, tan pasah lumpuh ika, kadya sampun
pinasthi karsa Hyang Agung, dadya sagung wong Ngayogya, sedaya alit tyasneki.
Kang baris setinggil ika, mapan kathah
katiban pelor sami, dadya kathah ingkang lampus, giris putra santana, nulya
lajeng nglempak mring kedhaton iku, munggeng ngarsanya Nalendra, ing Kadipaten
winarni.
Meksih rame mariyeman, paning dalu kang
baris ngandhap iki, Raden Jayasantikeku, lan mas Tumenggung Kartadirja Sokawati
dhadhal lawan sagung, mantri sepuh moncasura, lawan saprajuritneki.
Inggris lan Sepei nulya, samya minggah
ngandhani Baloreti, lingsir dalu wayahipun, pan sareng ajengira, ingkang baris
pelatar titindhihipun, prajurit setabelira, Kanjeng Pangran Mangkubumi.
Lawan Pangran panengah, ingkang bantu
wetan tetindhihneki, Pangran Muhamad puniku, Bubakar pan kalawan, Pangran
Aryapanular titindhihipun, kelangkung pengkuh pan samya, nging meksa rinangsang
iki.
Kathah Sepei kang pejah jinojohan waos
saking ing nginggil, nanging meksih meksa iku, kagyat Pangran Bubakar, mulat
lamun pojoki kidul wetaniku, Inggris Sepei wus minggah, anulya mundur tur
uning.
Lawan Pangran Panular dhateng Kanjeng
Pangran Dipati, mengkana pan aturipun, Inggris sumonggga karsa, abdi dalem
sedaya pan sampun mundur, baloreti sadayanya, pan sampun kancikan Inggris.
Inggris Sepei punika, rayi dalem anak mas
Mangkubumi, lan panengah sampun mundur, mapan sareng kawula, kendel baris neng
Tanjunganom sadarum, lan sagung prajurit samya, kawula kinen tur uning.
Kanjeng Pangeran Dipatya, ris ngandika
anantun mring kang siwi, paran karsanira kulup, Dipanagara turnya, yen marengi
kalawan karsa pukulun kawula kang methuk yuda, paduka kantuna ngriki.
Pun adhi Adinegara, pan kantuna atengga
padukeki, nging Suryabrongta puniku, ingkang kawula bekta, Kanjeng Pangran
Dipatya ngandika arum, tan gelem ingsun kariya, lara pati lumuh keri.
Pangeran Dipanagara, langkung kewran ing
tyas nemah turnya ris, yen mengkatena pukulun, inggih karsa paduka, pejah
gesang aluhung nunggila tuhu, inggih kalawan Jeng eyang, Kanjeng Pangeran
Dipati.
Aris denira ngandika, ingsun kulup mapan
sedya tutwuri, iya pakarsanireku, mengkana nulya budhal, saking kadipaten mring
kedhaton iku, nadyan silih rerempona, neng kedhaton karsa mami.
Nging sampun karsaning sukma, kori
ketanggelan wus den butoni, sela kang kinarya iku, mapan umpak sekawan, gotong
kalih dasa pan satunggilipun, Pangeran Dipanagara, langkung kewran ing
tyasneki.
Mundur malih wus tan bisa, lurung kebak
wong Kadipaten sami dadya medal dukanipun, Pangeran Dipanagara, nyandhak agem
waos pusaka puniku, Kyai Rondha namanira, kang kori cinocok nuli.
Nulya kapitulung sukma, kori menga kang
sela piyak sami, prapta Srimenganti sampun, kang kori ing ngineban, nanging
menga kedhik nenggih ingkang tunggu, Pangeran Jayakusuma, Kanjeng Pangeran
Dipati.
Arsa manjing cinegatan, pan mengkana
Pangeran aturneki, yen paduka karsa malebu, kenging nanging priyongga, pan anak
mas sedaya kantuna iku, Pangeran Dipanagara, langkung bramantya tyasneki.
Nging kaselak enget ika, wus pinuwus lamun
karsaning Widi, kang rama ngaturan laju, mapan dhumateng taman, angampiri
sagung rerepot sedarum, mapan lalos sedyanira, nging anut lembaking ngati.
Prapta taman gya tinata, kang prajurit wus
kinen munggeng ngarsi, sentana satunggal iku, Pangran Arya Panular, ingkang
lajeng dherena Pangran dipatyeku, lampahira sampun prapta, ing palengkung
Tamansari.
Kori meksih tinetegan, Pangran Dipanagara
anulya glis, prentah ngengakaken pintu, sepalih kawetara, ingkang sampun medal
saking beteng iku, pan kasaru pratanira, Inggris kelawan Sepei.
Ing nglurung jawi kebekan, balowreti
nginggil sampun den goni, saking gadhing inggahipun, punika pan sedaya, mentas
saking Sumadiningratan iku, den mengggung Sumadiningrat, mapan sampun prapteng
sabil.
Pan kathah angsalnya tela, Inggris lawan
Sepei ingkang mati, mangkana gentya winuwus, Kanjeng Pangran Adipatya, apan
kantun dhumateng kang putra iku, Pangeran Dipanagara, dene wus tan bisa mijil.
PUPUH XVII
M I
J I L
Kanjeng Pangran Dipatya nebda ris, paran
kulup mangko, kang prajurit wus tan kantun kabeh, Pangran Dipanagara turneki,
kelamun marengi, pan prayogi wangsul.
Dhateng ngalun-alun kidul malih, senadyan
rerempon, aneng ngrika pan wiyar papane, ingkang rama pan lajeng nuruti,
lumampah neng ngarsi, lan lare wot sedarum.
Pangran Dipanagara neng wingking, lawan
ngampil mangko, Suranata kelawan gamele, nging punika ingkang meksih kari, lan
kang rayi kalihya, prajurit wus mawut.
Lagya prapta aneng Tamansari, katututan
mangko, mring wong Inggris lawan Sepeine, pan ing ngedrel lawan den suraki,
kang neng balowreti, ngandhap sing palengkung.
Dadya lingsem Pangran ing tyasneki, nuwun
pamit mangko, mring kang rama mengkana ature, pan kawula nuhun pamit mati, isin
den suraki, tan saget angrungu.
Dadya kendel Jeng Pangran Dipati,
angandika alon, yen mengkono karepira kuwe, wus ta payo padha bareng mati, ing
saolehneki, padha bareng ngamuk.
Pangran Dipanagara turneki, lun coba
rumuhun, tuwan kendel ningali kemawon, lamun sampun kawula ngemasi, sumongga
dewaji, ing sakarsa tuhu.
Dadya kendel Jeng Pangran Dipati, nging
tyas nedya rempon, yen tumeka kang putra sabile, nging anedya belani kang siwi,
Pangran Suryabrangti, mengkana umatur.
Mring kang raka boten saged keri, tan
tinolih mangko, sarwi muwus aneng ing wurine, Pangran Dipanagara wus prapti,
marang lurung malih, gya ing ngedrel iku.
Ingkang mimis lir pendah grerimis, nging
karsa Hyang Manon, tan tumama mring Kangjeng Pangrane, pengraosnya lir
sinawuran wedhi, peteng kukusneki, sendawa kelangkung.
Langkung kewran Jeng Pangran tyasneki,
mengkana winuwos, ingkang baris nginggil pangiride, Jendral glis pi ing
nglurung winarni, kang dados pangirid, nenggih Mayor Daltun.
Pan kalawan suketaris Adim, pan wus tita
mangko pangedrelnya datan pawekase, Jeng Pangeran pan eca mendhiri, aneng
satengahing, lelurung puniku.
Mayor Daltun suketaris Adim, amrepeki
mangko, mapan lawan saradhadhune, wus kinepung Pangran Dipanegari, mayor
Suketaris paman sampun cundhuk.
Pangran Dipanagara nulya glis, nyandhak
tangan mangko, suketaris lawan sru sebdane, suketaris payo bareng mati, sira
lawan mami, pan wus sedhengipun.
Lamun sira mati lawan mami, yen Jeng rama
mangko, nora estu iya ing dadine, anggenteni Kangjeng eHyang pasthi sun pelaur
mati, Adim mentan ampun.
Pan kawula langkung kilap yekti,
winestanan mangko, Kanjeng Sultan punika yektose, ing semangke kawula aturi,
lajeng manjing ngloji, pan sinumpah sampun.
Jumenengnya Pangran Dipati nulya mamayor
Daltun, aparentah senjata kendele kawarna Kanjeng Pangran Dipati, wus awas
ningali, kang putra kinepung.
Winestanan kalamun wus sabil, sedya bela
mangko lan kesawur ing kukus petenge, saking jawi wus datan kaeksi, yen kang
putra mengsih, mengkana winuwus.
Pangran Dipanagara ningali, mring kang
rama mangko, nulya ingkang rayi lajeng kinen, Pangran Suryabrongta angaturi,
lawan atur uning, lamun sae sampun.
Saradhadhu ingkang ngepung sami, gya
piniyak mangko, Kanjeng Pangran Dipatya nulya ge, rawuh lawan karepit ngiring,
suketaris Adim, lawan mayor Daltun.
Kalih pisan tanganya pan sami, cinepengan
mangko, mring Pangeran Dipanagarane, sampun katur mring kang rama nuli, pan
lajeng prejangji, suketaris matur.
Tuwan Jendral Glaspi wonten nginggil,
balereti mangko, nulya Pangran Dipanagara ge, Jendral Glispi lajeng den purugi,
pan sampun kepanggih, ngadeg ngandhapipun.
Ing kamuning cinandhak asteki, wus karsa
Hyang Manon, Jendral Glispi eka nurut bae, mapan lajeng tanganya kinempit,
nulya binekteki, tumedhak anurut.
Sampun prapta ing ngarsanireki, Pangran
Dipatya nom, Pangran Dipanagara ature, mringkang rama tuwan tedhak ugi, saking
ing turanggi, puniku pukulun.
Mapan Jendral paduka prejangji, Jeng
Pangran duk anon, ing ngature ingkang putra mangke, nulya tedhak saking ing
turanggi, wus cundhuk prajangji, lan Jendral glispiku.
.Jendral glispi pan lajeng nyagahi, barang
karsa mangko, lajeng meling suketaris bae, mapan kinen dherekna mring loji,
Jendral glispi nuli, lawan mayor Daltun.
Pamit lajeng sareng lampahneki, tan
winarna mangko, Kanjeng Pangran Dipatya lampahe, mapan sampun prapta aneng
ngloji, Jendral Raples iki, methuk jawi plengkung.
Sampun cundhuk wejangan dipati, lawan
Jendral mangko, mapan lajeng kekanthen lampahe, Jendral lawan Pangran Dipati,
nulya lenggah kalih, ngloji ageng iku.
Nulya medal Jeng Pangran sing loji, nitih
kuda mangko, ki Gunawan titihan namane, sagung ngampil samya dherek sami,
ngalun-alun prapti prapti, mengkana kapethuk.
Aneng kidul wringin kurung iki, lan kang
eHyang mangko, Kanjeng Sultan tumungkul lampahe, ginarebeg sagung usar sami,
dene ingkang nganthi, Jankrerapet iku.
Dene putra kang dherek tigeki, kalih
senaneku, kang Bupati sekawan kathahe, putra Pangran Mangkudiningrati, Pangran
Mertasani, Pangran Dipajayeku.
Kang sentana Pangran Demang iki, lan
Pangran Mangku, Sumayuda iku Bupatine, Raden Menggung Sumaduwiryeki, den
Mertanegari, den Wiryatruneku.
Lan den menggung Yudawijayeki, mengkana
duk anon, Pangran Mangkudiningrat ta mangke, mring kang putra Pangran
Dipanegari, nulya matur aris, mring jeng Sultan iku.
Pan punika wayah tuwan ugi, Jeng Sultan
nulya non, mring kang wayah kumembeng wepane, ris atanya kulup ana ngendi,
ramanireki, Pangran duk andulu.
Mring kang eHyang langkung kawlas-asih,
pan meh supe mangko, mring pratingkah kang kelakon kabeh, nanging enget punika
kang wiji, ngadeg ing tyasneki, pan arsa rinebut.
Nulya wonten pitulung Hyang Widi, Pangran
nulya emot, mring kang rama yen wus neng nglojine, lan wus dadya sagung kang
prejangji, datan wande ugi, samya risak ipun.
Nanging teksih ketawis netyeki, nulya
matur alon, mring kang eHyang kawula yektose, pan binandhang dhateng tiyang
Inggris jeng rama tan uning arsa tedhak iku.
Saking kuda Mayor Daltun nuli, apitutur
alon, sampun tedhak saking turanggane, mapan tuhu wong tuwa puniki, nging
cilaka ugi, nging sampun tan patut.
Dadya Pangran tan saged ningali, mring
kang eHyang mangko, mapan nulya nyumethi kudane, nander wangsul dhateng ngloji
malih, kebon kang winarni, Kanjeng Sultan sampun.
Manjing ngloji ageng kang winarni,
mengkana pan sampun, Pangran Dipanagara karsane, dumugeken denira ngulati,
mring kang eHyang malih, nanging dharat iku.
Ingkang ngering nanging pan satunggil, ki
Surajayaku, sampun prapta kedhaton lampahe, Pangran Dipanagara wus panggih, lan
kang eHyang iki, lenggah ngandhap anggur.
Pan rinubung mring Inggris Sepei, gya
piniyak mangko, mring Pangeran Dipanagarane, langkung elok kodrating Hyang
Widi, pan mengkana maning, Pangran lebetipun.
Mapan anglir pendah wong angimpi,
satingkahnya mangko, mapan miyak kimawon lebete, wit setinggil mapan ngantos
prapti, prabayeksa iki, kebak Inggris iku.
Apa dene ingkang kori-kori, wus karsa
Hyang Manon, Jeng Pangeran mapan lujeng bae, datan ana ingkang rupa kardi, wong
Jawa sawiji, wus tan ana iku.
Ingkang lanang ki Emban winarni, wus tan
saged anon, saking jrihe dadya mirembae, Kanjeng ratu sareng aningali, ingkang
wayah prapti, anulya rinangkul.
Sarwi muhun riwus atanya ris, ramanira
mangko, ing saiki neng ngendi enggone, Pangran Dipanagara turneki, sampun
wonten ngloji kawula ing ngutus.
Ngupadosi mring paduka yekti, lan tur
uning mangko, Kanjeng rama sapun wilujenge, sampun ngantos paduka rudatin, Jeng
ratu nulya glis, ing ngatur ran kondur.
Mring kang wayah Jeng ratu nuruti, sampun
lenggah mangko, Pangran Dipanagara nulya ge, wonten Inggris pan litnan sawiji,
kinen tengga iki, dhumateng Jeng ratu.
Ris wusnya Jeng Pangran nulya mit, mring
kang eHyang mangko, nuwun wangsul dhateng ngloji maleh, ingkang eHyang pan
sampun nglilani, nging adhinireki, Suryabrongta iku.
Kinon tunggu iya marang mami, sandika
lengser wus, tan winarna loji prapta mangke, ingkang rama mapan sampun ngalih,
ngloji kebon iki, lan jumeneng sampun.
Ingkang rayi den Mas Ambyah iki, pan
sampun gumantos, nama Pangran Dipati ing mangke, Pangran Dipanagara apangggih
neng ngajengan, ngloji, lan Raden Tumenggung.
Jasantika lan kapitan Jing Sing, lajeng
dherek mangko, mring Pangeran Dipanagarane, nulya cundhuk kalawan sang aji, pan
wus katur sami, saneskaranipun.
Lawan welingira kang eHyang iki, kelamun
amundhot, wayah juga kinen tengga mangke, Pangran Suryabrangta den dhawahi,
tengga kang eHyang iki, aneng kedhatun.
Wus lumampah pan datan winarni, pra Dipati
mengko kalih dalu antawis praptane, samya soan dhumateng ing ngloji, ngirid ki
Dipati, Danurja puniku.
Lawan Pangran Mangkudiningrati, ing ngatur
ken mangko, mring Jeng Sultan Jankrerapet rembage, Kanjeng Sultan mapan
anuruti, winedalken nuli, saking gedhong iku.
Jankrerapet kang ngirid pribadi, sampun
prapta mangko, Kanjeng Sultan pan aris sebdane, wus ta adhi aja keh pinikir,
wus karseng Hyang Widi barang lakon iku.
Mapan ingsun derma anglakoni, wus karsa
Hyang Manon, Pangran Mangkudiningrat ature, inggih lamun paduka sayekti, boten
angowahi, lir nguni sedarum.
Dadya kanggek Jeng Sultan sayekti, lajeng
kendel mangko, Pangran Dipanagara ing tyase, langkung denya bramatya miarsi,
mring ngatur tan yekti, dadya ngandika sru.
Mring kang paman pangucap punapi, dene lir
puniku, lamun paman meksih cuwa tyase pan sumongga samangke puniki, kawula
ngladosi, nulya kesah iku.
Dhateng kantor ing dalu puniki, Jendral
pista mangko, nging Pangeran Dipanagarane, datan tumut pista anjageni, gung
rerepot sami, nging kang rayi iku.
Pangran Adinagara lan sagunging, putra
santana mangko, ingkang sampun along prapta mangke, sami kinen tumut pista
sami, Jendral karsaneki, lan Raden Tumenggung.
Jasantika lan kapitan Jing Sing, Krerapet
nebda lon, eh sagunge ingkang pista kabeh, ngetokena Jendral karsaneki,
Jasantika iki, ing mangke jinunjung.
Iya mapan kinarya pepatih, kaya kang kelakon,
Adipati Danurja arane, Pangran Mangkuningrat anuli, kesah
animbali,Gondadurwiryeku.
Sareng bubar pista manggon sami, Jasantika
mangko, mapan nunggil lan Jing Sing pondhoke, mapan Gondaduwirya tutwuri, nora
den nyanani, lajeng dalu ngamuk.
Raden Jayasantika aguling, pan cinolong
mangko, dhuwung ingkang wasiyat nulyage, linarihan pan lajeng ngemasi, sambat
datan mawi, Gondaduwiryeku.
Lajeng ngiwud denira nyuduki, dadya kathah
mangko, ingkang mati kelangkung gegere, Jing Sing iya mapan sampun kanin,
Gondaduwiryeki, mapan sampun lampus.
Kinarubut mring sakeh Sepei, wus karsa
Hyang Manon, Raden Jayasantika praptane, jangji marga cinidreki, dadya cuwa
sami, Jendral langkung bendu.
Mring Pangeran Mangkudiningrati,
winangsulken mangko, marang gedhong tan winarna maneh, kawarnaha Kangjeng
Sultan iki, genya wonten loji, ngantos pitung dalu.
Nulya kondur Kadipaten malih, tigang dina
mangko, pan ngentosi kedhaton resike, sareng sampun resik mapan nuli, ngedhaton
winarni, Kanjeng Sultan sepuh.
Linajengken mring sabrang kang ngiring,
putra kalih mangko, Pangran Mangkudiningrat lan maleh, Pangran Martasana kang
ngupati, kang lajeng sawiji, Rahaden Tumenggung.
Sumadiwirya sedaya pan sami, linuwaran
mangko, ing ngaturken mring Jeng Sultan maleh, Pangran Natanusuma winarni, lan
saputraneki, pan kedah lumebu.
Dadya wong nya gupremen Inggris, tinurutan
mangko, lajeng salin ika jejuluke, Pangran Mangkualam namaneki, ingkang putra
kalih, sami nama iku.
Raden Menggung Natadiningrati, anama
mangko, Pangran Suryaningrat pan arane, Raden Mas Salya nenggih nameki, Pangran
puniki, Suryaningprang iku.
Sampun tata Jendral nulya mit, mring Jeng
Sultan mangko, Jendral glis pikantun ngentosake, labet pelor lengen kenging
mimis, dadya antukneki, elet tigang dalu.
Sampun pepak wong Ngayogya sami, kang
kelajeng mangko, ingkang tebih iya pangiline, Kanjeng Pangeran Arya Mangkubumi,
mapan sampun prapti, lajeng ngalih iku.
Dalemira lan satanahneki, ing ngurup pan
mangko, mring Pangeran Mangkualame, dadya sampun sami ngalihneki, Pangran
Dipanagari nuhun pamit iku.
Mring Jeng Sultan arsa kondur iki, mring
Tegalarjoku, ingkang rama tan nglilani mangke, dadya lami nunggil neng jro
puri, ane gedhong kuning, pesanggrahanipun.
Pangran Adinegara anggentosi, ing daleme
mangko, ingkang dadya wedana jro mangke, monca nagri Dipatya ing rawi, nama den
paringi, Pringgadiningrat iku.
Kang nggentosi mring parentahneki, ing
Raden Tumenggung, Sumadiningrat kawarna ing mangko, Pangran Dipanagara wus
lami, nunggil neng jro puri, mapan sanget rikuh.
Nuwun kondur mring Tegal Arjeki, tan
kalilan mangko, sawab dene asanget tebihe, dadya nuhun pesanggrahan Jawi,
sampun den lilani, aneng mijen iku.
Saung ingkang micanten ing ngloji,
Kangjeng Sultan mangko, mapan sampun pitajeng putrane, Kanjeng Pangran
Dipanegareki, Kya Adipati, Danurja puniku.
Lamun mentas sowan dhateng ngloji, lajeng
sowan mangko mring Pangeran Dipanagarane, pinanggih aneng mandhungan iki, lan
sagung Bupati, kang ageng sedarum.
Bab lelintoning moncanagari, lan
prahyangan mangko, Pangran Dipanagara karsane, sab sampun dados kang prejangji,
lan kang eyang rumiyin, nanging geseh tuhu.
Datan timbanging karsanireki, guprenemen
mangko, lintonana ing sapa medale, mring sagunge kang moncanegari, lawan bandar
iki pan sareng sinuhun.
Pinaosan mapan saben warsi, tigang ngatus
ewu mangko, pasmatika pan sampun jangjine, lan kang eHyang sareng moncanagri,
tanah jipang sami, lan prahyangan urup.
Ingkang bandar pan lajeng lestari, nging
monca nagriku, Pangran Dipanagara karsane, kang ulup pan iku pan tinampik,
maosi puniku.
Pinaringken kang samya derbeni, ki Danurja
mangko, nulya wangsul maring loji maneh, lawan sagung kang para Dipati, ingkang
nyepeng sami, parentah puniku.
Jankretapet mapan sampun panggih, ki
Danurja mangko, sakancanya amertelakake, ingkang karsa saneskara sami,
dadyarenaneki, Jankrerapet iku.
Dadya surup mangkya amaosi, tanah Jipang
mangko, sampun rampung bandar lan Jipange, Jankrerapet nulya nembung maning,
tanah Kedhu iki, tinedha puniku.
Serep linton bondha beyaneki, ing prang
nguni mangko, yen wis cukup iya mulih maneh, pan wus muni ing nglayang
prejangji, ingkang anyaguhi, lan kang layang iku.
Ana Pangeran Dipanagareki, ki Danurja
mangko, nulya medal sakancane kabeh, saking ngloji lajeng sowan panggih lan
Jeng Pangran nuli, sedaya wus katur.
Lajeng samya sowan Sri Bupati, mring
kedhaton mangko, sampun katur ing sanes karane, Sri Nalendra nyarah mring kang
siwi, Pangran Dipanegari, ing Kedhu wus rampung.
Ki Dipati Danurja wus bali, mring loji
wawertos, lamun Kedhu wus kalilan mangke, Jankrerapet langkung sukaneki, pirena
tyasneki, pan wus tan cinatur.
Tata tiga ing Ngayogya iki, pan wus katur
mangko, Jing Sing pan wus ginanjar namane, Raden Menggung Secadiningrati,
mengkana winarni Jeng Pangeran iku.
Neng Ngayogya mapan sampun lami, kalih
tengah taun, nyuwun pamit mring Tegalarjane, ingkang rama lami tan nglilani,
kedah kinen iki, lajeng dalem ngriku.
Tegalarja karsanya sang ngaji, kinen karya
kebon, Pangran Dipangara karsane, kedah kondur mring Tegalarjeki, sabab ingkang
nagri wus waluya iku.
Sagung bicara ingkang matosi, wus tan ana
mangko, marga Kangjeng Pangeran karsane, dumugekaken genira nenepi, bolos
kondurneki, mring Tegalarjeku.
Kanjeng Sultan sareng miyarsi, yen kang
putra bolos, meksa kondur mring Tegalarjane, langkung cuwa ing tyasnya sang
aji, gya pinupus iki, yen karsa Hyang Agung.
Yen kang putra tanremene nagri, wus karsa
Hyang Manon, nanging pendhak garebeg sowane, lawan lamun wonten kang prakawis,
ingkang amatosi, tinimbalan iku.
Lamun kathah ruweding nagari, lajeng datan
kondur, nunggil aneng jroning pura bae, lamun kedhik ingkang rama asring, mapan
mikawoni, Kangjeng Sultan iku.
Tedhak marang Tegalarjeki, mengkana
winuwus, Jankrerapet anuwun gantine, ingkang patih Kangjeng Sultan yekti, kyai
Adipati, Danurja wus sepuh.
Sringkalan tubarang bicareki, Jankrerapet
watos, bokmenawa amemecahake, Kanjeng Sultan pan maksih predongdi, lan kang
putra iki, karsa dereng ngumpul.
Kanjeng Pangran Dipanegareki, kang pinilih
mangko, nenggih Pangran Dipakusumane, ingkang rama Kangjeng Sultan iki, datan
arsa iki, angandika arum.
Mring kang putra Pangran Dipanagri, kulup
ingsun sungwroh, uwakira Dipakusumane, pan wus akeh iya cacatneki, lan kambine
maning, maksih anggoniku.
Nanging iya ming kari sathithik, lan
pepatih mangko, dene ingkang wus dadi karepe, Jankrerapet uwakira iki,
Prigadiningrati, Jeng Pangran umatur.
Mapan sanget amba mopo yekti, mring punika
mangko, pan kelangkung inggih pakewede, dadya lami kendel datan kardi, mengkana
winarni, Jankrerapet iku.
Kedah nedha gentose pepatih, Cadiningrat
mangko, kang kinenken mring Tegalarjane, Kanjeng Pangran Dipanegareki, lagya
grerah iki, Cadiningrat cundhuk.
Mapan ngiras juru basa iki, juru basa
mangko, penggarapan sampun boten kangge, mring jeng Pangran aris aturneki, kula
ngutus gusti, dhumateng sang prabu.
Lawan saudara tuwan gusti, Jankrerapet
mangko, estu nyuwun pepatih gentosa, Kanjeng rama tuwan Sri Bupati, nanging
nrerah pribadi mring paduka tuhu.
Pan kekalih rancangan pepatih, ingkang
sampun dados, Pangran Dipakusuma tan kangge, kang punika pundi tuwan pilih,
Pringgadiningrati, Sumadipureku.
Kanjeng Pangran angandika aris, lamun wis
mangkono, Sadiningrat Jeng rama karsane, lan sibapak Jankrerapet iki, iya kang
sun pilih, Somadipureku.
Nanging ingsun durung bisa iki, aseba ing
mangko Cadiningrat matur mengkono, wus muliha Cadiningrat nuli, lengser saking
ngarsi, mapan lajeng pangguh.
Jankrerapet sampun den werteni, ing karsa
sang anom, lamun mas Tumenggung ing Japane, kang pinilih mring Jeng Pangran
yekti, Jankrerapet aglis soan mring sang prabu.
Cadiningrat mapan datan kari, wus manjing
kedhaton, sampun cundhuk lan jeng Sultan mangke, Jankrerapet nulya matur aris,
yen pareng sang aji, inggih sampun tamtu.
Ingkang dados sumedi pureki, Jeng Sultan
nebda lon iya uwis besuk senen bae, ingsun mapan yun temu pribadi, mring
Tegalarjeki, Jankrerapet wus mantuk.
Kanjeng Sultan sampun tedhak nuli, mring
Tegalarja mangko, sampun panggih lan kang putra mangke, Kanjeng Pangran
Dipanegareki, Jeng Sultan nebda ris, paran sira kulup.
Teka dhemen sumadi pureki, ku uga wong
anom, lan wong desa iya kapindhone, kaping telu misih sanak mami, menawa ku
dadi, pocapan ing besuk.
Lawan ora tau prentah yekti, mring wong
gedhe mangko menek angling semi ku dadine, beneh lawan Pringgadiningrati, wus
tuwa kang dhingin, lan maning wus tau.
Aparentah mring sapadhaneki, lan wus tau
momong, marang putra santana kung kabeh, Pangran Dipanagara tur bekti, sampun
leres ugi karsa Jeng Sinuhun.
Nging tyas amba tan pitajeng yekti, kang
sampun kelakon, datan wonten mantep ing ngujare, sae kawit awon temahneki,
somadipureki, pan bebadhe tuhu.
Bilih kenging winulang prayogi, nging tyas
ambayektos, kang pitajeng ing punika mangke, Kangjeng Sultan angandika aris,
yen meksa sireki, kulup ingsun turut.
Besuk senen pa bisa sireki, seba mring
kedhaton, kados boten Kanjeng Sultan mangke, sampun kondur senen miyos iki,
miyos neng sitinggil, Jankrerapet ing ngayun.
Pepak sagung putra santanaji, myang
punggawa sagung, Kanjeng Sultan nulya dhawahake Ki Danurja pan linorot iki,
pinaring wewangi, Kyai Purwa iku.
Mas Tumenggung ing Japan pinaring, pan
anama mangko, Raden Adipati Darnurjane, Krapet sampun angestreni, wus lumrah
sagunging, wong Ngayogya iku.
Sampun luwar sang nata tinangkil, myang
sagunging kang wong, tata tita nagri Ngayogyane, sampun kerta mapan winetawis,
angsal tigang warsi, Kanjeng Sultan winuwus.
Ingkang putra Pangran Dipanagri, pan
tinari mangko, karma nanging tan arsa lamine, langkung susah tyasira sang
ngaji, mengkana marengi, Jeng Pangran anuju.
Tinimbalan mring kedhaton prapti, ing
ngarsa sangkatong, Jeng Pangeran Dipanagarane, paning ngutus karsanya sang aji,
kinen nari ugi dhumateng kang ibu.
Kanjeng ratu bandara puniki, meksih ayu
anom, mapan dereng gadhah putra mangke, Kanjeng Sultan welas mring kang rayi,
marma kinen nari, krama lamun ayun.
Nulya lengser Pangran Dipanagri, sing
ngarsa sangkatong, kinen miyos ing keputren bae, soan dhateng ingkang
eyang iki, wus karsa Hyang Widi, Jeng
Pangran andulu.
Neng keputren myat putri siji, pan
jumeneng mangko, ingkang kori butulan panepen, nanging sang dyah mapan tan
udani, pan lagya marengi, dyah jumeneng pungkur.
Kanjeng Pangran sareng aningli, marang
sang dyah sinom, dagu kendel amespaosake, saking wingking tuhu jung karangin,
pan kapareng ugi, noleh sang retna yu.
Mapan anglir panjang putra iki, dhawah
sela rempu, sakaliyan tanpa jamugane, sang kusuma tan saged lumaris, langkung
wiraneki, dadya dhodhok iku.
Kanjeng Pangran pan mengkana maning, meh
supe ing ngutos, sareng myat mring sang dyah warnane, trenyuh ing tyas angler
ngemasi, mengkana tyasneki, sun durung andulu.
Aneng donya wong wadon lir iki, dene sarwi
patut, nora nana kang winaon kiye, sapa baya ingkang darbe siwi, mengkana
winarni, ingkang dherek iku.
Nyai lurah keparak kekalih, among
semiteku, lawan nyai among mirutane, mulat lamun Jeng Pangran ningali, jumeneng
tan osik, dadya lon umatur.
Pan punika gusti den tingali, dene kendel
dangu, pan kang wonten ing kori wiyose, rayi dalem punika pribadi, katilaran
ugi, nenggih Kanjeng ratu.
Maduretna sampun ta ginalih, dhuh gusti
kedangon, lamun karsa kados boten wande, dhasar samya sembrona kekalih, abdi
dalem lami, marma purun matur.
Kangjeng Pangran angandika aris, sarwi
mesem mangko, lah iya ingsun iki meh kelalen, tanbuh-tanbuh ingkang dipun
pikir, wisma tura dhingin mung Kangjeng eyang iku.
Lamun ingsun ingsun ingutus ramaji, ayun
seba ing ngong, mung semi talengser sing ngarsane, Kanjeng ratu ageng kang
winarni, lagya grerah iki, nging tan sanget iku.
Sampun matur angandika nuli, Jeng Pangran
wus rawoh, Kanjeng ratu ageng ngandikane, kulup sira kinongkon pa iki, mring
ramanireki, Jeng Pangran wotsantun.
Pan ingutus ingih nantun krami, dhateng
ibu mangko, kinenantun ngarsa dalem ugi, bokmenawi Allah amarengi, teksih
paring wiji gya ngandikan rawuh.
Kanjeng ratu bandara neng ngarsi, nira
ingkang ibu, Kanjeng ratu ageng ris sabdane, anakira ku ing ngutus nini, mring
kakangireki Jeng Pangran umatur.
Ibu kula pan ing ngutus ugi, mring jeng
rama katong, kinen nantun den krana Allahe, Kanjeng rama awelas ningali, mring
paduka yekti, dereng gadhah tuwuh.
Bilih Allah meksih paring wiji, mring
paduka mangko, Kanjeng ratu bendara nebda lon, iya kulup matura sireki, marang
Sri Bupati, ing sih wus kasuwun.
Mapan ingsun wis asrah ing tekdir, bekjane
wakingong, nanging ingsun nuhun pangestune, mring Jeng Sultan juga awak mami,
kinuwatna ugi, ring ngibadah ingsun.
Lawan ingkang supangat jeng nabi,
pirangbara ingong, lamun temu lan wakira tembe, dene iku iya mati sabil,
nanging ana siji, adhinira kulup.
Wus diwasa iku dadi ati, durung ana patot,
ingkang mengku iya prayogane, lawan kappa …….mring ngibadah yekti, yen sembada
ugi, aturna sinuhun.
Mring Jeng Sultan jodhone nak mami, Jeng
Pangran tur nya lon, sarwi mesem jrih kawula mangke, lamun atur mapan sanes
kardi, bilih den westani, salah kardi tuhu.
Kanjeng ratu ageng ngandika ris, bener
gakireku, lamun sira duwe karep kuwe, anakira ngur tutura maring, bak
ayunireki, ratu kencaneku.
Pangeran Dipanagara nulya glis, mundur
sing ngarsa wus, ingkang eyang lan kang ibu mangke, ing samarga mapan mandhek
nolih, kang kaesthi galih, kang neng kori iku.
Nyai lurah kalih matur malih, dhuh gusti
kedangon, tedhak kondur salah weweng bae, pijer kori ingkang den tingali, pan
wonten punapi, kalih nya gumuyu.
Kanjeng Pangeran mesem gya lumaris, sampun
prapta mangko, ing kedhaton ngarsane sang rajeng, Kanjeng Sultan dangu ngarsi
arsi, dereng ewah iki, genya lenggah wau.
Kanjeng Sultan atanya mring siwi, sira
suwe mangko, apa baya kang rinembag kabeh, Kanjeng Pangran matur awotsari,
mapan kathah ugi, Jeng eyang karsanipun.
Lawan Kanjeng ibu sami ugi, niskara wus
katur, Kanjeng Sultan aris angandikane, iya sokur alkamdulilahi, yen ibunireki,
kuwat luwih patut.
Nyai lurah kalihaneng wingking, pan samya
geguyon, kalih pisan samya sembranane, Kanjeng Sultan sareng aningali, nulya
atanya ris, pasira guguyu.
Nyai lurah kalih atur bekti, putranta sang
katong, boten dangu soan mring kang eyang yektos, pijer salah wengweng wonten
margi, wus kadugeng galih, mesem jeng sinuhun.
Pan tumungkul Pangran Dipanagri, nanging
tyas wus yektos, kang katingal nanging kori bae, kang sinuhun mesem ngandika
ris, wis ta kulup dhingin, mulih anakingsun.
Kanjeng Pangran wus lengser sing ngarsi,
nira jeng sang katong, lajeng kondur mring Tegalarjane, sarawuhnya mapan mujung
guling, nanging kang kaeksi, sang retnaning ngayu.
Kang tumanceb aneng pulung ngati, pan
tansah katongton, pantes temen warna tenagane, pasemone tuhu mandhitani,
sotyaning pawestri, baya kang tumurun.
Midering ngrat sun durung ningali,
sesotyaning wadon, ingkang memper pan sathithik bae, leleng ing tyas datan
mijil mijil, kawarna sang ngaji, aputusan iku.
Kanjeng ratu kancana pribadi, kang
lumampah mangko, tedhak marang ing Tegalarjane, sampun prapta mapan nulya
panggih, kang Pangran tinari, krama lajeng ayun.
Inggih lamun tinari akrami, pan
selaminipun, Kanjeng Pangran mesem lon ature, salamanya dereng angsal ugi,
kadang tingal yekti, dyah anglir puniku.
Mesem ratu kencana nulya mit kondur mring
kedhaton, sampun rawuh matur ing sang rajeng, langkung suka Kanjeng Sri Bupati,
lon ngandika ris, ya bener anakmu.
Nadyan ingsun ya durung ningali, kang
memper wong wadon, lan ibune dhasar becik si beng, ing Ngayogya ana ana
kekalih, lan tetekoneki, jatmika tur patut.
Dhasar pantes iya anderbeni, Tegalarja
mangko, lan kang lanang padha tetekone, kapandhitan padha den karemi, sun duga
ing ngati, wus kanthine iku.
PUPUH XVIII
K I N A N T H I
Duk ing dingin duryatipun, kala aneng ing
swargadi, mengkana Srinaranata, mapan lajeng ken dhawuhi, Raden Dipati Danurjan
sagung sentana sami.
Wulan kang Ji mapan nuju, sagunging
sentana sami, tugur aneng Tegalarja, Kanjeng Pangeran Dipati, atengga dhateng
kang raka, lawan Pangran Mangkubumi.
Pangeran ngabei iku, tan wenggan ming
atuwi, Pangeran Dipanagara, apan iya nora mijil, neng Selareja kewala, kang
neng dalem ingkang rayi.
Pangeran Dipati iku, lawan Pangran
Mangkubumi, angentiaken kasukan, sedaya ingkang nyegahi, Pangeran Adinagara,
lan Pangeran Suryabrangteki.
Pangeran Adisuryeku, sadaya pan wus
wineling, wau dhumateng kang raka, sakarsa-karsanireki, anelasna kang kasukan,
marma datan ta asami.
Ing kadhaton kang winuwus, sagung ingkang
para putri, mapan pepekan sadaya, tan sanes Tegalarjeki, samya sinegah kasukan,
mring Kangjeng Srinaranati.
Mengkana ingkang winuwus, wus prapta
semayaneki, ing dinten Isnen punika, mapan nulya den timbali, Jeng Pangran
Dipanagara, dhumateng Kanjeng sang ngaji.
Pan ing ngiringaken sagung pra putra
santana sami, sampun prapta ing Ngayogya, lajeng ngandikaning puri, sampun
pepak prangulama, tanapi kang pra Dipati.
Sadaya ngandikan sampun, ingkang ageng
ageng sami, ngulama alit sadaya, tenapi Bupati alit, pan kinen kantun punika,
sedaya neng Srimenganti.
Kangjeng Sultan lenggah sampun, aneneg ing
panepen iki, lan kyai pangulu ika, tenapi kawrangu lamu, Kanjeng Pangran
lenggah bangsal, ing ngandikan sampun prapti.
Ing panepen ngiring sagung, praputra
santana sami, myang sagunging pra Dipatya, ingkang ageng ageng ngiki, Kanjeng
Pangran nulya ningkah lan sang dyah retnaning puri.
Mapan sinaid sampun, mring sagung para
ngulami, pragat denira aningkah, nulya kinen medal sami, kyai pangulu kalawan,
myang sagung kang prangulami.
Kanjeng Sultan miyos sampun, saking ing panepen
iki, angiringaken kang putra, langkung tyas marwata siwi, lenggah neng bangsal
sekedhap, nimbali Raden Dipati.
Kalawan Raden Tumenggung, Pringgadiningrat
puniki, tan tebih lawan kang putra, Pangeran Dipanagari, sinandhing ngandhap
dhedhampar, lawan jeng Pangran Dipati.
Ingkang praputra sedarum, soan neng tratag
sami, tunggil lan Raden Dipatya sang nata ngandika aris, ing mengko sore
Danurja, pukul telu pepakneki.
Jola lan jempana iku, pepakna magangan
iki, lan Pringgadiningrat sira, den pamekta kang jajari, sagung ing prajurit
ika, sandika atur nyakalih.
Ngandika malih sang prabu, aruming Raden
Dipati, lan Raden Pringgadiningrat, ing mengko tyas ingsun iki, bareng wis
gelem rabiya, nakingsun Dipanegari.
Pan wus padhang atiningsun, tan ana
ingkang sun pikir, dadya wus bersih tyasingwang, nanging keri mring Hyang Widi,
ing wuri Walauaklam, wus padha mundura iki.
Tur sembah kalihwus mundur, kawarna jeng
Sri Bupati, teksih lenggah aneng bangsal, lan sagung pra putra sami, Kanjeng
Sultan angandika, mring Pangran Dipanagari.
Wus sira banjura kulup, marang ing karaton
becik, metuwa kene kewala, keputren dandana iki, ing daleme eyangira, tur bekti
mundur sing ngarsi.
Ing ngiring kang rayi sagung ing kreraton
sampun prapti, jeng ratu ageng winarna, mapan lagya grerah iki, marma tan saged
tumuta, nenggani kang wayah krami.
Kanjeng Pangran ngandika rum, dhumateng
kang rayi katri, Pangeran Adinagara, lan Pangeran Suryabrangti, tiga Pangran
Adisurya, wis padha mulih adhingin.
Mring Tegalarja katelu poma aja angling semi,
katiga matur sandika, nulya lengser saking ngarsi, kang kantun ngladosi ika,
kang rayi Pangran Dipati.
Lawan ingkang rayi sagung, ingkang meksih
timur sami, ri sampunira busana, mengkana ingkang winarni, sang retna sekaring
pura, neng kedhaton mapan sami.
Binusanan kang pra ibu, sagung ratu pepak
sami, tanapi putri sadaya, sang dyah tan lengganeng kapti, pan bangun turut
kewala, Kanjeng Sultan anenggani.
Ri sampun busana iku, tan kena winarneng
tulis, kadya murca kedhepena, tuhu piturun sing swargi, musthikaning tanah
Jawa, keh pawestri lengleng brangti.
Senadyan kang para ratu, sedaya pandung
ningali, tan ana tetundhanira, sagung putri tanah jawi, Kanjeng Sultan pan
mengkana, wus bekjane anak mami.
Pinaringan ing Hyang Ngagung, jodho punjul
tanah Jawi, derma ratu Maduretna, anglairaken puniki, mendah dene menangana,
ibu lan ramane iki.
Mengkana Jeng Sultan sampun, lenggah
bangsal kencana di, ing ngayap sagung biyada, sang retna gya den timbali,
tedhak saking prabayeksa, jeng ratu bandara ngiring.
Lawan sagung ratu ratu, tenapi kang para
putri, angayap mring sang kusuma, lir esri tedhak sing swargi, ngiring sagung
widadara, Dewi Uma ingkang ngirid.
Ratih lan Supraba iku, Wilutama pamineki,
kang para putri sadaya, pra putri lir widadari, Kanjeng Sultan lir utama, Hyang
Jagadnata mantesi.
Lenggah Jonggring Selakeku, sang
pinenganten wus prapti, lenggah andher neng teratag, mengkana Srinarapati,
aputusan Nyai riya, animbali mring kang siwi.
Lan sagung parekan iku, Nyai Riyasampun
prapti, ngarsanya Kanjeng Pangeran, Dipanagara lumaris, ing ngayap sagung
parekkan, lan Kanjeng Pangran Dipati.
Lan kang rayi rayi sagung, ingkang meksih
timur sami, miyos ing kaputren ika, lir Bethara Wisnumurti, tedhak saking
Suralaya, wus prapta ngarsa sang ngaji.
Kinen lenggah jajar sampun, anglir Wisnu
lawan Sri, kathah wanodya kagiwang, ningali mring sang serimbit, sang nata
langkung marwata, ningali kang putra kalih.
Pan arsa pinaring iku, wedang nanging
datan nganti, sampun karsaning Hyang Sukma, kathah pawestri Kanjeng lali,
saweneh nangis punika, kang kelajeng nora eling.
Dadya cuwa sang aprabu, aningali mring
kang siwi, dereng dugi karsanira, selak keh pawestri brangti, nulya aris
angandika, wus kulup mangkata nuli.
Kangjeng Pangran nembah mundur, kinen
kanthen lan sang dewi, sang retna datan suwala jeng ratu bendara ngarsi, lan
ratu ratu sadaya, pra putri grebeg wuri.
Kangjeng Sultan mapan tumut, yun uning
mring angkatneki, ing ngaturan datan kena, mring ratu kancana iki, kelawan
Kangjeng ratu mas, mengkana pan sampun prapti.
Ing magang pan sampun rawuh, risang
pinenganen kalih, katiga ratu bandara, ingkang anunggil sajoli, pra ratu kang
anem samya, lan sagung kang para putri.
Samya nitih jempaneku, mapan iya
warni-warni, mengkana pan lajeng budhal, prajurit kang aneng ngarsi, mrerapit
ing keringkanan, ing tengah sagung pawestri.
Lawan upacaranipun, risang pinenganten
kalih, lan para ratu sedaya, tanapi kang para putri, ampilan titihanira, ki
Kramadaya nameki.
Kinarung ngarsa joliku, gambira
samargi-margi, miyos plengkung gadhing ika, supenuh ingkang ningali, gamelan
samarga-marga, Kangjeng Sultan kang winarni.
Dadya kelajeng puniku, mundhut titiyan
tutwuri, saking tyas dhateng kang putra, kang dherek Pangran Dipati, miyos
balowarti ika, wau denira ningali.
Kang aneng joli winuwus , Kangjeng Pangran
tiyasneki, kaya ge–ageya prapta, saking rempuning kang galih, anglir katiban
musthika, saha lan donya upami.
Kangjeng ratu bendareku, ingkang alenggah
neng ngarsi, ing sawingking patahira, nulya sang lesmaning puri, Kangjeng
Pangran wingking pisan, ing samarga uthak-uthik.
Nging sang dyah lemining santun, kendel
datan aningali, eca alenggah kewala, jeng ratu bendara nglirik, mring solahe
ingkang putra, langkung suka jroning galih.
Mengkana pan sampun rawuh, ing Tegalarja
anuli, sagung kang putra santana, amethuk pasoan jawi, ingkang dados
pangiridnya, Kanjeng Pangran Mangkubumi.
Raden Dipatya puniku, angirid sagung
Bupati, kang kodhok ngorek tinembang, bareng lan gamelan muni, tambur salompret
wurohan, tan parungyan piniarsi.
Ing Tegalarja supenuh, tan petung kathah
ing jalmi, rising pinenganten nulya, tumedhak saking ing joli, pinondhong sang
dyah kusuma, tan suwala sang retnadi.
Mapan linenggahken sampun, aneng babut
prang wedani, lir wisnu lan Sri ika,
jajar remen gung ningali, anglir tan manungsa donya, kalih lir musna
kaeksi.
Kangjeng ratu bendareku, lawan para ratu
sami, angapit ing kering kanan, lan sagung ingkang praputri, ing jawi ingkang
winarna, Kanjeng Pangran Mangkubumi.
Kang manggihi sagung tamu, kang rayi
katiga sami, nanging ngladosi kewala, kelangkung kasukaneki, denya
abujaderwina, tanana tinaha sami.
Mengkana ingkang winuwus, risang
pinenganten kalih, pan samya salin busana, sinjang cindhe dhasar wilis, samekan
jing garinenda, mawi rinumpoka adi.
Asingsim inten jumerut, mirah barleyan
sineling asengkang panata brongta, cundhik manik amantesi, pasaja satingkahira,
datan patya lamun angling.
Tuhu musthikaningayu, piturun saking
swargadi, datan kena yen cinondra, panjal mane Dewi Sri, tan sarwa patut
sedaya, samya estri lengleng brangti.
Kanjeng Pangran kang winuwus, mapan
lenggah aneng wingking, tansah ngresahi kewala, nging sadah datan ningali,
mengkana nulya binekta, miyos lalenggahan malih.
Sang retnayu bangun turut, lajeng samya
dhahar iki, risampun anulya bubar, sagung ingkang para putri, nging kantun ratu
bendara, ing kantun anenggani.
Nulya pasang kelir sampun, ing jawi
durwina sami, sagung nging putra santana tenapi kang pra Dipati, mapan samya
nenayuban, angenting kasukaneki.
Ing dalem ingkang winuwus, jeng ratu
bendara uning, mring semune kang atmaja, mesem angandika aris, wus kulup padha
asoa, mapan ingsun arsa guling.
Jeng Pangran lega tyasipun, mesem
angandika aris, nanging sang lesmining pura, esmu awrat ing tyasneki, mengkana
ratu bendara, kondur mring panepen dhingin.
Sareng kang ibu wus kondur, Jeng Pangran
angarih-arih, dhumateng sang lir supadma, nulya ing ngemban sang dewi, dyah
retna datan suwala, binekta mring tilamsari.
Sampun prapta tilamsantun, sinareken sang
retnadi, nanging tan arsa anendra, lenggah aneng tepaswangi, kasorotan dening
pandam, salira lir mas sinangling.
Jeng Pangeran ing tyasnya trenyuh, non
mring kang sawang sasi, dadya alon angandika, dhuh mas mirah ingsun gusti,
punapa tan arsa nendra, dadya prihatining ngabdi.
Bendara kawulanipun, datan nedya
anyidrani, nanging anrerah kang karsa, kalamun cidra kang ngabdi, sumongga den
tengerana, suka lamun den dukani.
Dadya nurut sang retna yu sare aneng
tilamsari, nanging ing tyas tan precaya, dadya ing ngeletan guling, pan saben
dalu mengkana, jeng ratu bandara iki,.
Nenggani pan kalih dalu, kondur Jeng
Sultan winarni, miyos dhateng Tengalarja, bekta kasukan puniki, bedhayan
kalawan beksa, enting tyas Srinarapati.
Riwusnya kondur sang prabu, Kanjeng
Pangeran winarni, langkung tyas dhateng kang garwa, nanging sang retnaning
puri, pan dereng karsa ngandika, nanging lamun kathah jalmi.
Mapan langkung bangun turut, mengkana nuju
marengi, sang retna jumeneng ika, aneng sangandhap kamuning, lan ngasta sekar
cepaka, sinjang prang rusak mantesi.
Semekanira gadhung, tinepi kadya tan
jalmi, ariri mong cindhe sekar, aneng satepining warih, balumbang ing
patamanan, Jeng Pangran ngindhik-indhiki.
Sangking wingking sang retna, mapan dahat
tan udani, jumeneng Kanjeng Pangeran wus dangu aneng ing wingking, ingkang tyas
mapan sangsaya, trenyuh denira ningali.
Mring sangdyah lesmining santun, dadya
kadumuk sang dewi, nolih pan lajeng ing ngaras, langkung wira ingkang mindha
Sri ing tyas mapan trerataban, deprok neng ngandhap kemuning.
Kanjeng Pangeran anambut, ing ngemban kang
mindha sasi, mider aneng petamanan, nging sang dyah tyas ira meksih, katongtoni
wirangira, dene dangu tan udani.
Mring kang raka rawuhipun, dadya wepanira
mijil, nulya mulat Jeng Pangeran, laun kang rayi prihatin, binekta mring
pesareyan, rinepa ing ngarih-arih.
Dhuh bendara pepujanku, punapa kang dados
rujit, kang abdi tan ngraos dosa, nging kedhik ngaget–ageti, ing mangke mapan
sumongga, dhinendha inggih ngladosi.
Nging mas mirah abdenipun, nenuhun den
andikani, neng Tegalarja wus lama, pan tansah den pitambeti, pinten banggi
pinaringan, esmu usadaning agering.
Kang abdi matur saestu, sarawuh paduka gusti,
wonten nagri Tegalarja, mapan lir upamaneki, ginanjar inten kawula, saha
lamdonya puniki.
Marma ing mangkya budinipun, bendara tan
ngraos krami, kawula mindha ngawula, rumiyin duk aningali, gusti mring warna paduka, prapta wisma lir ngemasi.
Ing mangkya pan gesang sampun, satemah den
pitambeti, mengkana sang dyah kusuma, sareng amiharsa iki, mring sebdanira kang
raka, dadya keh wirang kaeksi.
Mengkana tyasnya sang ayu, dadya ingsun
iki dhingin, kaya ana gadhang wong lanang, adol marang rupa mami, dadya adres
ingkang wespa, kang jeng Pangran aningali.
Lamun sang murtining ing rum, sangsaya
ingkang priatin, mengkana Kangjeng Pangeran, sangsaya mangarih-arih, dhuh gusti
punapa marma, kang wespa saya dres mijil.
Punapa gusti kaduwung, angabdekaken
mringkang dasih, kawula matur estunya, lamun tan ngapunten abdi, nah angger
dhateng sumongga, ing Tegalarja puniki.
Pun kakang pan amit lampus, supados
marganing pati, mengkana sang mindharetna, sareng miarsa tyasneki, kumepyur pan
lajeng sirna, sadaya kang dados runtik.
Dadya mesem ngandika rum, betah temen
lamun angling, sarwi malerok sang retna, ngendi ana wong pawestri, iya winehan
nagara, bisa temen amek ati.
Tur mongsa mantepa iku, mengko thithik
nuli salin, kaya tan weruh le danya, Kangjeng Pangeran miyarsi, mring
pangandikaning sang retna, kumepyur tyas matur aris.
Sarwi mesem ngrepeku, yektos gusti duk
rumiyin, ing mangke punapa karsa, nah angger dhateng nglampahi, tanedya malih
akrama, nging nuhun kang ngabdi gusti.
Ing sih paduka satuhu, sarwi ing ngaras
sang dewi, tangkis gelung sang kusuma, kenging pamidhanganeki, malengos sang
dyah ngandika, marmane gelema mami.
Iya gelema celathu, larangan den
pengarahi, palali ujare ika, nreracak ira andadi, Kanjeng Pangeran ngandika,
sarwi mesem ngastaweni.
Gusti sampun limrahipun, ingkang ngabdi
mapan dremi, parentah Allah tangala, mergi nurunaken wiji, premila estu awisan,
nging dasih wus den lilani.
Pan sinung wawenang sampun, kantun paduka
pribadi, nah angger kang tan kalilan, marma nenuhun kang ngabdi, mugi ta
linilanana, manjing jroning tamansari.
Lamun tan kalilan tuhu, tan wande pun
kakang mati, dinukan dhateng Hyang Sukma, ing ngutusan angsal kardi, mesem sang
retna ngandika, dhasar botoh bisa angling.
Iya sapa bisa iku, madoni wong kudu amrih,
pan sampun karsaning Sukma, panggih jodho donya akhir, sampun lejar ing
tyasira, sang retna wus asrah dhiri.
Kanjeng Pangeran andulu, mring sang dyah
wus lejar tyasning, nulya sinabut sang retna, tanpa jiwa kalihneki, wus lintu
asmaragama, ing ngemban sang mindhasari.
Pan wus karsaning Hyang Agung, panggih
jodho jalu estri, dadya sami trisnanira, tan kenging benggang sanyari, mapan
lir pendah mintuna, langkung remen kang ningali.
Aneng na kang among kayun, Kangjeng Sultan
kang winarni, pan sampun karsaning sukma, grerah celeb tan punapi, pan sampun
angsal sacondra, nanging miyos setu meksih.
Mengkana ingkang winuwus, Kanjeng Pangran
amarengi, arsa soan mring kang eyang, sampun lami grerahneki, kapethuk lawan
kang rama, Kanjeng Sultan pan marengi.
Arsa ameng-ameng iku, ningali kang
baluwerti, kang dherek nging ponakawan, Kanjeng Pangran datan uning, tinerka
dede kang rama, dadya tan wedhak sing wajik.
Tinerka kang rayi tuhu, sing tebih
katingal alit, kapethuk pal kung kaputran, Jeng Pangran kagyat ningali, wau
dhumateng kang rama, mesem Kangjeng Sri Bupati.
Lawan angandika arum, sira sengguh sapa
mami, Kangjeng Pangeran aturnya, lun seguh dhimas Dipati, dadya samya ngluhur
kuda, mesem sang nata nabda ris.
Arep mring di sira kulup, Jeng Pangran
umatur aris, ayun soan Kangjeng eyang, Jeng Sultan ngandika malih, wus kulup
sira banjura, nging nginepa aja mulih.
Sesuk seba waden esuk, aja nganti sun
timbali, kaputren sesuk metuwa, sibeng apa melu iki, Kanjeng Pangeran aturnya,
inggih tumut wonten wingking.
Kangjeng Sultan sampun laju, kur ungkuran
lampahneki, ing dalu enjing winarna, ing dinten Senen marengi, Jeng Pangran
ngantos ngandikan, utusan keparak kalih.
Nyai Amongsemiteku, lawanya isoka prapti,
ngarsanya Kangjeng Pangeran, tur sembah samya turneki, gusti paduka ngabdikan,
jeng rama dalem ngentosi.
Ngajeng-ajeng sampun dangu lenggah wonten
jamban gusti, paduka kinen lajenga, Jeng Pangran nulya lumaris, mapan datan
kekampuhan, kering nyai lurah kalih.
Miyos kaputren wus rawuh, gedhong mrerapat
kang kori, ing ngajenge gedhong jamban, Kanjeng Sultan lenggah kori, sendhean
korining jamban, sareng kang putra kaeksi.
Sampun karsaning Hyang Agung, Jeng Sultan
wespanya mijil, Kanjeng Pangeran miarsa, yen kang rama wespa mijil, ingkang
tyas lir binethota, nging tanbuh kang dados galih.
Dadya tumut mijil iku, ingkang wepa
kalihneki, Jeng Sultan lan Jeng Pangeran, mengkana lurah kekalih, kelajeng
tumut karuna, sareng mirsa gustineki.
Kekalih samya tyasipun, mengkana pitulung
Widi, kalih ical kang sungkawa, emut mring purbaning Widi, manungsa yen nora
bakal, Jeng Sultan ngandika aris.
Kulup sun undang sireku, sun iki lara
sayekti, nanging tanora ngopaha, iya ing rasaning sakit, nanging tyas sun wus
karasa, kaya na karsaning Widi.
Ing wuri wus pasrah ingsun, mongsa bodhoa
sireki, kabeh adhi adhinira, ing mengko dhingin sayekti, ingsun ta ningali
liyan, nanging sira anak mami.
Sampun karsaning Hyang Ngagung, Jeng
Pangran lomba tyasneki, datan nyana lamun arsa, nenggih tinilar tumuli, wau
dhumateng kang rama, mengkana atur ireki.
Nanging pangestu pukulun, rumiyin dalah
samangkin, tan wonten ingkang suwala, dhumateng prentah bayekti, Kanjeng Sultan
angandika, ya kulup pracaya mami.
Lah ta wis muliha kulup, metuwa ing kene
becik, iya jroning prabayeksa, pelataran akeh kaki, sagung wongkang padha seba,
sun pirsa wus akeh prapti.
Sira tan basahan iku, pan saru yen akeh
uning, ingsun arsa nemonana, mring sagunging bocah Bupati, wis kulup sira
muliha, Jeng Pangran lengser sing ngarsi.
Prapta ing keraton sampun, ngarsanya kang
eyang malih jeng ratu ageng atanya, den undang apa sireki, kulup marang
ramanira, Jeng Pangraan umatur aris.
Nanging datan weca tuhu, menawa kang eyang
prihatin, sawab sawek nandhang grerah, sanget tan saged lumaris, lan malih wus
sepuh marma, Jeng Pangran watosing galih.
Sampun lami grerahipun, mengkana
aturireki, mapan tan wonten punapa, nging kangen timbalaneki, nulya pamit mring
kang eyang, kondur mrig tegalarjeki.
Lawan sang retnaning ayu, tan kenging
bengggang sanyari, langkung dening sih-sinihan, mengkana ingkang winarni, mapan
wus karsaning sukma, Kanjeng Sultan prapteng jangji.
Nanging elet kalih dalu, lawan genira
mameling, wau dhumateng kang putra, ing dinten Kemis marengi, paing nenggih
pasaranya, kondur mring rahmatollahi.
Langkung oreg ngayojeku, surudnya
Srinarapati, sab sagung kagyat samya, tan wonten nyana sayekti, Kanjeng Sultan
tilar donya, kondur marang ngalam gaib.
Residhen garnam kelangkung, wau genira
anangis, meksih enggal langkung cuwa, dhumateng Srinarapati, genira ngladosi
ika, sinare jimat tan nunggil.
Kalawan kang eyang iku, Kanjeng Sultan
Ngayogya di, ingkang Jumeneng sapisan, mengkana Pangran Dipati, datan pisah lan
kang raka, jeng Pangran Dipanegari.
Anulya bicanten sampun, jumeneng Pangran
Dipati, nanging mawi winakilan, Pangran mangkualam iki, wus tentrem nagri
Ngayogya, jeng Pangran wus kondur nuli.
Mring Tegalarja pan sampun mengkana ing
lamilami, Jeng Sultan sampun diwasa, supit mapan nulya krami, duk supit kang
mangku iya, minester Garnam pribadi.
Kang raka Jeng Pangeran iku, kang nutupi
netraneki, duk krama marengi ika, Jankrerapet dados malih, neng masjid ageng
ningkahnya, pan angsal tilaraneki.
Raden Dipati puniku, kang seda kedhaton
dhingin, ratu angger kang atmaja, mapan sampun nama iki, tanenggih ratu
kancana, jeng ratu kancana ngalih.
Mapan nama ratu ibu, sabab ratu ageng
meksih, jeng ratu ageng tinarna, sampun karsaning Hyang Widi, sareng surud
ingkang putra, grerah nya waluya sami.
Dadya panjang yuswanipun, amomong kang
wayah iki, mengkana kang parentahan, sampun ing ngaturken malih, wa dhumateng
Jeng Sultan, Pangran Mangkualam iki.
Mapan sampun kendel iku, genira dados
wewakil, kathah kesturi Ngayogya, nanging tan dados punapi, Jeng Pangran
Dipanagara, dadya langkung sekelneki.
Kanjeng Sultan kang winuwus, ingkang
cinela keniki, Raden Dipati Danurja, lan Raden Wiranegari, Rahaden
Pringgadiningrat, mapan sampun angemasi.
Sampun karsaning Hyang Agung, asanget
maksiyatneki, nanging yen wonten kang raka, Kanjeng Sultan meksih ajrih,
Inggris wus salin Welonda, residhen nausna meki.
Karemanya mangan nginum, lan Arja cara
Welandi, nadyan kang putra santana, ingkang nganem-anem sami, pan sampun katut
sedaya, batal karam wus tan olih.
Mengkana karya kolektur, nanging tan atur
upeksi, mring Pangran Dipanagara, dene kang kinarya gajih, amundhuti artanira,
marang sagung wong sanagri.
Dene karyanya kolektur, ajaga Raden
Dipati, pan sampun rembag sadaya, minister Kaus ngidini, lawan anuwun
pratondha, ecap Jeng Sultan pribadi.
Pan sampun pinaring iku, mengkana ingkang
winarni, sagung kang putra santana, ingkang sepuh sepuh sami, tanapi sagung
Dipatya, Ngayogya pan susah sami.
Mapan rembag samya matur, mring Pangran
Dipanagari, mengkana Kanjeng Pangeran, langkung kagyat ing tyasneki, nulya
tedhak mring Ngayogya, ing kedhaton sampun prapti.
Lajeng panggih lan kang ibu, Jeng Pangran
atanya aris, punika wonten pakarya, dene tan aparing uning, ibu dhumateng
kawula, karya susah wong sanagri.
Jeng ratu ibu lingnya rum, kawula pan
datan uning, dadosing rembag punika, kula tanya sampun werti, inggih dhateng
jengandika, jeng Pangran atanya aris.
Sultan neng pundi genipun, jeng ratu ibu
nabda ris, wonten bangsal panggung ika, Kangjeng Pangran nusul nuli, panggih
kalawan Jeng Sultan, Jeng Pangran ngandika aris.
Sultan marma prapta ingsun, ayun tanya
mring sireki, pan ingsun angrungu warta, sira karya kolektur iki, iku apa
karyanira, Kangjeng Sultan matur aris.
Danurja kang gadhah rembug, lawan pun
Wiranegari, sabab kirang kang kengkenan, dene karyanipun malih, anglempaken
sagung arta, pacumpleng punika sami.
Kalih kula tanya sampun ngaturi uninga
ugi, inggih dhumateng paduka, werti yen sampun marengi, Jeng Pangeran
angandika, iku pasthi goroh yekti.
Sultan yen sira nora wruh, iku tapa ngrasa
mami, liwat lakuning durjana, tan wurung karya ku pesthi, iya marang kasusahan,
ing besuk wekasaneki.
Marang wong cilik ku besuk, lan apa pangane
iki, kolektur pira cacahnya, lawan padinane iki, ing ngendi pasebanira, Srinata
umatur aris.
PUPUH XIX
SRINATA (DHANDHANGGULA)
Tedhenipun mapan ngiras, sawidak tiyang
satunggil lurahipun kalih belah, cacah tiyang kawandesi, mapan langkung
kekalih, lurah kang kalih puniku, pasowanya sadaya, wonten kang danurjan sami,
lamun telas gandhek punika tambelnya.
Karyanipun saben mongsa, medal mring
dhusun pan sami, mundhut pacumpleng punika, Kanjeng Pangran dikanya ris, sarwi
mesem puniki, wus talidok ujar ingsun, mengkono maneh Sultan, yen ora nguruka
bumi, gunung iku bae suku rangkep ingwang.
Duk dhingin su(wa)rgi jeng rama, gunung
wus sun suwun iki, ilange kabeh ku iya, dene dadi susahneki, sagung wong
cilik-cilik, kang sun karya ganti iku, suku bae lan uwang, dhuwit bandar kabeh
iki, wis sun duga turah pan mongsa kuranga.
Dene kang parentah desa, muliha kaya kang
dhingin, duk swargi eyang buyut ika, Kanjeng rama wus nglilani, nanging
semadosneki, angigentoni sataun, kinarya isi ika, sabauwang pura enting, durung
nganti Kangjeng rama selak seda.
Ing mengko iki ta sira, malah rep sira
wuwuhi, sagung susahing wong desa, lah kaya apa sireki, Jeng Sultan matur aris,
sampun kelajeng puniku, cap kawula punika, sampun kinarya ngecapi, kang nuwala
badhe parentah mring desa.
Lah Sultan sira jabela, yen durung
kebanjur iki, undangen Wiranagara, Kanjeng Sultan anulya glis, putusan
animbali, Raden mayor prapta sampun, Kanjeng Sultan ngandika, mayor kaya apa
iki, tuturira dhingin wus atur uninga.
Mring kang mas pan wus kalilan, mangko
ingsun den dukani, tumungkul Wiranegara, tan saged matura iki, nulya ngandika
malih, ing mengko layang sun pundhut, kolektur wus wurunga, Wiranagara turneki,
kula ajrih sampun kelajeng nuwala.
Wonten residhen punika, kewedan Jeng
Sultan iki, dadya kendel tan ngandika, Jeng Pangran bendu tyasneki,
ngandikaning kang rayi, wus Sultan pilihen ingsun, iki nanging wong juga, lan loro
kapilih endi, lamun sira amilih kang loro iya.
Wus layang sira banjurna, lamun sira milih
mami, jaluken nuwalanira, dene residhen ku ugi, lamun asrengen iki, aja sira
melu melu, yen milih loro sira, iya Sultan luwih becik, nanging ingsun wus tan
melu melu ika.
Umatur Wiranegara, kados pundi nggen
mangsuli, mungel wonten kitap ugi, nasi kang talmulukki, yen ratu ngandika
sampun, tan kenging mangsulana, Kangjeng Pangeran miyarsi, mring ature
tumengggung Wiranagara.
Dadya medal dukanira, jinewer kupingnya kalih,
dhinupak asru ngandika, eh ya mukidinsireki, Jawane memurukki, pan kitap kang
sira ampung, sireku luwih bisa, wong kabeh tan ana uning, ala becik ingkang
weruh nanging sira.
Kanjeng Pangeran ngandika, Sultan sun
tanya sayekti, sira paja Raden nyata, sapa ingkang duwe pikir, lamun sira
pribadi, iku atas lo ilahpul, lamun rembug wong liya, mesthi kena den owahi,
iku setan Sultan ingsun nora lila.
Kanjeng Sultan ris aturnya, pan saking
tiyang kekalih, Danurja Wiranagara, lawan kula pitaneni, pan sampun matur ugi,
dhateng paduka satuhu, mila kula precaya, lajeng kawula ngidini, pan tumungkul
Tumenggung Wiranagara.
Kanjeng Pangran angandika, iku wus tetela
yekti, lamun setan angrencana, pan kitab karya ling aling, jeng Sultan ngandika
ris, lah matur ramaning iku, mayor marang kakang mas, lamun sira maksih wani,
babing kitab ingsun arsa mirsakena.
Den Mayor Wiranegara, tan saged matura
malih, Kanjeng Sultan angandika, wus sida sun pundhut iki, wurung kolektur
dadi, wus sira metuwa iku, Mayor Wiranegara, tur sembah lengser sing ngarsi,
Kanjeng Sultan umatur dhateng kang raka.
Suwawi kondur kakangmas, dhahar kedhaton
rumiyin, alih tan sareng lumampah, lenggah, wonten gedhong kuning, jeng ratu
ibu prapti, lan jeng ratukencaneku, lajeng amundhut dhahar, Nyai Riya kang
ngladosi, Kanjeng ratu ibu aris atetanya.
Paran Sultan dadinira, prekara kolektur
iki, Kanjeng Sultan aturira, inggih tamtu boten dadi, jeng ratu mesem angling,
Sultan sun pajar satuhu, ingkang duwe negara, ing Ngayogya iki yekti, raka dika
Pangeran Dipanagara.
Mapan sun wus dhinawuhan mring rama dika
ing nguni, duk meksih kadipatenya, mengkene timbalaneki, dena yu sun pajari, ja
ngarep-arep anakmu, ingkang dadi tyas ingwang, nakingsun kang tuwa yekti, atur
kula mring rama dika sumongga.
Esmu lingsem Kangjeng Sultan, sabab kathah
tiyang uning, mengkana ing ngaturira, sampun napa duka wreti, kulasampun udani,
Kangjeng rama welingipun inggih dhateng kawula, Jeng Pangran mesem nabda ris,
ibu ratu pan kados lare paduka.
Ngandika wados punika, pan katah tiyang
udani, mesem jeng ratu kancana, ris sampunira dumugi, dhahar anulya pamit,
Kangjeng Pangeran wus kondur, dhumateng Tegalarja, mengkana mapan wus lami,
Kanjeng ratu ageng grerah sanget ika.
Anuju ing wulan Ramlan, sagung putra wayah
sami, tugur kreraton sadaya, anapi kang pra ngulami, kipangulu ngaturi, jukah
siyam Kangjeng ratu, nanging mesa tanarsa, kadya wus sinedya galih, sareng
ngajengaken bakda supe nulya.
Jeng Sultan matur kang raka, kados pundi
benjing enjing, prekawis grebeg punika, Kangjeng Pangran ngandika ris, aja sira
ngowahi, ya dene ingkang atunggu, Kanjeng Eyang ingsun uga, lan bu ratu
bendareki, ratu angger kabeh padha garebega.
Ki Mangkubumi sampeyan, gih sowana benjing
enjing, Kangjeng Sultan ris aturnya, bilih kula tan menangi, Jeng Pangran
ngandika ris walahualam ing sesuk, nanging panduganingwang, Kangjeng ya kaya
ngenteni, mrig pepake kang putra wayah iki iya.
Mengkana pan kalampahan, sampun karsaning
Hyang Widi, Kangjeng ratu surudira, sampun bakda grebek iki, putra wayah wus
prapti, tenapi kyai pangulu, myang sagung pra ngulama, mapan sampun pepak sami,
sinareken jimatan tunggil kang putra.
Riwus kawandasa dina, jeng ratu ibu
gumanti, ratu ageng namanira, dalemira kang ngenggoni, jeng ratu bendareki,
mengkana ingkang winuwus, ri sampun nira lama, wonten cobaning negari, pan
kreraman anama Sinduratmeja.
Mapan ngembani punika, Pangeran
dipasaneki, Kanjeng Pangran wus uninga, wawreta saking wong desi, nanging
maiben yekti, dene langkung boten rukun, Pangeran Dipasana, rehpot jompo lawan
alit, lan kelangkung kang manah remen maksiyat.
Nanging ragi grerah manah, duk kala timur
ireki, marma datan linegewa, mengkana nuju marengi, Kanjeng Pangran nimbali,
abdi kinen maos iku, nama suk batu liman, lawan Muhammad Bunari, kitab
Nasikatul muluk kang winaca.
Lenggah bale sawuh ika, paseban sela
rejeki, tan pantara nulya ana, utusan saking kang rayi, Jeng Sultan atur uning,
anenggih ingkang ing ngutus, Raden Sasrawiraga, lan Sasrabau tur bekti, pan
kawula gusti ngutus Srinarendra.
Kinen ngaturi uninga, dhumateng paduka
gusti, ing Kedhu wonten pakarya, kretaman ageng kang baris, dhusun bendha
geneki, Sinduratmeja nameku, estri ingkang satunggal, sampun mejahi Welandi,
Jeng Pangeran mesem aris angandika.
Lah iya Sasrawirana, Sultan apa wus
bantoni, aturnya Sasrawirana, inggih sasampun kang lumaris, Raden mayor
pribadi, lan Raden Ritmester iku, bekta sakancanira, sareng akatipun sami, lan
residhen nausa dinten punika.
Iya wis sasrawirana, sira amulih adhingin,
ing mengko ingsun pan arsa, marang kedhaton pribadi, lawan ayun udani,
Adinagara memantu, nulya Sasrawirana, tur sembah lengser sing ngarsi, Kanjeng
Pangran tan pantara nulya tedhak.
Prapta kedhaton wus panggya Jeng Pangran
lawan kang rayi, Jeng Sultan matur niskara, Jeng Pangran mesem nabda ris, ya
wus ingsun udani, ingkang karya reka iku, lamun residhen prapta, Eyang Dipasana
den aglis, wenehena yaiku kang gawe gendra.
Wus laju Kangjeng Pangeran, mring
Adinagaran prapti, Pangeran Adinegara, meh wande mementu iki, Kangjeng Pangran
nabda ris, wis tutugna amemantu, antawis tigang dina, residhen Naus wus prapti,
tur uninga lamun kraman Kedhu bubar.
Nulya Pangran Dipasana, cinepeng binuwang
nuli, wau dhumateng ing sabrang, mengkana ing lami-lami, saya kathah seturi,
nagari Ngayogya iku, nanging datan punapa, Jeng Pangran langkung prihatin,
datan kondur neng Selaraja kewala.
Jeng Sultan ingkang winarna, yen marengi
kangen iki, wau dhumateng kang raka, nusul mring Selarejeki, mengkana amarengi,
Kanjeng Sultan prapta iku, kangen dhateng kang raka, Kangjeng Pangeran marengi,
lenggah aneng kulah mileh ingkang tigan.
Klangenan ulam wader bang, munggeng sela
gilang iki, Kangjeng Sultan nulya prapta, pan lajeng tumut milihi, kang dherek
Pangran kalih, samya kang raka puniku, Pangeran Suryabrongta, lawan
Suryawijayeki, Kanjeng Pangran sampun karsaning Hyang Suksma.
Ingkang tyas langkung pracaya, wau
dhumateng kang rayi, Kangjeng Pangeran ngandika, payo Sultan padha ngalih,
lungguh ing gedhong iki, Kangjeng Sultan dherek sampun, lawan kalih kang raka,
Pangran Suryabrongta iki, pan kalawan Pangeran Suryawijaya.
Kangjeng Pangeran ngandika, sarya mesem
mring kang rayi, Sultan sun pajari sira, sakehe ingkang prejangji, duk dhingin
alam Inggris, mapan meksih ana ingsun, kedhaton nora nana, nging kontrak kang
ana iki, lan prejangji pametune kang nagara.
Dene sakeh pepanggreran, meksih ana kene
yekti, kang dadi watir tyas ingwang, manawa ingsun ngemasi, apa dene sireki,
nora wurung iku besuk, mapan dadi brewala, nakira lan anak mami, lamun nora
nana pitulung Hyang Suksma.
Dene mengko karsaningwang, layang sun
weneh ken iki, Sultan iya marang sira, nanging ingsun Sultan titip, mring sakeh
anakireki, kelamun ngemasi ingsun, Sultan mongsa bodhoha, Jeng Sultan
aturireki, pan sandika Kangjeng Pangeran ngandika.
Mring Pangeran Suryabrongta, lawan
Suryawijayeki, sira karo lumakuwa, suwunen layang prejangji, marang
bakyunireki, tur sembah kalih wus mundur, saking ngarsa kang raka, tan pantara
nulya prapti, ingkang surat wus katur marang kang raka.
Tinampan nulya ngandika, ya Sultan
wruhanireki, layang iki ingkang nyerat, pan Jendral Raples pribadi, kang sisih
Jawa iki, Cadiningrat nulis iku, wis nya sira gawaha, nanging poma wekas mami,
pan mung iku kang dadi watir tyas ingwang.
Jeng Sultan matur sandika, kelangkung
panuwun iki, nulya pinaring kang surat, Kanjeng Sultan gya nampani, langkung
suka tyasneki, Jeng Sultan nulya minto kondur, mapan sampun kalilan, mundur
sing Selarejeki, ingkang serat mapan binekta priyongga.
Datan winarna ing marga, kedhaton pan
sampun prapti, pan sampun karsaning suksma, Kanjeng Sultan datan lami, saking
geng rencaneki, setan kang sami bebidhung, kang serat ing ngaturan, basmi pan
datan prayogi, yen teksiha menawi bilih menawa.
Kadya wus tekdiring suksma, Jeng Sultan
gampil nuruti, mring atur ingkang tan yoga, mengkana surat binesmi, sampun
karsa Hyang Widi, tan lami Jeng Sultan iku, lawan antaranira, genira ambesmi
tulis, prapteng jangji Kangjeng Sultan lajeng seda.
Mapan datan mawi marga, ing grerah saking
sakedhik, tan kendel genya pesiyar, nanging ingkang dadya margi, dhahar tur
aturneki, Raden Dipati puniku, pan lagya ngunjuk jangan, sareng konjuk pan cumekik, sareng dhawah Jeng
Sultan pan lajeng seda.
Salira abuh sekala, langkung geger
Ngayojeki, pan samya kaget sedaya, ingkang raka sampun prapti, nanging datan
menangi, lan putra santana sagung, jalu estri pepekan, lir grerah swaraning
tangis, saking gunge pawestri sajroning pura.
Tanapi sagung punggawa, mapan sampun pepak
sami, ki pangulu sakancanya, mapan nuhun den sirami, tan suka suket aris, abu
ken ngentosi iku mapan lagya utusan, nusuli sidhenireki, kang marengi Baron
selus namanira.
Pan lagya kesah mring Sala, ingkang kinen
angenteni, lagya jinujul punika, Jeng Pangran welas ningali, mring layon ingkang
rayi, nulya pineksa puniku, pan kinen nyiram ana, anulya dipun sirami, ring
sampunnya sinareken Prabayeksa.
Sadinten sadalu ika, taron Baronselus
dereng prapti, sareng enjing tinabela, suketaris tan suka malih, nanging
pineksa malih, mring Kangjeng Pangeran iku, sampunnya tinabela, tinengga neng
bangsal sami, Baron selus jam sawelas praptinira.
Pan lajeng kinen ngangkatna, jeng ratu
ageng puniki, langkung sanget panuwunnya, ing ngaturan datan kenging, ngantos
kaku tyasneki, Baron Seilus puniku, mapan kekanthen asta, lan Pangran
Dipanagari, prapta ngalun alun kidul wangsul samya.
Sedaya wus prapteng pura, ingkang datan
dherek sami, sagung kang putra santana, residhen Selus nebda ris, Pangran
Dipanagari, sampeyan bok sampun kondur, lajeng ngatengga pura, Kanjeng Pangran
ngandika ris, nora gelem sun mulih bareng lan sira.
Pan suketaris kewala, lan sidene iku
becik, kariya atunggu pura, lawan Kyai Mangkubumi, Baron Selus nuruti, mapan
samya bubar sampun, sagung putra santana, kang tugur nanging Bupati, Kangjeng
Pangran wus kondur mring Tegalarja.
Ingkang dherek mring jimatan, sedaya pan
sampun prapti, sinarekaken Jeng Sultan, pesereyan enggal dadi, tan tunggilkang
rameki, mengkana ingkang winuwus, Jeng Sultan tilar putra, pan songa
kathahireki, kang winarna nanging kang jaluk kewala.
Den Mas Manol namanira, sawek yuswa tigang
warsi, nangis sampun pinaringan, nama Pangeran Dipati, mengkana ngantos lami,
mapan dereng dadi iku, den mas Gathot arinya, den Mas Mursada puniki, den Mas
Mangun kang jalu sekawanira.
Ingkang putri mapan gangsal, mengkana
ingkang winarni, Jeng Pangran Dipanagara, mapan asring den aturi, ing residhen
mring loji, nanging awis karsanipun, lawan malih menawa, risidhen mring kenya
puri, ing ngaturan Kangjeng Pangran awis kersa.
Lawan Sritiniti ika, mring risidhen
yuswaneki, kalamun marengi karsa, ing ngaturan dhateng ngloji, langkung
risidhen iki, genira met galihipun, lan asring ing ngaturan, lenggahan sami
pribadi, pan residhen ingkang ngladosi priyongga.
Mabarang kang dinangua, Baroselus aturneki,
Tegalarja Selaraja, Kangjeng Pangran Mangkubumi, grahita jroning galih,
mangkana pan tedhak iku, dhumateng Tegalarja, apan sampun ape panggih, lan kang
putra neng jro gedhong Selaraja.
Kangjeng Pangran angandika, kulup tan
kaduga mami, Baronselus karepira, banget kayuyunireki, kulup marang sireki,
kaya na atine iku, ngenteni karepira, menawa dhangan sireki, sun celathu
Kangjeng Pangeran ngandika.
Sampun gemampil paduka, pan kawula lumuh yekti,
kalamun mergi punika, puruna sampun rumiyin, mongsa kaselana ugi, inggih
dhumateng pun bagus, Kangjeng Pangran ngandika, wau dhumateng kang siwi, paran
kulup banget temen water ingwang.
Iya manawa kaliya, kaya paran polah mami,
Kangjeng Pangeran aturnya, sarwi mesem sokur iki, lamun purun ngowahi, kyai
maring jangjenipun, aluwung mekatena, boten angewed-ewedi, pan kawula
anglindhung purbaning suksma.
Sampun kondur Jeng Pangeran wetara let
pitung ngari, den Mas Menol pan ing ngangkat, jumeneng mapan gentosi, mring
ingkang rama swargi, nanging mawi wakil iku, anenggih kang kinarya Kanjeng
Pangeran Mangkubumi, pan kelawan Kanjeng Pangeran punika.
Ariya Dipanagara, lawan ratu kencaneki,
ratu ageng sekawanya, Jeng Pangran luluh kepati, nanging pineksa iki, dadya
sanget lingsemipun, tan saged mulat jalma, ngantos tugel pocotneki, ingkang
kepuh genira nitih kareta.
Datan katolih kapidak, suketaris ingkang
nganthi, anglir seda asekala, pan sampun prapta ing ngloji, kontrak winaos
nuli, den Mas Menol sambatipun, kajeng pamuhunya, nanging emoh gemang wedi,
nanging meksa risidhen pengangkatira.
Lan ratu ageng kang meksa, risampun kondur
tumuli, lenggah setinggil sakedhap, lajeng mring kedhaton sami, lenggah bangsal
puniki, Baronselus mapan asung, kang surat prejangjeyan, Kanjeng Pangeran
tanapti, kinen maos kewala sagah tan bisa.
Tinedhenan tondha asta, ngandika tan bisa
nulis, tinedha ing kapratondha nora gawa ecap mami, Pangran Mangkualam iki,
mesem karasa tyasipun, Pangran Dipanagara, dadya saya lingsem neki, pan rumaos
lamun ing ngesem-eseman.
Dadya mabara pakarya, Kanjeng Pangran
Mangkubumi, ingkang nadhahi sadaya, risidhen narima iki, riwus abubar sami,
mengkana ingkang winuwus, Pangran Dipanagara, kondur mring Tegalarjeki,
sapraptanya langkung denira sungkawa.
Nanging kagagas lingsemnya dene nora katon
jalmi, kinarya wakiling bocah, bok iya nganggo tinari, pinadhaken sun iki, lir
wong ngempek-empek iku, dol gawe luru pangan nora kaya awak mami, kudu temen
delap urip ana donya.
Kelangkung rempu tyasira, Jeng Pangran
Dipanagari, lajeng manjing pesarehan, panedya anganyut urip, wus nir sagung
kaeksi, saking sanget wirangipun, mengkana sang dyah retna, kumepyur tyas
aningali, mring kang raka ingkang tyas pan tan kaduga.
Dene langkung sekelira, apa kang dadi
wiyadi, mengkana sangdyah kusuma, tan eca raosing galih dadya anusul nuli, sang
retna tri tilam arum, tumingal mring kang raka, yen arsa angenyut urip, sang
lir retna nyungkemi medal kang wespa.
Pegat-pegat angendika, kang mas nora bisa
kari, sarwi nungkemi prenaja, ngur ingsun matiya dhingin, paran sun lamun kari,
sampun karsaning Hyang Agung, Jeng Pangran tingalira, mantuk mring bongsa
riyahi, duk miarsa sesambate sang kusuma.
Dadya ucul tingalira, sang retna sinambut
ririh, pinangku sang lir supadma, kelawan ngandika aris, wus ta kendela gusti,
wurung mati abdenipun, sang dyah aris turira, punapa kang dados rujit, dene
kantos padu karsa tilar donya.
Kanjeng Pangeran ngandika, mas mirah gusti
wong kuning, sesotyaning tanah Jawa, pun kakang pajar sayekti, langkung wiranga
urip, aneng ing donya wakingsun, dene tan pedah jalma, kinarya wakil bebayi,
nora montra kelamun katon manungsa.
Den bebungah lir wong corah, dene liwat
mejanani, kelamun ingsun gelema, dadya ratu pan wus dhingin, mengko kinarya
wakil, dene liwat nistha iku, abanget ingsun wirang, den runggah ken emban
mami, dadya mesem sang retna aris turira.
Nuwuna punten kawula, den ageng dhumateng
abdi, mokal paduka kilapa, menggah utamaning margi, kang dhateng ngalam gaib,
datan mekaten pukulun, pan rumiyin paduka, ngandika margi utami, pan kawula
teksih emut sapunika.
Mapan kawula tanedya kelamun kantuna
yekti, dhateng ngalam kelanggengan, kawula nuhun rumiyin, tan sageda ningali,
kelamun kantun saestu, inggih dhateng paduka, kawula sampun sayekti, anenuwun
dhateng rabilngalamin.
Lawan pangestu paduka, supangat andika
nabi, Muhamatdinil Mustapa, benjing prapta ngalam suci, kawula kang rumiyin,
lawaning margi puniku, utami ingkang wiyar, lawan gumantung ing tekdir, kang
kasesalan sabar mongsa sanesa.
Nanging kantun sautama, kang sabar punika
ugi, mapan kathah cariyosnya, lan mindhak ngamalnya yekti, yen kaleresan ugi,
lawan pitulung Hyang Agung, mapan kawula nedya, ing ngawal dhumateng ngakhir,
anyenyethi inggih dhumateng paduka.
Paduka yun nyupet karsa, tan rila kukuming
Widi, pananggih mongsa wandeya, nanging kantun sautami, sakit wiring donyaki,
yen tan ewah niyatipun, dados ngamal sedaya, mertantu cobaning Widi, pan sedaya
sih nugrahaning suksma.
Mapan kawula punika, marma purun matur
yekti, rumiyin saking paduka, inggih ingkang amejangi, nuhun lumangkung ugi,
bilih kasupen pukulun, Kangjeng Pangran duk mirsa, marang ature kang rayi,
dadya mesem lir sinapu sungkawanya.
Sang retna sinambut nulya, Kanjeng
Pangeran nebda ris, dhuh mas mirah ku bendara, kang mindha inten ing ngukir,
piturun saking swargi, nugrahanira Hyang Agung, musthikaning wanodya, satanah
Jawa puniki, tanbuh tanbuh nah angger sun rasakena.
Sayekti yen bener sira, banget kasupen
kang ngabdi, kang iman upama surya, ati upama lir langit, coba rencana iki,
mapan anglir mega mendhung, kang jasmaniku dewa, anglir upamane bumi, iya lamun
nora katibanan udan.
Paran margane thukula, sagung wiji kang
neng bumi, pan ngamal becik bendara, yeku upamane wiji, marma ingkang jasmani,
bisa ngumpul imanipun, lan ati katelunya, iku wutuh dadi siji, iya dene sababe
ingkang panrima.
Tegese ingkang panrima, cukule sakeh ing
wiji, lamun nora mengkonoa, tanpa pedah wong ngaurip, wong aneng ing donyaki,
mas mirah kang utameku, kang gedhe cobanira, nging lawan nugrahan jati, yen
kuwawa yeku kekasih Hyang Suksma.
Kelamun nora kuwawa, kang wiji bosok
upami, pan datan tuwuh sadaya, dadi tuna wong ngaurip, angur duk kala bayi,
matiya wus datan ketung, nah angger kang utama, papat dadiya sawiji, ngamal
ngelmu ngalmimaklum mapan nunggal.
Panuju ingsun bendara, ana nugrahan Hyang
Widi, ilang coba teka sira, meh kelalen ingsun gusti, enengna wus tan winarni,
Ngayogya ingkang winuwus, Kanjeng Pangeran ika, Mangkubumi mapan meksih, pan
pinerdi menggah capira kang putra.
Baronselus tanarima, mring cap kang tiga
sami, kedah nedha jangkepira, sekawan meksih angudi, mengkana ujarneki, najan
tan anaha iku, ingkang telu ku iya, yen ana ingkang sawiji, iku bae Pangeran
Dipanagara.
Dene kang tetelu ika, mapan ya minongka
saksi, lamun nora nana ika, iya cap ingkang sawiji, mapan tan kena manjing,
kang dhuwit bandar sedarum, pasthi tan aweh ingwang, dadya Pangran Mangkubumi,
pan ginubel dhateng wong gedhe titiga.
Sabab tan saged balonja, dadya Pangran
Mangkubumi, tedhak marang Tegalarja, mengkana ingkang winarni, Jeng Pangeran
amarengi, lenggah aneng bale kencur, pan lagya kinen maca, Arjunawijaya iki,
pan kinarya anglipur rujiting driya.
Ingkang abdi kalihira, Raden
Wiryadikrameki, kang sawiji namanira, Mas Astrawinangun iki, Jeng Pangran
Mangkubumi sareng rawuh lajeng nusul, dhumateng Selaraja, panggih lalenggahan
sami, balekencu Kangjeng Pangran angandika.
Kulup marma ingsun prapta, atutur susah
ing nagri, dhuwit bandar nora kena, sun jaluk lan bakyu iki, lawan adhinireki,
ratu kancana captelu, kudu jaluk capira, malah ingsun den srengeni, mring
residhen paran mengko karepira.
Jeng Pangran Dipanagara, esmu duka jroning
galih, marma rumiyin kawula, tan purun dados wewakil, kadya buruh upami, awade
ing nama tuhu, selamenipun dadya, pan dereng kawula kardi, angecapi nanging
sawek kaping tiga.
Punika pan raja pejah, Kangjeng Pangran
Mangkubumi, mapan aris angandika, kaya paran polahneki, sanak sanakireki, pa
dene prajurit iku, ingkang padha belanjan, pasthi padha susah iki, lamun nora
dhuwit bandar malebuwa.
Jeng Pangeran Dipanagara, langkung kewran
ing tyasneki, mengkana lajeng anemah, marang kawirangan yekti, nanging geseng
tyasneki, mesem angandika arum, kyai mapan sumongga, nanging kawula aseksi, cap
punika mapan lajeng kula bucal.
Dados sampun mantun nama, kawula
Dipanagari, Ngabdulkamit nama kula, Kanjeng Pangran Mangkubumi, ngandika esmu
ajrih, ya kulup karsanireku, sapa wani malanga, pinundhut ecap wus prapti,
lajeng ngaturaken dhumateng kang rama.
Kangdjeng Pangeran ngandika, meling punika
kiyai, kalamun prakawis arta, sampun mawi kula malih, Jeng Pangran Mangkubumi,
mapan angandika arum, ya kulup sun kaduga, yen ana pretondha iki, nulya pamit
kondur pan wus tan winarna.
Kangjeng Pangeran tyasira, sang saya
gesengireki, kinarya anglipur tedhak, marang daleme kang rayi, Pangran
Suryabrongteki, anyuwitaken putranipun, jenengi Kangjeng Pangran, lajeng anyare
sawengi, mapan lenggah petamanan ASuryabrangtan.
Lan sagung pra putri samya, sedalu tan
arsa guling, meng-amengan catur ika, lawan kang eyang ngladosi, Raden ayu
puniki, danuku, suma kang sepuh, enjing kundur Jeng Pangran, dhumateng
Tegalarjeki, sang dyah retna amethuk wonten teratag.
Sinambut sang lir purnama, binekta mring
tilamsari, Kangjeng Pangran lajeng nendra, supe salat dhahar iki, sadinten
ngantos latri, ajrih mungu sang retna yu, nging tinengga kewala, wancinira
tengah wengi, nulya dhawah tedhak bindunira Hyang Suksma.
Ardi Mrapi murub ika, anglir sundhul ing
wiyati, kadya kebyukan Ngayogya, kang ngakasa kadi geni, kang suwara gegirisi,
gemleger lawan gumludhug, brama pating pancurat, kelangkung geger pan sami,
ting kudhandhang ngupados pangungsen samya.
PUPUH XX
DHANDHANGGULA
Tanbuh tanbuh kang samya den ungsi, ing
ngawiyat langkung petengira, mengkana kang winiraos, Jeng Pangran dereng wungu,
langkung eca denira guling, sang retna pan kewedan, esmu maras iku, menawi
tinilar seda, mring kang raka arsa mungu langkung ajrih, pan tinengga kewala.
Sang kusuma mengkana tyasneki, mespaosken
dhumateng kang raka, lamun lajeng seda mangko, nging nyipta bela iku, tuhu
lamun tan nedya kari, mengkana kang winarna, sang retnaning ayu, mapan kagungan
parekan, langkung denya sembrana tan pirsa ngajrih, bok buwang namanira.
Langkung ajrih ningali wiyati, lawan swara
tanbuh polahira, dadya jerit jerit mangko, lawan parekanan agung, gustenira
kalihan sami, meksih aneng jro tilam, mengkana winuwus, Kangjeng Pangran duk
miarsa, mring suwara parekan pating jalerit, kagyat wungu tumulya.
Aningali sang lesmining puri, lenggah
dagan Jeng Pangran atanya, ana apa nah ing ngangge, sang dyah aris umatur, tan
uninga kawula yekti, pan dereng medal medal, Jeng Pangran nulyaku, miyos
akekanthen asta, lan sang retna pelataran sampun prapti, ningali ing gegana.
Lamun ardi ingkang murub iki, lawan
obahira kang buntala, mesem Jeng Pangran duk anon, kalawan aturipun, sagung
para parekan sami, mapan awerna-werna, mengkana nulyeku, Jeng Pangran nambut
sang retna, pan binekta wangsul marang tilam sami, dumugeken kang karsa.
Riwus sira Jeng Pangran nulya mit, mring
sang retna kondur Selaraja, mengkana kang winiraos, ing Ngayogya puniku, pan
kelangkung gegerireki, jeng ratu ageng ika, kang tyas langkung kuwur, tan ana
sinambat-sambat, nging kang putra Jeng Pangran Dipanegari, saben ana wong
prapta.
Pan lajengan pan tineka iki, yen kang
putra Jeng Pangeran prapta, dede langkung cuwa tyase, nging suketaris abu,
lawan Pangran Mangkubumi, dene Raden Dipatya, den mayor puniku, Baronselus nora
nana, lagya kesah mengkana wus tan winarni, sanget nya tigang dina.
Kawarnaha ingkang anrubangti, Kangjeng
Pangran aneng Selaraja, wus tan kerasaning tyase, aneng donya puniku, langkung
denya kabetahneki, mengkana kang winarna, mapan ta panuju, ing taun edal
punika, sirah tunggil wulan ramelan nujoni, ping salikur tanggalnya.
Jeng Pangeran aneng guwa iki, pan ing
Secang anane punika, saben wulan ramellane, mengkana karsanipun, Kangjeng
Pangran ngunjalat iki, aneneng sajronig guwa, pan tan kondur-kondur, mangkana
panuju ika, lenggah aneng sela gilang wetaneki, anenggih ngambar maya.
Pan punika kelangenan sami, jroning guwa
minongka dalemnya, beji jroning kulahe, jerijis telaganipun, kumerancang sumur
upami, widara kandhang ika, pan pasoanipun, kori geng gebang tinatar, Kangjeng
Pangran liyep-liyep kadya guling, mengkana nulya ana.
Wong sawiji prapta ngarsaneki, mapan
sareng kalawan maruta, sampun prapta ing ngarsane, ingkang pengangge iku, kang
pinendhang lir pendah kaji, kagyat Kangjeng Pangeran, angandika arum, ingsun
tambuh marang sira, wong ing ngendi kang tinanya atur bekti, kawula tanpa
wisma.
Prapta amba ingutus nimbali, mring paduka
Jeng Pangran ngandika, sapa kang kongkon arane, lan ngendi omah iku, wong
punika aris turneki, pan inggih tanpa wisma, rat Jawi sedarum, punika minongka
wisma, ingkang samya jinulukan ratu adil, ikang ngutus kawula.
Animbali mring paduka yekti, pan ing
mangke jumeneng punika, sapucake ngardi mangko, saking ing ngriki iku, kidul
wetan prenahing ngardi rasa muni punika, nging paduka iku, tan kalilan bekta
rencang, gya lumampah Kangjeng Pangeran ing ngiring, dhateng tiyang punika.
Kadya sampun karsaning Hyang Widi,
Kangjeng Pangran anurut kewala, tan pantara prapta mangko, sangandhap ardi iku,
kang nimbali musna tan kaeksi, mengkana kang winarna, ratu adil iku, jumeneng
pucaking ngarga, rebut sorot lan Sang Hyang Pretonggapati, dangu surem Hyang
Ngarga.
Kangjeng Pangran tan kuwasa uning,
aningali marang kang wedana, sang ratu adil cahyane, kasor ing ngarga tuhu,
nging busana awas ningali, Kangjeng Pangran sedaya, ijem srebanipun, arasukan
jubah seta, lan celana seta ngagem sebe abrit, ngaler ngilen ajengnya.
Pan jumeneng neng pucaking ngardi,
munggeng sela malinas kewala, tan wonten atub-atube, myang suketan kadulu,
resik kadya dipun saponi, Kangjeng Pangran ing ngandhap, pan tumenga iku,
ngidul ngetan ajengira, ratu adil nulya angandika aris, eh Ngabdulkamid sira.
Marmanira sira sun timbali, wadyaning sun
kabeh sira duwa, ing Jawa retuten mangko, lamun ana wong iku, atetanon marang
sireki, nuwalanira Ku’ran, kon goleki iku, Jeng Ngabdulkamid aturnya, amba
nuhun sampun tan kuwawa jurit, lawan tan saged ika.
Aningali dhumateng pepati, lawan malih
rumiyin kawula, sampun nglampahi yektose, pan damel awon kelangkung, inggih
sami samining jalmi, sang ratu adil nebda, nora kena iku, wus dadi karsaning
sukma, tanah Jawa pinasthi marang Hyang Widi, kang duwe lakon sira.
Datan ana iya maning maning, ri sawusnya
kumepruk swaranya, mapan anglir upamane, panjang binanting batu, nulya musna
kalih aneki, dadya pan datan kena, winarna puniku, mengkana mapan anulya,
pangraosnya kangdjeng Pangeran pribadi, ingkang jumeneng ngarga.
Datan ewah jumenengireki, ngaler ngilen
wau ajengira, Jeng Pangran langkung getune, myang ngraos jajanipun, kadya
konang pating parelik, mengkana kagyat nulya, bocak bacik iku, mapan lawan
puthut lawa, alok-alok semudra murub puniki, lan gumledhug kang swara.
Lan gumuruh lir ardi merapi, Kangjeng
Pangran tedhak miyos ika, tumut aningali mangko, mapan wus tan cinatur, bakda
kondur Jeng Pangran iki, dhumateng Tegalarja, mengkana winuwus, nenggih nagari
Ngayogya, saya kathah ruwed ing nagaraneki, ki pangulu winarna.
Pan selaya lan Raden Dipati, Baron Selus
wus ganti punika, semitsar iku arane, lan suketaris abu, sampun salin ingkang
genteni, suwaliye punika, suketaris ipun, mengkana Raden Dipatya, lawan kyai
pangulu kelajeng sami, wau genya sulaya.
Wulan Ramelan ki pangulu iki, genya boyong
marang Tegalarja, ambruk neng Selarejane, lawan ra repotipun, neng pasoan
selarejeki, angendhih ingkang griya, mas Kertajayeku, Kanjeng Pangran datan
mirsa, pan marengi wonten guwa Secang malih, mengkana sampun lama.
Ki Pangulu pan sinuprih mulih, nanging
sampun tan purun punika, nulya ginentenan mangko, ketib ngigahken iku, ketiban
nom-nomane iki, Jeng Pangran sinuwun idi data payun, mengkana malih winarna,
Kangjeng ratu ageng asupena iki, mireng swara mengkana.
Ratu ageng ratu kancaneki, temokena lawan
wali ika, wedhar lor kulon wismane, yen tan kelakon iku, pati rusak ing tanah
Jawi, sun pundhut nyawanira, mengkana pan iku, ngantos jangkep kaping tiga,
mapan samya ujare ingkang swareki, jeng ratu langkung jrihnya.
Sampun tita tan salin swareki, Kangjeng
ratu angaturi nulya, Jeng Pangran Mangkubumine, prapta kedhaton sampun, panggih
Kangjeng ratu nebdaris, Pangeran paran karsa, kawula mirseku, kang swara
sajroning nendra, ngantos jangkeping tiga punika sami, tan mawi ewah-ewah.
Pra sampeyan ratu kancaneki, mapan inggih
kinen manggihena, lan putra sampeyan mangko, Pangran Dipanegareku, lamun boten
kelakon pesthi, risak ing tanah Jawa, lan kula pinundhut, umur kawula neng
donya, kados pundi kang dados prayogineki, kawula pan sumongga.
Mesem Kanjeng Pangran Mangkubumi, ris
turira pan langkung prayoga, kalamun ajeng pun thole, yen tan ajeng puniku,
mapan mindhak ngisin-isini, sinten purun meksaha, jeng ratu nebda rum, pan
kados pundi Pangeran, boten wande lamun kawula ngemasi, lan risak ing Ngayogya.
Kangjeng Pangran alon aturneki, yen
marengi pan rayi sampeyan, den ayu kula kengkene, yen dhangan gampil tuhu, yen
tan dhangan tan anglingsemi, pan anglir pagujengan, kimawon puniku, kawula
ajrih kalintang, mring pun thole jeng ratu ngandika aris, inggih sinten puruna.
Nulya Kangjeng Pangran Mangkubumi,
aputusan dhumateng kang garwa, Raden ayu sepuh mangke, mapan den ayu sepuh,
ingkang purun gujengan iki, lawan Kangjeng Pangeran, wus wineling iku, wau
dhumateng kang raka, nulya mangkat ing Tegalarja wus prapti, panuju Jeng
Pangeran.
Lenggah lawan sang lesmining puri, Raden
ayu sepuh mesem turna, punika bok supamine, rayi paduka tuhu, pinaringan rakit
prayogi, kang samya sepuhira, lawan ayunipun, lir ratih lawan supraba, mendah
dene remen kawula ningali, mesem Kangjeng Pangeran.
Gya sinambut ingkang mindha rantih, pan
sinandhing ing lus kang Srinata, mesem Jeng Pangran nebda lon, mirah nyai
nglindur, sare lawan alenggah iki, den ayu sepu mirsa, malerok basengut, lajeng
bengis angandika, marganane oleh bok memanas ati, wong lenggah jare nendra.
Jeng Pangeran angandika aris, pundi wonten
kang memper kewala, anglir gustinahing ngangger, nugrahaning Hyang Agung, pan
piturun saking swargadi, musthikaning wanodya, tanah Jawa tuhu, tumedhak ing
Tegalarja, pan ginanjaraken ing kawula yekti, dora lamun wontena.
Nggih wanodya ingkang animbangi, Raden ayu
sepuh bengis nabda, mundhak dipepanas bae, nggih sampun kula mantuk, nulya
kondur wus tan winarni, mengkana kang winarna, Jeng Pangran anuju, tedhak mring
kedhaton ika, lan kang rama Jeng Pangeran Mangkubumi, lenggah angsal kancana.
Lan kang ibu ratu ageng iki, Kangjeng
Pangran amit tuwi ika, mring kraton wetan mangko, dhumateng ingkang ibu, ratu
emas gerah sakedhik, sapungkurnya Jeng Pangran, pirembagan iku, jeng ratu ageng
kelawan, ingkang rayi Kangjeng Pangran Mangkubumi, prakawis kang supena.
Lamun prapta sampeyan mangkin, kula remen
paduka pajara, supena sanes karane, menawi wonten iku, kagelipun dhateng
nagari, kula sampun kengkenan, rayi padukeku, den ayu sepu lumampah, mapan
mindhak den gegujeng mawon iki, dhateng putra sampeyan.
Tan pantara Jeng Pangeran prapti, nulya
samya lenggahan katiga, jeng aru ageng nebda lon, pajar supenanipun, ingkang
dadya watiring galih, sampun telas niskara, Jeng Pangran nebda rum, inggih
pandugi kawula, kados jajal kimawon ibu sayekti, yen wangsit satuhunya.
Inggih lamun benjing prapta malih,
sampeyan ken kepanggih pribadya, kalawan kawula mangko, jeng ratu ngandika rum,
nyok sampuna kawula warti, kangge boten punika, kawula pan sampun, boten
katitipan basa, Kanjeng Pangran ismu sungkawa tyasneki, tegese wali wedhar.
Pan sinamur mesem atanya ris, mring kang
rama punapa artinya, kyai wali wedhar mangke, Pangran Mangkubumiku, mesem lon
ngandika aris, tegese wali wedhar, iya iku wurung, Jeng Pangran Dipanagara,
sareng mirsa saya sungkawa tyasneki, wirang marang Hyang Suksma.
Nulya samya pamit medal kalih, lajeng
kondur marang Tegalarja, Kangjeng Pangran sapraptane, tan mampir dalem iku,
lajeng dhateng selarejeki, langkung wirang mring suksma, manjing gedhong
sampun, mapan ngantos tigang dina, datan ngaos miyos dhumateng surambi, ki
pangulu graita.
Wus dinuga yen sungkawa yekti, Jeng
Pangeran ki pangulu nulya, soan pan pinuju mangke, lenggah Jeng Pangran iku,
wonten ngajeng ing gedhong iki, munggeng sela gegilang, ing ngauban iku,
kemuning ngideran kulah, mawi pulo tinaneman kang waringin, pethetan
warna-warna.
Ngajeng gedhong balumbang ngideri, toya
wening Srikathah minanya, mapan warna-warna mangko, kering padasan agung, ki
pangulu umatur aris, gusti punapa marma, sungkawa lun dulu, inggih sarawuh
paduka, sing kedhaton Kajeng Pangran ngandika ris, kipangulu manira.
Banget wirang marang ing Hyang Widi, wus
jinarwa ingkang saneskara, ratu ageng supenane, kalawan jarwanipun, Pangran
Arya Mangkubumi, ingkang dadya sungkawa, mesem ki pangulu, umatur sanes punika,
pan teggese wali wedhar punika yekti, inggih wali angiras.
Cinepengan adil mring Hyang Widi, pan
punika inggih tegesira, pan punika upamine, pra nabi satus ewu, lan patlikur
ewu pranabi, anenggih ingkang wedhar, nging nenem puniku, nglairken karsaning
suksma, nabi Adam nabi Nuh Nabi Ibrahim, sekawan nabi Musa.
Nabi Isa nenem kang mekasi, Kangjeng nabi
Muhamad punika, ing Jawi pan upamine, wali kang wedhar iku, mapan inggih
sinuhun Giri lawan Jeng Hyang paduka, Kanjeng Sultan agung, punika kang samya
ngiras kasih ing Hyang dene paduka pribadi, inggih Walaualam.
Karsa Allah ing wekasaneki, Kangjeng
Pangran keraos tyasira, kala pinanggihan mangko, mring ratu adil iku, pan
mengkana raosing galih, dadi wus nora kena, gumingsira ingsun, nanging datan
angandika, pan sinamur mesem angandika aris, kaki Alkamdulillah.
Pan wong urip punapa den anti, lamun kaki
datan angantiya, pakarya kang luwih abot, kyai pangulu matur, inggih gusti
lamun kuwawi, pan langkung utaminya, nugrahan satuhu, Kangjeng Pangeran
ngandika, dawek kaki padha sokur mring Hyang Widhi, muga den lestarekna.
Mapan sampun tan winarna iki, Kangjeng
Pangran wus pulih tyasira, nanging meleng mring Hyang Manon, ben enjing miyos
iku, Jeng Pangeran dhateng surambi, pan samya darus Kur’an lan kyai pangulu,
mengkana panuju ika, wulan Ramellan Jeng Pangeran ngunjalat iki, dhumateng guwa
Secang.
Lan kinarya nglelipur tyasneki,
mider-mider aneng pakebonan, ing guwa saneskarane, mengkana mapan nuju, Jeng
Pangeran alenggah iki, neng ngandhap kajeng gurda, bakda ngasar iku, kang kebon
winestan modang, mirsa swara lamat-lamat pan dumeling, eh Ngabdulkimet sira.
Aranira mengko den paringi, iya marang
rabilngalamina, Jeng Sultan Ngabdulimede, Herucakra Sayidu, Panatagamaning ing
Jawi, kalipahrasulollah, samta sira iku, ri sampun ical kang swara, Kangjeng
Pangran wektu mahrib kondur nuli, dhumateng guwa Secang.
Bakda Traweh Jeng Pangeran mijil, mapan
lenggah neng sela gegilang, ing kanan kori prenahe, ingkang soane ngayun, mapan
punakawan kekalih, puthut lawa kelawan, puthut guritneku, bocak-bacik Suracona,
lan Muhyidin Wirya Sumita pan sami, aneng pawon kiwala.
Pitilikur malem anujoni, taun Ebe
sampunira dhahar, Jeng Pangeran kelajeng sare, neng sela gilang iku, puthut
kalih samya nenggani, lajeng kalihan nendra, neng dagan puniku, mengkana
Kangjeng Pangeran, jroning nendra supena aneng guweki, kadya neng Selaraja.
Lenggah aneng sela gilang iki, pulo
wringin mengkana nulyana, jalma wolu prapta mangke, dhestar koncer sedarum,
kang neng ngarsa bekta nuwali, sinongga kalih astha, Jeng Pangran andulu,
tedhak mapan nedya kurmat, esmu ajrih kawolu kacahya sami, lir wulan kang
purnama.
Kangjeng Pangran jumeneng ngurmati,
ingkang prapta tan preduli ika, lajeng jujuk blumbang bae, Jeng Pangran nulya
tumut, pan sedaya ngadeg neng tepi, ingkang gangsal neng wetan, tiga kang neng
kidul, jeng Pangeran tumut ika, kang neng kidul dadya sekawan puniki, majeng
ngaler sadaya.
Kang neng wetan ngilen ajengneki, ingkang
bekta nuwala neng ngarsa, kalih sisih pengapite, nulya winaos iku, kang nuwala
ungelnya sami, lawan swaraning modang, mungel kang sinuhun, pan Kajeng Sultan
punika, Ngabdulkamid Herucakra kang Sayidin Panata ing Ngagama.
Kang lipat rasullollah sami, ingkang aneng
iya tanah Jawa, samya mengkana Jawabe, ngalaihisalamu, ingkang maos nyendhu
nebda ris, iku luput Jawabnya, kang sinendhu matur, kados pundi panembahan,
Jawabipun kang nyandhu ngandika aris, iki prakara dadya.
Jebeng Jawa balaisalami, mapan bakal dene
kang wus dadya, pan nanging tekbir Jawabe, lajeng samya puniku, maos tekbir
kawolu iki, songa Kangjeng Pangeran, tumut tekbir iku, kang surat mapan anulya,
cinemplungken balumbang amblesing warih, pan wus datan katingal.
Jalma wolu musna tan kaeksi, saking genya
jumeneng punika, angling kukus upamine, Kangjeng Pangeran iku, katon gona jejer
pribadi, mengkana pan wus enjang, Jeng Pangran winungu, wau dhateng puthut
lawa, dhahar saur lajeng salat subuh sami, mapan wus tan winarna.
Bakda kondur mring Tegalarjeki, riwusira
dhateng Selaraja, mengkana kang winiraos, nenggih kyai pangulu, mapan sampun
miarsa warti, lamun Kangjeng Pangeran, pan ing ngangkah iku, inggih dhumateng
Welonda, kabar terang pawarta saking semawis, kyai pangulu nulya.
Sowan manjing mring Selarejeki, Jeng
Pangeran mapan nuju lenggah, munggeng ing sela gilange, kyai pangulu matur,
kula gusti miarsa warti, kabar saking Semarang, sampun terang tuhu lamun paduka
ing ngangkah, saradhadhu mapan sampun kathah gusti, kang prapta ing Semarang.
Kados pundi karsa kang sayekti, lamun estu
kang warti punika, Jeng Pangran mesem nebda lon, paran prayoganipun, pan manira
tan dosa iki, lamun puniku nyata, swarga ginawe yu, goleleki dalam punapa, lan
maninge kaki napa dika lali, ratu ageng impenya.
Mbok menawa wahananyaneki, dhingin dika
ingkang aweh jarwa, kula tan dosa yektine, nging lamun karya dudu, pan manira
kaki tan wedi, kyai pangulu tur nya, pan sarwi tumungkul, lawan kumembeng kang
waspa, sampun leres yen wangsit punika sidik, nging pengraos kawula.
Boten wande karsaning Hyang Widhi, nanging
sampun margi saking yuda, Kangjeng Pangeran nebda lon, paran prayoganipun, ki
pangulu aris turneki, lamun estu punika, gusti wartenipun, prayogi nurut
kewala, sakajenge panganiaya Welandi, kadosa eyang paduka.
Kang sinuhun sepuh duk rumiyin, dados
boten karya karisakan, dene Hyang Suksma karsane, tan pilih marga tuhu, dene
kula tanedya kari, sakit dhumateng pejah mapan dherek saestu, nanging lamun
margi yuda, pan kawula wus sepuh datan kuwawi, kantun mongsa sageda.
Jeng Pangeran mesem ngandika ris, kula
kaki mapan remen yuda, matiya becik ucape, kyai pangulu matur, yen mekaten
sakarsa gusti, kawula amit kesah, pan tan saged dulu, inggih kaji dhateng
Mekah, Jeng Pangeran mesem angandika aris, kaki luwih prayoga.
Sokur kaki dika kula jangji, lamun besuk
dika prapta Mekah, poma aja mulih mangko, matiya aneng ngriku, yen manira tan
oleh kardi, dika kabar-kabarna, lan dika nenuwun, pan dongane para Amin, muga
kula oleha supangat nabi, lan karilaning Allah.
Den kuwatna anglawani kapir, lan den
banget andika nenedha, sujud neng kabatolahe, nenuwun mring Hyang Agung,
lestarine ing tanah Jawi, dadya balad agama, kaki lamun estu, wonten pitulung Hyang Suksma, ki pangulu den
kebat andika mulih, kyai pangulu turnya.
Pan sandika nging pangestu gusti mugi
kulapan sageda prapta, dhumateng kabahtolahe, Kanjeng Pangeran nebda rum, gih
pun kaki kula jurungi, muga ta kari lana mring Allah kang agung, mengkana wus
tan winarna, Kyai Rahmanodin mapan sampun pamit mring wong gedhe sadaya.
Nulya mangkat prapta ing Semawis, tan
winarna ki pangulu ika, Tegalarja winiraos, Kangjeng Pangeran iku, langkung
denya prihatin galih, dene miarsa warta, pan lir pamenipun, karubuan kang
ngakasa, nanging kang tyas sampun tan nedya gumingsir, nging anglindhung Hyang
suksma.
Dadya tegalas agunging prihatin, nanging
pati kang den arsa-arsa, sang retna mengkono maneh, mapan tan sedya kantun, mring
kang raka awal myang akhir, mengkana ingkang dadya, bebuka puniku, mapan negri
Tegalarja, pinathokan pan datan atur upeksi, arsa kinarya ratan.
Dadya sampun karsaning Hyang Widhi, tanah
Jawa risake punika, pan iku dadya margane, mengkana kang winuwus, Kangjeng
Pangran tan mijil-mijil, neng gedhong Selaraja, mengkana panuju, bakda ngasar
wayahira, Kangjeng Pangeran bakda salat miyos iki, dhumateng pesabinan.
Sajawine ing Selarajeki, nama sabin pun
montro punika, mawi palenggahan pinggire, kinubeng blumbang iku, gendhayakan
uba-ubaneki, kalawan Kangjeng Soka, lenggah sela iku, Ki Soban kang nganeng
ngarsa, wektu iku Kangjeng Pangran yuswaneki, pan sampun kawandasa.
Langkung kalih kagyat aningali, lamun
anarubung-rubungika, Jeng Pangran atanya mangko, suban apa rinubung mring wong
akeh ingsun tingali, kisuban atur sembah, pan tiyang sedarum, badhe karya
reradinan, utusane di dalem Raden Dipati, pan sampun tigang dina.
Kados telas Tegalarja gusti, mapan dados
radinan sadaya, badhe maranem wertine, pan pinathokan sampun, Jeng Pangeran bendu tyasneki, sareng mirsa
aturnya, Ki Suban puniku, branjang kawat kang dinuta, animbali dhumateng
ingkang pepatih, Mas Bei Mangunarja.
Mangunarja sampun prapta ngarsi, Jeng
Pangeran anulya tetanya, Mangunarja pakarane, sira tan matur mring sun, dene
ana mengkono iki, Mangunarja tur sembah, abdi jrih pukulun, inggih kelamun
matur, pan punika tan mawi pratela gusti, inggih dhateng kawula.
Pan miyarsa kawula kang warti, saking abdi
dalem lit sedaya, tan pinartelan yektosa, marma ajrih umatur, Jeng Pangeran
ngandika malih, lamun mengkono ika, wus pengingen iku, yen tan kena bedholana, Mangunarja sandika
lengser sing ngarsi, mapan lajeng pepanggya.
Lan utusanira den Dipati, pan pinenging
meksa datan kena, ajrih residhen saure, Mangunarja nulyeku, aparentah kinen
bedholi sagung pathok sadaya, ingkang neng lor kidul, wetan kulon binedholan,
lajeng malih kengkenan Raden Dipati, Raden Brongtanusuma.
Lurah gandhek duta wijayeki, bekta pathok
lan kerek punika, lajeng pinendhet dhuwunge, dhumateng tiyang dhusun, ing
tompeyan namane iki, Raden Brongtanusuma, tan kenging lumayu, pan lajeng
binujung samya, lajeng wreti dhumateng Raden Dipati, bramatya ing tyasira.
Nulya margi kang kinen buntoni, ing
jagalan westane punika, mregi mring Ngayogya mangko, sareng kapirsa iku, mapan
lajeng kinen bubrahi, yen kang bubrah wus kesah, malih kinen buntu, ngantos
jangkep kaping tiga, pan binubrah lajeng kinen buntu malih, wus katur mring
Jeng Pangran.
Lamun margi meksa den buntoni, kados pundi
gusti karsa tuwan, mapan dalu pambuntune, yen siyang datan purun, mapan meksih
ulun tenggani, lamun mantuk kawula, wingking pan bununtu, Jeng Pangran bindu,
jeng Pangran bendu tyasira, yen mengkono, Mangunarja kaya uwis, nging tan kena
mundura.
PUPUH XXI
D U
R M A
Kanjeng Pangeran sarwi mesem angandika,
Mangunarja sireki, lah den ngatya-atya, lawan sakancanira, yen kaya mengkono
ugi, ingkang reratan, karya bebuka iki.
Sayektine apan arep nganiaya, ingsun tan
sedya gingsir, sajanganing ngajang, lah mara Mangunarja, padha timbalana iki,
kang tuwa tuwa, marang ing ngarsa mami.
Pepakena Mangunarja tur sandika, wus
lengser saking ngarsi, prapta ing pasoan, mapan sampun pepekan, sagunging kang
tuwa sami, kendel ing lurah, sedaya wus miarsi.
Werti saking pawong sanaknya sadaya, lamun
Tegalarjeki, pan arsa rinusak, datan pantara prapta, sagunging kang para
mantri, tuwa buru samya, tan nganti den timbali.
Lawan demang kang celak celak wus prapta,
samya pawartaneki, mengkana anulya, Mas Bei Mangunarja, sadaya lajeng den irit,
mring Selareja kendel pasowan sami.
Sagung mantri tanapi kang para demang,
neng bale sawu sami, Jeng Pangran winarna, mapan lenggah neng sela, gegilang
pulo waringin, Ki Soban ngarsa, lan Karti seser iki.
Mangunarja wus prapta sakancanira, sowan
andher ing ngarsi, alon aturira, gusti kula tur priksa, abdi dalem konca
mantri, lan konca demang, kang celak samya prapti.
Lawan bekta sadedameling ngayuda, gusti kula
taneni, mapan samya turnya, lawan konca sedaya, sampun weradin kang werti,
lamun paduka, badhe dipun ayoni.
Kangjeng Pangran mesem aris angandika, ing
mengko ana ngendi, kabeh kancanira, mantri kalawan demang, Mangunarja
atureneki, wonten pasowan, bale sawoh ing jawi.
Kangjeng Pangran mapan aris angandika, ya
wus tarima mami, nging padha den nyata, mengko padha dhawuhna, ingsun tan bisa
nemoni, pan wus precaya, ingsun marang sireki.
Mangunarja atur nya inggih sandika, Jeng
Pangran nulya nari, mring abdi kang tuwa, Raden Kretadiwirya, lawan Mas
Singaarjeki, lan Martayuda, den Wiryadikrameki.
Pangulunya Muhammad Bahwi kang nama,
ilarane kang swargi, kang eyang buyut ika, wus sepuh wayahira, nanging ingkang
tyas puniki, langkung gumbira, lamun tinari jurit.
Mengsah lawan titiyang kapir punika, suka
matiya sabil, sedaya mangkana, mapan samya aturnya, Jeng Pangran dika ris,
padha sun trima, aturira mring mami.
Nanging poma wekas sun mring sira padha,
aja na kang miwiti, lamun kapir sida, iya niayanira, sandi kaaturnya sami,
padha metuwa, lan den yitna sireki.
Atur sembah wus lengser sing Selaraja, lan
sagung kang pra mantri, lan kang para demang, pan samya ngatya-atya, lan
ngupados daya sami, eneng winarna, Kangjeng Pangeran malih.
Saundure kang samya soan sedaya, mapan
lenggah pribadi,nging lawan Ki Soban, Murdiyah lagya prapta, lawan Ki Muhammad
Ngarip, Muhamad Musam dadya tan kondur iki.
Dhahar salat neng Selagilang kewala, tan
arsa nendra iki, sendhen neng sela, mirsa swara mengkana, wanci nira bangun
enjing, dumeling kang swara, eh kabirulmukminin.
Aja sira prihatin mungsuh Walonda, Hyang
Suksma kang nulungi, lamun ana ika, wong kang tan melu sira, wus pinasthi mring
Hyang Widhi, pocot imanya, sagung wong tanah Jawi.
Sampun sirna kang swara enjing winarna,
Pangran Mangkusumeki, mapan tuwi ika, anulya pinanggihan, aneng Balesawo iki,
aris atanya, mas putu kados pundi.
Benjing grebeg punapa boten tedhaka, mring
pagelaran iki, Jeng Pangran ngandika, ing pundi margenira, mapan sampun den
buntoni, kula ken bubrah, inggih binuntu malih.
Pangran Mangkukusuma malih atanya, punika
ayun kardi, inggih kang radinan, punapa tan mawiha, punika atur udani, Jeng
Pangran nebda, pindho damel puniki.
Yen wartiya eyang pandugi kawula, datan
dados prekawis, Pangran Mangkukusuma, pan aris aturira, mas putu kawula
panggih, lan nak Danurja, kawula pitaneni.
Saguhipun sedaya atur uninga, dados dora
sayekti, nulya pamit ika, Pangran Mangkukusuma, mengkana wus tan winarni, kang
kawarnaha, tiyang kang samya prapti.
Mapan ngantos lelampahan tigang dina, mas
demang sampun prapti, Pajang wismanira, bekta sakula wongsa, mapan kekapalan
sami, seket wetara, lan sagegamaneki.
Atenapi sagunging wadya Ngayoja, Wates
Tumenggung iki, mapan sapengandhap, kang sampun samya prapta, Kangjeng Pangran
Mangkubumi, ingkang winarna, langkung water tyasneki.
Nulya tedhak dhumateng ing Tegalarja,
lajeng nusul puniki, dhateng Selaraja, mapan sampun apanggya, samya
alenggahaneki, neng Selagilang, Jeng Pangran Mangkubumi.
Angandika aris kulup ingsun tanya, paran
karsanereki, ingsun tan kaduga, dene keh temen jalma, apa karane ta iki, banget
tyas ingwang, kuwatir mring sireki.
Jeng Pangeran Dipanagara aturnya, pan
punika kiyai, jalma ingkang prapta, mapan samya kajengnya, pribadya tan
ngundang yekti, inggih kawula, sampeyan pitaneni.
Pan punika kepalanipun sadaya, sampun
samya neng ngriki, lan sadedamelnya, mapan sampun samekta, Kangjeng Pangran
Mangkubumi, nulya atanya, mring sagung ingkang jalmi.
Sira pada prapta kene iku apa, iya
karyanireki, sedaya aturnya, kawula mirsa warta, lamun putra dalem yekti, arsa
ing ngangkah, inggih dhateng Welandi.
Tiyang Jawi sedaya pan boten lila, lamun
ngantos sayekti, binekta Walonda, suka tumepes sedaya, Kangjeng Pangran
Mangkubumi, aris ngandika, dene sun tan udani.
Iya warta ingkang kaya tuturira, Jeng
Pangran Mangkubumi, pan aris ngandika, dhumateng ingkang putra, paran kulup
karsaneki, apa ta sira, bisa nanggung ku yekti.
Lamun karya rusuh marang ing nagara, Jeng
Pangran matur aris, gih kyai sampeyan, punapa ta sageda, ananggel kados kang
warti, wau punika, lamun saged kyai.
Pan samangke kajengipun tiyang bubar,
sedaya kula ken sami, Jeng Pangran ngandika, kulup ingsun tan bisa, ananggung
lir warta iki, Jeng Pangran nebda kula saget kyai.
Inggih nanggel dhumateng tiyang sadaya,
kelamun angriyini, nging kyai punika, lamun kinriyinana, sayaktos kula tan
ajrih, ngajang ing ngajang, siyang dalu ngladosi.
Jeng Pangeran Mangkubumi ris ngandika, wus
kulup ingsun mulih, yen mengkono iya, wus ruwed kang prakara, pirang bara
ingsun kaki, menawa ana, pitulung ing Hyang Widhi.
Bisa karya padhange ingkang negara, wus
kondur tan winarni, yata kang winarna, Raden Wiryadikrama, ginubel marang
sagunging, para kepala, nuhun pratondha sami.
Ingkang tebih tebih punika sedaya, pasisir
moncanagri, Pagelen Sokawatya, samya nuhun sedaya, prabondha dadining jurit,
wus katur nulya, Jeng Pangran dika ris.
Jarot ingsun mapan tan duwe pratondha, ana
Ki Mangkubumi, lamun sira peksa, lah suwunen priyongga, iku kalamun marengi,
Wiryadikrama, nulya lumampah nuli.
Tan winarna Mangkubumen sampun prapta,
nuli sinuhun niki, wau kang pratondha, sampun karsaning sukma, Kangjeng Pangran
teka gampil, ingkang pratondha, mapan sampun pinaring.
Nanging meling lamun uwis ulih ena, kene
cotho kepati, lamun ora nana, iku ingkang pratondha, dhuwit ora kena manjing,
pratondhaningwang, lan bakyu nora dadi.
Raden Wiryadikrama matur sandika, tan
winarna wus prapti, nenggih Tegalarja, lajeng karya nuwala, sagunging kepala
sami, wus pinaringan, bondha dadining jurit.
Nanging mawi tinengeran ungelira, mariyem
lamun muni, pan samongsa mongsa, nadyan dalu siyanga, mengkana sampun weradin,
ingkang parentah, jalma saya keh prapti.
Kadya sampun karsaning Allah taalla,
risake tanah Jawi, pan margi punika, brandhal tanpa wilangan, mapan samya
prapta iki, dedamelira, penthung lawan saligi.
Sambatira sedaya tan wonten trima, pan
sedya bela gusti, bandhil sabukira, lan samya ngandhut sela, mengkana ingkang
winarni, Kangjeng Pangeran, sampun pasrah Hyang Widhi.
Lara pati mapan iya nora bakal,
lohkilmahpul pinasthi, nulya Jeng Pangeran, kondur ing Selaraja, saking kathah
kang sumiwi, dadya tan kawrat, kalih dinten antawis.
Kondurira Jeng Pangran sing Selaraja,
nulya Raden Dipati, putusan tur surat, ungelnya tanbung lampah, Jeng Pangran
tan arsa iki, kinen mangsulna, tigang dinten antawis.
Nulya ana serate residhen ika, ingkang
ambekta iki, Mas Astradimeja, pepatihnya kang rama, Kangjeng Pangran
Mangkubumi, mapan ungelnya, pitanen karsaneki.
Kangjeng Pangran estu yen tan darbe karsa,
nulya kinen mangsuli, kang rama priyongga, nanging wangsulanira, amundhut Raden
Dipati, residhen ika, datan mangsuli malih.
Mapan lajeng adandan mariyem kewala,
tukang besi kinerig, riwusira dadya, tukang besi sadaya, mapan lajeng atur
uning, mring Tegalarja, yen loji sampun rakitya.
Dadya enggart yasira wadya sedaya, lamun
sida kang kardi, mengkana Jeng Pangran, mapan nuju alenggah, aneng paregolan
iki, kang ngadhep ika, Kyai Muhammad Bahwi.
Ki Subatuliman lan Ki Nur Ngaliman
Murdiyah Amad Ngarip lan Muhammad Mursam, Muhammad Santri ika, lawan Muhammad
Jelani, pan bakda Ngasar, ana utusan prapti.
Sing kedhaton lurah keparak puniki, Nyai
Soka nameki, prapta atur sembah, gusti abdi dinuta, dhumateng bu dalem gusti,
mapan paduka, sakedhap den timbali.
Kangjeng Pangran mesem aris angandika,
rejeb matura iki, wus sun nora bisa, kalamun lunga-lunga, pan sira weruh
pribadi, akeh ing jalma, menawa neba ngreti.
Dadi ewuh, tan wurung dadi prekara, yen
ibu nedya becik, angur mareneya, wayahe den gawaha, kabeh aja ana kari, wus ta
muliha, Nyai Soka turneki.
Kawula jrih pan sampun dalu punika, gusti
kawula mriki, bekta konca tiga, samya wangsul sedaya, langkung ajrih aningali,
dhateng berandhal, kebak mepeti mregi.
Pan kawula lumampah nusup kewala,
Suryabrangtan sapriki, pan sampun kebekan, kula merem kewala, lamun mantuk kang
gusti.
Kangjeng Pangeran mesem kinen nimbalana,
kepala brandhal sami, marga ewuh ika, Singabarong namanya, sela bagasela
miring, pan sampun prapta, kinen ngaterna sami.
Nyai Soka mengkana wus tan winarna, enjang
Jeng Pangran iki, lenggah neng pandhapa, pukul wolu wetara, Kangjeng Pangran
Mangkubumi, ing rawuhira, Jeng Pangran aningali.
Yen kang rama rawuh pinethuk tumulya,
tedhak saking pendhapi, ngandhap sawo prapta, panggih Jeng Pangran nulya
ingkang putra den arasi, rinangkul agya, pan sarwi den muhuni.
Mapan meksih samya jumeneng kewala, kang
rama den aturi, nulya tatalenggah, riwus nulya ngandika, Kangjeng Pangran
Mangkubumi, marma sun prapta, kulup kinongkon mami.
Mring residhen arep katemu sadhela, kulup
lawan sireki, pan sira den undang, marang loji sadhela, Jeng Pangran mesem tur
nya ris, kyai sumongga, nging kula sapuniki.
Sampun dados melikipun tiyang kathah,
sampeyan tantun pribadi, punika sadaya, inggih kalamun suka, suwawi mangkat
Kyai Jeng Pangran nulya, nantun mring kang sumiwi.
Paran sira kabeh ingsun tari padha,
gustinya den aturi, mring resi dhen sadhela, sedaya aturira, mapan samya mopo
iki, suka ngabena, pejaha ing ngajurit.
Kangjeng Pangran nulya, matur mring kang
rama, kyai kados pundi, gen kula lumampah, ing ngriki lir punapa, Kangjeng
Pangran Mangkubumi, aris ngandika, kulup sun pajar yekti.
Mapan ingsun wus tan bisa mulih nyawa, ing
ngloji pan wus rakit, mapan Mangkualam, sahanak prajuritnya, wus padha ana ing
ngloji, ingsun tan duga, kang dadi karepneki.
Marmaning sun gelem kinongkon yektinya,
sedaya metuwa mami, mati lan uripa, sun sedya labuh sira, nging iman sun rebut
yekti, ingsun wus tuwa, mongsa anoma maning.
Jeng Pangeran mapan aris aturira, gih
alkimdulilahi, kiyai kawula, mapan dermi kewala, kinarya lampahan yekti,
karsaning sukma, sampeyan kados pundi.
Duk rumiyin sagah nepangaken kula, lawan
risidhen malih, Jeng Pangran ngandika, kulup wus bener sira, tan kena karsaning
Widi sapraptaning wang, tek ing kene dhingin.
Mapan bacut den undang residhen ingwang,
ingsun den tetanoni, kulup sun belaka, suketaris kang ana, dene Cadiningrat
iki, residhen tanya, apa karepireki.
Sauring sun datan karep apa-apa, nuli
residhen angling prahipun beciknya, amrih ilange ika, ingkang dadi nepsuneki,
pan sauringwang, kejaba den turuti.
Ingkang dadi nepsuneki ki Danurja,
residhen saurneki, pan ewuh Pangeran, niku uga baturnya, gupremen kawula wedi,
pan sauring wang, gih dika jaluk ugi.
Mring gupremen residhen pan saurira, bok
saliyane ugi, kula boten inga, suketaris angucap, menawa jaluk dadya ji, wonten
tandhanya, tan remen neng wismeki.
Saba alas gunung parang lawan guwa,
saenggon-enggon ngabekti, nuli ingsun mujar, eh suketaris ira, aywa mengkono
sireki, ing wong sembahyang, saenggon–enggone dadi.
Saba alas dhemene sing cilik mula, yen
gelema dadya ji, pan wus dhingin mulya, iya iku kang dadya, yen nora ngandel
sireki, mara tanona, mring si Kapitan Jiping.
Iku ana kang weruh prekaranira, duk kala
alam Enggris, Cadiningrat mujar, suketaris andika, sampun anyana kadyeki, lamun
karsaha, dadi ratu pun dadi.
Mongsa silih ingkang rayi jumenenga, kang
dados teleng galih, inggih ingkang rama, Kangjeng Pangran punika, Jankrerapet
mekaten malih, mapan kawula, kang ing ngutus rumiyin.
Mapan ngantos minuhunan mring kang rama,
ngimeksa datan apti, dene gung bicara, sedaya sinagahan, sabab Pangeran Dipati,
enggen bicara, kang rayi meksih alit.
Pan residhen banjur anambungi mujar, kaya
paran ta iki, pan ing Tegalarja, wong wus tanpa wilangan, kang bare loro ku
yekti, ana kang lunga, ana kang gitik loji.
Cadiningrat pan mengkana saurira, inggih
kabar kekalih, peng pengraos kawula, mapan dora sedaya, lamun punika yektosi,
salah satunggal, purun dipun jejuwing.
Mapan kawula kang purun nanggel punika,
sampun ingkang karya pati, lamon karsaha, rusuh mawon tan apti.
Pan residhen mangkene ujare ika, marma
ewuh ta mami, banjurna mring ingwang, kados pundi Pangeran, saur ku sumongga iki,
residhen mujar, sampun ta benjing-enjing.
Dika wonten kedhaton ing pukul songa,
kawula badhe benjing, bareng pukul songa, residhen nuli teka, kalawan Danurja
iki, Wiranegara, dene residhen angling.
Kados pundi ratu ageng ingkang karsa, ratu
ageng nauri, pan mongsa bodhoa, kula pun boten bisa, lawan Pangran Mangkubumi,
residhen mujar, ingkang katemu mami.
Dika kula Pangran Mangkubumi tiga, samya
lumampah iki, dhateng Tegalarja, priye kowe Danurja, apa ta prayoga iki,
Danurja mujar, kelangkung ewedneki.
Boten wande dados salang serep ika, wantu
wus kathah jalmi, banjur ingsun mujar, pun ta dika kewala, lawan kawula
pribadi, mongsa wontena, ing kawekasaneki.
Lamun manggung den rembag-rembag kewala,
kejaba den tekadi, dika karo kula, nggih wong loro kewala, saure residhen iki,
dika Pangeran, nanggung punapa wani.
Lamun wonten dudune inggih punika, saur
sun mangkeneki, inggih mati dika, kula mongsa karia, yen den undang duga mami,
mongsa satekoa, wong pun mekoten ugi.
Saurira residhen gihpun Pangeran, andika benjing
enjing, jampi tumanjinga, daweg padha marika, ngoji bareng esuk mami, mring
ngloji ika, wus beneh patrapneki.
Paman Mangkualam saha nak prajuritnya,
bareng katemu mami, lan residhen ika, mangkene ujarira, Pangeran dika pribadi,
kang lumampata, kawula ewed iki.
Mapan kula wakile Jendral punika, sayekti
datan keni Lamun marikaha, dene putra andika, prapta tan prapta ha iki,
katempuh dika, lamun tan bisa yekti.
Prapta kula tuturaken Jendral ika, marma
ingsun prapteki, mesem Jeng Pangeran, miarsa kang pawarta, nulya Pangran
Mangkubumi, nimbali ika, dhumateng kang pepatih.
Mas Ngabei Astradimeja namanya, lajeng
kinen nimbali, mring sagarwa putra, datan pantara prapta, sedaya Tegalarjeki,
anulnya ana, Herdenas saking ngloji.
Ngenggalaken dhumateng Kangjeng Pangeran,
nging winangsulan iki, balika kewala, datan pantara prapta, kengkenan sing
kenya puri, ki suranata, mapan inggih nimbali.
Kangjeng Pangran Mangkubumi wus tan karsa,
lawan ngandika aris, eh ta suranata, apa ta lali sira, bener iki anak mamu, ing
lairira, nanging kang derbe siwi.
Mapan nyata iku sedulur ku tuwa, marma
ingsun labuhi, lawan ngrebut iman, wus ta sira matura, pirang bara nemu urip,
ki Suranata, wus lengser saking ngarsi.
Kangjeng Pangran Mangkubumi miris atanya,
dhumateng ingkang siwi, paran karsanira, sakeh repot ku iya, apa nora kon
sumingkir, banget tyas ingwang, kuwatir aningali.
Mara kulup rongga pabener tyas ingwang,
Pangran rongga turneki, pan leres paduka, repotira kagawa, Pangran rongga
atureneki, pan sampun prapta, sedaya wonten ngriki.
Ingkang rayi wus prapta sedaya, nanging
kinen kondur sami, nging Pangeran rongga, kinen kondur tan arsa Kangjeng
Pangeran tur nya ris, dhateng kang rama, sumingkir dhateng pundi.
Yen kawula gadhaha kajeng punika, pesthi
karya rumiyin, gen rerepotan samya mila ing tyas kawula, mapan tanedya
gumingsir, nadyan pejaha, mapan sampun prayogi.
Wonten ngriki patilasane Kangjeng Hyang,
ewed punapa estri, tan umut punapa, ngriki sampun prayoga, kinarya enggen
ngemasi, Kanjeng Pangeran Mangkubumi nimbali.
Mapan dhateng abdinira ingkang putra kang
sepuh sepuh sami, pan samya aturnya, langkung kuwatosira, tan wande
ngewed-ewedi, yen wonten karya, kang rembag sampun gilig.
Kanjeng Pangran lajeng nuruti kang rama,
nging salesming puri, asanget lenggona, nadyan dhateng palastra, kawula menawa
keri, datan uninga, Jeng Pangran Mangkubumi.
Nulya wangsul ngandika dhateng kang putra,
paran kulup nakmami, si beng nora kena, sun tuturi priyongga, prapta pati lumuh
kari, Kangjeng Pangeran , nulya tedhak murugi.
Dhateng dalem nulya pangih lan kang garwa,
sang retna anungkemi, padane kang raka, adres medal kang wespa, nanging tan
saged angling, Jeng Pangran nebda, dhuh mirah ingsun gusti.
Ingkang abdi nenuhun den turutana, menawi
manggih urip, sadinten punika, yen nak angger tan arsa, sampun tamtu yen
ngemasi, dinten punika, bendara ingkang abdi.
Dadya nurut sang retna jumeneng nulya,
lumampah pan aririh, sarwi ngemu waspa, sampun budhal sadaya, sagung kang
rerepot sami, Kangjeng Pangeran, ngateraken ing kori.
Mring Selarong budhalnya repot sedaya,
ingkang kinen angiring, wong lanang kang tuwa, Tegalarja sedaya, pan sampun tan
wonten kari, pitulung sukma, lampahira lesari.
Tan kapethuk lan mengsah pan tunggil
marga, rong panginang petawis, lawan praptanira, Bupati kalih ika, Mas
Sindunegara iki, lan Mas Mandura, mapan ambekta tulis.
Ingkang serat saking residhen punika, Jeng
Pangran ngandika ris, sun tan bisa maca, rong galah tampanana, Pangran rongga
anampani, lajeng winaca, sampunira dumugi.
Saneskara Kangjeng Pangeran ngandika,
mring Mas Sindunegari, eh Sindunagara, ingsun tan derbe karsa, den undang tan
gelem mami, sun dudu bocah, dadak rep den apusi.
Mas Tumenggung Sindunagara tur sembah,
gusti lamun marengi, residhen punika, pinundhut supaosnya, Kangjeng Pangran ngandika
ris, supata apa, ingsun tan derbe kapti.
Yen paduka gusti estu datan karsa, nging
nuhun wangsul tulis, Jeng Pangran ngandika, lah iya tulis apa, mapan sun wus
nora apti, Kangjeng Pangeran, Mangkubumi nebda ris.
Nora kulup becike ya wangsulana, sauni-unineki,
kubae Danurja, sida jaluken ika, tur mongsa aweha ugi, Jeng Pangran turnya, pan
sumongga kyai.
Ingkang serat inggih sakarsa paduka, kyai
amangsuli, Kanjeng Pangran nulya, nimbali carik ika, lagya angsal gangsal
larik, nulya miarsa, swarane bedhil muni.
Kaping tiga pan samya kaget sedaya, nulya
Sindunegari, kalawan Mandura, pamitan samya gah, amirsa unining bedhil, sampun
kalilan, gya lengser saking ngarsi.
Tan pantara nulya rame kang sanjata, lawan
mariyem neki, nulya Jeng Pangeran, wadya kang samya sowan, sedaya wus kinen
mijil, tetulung yuda, duk ngunipan pinenging.
Tata tata tinanggel Sindunagara, lamun tan
saeneki, sareng samya medal, sampun tan angsal papan, panuju kepala sami mantuk
sedaya, tinerka datan dadi.
Ingkang kantun ing Samenjaya Menggala,
lawan kang para manri, tuwa buru samya, lan demang sahananya, punika ingkang
nindhihi, sangsal-angsal mapan pinara kalih.
Ingkang medal sawetaning Tegalarja,
anenggih kang nadhahi, den demang ing Pajang, lawan sakulawarga, nanging
karomban kang tandhing, anulya prapta Raden nata Dirjeki.
Lan kang rayi Rahaden nata Prawira, lan
den Jasentaneki, tetulung ngayuda, ing nguni mapan sowan, neng ngarsa Jeng
Pangran sami, Mas Mangunarja, lan mas Brojadirjeki.
Ki Si Batuliman lan Muhamad Mursam, ki
Murdiyah puniki, lan ki Martayuda, tulung Jayamenggala, nging meksa karoban
tandhing, lan wus kapapan, nging meksa panggah sami.
Kanjeng Pangran dereng ewah denya lenggah,
aneng pandhapa meksih, lawan ingkang rama, kang rayi Pangran rongga, punika
kang munggeng ngarsi, lan ponokawan, ngampil gamel kang meksih.
Sowan ngadhep dhumateng Kangjeng Pangeran
anulya natur uning, kyai Dermajaya, lurah ngawin punika, di dalem kaseser sami,
kathahen lawan, ing pandhan sampun prapti.
Nanging inggih meksih samya tinangledan,
Jeng Pangran datan angling, pan kendel kewala, wangsul ki Dermajaya, Kanjeng
Pangran Mangkubumi, aris ngandika, paran kulup karseki.
Apa nora metu iya tata-tata, Jeng Pangran
matur aris, neng ngriki kewala, medal mendhet punapa, lamun dhateng tekdirneki,
neng ngriki ngrika, mongsa wande ngemasi.
Wonten ngriki yen tinulungan Hyang Suksma,
inggih sampun prayogi, nulya Dermajaya, wangsul sarwi karuna, umatur dhuh gusti
mami, abdi paduka, sampun boten kuwawi.
Saking gene mengsah palengkung pan prapta,
Jeng Pangran Mangkubumi, pan datan ngandika, anulya ingkang putra, cinandhak
astanereki, binekta medal, kori butulan iki.
Nulya prapta jawi kilen Tegalarja, aneng
lurunging sabin, mengsah tan uninga, yen jeng Pangran kalihnya, kalamun sampun
neng jawi, gya nitih kuda, ki gethayu nameki.
Cemeng pancal panggung sukunya sekawan,
belalak netraneki, langkung geng inggilnya, ingkang rama kudanya, pan lagya
kasingsal iki, anitih tundhan, saking kasesaneki.
Bulu cemeng bathi lan kelangkung kera, pan
samak larabneki, wus karsaning suksma, sagung ingkang dandanan, sadaya pan
padha keri, nanging pusaka, lan kang titihan sami.
Datan kari nulya Kangjeng Pangran ngasta,
ingkang pusaka iki, waos kyai rundhan, ingkang rama mengkana, kyai jimat wus
pinandhi, Pangeran rongga, datan nitih turanggi.
Pan gendholan sampeyanira kang raka, Jeng Pangran Yunudani, dhumateng kang
mengsah, tan kantun ingkang rama, Kangjeng Pangran Mangkubumi, sareng katingal,
usar anandersami.
Tina dhahan mring Kyai Subatuliman, lan ki
Martayudeki, Mas Brojadireja, Murdiyah lan Saliman, Muhammad Mursam puniki,
Jayamenggala, ing samen kang nindhihi.
Tinumbakan usar mapan kathah pejah, nging
sanget korbaneki, lan inging les kuda, saliyanya punika, mapan sampun nyabrang
sami, kang wong sedaya, dhumateng kilen kali.
Ingkang sampun dhumateng ing tekdirira,
mas bei brojadirjeki, lurah Wirabroja, pandhita ki Murdiyah, ngulama Muhamad
Mursim, kang ponakawan, bekel saiman sabil.
Pan sedaya sekawan kang sampun prapta,
Subaboliman kanin, kyai Martayuda, lan Jayamenggala, angsal pitulung Hyang
Widi, datan tumama, nging kasayahan sami.
Dadya dhawah katiga neng pasabinan,
tinerka wus ngemasi, pan lajeng tinilar, suwaliye lur kalawan, dene awas
aningali, mring Jeng Pangeran, kalih nulya ngabani.
Sagung usar pan lajeng nander sadaya,
suwaleya kang ngirid, nulya jeng Pangeran, mapan kinandhang-kandhang, lawan
kinarutug bedhil, ingkang titiyan, gethayu eca nyirig.
Langkung enggar mapan anglir ginamelan,
Kangjeng Pangran tyasneki, mapan ta mangkana, yen ingsun matenana, mring sakehe
usar iki, datan pakarya, lir mateni cecindhil.
Meneng bae ingsun meksa binedhilan, dadya
Jeng Pangran iki, tedhak saking ratan, lumampah pesabinan, nanging meksa den
tututi, mering sagung usar, tan kendel ambes tuli.
Pun Gethayu kelangkung denya tenaga, lir
penganten upami,den arak punika, kang rayi Pangran rongga, tan usul genya
nyepengi, sampeyanira, ingkang raka puniki.
Tan keraos gerahnya pitulung suksma, Jeng
Pangran Mangkubumi, nenggih kang winarna, langkung akas kudanya, tan sembada
lan warneki, kuda nya usar, tan saged anututi.
Lamun wonten satunggil kalih kang celak,
ngancaran lawungneki, usar lajeng giwar, dadya tan angsalika, Kanjeng Pangeran
ningali, dhateng kang rama, langkung suka tyasneki.
Dene gagah cengkiling kyai astanya
mengkana mapan sami, ingkang usar kathah, wangsul dhateng radinan, pananging
lit nang sawiji, langkung kendelnya, lawan sanget angudi.
Mring Jeng Pangrantan kendel pambestulira,
gethayu eca nyirig, mengkana jeng Pangran, mapan estu kewran, pan arsati
kunjung iki, rumaos nestha, anulya aningalli.
147.Wonten brandhal tetiga ing ngawe
prapta, jeng Pangran ngandika ris, iki patenana, Walonda tan pangrasa,
brerandhal katiga sami, matur sandika, sareng tumandang katri.
Wonten saler ing dhusun sumberan ika,
Kangjeng Pangranjenegi, kinarubut ika, bestul medhang tan angsal, kineracok
lajeng modir, lawan kudanya, Kangjeng Pangeran nuli.
Tedhak dhateng radinan tunggil kang rama,
suwaliye udani, yen lanangnya pejah, lajeng wangsul sedaya, sesanderan usar
sami, mring Tegalarja, ngrisak lawan besmeni.
Sampun telas sagung brona Tegalarja,
nengna gentya winarni, nenggih Jeng Pangeran, mapan esmu sayahan, lawan maliha
ngentosi, kang dereng prapta, langkung asmara kingkin.
PUPUH XXII
ASMARADANA
Sampun risak mapan sami, negari ing
Tegalarja, Kangjeng Pangran winiraos, akaliyan ingkang rama, aneng tengah
radinan, meksih manggung neng kudeku, sarwi leyangan landheyan.
Angentosi mring kang abdi, mapan ingkang
dereng prapta, mengkana sareng praptane, Rahaden Natadireja, lan Raden demang
Pajang, Raden Nataprawireku, lan Raden Jayasentana.
Dinangu pan lajeng sami, nging Welonda
kathah pejah, wolungdasa watarane, Jeng Pangran kadya supena, mengkana ingkang
rama, titiyanira wus pangguh, lajeng aris angandika.
Paran kulup karsaneki, Jeng Pangran aris
ngandika, kawula sumongga mangko, tiyang sampun tanpa wisma, Jeng Pangeran
ngandika, kulup saparan paranmu, pan ingsun mongsa kariya.
Mapan iki ya wus wengi, Kangjeng Pangeran
aturnya, kyai kajeng kula mangko, ngupados putra sampeyan, ing pundi
panggenanya, Kangjeng Pangeran nebda rum, wau dhumateng kang putra.
Mring Selarong duga mami, mau rembungya
mengkana, sakehe rerepot kabeh, Kangjeng Pangeran turira, dhumateng ingkang
rama, kyai salat rumuhun, pan wektu mahrib punika.
Lan ngaso sakedhap kyai, pan kawula sanget
sayah, yen sampun bakda Mahribe, suwawi kyai lumampah, anulya samya salat, neng
lepen Bayem Sedarum, bakda Mahrib gya lumampah.
Sampun karsaning Hyang Widi, pan samya
bingung sedaya, pan saking sanget petenge, dadya kelajeng lampahnya, medal
sumampir ika, dadya sanget sayahipun, lan luwe arip sedaya.
Dadya kendel tan dumugi, neng ngiring
gunung kewala, mapan samya nendra mangko, sareng enjing pan lumampah, prapta
ing lepen Soka, Kangjeng Pangeran andangu, marang demang lepen soka.
Panggenan repot sagunging, kyai demang
aturira, nglempak neng Selarong mangke, nulya kinen nimbalana, datan pantara
prapta, mapan lir supamenipun, sedaya anglir supena.
Ri sampunya samya panggih, lawan kang
repot sedaya, gya pinernah dhewe-dhewe, mapan cekap lepen Soka, Kangjeng
Pangeran nulya, tedhak maring Slarong iku, tan kantun lawan kang rama.
Kanjeng Pangran Mangkubumi, kang rayi
Pangeran Rongga, kinen tengga repot bae, lawan wong kang tuwa tuwa, ingkang
kinen rumeksa, repot lawan dhaharipun, mas ngabei Mangunarja.
Mengkana wus tan winarni, sagung kang
repot sedaya, mapan wus sae enggone, Kangjeng Pangeran winarna, kang lawan
ingkang rama, nengggih pasanggrahanipun, neng Slarong ing wismanira.
Ki Demang Arjatayeki, wonten malih kang
winarna, ingkang rayi nusul mangko, Pangeran Adinagara, bekta prajurit ika,
mandhung lawan patangpuluh, kalih atus winetara.
Lajeng pinasrahan iki, wau dhumateng kang
raka, dadya ngiras patih mangko, lawan nyuwun salin nama, Pangeran
Suryengngalaga, kang raka nglilani sampun, laning ngiden mring kang rama.
Kanjeng Pangran Mangkubumi, datan lama
linurugan, saking ing Ngayogja mangko, kinerig sagung wong Yogja, mantra lawan
Dipatya, suwaliye tindhihipun, lawan sagunging Walonda.
Ngayogya tan ana kari, nging kari residhen
ika, lan putra santana mangko, lan Raden Dipati ika, Pangeran Mangkualam, mapan
ingkang tumut iku, nenggih Pangran Suryaningprang.
Lajeng pinethuken iki, mring sagung wong
desa ika, Jayamenggala tindhihe, kalawan Onggawikrama, lawan ki Bauyuda,
langkung rame juritipun, gentho titir awurohan.
Barung lan Mariyem muni, sanjata lit
berondongan, dadya saya kathah mangko wong desa kang samya prapta, lajeng
tulung sedaya, kang tander begaman iku, bandhil alu pan binekta.
Pan sampun karsaning Widi, bandhil purun
lan senjata, dadya kelangkung ramene, mengkana Kangjeng Pangeran, langkung
marma tyasira, kang rayi kinen tutulung, wau kalawan kang putra.
Pangeran Suryenglageki, lawan Raden
Antawirya, Raden Natadirja mangko, lan Raden Nataprawira, Raden Jayasantana,
lawan mandhung patangpuluh, dadya kawal ing ngayuda.
Mariyem wus datan muni, ing samenjaya
mengala, mapan langkung pangyuke, grogol Ki Bauyuda, wong Yogja kathah pejah,
sampun karsaning Hyang Agung, Bupati kathah gebandhang.
Mapan lajeng teluk sami, kang tan teluk dhinedhelan,
kinantunken kathok bae, dadya samya kawirangan, kang tan kecandhak ngajang,
datan pinejahan iku, Welonda pan kathah pejah.
Suwaliye mamapan kanin, kenging bandhil
dhengkulira, tiba saking kuda lempoh, lajeng binekta lumajar, wus mundur wong
Ngayogja, langkung kathah angsalipun, bandhangan pan warna-warna.
Kanjeng Pangeran ningali, wau kalawan kang
rama, neng ngardi wijil namane, mapan katingal sedaya, solahe kang ngayuda,
lamun estu sampun unggul, Jeng Pangeran nulya tedhak.
Mring kembung putih aneki, lenggahaneng
pekarangan, datan dangu prapta mangke, kang rayi lawan kang putra, ngirid
sagung bupatya, ingkang samya teluk iku, mring kang sinembah ngayuda.
Den menggung Martalayeki, den Menggung
Danukusuma, den Menggung Wiryakusumane, Raden Menggung Natayuda, Raden
Wiryataruna, Raden Yudawijayeku, den Menggung Purbakusuma.
Den Menggung Dipadirjeki, lawan den Riya
Sindurja, den Menggung Sumadirjane, sedaya wus tinarima, gya ngujung gentya
gentya, riwusnya anulya kondur, risang sinembah ngayuda.
Marang pesanggrahaneki, wau kalawan kang
rama, Jeng Pangran Mangkubumine, nulya Pangran Suryenglaga, ngaturaken
bandhangan, mapan warna-warna iku, nulya kinen maringena.
Dhumateng kang angsal sami, poma ja kaliru
ika, saolehe dhewe-dhewe, lawan iya Suryenglaga, padha mupakat ena, si
Jayamenggala iku, ingsun ganjar aran ika.
Raden Jayanegareki, lawan si Sumadikdaya,
anunggaka semi bae, marang wa Sumadiningrat, Raden Sumadiningrat, lan si jawi
nata iku, paman anemakilan.
Pangran Suryenglageki, tur sembah nuhun
sandika, nulya aluwaran mangko, ing dalu pan samya prapta, kang pra putri
sadya, repotnya kang samya nungkul, dadya geger ing Ngayogja.
Dhasar mentas kawon jurit, putri kathah
samya medal, residhen tanbuh polahe, nulya dalu malih ika, Pangran Jayakusuma,
Pangran Balitar puniku, Pangran Muhkamad Bubakar.
Pangran riya menggaleki, lan Pangeran
Adisurya, Pangran Adiwinatane, lan Raden Mangkuwijaya, Raden Mangkudireja,
Raden Dipayana iku, lan Raden Dipataruna.
Lawan Raden Singasari, tenapi sarip
sedaya, kang ji lawan ngulamane, pan sampun sowan punika, myang sagunging
pandhita, putra santana kang kantun, meksih aneng ing Ngayogja.
Mapan samya den cepengi, ginedhong ngoji
sedaya, nging Pangeran Mangkualame, ingkang tan ginedhong ika, lawan
saputranira, mengkana ingkang winuwus, Selarong langkung arjanya.
Mapan wus dadya negari, ngayogja ngalah
punika, kang peken kelangkung genge, murah kang sarwi tinumbas, pajeng tiyang
wadeyan, dadya samya rena sagung, tanana kang dora cara.
Risang pramudeng ngajurit, mapan lagya
siniwaka, munggeng atarub agunge, pepak kang putra santana, lan sang pra
pratiwa, nung anung pan munggeng ngayun, tuwin kyai lan ngulama.
Lan para pandhita sami, ingkang rama datan
tebah, Jeng Pangran Mangkubumine, ingkang munggeng ngarsanira, Pangeran
Suryenglaga, risang pramudyeng ngapupuh, mapan aris angandika.
Suryenglaga karsa mami, si adhi
Mangkuwijaya, sun paringing aran mangko, Pangeran Mangkudiningrat, si adhi
Mangkudirja, Pangeran Nataprajeku, payung kuning anganggoha.
Lawan si Martayudeki, aranana Wiryanagara,
si Jarot iku arane, Tumenggung Wiryadireja, demang Pajang arana, Kreta
Pengalasan iku, kang rayi matur sandika.
Pangeran Suryenglageki, tur sembah nuwun
kang karsa, pan punika sadayane, anerang dhateng kawula, nuhun ingkang pakarya,
ri sang pramudyeng ngapupuh, mapan aris angandika.
Eh iya Suryenglageki, si Tumenggung
Danukusuma, maringa Pagelen mangko, ngembanan putraningwang, ya si Dipanagara,
lan putrane kyai iku, iya si Mangkuatmaja.
Arane ingsun paringi, Pangeran
Suryakusuma, ingkang ngembanana mangko, iya si Astradimeja, ingsun paringi
aran, Tumenggung Resaprajeku, ing gelen den rataha.
Paman Adiwinateki, maranga ing Kedhu ika,
Mangundipura kanthine, kalawan si Natayuda, eyang Muhkamad ika, Bubakar lawan
Lowanu, dene ingkang ngembanana.
Si Subatuliman iki, arana Tumenggung ika,
Jayamustapa mangko, lan si adhi Adisurya, baris sakulon Yogja, kelawan
anakireku, si Dangdang iya arana.
Pangran Sumanegareki, dene ingkang
ngembanana, ya si Wiryanegarane, kalawan si Trunajaya, ing Gamplong ya arana,
Cakranegara Tumenggung, lan paman Jayakusuma.
Ana alor Ngayogjaki, dene ingkang
ngembanana, si Suradilaga mangko, eyang Balitar barisa, iya ing Wonayasa, dene
kang ngembani iku, Tumenggung Sumadiwirya.
Mangkudiningrat sireki, kalawan si
Natapraja, lan sedulurira kabeh, sambirata barisa, ingkang ngembani, ika, si
Ranupati Tumenggung, kalawan si Suraarja.
Suryenglaga nakireki, si Bancak sun
pundhut ika, arana Pangeran Mangko, Suryanagara barisa, sawetaning Ngayogja,
dene kang ngembani iku, iya si Suranegara.
Lan Suradinegareki, dene kene iki iya,
cukup Janegara bae, kang lawan Sumadiningrat, katelu jiwanata, sing Singasari
yaiku, Gunung Kidul den rataha.
Sun paringi araneki, Pangeran kang
ngembanana ya si Warsakusumane, ing Pajang ingkang ngrataha, iya si Martalaya,
lan Wiryakusuma iku, Sindurja lan Dipadirja.
Kertadirja Sokawati, pasisir si paman
serang, ingkang angrataha mangko, dene ing moncanegara sun tempuhake iya, kabeh
kang ngrataha iku, iya si Mangunegara.
Sandika sedaya sami, langkung enggar ing
tyasira, nuli atur salam mangko, kang eyang lawan kang paman, kang rayi lan
kang putra, samya ngaraspada iku, lan sagung kang pra Dipatya.
Kang samya pinaring kardi, mring risang
maseseng prang, nulya aluwaran mangko, kondur dhateng pesanggrahan, tan kantun
ingkang rama, mengkana ingkang winuwus, kang samya pinaring karya.
Mapan arudhalan sami, sareng sadinten
sadaya, mring prenahe dhewe-dhewe, samya sal pitulung sukma, lajeng tata
barisnya, sadina-dina prang pupuh, mengkana wus tan winarna.
Ramening prang tanah Jawi, anulya na bantu
prapta, saking ing Kedhu margine, kalihatus winetara, lan ngiringaken arta,
gangsal leksa kathahipun, prapta ing lor gorok ika.
Ingkang baris aneng margi, Kyai Muhammad
Ngarepah, lawan Mulyasantikane, kagyat
non Welonda liwat, nulya nembang tengara, wong desa kelangkung gregut,
lajeng genthong titir samya,
Nulya campuh ing ngajurit, saradhadhu
ngedrel nulya, nanging mulya santikane, tan praduli mring sanjata, lajeng kuwel
kewala, dadya kang kathah samya mbuk, bantu kalihatus telas.
Nging gangsal welas wetawis, kang samya
lumajeng gesang, nanging sampun tatu mangko, anulya Mulyasantika, arta lawan
busana, sanjata pan lajeng dinum, mring sagung kang melu yuda.
Pan lajeng ing ngangge sami, sruwal
kalawan rasukan, myang sanjata sadayane, langkung enggartyasna samya, lajeng
soan sedaya, dhumateng Selarong iku, kalih belah winetara.
Samya ngangge lir Welandi, sanjata sangkuan
samya, nulya ing Selarong kaget, tinarka Welonda prapta, arsa pinethuk yuda,
Amad Ngarepah nulyeku, ananderaken turongga.
Kancanira kendel sami, pan kinen baris
sadaya, ring sampun pratela mangke, mring Pangeran Suryenglaga, lajeng dadya
tontonan, pan samya suka sedarum, wadya Selarong punika.
Muhammad Ngarepah nuli, kalawan mulya
santika, lajeng ngrid sowan mangko,mring Pangeran Suryenglaga, marang sang
pramudyeng ing prang, lajeng ginanjar nameku, Tumenggung Secanagara.
Muhammad Ngarepahneki, arinya mulya
antika, pan ginanjar nama mangko, Tumenggung Kretanegara, lan kinen angradina,
ing Kedhu wetan ngelo ku, kalihnya matur sandika.
Langkung enggar tyasnya kalih, wus kalilan
mantuk samya, pan wus tan winarna mangko, kawarna bantu prapta, saking ing Surakarta,
medal wetan margenipun, prajurit Mangkunagaran.
Pinethukaken tumuli, mring Tumenggung
Surareja, aneng Ngrandhugunting mangko, langkung ramening ngayuda, telas
Mangkunegaran, tetindhihira kecakup, anama Raden Suwongsa.
Nulya sinaos ken iki, dhumateng Selarong
ika, risang kelangkung welase, wektu meksih lare ika, mapan nangis kewala,
pinaringan busaneku, lajeng kinen ngaterena.
Mantuk dhumateng seleki, mengkana ingkang
winarna, rising murtining parugon, kelangkung prihatinira, kagagas ing
wardaya,, nanging wangsite Hyang Agung, nuwala Kur’an punika.
Tan kalilan angewahi, punapa
saparentahnya, kinen anglampahi mangko, marma prihatin tyasira, rising
murtiningyuda, ingkang rama kang winuwus, tyasira mapan tan duga.
Nulya angandika aris, paran kulup
marmanira, ingsun tan kaduga angger, ingkang dadya prihatinya, wadyanira
kunyawa, pan wus tan kuciwa iku, anadhahi ing ngayuda.
Ri sang murtining ngajurit, mapan aris
angandika, gih kyai satuhune, ingkang dadya tyas kawula, inggih lampah punika,
tan prehatin dening mungsuh, inggih senadyan wewaha.
Tinelasna tiyang kapir, mapan kawula
temaha, yen tansih kakersakake, kiyai dados lampahan, nanging karya punika,
rumiyin kawula estu, mapan kinen ngangkat Kur’an.
Tan kenging lamun ngewahi, dhateng
parentah ing Kur’an, nging kawula saestune, dereng sumerep sedaya, Kuran
parentahira, marma tyas kula kelangkung, ajrih bilih kalepatan.
Kanjeng Pangran Mangkubumi, mapan aris
angandika, kulup tan ngapa akuwe, mapan akeh pra ngulama, kang sumurup Jawanya,
ing Kur’an parentah iku, wong nanging drema kewala.
Kulup marang ing sireki, endi kang sira
kersakna, wong ngalim Ngayogja akeh, mesem risang kang misesa, aris denya
ngandika, kiyai leres puniku, nging kula kirang precaya.
Kyai sampeyan rencangi, nenuwun dhateng
Hyang Suksma, rumiyin kawula anon, tiyang kekalih punika, amulang wonten Maja,
ing Kwaron satunggilipun, punika kula precaya.
Dene sawangipun kalih, pan samya pekir
lakunya, kados ajrih mring Hyang Manon, kalamun angewahana, mring Kur’an parentahnya,
Kwaron tiyangipun sepuh, ing Maja anem punika.
Kanjeng Pangran Mangkubumi, mapan aris
atetanya, pa sira wus temu angger, risang sarwi angandika, inggih sapunya
pisan, nulya pitulung Hyang Agung, tan pantara Kyai Maja.
Prapta lan sanak rabi, tenapi lan kula
wongsa, risang sokur mring Hyang Manon, lawan aris angandika, kyai kirang
satunggal, nulya marmaning Hyang Agung, ki Kwaron ing praptanira.
Mapan nanging let salatri, bekta sanak
putunya, rabi myang kulawergane, ri sampun prapta sadaya, sagung kang pra
ngulama, risang siniwakeng pupuh, siniwa ing mesjid nulya.
Pepak sagung ingkang nangkil, ingkang
rama datan tebah, Jeng Pangeran
Mangkubumine, ingkang rayi munggeng ngarsa, Pangeran Suryenglaga, mapan aris
angandika.
Eh sagunge sanak mami, sakehe para
ngulama, sarip kalawan kajine, yen ing Mengko karsaningwang, iya si paman Maja,
pan ingsun lilani iku, yen matura marang ingwang.
Sabarang parentah iki, ingkang muni
jroning Kur’an, poma aja wedi mangko, Ki Maja matur sandika, risang malih
ngandika, eh sagunge sanak ingsun, pandhita para ngulama.
Sarip atenapi kaji, lah payo padha
tuntunan, ngangkat adiling Hyang Manon, sedaya matur sandika, risang nulya
luwaran, mengkana Ki Maja iku, mondhok neng masjid kewala.
Lan Kyai Kuwaron iki, nging repotira sedaya,
nunggil neng lepen Sokane, winarna nagri Ngayogja, mapan wus dadya wona,
bong-obongan siyang dalu, wus telas sagunging griya.
Ageng alit tan na kari, nging kantun
kedhaton ika, loji kalawan masjide, Danurjan Mangkualaman, lawan Wiranegaran,
sedaya wus sirna iku, kinepung nagri Ngayogja.
Mapan wus tan kena mijil, senapati samya
ngatas, ayun binedhaha mangko, risang mapan tan kalilan, kinen ngepang kewala,
pan sinuprih engetipun, sagunging ingkang sentana.
Mengkana, wus medal sami, kang rayi rayi
sadaya, tan karilan pangulune, ketib modin lan merbotnya, nging kantun
kalihika, Pangeran Suryabrangteku, lan Pangran Suryawijaya.
Lan ingkang putra satunggil, Pangeran
Dipakusuma, ginedhong neng loji, mangko, myang satung kang eyang-eyang, lawan
kang paman paman, ingkang meksih samya kantun, langkung denya kangelas arsa.
Nanging ingkang paman kalih, kang saget
nusul punika, nulya pinaring namane, ingkang sepuh pinaringan, Pangeran
Mangkudipura, ingkang anem namanipun Pangeran panengah ika.
Lawan ingkang rayi sami, den mas Songeb
pinaringan, Pangran Adinegarane, den mas Grontol namanya, Pangran Suryadipura
den mas Madang namanipun, Pangran Suryadi punika.
Den mas Jengkik namaneki, pan Pangeran
Tepasota, Selarong langkung arjane, mengkana secanagara, mapan atur uninga, ing
dimaya baris agung, mapan saking Kedhu ika.
Ingkang ngirid Welandeki, Raden Menggung
Danuningrat, langkung kalihewu mangko, marmanya atur uninga, rumaos tan kuwawa,
Secanagara puniku, kelawan Kartanagara.
Mapan lajeng den bantoni, nama prajurit Bulkiya,
pan tigangatus kathahe, langkung tigawelas ika, kang dados pangiridnya, ki
Muhammad Bahwi iku, pangulu duk Tegalarja.
Sampun sepuh wayahneki, nanging kang tyas
langkung sura, tan kalilan meksa bae, kepingin pejah punika, ing ngaprang
sabillolah nulya pinaring nameku, Mukamad Usman Li basah.
Tumenggungira kekalih, prajurit Bulkiya
ika, kaji Ngabdulkadirane, asisih kaji Mustapa, kalihnya langkung sura, lawan
binektanan iku, ngulama menggung kalih ika.
Kyai guru memalangi, Muhammad Salim
namanya, lan ki guru Kasongane, Ngabdulrakup ingkang nama, pandhita kang
satunggal, Ngabdulatib namanipun, mengkana pan lajeng budhal.
Saking ing Selarong iki, gangsalatus
wataranya, sedaya kalempakane, sampun prapta ing dimaya, lajeng ayun-ayunan,
pan sampun tinata iku, Bulkiya kang dadya dhadha.
Tumenggung Secanagari, kang dadya pengawat
kanan, kering kartanagarane, nulya Usman Alibasah, ngabani kancanira, Bulkiya
pan sareng maju, arempek pengamukira.
Tengara bedhug tinitir, gong siyem munya
gegana, sing kutha windu asalle, kyai Usman Alibasah, wus mandhe kang paringan,
waos pusaka puniku, awesta ki Barububa.
Mapan lajeng murub iki, marma gung wadya
Bulkiya, tan wonten uwas manahe, mariyem wus kalancangan, nging mungel kaping
tiga, saking rikat ajengipun, ngedrel wus tan linegewa.
Pan lajeng kuweling jurit, sanjata wus
datan munya, caruk waos lan sangkuhe, pedhang lawan dhuwung ika, Rahaden
Danuningrat, ing yuda apan kepangguh,lan ki NgUsman Alibasah.
Langkung ramening ngajurit, kepanggih
samya sudara, nanging karsaning Hyang Manon, den Danuningrat kuciwa, mapan sampun
palastra, bathang saadhadhu tumpuk, kedhik kang gesang lumayuwa.
Mapan samya den tututi, kekecer enggen
genya, Islam lumajeng sedayane, nanging wus karsaning suksma, kyai Melbangi
prapta, sabilolah margenipun, kenging lantan ing sanjata.
Saradhadhu ingkang bedhil, pan saking
kasesanira, tan ngantos mendhet lantane, nulya tinumbak santrinya, saradhadhu
wus pejah pan kathah bandhanganipun, mariyem lawan sanjata.
Obat lawan mimisneki, atanapi kang
sandhangan, ki Ngusman tan mantuk mangke, kalawan sakancanira, nging tur surat
kewala, yen lujeng sakancanipun, lajeng baris Kedhu ika.
Neng dhusun pesantren iki, Bulkiya nenggih
barisnya, mengkana tanah Jawane, langkung ramening ngayuda, mapan saenggenira,
pasisir moncanagriku, pajang lawan Sokawatya.
Gunung Kidul jawi kori, ledhok gowong lan
toya mas, mengkana kang winiraos, ing Kedhu wonten satunggal, Raden Sumadilaga,
ing Parakan nagrenipun, ingkang tan sedya gurisa.