BABAD DIPANEGARA (JILID 2)
Artikel
blog BABAD DIPANEGARA VOLUME 2 minangka sambungan utawa sambungan saka BABAD
DIPANEGARA VOLUME 1. Artikel BABAD DIPANEGARA
1 kasusun saking :
PUPUH
XXIII = PUCUNG
PUPUH
XXIV = MASKUMAMBANG
PUPUH
XXV = PANGKUR
PUPUH
XXVI = MEGAT UH
PUPUH
XXVII = PUCUNG
PUPUH
XXVII = SINOM
PUPUH
XXIX = DHANDHANGGULA
PUPUH
XXX = ASMARADHANA
PUPUH
XXXI = KINANTHI
PUPUH
XXXII = MASKUMAMBANG
PUPUH
XXXIII = DURMA
PUPUH
XXXIV = SINOM
PUPUH
XXXV = DHANDHANGGULA
PUPUH
XXXVI = PANGKUR
PUPUH XXXVII = ASMARADANA
BABAD DIPANEGARA (JILID 2)
PUPUH XXIII
P U C
U N G
Mapan
lajenging inggahan, saking ledhok gowong ika, Mas Tumenggung Ondakara, ing
gowong Gajah Premade.
Ingkang
dadya pangiridnya, Mas Rongga Prawirayuda, ing parakan sampun prapta, nulya
pinethuking yuda.
Sumadilaga
kuciwa, mengkana sampun palestra, ingkang mejahi punika, pandemangira
Priyongga.
Secapati
namanira, wus bedhah parakan ika, mengkana ingkang winarna, sagunging putra
santana.
Kang
dadya senapatika, sedaya samya sulaya, lan ingkang ngembani ika, Pangeran
Adiwinata.
Pangeran
Jayakusuma, lan Pangeran Mangkudiningrat ika, Pangeran Anatapraja, Pangran
Bubakar ika.
Lan
Pangran Balitar ika, sedaya ngandikan nulya, sedaya ngandikan nulya, mring
Selarong sampun prapta, lajeng tan pinaring karya.
Ing
Pangran Balitar ika, nuhun mring Pagelen kewala, sena dyan silih kendela,
mengkana linilan nulya.
Pangeran
Mangkudiningrat, lan Pangeran Natapraja, sedaya lan sedhereknya, pan kinen
mring Kedhu samya.
Baris
ing Langon punika, mengkana ingkang winarna, Jendral Dhekok sampun prapta,
negari ing Surakarta.
Lajeng
dhumateng Ngayogja, nrerig gung putra santana, ing Surakarta sedaya, lan
Pangran Mangkunagara.
Samarga
marga ngayuda, nanging gung kang jagi marga, sedaya tana kuwawa, saking kathah
balanira.
Mengkana
mapan wus prapta, Jendral negari Ngayogja, lajeng akintun nuwala, mring ri sang
murtining yuda.
Bupati
ingkang dinuta, Ranadiningrat namanya, mapan sampun apepanggya, lan Pangeran
Suryenglaga.
Wus
katur ingkang nuwala, mring Pangeran Suryalaga, kang duta ing ngandheg nulya,
mapan kinen ngentosana.
Kature
ingkang nuwala, mring kang sinembah ngayuda, mengkana ingkang winarna, ri sang
pamiyos sineba.
Munggeng
Masjid Ageng ika, pepak kang para ngulama, pandhita sarip kajika, myang sagung
putra santana.
Tenapi
kang prapratiwa, nung anung kang munggeng ngarsa, tan tebih lawan kang rama, Ki
Maja Ki Kwaron ika.
Nulya
Pangran Suryenglaga, ngaturaken kang nuwala, saking Jendral Dhekok ika, mring
ri sang murtining yuda.
Mengkana
alon ngandika, wahu dhumateng kang rama, Jeng Pangran Mangkubumika, kyahi
mongsa bodhoha.
Kalawan
si paman Maja, wangsulan layang punika, kawula wus tan uninga, den rembaga kang
prayoga.
Nulya
luwar kang sinewa, kondur mesanggrahan ika, Kangjeng Pangran kantun ika, neng
mesjid lawan Ki Maja.
Lan
Pangeran Suryenglaga, Pangeran Jayakusuma, samya angrembug nuwala, badhe angsul
angsul ika.
Mring
Jendral Dhekok tumulya, tembung ingkang kara kara, punika ingkang nuwala,
Kangjeng Pangran Mangkubumya.
Dhatenga
ingkang sudara, Jendral Dhekok ri sampunnya,
tabe kawula punika, dene jeng andika tanya.
Menggah
karsane Ki Arya, estu yen tan gadhah karsa, rumiyen myang sapunika, ing luhure
kang agama.
Ing
tanah Jawa sadaya, kelamun estu panduka, tan megewedi punika, mring agamane Ki
Arya.
Menggah
karsane Ki Arya, estu yen tan gadhah karsa, rumiyin lan sapunika, luhuring
agami Jawi.
Islame
ing tanah Jawa, panenggih purun Ki Arya, papanggih lan jeng andika, nanging
anedha pratondha.
Ecap
lawan kang pratela, semados ing dintenira, lan pundi enggen panggiha, yen
andika bekta bala.
Ki
Arya gih bekta bala, yen jeng andika pribadya, Ki Arya gih pribadya, wus titi
ingkang nuwala.
Sampun
pinaringken ika, mring Ranadiningrat nulya, kinen mantuk mring Ngayogja, mapan
wus datan winarna.
Ing
Selarong kawarnaha, ri sang masiseng alaga, ginubel kang pra-ngulama, myang
sagung putra santana.
Sarif
lawan khaji ika, ngulama lan pra pratiwi, Kyahi Kwaron lan Ki Maja, kang rama
sanget turira.
Ngaturan
jumeneng nata, sabab ayuda khukumunya, kang prapta ing sabilira, lan timbangnya
ngabentala.
Punika
Jendral wus prapta, lamun datan jumenenga, sayekti mapan kuciwa, lan kathah
pakewedira.
Ing
aprang panggih bicara, sabab wus samya Nalendra, dadya tan wonten kuciwa, ing
kantun asrah Hyang Sukma.
Kangjeng
Pangran Mangkubumya, ngirih irih ingkang putra, sanget aris angandika, kulup
welasa mring bala. 3
9.
Lan menawi dhinginan, iya wangsite Hyang Sukma, dene dadining ayuda, mokhal
kulup yen Sepehi.
Dene
datan karep sira, wekasan mengkene ika, ri sang murtining ayuda, wekasan wedhar
kang karsa.
Resem
aris angandika, kyahi rumiyin kula, nyupena wonten nuwala, ingkang bekta tiyang
astha.
Winahos
mungel mengkana, parentah Kuran punika, ingkang sinuhun Jeng Sultan, Ngabdul
Amin Hirucakra.
Kabirul
Mukmin Sayid, Panata Agama Jawa, Khalifatu Rasullolah, esam ing Jawa sedaya.
Ingkang
bekta lajeng musna, serat serat cinemplungken toya, Kangjeng Pangran Mangkubumya,
langkung lega ing tyasira.
Kyahi
Kwaron mengkana, atanapi Kyahi Maja, inggih punika pratela, kalamun wangsit
Hyang Sukma.
Kangjeng
Pangran Mangkubumya, nulya kinen nimbalan, mring Pangeran Suryenglaga,
tanpantara nulya prapta.
Ing
ngarsanira kang rama, Kangjeng Pangran Mangkubumya, mapan aris angandika, heh
tat hole Suryenglaga.
Besuk
senen aprentaha, marang sagung putra santana, lawan kang para dipatya, mantra
prajurit kang ana.
Lan
andika Kyahi Maja, den pepak sagung ulama, sarif khaji lan pandhita, kalihnya
matur sandika.
Mengkana
wus tan winarna, ing dina Senen punika, enjang wus pepak sadaya, sagung ingkang
siniwaka.
Sampun
jumeneng punika, ingkang sinuhun Kangjeng Sultan, Ngabdul Khamid Herucakra,
Kabirul Mukminin punika.
Sinahidan
para ngulama, sarif khaji lan pandhita, myang sagung putra santana, tanapi kang
pra-pratiwa.
Ri
wus aluwaran nulya, langkung lega ing tyasira, sagung ingkang wadyabala,
ngulama sokur mring sukma.
Ri
wusnya gentya sadina, ingkang rama ingaturan, nama Panembahan ika, Ngabdul
Ngarip jejuluknya.
Ingkang
ibu namanira, Kangjeng ratu ageng ika, dene namane kang garwa, Kangjeng Ratu
kedhaton ika.
Wonten
malih ingaturan, nama ratu ibu ika, kaprenah sepuh punika, lawan suwargi kang
rama.
Nanging
sanes ibunira, Kangjeng Sultan putranira, Pangeran Dipanagara, pinaringan nama
ika.
Kangjeng
Pangeran Dipatya, kang putra Den Ontowirya, mapan pinaringan nama, Pangeran
Dipanagara.
Wonten
kang paman sajuga, Pangeran Jayakusuma, pinaringan nama ika, Pangeran Ngabehi
punika.
Putranya
pinundhut nulya, mapan pinaringan nama, Pangeran Jayakusuma, mengkana wus tan
winarna.
Kawarna
putra santana, lan sagung kang para pratiwi, tenapi kang para ngulama, pan
samya angarsa arsa.
Mring
Jendral wangsulanira, ngantos lama antaranya, pan samya kendel kewala, dadya
sagung samya lena.
Mengkana
ingkang winarna, wonten pandhita kang prapta, ing Majasta pondhokira, westa Mas
Lurah punika.
Nanging
pandhita lelana, saking Ngarab wijilira, sahestu sarip punika, nanging namur
nama Jawa.
Saking
karem mring Hyang Sukma, pan wus supe dhahar nendra, Salat wus tan wektuha,
datan wonten kendelira.
Neng
Majasta den sikara, mring Pangeran Mangkunegara, mapan parentah Welonda, dadya
mring Selarong ika.
Lan
Jeng Sultan wus apanggya, dadya langkung tresnanira, mapan samya ambekira, pan
estu nunggal kang karsa.
Wus
pinaring pondhokira, langgar alit neng jro mapan, tunggal kalawan Jeng Sultan,
samya langgar pondhokira.
Saben
bakda Salat ngisa, mas lurah sohan punika, mring Kangjeng Sultan mengkana,
panuju sarehan ika.
Mas
Lurah anulya prapta, lajeng meteki kang pada, sareng dangu sangu nulya, Mas
Lurah medal kang wespa.
Kangjeng
Sultan ris atanya, heh Mas Lurah ana apa, pagene sira karuna, Mas Lurah alon
aturira.
Anak
Sultan satuhunya, sun lamun wruh mring sira, yen upama godhong ika, kaya sun
untal untalan.
Banget
welas ingsun mring sira, Jeng Sultan mesem ngandika, sira welas pageneya, Mas
Lurah malih aturnya.
Sireku
mapan kinarya, mring Allah kalipah Jawa, pan nora pinaring ika, kanthi marang
wong sajuga.
Kangjeng
Sultan angandika, dene lir wong ngampi sira, pan iki satanah Jawa, wus dadi
rewangku iya.
Ulama
lawan pandhita, sarip ngalbet lan suhada, mapan akeh tanah Jawa, apa dene Kyahi
Maja.
Mas
Lurah aris aturnya, kabeh iku geseh padha, ing besuk wekasan iya, Jeng Sultan
mesem ngandika.
Senadyan
kabeh geseha, ingsun kanthi lawan sira, Mas Lurah aris aturnya, ingsun iki
satuhunya.
Pan
wus bosen ana dunya, sun prapta seksi kewala, anak iya marang sira, ing amrih
sabil kewala.
Mengkana
wus tan winarna, kawarnaha Kyahi Maja, lan sagung kang para ulama, tenapi kang
pra-pratiwa.
Myang
sagung putra santana, samya ngajeng ajeng ika, surat Jendral wangsulanya, dadya
kang tyas samya lena.
Tanana
mikir ing yuda, pan aming patemonira, kang samya den arsa arsa, pan langkung
katungkulira.
Sagung
ingkang senapatya, ing Mentaram pan sedaya, maksih baris neng prenahnya, ajenganira
pribadya.
Mangkana
panuju ika, ing dina Jumungah nulya, Kangjeng Sultan arsa Salat, lawan sagung
pra-ngulama.
Anulya
mirsa suwara, mriyem mungel tanpantara, pecalang atur uninga, yen mengsah
medali yuda.
Langkung
kathah balanira, Kangjeng Sultan mapan nulya, parentah kinen methukna, mring
Pangeran Suryenglaga.
Lan
Pangran Dipanegara, nanging wus karseng Hyang Sukma, wahu Pangran Suryenglaga,
mapan sanget rubedira.
Dadya
kang nindhihi yuda, ing Pangran Dipanagara, kalih atus winetara, prajuritira
pribadya.
Kalawan
Jayanegara, kang baris kidul sedaya, ing langkung karobanira, dadya ngingsa
angsalira.
Pangeran
Suryengalaga, ngegalken kedangon ika, dadya Jeng Sultan pribadya, ingkang
nyalirani yuda.
Ing
ngiring kang pra ngulama, tenapi Mas Lurah ika, Kyahi Kwaron Kyahi Maja, apa
dene ingkang rama.
Kangjeng
Panembahan ika, ngardi wijil sampun prapta, nulya tinata sedaya, pan nedya
methuk ngayuda.
Kangjeng
Sultan ris ngandika, wahu dhumateng kang rama, suwawi pinara tiga, kiyahi
tiyang punika.
Sampun
angrompol kewala, kaki Kwaron pan wangsula, tenggo amasjid kewala, lawan andika
dedonga.
Ki
Kwaron matur sandika, wus wangsul mring mesjid nulya, mengkana ingkang winarna,
Jeng Pangran Dipanagara.
Prapta
lan sawadyanira, matur sampun tan kuwawa, kang mengsah langkung gengira, wus
prapta kecepit ika.
Kangjeng
Sultan ris ngandika, wahu dhumateng kang rama, suwawi apan dum karya, sampeyan
anindhihan.
Wus
tamtu pinertiga, Kiyahi Maja kang sapontha, nulya tinata barisnya, sampun
karsaning Hyang Sukma.
Jalma
tan kenging tinata, sareng den mariyem ika, samya bubar ngisis nulya, ing
wingking Jeng Sultan ika.
Kangjeng
Panembahan ika, prapta kalawan Ki Maja, nerang punapa kang karsa, dadya tan
kenging ngabena.
Kangjeng
Sultan angandika, Kyahi punapa kang karsa, kawula narah kewala, Kangjeng
Panembahan nebda.
Kulup
yen dhangan lan sira, prayoga mundur kewala, wadyanira kaya ora, pan wus tan
kena tinata.
Kyahi
Maja pan mengkana, mapan sami aturira, lawan Panembahan ika, mengkana ingkang
winarna.
Sira
Pangran Suryenglaga, prapta lan saprajuritnya, tenapi putra santana, ing sampun
datan pakarya.
Lajeng
kinen mundur ika, kelangkung denya kasesa, kang mengsah bereg kewala, lawan
ngudani sanjata.
Sampun
karsaning Hyang Sukma, dadya bubrah tatanira, tanana kang kawal yuda, lumajeng
sakarsa karsa.
Angrebat
anak rabinya, kelangkung denya kasesa, Kangjeng Sultan kang winarna, rangu
rangu lampahira.
Marma
datan tahan samya, mirsa swara mimis ika, dadya kesisaning bala, wetara ing
kawandasa.
Ingkang
teksih dherek ika, Kangjeng Sultan lampahira, lajeng minggah dhateng arga, kang
mesah ngusir kewala.
Prapta
pesanggrahan nulya, selarong binesmi samya, Kyahi Kwaron kang winarna, meksih
aneng masjid ika.
Lajeng
kinepang kewala, binerondhong ing sanjata, wantu wus sepuh punika, datan saged
yen kesaha.
Pan
lajeng ginendhong ika, binekta mlajeng ika, dhumateng ing muridira, nerajang
mengsah kewala.
Lajeng
pinedhangan ika, nanging pitulung Hyang Sukma, pedhang tanana tumama, kalawan
kang gendhong ika.
Nanging
kitab Kuran ika, aglar kantun mesjid samya, lajeng rinisak sedaya, kang mesjid
binesmi nulya.
Kawarna
Pangran Disurya, lan Pangran Sumanagara, atetulung karsanira, prapta lawan
prajuritnya.
Mapan
sewu winetara, lajeng nusul minggah ngarga, wus cundhuk lawan Nalendra, lajeng
anungkemi pada.
Kangjeng
Sultan lenggah ika, aneng sanginggiling guwa, ingkang dherek winetara, amung
kantun kawan dasa.
Kyahi
Maja munggeng ngarsa, lan Pangran Dipanagara, lawan Raden Natadirja, lan Raden
Nataprawira.
Panembahan
pisah ika, lan Pangran Ngebehi nulya, Kangjeng Sultan angandika, wus adhi sira
menenga.
Nulya
tata lenggah ika, Sang Nata aris atanya, sira gawa bala pira, Jeng Pangran aris
tuturira.
Sewu
antawis kawula, ing dereng dhateng sadaya, saking saking kasesaning driya, Jeng
Sultan anantun sigra.
Wahu
dhumateng Ki Maja, paran mengko kang prayoga, apa banjur binanjelna, Ki Maja
aris aturnya.
Pan
sampun tanggel punika, ingkang rinebat punapa, luhung aso tata tata, dhumateng
ing lepen Soka.
Jeng
Sultan nurut aturnya, nulya aris angandika, wus adhi ingsun tarima, balanira
undurena.
Ingsun
arsa aso ika, tiyang maring kali Soka, lawan kabeh dhawahan, sakehe kang
senapatya.
Kabeh
den padha sumekta, Walonda wus astu cidra, Kangjeng Pangran tur sandika, sampun
lengser saking ngarsa.
Lan
Pangran Sumanegara, Jeng Sultan malih ngandika, mring den Pengalasan ika, lawan
Mas Mangunegara.
Lah
padha sira kariya, aneng ning kene kewala, mriyem ingsun Kyahi Naga, mariyem
sira unekna, kalihnya matur sandika.
Jeng
Sultan lumampah nulya, lawan gamel ngampil ika, ingkang dherek Salampahnya,
atenapi Kyahi Maja.
Lan
Pangran Dipanagara, lan Raden Natadireja, tenapi Nataprawira, lawan den
Jayasentana.
Lan
punakawan sajuga, Adamjaka namanira, mengkana kapethuk nulya, lan Mas Lurah
aneng marga.
Mas
Lurah aris atanya, nak Sultan mring ngendi sira, Kangjeng Sultan angandika, yun
arsa mring kali Soka.
Mas
Lurah malih anebda, bok iya sabil kewala, iki Jumengah dikanya, mapan luwih
prayoganya.
Jeng
Sultan kendel sekala, mengkana osiking driya, wus bener Mas Lurah ika, yen sun
tan linilan sukma.
Sadina,
iki sirnaha, pan aja kongsi kadawa, Kangjeng Sultan angandika, mring Pangran
Dipanagara.
Heh
kulup prajurit ika, sahanane tuturan, yen sun ayun sabil ika, Kangjeng Sultan
mapan nulya.
Ananderaken
turongga, giris muna manira, tan kantun Mas Lurah ika, lan Raden Natadireja.
Nging
seda sawinetara, ingkang sareng ajengira, lawan Jeng Sultan punika, Ki Maja
ngontel kewala.
Aneng
wuri tebih ika, kalawan sawarganira, Kangjeng Sultan kang winarna, lan Mas
Lurah sampun prapta.
Enggene
baris Welonda, mapan rempek ajengira, tiyang seda sapunika, lajeng ing ngedrel
senjata.
Mariyem
lan kalataka, giris muda tan kuwawa, nadhahi ing mimis ika, dadya ambruk
kewala.
Kangjeng
Sultan mapan nulya, tedhak saking ing turongga, ing supe tan ngagem warastra,
nulyana marmaning sukma.
Warni
cumethi punika, mapan lajeng aneng asta, Jeng Sultan namung punika, kang
kinarya magut yuda.
Mas
Lurah pedhang agemnya, Rahaden Natadireja, mapan angagem senjata, lan Raden
Nataprawira.
Tiga
Raden Rasentana, sekawan pun Adamjaka, gangsal Khaji Samsari ika, kang samya
ngangge sanjata.
Ingkang
ngangge wahos ika, Muhamadmuram westanya, lan Muhamad jejer ika, lan Muhamad
Jalasutra.
Muhamad
melangi ika, kalawan Seh Ahmad ika, saking Judah wijalira, nanging pedhang
anggenira.
Lajeng
sampuning ayuda, nusup kukusing senjata, pan lajeng kuwel kewala, Mas Lurah ing
tandangira.
Anglir
bantheng tandangira, ngiwa nengen pamedhangnya, sedaya mapan mengkana, belasah
bangkene ngarsi.
Kang
samya ngangge sanjata, wus telas kang obat samya, ing ginebugken kiwala, saking
tyasira tan suda.
Kangjeng
Sultan kawinarna, mobat mabit tembungira, wus brastha ingkang pangarsa, ing wuri saya keh prapta.
Kapir
belasah bangkenya, pan sampun karsa Hyang Sukma, Mas Lurah prapta sabilnya,
saking sanget sayahira.
Tanpa
sahing kang salira, dadya tunggil kang kunarpa, lawan bangke kapir ika,
mangkana ingkang winarna.
Rahaden
Nataprawira, lawan Raden Jasebtana, sampun telas kang sendawa, lawan tatu
wentisira.
Sinangkuh
mring kapihira, mulat mring Jeng Sultan ika, kelangkung denya bramatya, mobat
mabit tembungira.
Lir
supe Purwaduksina, dadya Den Nataprawira, lawan Raden Natadirja, katiga Den
Jasentana.
Prasamya
gendholi ika, umatur sarwi karuna, Jeng Sultan ngaturan nulya, mundur asohing
ayuda.
Kinipataken
tan kena, nulyana marmaning sukma, Jeng Sultan amut sekala, dadya nurut mundur
ika.
Mengsah
saya kathah ika, nanging tan purun bujunga, pan amung ngedrel kewala, lawan
mariyem punika.
Jeng
Sultan laju lampahnya, mundur marang kali Soka, anenggih ingkang winarna, Pangeran
Dipanagara.
Lawan
pangalasan ika, katiga Mangunegara, prapta sarta bekta bala, arsa tetulung
yuda.
Wus
panggih sapih kang yuda, lan kesaput dalu ika, anulya wangsul kewala, dhumateng
ing lepen Soka.
Sampun
panggih lan kang rama, Jeng Sultan ingkang winarna, pan kendul sucanira, kalih
tan saged wunguha.
Ingkang
lajeng sabilira, pandhita Mas Lurah ika, lan Muhamad mulangika, Muhamad ing
Jalasutra.
Lawan
lurah gamel ika, Mas Talisekar namannya, ing kapir tumpuk bangkenya, mengkana
ingkang winarna.
Dalu
Pangran Behi prapta, lan Pangran Jayakusuma, lajeng ngaturi usada, dhumateng
jeng Sultan nulya.
Winarna
Rahaden Riya, Natareja mapan prapta, saking ing Kedhu punika, tenda bala kawan
dasa.
Wus
panggih lawan Ki Maja, lajeng kinengken anulya, ngaturi Jeng Sultan ika,
lengser saking lepen Soka.
Esmu
amrihe turira, Kangjeng Sultan ris atanya, iki sapa ingkang prapta, den Riya
gugup aturnya.
Kawula
pun Natareja, yen pareng tur prayogika, yen paduka tan lengsera, sinuhun sing
lepen Soka.
Tan
wande kinedhung ika, lamun paduka lengsera, tinututan dugi amba, mesem Jeng
Sultan ngandika.
Heh
ta iya Natareja, yen wus melek netraningwang, ingsun bali maning uga, maring
sela rong banjel yuda.
Mengkana
ingkang winarna, sareng enjang samya prapta, Kanjeng Panembahan ika, lan Pangran
Prabu anulya.
Tumingal
dhateng kang putra, kejep kalih netranira, Panembahan mapan nulya, angrangkul
sarwi karuna.
Pan
sarwi angandika, heh nyawa ingsun tan nyana, lamun katemu lan sira, Jeng Sultan
aris ngandika.
Kyahi
tuwan kendela, kawula teksih waluya, mengkana marmaning sukma, wetara ing kalih
dina.
Jeng
Sultan dhangan grerahnya, lan wadya wus sami prapta, mapan lajeng siniwaka,
Panembahan munggeng ngarsa.
Atenapi
Kyahi Maja, jajar Pangran Ngabehika, lan Pangran Dipanagara, Pangran Prabu
jajarira.
Pangeran
Suryengalaga, tinimbalan datan prapta, mengkana rembukan nulya, Kangjeng Sultan
ris ngandika.
Wahu
dhumateng kang rama, kyahi kajeng kawula, suwawi apan dum karya, sampeyan
ingkang rumeksa.
Dhumateng
repot sedaya, mrih sampun keron tyas kula, lawan paman prabu ika, sedaya mongso
bodhoha.
Panembahan
tan lenggana, nanging Pangran Prabu ika, tyasira kedah sudira, pan sanget genya
lenggana.
Mapan
remen dherek yuda, jeng Sultan nuruti ika, mapan wus dadya rembagkira, Kangjeng
Panembahan nulya.
Pamitan
dhateng kang putra, linilan Salaman nulya, nengge lulu repot samya, mapan wus
datan winarna Kangjeng Sultan kawarnaha, anantun dhateng Ki Maja, lawan ingkang
paman ika, tenapi kang pra-pratiwa.
Prakawis
tingkahing yuda, Pangran Ngabehi aturnya, pan mengsah malih barisnya, Selarong
Mangir punika.
Sumongga
karsa Nalendra, Kangjeng Sultan angandika, kados punapa sahenya, mapan benjing
enjing kula.
Mapan
ayun magut yuda, Pangeran Behi aturnya, kalawan Kyahi Maja, yen pareng karsa
Nalendra.
Kejawi
sareng kewala, sinabet mengsah punika, mring sampun ngeroni yuda, Kangjeng
Sultan angandika.
Pundi
kang ageng barisnya, Pangran Ngabehi turira, Selarong warti punika, kejawi
karsa Nalendra.
Mas
putu Dipanagara, lan kang Mas Prabu punika, ing Mangir dipunsabeta, prajurit
kidul sedaya.
Punika
den tindhihan, kejawi Jayanegara, wontena ngarsa Nalendra, sampun dados
rembagira.
Enjang
nulya budhal ika, susumahab kang wadya kuswa, marengi Isnen kang dadi, mapan
sareng budhalira.
Datan
winarna ing marga, Jeng Sultan Selarong prapta, kang mengsah panggih sepika,
lajeng mesanggrahan nulya.
Ngukup
Mas Lurah layonnya, datan montra yen palastra, pan kadya nendra kewala, lawan
wetah kang salin.
Tan
wonten tilas warastra, sato tan purun celaka, gandanira kang salin, arum lir
garu cendhana.
Kangjeng
Sultan rasukanya, kinarya ngurmati ika, kepanggih tengah bangkenya, sakehe
kapir sadaya.
Dening
kapir bangkenira, tinedha gagak myang sona, Jeng Sultan tahan ika, membet kapir
bangkenira.
Mengkana
wus tan winarna, yata ingkang kawarnaha, Pangeran Dipanagara, lan Pangeran
Prabu ika.
Angsal
pitulung Hyang Sukma, dhadhal kapir barisira, kang wonten Mangir punika,
besmeni samarga marga.
Wus
prapta Selarong ika, Pangeran Dipanagara, lan Pangeran Prabu nulya, cundhuk lan
Jeng Sultan ika.
Sampun
katur saneskara, mengkana wus tan winarna, sareng enjing mengsah prapta, saking
nagari Ngayogya.
Ing
pinalih lampahira, Kangjeng Sultan nantun ika, dhumateng Kyahi Maja, lan
Pangeran Ngabehika.
Gya
samya pinalih nulya, Pangeran Dipanagara, lan Pangeran Prabu ika, ingkang kinen
nindhihan.
Ingkang
sepalih punika, kalihnya matur sandika, sampun lengser saking ngarsa, kalawan
sawadyanira.
Bupati
nenem punika, Pengalasan tindhihira, lajeng campuh ing ayuda, tan wonten
ingkang kuciwa.
Dene kang sepalih ika, Rahaden Jayanagara, kang tinuding nadhahana, lawan Mas
Mangunagara.
Tiga
tuwan Sarif ika, Jeng Sultan lenggah kewala, aneng pekarangan ika, ningali ingkang
ayuda.
Kelangkung
ing ramenira, kapir kathah kang palastra, Islam pan lujeng kewala, mengkana
ingkang winarna.
Pan
lagya ramening yuda, wonten wong lumajeng ika, mapan ngaturi uninga, mring
Pangran Dipanagara.
Gusti
jeng rama paduka, sampun kaseser ayuda, kagyat Jeng Pangeran nulya,
ingunduraken kang wadya.
Lawan
ngaturi uninga, dhumateng kang eyang ika, Pangeran Prabu ngaturan, mapan
mundura kewala.
Dadya
samya kagyatira, sampun bubrah tatanira, wus kesah ingkang wawerta, wadya
tinata tan kena.
Kapir
lumuntak sedaya, mring Jeng Sultan ngarsanira, Ki Maja atur uninga, punika
putra paduka.
Kados
kaseser juritnya, sampun mundur saking arga, Jeng Sultan kelangkung marma,
dhateng Raden Janegara.
Kapir
saya kathah prapta, lajeng kinen nimbalana, sedaya sabalanira, wus mundur
dhateng ing arga.
Lawan
Kangjeng Sultan nulya, prapta ing Kerebet panggya, lan Pangran Dipanagara, pan
sampun pepak sedaya.
Lawan
kathah ingkang prapta, wadya kang nusul punika, mapan saking lepen Soka, Jeng
Sultan kendel karsanya.
Mapan
lagya dhahar ika, kesaruna mungsuh prapta, pan nanging usar kewala, kedhik
mapan winetara.
Kawan
dasa mapan nulya, kinepung usar punika, pan lajeng kendel kewala, datan saged
yen kesaha.
Ri
wusnya dumugi samya, genipun dhahar sedaya, Pangran Ngabehi aturnya, dhumateng
Jeng Sultan ika.
Punapa
tan sinabeta, inggih Welandi punika, Kangjeng Sultan angandika, mapan tanggel
kalih nistha.
Welandi
bingung punika, kedhik lawan nihaya, suwawi lajeng kewala, mring terucuk kajeng
kula.
Jeng
Sultan nitih turongga, pun girismu punika, gethayu panuju ika, mapan kinarung
kewala.
Sampun
karsaning Hyang Sukma, pisah lintu marginira, ingkang usar kawan dasa,
sapungkurira Nalendra.
Pan
lajeng ambujung ika, mring wadya kakantun samya, lan kancanya sampun prapta,
pun Gethayu kang winarna.
Binujung
mring usar ika, kelangkung denya gumbira, pan lajeng uwal punika, medhot pisah
gamelira.
Lajeng
kinepung kewala, Gethayu ngamuk lir yeksa, binestul pinedhang ika, Gethayu
datan tumama.
Kapir
katungkul sedaya, ayuda lawan turongga, dadya datan angsal jalma, meh prapta
ing lepen Soka.
Gethayu
kepaluh ika, pan lajeng palastranira, nanging iku angsal bela, Welandi sekawan
ika.
Kang
pejah neng sandhingira, mengkana wus tan winarna, Kangjeng Sultan kawarnaha,
ngalih pesanggrahanira.
Mapan
neng terucuk ika, kapir mangir barisira, sadina dina ayuda, pan dereng wonten
kuciwa.
Repot
giris manahira, sabendina mirsa yuda, dadya rembag ngalih samya, dhumateng
kulur sedaya.
Mengkana
wus tan winarna, kawarnaha ingkang yuda, Jeng Sultan asring kuciwa, pan kongsi
nyabrang preraga.
Pan
ngalih sampun punika, Jeng Sultan pesanggrahanya, Jeng Pangran Ngabeha ika,
umatur lawan Ki Maja.
Yen
pareng karsa Nalendra, prayogi Konca Bulkiya, punika tinimbalana, kinen methuk
yudanira.
Dhumateng
kapir punika, Kangjeng Sultan ris ngandika, paman Kedhu lir punapa, bilih kapir
malih ngreda.
Dados
saya awratira, Pangeran Ngabehi aturnya, tinantun kang senapatya, kadugi kalih
botennya.
Rumeksa
bawah punika, kalih sampun kathahira, di dalem Kedhu sadaya, kados beten yen
pepek.
Rumeksa
Kedhu punika, kados yen boten pepeka, tinilar Konca Bulkiya, pan sampun rembag
sadaya.
Sagunging
Konca Bulkiya, kinarya pangirid yuda, jeng Sultan nurut turira, kang paman
lawan Ki Maja.
Lajeng
kinen nimbalan, gandhek kang lumampah ika, gegancangan lampahira, datan winarna
ing marga.
Ing
pesantren sampun prapta, gandhek panggih lan Bulkiya, Ki Ngusman lan Basah ika,
lajeng mepak senapatya.
Ing
Kedhu pinara tiga, sakilen ngelo punika, pan kalih senapatya, nenggih Pangran
Natapraja.
Mapan
kelawan kang raka, Pangran Mangkudiningrat ika, kang wetan ngelo sedaya,
Pangran Pakuningrat ika.
Tinantun
samya kaduga, rumeksa kedhung sedaya, Ki Ngusman Li Basah nulya, budhalan
sakancanira.
Saking
ing psantren ika, kang ngirid gandhek punika, datan minarna ing marga,
lampahira sampun prapta.
Wus
cundhuk Jeng Sultan nulya, sagung prajurit Bulkiyah, sampunira ngaras pada,
lajeng pinasrahan karya.
Kapir
Mangir barisira, dadya nanging let praraga, nulya pirembagan samya, yun nyabet
mring kapir ika.
Sampun
dados rembagira, Jeng Pangran Dipanagara, lawan ingkang eyang ika, Jeng Pangran
Prabu ika.
Kanthi
prajurit Bulkiya, mapan kinen medal ika.
Li
Basah wis mangkat samya, saking ngarsane Nalendra, Rahaden Jayanagara, lan Den
Pengalasan ika.
Wus
mangkat sakancanira, ingkang dadya tindhihira, Kangjeng Pangeran punika,
Ngabehi lawan kang putra.
Pangeran
Jayakusuma, medal ing cecelan ika, wus samya nyabrang preraga, lajeng campuhing
ayuda.
Kalawan
kapir punika, mapan samya purunira, mengkana ingkang winarna, Pangeran
Dipanagara.
Lawan
prajurit Bulkiya, sampun anyabrang peraga, nulya nerombol ayuda, wong kapir
langkung bingungnya.
Dadya
bubrah tatanira, mapan kathah kang palastra, wong Islam lumajeng sedaya, dadya
kalindhih yudanya.
Kapir
lumajeng sedaya, angungsi dhumateng Yogya, pan kekecer bangkenira, binujung
samarga marga.
Kaping
kalih mariyemnya, mapan wus atur uninga, dhumateng Jeng Sultan nulya, dhumateng
sabrang preraga.
Dhinerek
kang pra-ngulama, lajeng mesanggrahanika, aneng sekar ageng nulya, wetara
satengah condra.
Kapir
tan medali yuda, angentosi bantunira, ingkang saking Surakarta, mengkana pan
sampun prapta.
Sedaya
nagri Ngayogya, enengna kang winarna, ing sekar ageng punika, mapan pepak
pra-ngulama.
Marengi
Mulud wulannya, dalu sagung pra-ngulama, kalawan wadya Bulkiya, samya selawatan
ika.
Seh
Ngabdulrakup punika, ngulama ageng punika, heh ta Konca ingkang nedya, marga
kang utama.
Pan
iki kepareng uga, Kangjeng Rasul babarira, lawan mundi kang panedha, ing geseh
tahun kewala.
Kalamun
sabil utama, sabab tabek nabinira, dadya rembag golong samya, tanana kumambang
driya.
PUPUH XXIV
MASKUMAMBANG
Kang
pandhita ulama kalawan khaji, sedya sabil samya, ketib iman matur aris,
sampeyan punapa priksa.
Wertenipun
yen kapir medaling jurit, sapan sampun lama, kapir tan purun medali, lan prelu
grebeg punika.
Kyahi
Ngabdulrakhup mesem ngandika ris, ya adhi Tibiman, mapan sun wus ngrungu warti,
sesok Grebeg wong Ngayogya.
Lawan
bantu Surakarta pan wus prapti, dadya rembag samya, enengna kawarna enjing,
pacalang atur uninga.
Lamun
mengsah kapir Ngayogya medali, langkung agengira, gya nembang tengara jurit,
nanging kelangkung kasesa.
Kangjeng
Sultan mapan lagya miyos iki, saking pekarangan, ingkang mengsah sampun prapti,
baris dher neng pasabinan.
Lajeng
campuh kalawan Bulkiya nuli, lan prajurit samya, pan nanging sawonten neki,
sanjata lir ardi rebah.
Langkung
peteng kukusing sudawa ika, dadya nusup samya, sedaya pangamuk neki, anglir
bantheng tawan brona.
Nanging
sanget genira karoban tandhing, kapir kathah pejah, nanging meksa anguruggi,
pati dhumateng wong Islam.
Kyahi
guru kasongan Ngabdulrahupi, dhateng Sabilolah, pandhita Seh Ngabdullatip,
khaji pesantren pan tiga.
Lurah
kahum westa Ki Muhamadsantri, Tumenggung satunggal, Raden Jadrana nameki,
ingkang dhateng Sabilolah.
Kangjeng
Sultan kelangkung ing bendu neki, gya nyamethi kuda, mapan arsa nyalirani,
ingkang kuda ginendholan.
Mapan
sagung pra putra sentona sami, tenapi kang paman, Kangjeng Pangeran Ngabehi,
kalawan Kyahi Maja.
Mapan
sanget angaturi mundur sami, dadya Kangjeng Sultan, narima tendir Hyang Widi,
nulya nurut mring kang paman.
Sampun
mundur wadya Islam mawut sami, mengkana winarna, den menggung mretala yeki,
lawan Seh Abultalkah.
Ngabdulrahma
kinepung dhumateng kapir, lajeng ngamuk samya, katiga wus nedya sabil, kapir
saya kathah pejah.
Nanging
dereng dhumateng tendir yang widi, katiga samya wal, belasah bangkening kapir,
dadya sapih ingkang yuda.
Kapir
mundur dhumateng Ngayogya malih, lawan bekta samya, bangkene pengageng neki,
kang alit samya tinilar.
Kangjeng
Sultan parentah kinen ngukupi, mring kunarpanira, ingkang samya sabil ika,
gandanira warna warna.
Ana
ingkang lir garu cendhana ika, ana anglir sekar, mengkana wus tan winarni,
Kangjeng Sultan kawarnaha.
Pan
sineba munggeng pesanggrahan neki, pepak kang sumiwa, Ki Maja kang aneng
ngarsi, lawan Pangran Ngabehika.
Seh
Muhamad Li Basah turnya ris, yen marengi narpa, kawula anuhun pamit, lawan
sakonca sadaya.
Samya
ayun uninga dhateng nak rabi, mapan sampun lama, dimaya ngantos sapriki, dereng
wonten priksa griya.
Yata
mesem Jeng Sultan ngandika aris, kados pundi paman, punapa dipunturuti, Pangeran
Behi turira.
Lan
Ki Maja prayogi dipunturuti, nanging jeng paduka, kawula aturi ngalih, neng
ngriki sanget watirnya.
Abdi
dalem kidul kados sayah sami, yen sareng Nalendra, di dalem saler nagari,
prayogi ing aben yuda.
Sampun
lami tangled rame lan kapir, Kangjeng Sultan dadya, nuruti aturireki, kang
paman lan Kyahi Maja.
Nulya
budhal saking sekar ageng iki, sareng lan Bulkiyah, kang dherek Jeng Sultan
nanging, di dalem lebet sadaya.
Lawan
putra santana ulama khaji, kang prajurit ika, satus mandhung namaneki,
pangiride Mertalaya.
Sampun
prapta ing dhusun jumeneng nuli, ngedhaton Jeng Sultan, nimbali pratiwa sami,
kang neng ler kilen Ngayogya.
Ingkang
rayi Jeng Pangeran Ngabdulrahim, Arya Adisurya, lawan ingkang putra prapti,
Pangeran Sumanagara.
Mapan
bekta prajurit sewu kang tindhih, Tumenggung sakawan, Kyahi Cakranegareki, lan
Kyahi Wiryanagara.
Mangkuyuda
Martadipura puniki, ingkang ler Ngayogya, kang dados pengageng neki, Tumenggung
Kertanagara.
Lan
Tumenggung Secanegara puniki, sewu prajuritnya, kang dados pengirid neki, Mas
Tumenggung Japenawang.
Mas
Tumenggung Mertaduwirya lawaning, Mas Tumenggung Braja-, yuda kalawan kyahi,
Tumenggung Bunjaladriya.
Mas
Tumenggung Secadirja lan Kiyahi, Menggung Mondhalika, lawan Sumaduwiryeki, lan
Tumenggung Surajenggala.
Sampun
pepaksotan mring jumeneng sami, nulya dhinuwuhan, mring Kangjeng Pangeran Behi,
sedaya matur sandika.
Pan
rumeksa dhumateng Jeng Sultan sami, baris mara tiga, sampun kinen bubra iki,
anata pecalang samya.
Nulya
ana bantu saking Kedhu prapti, medal ing Ngradinan, gangsal latus kathah neki,
prapta ing Logarok nulya.
Pinethuken
mring Kertanagara jurit, langkung ramenira, wong kapir kuciwa iki, mapan kathah
ingkang pejah.
Babektanya
pan kathah tinilar iki, lumajeng mring Yogya, bangkenya gelasah sami, lan kecer
samarga marga.
Nanging
kedhik kang prapta Ngayogya kapir, pan prajurit samya, dadya lena tyasireki,
anerka katrak kewala.
Datan
nyana yen kapir manteping jurit, kathah mantuk samya, pitung dina winetawis,
kapir prapta mara tiga.
Pan
sedaya ingkang baris den wedali, pan samya kuciwa, sabab kathah mantuk sami,
jumeneng pan sampun prapta.
Kang
pecalang atur udani, meh sareng kewala, lawan kapir prapta neki, dadya sanget
gugup samya.
Ingkang
wonten ing Ki Cakranegareki, lan saprajuritnya, lajeng kinen methuk nuli, lan
prajurit lebet samya.
Kangjeng
Sultan langkung kasesa tyas neki, genira busana, mapan kalawan lumaris, tatihan
lagya ginuyang.
Sampun
miyos sajawining dhusun nuli, kang titihan prapta, Kangjeng Sultan nulya nitih,
ngandika dhateng kang paman.
Kangjeng
Pangran Ngabehi lan Ki Majeki, Mas Behi sampeyan, ngajengna wetan puniki, lan
sira Dipanagara.
Pengalasan
ingkang sampeyan tindhihi, lan pun Martalaya, Ki Maja dika nindhihi, marang Si
Cakranagara.
Pan
manira ingkang dadya dhadha iki, lan putra sentana, sandika samya tur neki, Ki
Maja panjawat kanan.
Pangran
Behi kang dadya panjawat kering, mapan sampun dadya, nulya pisah anggen neki,
Jeng Sultan teka Burnala.
Sabab
kapir kang katingal aming kedhik, wus karsa Hyang Sukma, Ki Cakranagara iki,
sareng celak kapir nulya.
Dipun
hedrel prajurit lumajeng sami, tan kenging ngabena, nanging kasamur puniki,
baledug katiga dawa.
Kyahi
Maja datan ngaturi udani, Jeng Sultan pan dadya, kinepung dhumateng kapir, ing
lawan putra santana.
Ponakawan
kalawan gamel Bupati, tan saged medula, mergi sampun den enggeni, dhumateng
kapir sadaya.
Lurah
gamel lan lurah Suryagameki, pan samya karuna, Kangjeng Sultan den tangisi,
ingaturan mundur nulya.
Ingkang
mimis pandhawah kadya gurimis, Jeng Sultan ngandika, mundur paran marganeki,
Angurbaya angamuka.
Lurah
gamel Mas Arjawijaya iki, Lurah Suryagoma, Mas Khaji Muhamad sami, kalih
anungkemi pada.
Pan
kawula dewaji ngupados margi, sabil sampun lila, ing panjanga paduka ji, wus
nurut Jeng Sultan nulya, samya ngamuk nerajang kapir pan sami, ambuntoni marga,
belasah bangkenya kapir, Jeng Sultan wus angsal marga.
Sampun
mundur lan kang putra sentan neki, Jendral dhusun mriyan, angasokhaken
turanggi, lawan ngantosi kang paman.
Datan
dangu Kyahi Maja nulya prapti, pan kadya kang sesa, nulya wonten prapta malih,
Pangeran Dipanagara.
Kangjeng
Sultan kagyat nulya atanya ris, endi eyangira, Jeng Pangran matur wotsari,
kawula boten uninga.
Teksihipun
kalawan ing sabil neki, pan wahu kinepang, dhumateng kapir pan sami, kawula
kinen lumajar.
Pan
mekaten Kangjeng Eyang timbalan neki, putu lumayuha, matiya ingsun pribadi, mas
putu ingsun wus tuwa.
Kangjeng
Sultan sareng miharsa turneki, wahu ingkang putra esmu duk jroning galih, mring
Pangran Dipanagara.
Lajeng
mundhut turongga samusul malih, dhumateng kang paman, tan pantara Pangran Behi,
prapta lawan Pengalasan.
Mertalaya
Sindurja wus pepak sami, lan prajurit samya, mengkana ingkang winarna, Pangeran
Mangkudiningrat.
Arsa
bantu wus prapta ngarsa narpati, lan saprajuritnya, Kangjeng Sultan ngandika
ris, wus adhi ingsun tarima.
Mapan
tanggung iki adhi pan wus wengi, lan kapir sun duga, kaya wus mundur sahiki,
sabab banget rusakira.
Kangjeng
Sultan nulya wahu den aturi, mesanggrahan ika, dhumateng ing langon nuli,
nuruti kang rayi nulya.
Budhal
saking pamriyan ing Langon prapti, Jeng Sultan parentah, kinen mriksa kang
sami, sabil aneng ing payudan.
Lawan
kajeng wahu kinen anyaheni, Rahaden Sindurja, lawan tuwan sampar wadi, kang
lumampah sampun prapta.
Nulya
matur di dalem kang estu lalis, Bupati pun kakang, Den Menggung Dipadirjeki,
lawan tuwan Saripkhasan.
Lurah
Suryagama nenggih tuwan Khaji, Muhamad punika, lurah gamel Mas Ngabehi,
Arjawijaya punika.
Mapan
sampun sedaya kula saheni, Jeng Sultan ngandika, iya Alkhamdulilahi, nulya
ngalih mesanggrahan.
Salak
mambeng mengkana rembaggan nuli, pados pesanggrahan, ingkang prayoga kinardi,
atata tata ing bala.
Kangjeng
Pangran Ngabehi ingkang lumaris, pados pesanggrahan, tan winarna angsal nuli,
winestanan dhusun Jeksa.
Nulya
wangsul sohan dhateng Sri Bupati, matur sampun angsal, Sang Nata dipunhaturi,
saking Salak membeng budhal.
Tan
winarna ing marga Jeksa wus prapti, dhusun laku gengnya, lan ingapit dening
kali, ingkang rama ingaturan.
Ingkang
rama lan sagung rerepot sami, saking kulur budhal, tan winarna sampun prapti,
mapan lajeng ingaturan.
Mesanggrahan
neng ardi suwela sami, pan wus tan winarna, sagunging rerepot sami, Kangjeng
Sultan kawarnaha.
Animbali
sagung ingkang senapati, pan arsa tinata, mengkana wus samya prapti, pepak neng
Jeksa sadaya.
Ingkang
mengsah mapan wus tan saged mijil, senadyan medula lajeng pinethuking jurit,
mring Pangeran Adisurya.
Mapan
wangsul meksih sanget katrak neki, mengkana jeng Sultan, mapan karya Basah
malih, Rahaden Natadireja.
Pinaringan
nama Iman Muhamadi, Ngabdul Ali Basah, tigang atus kang prajurit, pinilih lawan
suraya.
Tumenggung
pinilih nama nireki, Raden Prawiradirja, Den Nataprawira nguni, pinaring nama
punika.
Kang
suraya Den Menggung Busongeb ika, prajurit Bulkiya, tumenggungipun kekalih, Seh
Khaji Dulkadir ika.
Lan
Seh Khaji Mustafa Basah ireki, Seh Muhamad Ngusman, lan saprajurit neki, tigang
atus tiga welas.
Kang
prajurit mandhung satus tindhih neki, Den Menggung Martalaya, mantra lebet iki,
Den Tumenggung Puthutlawa.
Kawan
dasa mantra lebet kathah neki, lawan Suryagama, lawan Suryagama, punika
prajurit khaji, kathahira kawan dasa.
Tindhihira
Dolah Khaji Badarodin, mapan Suranata, kawan dasa tindhih neki, Dolah tuwin
sarip ika.
Sampar
wadi Kyahi Maja pan pinaring, prajurit punika, bar Jumungah nama neki, kawan
dasa kathahira.
Pangran
Ngabdulrahman Arya Angebehi, pan pinaring ika, kawan dasa kang prajurit, nama
Jagakarya, nanging tengga repot sami, lan Ki Guru Kwaron ika.
Kang
pepatih Den Riya Nataharjeki, kalih temenggungnya, Raden Purwadirja ika,
kalawan Mas Mangunharja.
Kang
Bupati ing lebet rumeksa aji, Den Riya Sindurja, lan Raden Natayudeki, Den
Menggung Purbakusuma.
Raden
Sumayuda Den Purbanegari, Den Wiryawinata, Raden Wiryawitru neki, lawan Den
Dipawiyana.
Raden
Menggung Kretapengalasan iki, karsane Nalendra, jinunjung namane reki,
Ngabdulatip Ali Basah.
Angrahaken
sedaya kilen ing pragi, sewu prajuritnya, sedaya tumenggung neki, khaji kalih
pamomongnya.
Khaji
Ngisa kalawan Khaji Ibrahim, sakidul Ngayogya, kang dados pengageng neki, Den
Menggung Jayanagara.
Mapan
sewu kathahe ingkang prajurit, nenggih tumenggungnya, Raden Sumadiningrati,
lawan Raden Jawinata.
Pangran
Suryabrongta lan Ki Rajaniti, Raden Sumadirja, lawan Raden Demang iki, lan
Raden Senakusuma.
Ing
Jimatan, Syeh Khaji mudha puniki, satus prajuritnya, anenggih ingkang ngembani,
Rahaden Resakusuma.
Kitha
ageng Dolahresa sentan neki, satus prajuritnya, kang neng wetan Ngayogyaki,
anenggih pengagengira.
Raden
Menggung Suranagara puniki, lan Mangunagara, Sudiranagara iki, kalawan
Nitinagara.
Suraharja
lan Tumenggung Ranupati, nenggih prajuritnya, pitung atus wetan negari, Remame
lan Prabalingga.
Tumenggungnya
Raden Jayaprenateki, lan Seh Ngabdulrahman, Wirareja kang prajurit, tigang atus
kathahira.
Ing
Pagelen mapan tiga Basah neki, nyewu prajuritnya, tumenggung nyedasa sami,
Rahaden Danukusuma.
Raden
Jayasudarga lan Pangran iki, Suryakusumeka, dene ingkang anindhihi, Kangjeng
Pangeran dipatya.
Ing
Lowanu temenggungira pan kalih, Seh Jayamustafa lawan, Mas Tumenggung iki,
Jayaprawira punika.
Basah
kalih ingkang neng ngarsa narpati, lan prajurit samya, jero nenggih karya neki,
mapan abantu kewala.
Pundi
ingkang kawratan dipunbantoni, wus dadya rembagnya, sedaya kresa nerpati, nulya
kinen mantuk samya.
Nulya
bubar wangsul marang barisan sami, prenah sowang sowang, kapir langkung ringkes
neki, saben medal tinangledan.
Jeksa
langkung karta, kapir datan saged iki, yen medal kedhik kewala. 115. Dadya
samya kathah tyas tekabur neki, mengkana nulyana, bebendunira Hyang Widi, ing
Serang mapan wus bedhah.
Pangran
Serang lumajeng mring Sokawati, Sokawati bedhah, mapan lajeng nglempak sami,
dhumateng Madiyun ika.
Raden
Menggung Mangunagara den nungsi, nulya Sabillolah, lan Raden Tumengggung iki,
ing niten Suradireja.
Sabillolah
wangsul dhateng Sokawati, Mas Tumenggung Kretadirja, lan Pangeran iki, Serang
mapan lajeng yuda.
Mas
Tumenggung labet pelor wentis neki, mapan lajeng ika, kecakup binekta nuli,
dhumateng ing Surakarta.
Pangran
Serang lumajeng dhateng Mentawis, lan Mas Sukur ika, lawan ngaturi udani, ing
Pajang ingkang winarna.
Mas
Tumenggung Cakradipura pan sabil, lan Jayadipura, kantun Mas Tumenggung iki,
Kerdipura lumajar.
Mring
Mentawis dadya nglempak mengsah sami, dhumateng Ngayogya, dadya kapir ageng
malih, nanging meksih katadhahan.
Gunung
Kidul ingkang dados senapati, Pangran Singasekar, dene ingkang angembani,
balambang Gunawijaya.
Lajeng
sabil mudhun Pangran Singasari, mring Magiri nglempak, lawan khaji mudha iki,
ing Magiri inggahan.
Lajeng
bedhah khaji mudha Dolah sabil, Pangran Singasekar, lan Den Resakusumeki,
lumajeng mring Janegaran.
Pan
sedhaya punika kang samya sabil, langkung kathahira, angsalnya bela wong kapir,
Den Menggung Jayanagara.
Tur
uninga nuhun bantu mring nerpati, nulya binantonan, Kangjeng Sultan kang
tinuding, Kyahi Ngusman Ali Basah.
Lajeng
mangkat sagunging Bulkiyah sami, budhal saking Jeksa, anglurug dhateng Magiri,
lan Raden Jayanegara.
Tan
winarna ing marga Magiri prapti, lajeng campuh yuda, kelangkung ramening jurit,
wong Sala mapan kuciwa.
Kathah
pejah anulya lumajeng sami, Den Wirakusuma, binoyong nak rabi neki, lajeng
katur dhateng Jeksa.
Pan
ing temple kinarya barising kapir, langkung agengira, Kurnel Gibas tindhih
neki, senapati tan kuwawa.
Mapan
lajeng tur uning mring Jeksa nuli, nuhun bantu nulya, Kangjeng Sultan amarengi,
Jeng Gusti Muhamad Iman.
Ngabdulkamil
lan Raden Mertalayeki, budhal saking Jeksa, tanapi ingkang prajurit, tan
winarna marga prapta.
Pan
ing temple lajeng campuh ing ajurit, langkung ramenira, nanging kuciwa wong
kapir, Kurnel Gibas pan lumajar.
Mapan
kathah bangkenira tiyang kapir, Islam lujeng samya, angsal bandhang mriyem
kalih, wus katur mring Kangjeng Sultan.
Perambanan
kinarya barising kapir, Mayor Leguranya, ingkang dadya tindhih neki, Kangjeng
Sultan gya utusan.
Kinen
nyabet prajurit sawetan nagri, Den Suranegara, kalawan saKoncaneki, Bupati
wetan sedaya.
Pan
kaliwon kalih kang kinen jenengira, kalawan ulama, kang westa Kyahi Ajali,
kaliwon Den Kakrasana.
Mangunyuda
nulya campuhing ajurit, langkung ramening prang, gelasah bangkene kapir, Mayor
Legur pan kecandhak.
Pinejahan
mring Raden Suranegari, Islam lujeng samya, angsal mariyem satunggil, sampun
katur mring Jeng Sultan.
Jendral
Dhekok langkung bingung ing tyas neki, Pangran Mertasana, lawan Pangran
Mangkubumi, neng Ambon tinantun samya.
Yen
kadugi mengsah Kangjeng Sultan sami, kinondurken nulya, kalihnya sagah pan
sami, kinondurken sampun prapta.
Pangran
Mangkubumi neng Surakarteki, Pangran Mertasona, ing Ngayogya sampun prapti,
lajeng ngalih namanira.
Pangran
Murdaningrat dadya senapati, aneng ing Ngayogya, nanging meksa tan wigati,
mengkana ingkang winarna.
Pangran
Mangkudiningrat sedheng tyas neki, sareng praptanira, Pangran Murdaningrat iki,
mapan asring abebeka.
Mring
Jeng Sultan anuhun nama puniki, Pangeran Dipatya, Kangjeng Sultan ta marengi,
dadya kendho juritira.
Mapan
asring ing Langon kinggahan kapir, dadya repot samya.
Pan
sedaya mesanggrahan kitha Giri, mengkana winarna, ingkang eyang grerah iki,
Kangjeng Pangeran Muhamad.
Abu
Bakar mapan lajeng kondur neki, dhateng Rahmatolah, lajeng sinareken iki, neng
wukir Kedhu rong ika.
Kyahi
guru Kwaron neng kutha Giri, lajeng sakit nulya, sampun prapta jangji neki,
manthuk dhateng Rahmatolah.
Mapan
lajeng sinare neng kutha Giri, wonte malih gerah, nenggih Den Ayu Ngabehi, kang
mra sepuh Pangeran.
Mapan
lajeng kondur mring Rahmatolahi, sinareken ika, wonten ing clereng puniki, mangkana
ingkang winarna.
Mengsah
kapir saya kathah ingkang prapti, sagung senapatya, samya ngajengken pribadi,
sadina dina ayuda.
Datan
saget tulung tinulungan sami, wadya lebet ika, kelangkung ing bingung neki,
pundi pundi ingkang awrat.
Tinulunga
wong kapir kuciwa sami, mengkana winarna, ngulami ageng puniki, ginuron samya
ngulama.
Ing
Garejen wismanya nama nireki, Seh Ismangil ika, tinukup mring tiyang kapir,
senapati tan uninga.
Lajeng
ngamuk kapir katah ingkang mati, Seh Ismangin nulya, dhumateng Sabilolahi, Seh
Bulawi ing Susukan.
Pan
tinukup Seh Bulawi lajeng sabil, kapir kathah pejah, mengkana ingkang winarni,
Tumenggung Kretanegara.
Lagya
sakit kedhik ing ngadhep prajurit, amung kawan dasa, tinukup dhumateng kapir,
lajeng saras sakitira.
Campuhing
prang kapir kathah ingkang mati, khapitanya pejah, kelawan litnanireki, kang
kathah lumajeng samya.
Lajeng
katur kang sirah mring Sri Bupati, malih kang winarna, Tumenggung Mondhaling
neki, sakit tinulup Welonda.
Ingkang
ngadhep nanging sedherekireki, Ran Mertawijaya, tan ingadhep mring prajurit,
meksih tinilar barisan.
Lajeng
ngamuk mapan nanging tiyang kalih, kapir kathah pejah, Ki Mertawijaya iki,
lajeng prapta sabilolah.
Ki
Tumenggung Mondhalika sareng uning, mring kunarpanira, yen risak arinireki,
mapan langkung pangamuknya.
Anglir
bantheng katawan brona puniki, putung lawungira, Kyahi Tumenggung puniki,
ngamuk lan keris kewala.
Langkung
kathah ingkang pejah tiyang kapir, Ki Tumenggung ika, bedhil pedhang sangkuh
iki, mapan tan wonten tumama.
Dadya
gila samya lumajeng wong kapir, mapan winestanan, Ki Tumenggung dede jalmi,
lajeng sohan dhateng Jeksa.
Ngaturaken
sirah kepalaning kapir, lajeng tinimbalan, dhumateng Srinarapati, Ki Tumenggung
nadarira.
Lamun
gesang mapan nuhun angabekti, mesem Kangjeng Sultan, mengkana wus den lilani,
lajeng ngaras ingkang pada.
Mring
Jeng Sultan Ki Tumenggung mapan nuli, kinen mantuk nulya, ing wingking menawa
water, Ki Tumenggung mapan nulya.
Sakit
malih sampun karsaning Hyang Widi, Ki Tumenggung nulya, mantuk mring Rahmatolahi,
nanging pan umur sacondra.
Ing
Lowanu kahinggahan dening kapir, pinethukhing yuda, kelangkung ramening jurit,
kapir kathah ingkang pejah.
Mas
Tumenggung Jayaprawira puniki, wus karsaning sukma, dhumateng Sabilolahi, ing
Lowanu pan kancikan.
Mapan
wonten ngulama ageng satunggil, westa Seh Ngabdulah, ing papringan wisma neki,
sohan dhumateng Jeng Sultan.
Mapan
nuju jeng Sultan lenggah pribadi, Seh Ngabdulah ika, kumembeng waspa nireki,
Kangjeng Sultan angandika.
Ana
apa Ngabdulah sira anangis, Seh Ngabdulah turnya, kawula matur sayekti, rahose
manah kawula.
Pan
ing karsa paduka inggih dewaji, pitajeng kalintang, dhumateng Ki Maja iki,
datan pethak sajatosnya.
Pan
punika agadhah kajeng pribadi, mesem Kangjeng Sultan, lawan angandika malih,
den eta kang ora ora.
Sira
piker wus muliha sira iki, mantuk Seh Ngabdulah, mapan datan lama nuli, mantuk
dhateng Rahmatolah.
Pan
ing ledhok kahinggahan mengsah kapir, lajeng campuh yuda, kapir kathah ingkang
mati, Mas Tumenggung Ondakara.
Sabilolah
mengkana ingkang winarni, jeng Pangran dipatya, kondur dhumateng Mentawis,
sampun lami ingaturan.
Marang
sagung Basah ing Pagelen iki, nanging datan arsa, ingkang rama Sri Bupati,
ngatag meksa datan arsa.
Kadya
sampun karsanira ing Hyang Widi, Kangjeng Pangran ika, remen aneng kitha Giri,
kalawan sawadyanira.
Mesanggrahan
tunggil lan kang eyang iki, Kangjeng Panembahan, rumeksa rerepot sami, Basah
ing Pagelen samya.
Dadya
kendho gela kang tyas mapan sami, ing ajurit ika, nulya kalebetan iki, mengsah
ing Pagelen ika.
Pangran
Sumayuda kang dadya pangirid, prajurit ing Sala, mapan kathah lawan kapir, ing
Mentawis kang winarna.
Pangran
Mangkunagera ingkang ngadani, pasisir sedaya, kalawan monycanagari, kinerig
dhateng Ngayogya.
Mesanggrahan
Pangeran Mangkunegari, aneng Tanjungtirta, kalawan sawadya neki, laku ageng
baris sira.
Kang
Bupati sedaya sawetan nagri, tan kuwawi samya, nglempak mring sakidul nagri,
ngungsi mring Jayanagara.
Ing
Mentaram langkung kathah mengsah iki, Pagelen mengkana, dadya sabendina jurit,
sadina dina ayuda.
Datan
saged yen tulung tinulung sami, saking geng barisnya, kelawan ing mempel iki,
trerayem baligo ika.
Ing
Mentaram kebekan ing mengsah kapir, Basah kalih ika, mapan ngajengken pribadi,
Muhamad Usman Li Basah.
Ngajenghaken
mengsah ing Trerayem iki, mapan binantonan, Raden Riya Sindurjeki, lawan Raden
Martalaya.
Gusti
Iman Muhamad Li Basah iki, Ngabdulkamil ika, ngajengaken mengsah kapir, kang
baris baligo ika.
Pan
ing Tempel Tumenggung Kertanagari, lan sakancanira, lawan anjagani margi,
gamping Pangran Adisurya.
Nanging
kantun nenggih kang Basah satunggil, Ngabdullatip ika, ingkang dereng angsal
kardi, tinuding dhateng Nalendra.
Ambatoni
Bupati sawetan nagri, ngajengaken ika, Pangeran Mangkunegari, mengkana pan lajeng
budhal.
Saking
Jeksa pan sewu prajurit neki, mapan sampun prapta, palered pinethuk jurit,
mring Pangran Mangkunagara.
Langkung
rame Mangkunagaran kalindhih, Palered kanggenan, dhateng Basah Ngabdullatip,
Raden Menggung Janegara.
Sakancanya
datan saged tulung iki, ngajenghaken ika, mengsah kang aneng Magiri, lawan
gunung Kidul ika.
Dadya
datan tulung tinulungan sami, ing satanah ika, Mentaram ramening jurit, mariyem
mapan bandhungan.
Senjata
lit berondangan siyang latri, tan wonten kuciwa, kendel lamun sayah sami,
mariyem mapan mengkana.
Raden
Ngabdullatip lan Basah puniki, lan juritnya, kedhaton ingkang den enggeni,
aneng Palered punika.
Kang
Bupati sedaya wetan Yogjeki, saprajuritnya, kinen baris wonten jawi, mengkana
ingkang winarna.
Pangran
Mangkunegara pan tan kuwawi, nedha bantu ika, dhateng Jendral Dhekok iki, mapan
nulya binantonan.
Jendral
Pagen kinerig Ngayogya sami, kapir lawan Murdat, sampun kumpul dadya siji, lan
baris Mangkunagaran.
Langkung
ageng tanpa wilangan kaheksi, Raden Ali Basah, mapan ingaturan mijil, nanging
meksa datan arsa.
Kedah
mempen sedaya rempon jro puri, Palered punika, ngantos samya den tangisi, Den
Basah tan toleh wuntat.
PUPUH XXV
P A N G K U R
Raden
Basah sru manebda, yen tan wani padha metuha iki, mapan ingsun wis tanpa yun,
kang kaya rembugira, tanpantara mengsah ageng prapta sampun, lajeng pinethuk
ing yuda, mring sagung kang pradipati.
Kelangkung
rame kang yuda, tan kuwawi sagung kang pradipati, sawetan Ngayogya iku, saking
karoban lawan, pan kalindhih pradipati juritipun, lajeng ngaturi uninga,
dhateng Raden Basah nuli.
Yen
sampun datan kuwawa, ingkang mengsah kelangkung ageng neki, Den Basah ngaturan
metu, nanging meksa tan arsa, kedah rempon kewala neng jro kedhatun, mengkana
mengsah wus prapta, mengkana kinepung kikis.
Lajeng
rame mariyeman, wantunira setabel tiyang Jawi, tan tahan nulya lumayu, mariyem
wus den tilar, kapir ngangseg ngrampit pager banon sampun, nanging datan saged
celak, saking lebet den bedhili.
Kathah
kapir ingkang kena, ngantos dangu wantunya tiyang kapir, kapok ingkang sampun
lampus, nulya sareng ajengnya, kang senjata mapan wus tan angsal iku, kapir
murtat mapan samya, dhepepel ing bata iki.
Kalawan
apasang ondha, nanging Islam maksih panggahing jurit, kapir lamun menek iku, jinojoh
wahos samya, saking lebet sadaya ing banon sampun, lebet banon pinrantenan,
dadya kapir kathah mati.
Ana
ingkang ngukih lawang, kapir murtad nanging kang tengga kori, kelangkung
sudiranipun, Dolah Kaji Brahimnya, lan Mas Panji Jayasumitra puniku, lan Panji
Wonawijaya, kalawan prajurit neki.
Wong
satus banter sadaya, langkung panggah kapir kathah kang mati, ingkang tengga
kori kidul, Raden Tumenggung Wiryadirja, satus ingkang prajurit puniku, wong
Kranggan lawan wong Lendhah, tindhihnya Panji kekalih.
Mas
Panyji Surasantika, lan Raden Mas Panji Kancil puniki, sedaya prajurit iku,
samya munggeng pelatar, Panji Rongga Tumenggung titindhihipun, mubeng jro
kedhaton ika, ing jawi mengna maning.
Kapir
mubeng pangepungnya, mapan samya dhedhepel ing bata iki, sadinten denya prang
pupuh, kapir tan saged ngrangsang, saben menek jinojohing wahos lampus, dadya
banon pinendheman, dhumateng sendawa sami.
Pan
sareng sinumed samya, swaranira kadya gugruging wukir, sampun karsaning Yang
Agung, kagyat kang neng pelatar, pan sedaya anerka yen banon rubuh, prajurit
pan mudhun samya, kapir saged minggah sami.
Sareng
lan kukus sendawa, langkung peteng Islam datan udani, kapir sareng inggahipun,
wus samya neng pelatar, lajeng mudhun lajeng wong Islam kadulu, kagyat nulya
tinadhahan, wus carob Islam lan kapir.
Arame
uleng ulengan, yudanira Islam kalawan kapir, aneng sajroning kedhatun, kapir
wus manjing samya, Islam asanget karoban mungsuh, kapir nanging kantun usar,
lan Jendral panggeneng jawi.
Kalawan
mariyemira, ingkang meksih Jendral dipuntenggani, dadya Islam kathah iku, kang
samya Sabilolah, mapan amor lan bangkene kapir iku, mengkana marmaning sukma,
Islam ingkang dereng prapti.
Ing
jangji medal sedaya, nunjang baris lan Jendral Usar sami, Raden Basah mapan
sampun, binekta medal nulya, marang Dolah Khaji Ngisa mapan langkung, Raden
Basah kesayahan, ngantos datan saged angling.
Jendral
Pagen kang winarna, mapan langkung suka ing tyashing reki, anerka yen Islam
sampun, sewu tumpes sedaya, sabab dulu kunarpa gelasah iku, sanadyan ana uripa,
merojola nanging kedhik.
Sareng
tinitik sedaya, ingkang kathah nanging tangkening kapir, kalawan murtat puniku,
Jendral gela tyasira, ing Palered wus kanggenan kapir iku, sampun katur mring
Jeng Sultan, mengkana solahireki.
Mapan
Dolah Khaji Ngisa, ingkang sohan matur mring Jeksa iki, Kangjeng Sultan mapan
dangu, kendel datan ngandika, langkung ngungun mengkana wekasan dangu, khaji
ana ngendi Basah, Seh Khaji Ngisa matur aris.
Abdi
dalem Raden Basah, sapunika pan dereng saged angling, sanget lami tenggengipun,
wonten sela wong enggonnya, Kangjeng Sultan andangu kang sabil iku, Khaji Ngisa
aturira, di dalem jajar prajurit.
Mapan
satus kalih dasa, pengagengnya abdi dalem kang prapti, ing Sabilolah sinuhun,
Dolah Khaji Ibrahim kalah lawan, Den Tumenggung Wiryadirjeku, Panji Mas
Jayasumitra, lan Raden Mas Panji Kancil.
Mas
Panji Wonawijaya, lan Mas Panji Surasantikahaji, Mas Panji Trunadriyeku, Panji
Mukhadinata, ing punika di dalem pangiridipun, ingkang samya Sabilolah,
Kangjeng Sultan ngandika aris.
Wus
Khaji Ngisa muliha, ngayum ana sakehe ingkang prajurit, ingkang padha sabil
iku, wus padha sulihana, mring anake yen ana kemisih tanggung, sadulure
gentekena, sandika aturnya Seh Khaji.
Sampun
lengser saking ngarsa, kawarnaha sagunging senapati, samya alit manahipun,
sareng sakawonira, Raden Basah ing perang Palered iku, Bupati sawetan Yogya,
sedaya pan sohan sami.
Mapan
dhumateng ing jeksa atur tiwas anuwun den tindhihi, dhumateng Pangeran iku,
Natapraja turhira, pan sedaya punika panuwunipun, Jeng Sultan nuruti nulya,
utusan kinen nimbali.
Mring
Pangeran Natapraja, neng padakan datan antara prapti, ingarsanira Sang Prabu,
SriNalendra ngandika, Natapraja sireku padha den jaluk, mring Bupati wetan
Yogya, apa kaduga sireki.
Mungsuh
lan Mangkunagara, lawan sira iya ingsun bantoni, Si Jayanagara iku, Pangeran
atur sembah, inggih sandika pukulun, nanging pangestu paduka, dewiji ingkang
kapundhi.
Kangjeng
Sultan angandika, yen kaduga nuli mangkata adhi, Pangran Natapraja iku, nulya
angaras pada, sampun lengser saking ngarsanya Sang Prabu, nulya budhal saking
Jeksa, ingiring sagung Dipati.
Tan
winarna lampahira, Pangran Natapraja wus prapti, sawetaning praga iku, jujug
Samen wus panggya, lawan Raden Jayanagara nulyeku, gandhek dhawahken timbalan,
mring Raden Jayanegari.
Budhal
Pangran Natapraja, saking Samen lawan sawadyaneki, Den Jayanagara wus, dherek
sakancanira, sampun prapta Jalasutra lampahipun, mapan lajeng mesanggrahan,
tigang dinten winetawis.
Mapan
lajenging nginggahan, saking Tanjungtirta langkung geng neki, Pangran
Mangkunegareku, lan kanthi kapir samya, Pangran Natapraja rembag pratumenggung,
pan ing ngunduran kewala, yun methuken tan kadugi.
Pan
lajeng ing Ngelud nulya, ngantos prapta sakilen Pragi malih, Pangran
Mangkunegareku, majeng pasanggrahanya, aneng Rajakusuma kang wadya sagung,
baris sawetaning pragi, dadya sagung senapati.
Samya
kesisaning bala, mapan kathah ingkang samya angili, ngungseken nak rabenipun,
ingkang kabetah samya, apiteluk Pangeran Nataprajeku, baris sakilening Praga,
lan sagunging senapati.
Ingkang
ler Yogya mengkana, senapati kesisan bala sami, sampun karsaning Yang Agung,
prajurit tyasira, mapan kathah ingkang api api teluk, nanging kantun Panji
Rongga, ngabehi punika teksih.
Tunggil
lawan Tumenggungnya, giris saking kathahe mengsah kapir, kalawan murtad
sedarum, sampun katur Jeng Sultan, nanging kantun Basah kekalih puniku, pinilih
lawan Bulkiyah, ingkang teksih kekah baris.
Lan
Pangeran Disurya, barisira mapan wontening gamping, siyang dalu aprang pupuh,
mengkana kawarnaha, Jendral mapan arsa ngantep juritipun, keriggan kapir lan
murdat, saking Ngayogya wus mijil.
Trerayem
baligo nulya, binantonan langkung ramening jurit, ingkang nadhahi puniku,
Trerayem pan Bulkiya, lawan mandhung pinilih suraya iku, nadhahi kapir lan
murtad, kang baris Baligo iki.
Siyang
dalu mapan yuda, langkung rame tanana nguciwani, mapan datan nyana iku, kapir
lan murdat ika, medal gamping ingkang ageng dadya iku, Kangjeng Pangran
Adisurya, nadhahi datan kuwawi.
Pinilih
lawan Bulkiya, pan katungkul wahu denira jurit, sampun karsaning hYang Agung,
kapir lan murtad nyabrang, ing Praga mengkana ingkang winuwus, Kangjeng Sultan
ing ngaturan, uninga yen mengsah sami.
Sampun
anyabrang Praga, ingkang paman Kangjeng Pangran Behi, mapan nuju sepi iku, tuwi
mring repotira, ingkang wonten nanging Kyahi Maja iku, lawan sagung pra
ngulama, prajurit Suyagameki.
Lan
prajurit Suranata, mantra lebet nanging kantunnya kedhik, jajar kang alit
tyasipun, pan sampun ngili samya, Kangjeng Sultan ingkang ngadhep wetareku,
kalih atus sadayanya, Kyahi Maja wus tan kenging.
Tinari
nanging sumongga, nulya wonten ingkang atur udani, kalamun kang mengsah sampun,
prapta ing pudhak ika, Kangjeng Sultan nulya nitih turonggeku, westa Ki
Wijayacala, pan arsa methuk ing jurit.
Ingkang
dherek punika, kalih atus kang lamun winetawis, prapta dhusun Dhondhong sampun,
kapir prapta ing Pudhak, sareng arsa mudhun lepen kapir iku, Kangjeng Sultan
mapan nulya, kinen methukhaken nuli.
Kang
prajurit Suryagama, Dolah Khaji Badarodin puniki, kalawan sakancanipun, kapir
wangsul anulya, lawan malih sampun kesaputing dalu, kapir lajeng mesanggrahan,
aneng dhusun Pudhak iki.
Jeng
Sultan neba kewala, sawadyanya nanging meksih letkali, dadya jeng ajengan iku,
kapir langkung gengira, kuwel lawan wong murtad Ngayogya iku, pasisir
moncanagara, Jendral Pagen tindhih neki.
Murtad
Pangran Murdaningrat, pan punika ingkang dadya tetindhih, lan Pangran Panular
iku, kapir murtad pra samya, suka suka langkung rame swaranipun, Kangjeng
Sultan kawinarna, sare angandhap werseki.
Mapan
lagya grerah ika, Kyahi Maja sanget aturireki, ngaturi lolos puniku, Kangjeng
Sultan tan arsa, Gusti Iman Muhamad Li Basah iku, sareng amiharsa warta,
kelangkung tyas kuwatir.
Wahu
dhumateng Jeng Sultan, sabab gerah anulya kondur nuli, ing kalawan Dolah iku,
kalih ingkang binekta, kang prajurit sadaya tinilar iku, nanging kantun Panji
Rongga, punika ingkang nindhihi.
Sasanderan
lampahira, tan winarna ing marga sampun prapti, mulat mengsah langkung agung,
lajeng nungkemi pada, Kangjeng Sultan ngaturan lolos puniku, nanging meksa
datan arsa, kedah amethuk ing jurit.
Mengkana
ingkang winarna, Kangjeng Pangran Ngabdulrahman Ngabehi, tengah dalu rawuhipun,
lajeng samya ngaturan, umatur rajeng Pangran nulya cumundhuk, ing ngarsanira
Jeng Sultan, mapan langkung atur neki.
SriNalendra
angandika, inggih paman gumingsir dhateng pundi, yen sampun ing jangjenipun,
mapan mongsa wandeya, Pangran Ngabdulrahman aris aturipun, inggih leres yen
sampuna, wonten kang binudi malih.
Inggih
kang mengsah punika, pan kawula wahu mirsa pribadi, mapan langkung agengipun,
sarengan wonten marga, pan kawula medaling ardi kadulu, kapir punika sadaya,
abdi dalem anging kedhik.
Kalih
pandugi kawula, benjing enjing tan ngemungaken puniki, sanadyan kathah sinuhun,
yen samya jeng ajengan, boten dados kuwatosing tyas satuhu, punika pun thole
Basah, sampun wonten ing ngarsa ji.
Kapir
ing baligo nata, boten wande gerombol saking wuri, punika watosing kalbu,
nadyan inggih wontena, ingkang gadhah ajeng ajengan puniku, pinilih lawan
suraya, datan wonten tindhih neki.
Pun
thole Basah punika, lan Dolahnya kalih sampun neng ngriki, kados datan saged
sampun, lamun kekah yudanya, mapan nanging tindhih Rongga Panji iku, lan abdi
dalem Bulkiya, lamun pareng benjing enjing.
Ing
ngriki rame senjata, Kyahi Ngusman kados bibrah tyas neki, Kangjeng Sultan
dadya nurut, mring ature kang paman, ris ngandika yen mengkoten paman sampun,
angur sampeyan utusan, mring Bulkiya lan pinilih.
Yen
ing ngriki wus kanggenan, dhateng kapir mesakhake kasupit, sampeyan paringi
weruh, yen kula sampun kesah, dhateng ardi sadaya sampeyan nusul, Kangjeng
Pangran aturipun, sandika utusan nuli.
Kangjeng
Sultan nulya budhal, saking Jeksa lawan sawadya neki, lingsir dalu wayahipun,
minggah dhumateng arga, lepen Wunglon Kangjeng Sultan sampun rawuh, sareng
enjang nulya tedhak, Kangjeng Sultan saking ardi.
Mesanggrahan
lepen Sungga, tinimbali wahu dhateng kang rayi, Prangran Ngabdulrakim iku, lan
Pangran Sumanagara, lawan sagung ingkang prajurit sadarum, lan ngantos
sapraptanira, Bulkiya lawan pinilih.
Lawan
kinen nimbalan, Basah Ngabdullatip sawadyaneki, tanpantara prapta sampun,
sagung kang tinimbalan, Pangran Ngabdulrakim dhinawuhan sampun kinen baris
wonten pundhak, kalawan sawadyaneki.
Kapir
murtad wonten Jeksa, dadya gentos panggenan neki, nanging kapir pecalangipun,
aneng dhondhong punika, dadya samya jeng ajengan barisipun, lawan ingkang aneng
pundhak, Kangjeng Sultan kang winarni.
Budhal
saking lepen Sungga, mesanggrahan aneng kamal puniki, mengkana ingkang winuwus,
Basah Pagelen samya, tiga pisan pan kalindhih yudanipun, ngungsang dhumateng
Mentaram, kapir murtad mapan sami.
Ngelut
lajeng baris waja, Pangran Sumayuda tetindhih neki, nulya tur uninga iku,
dhumateng Kangjeng Sultan, Pangran Behi mengkana ing ngaturipun, kejawi Basah
satunggal, pinethil saking ngarsa ji.
Ngabdullatip
Ali Basah, ing punika kados ingkang prayogi, sabab punika rehipun, pan lajeng
dhinawuhan, budhal saking kamal sawadyanipun, ngajengaken mengsah waja, lan
Basah Pagelen sami.
Nenggih
Pangran Natapraja, ngajengaken mengsah sawetan pragi, lawan Bupati puniku,
ingkang sawetan Yogya, kidul Yogja pan sampun pepak sadarum, dhumateng sakilen
praga, Kangjeng Sultan kang winarni.
Ngajengaken
kang neng Jeksa, lan Bupati ler kilen Yogja sami, samya jeng ajengan sampun,
mengkana Kangjeng Sultan, dalu lenggah aneng pasanggrahanipun, tan ing ngadhep
dening jalma, pan wus samya nendra iki.
Pitekur
sendheyan saka, mapan sangking sungkawahing tyas neki, mengkana ingkang
winuwus, nulya ana kang prapta, kadya daru dhateng pesanggrahanipun, nulya
lenggah ngarsanira, Jeng Sultan werni pawestri.
Kalih
ingkang ngiring ika, samya estri dene kawarsa sami, pan wus tan kena cinatur,
mapan katiga pisan, undha usuk lawan kang den iring iku, Jeng Sultan dangu tan
nyapa, kami tegengen ningali.
Lawan
mespahosken ika, genya lenggah datan srahing siti, Kajeng Sultan ngandika rum,
nila krami kawula, langkung tambet Kangjeng Ratu lon turipun, rumiyin mapan
kawula, lan paduka sampun jangji.
Ing
benjang yen sampun mongsa, lan paduka boten wande kepanggih, Jeng Sultan enget
tyasipun, mengkana ciptanira, baya iki kang ingaran Ratu Kidul, dene banget
anomira, Kangjeng Sultan ngandika ris.
Pan
sampun enget kawula, Kangjeng Ratu aris aturireki, yen pareng amba tetulung,
inggih dhateng paduka, ing kawula anuwun jangji satuhu, yen sampun sirna
sadaya, sagung ingkang laknat kapir.
Kawula
tuwan suwunhena, dhateng Allah ingkang Rabilngalamin, mantuka malih puniku,
inggih dados manungsa, dene sagung wadya paduka sedarum, sampun wonten tumut
yuda, kawula ingkang nyagahi.
Sirnanipun
Laknatolah, Kangjeng Sultan mapan ngandika aris, kawula tan nedha tulung,
inggih mring sasama, yen agami amung pitulung Hyang Agung, Kangjeng Ratu nulya
musna, mengkana ingkang winarni.
Kapir
Latnaktolah samya, kang neng Jeksa karsa ngantep kang jurit, Jendral Pagen
tindhihipun, sagung murtad sadaya, Pangran Murdaningrat lan Pangran puniku,
Panular titindhihira, enjing nulya mangkat jurit.
Ingkang
baris aneng pundhak, Pangran Ngabdulrahim sawadya neki, lan Pangran
Sumanegareku, lajeng campuhing yuda, langkung saking tikel gangsal tindhihipun,
dadya Islam mundur samya, tan kuwawi anadhahi.
Mapan
nulya tur uninga, dhateng Kamal yen sampun tan kuwawi, kapir langkung
agengipun, Kangjeng Sultan anulya, nuding ingkang kinen nindhihi prang pupuh,
pinilih lawan Bulkiya, lan sagung kang pradipati.
Ingkang
lor Yogja sedaya, Kangjeng Sultan ningali iring ardi, pan katingal dhatengipun,
praptane ingkang mengsah, lamun tinon kadya gunung alelaku, kapir murtad
kathahira, rahara kebekan sami.
Genderanya
Mangkuyuda, katutan dening Usar puniki, mogok mapan lajeng ngamuk, wantu tiyang
satunggal, lajeng sabil usar kathah ingkang lampus, tanpantara usar prapta, ing
kamal dipuntadhahi.
Dhateng
prajurit Bulkiya, lan pinilih lawan Kertanagari, usar mapan kathah lampus,
kalindhih kapir samya, mapan lajeng binujung usar lumayu, ingkang ageng nulya
prapta, Jeng Sultan marma mring abdi.
Paman
kinen mundur samya, tan kalilan kalamun anang ngledi, sadaya pan ken sampun,
mundur prajurit samya, Kangjeng Sultan mapan ingaturan iku, wahu dhumateng kang
paman, mesanggrahan panggung iki.
Neng
panggung apirembagan……………………
Syeh
Muhamad Usman Li Basah iki, mapan sanget aturipun, tan sanget aprang arga, pan
kawula punika tiyang wus sepuh, senadyan inggih kathah, punika pun laknat
kapir.
Mapan
sampun tinemaha, pan prayogi ngupados papan radin, Kangjeng Sultan dadya nurut
mring ature Syeh Usman, Ali Basah ing meksih sumelangipun, kang dados matiring
nala, Jeng Sultan mring repot sami.
Jeng
Pangeran Ngabdulrahman, ris turira inggih lamun marengi, pun Mertalaya puniku,
lawan sakancanira, kang prajurit mandhung satus malihipun, kawan dasa Suranata,
lawan tuwan Samparwadi.
Lawan
pun Cakranagara, kados cekap rumeksa repot sami, lawan angampingi iku, mring
kang mas Panembahan, sampun dados rembagira Den Tumenggung, Martalaya
dinawuhan, lawan tuwan Sarip nuli.
Budhal
Mandhung Suranata, saking panggung dhumateng kitha Giri, Kangjeng Sultan kang
winuwus, saking panggung wus budhal, prapta Sela mirah pesanggrahanipun, kapir
murtad mapan samya, wangsul dhateng Jeksa malih.
Pengajengnya
aneng pundhak, Pangran Ngabdulrahman Arya Ngabehi, umatur dhateng Sang Prabu,
yen marengi Nalendra, luhung lajeng dhumateng wetan prageku, wonten ngriki
ketanggelan, kalih celak kitha Giri.
Bilih
karya susah samya, marang repot prayoga ingkang tebih, sanadyan ngantepa prang
pupuh, sahe sawetan praga, samya rembag sadaya ing ngaturipun, Kangjeng Pangran
Ngabdulrahman, Kangjeng Sultan anuruti.
Budhal
saking Sela mirah, sampun prapta sawetaning pragi, mesanggrahan sejatiku,
mengsah anulya prapta, kapir murtad mapan langkung kathahipun, dhatengira
amretiga, nanging datan den tangledi.
Mapan
ngunduran kewala, marang breja undurira sang ngaji, pan lajeng kinodholiku,
mundur malih Nalendra, dhateng badhut mengkana Sang Nata dulu, bong obongan
langkung gengnya, prenahe ing kitha Giri.
Kangjeng
Sultan angandika, mring kang paman Pangran Arya Ngabehi, paman pundi Besmen
iku, lir kitha Giri paman, Pangran Ngabdurahman aris aturipun, kados inggih
leresira, punika ing kitha Giri.
Kangjeng
Sultan angandika, mring kang paman yen estu kitha Giri, kawula paman yun
wangsul, dhateng sakilen Praga, nanging putra sampeyan kang dados kalbu, yen
ngantos kagepok kopar, angur sirna paman mami.
Pangran
Ngabehi aturnya, lamun sampun mekaten karsa Aji, prayogi ngriki satuhu, kinarya
ngantep yuda, nanging cobaning Yang Widi.
Kang
wadya telas sadaya, ing tyasira kathah kang sami balik, dadya ingkang dherek
iku, aneng badhut punika, nanging Basah lebet kekalih puniku, prajurit nanging
Bulkiya, mantra lebet lan pinilih.
Suraya
lan Suryagama, nanging sampun kantun kedhiku sami, Ki Maja sakancanipun,
ingkang para ngulama, kang Tumenggung ler Yogha satunggal iku, westa Mas
Jayapenawang, ing wus tan ngadhep prajurit.
Kantun
tiga rencangira, Kangjeng Sultan ing tyas wus sedya sabil, Jendral Pagen
barisipun, aneng Ketebon ika, lan Kemiri ing ardi Kanigareku, kapir murtad
maratiga, angepang ing badhut sami.
Syeh
Muhammad Usman Li Basah, ris turira dhateng Pangran Ngabehi, yen pareng kula
nenuwun, prayogi pados papan, ingkang radin wonten ngriki tanggel tuhu, yen
kinarya ngantep yuda, ingkang papan kirang radin.
Mapan
sampun samya nedya, Sabilolah kang papan ting slekuthik, mapan samya rembag
sampun, Kangjeng Sultan ngandika, inggih mapan pundi kang radin puniku, Pangran
Ngabehi aturnya, kawula dereng udani.
Ing
tanah ngrika sadaya, Mas Tumenggung Japenawang turnya ris, yen pareng karsa
sinuhun, prayogi ing kasuran, mapan radin lawan ageng ingkang dhusun, pan
sampun rembag sadaya, Pangran Ngabehi turnya ris.
Yen
sampun rembag punika, pan prayogi nunten mangkat puniki, lamun ngantos
sapuniku, enjing dugi kawula, kapir murtad tan wonten prapta sadarum, ingkang
baris maratiga, Kangjeng Sultan ngandika ris.
Paman
ing mangke kewala, dalu lamun sampun dhadhari sasi, lagya sanget arip tuhu,
sakedhap ayun nendra, Kangjeng Sultan nulya sarehan iku, mapan kelajeng anendra,
ngantos wektu pajar iki.
Sanget
ingkang aripira, datan wonten kang purun mungu iki, sampun sumekta sedarum,
samya ngadhep kewala, Kyahi Maja lan Pangeran Ngabehiku, pan samya iren kewala,
kalih ayun mungu ajrih.
Kagyat
wungu Kangjeng Sultan, pan tumingal lamun wus pajar sidik, pan langkung
kasesanipun, jeng Sultan nulya Salat, bakda Subuh jeng Sultan busana sampun,
budhal saking badhut nulya, prapta gening mengsah sami.
Mapan
sampun enjing ika, nanging wonten marmanira Hyang Widi, pedhut ageng prapta iku,
ngalingi mring jeng Sultan, sawadyanya kapir murtad tanana wruh, yen jeng
Sultan sampun budhal, saking badhut sawadyeki.
Dadya
kapir murtad samya, sareng enjang mapan kecalan sami, Kangjeng Sultan kang
winuwus, sampun prapta kasuran, sawadyanya panuju Jumungah iku, SriNalendra
angandika, mring sagung kang pra ngulami.
Wus
ta padha Jumungaha, mapan ingsun ingkang amecalangi, mengkana ngulama sagung,
mapan samya Jumungah, sareng bedhug kapir murtad prapta sagung, mapan iya
maratiga, ingkang Jumungah pan sami.
Kelangkung
denya kasesa, ingkang kutbah nanging prelunireki, Ki Maja ngimani iku, ayat
Kulhu kewala, sampun bakda lajeng sohan mring sang prabu, Ki Maja sakancanira,
SriNalendra lenggah iki.
Awan
sendheyan tirisan, Basah kalih ingkang munggeng ing ngarsi, lawan ingkang paman
iku, Pangeran Ngabdulrahman, ingkang mengsah mapan sareng praptanipun, mariyem
sampun tan mungal, ing kantun sanjata alit.
Basah
kalih matur samya, nuwun amit arsa methuk ing jurit, Kangjeng Sultan ngandika
rum, menenga bahe padha, dimon perok wong wus nedya sabil iku, mundhak sayah
lakonira, lawan seksenhana mami.
Yen
ana pitulung sukma, ingsun cukur lawan wus tan nedya mami, gumingsir geningsun
lungguh, usar nulyana tingal, Jendral Pagen ingkang dadya tindhihipun, mapan
cemeng kudanira, keng mengsah ing mara kalih.
Kang
pelangkir medal wetan, ingkang usar medal kidul pan sami, pelor langkung
deresipun, mariyem wus tan mungal, nanging kantun sanjata alit gumrudug, Basah
Ngabdulkamil nulya, nuhun pamit mring Sang Aji.
Ingkang
tyas pan tanderana, wantunira meksih anem puniki, lawan kalih dolahipun, Raden
Prawiradirja, lawan Raden Abusongeb namanipun, samya kaduk punika, Kangjeng
Sultan ngandika ris.
Mengko
antinen sadhela, dimon prerak nanging meksa tan kenging, tiga nitih kuda
sampun, lajeng nander kewala, methukhaken ingkang usar yudanipun, Seh Usman Li
Basah nulya, anembang tengara jurit.
Gumergut
wadya Bulkiya, lan pinilih Surayama pan sami, rempak sareng ajengipun, Syeh
Usman Ali Basah, kang nindhihi mengkana pan lajeng campuh, kalawan usar sadaya,
wus carob ingkang ajurit.
Kangjeng
Sultan langkung marma, nulya ngatag maring Ki Maja puniki, kinen tetulung ing
pupuh, lan sagung pra-ngulama, nulya manjing mengsah saking wetan rawuh,
Kangjeng Sultan nulya ngatak, mring Syeh Khaji Bandarodin.
Lun
Tumenggung Puthutlawa, Suryagama lan matri lebet sami, nuli campuh kang prang
pupuh, lajeng ruket kewala, kang pelangkir pan langkung pangedrelipun, ing
Tumenggung Puthutlawa, lawan Dolah Badarodin.
Kalawan
sakancanira, samya nusup mring kukus sudaweki, Basah kalih kang winuwus, ingkang
ngajengken usar, lan Ki Maja kelawan sakancanipun, kelangkung ramening yuda,
japena wangkang winarni.
Kancannya
wus kathah prapta, sampun karsaning Hyang Agung, ungsar pelangkir telas,
Jendral Pagen lumayu nulya kinepung, usar ing kantun sakawan, Jendral lajeng
minggah ardi.
Lawan
kang usar titiga, dereng unting kesaput dalu iki, Pangran Ngabehi ingutus,
ngunduraken kang yuda, yen sampuna Kangjeng Sultan karsanipun, sinapih ingkang
ayuda, Jendral Pagen kados keni.
Mapan
belasah bangkenya, kapir usar muted kelawan plangkir, Islam pitulung Yang
Agung, mapan lujeng sedaya, ingkang tatu kewala tan wonten iku, Kangjeng Sultan
langkung welas, ningali kang bangke sami.
Pan
tumpukhing pesabinan, ngara ara ing lepen sanggen neki, dadya tan saged andulu,
Jeng Sultan nulya budhal, sing kasuran mapan ing dalu sadalu, angalih kang
pesanggrahan, ing dhusun Landhangan iki.
Kang
wadya wus kathah prapta, Pangran Behi mengkana atur neki, yen pareng karsa
sinuhun, sahe lajeng kewala, mupung samya angsal manah wadya sagung, Jendral
Pagen sahenggennya, prayogi linantak nuli.
Sampun
dhinahar aturnya, Pangran Behi kinen tengara muni, pinilih kang munggeng
ngayun, sinambungan Bulkiya, sareng prapta Jendral Pagen barisipun, mapan wus
kepanggih sepiha, mengsahan toya urip.
Kangjeng
Sultan angandika, kados pundi paman lampah puniki, Pangran Ngabehi turipun,
sahe lajeng kewala, mring terayem sokur Jendral wonten ngriku, anulya kinen
tengara, budhal saking Banyuhurip.
Prapta
dhusun Candhi ika, kendel aso nulya anatur peksi, lamun wonten mengsah rawuh,
pan sewu kawetara, kedhikhipun ingkang mengsah gangsal atus, datan ngantos
dhinawuhan, pan lajeng tengara sami.
Pan
datan kenging tinata, rebat ngajeng sagung ingkang prajurit, saking samya ber
tyasipun, pan mentas angsal manah, mengsah kagyat pan lajeng ngedrel puniku,
mapan datan linegewa, wus campuh ingkang ajurit.
Wahos
lawan sakuh ika, tan pantara nulya tlas wong kapir, kantun ingkang murtad iku,
lawan usar punika, Basah kalih mapan awas denya dulu, kelamun ingkang sentana,
Kangjeng Sultan pepaksami.
Kang
eyang lawan kang paman, ingkang rayi Basah kalih anuli, ngundurken prajurit
sagung, ayun atur uninga, nanging sampun prajurit sagung, kadya wus karsa Yang
Sukma, sedaya praptahing jangji.
Pangran
Behi lan Ki Maja, prapta ngundurhake meksa tan keni, prajurit wus wuru sagung,
lir bantheng tawan brona, pengamuknya Dolah Prawiradirjeku, lajeng nyander tur
uninga, dhumateng Sultan prapti.
Sang
Nata nuju sareyan, aneng sela pinggir lepen puniki, kagyat mulat praptanipun,
Dolah Prawiradirja, lajeng matur yen mengsah punika tuhu, sentana dalem sadaya,
nanging sagung kang prajurit.
Sampun
tan kenging ingampah, Kangjeng Sultan nulya mundhut turanggi, pan pun ranis
westanipun, saking ing margawatya, preranakan kuda Sembrani puniku, Datan
pantara wus prapta, ing lengkong Srinarapati.
Abdi
pan kantun sadaya, samya nusul anging prapta pribadi, wus kepanggih bangke
tumpuk, kapir kalawan murtad, mapan telas pan Islam lujeng sedarum, kang tatu
bahe tanana, kadya wus karsaning Widi.
Sang
Nata sareng pirsa, dhateng bangke kapir lan murtad sami, mapan atumpuk
tinumpuk, lepen sabin rahara, Kangjeng Sultan kendel langkung welasipun,
mitenggengen tan ngandika, mengkana kang paman prapti.
Pangran
Behi lan Ki Maja, Basah kalih ngaturken rayi aji, lawan kang paman kalih iku,
kang ngungsi Basah Iman, datan pejah kang liya wus telas iku, Kangjeng Sultan
nulya tedhak, mring salebet dhusun nuli.
Ing
lengkong neng jawi nata, datan saged ningali bangke sami, SriNalendra lenggah
sampun, Pangran Behi neng ngarsa, lan Ki Maja Basah kalih lawan sagung, Bupati
andher ing ngarsa, kang samya tes menang jurit.
Ki
Maja aris aturnya, Basah Iman ngaturken rayi aji, Pangran Suryawijayeku, lan
kalih paman nata, Pangran Martasana Pangran Natabayeku, kang ponakawan
satunggal, nenggih westa pun Salimin.
Kang
lumajeng meksih gesang, namung gangsal pratelanipun sami, liya punika sinuhun,
mapan pejah sadaya, SriNalendra mapan lajeng kinen dangu, mring Panran
Suryawijaya, sapa kang lumayu urip.
Lawan
mati kabeh sapa, Pangran Suryawijaya ris tur neki, ingkang lumajeng puniku,
paman Sontawijaya, lawan paman Purwakusuma puniku, kalih pan Welandi usar,
satunggal pan rencang neki, inggih paman Murdaningrat, dene paman mapan sampun
ngemasi, lawan Yang Panular iku, lan eyang Danupaya, paman Adiwinata lan
malihipun, inggih paman Diwijaya, Bupati tiga ngemasi.
Keliwon
kalih punika, ingkang kathah paman mantra, lawan pasisir sadarum, Ambon Welandi
samya, Kangjeng Sultan nulya animbali iku, marah dolah Suryagama, nenggih Khaji
Badarodin.
Kalawan
sakancanira, mapan kinen nyaheni kang ngemasi, Kangjeng Sultan budhal sampun,
saking lengkong pan nulya, SriNalendra mesanggrahan ing Kemusuh, ngasokhaken
ingkang wadya, pitung dina winetawis.
Pan
sampun pepak sadaya, pradipatya kang ler Ngayogja sami, lawan Bupati ing Kedhu,
Kangjeng Sultan ngandika, mring kang paman Jeng Pangran Behi puniku, kalawan
Kyahi Maja, man Maja ing karsa mami.
Padha
sira parentahe, lor Ngayogja ingkang ingsun lilani, ngrehna pradipatyeku, iya
Si Japenawang, lan aranne iya sun paringi iku, ki adipati Urawan, sedaya
jumurung sami.
Dene
Si Kertanagara, Canegara karo sun undur iki, mijiya bahe maring sun, sun lilani
parentah, karo iku iya prajurit mung nyatus, Ki Maja matur sandika, Sang Nata
ngandika malih.
Paran
padha rembugira, apa sida bedhah terayem iki, dadi bali maning iku, sedaya tur
sumongga, Kangjeng Pangran Ngabehi aris umatur, yen marengi SriNalendra,
prayogi lajeng puniki.
Mawi
mrerayem punika, ambataken tan wonten Jendral neki, mindhak lampah wongsal
wangsul, tan wonten pedahira, nanging amung tinengga ing saradhadhu, inggih
dinamel punapa, luhung nulungana sami.
Di
dalem kidul sedaya, kajengipun tan samya atangi, prandenipun kang ler sampun,
inggih tanga sedaya, Kangjeng Sultan mapan dhahar aturipun, lan samya rembag
sadaya, mring ature Pangran Behi.
Sang
Nata anulya budhal, sing kemusuh ingkang dadya pangarsi, Dipati Urawan iku,
lawan sakancanira, sampun pulih wadyanira kang sinuhun, malah wewah kang
tyasamya, wantu mentas angsal ati.
Kendel
sadalu neng marga, pan kebekan sagung rahara sami, miwah ingkang dhusun dhusun,
Pangeran Adisurya, lan Pangeran Sumanegara wus nusul, mila saya kathahira,
mengkana Jeng Pangran Behi.
Ing
dalu mapan utusan, Mas Tumenggung Mangundirja tinuding, kinen dhawahi puniku,
mring Pangran Natapraja, yen Jeng Sultan ing mangke arsa tetulung, nanging
miyos wetan Praga, Pangran Natapraja iki.
Mapan
kinen angledheka, inggih saking sakilenhing Pragi, kang baris Mangir puniku,
gya mangkat Mangunharja, sareng enjing Kanjeng Sultan budhal sampun, miyosing
toya tumumpang, mengkana Jeng Pangran dipati.
Nusulan
sawadyanira, tigang atus lan Raden Sindurjeki, lawan Kangjeng Sultan cundhuk,
mengkana sampun prapta, ing Jipang Kanjeng Sultan sare sadalu, enjing Pangran
Behi nulya, anata lampahing jurit.
Langkung
prayitna ing baya, Pangran Dulrahman Arya Ngabehi, prajurit pinara telu, Ki
Dipati Urawan, sakancanya mapan kinen medal lurung, tetindhih Pangran Dipatya,
anjagenni mengsah kalih.
Ngayogya
lan Raja Suma, bok manawa narombol amedali, ingkang medal tengah iku, Pangran
Sumanegara, pan angirid prajurit kilen Yogjaku, kalawan ing Kedhu ika, tindhih
Pangran Ngabdulrahim.
Basah
Iman Basah Usman, tinindhihan dhateng Srinarapati, lan Suryagama puniku, mantri
lebet Ki Maja, Pangran Behi medal iring iring gunung, sapa ingkang nemu karya,
poma ajana preduli.
Mapan
iya wus bubuhan, pan sandika sedaya atur neki, nulya tinengeran sampun, budhal
saking Jipangan, maratiga mapan sami kathahipun, Kangjeng Sultan karsanira,
ngingre ri beteng ing ardi.
Ing
Slarong binitingan, mapan iya Mangkunagaran sami, aneng sanginggiling gunung,
pan mangke wedi ika, Basah kalih kang kinen ngrangsang puniku, pinilih lawan
Bulkiya, Kangjeng Sultan anjenengi.
Bulikiya
kang medal ngarga, pan pinilih medal ngereng ereng sami, nulya den mariyem iku,
nanging mungel ping tiga, saking dene samya rikat ajengipun, dadya mriyem wus
kaliwat, nulya ngedrel senjata lit.
Langkung
peteng kang sundawa, nanging sampun datan wonten mreduli, pinilih pan
inggahipun, anurut yod oyodan, kang landheyan samya sinered puniku, pan
kinempit godhenira, kang aneng jro biting sami.
Giris
mulat tandangira, mring pinilih mengkana kang neng jawi, kang usar murtad
sedarum, wus tempuh lan Bulkiya, langkung rame sakedhap gya telas iku, kang
gesang lumayu samya, mapan lajeng den tututi.
Dhateng
Basah Iman samya, lawan dolah sekawan mapan nuli, pinedhangan nulya lampus,
kekecer bangkenira, sagung murtad ingkang aneng beteng iku, mapan wus telas
sadaya, ing ngamuk dhateng pinilih.
Angsal
mariyem satunggal, sanjata lit kathah datan kawilis, kalawan kapal puniku,
murtad tumpuk bangkenya, kang neng beteng Kangjeng Sultan lajeng sampun, kendel
ing dhusun puluhan, ngentosi kang dereng prapti.
Lan
ngasokhaken kang wadya, pan dinangu samya lujeng puniki, nanging satunggal kang
tatu, mapan dat punapa, kang prajurit jajar sinilih puniku, mengkana anulya
prapta, kang medal margi geng sami.
Kyahi
Dipati Urawan, sakancanya lan Pangran Ngabdulrahim, lawan saprajuritipun,
Kangjeng Pangran dipatya, mapan ngantun anjageni mengsah pungkur, menawa bantu
prapta, punika kang den jagani.
Abaris
aneng sumuran, sawadyanya liya punika sami, wus prapta ngarsa sang prabu,
SriNalendra ngandika, mring kang paman Jeng Pangran Ngabehi iku, paman punapa
punika, kidul datan lajeng jurit.
Pangran
Ngabehi aturnya, pangentosi dawek kula kinen nitik, mengsah nenggih kabaripun,
mara kalih barisnya, pan ing Mangir kalih lepen sat puniku, pundi kang ageng
barisnya, kantenan wawrating jurit.
Tan
pantara nulya prapta, kang ingutus westa Dhaheng Markincing, mengkana pan aturipun,
ingkang ageng lepen Sat, sewu langkung kedhik pan antawisipun, tindhih Pangeran
titiga, mariyemipun kakalih.
Manggir
gangsal atus mapan, datan mawi Pangeran tindhih neki, mariyem satunggal iku,
Pangran Ngabehi nebda, nantun marang Seh Usman Ali Basah iku, mengkana
ingaturira, inggih kalamun marengi.
Pan
sampun tanggel punika, wektu luhur sahe Salat rumiyin, kalih samya kajengipun,
angsal aso sakedhap, Pangran Behi sampun nurut aturipun, mring Seh Usman Ali
Basah, pan sampun tinata sami.
Nenggih
Pangran Adisurya, binebahan nyabet kang baris Mangir, kalawan sawadyanipun,
kilen Yogja sadaya, sampun sagah Ki Urawan lawan sagung, sakancanipun sadaya,
prajurit lor Yogja iki.
Kinen
nyabething lepen Sat, Basah kalih kang tinuding nindhihi, Bulkiya pinilih iku,
lan prajurit Suraya, mantra jero lan Suryagama puniku, Pangran Behi Kyahi Maja,
mapan tengga Sri Bupati.
Sampun
dados rembagira, lajeng bubar aSalat luhur sami, sareng sampun bakda iku,
lajeng nembang tengara, nulya tata sagung prajurit sedarum, ingkang tyas samya
gumbira, wantu mentas angsal hati.
Sampun
mangkat malih nulya, Pangran Adisurya minggah mring Mangir, kalawan
sawadyanipun, Ki Dipati Urawan, mring lepen Sat kalawan sakancanipun, tindhih
Iman Ali Basah, lan Usman Li Basah iki.
Mapan
sampun prejanjeyan, aja ana tulung tinulung sami, amrih santosaning pupuh, pan
wis padha timbangnya, malah ngroba sadaya pan sampun saguh, ing lepen Sat
sampun prapta, lagya jeng ajengan jurit.
Ing
Mangir wus campuh yuda, langkung rame mapan swaraning bedhil, bareng lan
mariyemhipun, Jeng Pangran Adisurya, pan kabereg prajuritira wus mawur, sabab
penganjuring aprang, Ki Surajenggala kanin.
Kenging
mriyem dhadhanira, ing tan pasah ki Tumenggu tan eling, kontal binekta lumayu,
dhumateng kancanira, kawarna anenggih wonten mantra sepuh, westa Mas
Prabaleksana, nyander matur Sri Bupati.
Sinuhun
rayi paduka, mapan sampun kabereg jurit neki, Kangjeng Sultan lajeng nantun,
wahu dhateng kang paman, lan Ki Maja mengkana kalih turipun, kados pundi yen
ngantosa, nimbali wadya kang sami.
Ngajengken
mengsah lepen Sat, kados mindhak kere, tyasipun sami, pan sampun bebahipun, ing
wahu panjanjeyan, datan kenging punika tulung tinulung, yen pareng karsa
Nelendra, mapan minangsulken malih.
Kangjeng
Sultan esmu duga, mring kang paman lawan Ki Maja iki, tan ngandika malih iku,
lajeng nitih turongga, Ki Wijayaca paman lajeng mamprung, ingkang sareng lan
Sang Nata, ing Menggung Puthutlaweki.
Lan
Rongga Puthutguritna, Raden Jayanegara anututi, nyanderhaken kudanipun, pun
Jagul westanira, Kangjeng Sultan asru angandika iku, heh sira Jayanagara, dudu
anak jalmi.
Den
Menggung Jayanagara, sareng mirsa timbalane Nerpati, lajeng narik pedhangipun,
nander wus munggeng ngarsa, mapan lawan Tumenggung Puthutlaweku, lan Rongga
Puthutguritna, kang munggeng ngarsa Nrepati.
Satunggal
kang rayi ika, Pangran Suryawijaya kang nututi, prapta Mangir lajeng campuh,
kinarutug senjata, lan mariyem anging mungel kaping telu, Jayaca papan tan
kena, ing ngampah anulya prapti.
Marang
gen mariyem ika, setabelnya sadaya pan wus mati, winahosan mring puniku, Den
Menggung Puthutlawa, lawan Rongga Puthutguritna puniku, mariyem binekta ngiwa,
dhumateng Jeng Sultan nuli.
Kawarnaha
Basah Iman, mirsa warta yen Jeng Sultan nyalirani, lajeng supe wadyanipun, pan
tinilar sadaya, nanging kalih dolah kang dherek puniku, busonge Prawiradirja,
tiga lajeng ngamuk sami.
Aneng
saluhuring kuda, ngagem pedhang lan Jayanegareki, Puthutlawa ngagem lawung,
lawan Puthutguritna, mapan nenem langkung liwung tandangipun, wus supe ing subasita,
kapir murtad kathah mati.
Kang
ngarsa wingking apanggih, mapan langkung kapir pangedrel neki, pinilih suraya
iku, nututi pan wus prapta, lajeng ngamuk nusul kukus sendaweku, mengkana Usman
Li Basah, mapan lajeng prapta sami.
Lawan
prajurit Bulkiya, sareng ngamuk Ki Urawan nututi, budhalan sakancanipun, ing
lepen satinilar, mantra jero Suryagama sareng ngamuk, rempek nusup kukus samya,
Ki Maja lan Pangran Behi.
Pan
sampun prapta sadaya, kapir murtad gangsal atus sirnanting, ingkang bangke
mapan tumpuk, aneng ing ara ara, ingkang wonten satunggal kalih lumayu,
pinejahan mring wong desa, mengkana sesambat neki.
Dene
wingi sira padha, sun kon ngarit lawan ngiseni kendhi, ana nganam widhig iku,
sira nora suwala, bok den aling warna warna sambatipun, wong desa samya
sahurnya, iya wingi aku widi.
Gustiningsun
during prapta, pan ing mengka ingsun wus nora wedi, mapan samya lajeng
menthung, dadya telas sadaya, gangsal atus satumpes datan wonten kantun, mapan
wus karsaning sukma, Islam mapan lujeng sami.
Pan
nanging tatu satunggal, ponakawanira para dipati, nanging tan punapa iku, pan
kasremped kewala, dening pelor Kangjeng Sultan sampun rawuh, mariyem kinen
nyemplungna, ing sumur lajeng ningali.
Belasah
bangkening murtad, ngara ara mapan kebekan sami, pan kumembeng waspanisun,
Kangjeng Sultan tumingal, lajeng marang pijenan ngiring wadya gung, sedya
ngasokaken samya, gung wadya neng dhusun iki.
Pinililih
lawan Bulkiya, pan sadinten ayuda kaping kalih, dadya sanget sayahipun,
mengkana kang winarna, kapir murtad kang baris lepen Sat iku, mapan wus miharsa
warta, yen tumpes kang baris mangir.
Lawan
ing Selarong ika, ingkang beteng mapan wus bedhah iki, lawan tumpes kancanipun,
dadya tanbuh solahnya, lajeng bodhol nekad medal ing marga gung, pan samya
lumajeng ika, samarga lawan mriyemi.
Kalawan
kinodhol ika, mring Pangeran Natapraja punika, kalawan sakancanipun, Bupati
wetan Yogja, kidul Yogja pan sami ngadol sedarum, dadya prang samarga marga,
ing tan saged ruket ika.
Nanging
bedhilan kewala, pan kekeser bangke murtad rut margi, Jeng Sultan ningali iku,
neng pinggir padhusunan, lawan sagung ingkang prajurit sedarum, arsa malih
binenjelna, ing menggah tyasnya nerpati.
Dinugi
sanget sayahnya, angandika lawan mesem sang aji, heh Basah Ngusman puniku,
pedhoten mungsuh ika, nanging sira dhewe aja gawa batur, dimon rame Natapraja,
pan ingsun ayun udani.
Olehe
campuhing yuda, yen bedhilan mapan nora ngundhili, oleha sepira iku, Basah
Ngusman aturnya, lan gumuyu punapa diken lampus, wong siji kinen nyegat, mring
kapir sewu neng margi.
Pan
lajeng gumujeng samya, SriNalendra ingkang paman tinuding, kinen tumut ngodhol
iku, mring Pangran Natapraja, Pangran Arya Ngabehi wus lengser iku, kalawan
sawadyanira, Jagasura kawan neki.
Mengkana
wus tan winarna, Kangjeng Sultan mapan nyare sawengi, neng dhusun pijenan iku,
enjing anulya budhal, mapan lajeng mesanggrahan puneku, pan sedya ngasoken
wadya, Pangeran Ngabehi prapti.
Lajeng
matur mring Nalendra, Pangran Natapraja wus kinen baris, neng Bantul
sakancanipun, ngiras dados pecalang, lan binanton tumenggung jawi nateku, lan
Raden Sumadiningrat, mengkana ingkang winarni.
Kapir
kang baris ing waja, lawan Jeksa samya miharsa warti, yen lepen Sat dhadhal
sampun, Mangir Slarong tumpesan, dadya giris sadaya kang manah iku, lawan dalu
sri nginggahan, marang Basah Ngabdullatip.
Lan
Pagelen Basah tiga, lan ing Jeksa mapan mengkono maning, asring rinesahan iku,
marang Tumenggung tiga, Mangkuyuda lawan Wiryanegareku, Tumenggung Cakranagara,
dadya saprang dhadhal neki, waja Pangran Sumayuda, marang Kedhu nenggih
undurireki, kinodhol Pagelen sagung, Jeksa Jendral punika, Pagen mundur
dhumateng Ngayogja iku, kinodhol tumenggung tiga, ngarsa Kusumawinarna.
Pangeran
Mangkunagara, saprang prapta kang putra wayah sami, saking lepen Sad kabujung,
lawan atur wuninga, yen kang baris Slarong Mangir sedarum, mapan sampun tumpes
samya, pejah tan katun sawiji.
Dadya
giris manahira, Pangran Mangkunagara bodhol nuli, saking Arjakusumeku, lan
putra wayahira, sampun prapta Ngayogja Pangran cundhuk, lawan Jendral Dhekok
samya, tinanya tan saged angling.
Tan
pantara praptanira, Jendral Pagen lawan sahupsir neki, saking Jaksa pan
kabujung, nulya anatur surat, saking Kedhu yen Pangran Sumayudeku, pan kabujung
saking waja, mring wadya Pagelen sami.
Jendral
Dhedhokak langkung kurda, Jendral Pagen
ingkang den sarengeni, nuli atetanya iku, mring Pangran Mangkunagara, pan ing
mengko Sultan neng ngendi genipun, Pangeran Mangkunagara, aris denira nahuri.
Kabar
ana inglipun, ngingsiha Natapraja abaris, mapan ana Bantul iku, pecalang
Karangnongka, Jendral Dhekok mapan asru denya muwus, heh Pagen langgaren nulya,
mangkata sawengi iki.
Lan
Pangran Mangkunagara, wong Ngayogja miluwa kabeh iki, iya sahanane iku,
mangkana nulya dandan, pan sedalu datan ana wong kang turu, sareng pukul lima
mangkat, saking ing Ngayogja sami.
Jendral
Pagen pangiridnya, langkung ageng nenggih dedamel neki, prapta Karangnongka
iku, pukul pitu wetara, ingkang baris ing Karangnongka tinempuh, raja niti tan
kuwawa, nulya lumajeng tur uning.
Mring
Pangeran Natapraja, nulya tata sedya amethuk jurit.
Lawan
tur uninga iku, dhumateng ing Lipura, tanpantara mengsah pan katingal iku, usar
kang dadya pengarsa, lajeng campuh ing ajurit.
Tinindhihan
pradipatya, tan kuwawa usar pan lajeng ngungsi, dhumateng pelangkiripun, nulya
ngedrel prasamya, pan sinareng kalawan mariyemipun, pradipati tan kuwawa, lan
Pangran Nataprajeki.
Nulya
ngaturi uninga, lamun sampun tan kuwawi nadhahi, nulya Basah kalih iku,
tinuding nadhahana, sampun budhal Suraya Bulkiya iku, pinilih prapta sumuran,
kapethuk campuhing jurit.
Kelangkung
ramening yuda, swaranira mariyem sanjata lit, Kangjeng Sultan budhal sampun,
saking dhusun Lipura, tun tumingal dhumateng kang prerang pupuh, prapta ing
dhusun Sumuran, Bulkiya lawan pinilih.
Suraya
kasesel ing prang, Kangjeng Sultan putusan kinen sami, majeng malih aturipun,
nuwun aso sakedhap, langkung sayah sedaya pan aturipun, SriNalendra angandika,
dhateng Kangjeng Pangran Behi.
Paman
paran kang prayoga, ingkang kinen anadhahi ing jurit, Pangran Behi aturipun,
putu Pangran dipatya, pan punika sawadya dereng prang pupuh, Kangjeng Sultan
angandika, paman sampeyan dhawahi.
Mangke
neng pundi enggenya, pan punika ingkang baris neng wingking, Pangran Behi
nander sampun, saking ngarsa Nalendra, sampun panggih lan Jeng Pangran dipatyeku,
mengkana wus dhinawuhan, Kangjeng Pangeran dipati.
Lajeng
mangkat sawadyanya, prapta sampun campuh ingkang ajurit, rame malih senyjateku,
mesem jeng Sultan nebda, paman Behi yen wayah sampeyan purun, mapan kenging
piniharsa, mengkana Jeng Pangran Behi.
Tumingal
iring ing arga, yen kang wayah inggih Pangran dipati, wus aneng ngiring ing
gunung, lan Pangeran Natapraja, sawadyanya Pangeran Ngebehi matur, punika putra
Nalendra, lawan pun Nataprajeki.
Sampun
minggah dhateng arga, Kangjeng Sultan mapan sareng ningali, dhumateng kang
putra iku, lingsem dhateng kang paman, Ki Wijayaca pagya kinetab ikuk, lajeng
ngawal Jayacapa, arsa nyalirani jurit.
Mantri
jero Suragama, mapan lajeng samya angrumiyini, Basah Iman sareng dulu, kalawan
Basah Ngusman, yen Sang Nata arsa nyalirani pupuh, dadya sareng ajengira,
Bulkiya lawan pinilih.
Suraya
gumregut samya, sedangunya mapan ingkang ngawali, mring yudane kapir iku, Raden
Riya Sindurja, nanging muwer kewala neng lebet dhusun, marma kapir tan uninga,
ingkang ngawali kedhik.
Tinarka
kathah kewala, marma menggahing tyas murtad lan kapir, dhasar misih mambu ilu,
mengkana sareng mulat, mring Bulkiya pinilih pan sareng maju, lan sagung wadya
sedaya, gumuruh tabuhan muni.
Saking
kidul wetan ika, lawan kilen pan sareng ajeng neki, kapir ngedrel mriyem iku,
mapan wus tan linegewa, Jendral Pagen misih sanget kawusipun, miyat Islam
ajengira, rempeg wus tan ajrih bedhil.
Adat
Islam yen mengkana, nora wurung tumpes kabeh wong kapir, Jendral Pagen nulya
mundur, kapir murtad sadaya, gegancangan mapan sareng ajengipun, binereg mring
wadya Islam, Kangjeng Sultan kang jenengi.
Kapir
murtad mogok kontal, pan samarga mengkana jurit neki, Islam lamun lekas purun,
tan kena sinawawa, kapir murtad tan kelar nadhahi iku, pelornya wus tanpa karya,
mring tan miyatani.
Kapir
murtad bangkenira, pan kekecer nenggih samargi margi, Kangjeng Sultan kendel
sampun, aneng dhusun Keringan, pan ngentosi prajurit kang meksih bujung, sareng
sampun samya prapta, umatur Pangran Ngabehi.
Yen
marengi SriNalendra sahe lajeng mesanggrahan Pendhawi, Kangjeng Sultan sampun
nurut, mesanggrahan Pendhawa, sampun pepak, sagung kang wadya kusweku, nanging
Jeng Pangran dipatya, jrih lingsem mring Sri Bupati.
Wangsul
mring sakilen Proga, lan kang paman Pangran Suryengnglageki, mengkana wus tan
cinatur, kawarna ing pandhawa, Pangran Behi mapan kinen nata sagung, Kangjeng
Sultan karsanira, lajeng dhateng Sambiradin.
Pepak
sagung kang santana, myang pratiwa Pangran Nataprajeki, tinantun pan meksih
purun, dadya pangirid ing prang, Kangjeng Sultan mapan arsa tedhak kulup, iya
marang Sambirata, sira den angati ati.
Barisa
ing Prerambanan, lan Bupati sawetan Ngayogjeki, lan ingsun bantoni kulup, iya
Sumadiningrat, jawi Nataraja niti wus ta kulup, sira dhingin amangkata, ing
poma den ngati ati.
Tumenggung
Surareja, Ranupati barisa nyamplung iki, sandika samya turhipun, Pangeran
Natapraja, nulya budhal saking Pendhawa myang sagung, Pangran Ngabehi ngandika,
mring Pangeran Ngabdulrahim.
Anak
mas karsa Nalendra, jeng ngandika kinen tengga ing wingking, lan sagung niyaka
iku, ingkang sakilen Yogja, nanging putu Sumanegara puniku, kalawan
saprajuritnya, kang kalilan dherek iki.
Ing
wingking mongsa bodhoha, pan sedaya katempahan mas sami, mapan ing
pangreksanipun, Jeng Pangran Adisurya, Ngabdulrahim sandika pan aturipun,
Kangjeng Sultan lajeng budhal, saking Pandhawa puniki.
Prajurit
pinaratiga, lampahira tan tunggil marga sami, Dipati Urawan iku, lawan
sakancanira, Raden Jayanagara sakancanipun, saking prayitna ing baya, Kangjeng
Pangeran Ngabehi.
Kang
tunggil margi Nalendra, Basah kalih lan Pangran Sumanegari, samarga tabuhan
umyung, kapir murtad pan lagya, sanget kendhak tan winarna marga rawuh,
Kangjeng Sultan sambirata, lajeng mesanggrahan aji.
Mas
Tumenggung Sutayuda, tur uninga dhateng Pangran Ngabehi, ing kejawin baris
agung, mekewedi punika, wonten wingking saking ngriki prenahipun, Kangjeng
Pangran nulya matah, dhumateng ki adipati.
Urawan
sakancanira, ingkang ngirid Mas Tumenggung pengarsi, Sutayuda mapan sampun,
Pangran ngandika heh Urawan, yen anasihing Hyang Ngagung, sira banjur abarisa,
kejawen denngati ati.
Kalawan
sakancanira, Ki Urawan sandika atur neki, gya nembang tengara umyung, sampun
budhal sadaya, saking Sambirata lan sakancanipun, sampun prapta ing Kejiwan,
kang baris Kejiwan sami.
Sareng
ningali kewala, pan tinarka Kangjeng Sultan nindaki, pan lumayu rebut dhuwung,
wadya Mangkunagaran, langkung sanget wahu denira anawus, pan lajeng binujung
samya, Kejiwan wus den enggeni.
Marang
Dipati Urawan, sakancanya lawan atur upeksi, mring Pangran Behi wus katur,
dhumateng SriNalendra, kawarnaha Pangran Nataprajeku, ingkang baris
Prerambanan, lawan sagung pradipati.
Mengkana
ing inggahan, langkung rame swaranipun, sanjata lit kalawan, mriyem barung
kadya kabrereg puniku, Kangjeng Sultan angandika, mring kang paman Pangran
Behi.
Kalawan
Kiyahi Maja, mapan samya wahu kinen nulungi, lawan Bupati sedarum, kang
munggeng ngarsa nata, Pangran Behi lan Basah kalih umatur, nanging panuwun
kawula, paduka kendel neng ngriki.
Sampun
ngantos tumut yuda, yen kawula dereng atur udani, gih paman gya tengareku,
sampun budhal sadaya, Pangran Behi Ki Maja titindhihipun, Kangjeng Sultan ing
tinengga, Dolah Khaji Badarrodin.
Lawan
Dolah Puthutlawa, sakancanya mengkana Pangran Behi, lawan mengsah wus kapethuk,
nanging sanget kagetnya, dereng ngantos tatapan kapethuk iku, dadya kang
prajurit samya lajeng bubrah tata neki.
Pan
nanging Kertanagara, lawan Jayanagara kang ngawali, mengkana Jeng Sultan iku,
tan eca ing tyasira, nulya mundhut titiyan pan sampun katur, nenggih Ki
Wijayacapa, mapan ngawal lampah neki.
Kang
wadya kantun sadaya, Puthutlawa lan Khaji Bandarodin, kalawan sakancanipun,
samya nututi ika, Kangjeng Sultan ingkang dherek anging telu, Pangeran
Suryawijaya, lan Den Riya Sindurjeki.
Lan
Den Menggung Cakradirja, usar samya bebujung kang prajurit, mengkana sampun
kepangguh, usar lawan Jeng Sultan, Ki Wijayacapa pan nerajang purun, usar
sanget kagetira, gung usar lumajeng gendering.
Saking
sanget panasira, lan baledug marma datan kaheksi, lamun Kangjeng Sultan iku,
kang dherek anging tiga, pan tinerka prajurit sadaya wangsul, dhasar meksih
kawusira, sagung murtad lawan kapir.
Samya
supe pelajengnya, sagung usar tunjang tinunjang sami, kathah tiba pejah iku,
keles samya kanycanya, ingkang rontek gangsal welas ingkang runtuh, mengkana
anulya ana, usar kidul nulungi.
Mapan
satus winetara, pan wespa soyen Jeng Sultan pribadi, ingkang nyalirani pupuh,
kang dherek nanging tiga, usar nyander lawan samya ngedrel bestul, Kangjeng
Sultan wus kabetah, Ki Wijayacapa nuli.
Malumpat
ing pagerjaran, pinggir lepen wus kalumpatan sami, usar samya menggah iku, tan
saged nututana, dadya samya sapih kasaputing dalu, Kangjeng Sultan mapan nulya,
kondur mesanggrahan malih, Pangran Ngabehi wus prapta, lan Ki Maja tenapi Basah
kalih, myang sagung pradipatya gung, Pangeran Natapraja, sampun prapta nulya
dhinawuhan iku, kinon wangsul barisira, marang Prerambanan malih.
Nging
den ngati ati sira, aja kaya kang wus kelakon iki, kulup den prayitneng kewuh,
Kangjeng Sultan pan arsa, laju tedhak marang ing Kajiwan iku, wus kulup mara
dhingina, sandika gya budhal nuli.
Nenggih
Pangran Natapraja, sakancanya mring Prerambanan malih, enjing Kangjeng Sultan
sampun, budhal sawadya kuswa, saking Sambirata mring Kejiwan rawuh, mapan
lajeng mesanggrahan, ing dhusun Kuwanen iki.
Nulya
Pangran Pakuningrat, nusul lawan sasedherek ireki, lawan tur uninga iku,
kelamun ingkang raka, Pangran Mangkudiningrat wus balik iku, mapan dhumateng
Magelang, enengna ingkang winarni.
Laknat
kapir lawan murtad, anututi mring Jeng Sultan wus prapti, ing Kejiwan
lampahipun, pan nuju wektu ngarsa, Kangjeng Sultan mapan lagya Salat iku, lan
sagung wadya sedaya, mapan lajeng den mriyemi.
Ingkang
pelor sami dhawah, kiwa tengenira Jeng Sultan sami, sareng sampun bakda sagung,
ingkang Salat sadaya, Kangjeng Sultan nulya aparentah iku, wahu dhumateng kang
paman, Kangjeng Pangeran Ngabehi.
Mapan
kinen methuk yuda, lan Maja gya nembang tengara glis, wus tata gya mangkat iku,
Ki Dipati Urawan, sakancannya pan minger mangilen sampun, Basah iman
tindhihira, suraya lawan pinilih.
Den
Menggung Jayanegara, Canegara Kartanagara sami, mapan minger medal kidul, lawan
sakancanira, Basah Ngusman ingkang dadi tindhihipun, lan sagung wadya Bulkiya,
ingkang dadya dhadha iki.
Rahaden
Arya Sindurja, lan Pangeran Sumanagara sami, Pangran Pakuningrat iku, lawan
sasedhereknya, kang nindhihi jeng Pangran Ngabehi iku, kalawan Kyahi Maja,
sampun campuhing Ajurit.
Mapan
sareng praptanira, ingkang medal kilen lan wetan sami, kang ler raden riya
hiku, ingkang minongka dhadha, lan nata kapir lan murtad muwer neng dhusun,
kelangkung denira panggah, dhasar samya kathah neki.
Pan
wus tan ana kuciwa, datan purun ingkang majeng pan sami, kalih samya
menggahipun, lan nata kapir lan Islam, ngantos dangu pan nanging senjatan iku,
Ki Maja atur uninga, dhumateng Srinarapati.
Yen
ing yuda tanpa wekas, mapan aming samya senjatan iki, Kangjeng Sultan nulya
bendu, nitih Wijayacapa, anang baya mantra lebet munggeng ngayun, lan prajurit
Suryagama, Basah kalih aningali.
Kalamun
Srinaranata, mapan arsa nyalirani ing jurit, myang sagung pradipatyeku, dadya
sareng ajengnya, rempek majeng sareng lan prajuritipun, lan nata kapir langkung
panggah, lan murtad pangedrel neki.
Tinundhalan
mariyemnya, sagung murtad ing Mandura puniki, ingkang ngampingi sedarum, mapan
tigang gander, marmahe cagung laknat pangedrelipun, langkung peteng kukusira,
wadya Islam pan sami.
Nusup
kukusing sedawa, Basah lawan sagung kang pradipati, pan wus datan sedya mundur,
tinindhihan sagung nata, Ki Wijayacapa wus tan kena iku, ing ngampah lan
ginendholan, marang gamel kalih sisih.
Nanging
Ki Wajayacapa, nora kena gamel pan kontal sami, dhawah tebih mapan sampun,
nenggih Ki Jayacapa, pan panggenan mariyem ingkang jinujug, seta belira
Welonda, kalawan ingkang ngampingi.
Pen
Welonda Salawe pejah, sampun telas pejah dipun tumbaki, mariyem pan kenging
sampun, tiga alit punika, ingkang kathah lan nata kapir sampun mawut,
tinindhihan pradipatya, ing kedhik kang mundur urip.
Wong
murtad Mendura kathah, ingkang pejah genderanira kenging, mapan tiga pisan iku,
tumpuk kapir bangkenya, lawan murtad ana kang kekecer iku, mapan sagen
enggenira, laknat murtad bangke neki.
Nenggih
Ki Wijayacapa, kang teracak sekawan gupak getih, lajeng kasaputing dalu, kapir
ingkang lumajar, lawan murtad nanging kantun kedhik iku, ngungsi beteng ing
kalasan, wong Islam kang bujung sami.
Mapan
wus wangsul sadaya, Kangjeng Sultan kendel aSalat Mahrib, aneng ara ara iku,
lan sawadya sadaya, sampun bakda SriNalendra lajeng dangu, apa na kang
Sabilolah, Ki Urawan atur neki.
Konca
kawula satunggal, mapan rongga ingkang westa Seh Idris, lan mantra lebet
puniku, westa Seh Jayaniman, ponakawan Mas Saripin westanipun, kang ngampil Seh
Jagaswara, sakawan kalajeng sami.
Panenggih
pengamukira, dados nunggal nenggih bangkene kapir, mapan nulya kinen mundhut,
sinahenan sadaya, kang mariyem samya kinen mendhem iku, nulya kondur
mesanggrahan, mring kuwanen Sri Bupati.
Enjang
Pangran Natapraja, ngaturaken bebandan murtad sami, kawan dasa kathahipun,
Mandura Bugis ika, lan Sepehi ingkang pisah kancanipun, lajeng kinen nguculan,
megattruh ingkang gumanti.
PUPUH XXVI
M E G A T R U H
Kawarnaha
wahu ta ingkang anusul, tuwan Sarip Samparwadi, kang kinen tengga jeng ratu,
kadhaton pan sampun prapti, lawan Den Martalayeku.
Sakancanya
Mandhung lan Suranateku, wus prapta ngarsa nrepati, tuwan atur Salamipun, den
menggung ngusweng pada ji, Sang Nata kang tyas sumedhot.
Lajeng
enget mring kang rayi Kangjeng Ratu, Kedhaton mesem tanya ris, paran Sarip ing
wartamu, ingsun dhingin pan meh bali, paman Ngabehi kang kukoh.
Bawutake
ngantep prang wetan prageku, marmane kalakon iki, yen nuruta ing tyas ingsun,
mapan meh kaliru yekti, bareng mulat geni agung.
Kaya
uga kutha Giri geni iku, tuwan Sarip atur bekti, mila punika sahestu, kinepang
pun kitha Giri, murtad lan kapir sedarum.
Kang
den angkah rayi dalem Kangjeng ratu, mapan inggih wreti neki, ingkang gadhah
rembag tuhu, Pangran Adiwinateki, mring Jendral Pagen cariyos.
Paduka
ji lamun kenging Kangjeng ratu, sampun tantu lamun gampil, marmannya lajeng
kinepung, nenggih ardi kitha Giri, kemput tan kenging merojol.
Kangjeng
Panembahan mapan ngantos muhun, ngaturi enggal lumaris, mengsah pan katingal
sampun, surak lawan ngedrel sami, malah kendel rayi katong, eca lawan aris
pangandikanipun, kyahi kesah mring pundi, rumiyin kawula sampun, nuhun mring
rabil ngalamin, tan ayun ginepok ing wong.
Lanang
liya putra paduka satuhu, punika malih wong kapir, len sageda celak iku, kawula
pan ngandel yekti, inggih dhumateng Hyang Manon.
Lawan
putra sampeyan sahestonipun, kalamun tan jayeng jurit, luhung kawula rumuhun,
mantuk mring Rahmatolahi, nulya kapir bereg purun.
Lawan
murtad kados sampun pirsa tuhu, lamun rayi dalem yekti, antawis suka
kelangkung, kados wonten ingkang warti, dinugi datan merojol.
Lawan
Kangjeng Panembahan sampun tamtu, kecakup pengrahos neki, rayi dalem Kangjeng
ratu, mapan sanget den aturi, nyimpang saking margi sampun.
Llajeng
nurut manyjing wona Kangjeng ratu, ing tan tebih saking margi, kados marmaning
Hyang Agung, kapir murtad kang nututi, sadaya pan datan anon.
Ingkang
wona ing osak asik sedarum, pan lawan den senjatani, kados kaku manahipun,
ngulati datan kepanggih, nulya gung wona ing obong.
Panembahan
kawulatoma dik deku, mapan sampun nyipta sabil, ing rayi dalem jeng ratu, tan
montra susahing galih, pan eca lenggah kimawon.
Sampun
telas wona kiwa tengenipun, sedaya pan kabesemi, pan anging kedhik puniku,
kawula datan andugi, kahelokan ing Hyang Manon.
Datan
pasha marma broma langkung agung, pesanggrahan kitha Giri, pan wetah
sadayanipun, sareng tita tan kepanggih, kapir murtad lajeng bodhol.
Kangjeng
Sultan atanya ing mengko iku, sakeh repot ana ngendi, apa meksih manggen iku,
ana kutha Giri maning tuwan sarip matur alon.
Mapan
ngalih dhateng prejasa sedarum, sabab sampun tan kuwatir, mengsah sampun telas
iku, kalawan Pagelen sami, Basah tiga sampun mantuk.
Apa
nora nana cicir repot iku, tuwan Sarip atur neki, nanging nini dalem iku, nyahi
Jawinata kengin, binekta mring Yogja sampun.
Kangjeng
Sultan nulya angandika iku, mring kang paman Pangran Behi, man Behi sampeyan
mantuk, rumiyin kula wangeni, pitung dina lan sireku.
Pakuningrat
lawan kabeh sadulurmu, wus padha meluwa mulih, anggenten ana sireku, mring
Mangkudiningrat iki, poma aja owah mangko.
Pangran
Pakuningrat sandika turipun, Jeng Sultan ngandika malih, paman Behi lamun
sampun, kilen kedhik watir neki, kalamun sampeyan wangsul.
Basah
Ngabdullatip saprajuritipun, sampeyan bekta mariki, sandika Pangran turipun,
wus lengser Pangran Ngabehi, saking ngarsanya sang katong, lawan Pangran
Pakuningrat datan kantun, budhalan sedherek neki, saking nuwanen sadarum,
mengkana tan wus winarni, sagung kapir murtad mangko.
Mapan
langkung samya telas manahipun, nanging kantun jahil neki, saben senapati iku,
samya tinibanan tulis, ing ebang ing icuk icuk.
Jendral
Dhekok Pagen wus aneng Saleku, Ngayogja mapan wus sepi, kapir murtad pan
ngalumpuk, sadaya neng Sala sami, ingkang baris pinartelu.
Singasari
ing nglungge lawan Delanggu, tan purun majenga malih, dhumateng Kuwanen iku,
mapan sanget kawus neki, wong pajang prapta sedarum.
Samya
sohan dhumateng Kuwanen iku, nulya Kangjeng Sri Bupati, anuding Ki Maja iku,
kinen gitik sagung baris, anulya wakil kimawon.
Kyahi
Maja tan purun tebih sang prabu, wakil Ki Kasan Besari, kalawan prajuritipun,
bar Jumungah mapan sami, angirid pajang sedarum.
Kangjeng
Sultan mapan amaringi bantu, Urawan sakoncaneki, gya nembang tengara gumruh,
budhal sagung kang tinuding, saking Kuwanen sadarum.
Tan
winarna marga lunge prapta sampun, mapan datan ngantos jurit, sareng katingal
puniku, dedamel ageng kang prapti, tinerka Bulkiya iku.
Kapir
murtad lagya sanget kawusipun, tan ngetang dandan sami, lumayu arebut dhuwung,
mariyem tiga kang keri, sampun katur mring sang katong.
Lajeng
kinen anggitik ing Singasantun, budhal saking lunge sami, minggah dhateng
Singasantun, mengkana ingkang abaris, Singasari tindhihipun.
Mapan
Inggris setewer sareng andulu, dhumateng gaman Mentawis, langkung ageng nerka
iku, Kangjeng Sultan kang nindaki, tan kawarna ing pupoh.
Pan
lumajeng datan ngetang donyanipun, mariyem nenem kang kari, dadya sadaya pan
ngumpul, mring Delanggu dadya siji, pan samya sedya rerempon.
Sagung
putra sentana Surakarta ku, prajurit lawan Bupati, Welonda pan sampun kumpul,
aneng Delanggu abaris, Welonda pan sampun kumpul, aneng Delanggu abaris, ing
sedya tadhah rerempon.
Mapan
rakit boring lan mariyem sampun, kalih welas mriyem neki, dedamel sadayanipun,
kumpulnya murtad lan kapir, wolung ewu cacah kang wong.
Tan
kuwawi sagung wadya kang rumuhun, dadya kendel samya baris, ing ajeng ajengan
sampun, Kasan Besari tur uninga, lawan Ki Urawan mangko.
Lan
ngaturken bandhangan mariyem sagung, Kyahi Maja angaturi, mring Kangjeng Sultan
pan laju, tan arsa Srinatapati, ngentosi kang paman mangko.
Kangjeng
Pangran Ngabehi sarawuhipun, Kangjeng Sultan pan sayekti, kalamun tanana iku, kang
paman Pangeran Behi, ingkang tyas kelangkung rikoh.
Datan
saged werti kelaken prang pupuh, saliyanya Pangran Behi, dene Ki Maja puniku,
tan kenging tinari kardi, kalamun katingal mungsoh.
Yen
tan ana kewala sanget tekabur, marma Kangjeng Sri Bupati, mapan esmu gela tuhu,
mring Ki Maja ingkang galih, langkung ngajrih mring Hyang Manon.
Wektu
iku Ki Maja asring sinendhu, dhumateng Srinarapati, dene kathahen tekabur,
nanging kathah kang tan nyekti, ajrih sakedhap kemawon.
Saking
kathah ingkang dadya sukanipun, mengkana wus tan winarni, Pangran Behi sampun
rawuh, ngirid Basah Ngabdullatip, lawan saprajuritipun.
Lajeng
atur Salam mring Kangjeng sang prabu, Basah ngusweng pada aji, ri wus Pangran
Behi matur, niskara wus katur sami, Jeng Sultan sokur Hyang Manon.
Ri
sawusnya Kangjeng Sultan nulya nantun, mring kang paman Pangran Behi, lan
sampun pinaring weruh, sabarang pratingkah sami, Pangran Behi matur alon.
Lamun
pareng lan karsa Kangjeng sang prabu, di dalem Basah satunggil, pun
Ngabdullatip sinuhun, lawan saprajuritneki, sewu pinaringna bantu.
Inggih
dhateng pun Natapraja puniku, di dalem Bupati katri, sakidul Ngayogja iku,
nglempak wonten ngarsaji, dados beten ceweng sampun.
Kalih
Basah Ngabdullatip mapan sampun, pirsa pakewet pan sami, sawetan margi geng iku,
Kangjeng Sultan wus marengi, gya kinen dhawahken mangko.
Basah
lawan Pangran Natapraja sampun, kinen lajeng baris baki, lan angradina puniku,
sawetan margi geng sami, sandika Basah turipun.
Lajeng
budhal Basah lan prajuritipun, saking Kuwanen wus prapti, ing Prambanan sampun
pangguh, lan Pangran Nataprajeki, lajeng dhinawuhken mangko.
Ing
sebarang karsanya Kangjeng sinuhun, Pangran langkung sukaneki, binantonan Basah
iku, pan sewu prajuritneki, Bupati katri wus laju.
Sareng
lawan gandhek lampahipun, Den Menggung Sumadiningratti, lan Raden Jawinateku,
tiga kyahi raja niti, kawarna Kangjeng sang katong.
Mapan
budhal saking Kuwanen sang prabu, lawan sawadya kusweki, ing kendaren sampun
rawuh, lajeng mesanggrahan aji, Pangran Behi matah sampun.
Ingkang
kinen rumeksa pakewed pungkur, Raden Riya Sindurjeki, baris dasa sela iku,
kelawan Tumenggung Bumi, Mas Sutayuda Kejambon.
Pangran
Natapraja lan sakancanipun, Bupati wetan Yogjeki, lan raden Basah puniku,
Ngabdullatip budhal sami, saking Parambanan sampun.
Datan
wonten ingkang methuk perang pupuh, mapan lajeng teluk sami, wong wetan radinan
iku, prapta baki tata baris, Sala langkung gegeripun.
Enengena
kawarna ing daren iku, Kangjeng Sultan nulya nuding, mring sagung Bupati iku,
pan kinen gitika sami, marang kang baris delagung.
Pangran
Sumanagara pangiridipun, lan Raden Jayanegari, myang sagung pradipatyeku, mapan
sewu kang prajurit, saking Kendaren wus bodhol.
Ambantoni
marang Kasan Besariku, neng kori pan baris neki, tan winarna prapta sampun,
nanging samya menggah neki, dadya yun ayunan mawon.
Ki
Urawan karsanya Kangjeng sinuhun, pan gilir rumeksa mapan kinen mantuk iki,
lawan saprajuritipun, pan gilir rumeksa wingking, lan Pangran Adisuryeku.
Nanging
Pangran Adisurya dereng rawuh, dadya kang rumeksa iki, ing Basah kalih puniku,
aneng kendare nerpati, Ki Maja Pangran Behiku.
Tuwan
Sarip Tumenggung Puthutlaweku, Dolah Khaji Badarodin, lan sagung ulama iku,
sewu langkung mapan kedhik, ingkang rumeksa sang katong.
Neng
Kendaren mengkana ingkang winuwus, kang baris Koripan sami, ingkang rembag
datan ngumpul, mapan pisah pisah sami, sedaya barisanipun.
Wus
kapirsa dhumateng ingkang sinuhun, kelamun mengkana sami, kang baris Koripan
iku, dadya langkung amatosi, arsa tedhak jeng sang katong.
Basah
kalih mapan dhinawahan sampun, nulya atengara sami, budhal sing Kendaren
sampun, sawadya kuswa tan kari, nyare neng ngumbul sadalu.
Enjang
mangkat Koripan mapan wus rawuh, jam sawelas wancineki, dadya tangel kendel
iku, nimbali kang pradipati, Pangran Ngabehi neng ayuda.
Lan
Ki Maja Basah kalih lawan sagung, kang para ngulama sami, lan kang pratiwa nung
anung, Kangjeng Sultan ngandika ris, mring kang paman Ngabehiku.
Paman
Behi sampeyan tata puniku, sedaya rakiting jurit, Pangran sandika turipun, nulya
nantun Pangran Behi, mring Ngusman Li Basah mangko.
Basah
Ngusman mengkana ing aturipun, inggih kelamun marengi, mangke yen wus Salat
Luhur, lan angsal aso sakedhik, wus marengi kang sunuhun.
Mring
ature Seh Ngusman Li Basah iku, nulya jeng Pangran Ngabehi, andangu mengsah
Delanggu, kathahnya myang rakit neki, Kasan Besari turnya lon.
Ingkang
wahu mapan mengsah wolung ewu, sareng Pangran prapteng baki, lan Basah Tulatip
iku, mengsah suda sewu mangkin, dados kantun pitung ewu.
Ing
maryem taksih kalih welas iku, lawan jenralipun maksih, myang putra santana
sagung, lan Ngayogja wonten sami, anglempak Delanggu sampun.
Ing
Kelathen mapan meksih kedhik iku, myang kalitan inggih meksih, lawan ing
Kartasureku, mapan Delanggu puniki, maratiga barisipun.
Jendral
lawan putra santana sadarum, wonten tengah barisneki, ingkang kidul saradhadhu,
ler sagung para dipati, Pangran behi atannya lon.
Konca
lajang paman pinten barisipun, sedaya kang dika arid, Kasan Besari turipun,
mapan inggih sewu nanging, kejawi prajuritipun.
Adhi
Maja konca bar Jumungah iku, kang minongka otot neki, konca ing pajang sadarum,
mesem Kangjeng Pangran Behi, anulya ngandika alon.
Basah
Iman Basah Ngusman rebagipun, mapan wus karuwan iki, ingkang mengsah amertelu,
paran ing prayoga neki, Ngusman Li Basah turnya lon.
Lamun
pareng prayogi bebahan iku, sampun tulung tinulungi, amrih mantep tekadipun,
rehning wong karoban tandhing, lan kuciwa papanipun.
Lamun
boten mekaten tan wande iku, iren dados ngapirani, dene kawula sahestu, boten
nuwun bantu malih, ing konca kula kemawon.
Kang
Bulkiya tigang atus mapan sampun, dene kang kula pilih, tengah gen wurohanipun,
dadosa dhumateng Saril, mapan wus sinedya batos.
Lawan
sahe kang wingking pocapanipun, Basah Iman mapan milih, kang panggenan
saradhadhu, dene barising Bupati, lan sagung ingkang pekewoh.
Pan
kawula sumongga paduka sampun, Basah kalih atureki, Pangran Behi angandika rum,
yen mengkono kang dipati, dadi katempuh maring wong.
Iya
akeh Konca Bupati Mentarum, nanging durung miyatani, kinarya ngantep prang
pupuh, putu Basah Ngabdulkhamid, aku jaluk hotot otot.
Kang
prajurit suraya lironi ingsun, mandhung lan Suranateki, Suragama iku putu,
ingkang dherek Sri Bupati, mantra jero bahe cukup.
Gamel
ngampil ponakawan iku putu, anak mas adhi mas iki, prandene wus padha nusul,
Basah Iman atur neki, mapan sumongga kemawon.
Pangran
Behi malih angandika iku, dika Ki Kasan Besari, kang prajurit Pajang sewu,
lawan bar Jumungah sami, sampun wonten melon pupuh.
Ing
Delanggu barisa wiyagang iku, ngarepena mengsang kalih, Kalitan Kartasureku,
sandika Kasan Besari, ing poma dika den kukoh.
Amrih
sampun angeroni kang prang pupuh, Jayanegara sireki, lawan Kartanegareku,
katelu Secanagari, padha barisa ing ngalurung.
Gedhe
iya ngarepena ingkang mungsuh, ing Kelathen bok metoni, ing poma padha den
kukuh, wus padha bubuwan iki, sandika samya turripun.
Sampun
rampung nulya kinen mangkat iku, nenggih Ki Kasan Besari, lan Pajang prajurit
sewu, tenapi Tumenggung Katri, sing Koripan sareng bodhal.
Ngrumiyini
ing Wiyagang prapta sampun, nenggih Ki Kasan Besari, lajeng tata baris,
ngalurung, dene kang Bupati Katri, ing lajur pan prapta sampun.
Mapan
inggih lajeng samya baris, nglurung, Koripan ingkang winarni, lajeng samya
Salat Luhur, bakda Basah kalih nuli, gya nembang tengara pupoh.
Mapan
sampun prajurit lajeng mertelu, Basah Iman Ngabdulkamil, mapan kang budhal
rumuhun, pinilih kang munggeng ngarsi, Raden Prawira Dirjeku.
Ingkang
dadya pangiriding prang puniku, nulya mandhung kang nambungi, Den Menggung
Martalayeku, Dulah Raja Badarodin, prajurit Suryagameku.
Tuwan
Sarip Samparwadi ngirid iku, prajurit Suranateki, gusti Basah munggeng pungkur,
ginarebeg sentaneki, anglir Raden Abimannyu.
Mapan
nitih turongga pun prerang gemuh, nulya Kangjeng Pangran Behi, budhal lan Ki
Maja iku, kang dadya cucuking jurit, Pangran Sumanegareku.
Lawan
Raden Busungeb suraya agung, nulya Kedhu kang nambungi, Seh Ngabdulrahman
puniku, lan Den Sumadiningrati, lan Raden Jawinateku.
Rajaniti
nulya jeng Pangeran iku, lan Ki Maja munggeng wingking, ginarebeg ngulama gung,
budhal sing Koripan sami, anulya Bulkiya bodhol.
Ingkang
dadya pangiriding aprang iku, Seh Dulah Kaji Dulkadir, nulya seh dulah puniku,
Kaji Mustapa nambungi, Seh Ngusman Li Basah pungkur.
Kang
tengara tinembang swaranya umyang, mapan langkung gegirisi, mengkana Bulkiya
iku, sampun karsaning Hyang Widi, yen badhe ana palugon.
Kang
tengara lir muni ngawiyat sagung, nulya mandhe pusaka di, wahos Ki Barutubeku,
Bulkiya samya udani, kelamun murub lir abor.
Pan
mengkana Bulkiya tengeranipun, tabuhan lan mahosneki, dadya tan ajrih pakewuh,
sagunging Bulkiya sami, ing Delanggu kang winuwus.
Mapan
sampun kahuningan baris agung, mertiga den inggahi, kapir murtat tata sampun,
nulya ngedrel mriyem sami, mapan sareng praptanipun.
Basah
Iman lawan Basah Ngusman iku, tenapi Jeng Pangran Behi, dadya tan tulung
tinulung, langkung rame swaraneki, senjata lir gunung rubuh.
Ingkang
baris wiyagang mengkono iku, lawan ing Lajur pan sami, dadya tanpa rungan iku,
unine kang senjata lit, barung lan mariyemipun.
Kangjeng
Sultan sakeca ing tyasipun, kantun pesanggrahan iki, aneng koripan puniku,
nulya mundhut kang turanggi, Ki Wijayacapa katur.
Sampun
nitih mantra lebet munggeng ngayun, Puthutlawa kang pangirid, lawan
Puthutguritneku, gamel ngampel aneng wingking, lawan ponakawan sagung.
Kang
sentana Pangran Suryawijayeku, Pangran Suryadipureki, Pangran suryadi punika,
Pangran Adinegareki, Pangran Tepasonta mangko.
Pangran
Wijil Pangran Mangkudipureku, neng marga kapethuk iki, satunggal suraya tatu,
kenging pelor dhadha neki, butul nanging takat iku.
Kang
sinuhun ingkang tyas sangsaya langkung, kuwatir pinelak prapti, Bulkiya
panggenanipun, Ngusman Li Basah duk uning, lamun sinusul sang katong.
Langkung
ajrih kang Bulkiya tigang atus, nirbaya wus tan kaheksi, samya rempek
ajengipun, ing tan saged sareng sami, pan turut galeng kimawon.
Ingkang
sabin langkung lebet paluhipun, marma turut galeng sami, prajurit Bulkiya sagung,
ing ngedrelan den mriyemi, Bulkiya pan turut kukus.
Ingkang
pelor pan wus tanpa karya tuhu, dadya kapir murtad sami, kelangkung gila
andulu, mring Bulkiya ajengneki, nulya bubrah tatanipun.
Sagung
putra santana Surakarteku, carob kalawan Welandi, ingkang ageng ageng iku,
mapan langkung geger neki, samya rebutan kudeku.
Mapan
dadya kapiran tan angsal iku, kaselak Bulkiya prapti, pan lumajeng rebut
dhucung, mengkana Pangeran Behi, ing Surakarta pan kantun, pelajengnya panuju
kapethuk iku, lan Dulah Kaji Dulkadir, lajeng ing ngancaran iku, wahos nebda
Pangran Behi, heh Ngabdulkadir sireku.
Apa
pangling sira iku marang ingsun, Dulah Dulkadir nahuri, inggih mapan boten
pandung, ing paduka sapuniki, pan sampun murtad sayektos.
Kangjeng
Pangran anuli winahos iku, mring Dulah Kaji Dulkadir, pan dhawah kontal puniku,
wungu pan winahos malih, nanging karsaning Hyang Manon.
Mapan
datan tumama Jeng Pangran iku, ngantos pugut wahosneki, Kangjeng Pangran gya
rinebut, marang sagung ingkang abdi, lajeng binekta lumayu.
Ingkang
abdi langkung kathah ingkang lampus, tunggal lan bangkene kapir, kang samya
nunggang puniku, kareta kebutuh sami, tinututan samya jlog.
Pan
wus bedhah ingkang baris tengah iku, mariyem nenem kang kari, kareta pan tiga
iku, mengkana ingkang winarni, kang baris aler wus campuh.
Gung
Bupati ing Sala pan tindhihipun, kalawan moncanegari, anenggih Raden
Tumenggung, Sasrawinata nameki, kang rayi patih seleku.
Pan
ketanggor panggih dulah surayeku, Raden Busungeb puniki, mapan samya purunipun,
pan tan sedya mundur kalih, dangu senjatanan mangko.
Raden
Sasrawinateki, mapan nulya nyandhak lawung, Busungeb mundur anuli, Den
Sasrawinata nguwoh.
Heh
prajurit baliya aja lumayu, Den Dulah Busungeb angling, ingsun pan ora lumayu,
arep jupuk tumbak mami, antinen sadhela kono
Raden
Dulah Busungeb wus salin lawung, gya wangsul prapta anuli, gebang ginebang
adangu, pan samya prawira kalih, nanging karsaning Hyang Manon.
Raden
Menggung Sasrawinata puniku, kasliring winahos kenging, jajanira mapan butul,
niba lajeng angemasi, Bupati sedaya mawur.
Ingkang
mantra mapan kathah samya lampus, mariyem tiga kang kari, ingkang ler wus
bedhah iku, ing kantun kang kidul iki, Basah Iman mapan langkung.
Dening
keron pan kinarya lesan iku, datan saged majeng iki, mapan langkung ewedipun,
paluh lawan den borangi, lan kandel pagrenya mangko.
Kang
prajurit pinilih senjatanipun, pelornya pan tanpa kardi, sagung wong Sumenep iku,
sasuka sukane reki, ngangSalaken senjatanipun.
Lan
mariyem Sultan Sumenepa klangkung, suka denira udani, prajurit pinilih iku,
mapan kathah ingkang kanin, pitulas kang samya tatu.
Pan
ngabehi satunggil pinilih tatu, Ki Surawona westeki, ing samya tan punapeku,
rongga sekawan anangis, saking kakuning tyasipun.
Sadangunya
kinarya lesan puniku, majeng datan saged sami, dening boring lawan paluh, yun
matur rongga samya jrih, mring gusti Basah puniku.
Raden
Dulah Prawiradirja gya matur, dhateng Basah ngabdulkamil, mapan sarwi nangis
iku, ngaturi mundur rumiyin, mapan sanget ewedipun.
Datan
saged males dados lesan iku, pun warongga samya nangis, Prawiradilaga iku,
lawan Prawiradirjeki, bahu Yudajadraneku.
Basah
Iman ngandika pan esmu bendu, lamun padha wedi mati, wus mundura kabeh iku,
ingsun tan sedya gumingsir, pan wus dadi jangjiningong.
Dulah
kaji tuwan Sarip samya matur, ing meksa tan pinerduli, Raden Prawiradirjeku,
lajeng nyander atur uninga, dhumateng Kangjeng sang katong.
Lawan
Raden Jayasentana puniku, mengkana jeng Sri Bupati, mapan lagya lenggah iku,
aneng sangandhap waringin, kagyat sareng praptanipun.
Raden
Dulah Prawiradirja umatur, pukulun putra nerpati, jeng gusti Basah puniku, tan
kenging amba aturi, pinilih pan kathah tatu.
Pan
kinarya lesaning sadangonipun, males datan saged yekti, pan langkung
pakewedipun, pelor langkung deresneki, putra dalem meksih manggung.
Wonten
kuda kawula aturi mundur, putra dalem datan apti, mapan pangandikanipun,
lingsem yen tan bedhah ugi, nenggih Delanggu puniku.
Kangjeng
Sultan sareng miharsa saturipun, Raden Prawira Dirjeki, mapan langkung
watosipun, nulya mundhut kang turanggi, Ki Jayacapa wus katur.
Sampun
nitih lawan angandika iku, kabeh jana melu iki, kariya kene sireku, sandika
samya turneki, nulya mangkat jeng sang katong.
Ingkang
dherek hing Den Prawiradirjeku, kalih Den Jasentaneki, tanpantara nulya rawuh,
genya Basah Ngabdulkamil, Kangjeng Sultan anebda lon.
Wus
ta kulup payo mundur dhingin iku, luru dalan ingkang becik, Basah Iman datan
matur, malah datan aningali, dhumateng Kangjeng sang katong.
SriNalendra
dadya langkung watosipun, nulya nenuhun Hyang Widi, mengkana pan ana lesus,
saking kidul wetan iki, kang broma sangkanya tan boh.
Lajeng
besmi sadaya wisma Delanggu, lawan pager pager enting, Sumenep katempuh ikuk,
mapan kathah ingkang mati, kobong langkung gegeripun.
Kang
prajurit pinilih sareng jengipun, ngamuk lawan wahos sami, mapan sareng Broma
iku, Sumenep lumajeng iki, mengaler cinegad iku.
Mring
Seh Ngusman Li Basah sakancanipun, Bulkiya samya numbaki, wangsul tinadhahan
iku, marang prajurit pinilih, dadya kedhik kang marojol.
Langkung
kathah bangkene Sumenep iku, wus bedhah Delanggu sami, mengkana ingkang
tutulung, saking Kelathen wus prapti, nglajur tinadhahan sampun.
Marang
Jayanegara Cenegareku, katika Kertanagari, bantu tan kuwawi wangsul, ingkang
ler mengkana malih, saking Kalitan yun tulung.
Lan
ing Kartasura sareng praptanipun, wiyagang wus den tadhahi, mring Kasan Besari
iku, lan prajurit Pajang sami, dadya pur samya duripun.
Kawarnaha
Kangjeng Sultan pan wus kondur, dhumateng Koripan malih, lajeng mesanggrahan
iku, Pangran Behi sampun prapti, kalawan Ki Maja iku.
Basah
kalih lajeng samya sohan iku, dhateng Kangjeng Sri Bupati, ngaturken
bandhanganipun, mriyem kalih welas iki, ingkang katur mring sang katong.
Pajabrona
mapan langkung kathahipun, nanging tan katur sang aji, mapan sampun lajeng
sinung, kang samya, angsal pribadi, ing mariyem lawan songsong.
Lan
gendera ingkang katur mring sang prabu, Sang Nata mesem tanya ris, mring kang
paman Ngabehiku, punapa lujeng asami, kang sedya prang rerempon.
Pangran
Behi mengkana ing aturipun, sedaya pan lumajeng sami, angsal pangestu sang
prabu, nanging kathah ingkang kanin, megatruh gumanti pucung.
PUPUH XXVII
P U C U N G
Konca
kula mapan titiga kang tatu, ing datan punapa, sadaya jajar prajurit, Kedhu
kalih suraya ingkang satunggal.
Kang
Bulkiya pan lujeng sedayanipun, ing mas putu Basah, kancanipun kathah kanin,
kang prajurit pinilih mapan pitulas.
Ngabehinya
satunggal surawaniku, samya tan punapa, Jeng Sultan mesem nebda ris, sampun
paman sagung kang tatu sadaya.
Sampeyanken
angantukhaken rumuhun, Pangran Behi turnya, sandika wus luwar aji, mesanggrahan
mengkana wus tan winarna.
Sampun
lama Kangjeng Sultan wonten ngriku, mapan pitung dina, kapir langkung
kendhakneki, lawan murtad tan purun medal ing yuda.
Mapan
mempen aneng Kalitan puniku, Ki Maja aturnya, dhumateng Srinarapati, ing
Kalitan ngaturaken bedhah punika.
Kangjeng
Sultan anuruti aturipun, budhal sing Koripan, sawadya kuswa tan keri, prapta
Pengging mapan nulya mesanggrahan.
Aneng
umbul nenggih kelangenanipun, Kangjeng suhunan Sala, ingkang toya langkung
wening, mina kathah kang Jeng Sultan pan kacaryan.
Dadya
enget mring kang rayi Kangjeng ratu, pan wus tigang wulan, Kangjeng Sultan
ngantep jurit, ngantos supe mangkya enget ing tyasira.
Sareng
mulat toya wening umbul agung lan kathah minanya, lawan wonten bulus neki, sela
gilang dadya enget sela raja.
Dadya
ewah Kangjeng Sultan niyatipun, kadya kenging coba, Ki Maja sring sinreng iki,
pun Kalitan benyjang punapa binedhah.
Kangjeng
Sultan mapan esmu gela tuhu, dhumateng Ki Maja, saya keh tekabur neki, den
kapir lan murtad, pan wus tan bisa.
Lamun metu Pangran Mangkubumi sampun, Sala pan
wus seda, kenging pelor wentisneki, marmanira Ki Maja pan saya dadra.
Tekaburnya
mengkana pangucapipun, sapa den andelna, pan wong Sala iku kabeh, bapakhane pan
muride bapak ingwang.
Ing
sahiki mapan kabeh murid ingsun, mengkana Jeng Sultan, Kyahi Maja den dukani,
pan nanging ya kendel sakedhap kewala.
Sabab
Pajang pan sampun radin sedarum, nanging kantun Sala, lawan ing Kalitan iki,
Boyalali punika kang dereng bedhah.
Nanging
sampun sedaya tan saged matur marma Kyahi Maja, kelangkung tekaburneki,
sabendina ngaturi bedhah Kalitan.
Nanging
tiga punika kang dereng rembug, Seh Ngusman Li Basah, lawan Basah Iman iki,
Pangran Behi kedah ing ngentos kewala.
Kyahi
Maja mapan sanget aturipun, nulya tinurutan, gya nembang tengara jurit,
pinertiga lampahe wadya sadaya.
Saking
genge prajurit Pajang Mentarum, lawan Kedhu ika, mapan kathah nusul sami, wus
tinatak, Ki Maja tindhihira.
Lawan
Kangjeng Pangeran Ngabehi iku, mapan sampun budhal, wadya geng saking ing
Pengging, Kangjeng Sultan ayun ningali kewala.
Mapan
miyos radinan ageng puniku, ingkang dherek ika, gamel ponakawan ngampil neng
ngandhaping asem iku, kang nglurug wus prapta, Kalitan campuhing jurit,
langkung rame swarane ingkang senjata.
Kang
mariyem lawan sanjata lit iku, mapan berondongan, tan dangu nulya ningali,
ingkang besmen broma langkung agengira.
Kangjeng
Sultan nulya utusan mrikseku, lurah nongsong ika, kalawan mantra satunggil, pan
kapalan kang nama malang prawira.
Prabakesa
mantra punika ranipun, kalih senderan, wus prapta kapethuk nuli, lawan usar
binujung kalih lumajar.
Wangsul
prapta ngarsane Kangjeng sang prabu, kasesa turira, di dalem pan wus dur sami,
ingkang usar bujung marika sadaya.
Kangjeng
Sultan esmu iben puniku, marang aturira, malang prawira puniki, dene durung ana
kang atur uninga.
Lan
prajurit dene durung ana mundur, tan dangu katingal, undurnya sagung prajurit,
medal galeng sabin lawan iring arga.
Kangjeng
Sultan esmu lingsem dadya bendu, dene undurira, datan medal margi sami, nulya
mundhut titiyan Ki Jayacapa.
Nulya
katur SriNalendra nitih sampun, mring Ki Jayacapa, lajeng anerajang iki, paluh
galeng kalen mapan datan wawang.
Kang
prajurit sadaya sareng andulu, dhumateng jeng Sultan, samya kenden langkung
ajrih, Pangran Behi lan Ki Maja gya katingal.
Lajeng
sohan dhumateng Kangjeng saprabu, Basah kalih samya, prapta sagung kang
prajurit, sami kendel dhedheg aneng ara ara.
Lajeng
baris tumingal Sang Nata bendu, dhumateng Ki Maja, kalawan jeng Pangran Behi,
sru ngandika dene padha tan ngapaha.
Mundhak
gawe gedhe marang atining mungsuh, tumungkul Ki Maja, lan Kangjeng Pangeran
Behi, langkung ajrih kalih tan saged matura.
Basah
Ngusman mangkana ing aturipun, kawula tan ina, saKonca sampun ngrampit, ingkang
beteng lan anak Kertanagara.
Riya
sampun, ken kula besmi sadarum, pan kantun satunggal, enggenya wurohan neki,
tan uninga yen Konca mundur sadaya.
Undur
amba kalawan anak tumenggu, pan tan angsal marga, kapir sampun ambuntoni,
lajeng ngamuk marma amba angsal marga.
Kangjeng
Sultan mengkana lajeng andangu, sapa ingkang rusak, tata iku kang marahi, Basah
Ngusman umatur boten uninga.
Pangran
Behi lan Ki Maja datan matur, tumungkul kewala, Dulah Kaji Badarodin, ris
turira kawula ingkang uninga.
Ingkang
dados margenipun samya mundur, pan sareng uninga, abdi dalem wonten sabil, ing
kekalih lajeng bibrah tatanira.
Mapan
tangled kalawan usar sinuhun, pan kalih kawula, saKonca sadaya sami, ingkang
usar mapan sampun kathah pejah.
Nunten
abdi dalem Seh Mentaram iku, prapta Sabilolah, kelajeng pengamukneki, ngulami
geng ingkang mulang Wonakrama.
Lan
satunggal abdi dalem Lurah Mandhung, pun Gagaktaruna, lajeng abdi dalem sami,
mundur bibrah mapan tan kenging tinata.
SriNalendra
sareng pirsa aturipun, seh khaji punika, lamun Seh Mentaram prapti, Sabillolah
dadya medal ingkang duka.
Mring
kang paman lawan Kyahi Maja iku, pan kinen mangsulna, sagunge ingkang prajurit,
SriNalendra arsa jenengi pribadya.
Gya
tinata kang prajurit pinartelu, sagung pradipatya, Mentawis lan Kedhu iki,
mapan kinen medal sing kidul sadaya.
Wadya
Pajang kinen medal ler sadarum, ingkang dadya dhadha, sagung prajurit jro sami,
Basah kalih mapan dadya pangiridnya.
Gya
tengara mangkat sareng praptanipun, ing Kalitan samya, pan lajeng kinepang
kikis, nanging kapir pan lajeng kendel kewala.
Datan
purun methuk neng baris iku, langkung kedhikhira, tigang atus winetawis, pan
kalebet kalih arahan punika.
Lan
mariyem kalih kang den adhep iku, tan purun ngungelna, anglir mitenggengen
sami, dipunledhek ing kapir kendel kewala.
Basah
kalih samya ngatas mring sang prabu, ayun binebasa, ing Sang Nata tan warengi,
kinen nganti ungele mariyemira.
Kangjeng
Sultan langkung welas ing tyasipun, marang kapir ika, kadya wus karsaning Widi,
pan mengkana srinarpa usiking driya.
Lamun
ingsun rusaka pasthi yen gempur, iya kadarpira, nanging kang sun kuwatiri, nora
wurung pesthi banyjur marang Sala.
Lamun
tumpes, iya apa kang sun rebut, nora wurung ika, kaya dhek pelengkong iki, kang
sun tedha kapir murtad ing elinga.
Lan
wus wengi Kangjeng Sultan nimbaliku, dhumateng kang paman, Kangjeng Pangeran
Ngabehi, lan Ki Maja kalih sampun prapata ngarsa.
Ris
ngandika paman Behi mapan sagung, prajurit sadaya, sampeyan ken mudur sami,
sampun dalu manah kula sampun gela.
Benyjing
enyjing kewala mapan rinembug, Pangran Behi turnya, sandika gya marentahi,
marang sagung prajurit kinen ngundurna.
Gya
tengara prajurit pan samya mundur, Kangjeng Sultan nulya, kondur marang
Pengging malih, kapir mapan ngungelken mriyem ping tiga.
Sareng
sampun kalih dina antaranipun, Kyahi Maja ngatas, kalawan Pangeran Behi, nuhun
karsa pu(Hal.156)napa tan den dugegna.
Inggih
bedhah loji Kalitan sinuhun, mesem SriNalendra, lawan angandika aris, boten
paman pan kula ajeng uninga.
Kartasura
mapan pundi prenahipun, dene kapir ika, kajenge paman nututi, Pangran Behi
atanya dhateng Ki Maja.
Pundhi
dhusun kang celak Kartasureku, Ki Maja aturnya, kejawi Kalinggen iki, nulya
kinen karya pesanggrahan ika.
Sampun
dadya gya atur uninga iku, jeng Sultan wus budhal, saking Pengging sawadyeki,
tan winarna ing Kalinggen sampun prapta.
Nanging
kapir sampun alit ing tyasipun, tan purun majenga, Kangjeng Sultan kang
winarna, kang neng nala nanging jeng ratu kewala.
Ayun
kondur dereng wonten marginipun, ngantos pitung dina, neng Kelinggen Sri
Bupati, Pangran Behi lan Ki Maja asring ngatas.
Magut
yuda ing Sang Nata datan ayun, mengkana kang prapta, Kangjeng Pangran
Ngabdulrahim, Adisurya anusul sawadyanira.
Gya
dinangun ing saneskara wus katur, sangsaya jeng Sultan, onengnya dhateng kang
rayi, ing sinamur sarya mesem angandika.
Mapan
dangu mring Ki Kasan Besariku, kene pawus rata, wong ing Pajang kabeh ika,
lawan pira kang dadi prajuritira.
Ingkang
sira cekel dhewe prajurit iku, Kasan Besari turnya, mapan sewu kang prajurit,
dene pajang pan sampun radin sedaya.
Ing
sakilen margi kawula sedarum, jatos nem wangkithira, kang ler pulo kadang aji,
wetan marga nenggih Pangran Natapraja.
Mapan
sampun sinuhun radin sedarum, Sang Nata ngandika, dhumateng Pangeran Behi,
paman Behi Kasan Besari punika.
Mapan
kula ganyjar nama puniku, Basah prajuritnya, sampun jangkep sewu iki, Pangran
Behi aturnya mapan sandika.
Wus
mupeket sagung pratiwa nung anung, Sang Nata anulya, andangu dhateng kang rayi,
Ngabdulrahim sira gawa bala pira.
Pangran
Adisurya mapan aturipun, gangsal atus nata, sabab pun Cakranegari, amba tilarha
tengga wonten ngrejasa.
Sangsayenget
Sang Nata mring Kangjeng ratu, mesem angandika, dhateng kang paman Ngabehi,
paman Behi ing Pajang sampeyan tengga.
Pan
dados sawakil kawula puniku, ing Pajang sedaya, sampeyan kang misesani, sampun
yuda yen boten kapir kang prapta.
Mapan
kula yun mantuk dhateng Mentarum, ngaluwari ubaya, duk aneng kasuran uni, ayun
cukur heh Kasan Besari sira.
Apa
uwis kaduga tunggu bawahmu, lamun rinusuhan, iya marang ing si kapir, Basah Kasan
Besari matur kaduga.
Lamun
teksih tinengga prajurit tuhu, Mentawis punika, sagendhinge lan nata kapir, pan
kadugi mesem Kangjeng SriNalendra.
Angandika
malih mring kang paman iku, lan Si Natapraja, mapan sampeyan timbali, wetan
margi punapa sampun den tata.
Prajuritnya
lawan pinten kathahipun, Pangran Behi turnya, sandika nebda sang aji,
Ngabdulrakim sira durung oleh karya.
Ingsun
tinggal lawan paman Behi iku, lan Si Mertalaya, poma den angati ati, pan sedaya
aturnya samya sandika.
Wong
Mentaram lan kedhusun gawa mundur, sun duga wus sayah, nulya budhal Sri Bupati,
sing Keling gen sawadya kuswa sadaya.
Mapan
nitih Ki Jayacapa puniku, ing tyasnya Nalendra, sedaya praptaha iki, ing rejasa
Kangjeng ratu kang neng driya.
Dadya
samya kantun kang prajurit sagung, lan ngampil Ki Maja, nanging kang saged
nututi, Basah Kamil lan Raden Prawiradirja.
Abusungeb
mapan samya kudanipun, sekawan punika, panggemun pun madras iki, lan pun Semar
pan samya kuda payudan.
Ing
Kelinggen pan lampahan tigang dalu, saking ing rejasa, sedina kewala prapti,
langkung kagyat Panembahan methuk nulya.
Lan
Pangeran Ngabdulmajid lawan iku, Pangran Dipakusuma, mapan iku enggal mijil,
saking Yogja lajeng anukemi pada.
Nanging
meksih neng luhur turongga iku, padanya jeng Sultan, sinungkeman kanan keri,
mring kang rayi mapan lawan ingkang putra.
Ri
sawusnya Kangjeng Sultan nulya laju, Kangjeng Panembahan, katingal gya
melajengi, SriNalendra nulya tedhak saking kuda.
Panembahan
Jeng Sultan nulya rinangkul, pan esmu karuna, lir supena ing tyasneki, mapan
lenggah sakedhap aneng pandhapa.
Kang
prajurit sedaya pan samya methuk, lajeng lenggah tata, ing jeng ratu tan
kaheksi, Panembahan aris denira atanya.
Dene
Sultan kondur tan ngiring wadya gung, lan ngampil tanana, Ki Maja lan adhi
Behi, apa sira Sultan kaseser ing yuda.
Ingkang
ngiring pa nanging jaran tetelu, banjur nora nana, dadya ing prapta pribadi,
lawan gamel sawiji pa nora gawa.
Banget
temen kagete pan ateningsun, mesem SriNalendra, lawan angandika aris, tur
sampeyan kyahi tan wonten katingal.
Kang
putri punika pepak sadarum, ingkang sepuh samya, lajeng atur Salam sami,
ingkang anem sampun ngabekti sadaya.
Raden
ayu Panembahan sampun mantur, pan rayi paduka, jeng ratu kula aturi, miyos
datan arsa mesem SriNalendra.
Ris
ngandika kyahi sampeyan kantun, neng ngriki kewala, kawula tan kawon jurit,
selak ajeng uninga putra sampeyan.
Marma
kantun punika sadaya sagung, mangke ingkang prapta, yen sohan sampeyan
panggihi, nulya kondur mesem Kangjeng Panembahan.
Kangjeng
Sultan kang dherek Den Ayu Sepuh, dalem tan kepanggya, lajeng mring panepeneki,
SriNalendra Kangjeng ratu wus kepanggya.
Tan
winarna sadaya niskaranipun, mapan ya mengkana, jeng ratu Salami neki, lamun
lami tan kepanggih lan kang raka.
Pan
kelangkung Kangjeng ratu lingsemipun, ingkang dherek samya, prapta sowang
sowang sami, Kangjeng Sultan Kangjeng ratu tan winarna.
Ingkang
lagya samya sanget onengipun, mengkana winarna, Kyahi Maja lagya prapti, lawan
ngampil myang sagung kang pra-ngulama.
Lawan
putra sentana myang pratiwa gung, wus prapta sadaya, Basah dulah sampun
panggih, lan Ki Maja lajeng sohan SriNalendra.
Panembahan
ingkang manggihi sedarum, aneng ing pandhapa, ing uni sampun wineling,
Panembahan wahu dhumateng kang putra.
Kyahi
Maja nulya atur Salam sampun, myang Seh Basah Ngusman, lan sagung ulama sami,
kang pratiwa samya tur bekti sadaya.
Lawan
ingkang praputra sentana iku, Panembahan nebda, aris sarwi mesem iki, Kyahi Maja
ing mangke ratu andika.
Nora
kena lamun sineba puniku, lagya mangun tapa, pan minara ingkang wakil, mapan
kinen nemoni marang andika.
Nulya
samya pinaring dhaharan sampun, weradin sadaya, lawan pagujengan sami, mapan
sampun tan wonten ingkang tinaha.
Nulya
Kangjeng Panembahan nebda arum, dhumateng Ki Maja, lan sagung kang samya
prapti, wus kalilan samya mantuk sowang sowang.
Dadya
sami egar tyas sedayanipun, mapan badhe panggya, lan anak rabinya sami, sampun
mundur sing ngarsa jeng Panembahan.
Kang
prajurit samya nembang tengareku, budhal sing rejasa, samya mantuk wisma neki,
sowang sowang mengkana wus tan winarna.
Kangjeng
Sultan nulya sampun paras iku, ing bakda Jumungah, dadya samya bela iki, sagung
Islam lan sampun cukur sadaya.
Ing
Mentaram Pajang kalawan ing Kedhu, Pagelen sadaya, ledhog gowong jawi kori, pan
weradin samya bela cukur ika.
Myang
pekathik buruh kere samya cukur, punika sadaya, datan mawi den dhawuhi, kadya
sampun karsaning Allah Tangala.
Sagung
Islam tinengeran samya gundhul, murtad reyab reyab, bathilan sagung wong kapir,
wektu iku mengkana tengreranira.
Datan
lami Pangran Behi prapta sampun, lan Pangran Disurya, lawan saprajuritneki,
lajeng sohan dhateng Kangjeng SriNalendra.
Mapan
nuju lenggah neng pandhapa iku, lan Jeng Panembahan, Ki Maja kang munggeng
ngarsa, myang ulama myang sagung putra santana.
Pangran
Arya Ngabdulrahman Ngabehiku, nulya atur Salam, dhumateng Srinarapati, Pangran
Ngabdulrahim Arya Adisurya.
Ngaras
pada ri wus tata lenggah sampun, Sang Nata ngandika, dene paman enggal prapti,
kados pundi Pajang sawingking kawula.
Pangran
Behi mengkana ing ngaturipun, lumajeng sapunika, nanging baris mundur sami, sing
Kelinggen mapan baris wonten Maja.
Natapraja
inggih mundur barisipun, wonten Majaraga, lan sampun kula priksani, ing sawetan
radinan radin sadaya.
Kang
prajurit mapan sampun cacah sewu, kapir sapunika, pan datan purun medali, marma
mantuk kawula yun cukur ika.
Lan
anak mas mapan sampun samya kantun, sawarnani ning tiyang, mapan sampun cukur
sami, SriNalendra mesem aris angandika.
Paman
Pajang punapa tan watos iku, Pangran Behi turnya, mapan kula tantun sami, Basah
Kasan Besari lan Natapraja.
Samya
sagah yen tengga kaliyanipun, nanging lamun minggah, kalihnya dereng kuwawi,
lawan Basah Ngabdullatip Martalaya.
Pundi
ingkang awrat kawula ken tulung, yen kedhik kewala, kados sampun tan matosi,
nulya luwar Sang Nata genya sineba.
Basah
tiga Pagelen pan samya duhun, tindhih lintonira, Kangjeng Pangeran dipati, kang
sinuhun Jeng Pangran Dipanagara.
Kangjeng
Sultan mapan wus marengi iku, ing panuhunira, Jeng Pangran Dipanagari, kang
prajurit satus Mentawis binekta.
Wus
kalilan Kangjeng Pangran budhal sampun, mring Pagelen ika, marma samya nuhun
tindhih, Basah tiga pan asring selayanira.
Enengngena
Pagelen Pajang winuwus, Pangran Natapraja, lan Basah Kasan Besari, mapan asring
kinggahan mring kapir ika.
Lawan
murtad pan asring kaseseripun, nulya tur uninga, dadya Jeng Sultan nindaki,
dhateng Pajang kalawan sawadya kuswa.
Sampun
rawuh ing Kedaren kang sinuhun, lajeng mesanggrahan, mengkana kapir dhatengi,
saking Bayabali langkung kathahira.
Wadya
Pajang mapan tan kuwawi iku, nulya tur uninga, mring Kangjeng Srinarapati,
Basah kalih kang tinuding methuk yuda.
Nulya
mangkat pinilih suraya sagung, mang wadya Bulkiya, mengkana pan sampun prapti,
ing jram gulung kapethuk campuhing yuda.
Langkung
rame ing kapir kuciwa iku, mapan kathah pejah, kalawan kang murtad sami, pan lumajeng
kenging ingkang mriyem tiga.
Pan
satunggal prajurit Pajang puniku, prapta Sabilolah, bongga ing kelalung iki,
Dipareja nenggih namane punika.
Basah
kalih wus mundur sing Jramgulung, lan sakancanira, wus prapta Kedaren iki,
ngaturaken bandhangan kang mriyem tiga.
Dadya
kendhak kapir malih manahipun, tan purun medula, nulya kondur Sri Bupati, mring
Rejasa tan winarna marga prapta.
Pangran
Behi rembag lan Ki Maja iku, myang sagung pratiwa, ingkang anung anung sami,
yen manggunga Sang Nata tedhak pribadya.
Dadya
sagung pratiwa tanpa karyeku, mengkana rinembag, kang wadya Mentaram sami,
mapan gilir atugur dhumateng Pajang.
Mapan
sewu prajurit giliranipun, ing kawulanira, bantoni Kasan Besari, Pangran
Natapraja mapan bantoni.
Pitung
atus sawab kedhik watiripun, gunung kidulika, mapan sampun radin sami, ing
Pacitan lan Ngawen mapan wus bedhah.
Basah
Ngabdullatip mapan rembaghipun, pinundhut punika, wontena ngarsa nrepati, dados
jangkep Basah tiga malih ika.
Ingkang
pancen punika jaga tetulung, gya katur Nalendra, mengkana rembagnya sami, wus
marengi mapan samya dhinawuhan.
Pangran
Ngabdulrakim inggih anging tunggu, ing tanah kewala, sakilen Ngayogya sami,
ingkang kidul Pangeran Suryawijaya.
Ingkang
gilir pan aming tumenggungipun, kang kidul punika, Raden Jayanegareki, ingkang
kilen Pangeran Sumanagara.
Ngirid
sagung prajurit myang pra tumenggung, mengkana wus dadya, saben wulan gilir
sami, lawan malih karsanira SriNalendra.
Ingkang
rayi Pangran Ngabdulmajid iku, mapan kinen tengga, ing Kuwanen lawan malilh,
anampeni lapuran Pajang sadaya.
Ingkang
putra Pangeran Dipakusumeku, kedah nuwun medal, mengkana wus den lilani,
anindhihi baris aneng dasa sela.
Kang
Bupati Raden Arya Sindurjeku, peluneng barisnya, pan langkung santosa sami,
ingkang eler jatos nem mapan sadaya.
Barisira
Basah Khasan Besariku, mapan binantonan, sewu wadya ing Mentawis, ingkang wetan
radinan mapan sadaya.
Ngantos
dugi ing ardi kidul puniku, Pangran Natapraja, mapan iya den bantoni, pitung
atus nenggih prajurit Mentaram.
Pan
punika mawi giliran sadarum, marmane santosa, mengkana nuju marengi, Raden
Menggung Jayanagara gilirnya.
Pan
sarengan kalawan Kyahi Tumenggung, Mangkuyuda ika, mapan lagya aso sami, pan
kalawan prajuritira sadaya.
Neng
jatos nembah Kasan Besariku, kabereg ing mengsah, mengkana Salamineki, kapir
murtad pan nginjen injen kewala.
Lamun
mantuk prajurit Mentaram iku, gilir dereng prapta, mapan lajeng amedali, kapir
murtad Basah pan ing oyok oyok.
Ngantos
prapta jatos nem pelajengipun, kapir ngodol ika, mengkana wong Pajang sami,
sareng mulat jatos nem ana barisnya.
Pan
tinerka mengsah ingkang nyegat iku, tan buh polahira, mangetan wus den cegati,
yen saking doh prajuritnya Mangkuyuda.
Mapan
anglir pengangenya saradhadhu, mengkana na wikan, marang tamtama kaheksi, nulya
warti yen Raden Jayanagara.
Basah
Pajang mapan asrep manahipun, lajeng lampahira, lawan saprajuritneki, sampun
panggih lan Raden Jayanagara.
Basah
Pajang mapan asrep manahipun, lajeng lampahira, lawan saprajuritneki, sampun
panggih lan Raden Jayanagara.
Atenapi
lawan Ki Mangkuyudeku, kapir murtad prapta, aneng jawi dhusun sami, lajeng
ngepang saking ler lan saking wetan.
Basah
Khasan Besari pan langkung gugup, prahipun adhi anak, Jayanagara nebda ris,
mangke kyahi kula pan ajeng rembagan.
Kados
pundi Ki Mangkuyuda puniku, mengsah sampun prapta, ing punika mara kalih,
Mangkuyuda mengkana ing sahurip.
Daweg
anak pan sami bubuhan iku, pan sampun babegjan, yen mundura dhateng pundi,
mapan sampun samya kabetah punika.
Pan
kawula ngajengken kang kedhik iku, ingkang saking wetan, pun anak ngajengna
iki, ingkang kathah pan inggih kang ler punika.
Konca
Pajang sampun wonten tumut tumut, pan mindhak kapiran, mapan sampun rembag
sami, mengsah ngedrel lawan mariyem ika.
Raden
Jayanagara ngabani sampun, nyalompret anulya, lawan nambur tata nuli, langkung
gregut wadya prawira tamtoma.
Mangkuyuda
nulya animbangi nambur, sareng ajengira, sareng medal campuh nuli, kapir murtad
mapan langkung pangedrelnya.
Kang
mariyem mapan wus lajeng kelangkung, prawira tamtoma, lajeng nusup kukus sami,
tan prabeda kalawan Ki Mangkuyuda.
Nulya
ruket sanjata lit pejah sampun, ing watos kewala, acaruk lan sangkuh sami,
pedhang caruk kalawan dhuwung punika.
Kamigilan
kapir murtad gya lumayu, gelasah bangkenya, Islam mapan lujeng sami, nanging
tiga ingkang prapta sabilira.
Mapan
samya prajurit jajar puniku, kalih kang tamtoma, sendhang pitu kang satunggil,
wadya Pajang lajeng ambujung sedaya.
Pan
mengkana yen yuda selamenipun, ing bujung lan nyegat, wis purun tadhah pribadi,
marma saya kapir kathah bangkenira.
Ingkang
aneng ajeng samya glasahiku, kang kekecer kathah, wadya Pajang kang mejahi,
Raden Jayanagara bandhanganira.
Mapan
angsal mriyem kekalih puniku, Kyahi Mangkuyuda, pan satunggal mriyemneki, bangke
murtad monycanagara kang kathah.
Ponaraga
kalawan kedhiri iku, mapan mantra samya, ing Sala mangkono maning, sampun katur
dhateng Kangjeng SriNalendra.
Kang
bandhangan mariyem tetiga puniku, mapan Kyahi Maja, sangsaya tekaburneki, yata
mesem jeng Pangran Ngabehi ika.
Wus
dinuga yen geseh lapuranipun, pan adat mengkana, lamun ana mungsuh prapti,
wadya Pajang mapan lumayu kewala.
Basahira
ingkang marahi lumayu, pan selamenira, ketanggor wadya Mentawis, yen wis menang
nulya ing aku kewala.
Pan
ing wetan radinan mengkono iku, Pangran Natapraja, langkung rame juritneki,
mapan mengsah Pangeran Mangkunagara.
Mapan
sareng tinilar Basah puniku, Ngabdullatip ika, wong ing Pajang purun malih,
gunung kidul pan iku padha mengkana.
Natapraja
nanging kantun banthengipun, Mas Tumenggung ika, Mangunagara kang dadi, mapan
Mangkunegaran asring kuciwa.
Basah
Nataprajan pan kalih tumenggung, ingkang sabillolah, masaran lan weru iki,
dadya Pangran mundur pesanggrahanira.
Neng
Tembayat nanging lamun prapta iku, prajurit Mentaram, majeng dhateng Majaragi,
Basah Khasan Besari mapan mengkana.
Lamun
dereng prapta ingkang gilir mundur, mapan barisira, pan aneng lingge puniki,
lamun prapta majeng dhumateng ing Maja.
Kawarnaha
Jendral Dhekok kang winuwus, langkung kewranira, sabab asring kawon jurit,
mapan nanging kantun jahilnya kewala.
Sagung
ingkang senapati ingkang agung, kang santosa prangnya, pan sinuk surat sami,
nanging mungel saking residhen sadhaya.
Sala
Yogja Kedhu mengkana karyeku, kang residhen samya, angicuk lan ngebang sami,
ingkang serat sadaya sami ungelnya.
Nanging
sagung kang tiniban surat iku, lajeng katur ika, kang serat mring Sri Bupati,
malah ingkang kengkenan sring pinejahan.
Pan
sangsaya Jendral kewran ing tyasipun, nulya layonira, Pangran Mangkudiningrati,
kinondurken kang den suprih putranira.
Pan
sedaya punika sageda teluk, nanging meksa nora, dadya Kangjeng Sultan nuli,
ingkang sepuh mapan kinondurken nulya.
Pan
mengkana Jendral Dhekok athinipun, mongsa tan kenaha, sabab iku mapan sami,
sagung ingkang putra wayah sedaya.
Lawan
ingkang abdi punika sedarum, kang Bupati samya, wonten kang kemantu iki, putra
wayah buyut mapan ingkang ana.
Sareng
sampun rawuh Ngayogja nulyeku, tinempahken ika, Kangjeng Sultan praptaneki,
sagung ingkang putra wayah praptanira.
Myang
Bupati sedaya ing praptanipun, jalu myang wanodya, pan prenyata iku sami, putra
wayah sinuwun sepuh sadaya.
Nulya
samya pinaring surat sedarum, mapan ing ngandikan, sagung putra wayah sami,
jalu estri lawan Bupati sadaya.
Atenapi
Kangjeng Panembahan iku, samya aturika, Kangjeng Sultan mengkana wangsulanira.
Gya
pinaring sedaya wangsulanipun, mring Jendral mengkana, nulya Jendral aken
malih, kang sinuhun sepuh kinen kintun surat.
Mring
kang wayah Kangjeng Sultan prapta sampun, kalawan pratela, yen Jendral tan
lepat iki, ingkang lepat pan iku residhenira.
Dene
mengko residhen pan wus den okum, putu wis muliha, pan aja kedawa iki, anoleha
sira putu marang ingwang.
Kangjeng
Sultan pan awrat agami tuhu, malah datan arsa, ningali kang serat yekti, wus
dinugi yen Jendral karenahira.
Ingkang
Eyang pan saking kapipitipun, marmane mengkana, ingkang paman Pangran Behi,
ingkang kinen amangsuli mring kang Eyang.
Kangjeng
Sultan mapan ajrih alatipun, dhumateng kang eyang, marma tan arsa ningali,
dadya sampun pitajeng dhateng kang paman.
Malah
surat wangsulan tan arsa dulu, Kangjeng SriNalendra, mengkana timbalaneki,
mring kang paman lawan Kangjeng Panembahan.
Myang
sagung ingkang pra-ngulama puniku, padha seksanana, panuwun ingsun mring Widi,
lamun estu luhure ing tanah Jawa.
Kangjeng
Eyang muga menangi ahiku, aja guru seda, pan ingsun ayun ngabekti, lamun nora
aja menangi Kangjeng Yang.
Dadi
ingsun mundhak karya susah iku, sedaya aturnya, mapan sandika puniki, nulya ana
kang pamit mring SriNalendra.
Mapan
ingkang bibi Kangjeng ratu iku, nenggih namanira, Den Ayu Asmaraningsih, pan
kalilan lajeng kinen dherekhena.
Konduripun
dhateng Ngayogya puniku, lan wineling ika, mring Kangjeng Srinarapati, mapan
anglir kang mungel ngajeng punika.
Praptanira
Ngayogja wus tan cinatur, mengkana winarna, Ki Maja sanget turneki, Kangjeng
Sultan ngaturan bedhah ing Sala.
Sabab
datan wonten kasampunanipun, yen boten rinusak, gung murtad ing Sala sami,
mindhak dados wadhahe kapir punika.
Marmanira
Ki Maja sanget turipun, wadosipun ika, watos mring Kasan Besari, sabab asring
kaseser denira yuda.
Lamun
dereng prapta prajurit Mentarum, lan asring selaya, sagung ingkang bantu sami,
pan sedaya tyasira pan esmu gela.
Lamun
tangled wong Pajang asring lumayu, pan nilar kewala, dadya katempah Mentawis,
saben saben prajurit Pajang mengkana.
Kyahi
Maja pan sampun uninga iku, mring kang dadya gela, mring sagung wadya Mentawis,
marma ajrih bilih kapirsa srinata.
PUPUH XXVII
S I N
O M
Nanging
Kangjeng SriNalendra, wus lami datan nuruti, mring aturira Ki Maja, mengkana
karsaning Widi, Sang Nata mapan gampil, anuruti aturipun, dhumateng Kyahi Maja,
pan samya kinen dhawuhi, marang sagung wadya Mentaram sadaya.
Pangran
Ngabehi aturnya, dhateng Kangjeng Sri Bupati, yen pareng karsa Nalendra,
nenggih Basah Ngabdullatip, binektakhaken malih, dhateng pun Nataprajeku, amrih
sami santosa, Sang Nata sampun marengi, mapan lajeng kinen dhawahi punika.
Lawan
kinon rumihina, Bupati wetan Yogjeki, kelamun panggih neng griya, lan raden
Basah sedarum, lan Pangran Natapraja, pan lajeng kinen dhawahi, yen Sang Nata
arsa bedhah Surakarta.
Prajurit
Pajang punika, kabawah Nataprajeki, sawetan margi sadaya, mapan kinon ngerig
sami, lawan majenga iki, ing baki barisanipun, Den Basah tur sandika, nulya
atengara jurit, pan sumahab sagung ingkang wadya kuswa.
Den
Basah Dullatip budhal, kalawan sawadyaneki, mengkana wus tan winarna, kawarnaha
Sri Bupati, ngrasuk busana jurit, wadya gung sumahab sampun, Basah kalih
punika, Kyahi Maja Pangran Behi, wus sumekta Kangjeng ratu kang winarna.
Sedangunira
punika, ngladosi kang raka iki, wahu denira busana, lamun jeng ratu ningali,
dhateng Srinarapati, pan kumembeng waspanipun, Sri Nalendra tumingal, lamun
kang rayi prihatin, gya sinambut pinangku sanglir supadma.
Sarta
ing lus kang Srinata, srinarpa lan ngandika ris, nah anger inten kumala, punapa
kang dados rujit, karya kepyuring abdi, mas mirah pun kakang estu, nenuwun
ngandikaha, lamun dasih tan udani, ingkang dadya rujit karya ela ela.
Yen
tan kalilan bendara, pun kakang lumampah jurit, sayekti mongsa siyosa, Kangjeng
ratu matur aris, nuhun punten Dewaji, kawula mapan sahestu, ing tyas mapan tan
nedya, yen karya keron tyas aji, nanging netra kang kedah medal Locana.
Tan
pirsa karsa Yang Sukma, kawula lamun ningali, inggih dhumateng paduka, netra
kedah mrebesmili, mesem Srinarapati, punapa wandeya masku, pun kakang magut
yuda, Kangjeng ratu matur aris, yen wandeya Dewaji kelangkung nistha.
Pan
abdi sampun sumekta, mengkana Srinarapati, ri wusnya mit miyos nulya, gya
nembang tengara jurit, budhal wadya pengarsi, Bulkiya kang munggeng ayun,
anulya sinambungan, suraya lawan pinilih, Pangran Behi Ki Maja nambungi nulya.
Kang
munggeng ngarsa Nalendra, mandhung mantra lebet iki, wingking ngampil Suranata,
lawan Suryagama asri, myang putra sentaneki, Bupati miji sadarum, sampun budhal
sadaya, saking Rejasa puniki, lampahira kadya wreduhongga sasra.
Dene
sagung senapatya, sadaya wus kinon dhingin, mengkana wus tan winarna, ing marga
Srinarapati, prapta kedaren iki, mesanggrahan sang sinuhun, lan sagung wadya
kuswa, tigang dina winetawis, tata tata lawan ngasokhaken bala.
Pangeran
Dipakusuma, Raden Riya Sindurjeki, lan Tumenggung Sutayuda, tan kalilan dherek
sami, kinen meksiya baris, neng dasa sela puniku, sampun karsaning Sukma,
Kangjeng Sultan ing tyasneki, kang katingal kewala anging kang garwa.
Aneng
ing daren punika, pan dalu kinen meteki, kang boyongan nyonyah Cina, Kangjeng
Sultan Salah kardi, saking tyas mring kang rayi, kinarya panglipur wuyung,
enjing anulya budhal, nyare ing Maja sawengi, Basah Kasan Besari sakancanira.
Prajurit
Pajang sedaya, mapan kang kinen rumiyin, ingkang dadya tinindhihira, Den
Menggung Mretalayeku, lawan saKoncaneki, kang prajurit mandhung satus, lajeng
kinen gitika, ingkang baris menang iki, sampun prapta ing menang campuh kang
yuda.
Lan
prajurit Surakarta, ing rame sakedhap iki, prajurit Sala kuciwa, lumajeng
lajeng den geni, ing menang barisneki, mring Raden Mertalayeku, nulya atur
uninga, gya budhal Srinarapati, saking Maja kalawan sawadya kuswa.
Sampun
prapta Sukareja, mesanggrahan Sri Bupati, prajurit Pajang sadaya, kinon baris
gawok sami, Pangran Nataprajeki, lan Basah sakancanipun, Ngabdullatip punika,
kinen majeng baris baki, tan winarna kawarnaha Sukareja.
Sareng
enjang ing inggahan, kapir lawan murtad sami, saking negri Surakarta, ing gawok
pan sampun prapti, Basah Kasan Besari, ingkang methuk yudanipun, lan Raden
Mertalaya, sampun campuh ing ajurit, pan kuciwa prajurit Panjang punika.
Lawan
mandhung mundur samya, kalawan atur upeksi, dhumateng ing Sukareja, lamun
sampun tan kuwawi, kang mengsah ageng iki, Kangjeng Sultan nuding sampun, mring
prajurit Bulkiya, suraya lawan pinilih, lan prajurit nenggih prawira tamtoma.
Anulya
nembang tengara, budhal sing Sukarejeki, Muhamad Usman Li Basah, lan jeng gusti
Iman Kamil, Li Basah kang nindhihi, lan Den Jayanegareku, mengkana sampun
prapta, ing sakilen gawok sami, wus kapethuk lan mengsah campuh ing yuda.
Pan
anging rame sakedhap, mengkana sareng udani, mengsah kapir lawan murtad,
kalamun kang Basah kalih, ingkang methuk ing jurit, mapan maksih mambu ilu,
kapir kalawan murtad, anulya lumajeng sami, undurira mring negari Surakarta.
Mapan
tan kenging tinata, mengkana Raden Dipati, Sasra kantun songsongira, langkung
geger Kartawani, lawan kang jalma ngili, atumpuk neng alun alun, mengkana kang
winarna, Kangjeng Sultan den aturi, mring Ki Maja lajeng bedhah Surakarta.
Nanging
Kangjeng Sri Nalendra, ingkang tyas pan mara katri, kadya wus karsaning sukma,
mring risake sentaneki, mengkana Sri Bupati, kang sinuhun mring Hyang Agung,
engeta kewala, marang parentahe Nabi, pan sedaya sagung wong murtad punika.
Iya
ing satanah Jawa, dene ingkang kaping kalih, ajrih bilih manggih walad,
dhumateng kang samya surgi, mapan ping tiganeki, meksih enget wespanipun, duk
lagya angkatira, saking ing rejasa nguni, dadya kang tyas pan rangu rangu
kewala.
Nanging
Kyahi Maja, asanget aturireki, Kangjeng Sultan ing aturan, mapan tedhak
anjenengi, saking sanget turneki, Sri Nalendra dadya nurut, Pangran Ngabehi
nulya, utusan paring udani, marang Basah lan Pangeran Natapraja.
Kinen
manjing malih ika, nenggih ing barisaneki, mengkana wus tan winarna, ing
Sukareja winarni, enjing nembang tengari, wus budhal kang wadya sagung, saking
ing Sukaraja, Sri Nalendra aneng wuri, ginarebeg mring sagung putra Santana.
Samarga
kapethuk yuda, wong Sala wus tan ngundhili, mapan lumajeng kewala, prapta
kiduhing Cemani, kendel Srinarapati, mapan arsa Salat luhur, lan sagung wadya
kuswa, mapan samya Salat sami, bakda Salatan pan sedya ngasoken wadya.
Mengkana
kang baris ngarsa, pan Basah Khasan Besari, kalawan sakancanira, prajurit ing
Pajang sami, kedhatengan puniki, mengsah ing Sala puniku, kalangkung dening
kathah, kapir murtad Sala krerig, pan lumajeng sarta ngaturi uninga.
Mapan
arsa wancenira, pan wus cuwa ing ajurit, mengkana mengsah gya prapta, sagung
murtad lawan kapir, pinethukhaken nuli, mring sagung pradipatyeku, Raden
Jayawinata, lawan Mas Wiryanagari, Kyahi Mangkuyuda lan Cakranagara.
Pan
lagya ajeng ajengan, sanjatan sakedhap sami, nulya Kangjeng Sri Nalendra,
kondur mring soka rejeki, sagung kang pradipati, sedaya pan kinen mundur,
kesaput dalu ika, sampun sapih ingkang jurit, wangsul malih mengsanggrahan
Sokaraja.
Satuhu
kang tyas Nalendra, pan anging karya ngecani, mring panuwune Ki Maja, mengkana
Srinarapati, tan eca ing tyasneki, neng Sokaraja puniku, ing lingsem
ngandikaha, ingaturan manjing malih, mring Ki Maja Kangjeng Sultan datan arsa.
Mengkana
mapan antara, tiga dina kapir prapti, kalawan murtad punika, medal margi ageng
iki, Basah Khasan Besari, tan purun methuken iku, nanging atur uninga, Sang
Nata nuju siniwi, Kyahi Maja kang munggeng ngarsa Nalendra.
Lan
sagung kang pra-ngulama, atenapi Pangran Behi, Pangran Ngabdulmajid ika,
kalawan kang Basah kalih, myang sagung pradipati, Ki Maja meksa turipun,
Kangjeng Sultan ngaturan, ambedhah ing Kartawani, Sri Nalendra anantun dhateng
kang paman.
Lawan
Basah sakaliyan, mengkana samya turneki, pan abdi dalem sadaya, Mentawis dereng
udani, Sala pakewedneki, kalawan kang gampil tuhu, inggih lamun wontena,
ingkang pantes dados margi, pan prayogi datan ngekathahi karya.
Pan
wonten ngriki kewala, yen konca Pajang nglawani, pan inggih mongsa sanesa, Ki
Maja sakit tyasneki, dhateng Jeng Pangran Behi, dereng dumugi puniku, genya
imbal wecana, kang kinen tur uning prapti, lamun mengsah sampun prapta ing
Wiyagang.
Kangjeng
Sultan angandika, mring kang paman Pangran Behi, lawan Basah sakalihnya, pan
kinen methuk ing jurit, lan sagung pradipati, Basah kalih aturipun, nanging
panuwun amba, paduka sampun ningali, alenggaha aneng ing ngriki kewala.
Dene
di delem sadaya, kawula suwun pan sami, tinindhihan Ki Maja, Kangjeng Sultan
wus marengi, ingkang kantun ngarsa Ji, nanging ponakawan iku, gamel ngampil
punika, wus dados rembag pan sami, nulya samya mundur sing ngarsa Nalendra.
Anulya
nembang tengara, tanpantara usar prapti, nulya pinethuken ika, dhumateng wadya
pinilih, usar lumajeng bali, mring Wiyagang nedha tulung, dhateng pelangkirira,
mengkana kang Basah kalih, Pangran Behi lan Raden Jayanagara.
Puthutlawa
Jawinata, myang sagung prajurit sami, mangilen rut padhusunan, Ki Maja mengaler
iki, lan Pangran Ngabdulmajid, myang sagung ulama iku, Suranata kelawan,
Suryagama datan kari, sampun tata nulya kapir murtad prapta.
Saking
Wiyagang sadaya, pan nglempak dados satunggil, nulya mariyem punika, dhateng
pesanggrahan aji, mapan tinitir titir, kang pelor langkung dresipun, bubar kang
ponakawan, ampingan kajeng kuweni, Sri Nalendra semana tumut ampingan.
Lawan
kang paman satunggal, ingkang nama Pangran Wijil, pan langkung dhap alitira,
rebatan Kangjeng kuweni, lawan Srinarapati, mapan gegujengan iku, mengkana
aturira, gih kula sampun neng wingking, ala kayu dene kalingan Nalendra.
Tur
mongsa aku katona, dadya samya sukaneki, mengkana wus tan winarna, kawarnaha
kang ajurit, nenggih murtad lan kapir, langkung kagyat sareng dulu, Islam malih
punika, nulya kapir mara katri, mapan sampun pinethuken sowang sowang.
Kang
ngidul ngilen punika, kapir murtad mapan sami, tempuh kalawan Bulkiya, pinilih
suraya iki, tamtoma datan kari, kapir murtad mambu ilu, pan kabereg sadaya,
ngungsi mring mariyem neki, nulya ngangseg pinilih lawan Bulkiya.
Suraya
lawan tamtoma, kapir murtad langkung giris, lajeng berondong senjata,
binendrong mariyem sami, nanging kang Basah kalih, tiga Jayanegareku, wus tan
merduli ika, lawan sakanycane reki, nanging kantun angentosi Kyahi Maja.
Kapir
murtad sanjatanya, wus kathah tan mungel iki, mapan saking kasesanya, pan Basah
Khasan Besari, yudanira kalindhih, prajurit Pajang sedarum, lan sagung
pradipatya, Ki Maja lumayu gendering, tur unninga dhateng Kangjeng Sri
Nalendra.
Ing
aturan magut yuda, mengkana Srinarapati, mapan meksih ping ampingan, aneng ing
kajeng kuweni, langkung tyasnya nerpati, mapan tan sekeca iku, ing lingsem
angandika, mengkana ngandika aris, heh Ki Maja apa ingsun sira terka.
Iya
wedi ing palastra, nulya lumampah sang aji, ingkang dhereking punika, ingkang
paman Pangran Wijil, gamel kalawan ngampil, ponakawan samya kantun, pan meksih
lit sadaya, Kangjeng Sultan datan nitih, kang turongga mapan kinarung kewala.
Neng
wingking Ki Jayacapa, nanging asring magokneki, pineksa mring gamel samya, mengkana
sareng udani, kapir lan murtad sami, kelamun Kangjeng Sinuhun, nyalirani ing
yuda, nulya kang mariyem sami, ing ngajengken kinarutug Sri Nalendra.
Pan
leres margi geng ika, lampahnya Srinarapti, pan kadya kinarya lesan, Ki Maja
wus datan keksi, tan tahan aningali, myang swaraning pelor iku, dadya nyimpang
Ki Maja, mengkana ingkang winarni, Raden Dolah Prawiradirja duk mulat.
Lan
Raden Jayanagara, kelamun Srinarapati, nyalirani ing ayuda, dharatan nitih
turanggi, langkung tyasira kalih, mudhun saking kudanipun, lumajeng prapta
ngarsa, lawan ngemu waspa kalih, kancanira mapan tinilar sadaya.
Yun
matur langkung jrih samya, dadya lumampah neng ngarsi, punggawa kalih punika,
sedaya samya neng wingking, mindhak wespaosneki, kapir ing panyipatipun, kang
den angkah sirahnya, punika punggawa kalih, sabab samya andhap alit kalihira.
Dadya
leres jajanira, nanging pitulung Hyang Widi, pelor awis dhawah jaja, sampeyan
kang asring kenging, koltaphira nibani, Pangran Wijil embanipun, lajeng putung
sukunya, gya ing ngunduraken nuli, pan mengkana Den Dolah Prawiradirja.
Lan
Raden Jayanagara, SriNalendra saben kenging, pelor nanging sambatira, nanging
gustiku pan sami, lan kendel pan ningali, dhumateng ingkang sinuhun, dadya
dangu lampahnya, Sri Nalendra ngandika ris, heh ta Senthot aja mandheg
Mayongsari.
Wus
payo banjur kiwala, mengkana karsaning Widi, kenging malih Sri Nalendra, mapan
angrahos nerpati, lir ginablok jajeki, ingkang pelor waja rempuk, aneng jaja
punika, mapan ngantos ting parelik, dadya sepuh kang jaja medal ludira.
Sareng
miharsa Nalendra, mapan kang rasukan abrit, nulya enget mring kang garwa,
mengkana esthining galih, paran polahireki, lamun ingsun tinggal lampus, lawan
maninge nestha, lamun ingsun mati dhingin, baya durung kalilan Allah Tangala.
Enteke
kapirku iya, mengkana Srinarapati, mapan langkung lingsemira, mundur sing
payudan nuli, tumungkul lampahneki, sap usap kinarya kudhung, datan ningali
jalma, mengkana gamel udani, yen Sang Nata katingal abrit kang jaja.
Nulya
Kyahi Jayacapa, ing ngaturaken gya nitih, mengkana Ki Jayacapa, mapan anglir
wus udani, yen kanin Sri Bupati, lajeng binekta lumayu, mapan tan medal marga,
ngidul ngilen lampahneki, datan ngetang paluh jurang Jayacapa.
Mapan
lir ngambah radinan, saking marmaning Hyang Widi, kadyana kang tedah marga,
mengkana ingkang winarni, Dolah Prawiradirjeki, lan Jayanegara iku, tumingal
mring Nalendra, lamun ingkang jaja kanin, pan lumajeng wreti mring Basah kalih.
Pan
sedya ambek palastra kalih werti samya nangis, mengkana Usman Li Basah, lan
gusti Mam Basah Kamil, sedaya ngamuk sami, Bulkiya pinilih gregut, suraya lan
tamtoma, Seh Ngusman Li Basah iki, sampun mandhi wahos Kyahi Barutuba.
Basah
Iman Kyahi Macan, mapan rempek majeng sami, laknat kapir pundirangan, tan
prebeda murtadneki, nanging angrutug bedhil, kalawan mariyemipun, kang wuri
sampun ngembyak, mengkana ana gandhek prapti, mapan mindha utusanira Nalendra.
Dawahi
Basah kalihnya, tan kalilan magut jurit, sedaya kinen ngundurna, sagunge
ingkang prajurit, dene Srinarapati, pan meksih waluya iku, sedaya ing
ngandikan, mengkana kang Basah kalih, langkung cuwa nanging ajrih yen
nglajengna.
Ing
kantun kedhik kewala, ajengnya wahosan sami, mapan nulya dhinawuhan, sagung
kang para prajurit, mring Basahira sami, sedaya pan kinen mundur, dadya kelangkung
cuwa, sagunge ingkang prajurit, dadya mundur ajrih lamun anglajengna.
Kapir
murtad mapan samya, datan purun anututi, mengkana ingkang winarna, Ki Maja
sareng udani, mundur sagung prajurit, Sri Nalendra tan kadulu, mapan tanbuh
polahnya, kapalira tan kepanggih, dipun bekta lumajar mring gamelira.
Kapalnya
Secanagara, Ki Maja kang den tunggangi, kang sesanira, mapan ander anututi,
dhateng Srinarapati, lan Pangran Dulmajid iku, mengkana wus apanggya, neng
marga lan Sri Bupati, lajeng kendel ing daren Srinaranata.
Pan
kendel sakedhap ika, nenggih Pangran Ngabdulmajid, ingkang ngaturi punika,
babeni brerananeki, srebanira kinardi, Pangran Ngabdulmajid iku, mapan sarwi
karuna, Sang Nata mesem nebda ris, wus ta adhi mapan nora dadi ngapa.
Nulya
mangkat SriNalendra, kang abdi wus kathah prapti, tanpantara prapta nulya,
Kuwanen Srinarapati, Pangran Ngabdulmajid angaturi nyare iku, Sri Nalendra tan
arsa, pangandikanya Nerpati, ingsun adhi kuwatir bok ayunira.
Kalamun
angrungu warta, yen ingsun mengkene iki, pesthi ika lamun bela, tan wurung
mundhak warteki, dadi sangsaya iki, akarya susah mring sagung, wus payo adhi
mangkat, mengko yen dhadhari sasi, lawan padha asembayang dhingin ika.
Ri
wus bakda Salat samya, nulya kang sasi dhadhari, wus padha mangkat Nalendra,
ing marga datan winarni, enjang prapta Kumiri, anenggih barisanipun, Pangeran
Adisurya, kagrat Pangran Ngabdulrakim, yen Nalendra kanin jaja ingembanan.
Nyungkemi
pada karuna, nenggih Pangran Ngabdulrakim, Sang Nata mesem ngandika, wus sira
menenga sira adhi, pa nora ngapa iki, wus jamak prajurit iku, dangu kendel
Nalendra, aneng ing dhusun Kemiri, pan sarehan aneng ngandhap pelem ika.
Ngaturan
mring pasanggrahan, Kangjeng Sultan datan apti, mengkana ingkang winarna,
Pangran Behi lagya prapti, lawan kang Basah kalih, myang sagung prajurit iku,
lajeng sohan mring narpa, atur Salam Pangran Behi, Basah kalih samya anungkemi
pada.
Katiga
angemu waspa, Kangjeng Sultan ngandika ris, lah wus ta padha menenga, pan nora
ngapaha iki, kang wingking kados pundi, Pangeran Ngabehi matur, mila kantun
kawula, mapan anata kang wingking, dene mengsah pan lajeng wangsul kewala.
Nanging
pun Jayanagara, lan Basah Kasan Besari, kula ken baris Koripan, mengkana
ingkang winarni, ngrejasa mirsa warti, yen kinen ingkang sinuhun, kenging
mriyem kang jaja, dadya sagung para putri, pan karuna lawan Panembahan ika.
Nanging
Kangjeng ratu ika, kang tan saged muhun iki, wus nir sagung kang katingal,
mapan nedya, bela yekti, dhateng Srinarapati, lamun astu pawreteku, nanging Ki
Sarutoma, mapan wus ing agem iki, nanging samar tanana jalma uninga, sinasaban
kasemekan, pan wonten ingkang dentosi, utusanira kang rama, Panembahan dereng
prapti, kinen yektosna ugi, estuning pawerta iku, mengkana kang winarna, Sri
Nalendra budhal iki, mapan saking Kemiri sawadya kuswa.
Tan
ewah kadya angkatnya, utusan kapethuk margi, wangsul prapta matur nulya, yen
tan ewah anglir nguni, dadya kendel prasami, praputri denya muwun, lawan Jeng
Panembahan, wus ical sungkawaneki, nanging kantun ngantos antos rawuhira.
Mengkana
Srinaranata, mapan nitih tandhu iki, sampun prapta ing Rejasa, sarehan genira
nitih, kagyat keparak sami, ingkang samya methuk iku, lajeng samya karuna,
Panembahan melajengi, mring kang putra pan sarwi angemu waspa.
Wus
cundhuk lawan Nalendra, lajeng nyandhak tandhu iki, angrangkul sarwi karuna,
Panembahan mring narpati, Sang Nata ngandika ris, kyahi bok sampun muhun,
kawula tan punapa, sampun limrahing prajurit, pan punika kyahi dados pratondha.
Sarwi
mesem SriNalendra, prapta pesanggrahan nuli, tedhak saking tandhu nulya,
Panembahan kang ngampingi, mengkana kang praputri, sedaya sareng andulu,
ingkang jaja Nalendra, mapan meksih denhambeni, dadya muhun malih praputri
sadaya.
Kangjeng
Sultan sampun lenggah, neng jro pesanggrahaneki, Kangjeng ratu kang winarna,
sareng tumingal narpati, kang jaja denhambeni, dadya mesem Kangjeng ratu,
mengkana ciptanira, ingsun duga Salah kardi, dene iku enggone kaliwat prana.
Sawange
nora ngopaha, Sri Nalendra ngandika ris, pagene tan ing ucalan, mapan tangan
ingsun kalih, tan bisa cape iki, mesem ngandika jeng ratu, kang bibi kinen ika,
Panembahan sepuh iki, anguculi Kangjeng ratu nulya kesah.
Sri
Nalendra angandika, dhumateng kang rama aris, kiyahi sampeyan medal, punika
kang sami prapti, pan sampeyan panggihi, lajeng sampeyan ken mantuk, Panembahan
turira, sandika mapan wus mijil, amanggihi marang ingkang samya prapta.
Mengkana
wus tan winarna, pan kalilan mantuk sami, kawarnaha Sri Nalendra, ngandika
marang kang bibi, tra sampeyan mring pundi, mangke kula mindhak lampus, Den Ayu
Panembahan, mesem kesah angaturi, Kangjeng ratu mengkana ingaturi.
Mapan
tan kangge kawula, sampeyan dipuntimbali, Kangjeng ratu nulya prapta, mengkana
wus tan winarni, jeng ratu ibu iki, mapan sanget gerahipun, ingaturan uninga,
lamun ingkang putra kanin, pan lumajeng prapta pan lajeng karuna.
Mengkana
sakondurira, saya sanget grerahneki, punika dadya marganya, kondur mring
Rahmattolahi, sinareken Ma giri, Kangjeng Sultan gerahipun, mapan sampun
waluya, mengkana ingkang winarna, Pangran Natapraja kabujung yudanya.
Saking
ing Pajang punika, lawan Basah Ngabdullatip, ngantos dumugi Mentaram,
Tumenggung sabil satunggil, pakiringan wismeki, lan Rongga Palered iku, jajar
prajurit tiga, lajeng datan wangsul malih, dhateng Pajang mengkana ingkang
winarna.
Pangeran
Dipakusuma, pan asring selayaneki, lawan ingkang Basah Pajang, nuhun adil mring
narpati, kang rama tan ngadili, mapan lingsem tuhunipun, dhumateng Kyahi Maja,
Kangjeng Sultan wus udani, mring resahe patraping Pajang punika.
Ki
Maja mapan ingantosan, saking aturnya pribadi, sabab ngaken adil ika, marma
karsanya nerpati, Ki Maja denhayoni, saha turira tinurut, mapan satuhuhira,
leres kang putra pribadi, lan merina mring sagung wong desa samya.
Dadya
Pangran Dipakusuma, langkung gerah ing tyasneki, wahu dhumateng kang rama,
lingsem mring Ki Maja iki, Kangjeng Pangran gya balik, dhumateng Surakarteku,
Jendral lan Kangjeng Sunan, langkung suka ing tyasneki, lawan putra sentana ing
Surakarta.
Ing
wingking pan sinulihan, nenggih Pangran Ngabdulmajid, lan Raden Riya Sindurja,
ing Pajang kang mesesani, kidul jatos nem sami, dene sawetan margagung, ingkang
mathoki ika, pan nanging Tumenggung Katri, westa Jayadipura Cakradipura.
Kalawan
Martadipura, ing Pagelen tan winarni, mapan wus tanana mengsah, nanging kantun
jana iki, pan ngeca eca sami, ingkang Basah tiga iku, Pangran Dipanagara, nuwun
Basah Ngabdullatip, nindhihana kelawan ngembani kawula.
Mengkana
ingaturira, mring kang eyang Pangran Behi, nulya katur Sri Nalendra, Sang Nata
sampun marengi, Den Basah Ngabdullatip, dadya karsanya sang prabu, dadya Basah
utusan, pundi kang kendho prangneki, mapan Basah Ngabdullatip kang lumampah.
Prajurit
pan pinaringan, kapalan wolungdaseki, westa prajurit Jayengan, sedaya sagung
prajurit, ing kilen praga iki, pan pinaringaken iku, mring gusti Basah Iman,
Ngabdulkamil mapan sami, Basah Ngabdullatip mapan kinen mangkat.
Mring
Pagelen ngembanika, Jeng Pangran Dipanagari, mengkana wus tan winarna, ing
Kedhu ingkang winarna, Mas Tumenggung abaris, Kertanagara puniku, aneng ing
ardi Rosan, lan Tumenggung Kedhu sami, Ngabdulrahman kalawan Ki Wirareja.
Mengkana
pan ing inggahan, mring kapir lan murtad sami, mapan ta pinaju tiga, anulya
pinethuk jurit, sampun campuh pan nuli, tanana kuciwa iku, sanget karoban, Mas
Tumenggung denhaturi, mundur nanging wantune Kertanagara.
Tan
etang kathah kedhiknya, lamun mengsah lan nata kapir, pan nate majeng pribadya,
kapir mapan kebur sami, dadya kondhanging kapir, pan langkung keringan sampun,
yen nanging tikel tiga, wong kapir pan ora wani, anginggahi dhateng Mas
Kertanagara.
Tan
hetang kathah kedhiknya, lamun mengsah lan nata kapir, pan nate majeng
pribadya, Kadhya wus karsaning Sukma, Mas Tumenggung prapteng jangji, angsal
marga Sabilolah, labet kenging pelor alit, walikat ingkang kanin, pan tinepong
saradhadhu, nanging sapih kang yuda, kapir murtad kathah mati, mapan gangsal
Islam kang sabil sakala.
Mapan
ing Kedhu sakawan, Mentawis ingkang satunggil, mapan Rongga Pamijahan, Wirapati
westaneki, ingkang tiga Ngebehi, dene Mentawis puniku, mapan jajar kewala,
prajurit ingkang winarni, Mas Tumenggung Kertanagara punika.
Binekta
mantuk wus prapta, tan arsa denhudani, dadya lajeng sabiklira, wus katur
Srinarapati, langkung pangunguneki, mapan dereng gadhah sunu, mapan
sedherekhira, meksih alit karsa aji, pan pinaring nunggaksemi karsanira.
Tumenggung
Kertanagara, mapan wus datan winarni, Pangran Behi Ki Maja, umatur dhateng
nrepati, mapan ngaturi ngalih, neng rejasa kirang cukup, sagung repot punika,
tan saged dados satunggil, toya kendel punika kados prayoga.
Pan
saged dados satunggal, sagung kang rerepot sami, Panembahan sampun rembag,
nulya kinen andandani, Toyakendel wus dadi, nulya budhal kang sinuhun, lan
sagung repot samya, saking rejasa wus prapti, Toyakendel mesanggrahan Sri
Nalendra.
Mengkana
ingkang winarna, Pagelen kanggenan malih, dhumateng kapir punika, Kurnel,
kleres tindhihneki, lan Mayor Bukus iki, pan Uta kapitanipun, sewu kapir lan
murtad, nulya pinethuken jurit, mring Pagelen sagung ingkang Basah tiga.
Mapan
kang nindhihi ika, nenggih Basah Ngabdullatip, Pangeran Dipanagara, punika
ingkang jenengi, rame sakedhap iki, kapir mapan lajeng iku, malebet loji Jona,
pan lajeng kinepung sami, marang sagung wadya Pagelen sadaya.
Nanging
tanpa wekas ika, rinangsang kentan kadugi, sagung Pagelen punika, Jeng Pangran
Dipanagari, rembag lan Basah sami, utusan anuhun bantu, nenggih dhateng Mentaram,
nanging kinarya pangirid, sampun katur dhumateng Srinaranata.
Marengi
wus pinaringan, anenggih ingkang tinudhing, Tumenggung Secanagara, lawan
saprajuritneki, ingkang kinarya tindhih, anenggihki marga ewuh, pan Lurah
Palawija, mapan sampun budhal sami, saking Toyakendel ing Pagelen prapta.
Datan
ngantos magut yuda, wonten pitulung Hyang Widi, kapir murtad lajeng budhal,
kang Cina binekta sami, lajeng Jona puniki, pan lajeng tinilar iku, prang
samarga marga, Pagelen kang odhol sami, mring Toyamas kapir murtad undurira.
Mapan
kekecer bangkenya, kapir lawan murtad sami, Pagelen padhang sadaya, sabedhahe
Jana iki, mariyem ingkang kari, mapan salikur puniku, ageng alit sadaya, sampun
katur mring Nrepati, enengena Pagelen ingkang winarni.
Jendral
Dhekok pan kengkenan, dhumateng Srinarapati, kintun surat abedhama, Sang Nata
dipunhaturi, nanging namanireki, mapan meksih kang sinebut, Pangran Dipanagara,
kang surat wus den wangsuli, mring Ki Maja mengkana wangsulanira.
Sampunipun
tabe kula, Jendral pan kintun tulis, mring Pangran Dipanagara, mapan boten
wonten ngriki, Pagelen enggeneki, Pangran Dipanegariku, kula nanging sung
warta, mengkana pan kendel sami, nulya wonten malih surat ingkang prapta.
Pan
inggih saking kang raka, Kangjeng Pangran Purbayeki, mengkana ijemanira, sampun
Salam taklimneki, katur dhi prabu ugi, yen kenging pun kakang matur, dereng
wonten adatnya, jumeneng lawan pribadi, marmanipun prayogi marmanipun mawi
bedhama.
Amrih
eca tyasnya samya, pan kathah kang tan tinulis, nanging prelunya kewala, Ki
Maja nulya mangsuli, mring Pangran Purbayeki, mengkana wangsulanipun, mapan
kang Salam pandonga, kawula nenggih pun kaki, Maja atur tulis mring Pangran
Purbaya.
Pan
inggih rayi paduka, datan jumeneng pribadi, sinuhun Sultan punika,
Ngabdulkhamid pan pinaring, saking Rabilngalamin, jinunjung ulama sagung,
sinahidan lan aprang, jumeneng ratu alami, mapan Kuran punika ingkang parentag.
Mengkana
mapan tan lama, nulya wonten surat malih, saking Jendral Dhekok ika, punika
jemaneki, nanging datan tinulis, kang surat sedayanipun, ingkang prelu kewala,
sampunipun ingkang tabe, kathah kathah katura dhateng paduka.
Pangeran
Dipanagara, jejulukira rumihin, mangke wus rinilan sukma, jinunjung kang
pra-ngulami, jumeneng ratu iki, Islam tanah Jawi iku, nadyan inggih kawula, pan
badhe ngestoken sami, jumenengnya ratu Islam tanah Jawa.
Kang
nama sinuhun Sultan, Ngbdulkhamid yen marengi, kawula nuhun punika, kendeling
aprang rumiyin, suwawi apepanggih, pan sami pribadi iku, punapa kinarsakna, ing
sumados dinteneki, lawan ing pundi gen panggih kula sumongga.
Mengkana
wangsulanira, Kyahi Maja suratneki, sampune tabe kawula, jengandika nuwun
panggih, sayektos dereng kenging, jengandika dede ratu, sinuhun Kangjeng
Sultan, pan sampun pitajeng yekti, mring kawula ingkang badhe manggihan.
Dene
bab kendel ing yuda, kang sinuhun pan marengi, mengkana wus dinawuhan, sagung
ingkang senapati, lamun kendel ing jurit, lan Pagelen mapan sampun, Pangran
Dipanagara, kinen kendel mapan sami, anglir pendah sinamber peksi srengkara.
PUPUH XXIX
DHANDHANGGULA
Tata
tita ingkang kendel jurit, Jendral Dhekok wus dhawuhi ika, marang sagung ing
kurnele, dadya kendel sedarum, ngantos lami tan wonten jurit, mengkana bab
panggihan, mapan boten tamtu, ing Jendral wakil kewala, tiyang Inggris Setewer
westane reki, lawan bun ngalihika.
Mila
lawan Jendral amanggihi, mring Ki Maja wus pitajeng ika, marang kalihing
wakile, barang bicantenipun, yen wus kangge datan tinampik, Jendral panggih
pribadya, lan Ki Maja iku, mengkana sampun panggihan, pun Setewer kalawan bul
Ngalikhetip, Pangran Behi Ki Maja.
Pun
Setewer tembungira manis, Ki Maja kinengken kawula, dhateng Jendral Dhekok
mangke, kinen anerang tuhu, ingkang datan dados karsaji, sumongga den dhawuhna,
pan Jendral tumurun, dene ingkang dados duka, marginipun saking tiyang kekalih,
mayor lawan Danurja.
Sapunika
sumongga karsaji, pan kawula kinengken ngaturna, lamun pinundhut pejahe, pan
pinejahan iku, yen punika pinundhut urip, ingaturaken gesang, lan loji sadarum,
yen Sang Nata datan arsa, kinen bubrah sapunika den bubrahi, sumongga
dendhawuhan.
Kyahi
Maja gumuyu nahuri, pa mung iku ingkang sira gawa, jaluk meneng prerang kabeh,
Setewer ris turipun, lamun wonten pinundhut malih, sumongga den dhawuhan,
kawula umatur, inggih dhateng tuwan Jendral, Kyahi Maja mapan bengis sahurneki,
Setewer dhingin mula.
Kang
sinuhun datan ana maning, karsanira ing luhur agama, Islam tanah Jawa kabeh,
lawan Danurja iku, sira tur kekarya punapi, senadyan loji ika, tanpa pedah iku,
yen wus luhur kang agama, pan sakarsa karsanya Srinarapati, iya mongsa luputa.
Pun
Setewer nulya pamit iki, datan kangge sagung kang bicara, nulya aprang malih
mangko, Jendral tan mawi sung wruh, langkung resah ing prang ireki, wong ngili
pinejahan, lanang wadon iku, nadyan rare yen kecandhak, pinejahan dadya kathah
ingkang sahid, tanah Jawa sadaya.
Kapir
langkung resah ing prangneki, mapan ngawud sadaya puliha, sabab kang prang mati
kabeh, kapir kelamun campuh, lan wong Islam sring tumpesneki, mengkana kang
winarna, ing prang mapan sagung, sampun samya katadhahan, ing prangira wong
kapir asring kalindhih, yata ingkang winarna.
Pangran
Dipakusuma puniki, aneng Sala langkung kinasiyan, dhumateng kang raka mangko,
tan pisah siyang dalu, dhahar sare pan asring nunggil, kalawan Kangjeng sunan,
Jeng Pangran anuhun, mondhok ing jawi kewala, ingkang raka Kangjeng sunan tan,
nglilani, lamun pisah sadhela.
Kangjeng
sunan ngupados pribadi, mapan sohan dhumateng kang uwa, Kangjeng Pangran
Purbayane, mapan samya puniku, lan kang raka denira asih, mapan asring
ngandika, sira iku kulup, becek neng kene kewala, tunggal ingsun neng kedhaton
rikuh yekti, lan saru sawangira.
Pangran
Dipakusuma turneki, mring kang rama sumongga kewala, mapan tan dumugi mangko,
nulya ngandika iku, mring kang raka Jeng Sunan nuli, tunggil samya neng kreta,
mubeng lajeng kondur, mengkana Jendral winarna, langkung watos Jeng Pangran
nulya tinedhi, dhumateng Kangjeng Sunan.
Ing
Jeng Sunan mapan angekahi, lan tinanggel lamun dadenira, Pangran Dipakusumane,
pan Jendral meksa iku, denya jaluk jeng sunan nuli, kang rayi ingandikan,
prapta gya rinangkul, mapan sarwi minuhunan, wus ta adhi angur muliha sireki,
iya marang Mentaram.
Mapan
ingsun wus tan bisa adhi, angukuhi adhi mas mring sira, mumpung durung
areningong, ing mengko bengi iku, becik sira mangkata adhi, Pangran nungkemi
pada, pan sarya amuhun, Jeng Sunan mapan mengkana, ri sawusnya Kangjeng sunan
gya nimbali, marang mayor tamtoma.
Prapta
ngarsa Jeng Sunan nebda ris, heh ta mayor adhi mas aterna, iya marang lajur
bahe, poma densandi iku, lawan sira denngati ati, mengko bengi mangkata, sandika
turipun, mengkana wus tan winarna, sareng dalu bakda ngisa mangkat nuli,
Pangran sing Surakarta.
Kangjeng
Sunan ngaterken ing jawi, mring kang rayi wus prapta tamtaman, mapan nulya
mangkat mangko, samya kapalan iku, yen tinanya sandi agilir, marang lajur
punika, mapan prapta sampun, Jeng Pangran nulya utusan, mring Koripan mengkana
pan nuju iki, ingkang baris Koripan.
Mas
Tumenggung Wiryanegareki, mundhut pethuk Mas Tumenggung nulya, methuk lawan
prajurite, enjing prapta ing laju, Jeng Pangeran wus denhaturi, yen kang methuk
wus prapta, nenggih Mas Tumenggung, Pangeran Dipakusuma, nulya mangkat raden
mayor anututi, lawan bedhili ika.
Lan
sung wikan ring kumendam iki, lamun minggat Pangeran punika, nulya tinututan
mangko, mring sagung saradhadhu, wus kapethuk lawan prajurit, Wiryanagara
nulya, ingkang saradhadhu, lajeng campuh ing ayuda, saradhadhu kuciwa pan
mundur sami, Pangran Dipakusuma.
Sampun
panggih lan Wiryanegari, Kangjeng Pangran nulya, ingaturan, kondur mring dasa
selane, mapan wus tan cinatur, Jendral langkung suwa tyasneki, nulya karya
karenah, Jendral malih iku, nenggih Pangran Natapraja, kang ing ngicuk lan
denhebang sakajengneki, pan sagah tinurutan.
Kurnel
Nahus kang kinen nyagahi, Kangjeng Sultan mapan wus miharsa, ingapitan uning
bahe, Pangran Nataprajeku, karsanira Srinarapati, pan kinen minggah ika, marang
ardi kidul, lan Bupati wetan Yogja, ardi kidul mapan magok purun malih, marma
kinen ngradina.
Pangran
Natapraja sandika turneki, nulya sagung Bupati sadaya, ing sawetan Yogja kabeh,
pan kinen minggah iku, medal Torong marganya sami, Pangeran Natapraja, mapan
medal kidul, ing sorog karsanira, tan winarna sagung ingkang pradipati, kang
medal Terong samya.
Sampun
minggah kang dados pengarsa, Mas Tumenggung Mangunnegarika, ingkang dados pangiride,
anenggih Mas Tumenggung, Ranupati ngardi ing Giring, mengkana kang winarna,
ngardi rakit sampun, prajurit ing prawedanan, mapan karya piranti gelar wus
dadi, Mas Tumenggung tan wikan.
Lamun
kapir lawan murtad sami, mawi gelar mapan wantunira, nenggih Mas Tumenggung
mangke, lamun ningali mungsuh, kapir lawan wong murtad sami, tan mawi subasita,
mapan nander purun, prajurit kantun sadaya, mapan nanging Mas Tumenggung
Ranupati, ing Giring kang tut wuntat.
Lan
satunggal sedherekireki, meksih alit pan lumajeng samya, kapir kang katingal
kabeh, Mas Tumenggung ambujung, datan wikan denpahekani, kapir kaawan murtad,
kang dhelik sedarum, pan lajeng nungkebi samya, Mas Tumenggung dadya pisah lan
prajurit, sampun karsaning Sukma.
Mas
Tumenggung mapan nandhang kanin, wentisira lawan ingkang jaja, nanging meksih
takat mangko, dhawah sing kuda sampun, kudanira mapan ngemasi, sedhereknya duk
mulat, anungkemi iku, kang pada sarwi karuna, Mas Tumenggung Mangunagara nebda
ris, sarwi ngambeni brona.
Wus
ta adhi mlayuha sireki, mapan ingsun wus karsa
Hyang Sukma, marma sabil aneng kene, iki pretandhanipun, keris sira
anggoha adhi, matura mring Nalendra, lamun sira iku, kang sun suwun gentenhana,
marang ingsun lan sakeh para prajurit, wus jaken bali padha.
Mama
ngantos Mas Tumenggung meling, Mas Tumenggung Ranupati mulat, mapan langkung
pengamuke, pan kathah belanipun, sampun prapta Sabillolahi, ajur kunarpanira,
mengkana winuwus, nenggih Mas Mangunagara, tinangisan ngaturan mundur tanapti,
kapir gya ngepung samya.
Sedhereknya
Mas Tumenggung iki, saged uwal wus karsa Hyang Sukma, Mas Tumenggung kari
dhewe, lenggah sendhahan iku, mapan wus tan sedya gumingsir, angasta wahosira,
nanging Mas Tumenggung, sampun tan saged lumampah, sedangunya pan kinarya lesan
sami, pan tan purun celaka.
Pelor
mapan wus datan ngundhili, nanging kalih punika labetnya, nulya Pangran
Prangwedanage, wadya sinapih sagung, ingkang samya wahu bedhili, Pangran wus
prapta ngarsa, nira Mas Tumenggung, nulya aris atetanya, apa sira kang aran
Mangunagari, bagus anom prawira.
Lamun
sira gelem teluk mami, mapan ingsun ingkang lironi iya, mring kamuktenira
kabeh, pan sun aku sadulur, Mas Tumenggung sugal denya ngling, pan ingsun iki
iya, ngabdi mring Sinuhun, nora sedya luru donya, lan maninge nora kurang mangan
dhingin, mapan gen sun ngawula.
Marang
Kangjeng Sultan donya ngakir, mapan iman kang sun rebut ika, lamun teluka mring
kowe, menawa tan denhaku, lamun besuk prapta ing akir, marang Sinuhun Sultan,
Ngabdulkhamid iku, pira laraning palastra, mati kapir Pangran langkung
dukaneki, nulya ngabani bala.
Mas
Tumenggung Mangunegareki, wus tumeka marang Sabillolah, mapan denjur kunarpane,
dening kapir puniku, enengena kang wus utami, yata ingkang kawarna, kang
prajurit iku, Mangunegaran sadaya, wus kapethuk wahu kalawan kang rayi, Mas
Tumenggung punika.
Pan
lumajeng sarta tawan tangis, lawan bekta cara wangsulira, lawan gupakrah
pendhoke, kendel prajurit sagung, mapan nulya dipun warteni, Mas Tumenggung
welingnya, samya nangis iku, panji rongga ngabehika, ayun samya nusul ngamuk
langkung ajrih, anglirken welingira.
Mas
Tumenggung nulya sami, mapan langkung prihatin sadaya, wus kapethuk lan
sagunge, ingkang pradipatyeku, winertenan pan wangsul sami, ajrih lajeng
sadaya, ical banthengipun, wus samya mudhun sing arga, kang dipati sawetan
Ngayogya sami, lawan saprajuritnya.
Mas
Tumenggung Suranegareki, mapan langkung prihatin sadaya, wus tur surat marang
Nataprajan, Pangran nulya wangsul bahe, kang surat lajeng katur, mring Sang
Nata langkung tyas aji, mring Mas Mangunagara, dereng gadhah sunu, dadya
tinurut kewala, sawelingnya saking tyas Srinarapati, mring Mas Tumenggung ika.
Namanira
datan ewah sami, kawarnaha Pangran Natapraja, mapan langkung jrih isine,
dhateng ingkang sinuhun, ing sabile Mangunagari, anglir kenging loropan, marma
jrih kelangkung, Pangran dhateng Kangjeng Sultan, dadya estu Pangeran denira
balik, dhumateng ing Ngayogya.
Pan
pinethuk langkung bungahneki, Jendral Dhekok denyana punika, Pangran bekta
sakanycane, tan nyana lamun kantun, sagung ingkang para Dipati, wetan Yogja
sadaya, lan prajuritipun, mengkana wus tan winarna, Mas Tumenggung Suranagara
tur uning, dhumateng Sri Nalendra.
Lamun
Pangran Nataparaja balik, Kangjeng Sultan mesem angandika, wus tan dadi ngapa
kuwe, nanging poma sireku, sakancanya denngati ati, nora wurung ta ika, tinempuhken
iku, marang kabeh praptanira, Mas Tumenggung Suranagara turneki, mapan nuhun
sandika.
Mapan
nulya kinen mantuk iki, Mas Tumenggung wus lengser ingarsa, prapta tan winarna
mangko, Pangran Nataprajeku, pan tinempahaken iki, praptane kancanira, Bupati sedarum,
ingkang sawetan Ngayogya, sabab nguni Pangeran sampun nyagahi, marma tinagih
ika.
Dadya
sabendina kintun tulis, marang sagung kang para dipatya, ing tan mantuk
kengkenhane, pan pinejahan iku, Kyahi Maja Pangeran Behi, ingkang gadhah
parentah, saking bosenipun, mapan sinuprih kapoka, ingkang kengken kalawan kang
kinengken sami, marma sagung mengkana.
Senapti
pan ing pundi pundi, lamun tampi kang surat mengkana, awisman mantuk
kengkenhane, mengkana kang winuwus, Pangran Natapraja puniki, kinen ngalurug
ika, mring wetan Yogjeku, sabab Bupati sadaya, wetan Yogja sampun tita
puruneki, lamun kedhik kewala.
Kapir
murtad inggih ingkang ngiring, marang Pangran Natapraja ika, mapan asring
kaberegge, kapir murtad keh lampus, mapan lamun dipun ragengi, sagung kang
pradipatya, tinangledi iku, mapan ngunduran kewala, dadya gela Jendral mengkana
tyasneki, mring Pangran Natapraja.
Dipunyana
lamun bangkat kardi, sabab Jendral nanging gugu warta, lamun punika andele,
Kangjeng Sultan kang tuhu, marma sanget pangebangneki, wekasan dadya bondha,
kewala puniku, pan kinen baris kewala, aneng jawi Pangeran datan kadugi,
nanging nedha panggenan.
Kitha
ageng punika yen kenging, kados sanget Kangjeng Sultan susah, sabab punika
bandhane, sagung aprang puniku, lawan dados pangungseneki, sagung tiyang
sadaya, lan kinarya iku, pakendelan senapatya, lamun giliring ngriku
panggenaneki, tata pelor sendawa.
Pangran
Natapraja denturuti, marang Jendral kitha ageng ika, asring inginggahan mangko,
dene pangiridipun, nenggih Pangran Nataprajeki, nanging tan saged minggah,
mapan asring wangsul, pinethuken ing ayuda, neng sidikan kapir murtad kathah
mati, pan asring kabujungnya.
Ingkang
tengga kitha ageng iki, Mas Tumenggung Resasentanika, mapan kelangkung
panggahe, awis anuwun bantu, mapan nulya dipunhinggahi, Jendral Dhekok
piyambak, kang nindhihi iku, lan Sultan Sumenep ika, Jeng Pangran Dipati
Mandura iki, Mas Tumenggung kuciwa.
Kengser
saking kitha ageng iki, Jendral lajeng karya beteng ika, aneng Danalaya mangke,
tinangledan puniku, marang sagung kang pradipati, kidul Yogja sadaya, lan wetan
Yogjeku, ingkang dados tindhihira, Pangran Suryawijaya Pangran Suryadi, tanhana
kang kuciwa.
Pangran
Suryawijaya tur unning, marang Toyakendel lamun mengsah, mapan kelangkung
agenge, Sang Nata paring bantu, Basah Ngabdullatip tinuding, kang kinen
nindhihana, kang prajurit iku, sewu Pagelen kang tengah, pangiridnya Den Basah
Ngabdulmuhyi, sing Toyakendel budhal.
Tan
winarna marga sampun prapti, lajeng tata nenggih barisira, neng kilen
Danalayane, Den Jayanegareku, kinen ngalih denira baris, sakidul Danalaya, lan
sakancanipun, Pangeran Suryawijaya, kang nindhihi ingkang baris wetan iki,
nenggih Suranagara.
Sakancanya
Pangeran Suryadi, kang nindhihi lajeng campuh yuda, pan tan hana kuciwane,
siyang dalu prang pupuh, kapir murtad kathah longneki, murtad laknat semana,
Jendral pan langkung kewran, nanging isin wurung, denya karya beteng ika,
murtad laknat semana mapan kinerig, sampun prapta sadaya.
Langkung
kathah Basah Ngabdullatip, mapan nulya ngaturi uninga, yen saya kathah bantune,
laknattolah puniku, SriNalendra nulya nedhaki, lan sagung wadya kuswa, Basah
kalih iku, kang dadya pangiridhing prang sampun budhal saking Toyakendel iki,
lir werdhuhongga sasra.
Tan
winarna marga sampun prapti, Sri Nalendra lajeng mesanggrahan, aneng dhusun
Singkil mangko, sagung Basah puniku, tinimbalan wus prapta ngarsi, Pangran
Suryawijaya, Suradi punika, lan Raden Jayanagara, Kangjeng Sultan ngandika
mring Pangran Behi, paman sampeyan tata.
Sagung
baris kang dereng prayogi, Pangran Behi sandika aturnya, gya rinembag
prayogyane, lan Basah tiga sampun, dadya linton kang baris sami, Pangran
Suryawijaya, lan sakancanipun, Den Menggung Jayanagara, baris kilen nenggih
Basah Ngabdullatip, mapan barisneng wetan.
Anindhihi
Basah Ngabdulmuhyi, kang prajurit Pagelen punika, dene Pangran Suryadine,
mengaler barisipun, pan angrid kang pradipati, wetan Yogja sadaya, lan pinaring
bantu, Pangeran Dipakusuma, lan Mas Dulah Resasentana puniki, Basah kalih
minongka.
Dadya
dhadha mapan anggenteni, barisira Den Jayanagara, mapan neng kidul pernahe, wus
dadya rembag sagung, nulya budhal sing Singkil sami, lintu panggenan samya,
Nalendra tumut, aneng kidul dadya dhadha, lawan sagung wadya jro lan
pra-ngulami, mapan wus samya prapta.
Ing
prenahnya sowang sowang iki, lajeng tata baris mapan samya, Sang Nata
mengsanggrahane, aneng duren puniku, nanging elet kang dhusun kalih, kalawan
Danalaya, samya katon iku, Basah kalih neng jejeran, mapan lajeng sadina dina
ajurit, Jendral kelangkung kewran.
Ngaler
ngidul ngetan ngilen iki, tinindhihan laknat kathah pejah, mapan yun
ngantephing prange, ewed greragolipun, dereng dados kantun sahiring, Dulah
Resasentana, tur uninga sampun, mring Pangeran Behi ika, yen greragol mapan ing
kantun sahiring, Pangran Behi anulya.
Rembag
lawan Basah sami, majeng majeng sareng pan wus dhinawuhan, prajurit myang
dipatine, sareng enjang pan sampun, samya nembang tengara jurit, laknat
nimbangi nulya, pan wus pinertelu, pan datan wonten kuciwa, samya mengnya
prajurit Islam lan kapir, nulya campuhing yuda.
Tan
parungyan swaraning kang bedhil, barung lan mariyem ika, pan anglir ruging
wukire, gentya buru bunuru, datan wonten tan kuciwaneki, kapir kalawan Islam,
mengkana winuwus, Tumenggung Suranagara, kang medal ler sakancanya sampun prapti,
nenggih ing Danalaya.
Ing
panggenan gregol puniki, kang jinujug langkung gegerira, sagung repot laknat
mangke, nanging kapalan sagung, ingkang dharat pan dereng prapti, Jendral
langkung gugupnya, gya mariyem iku, mengkana kang aprang ngarsa, pelangkirnya
along mundur anadhahi, lajeng angedrel samya.
Dadya
mundur Suranegareki, sakancanya ing angsal gendera, kapalan langkung kakune,
kang dharat mapan dangu, denhantosi pan dereng prapti, mapan kapethuk marga,
ing sahunduripun, lawan kang dharat sadaya, kapir murtad ingkang bujung wangsul
sami, mengkana ingkang yuda.
Dereng
wonten kang kuciwa sami, sadangunya senjatan kewala, tan saged campuh yudane,
Basah kelawan iku, langkung kaku tyasira sami, laknat tan purun ngrunjang, pan
wus ering iku, lawan kathah kenging ika, laknat kapir gusti Basah kang winarni,
ngantos majeng pribadya.
Ingkang
dhereknging dulah satunggil, Abusungeb mapan pamrihira, jeng gusti tinuta
mangke, marang prajurit sagung, kadya sampun karsaning Widi, ing sadinten
punika, datan saged campuh, laknat lawan wadya Islam, malah lajeng kesaputhing
dalu iki, prajurit mundur samya.
Dadya
kantun gusti Basah Kamil, lawan Dulah Busungeb punika, kinerutug senjatane,
mring Laknattolah sagung, Kangjeng Sultan langkung tyasneki, dadya tumut
punika, nenggani kang kantun, ngantos manyjing wektu ika, Mahrib ponakawan kang
sowan satunggil, sengkuni westanira.
Pan
ingutus ngundurken nimbali, marang Basah sengkuni punika, ajrih mring pelor
derese, dhepes ampingan kayu, nulya Kangjeng Sultan pribadi, nimbali mring kang
putra, Basah Kamil mundur, mengkana wus tan winarna, sabendina aprang ing
Danalayeki, ngantos satengah condra.
Nadyan
dalu awis kendelneki, wadya kathah laknat ingkang pejah, ing beteng wis dadi
mangko, Jayanagara iku, weling atur mring Pangran Behi, yen marengi Nalendra,
pan prayogi kondur, sabab beteng sampun dadya, pan kawula nyagahi tengga
pribadi, inggih kalamun medal.
Wektu
iku samya sudaneki, purunira kapir lawan Islam, kadya wus karsa Hyang Manon,
mapan tan nate campuh, nanging samya bedhilan iki, laknat lan wadya Islam,
saben dina iku, kang senjata ngrerondongan, lan mariyem Ngayogja mengkana
malih, jeng Pangran Adisurya.
Ngabdulrahim
wahu denya ngrampit, mapan nanging bedhilan kewala, ing gowok mengkono maning,
Ki Urawan puniku, marma samya tan angsal kardi, dadya epur sadaya, nenggih
juritipun, mengkana ingkang winarna, Pangran Behi umatur, mring Sri Bupati,
lamun Jayanagara.
Pan
mengkana ing panuwuneki, sabab beteng mangkya sampun dadya, sagah tengga
sakancane, mengkana kang sinuhun, mapan lajeng kinen nimbali, ingkang Basah
sekawan, prapta gya tinantun, lamun Den Jayanagara, pan mengkana aturnya mring
Nrepati, Basah Ngusman aturnya.
Mapan
inggih kelangkung prayogi, kalih aso kang Konca sadaya, ing pareng prayogane,
pan sahe mawi sangu, ngantep jurit pan benjing enjing, Basah rembag sadaya,
sokur inggih lamun, wonten pitulung Hyang Sukma, saged bedhah ing angsala
criyos sami, sampun laha kewala.
Konca
Basah inggih benyjing enjing, mapan samya dados sapengarsa, lan Dolah Rongga
Panyjine, kendel ngabehi sagung, Konca jajar kang aneng wingking, sampun rembag
sadaya, nulya samya mundur, saking ngarsanya Nalendra, enjing nulya anembang
tengara jurit, mapan anglir semayan.
Laknattolah
pan mengkana maning, lajeng campuh nenggih ingkang yuda, kapethuk samya
majenge, mriyem tan ngantos iku, mungel lajeng aruket nuli, senjata lit punika,
ing sakedhap iku, pan lajeng caruk kewala, sangkuh lawan wahos wong kapir,
kalindhih belasah bangkenira.
Pan
kabereg kapir yudaneki, lajeng ngungsi manyjing beteng samya, lawan angedrel
mriyem, Islam pan menggah sagung, genya bujung pan wangsul sami, mengkana
ingkang prapta, nenggih sabilipun, Mas Dulah Jayengwardaya, lan Mas Panyji
Buntara lawan Ngabehi, pinilih suma tingal.
Lawan
kaji ing Gadhing satunggil, Seh Muhamad Lahir namanira, lan ngabehi mridane,
lan panji tamtameku, mapan kalih kang prapta sabil, Rongga Pagelen tiga, kang
liya puniku, Islam pan lujeng sadaya, laknattolah belasah bangkene reki, tigang
atus wetara.
enengena
pan wus tan winarna, kawarnaha Sang Nata karsanya, Mas Dulah Resasentanane, pan
linintonan iku, kinen tunggil wonten Ma giri, sabab uwor prangira, mapan
langkung purun, Jendral Dhekok kang winarna, sampun mantuk saking Danalaya iki,
mapan dhateng Ngayogja.
Mapan
dalu budhalireki, Sri Nalendra wus ngaturan wikan, yen Jendral wus sepi mangko,
kantun kang tengga iku, Danalaya lawan puniki, Pangeran Natapraja, gela tyas
sang prabu, Basah Ngabdullatip lawan, Basah Ngabdulmuhyi kinen mantuk sami, lan
saprajuritira.
Mring
Pagelen mengkana nerpati, lajeng budhalan wadya kuswa, kundur mring
Toyakendele, ing Danalaya iku, mapan ingkang kinen jageni, Pangran Suryawijaya,
lan Raden Tumenggung, Jayanegara punika, sakancanya lajeng datan saged mijil,
kang aneng Danalaya.
Kawarnaha
wahu Sri Bupati, kundurira ngobongi Ngayogja, jeng Pangran Behi ature, menawi
Jendral iku, meksih sura pesthi medali, kang sinuprih punika, mapan kang
tinurut, lajeng Kangjeng SriNalendra, ameng ameng mring pajang nyare ketinggi,
antawis pitung dina.
Laknattolah
langkung kendhakneki, kang kamergen pan kendel kewala, tan winarna niskarane,
Sang Nata sampun rawuh, Toyakendel sawadyaneki, apan wonten winarna, yata kang
winuwus, wonten Jendral malih prapta, Komasaris Dhebos westane puniki, wakil
Raja Welonda.
Bekta
bala langkung kathahneki, pan anglorod Jendral Dhekok ika, lajeng akintun
surate, kertas ageng puniku, lan pratondha ageng puniki, dhumateng Kangjeng
Sultan, wus tinampen iku, nenggih dhateng Kyahi Maja, lajeng katur dhumateng
Srinarapati, mengkana Sri Nalendra.
Mapan
lagya pinarak pendhapi, lan kang rama Kangjeng Panembahan, Pangran Ngabehi
ngarsane, putra santana sagung, myang pratiwa nung anung iki, andher sumiweng
ngarsa, nira sang sinuhun, Ki Maja atur nuwala, mapan saking nenggih Jendral
komasaris, wakilnya Raja Lada.
Mapan
nulya kinen mahos iki, mapan kathah kang datan sinurat, pan nanging prelune,
mengkana ungelipun, sampunipun inggih kang tabe, kawula kathah kathah, Jendral
Dhebos iku, sayogja nenggih katura, mapan dhateng ingkang sahudara nguni,
Pangran Dipanagara.
Ingkang
sampun linilan Yang Widi, pan jumeneng kang sinuhun Jeng Sultan, Ngabdulkhamid
peparabe, kang jinunjung mring sagung, ingkang para ngulama sami, myang kang
prapandhita sarip suhadeku, khaji lawan mahulana, sinahidan kalawan prang ageng
iki, ngakat Kuran adilnya.
Luhuripun
Islam tanah Jawi, kang kalipah Kangjeng Rasullolah, Sam tanah Jawa kabeh, marma
tur surat ulun, pan kinarya sulur sayekti, dhateng Raja Welonda, mapan badhe
sagung, inggih ngestoken sadaya, jumenengnya ratu Islam tanah Jawi, lan badhe
dherek ika.
Angluhurken
mring agami Nabi, Islam ingkang wonten tanah Jawa, kawula anuwun maleh, ing
aprang kendelipun, lamun pareng nedya bedhami, mapan inggih kawula, binektanan
sampun, ingkang capra Jawe Londa, marmanipun suwawi sami pepanggih, ambanarah
kang karsa.
Kang
sinuhun Kangjeng Sultan yekti, pan ing pundi kawula sumongga, wus titi surat
johane, Kangjeng Sultan gya nantun, marang sagung sewaka sami, Panembahan
aturnya, pan prayogi iku, iya Sultan panggihana, wus pratela yen iku wakil
sayekti, pan wus nora kuciwa.
Nadya
kapir pan padha nerpati, Sultan Ratu Islam tanah Jawa, Jendral komasaris kuwe,
mapan wakil satuhu, iya Raja Welonda yekti, pratondha ingkang ecap, wus pratela
tuhu, dadya wus tana kuciwa, Pangran Behi myang sagung pan rembag pan sami,
nanging Kyahi Maja.
Datan
rembag mengkana turneki, mapan ewedhing dalil punika, ratu Islam satuhune, tan
wonten saminipun, nadyan inggih Raja Welandi, pan dhatenga pribadya, datan
angsal tuhu, pepanggih lan Sri Nalendra, sampun silih Jendral komisaris wakil,
punika yen angsala.
Lamun
ngantos Kangjeng Sultan panggih, dados ngandhaphaken kang agama, mapan ageng
sesikune, dadya kendel sedarum, sabab dalil ampunganeki, mengkana kang ulama,
pan ajrih sedarum, mabeni mring Kyahi Maja, sabab iku ingkang wus linilan
dhingin, matur mring Sri Nalendra.
Lamun
wonten kang ulama iki, purun matur pan sinatru nulya, marma ajrih sadayane,
mapan ing wektu iku, Kyahi Maja tetekoneki, kathah buta repanya, lan
tekaburipun, mapan ta ing dina dina, nadyan silih anak muridnya pribadi, yen
asring ingandikan.
Pan
sinatru marma samya ajrih, Panembahan pan aris ngandika, paran dadi prayogane,
pratingkah agameku, yen ing adat kang dhingin dhingin, kula dereng uninga, lir
Sultan puniku, kang sinebut Raja Londa, wakil manten yen pun gawa ecapneki, pan
iku pan tan beda.
Lan
wujude ingkang denwakili, marma kula ngaturi prayoga, Sultan yen panggiha
dhewe, pan kula dereng weruh, wertanira ratu kang dhingin, awithing Mangkurat
ing saprikinipun, nganti mudhun Raja Londa, yen adate nging Jendral kang neng
Betawi, Dhekok niku timbangnya.
Ingkang
ngangkat ratu tanah Jawi, marma ing tyas kula luwih lega, pun punjul lawan
adate, tampane tyasatuhu, gih puniku luhur agami, ing Maja turira, pan sarwi
besetngut, pan meksih sanes punika,) ratu dosnnya kalawan ratu ing akir, ratu
donya kang ngangkat.
Laknattolah
pan ratu agami, ingkang ngangkat pan sagung ulama, putra dalem upamine, inggih
ngantos apangguh, lawan kapir dalil tan kenging nyudakhaken nugrahan, suda
rahmatipun, Panembahan angandika, mongsa bodho pan kula tan ngreti dalil, nging
adat tanah Jawa.
Dereng
wonten lir Sultan puniki, Sri Nalendra aris angandika, sampun kyahi kajenge,
lamun dalil sahestu, ingkang nyegah parentahneki, sahestune punika, Kuran kang
kula nut, Ki Maja mapan mengkana, langkung bungahing ngilonanan kajengneki,
ngrahos yen angsal karya.
Kangjeng
Sultan angandika aris, heh manma Japaran kang prayoga, ing dalil Kuran surupe,
mapan sun iki tuhu, ingkang dadya esthining ati, nanging drema kewala,
anglakoni ingsun, sabarang parentahira, lamun Kuran ingsun tan sedya gingsiri,
Kyahi Maja turira.
Pan
mekaten parentahing dalil, boten kenging yen paduka panggya, yen kapir punika
dereng, pasrah mring badanipun, nadyan sampun pasrah upami, lamun wakil kewala,
boten kenging tuhu, yen dede Raja Welonda, sapunika pan sampun pratela yekti,
kedhaping Laknattolah.
Seratipun
Jendral komasaris, mapan sampun anglorod punika, Jendral Dhekok kalenggahane,
Jendral Pagen pan sampun, datan wonten ingkang pawerti, Jendral Dhekok punika,
anggentosi estu, Jendral Pagen karyanira, mapan Jendral komisaris kang gentosi,
Jendral Dhekok kang karya.
Dados
dereng mindhak lir rumiyin, kala Jendral Dhekok atur surat, nging sampun
jangkep semangke, nenggih wicalanipun, pedhang lawan bicanteneki, komasaris
punika, amba timbangipun, Jendral Dhekok punika, timbangipun lawan Pangeran
Behi, mesem srinata.
Heh
tahu wusira sun turuti, lamun iku parentahe Kuran, nging padha den mantep bahe,
karyaha angsul angsul, layang marang ing komasaris, Ki Maja tur sandika, wus
luwar Sang Prabu, Ki Mja karya nuwala, marang Jendral wangsulan mring
komasaris, winahonan tan kena.
Ingkang
sura mring Pangeran Behi, mapan lawan Kangjeng Panembahan, Ki Maja bengis
ature, sampeyan sampun tamtu, dereng pirsa sesikuneki, nenggih ing dalem Kuran,
myang ulama sagung, punika mongsa pirsoha, dereng ngahos, nana semam sawahneki,
jroning Kuran asmara.
PUPUH XXX
ASMARADHANA
Pangran
Behi langkung ajrih, lawan Kangjeng Panembahan, sabab Kuran ampungane, dadya
nanging Kyahi Maja, ingkang mangsuli punika, surat lan pretandhanipun, marang komasharis
Jendral.
Ungelnya
suratireki, mapan anglir aturira, Ki Maja marang sang katong, dadya langkung
sarunira, mengkana babing yuda, punika khakendel estu, datan lami antaranya.
Mapan
wonten surat malih, mapan kekalih punika, Dhebos lan Dhekok surate, mengkana
ijemanira, nging perlune kewala, Jendral komasaris iku, lamun mangke karsanira.
Kang
parentah wangsul malih, mring Jendral Dhekok sadaya, malah kang pratondha
mangko, Jendral komasaris ika, pan mawi ingalingan, kinubeng cinorek iku,
pratonndha yen wus pracaya.
Marang
Jendral Dhekok malih, Jendral Dhekok pratondhanya, mapan neng inggil enggene,
wawernen amalang kawak,nging surat meksih ika, namtokhaken ngajak pangguh, lan
mungel kang wus masesa.
Dharat
segara lan wukir, pan ngajak semaya dina, Ki Maja pan wangsulane, ngajak
panggih Jalanang, mengkana kang winarna, wus prapta semayanipun, Ki Maja nulya
parentah.
Nenggih
Basah Ngabdulmuhyi, Pagelen pan tinimbalan, mapan sewu prajurite, mengkana
parentahira, nenggih Kiyahi Maja, kelamun sida kepangguh, lan Jendral aja
kuciwa.
Datan
tega Sri Bupati, wahu dhumateng Ki Maja, Sang Nata pan tumut mangko, nanging
anamur kewala, yen siyos apepanggya, Jendral lan Ki Maja iku, Sang Nata mapan
mengkana.
Karsanya
wus tan winarni, saking Toyakendel budhal, myang sawadya kuswa mangko, wus
prapta ing Jahalanang, Jendral nulya utusan, anrerang kang tamtu pangguh,
punapa jeng Sri Nalendra.
Kelamun
Srinarapati, Jendral Pagen sohan pribadya, lamun Ki Maja kimawon, mapan
ngaturan punika, mring Klathen kewala, sabab sahe enggenipun, dados tan na kang
bicara.
Ki
Maja sugal nahuri, mring Kelathen amek apa, gelem tan gelema mangko, Jendral
mapan kula undang, sab sampun jangjinya, jadi karma dika tutur, yen mengkoten
karep kula.
Jadi
karma nuli bali, werti mring Jendral kalihnya, meksih neng Bayalaline, mengkana
wus tan winarna, tamtu wakil kewala, Setewer malih lumaku, katiga Raja Welonda,
sabab samangsane dadi, sabarang paturanira, Setewer wineling mangko, pan
lajeng, lan Bun Ngaliketib ika.
Pan
namung wewah satunggil, Sarip Kasan wastanira, papat khaji Sala mangko, lan wus
binektan pratondha, nanging ecap kewala, kang Jendral kalih puniku, katiga Raja
Welonda.
Sab
samangsane dadi, satarang paturanira, Setewer wineling mangke, pan lajeng kinen
nuhuna, nenggih ingkang nuwala, surat parentah puniku, marma binektan
pratondha.
Jadi
karma nulya prapti, wahu dhumateng Ki Maja, yen Jendral wakil kimawon, nanging
motlak punika, Ki Maja mapan nulya, parentah karya puniku, pesanggrahan junut
ika.
Badhe
kinarya manggihi, pan sampun semados dina, mengkana prapta mangsane, Kyahi Maja
mapan nulya, pamit mring Sri Nalendra, lan Pangran Ngabehiku, Pangran
Ngabdulmajid ika.
Gusti
Iman Basah Kamil, lan Basah Ngabdulmuhyika, Ngusman Ali Basah mangko, lagya sakit
marmanira, datan wonten punika, myang sagung pradipatyeku, budhal saking
Jahalanang.
Tanpantara
prapta nuli, ing Junut Kiyahi Maja, myang sagung pratiwa kabeh, ingkang samya
dherek ika, mengkana tanpantara, Setewer pan prapta sampun, myang sagung sakancanira.
Nulya
tata lenggah sami, ri wus Setewer manebda, kiyahi kula kinengken, dhateng
Jendral sakalihnya, anuhun kang parentah, lawan ngaturaken sagung, punika ing
tanah Jawa.
Sumongga
karsa Nrepati, wetan wangkid Belambangan, kilen ing Banten wangkide, Jendral
pan sampun sumongga, ing karsa Sri Nalendra, lan ing Sala Yogjeku, punika
inggih katura.
Dhumateng
Srinarapati, nging Jendral gadhah panedha, inggih tigang prekawise, ingkang
rumihin punika, lamun sagung Welonda, kinon tumut manjing iku, agami Islam
sadaya.
Mapan
denpelahur mati, dene kaping kalihira, yen pareng Kangjeng sang katong, mapan
pasisir sadaya, dipunsuwun punika, ngladosna lir adatipun, pahos dhateng
Srinalendra.
Nenggih
kaping tiganeki, yen datan pareng punika, nanging Jendral panuhune, teksiha
kenging punika, ngambah ing tanah Jawa, nanging nuhun dagang iku, lawan kula
sampun bekta.
Mapan
kang pratondha sami, awerni ecap katiga, yen sampun pareng sang katong, ingkang
panuhun punika, kinen lajeng ngecapa, tuwan Jendral printahipun, pan inggih
dhateng kawula.
Ki
Maja sugal nahuri, iku endi pasrahira, mapan kabeh sayektine, kagungane Sri
Nalendra, iki ing tanah Jawa, ana dene Sala iku, mapan kang putra pribadya.
Ngayogja
ingkang nagari, kang sinuhun Kangjeng Sultan, ana dene Sala kuwe, lamun nora
pituruta, marang karsane kang rama, aku bahe ya wus saguh, ambubrah ing
Surakarta.
Balik
pasrahnya kang endi, yen upama wong totohan, durung ana kukupane, iya ing
pekalahira, Setewer nulya nebda, kyahi kula tan sumurup, ingkang dados kersa
dika.
Marmane
kawula prapti, kinengken Jendral punika, mapan inggih masrahake, ing tanah Jawa
sadaya, mapan sampun sumongga, nging Jendral parentahipun, inggih dhumateng
kawula.
Mapan
kinen nyadhong yekti, ingkang parentah Nalendra, Jendral nurut sakrsane, pan
nanging panuwunira, mungel ngajeng punika, pundi kang linilan iku, suwawi
dendhawahan.
Marmane
kawula kyahi, binektanan capten tiga, pundi kang dados karsane, kang
dhinawuhken kawula, lajeng kinen ngecapna, Ki Maja sugal sumahur, heh Setewer
iya apa.
Ingkang
sun dhawahke iki, sira durung asrah badan, Setewer alon sahure, badan punika
punapa, tan sumerep kawula, Kiyahi Maja sumahur, mengko sun surupken sira.
Yen
wus kelar sira iki, nuli sun dhawuhi sira, kang dadi karsa sang katong, lawan
parentahing Kuran, Bun Ngaliketib nyandhak, tuwan pan ewed puniku, prayogi
malih anrerang.
Dhateng
Jendral komasaris, kawula ajrih punika, Setewer dhinengerhake, mring Bun
Ngaliketip ika, kagyat Setewer nebda, Kyahi Maja keprahipun, mundur kajengan
andika.
Pribadi
kang den turuti, ing ngajeng wahu punika, Jendral dadosa nuhune, den lampu
tumpes sadaya, inggih mongsa puruna, yen dika prih Islam tuhu, Ki Maja sugal
sahurnya.
Kang
endi pratondhaneki, sira saguh nuhun karsa, Setewer sugal sahure, mapan pasisir
punika, yen marengi Nalendra, linadosken pahosipun, yen tan marengi sumongga.
Nging
kenginga dagang iki, nenggih aneng tanah Jawa, Ki Maja bengis sahure, dadi
aprang tanpa karya, yen kaya karepira, tanpa pedah mapan iku, ngukup meliknya
pribadya.
Dene
Kangjeng Sri Bupati, sayekti datan kagungan, iya kang sun padukiye, pan melike
senapatya, Setewer sugal nebda, yen kaya mekoten sampun, dadi dika ingkang
karya.
Punika
sagung pepati, ing tanah Jawa sadaya, lawan kang wutah getihe, pasthi katempuh
andika, sabab dika kang karya, Ki Maja bengis sumahur, senadyan padha wutaha.
Pan
getihe Konca mami, dadi jebad kesturika, mati surga ganjarane, Setewer asru
anebda, gih kyahi kawula, mapan boten melu melu, lamun kaya karep dika.
Pun
wisuh kula kiyahi, punang ing mongsa bodhowa, nulya pamit sakancane, Setewer
wus mundur nulya, saking junut punika, tan winarna praptanipun, kawarnaha Kyahi
Maja.
Budhal
saking junut iki, wangsul dhateng Jahalanang, mengkana Kangjeng sang katong,
mapan lenggah aneng sela, ngajeng ajeng Ki Maja, mengkana pan prapta sampun,
lajeng sohan Sri Nalendra.
Atenapi
Pangran Behi, Pangran Ngabdulmajid ika, lan Basah Ngabdulkamile, Basah Kasan
Besarika, Ngabdulmuhyi lan Basah, myang kang pratiwa nung anung, SriNalendra
angandika.
Paran
ing lakune reki, Ki Maja matur niskara, kelangkung ngungun sang katong, dangu
mapan tan ngandika, ri wus nulya atanya, mring kang paman ngabehiku, upami
tinututhan.
Setewer
punapa meksih, Pangran Ngabehi aturnya, kados sampun tebih katong, wetawis
selampahira, pan lajeng sesanderan, kados sanget nepsonipun, Sri Nalendra
angandika.
Kados
lamun nepsuneki, Ki Maja kang kebrabehan, kados pundi wetawise, punapa tan
matosana, Pangran Behi atanya, dhumateng Ki Maja iku, kados pundi Kiyahi Maja.
Pandugine
benyjing enyjing, punapa tan dhatenghana, Ki Maja mengkana ture, inggih wetawis
kawula, kados boten punika, pun laknat kapir puniku, nging kantun angas kewala.
Senadyan
purun malih, pun Laknattolah punika, mongsa kuwatosa mangko, mapan Konca Basah
tiga, kang nadhahi punika, Sang Nata anulya kondur, ewa mring turnya Ki Maja.
Prapta
pesanggrahaneki, nulya sare Sri Nalendra, wus luwar mapan sagunge, mring
pondhokan sowang sowang, mengkana enjangira, kapir tan medali pupuh, Ki Maja
mapan sangsaya.
Tekaburira
andadi, kadya wus karsa hYang Sukma, tan kenging winahon mangko, malah ing
pengakunira, mapan inggil pribadya, marmane lanang puniku, sagung Islam
juritneki.
Pan
saking piyambakneki, sabab angaken pribadya, lamun siniyan Hyang Manon, marma
Sri Selayanira, lan Pangran Ngabehika, myang sagung pradipatyeku, ajrih gething
mring Ki Maja.
Sareng
wanci Asar iki, pecalang atur uninga, yen laknat medali mangko, langkung gugup
tur uninga, dhateng Srinaranata, Ki Maja wus kinen iku, parentah magut ing
yuda.
Nanging
sagung pradipati, esmu gela tyasnya samya, dhumateng Ki Maja mangko, sabab
sahujarnya ika, tanana ingkang nyata, nging ajrih ingkang sinuhun, marma kemba
ajengira.
Mengkana
laknat wus prapti, pan lajeng pinethuk yuda, marang Basah Pajang mangko, Kasan
Besari punika, lawan sakancanira, nanging den mriyem ping telu, prajurit Pajang
lumalya.
Basahira
kang marahi, pan gendring pelayonira, ngungsi mring Basah kalihe, Pagelen lawan
Mentaram, laknat wus katadhahan, pan sapih kesaput dalu, laknat mondhok mring
Kejiwan.
Basah
kalih mondhok sami, aneng Kejambon punika, lawan sagung prajurite, Basah Kasan Besarika,
kinen baris neng ngarsa, lan prajurit Pajang sagung, dalu sagah ngecu ika.
Nanging
datan angyektosi, enjing lajeng campuh yuda, ingkang dados pengajenge, Mas
Tumenggung Sutayuda, ing Kejambon punika, lawan Mas Rongga puniku, ing Ngupit
Prawirahastra. 57. Lawan Mas Rongga puniki, ing guling Jayasentika, lan mas
rongga tanggalane, Wirasentika namanya, lajeng kuwel ing yuda, samya tinilar
lumayu, sekawan kelajeng samya.
Prapta
ing Sabillolahi, laknat mapan kathah pejah, kadya wus karsa Hyang Manon, sinung
pameleh punika, pan prajurit Mentaram, lawan ing Pagelen iku, ing ngajengken
nora kena.
Mapan
kedah mundur sami, Sri Nalendra ingaturan, priksa mring kang rayi mangko,
Pangran Ngabdulmajid ika, lamun prajurit samya, lagya tan kenging ingadu, mapan
kedah mundur samya.
Lawan
ngaturi udani, Mas Tumenggung Sutayuda, lawan rongga katigane, mapan prapta
Sabillolah, langkung ngungun Nalendra, rumahos tampi sesiku, dhateng
Rabilngalamina.
Sabab
ing pitajengneki, selaminya mring Ki Maja, kelamun tinandhing mangko, prajurit
Islam lan laknat, kadya tikel sekawan, dadya ngles tyasnya sang prabu, dangu
datan angandika.
Langkung
ajrih mring Hyang Widi, selaminya wadya Islam, datan mengkana prerange,
pratondha dinukan sukma, Sang Nata ris ngandika, mring Pangran Ngabdulmajidku,
heh Ngabdulmajid ta sira.
Anake
kang padha sabil, kabeh sira gentekhena, aja owah sajenenge, Jeng Pangran matur
sandika, Sang Nata nulya budhal, saking Jahalanang iku, tan kantun kang wadya
kuswa.
Pan
kondur Srinarapati, mring Toyakendel punika, datan winarna margine, Toyakendel
sampun prapta, kawarna Laknattolah, mapan sareng unduripun, lawan Kangjeng
SriNalendra.
Nenggih
Pangran Ngabdulmajid, kang tengga Pajang sadaya, ingkang kinarya kanthine,
Rahaden Riya Sindurja, sagung kang baris samya sampun manggen prenahipun,
mengkana wus winarna.
Kawarnaha
Sri Bupati, pinarak aneng pandhapa, lawan Panembahan mangke, Kyahi Maja
munggeng ngarsa, lan Pangran Ngabehika, Basah Ngabdulmuhyi iku, nuhun pamit
mring Nalendra.
Mantuk
mring Pagelen iki, sabab yen tinilar lama, Pagelen sanget watose, bilih bibrah
manahira, sagung prajurit samya, Ki Maja nambungi wuwus, sarwi gumujeng punika.
Heh
ta anak Ngabdulmuhyi, dika kuwatir mring desa, pan desa gampang kemawon, angel
wong nata agama, Basah ris aturira, mapan angel nata dhusun, gampil anata
agama.
Ki
Maja nyentak sru aling, daweg padha lilironan, dika nata agamane, kula ingkang
nata desa, Ngabdulmuhyi sahurnya, pan kawula dede kahum, sangsaya srengen Ki
Maja.
Suwawi
Pangran Behi, punapa leres punika, desa tandhing agamine, Pangran Ngabehi
ngandika, mapan pengrasa kula, kyahi pan padha puniku, nging beda kang duwe
karya.
Dadya
saya muring muring, Ki Maja sanes tampinya, yen mengkoten tanpa gawe, sagunging
aprang punika, mindhak angsal duraka, lamun desa kang rinebut, mesem Kangjeng
Sri Nalendra.
Nulya
angandika aris, iku padu tanpa karya, mengkene iku surupe, lamun badan tanpa
nyawa, apa arane ika, nyawa lamun tan kadulu, nora nyata rupanira.
Mapan
nulya kendel sami, Basah Ngabdulmuhyi ika, wus linilan mantuk mangko, mring
Pagelen lengser nulya, saking ngarsanya Nalendra, tan winarna praptanipun,
mengkana sang Sri Nalendra.
Kadya
wus karsa Hyang Widi, linebur ingkang pusaka, tiga karsanya sang katong,
dinadosaken sajuga, nenggih Ki Sarutoma, lan Ki Barutuba iku, tiga Kyahi
Abidjaya.
Kyahi
Barutuba iki Seh Muhamad Usman Li Basah, kang pinaring anggen anggen, nenggih
Kyahi Sarutoma, Kangjeng ratu punika, Kyahi Abidjaya iku, mapan agemnya
pribadya.
Ayun
matur pan samya jrih, Pagelen ingkang winarna, Pangran Dipanagarane, ingkang
garwa nandhang grerah, langkung sanget punika, kinondurken mring Mentarum, ing
Toyakendel wus prapta.
Mapan
lajeng sedaneki, sinareken ing Jimatan, dadya ingkang raka mangko, Pangeran
Dipanagara, mapan sanget liwungnya, wantu samya anemipun, lawan dereng gadhah
putra.
Mapan
kinen wangsul malih, mring Pagelen dereng karsa, pan meksih langkung ing tyase,
Pangeran Dipanagara, wahu dhateng kang garwa, mengkana wus tan cinatur,
Kangjeng ratu kang winarna.
Pan
lagya bobot nem iki, sampun karsaning Hyang Sukma, mapan lajeng grerah mangko,
sanget mapan tan kentara, nanging ingkang salira, mapan risak Kangjeng ratu,
tan suda ngibadahira.
Mengkana
welas ningali, Kangjeng ratu mring kang raka, ingaturan ningkah mangko, mring
tilaranya kang paman, Pangeran Dipayana, Raden Ayu Retnaningrum, pinaring nama
punika.
Nanging
ingkang tyasnya nerpati, mapan tan marem punika, lajeng akarya panepen, kinarya
anglipur brongta, neng dhusun Mentaraman, pan kinontha dhepokhipun, lir
pretapaning pandhita.
Sasekaran
warni warni, mawi langgar alit ika, mapan kinubeng ing lepen, aneng ngiring
iring arga, lan mawi kelangenan, nenggih kang peksi prekutut, dene kang dherek
punika.
Nanging
ponakawan alit, ingkang ngladosi punika, yen Jemungah kondur mangko, marang
Toyakendel Salat, yen wus bakda Jemungah, lajeng sinewa puniku, sabarang
paturan samya.
Pan
punika wektuneki, katurnya mring Sri Nalendra, yen sampun gya kondur maleh,
Sang Nata mring Mentaraman, mapan selaminira, neng Toyakendel puniku, lawan
kangeng ratu grerah.
Ing
Pajang ingkang winarni, Basah Kasan Besarika, mapan asring selayane, lawan
bantu sing Mentaram, lawan Kangjeng Pangeran, Ngabdulmajid lir puniku, dadya
kondur Jeng Pangeran.
Dhumateng
Mentawis iki, nanging kantun Raden Riya, Sindurja tinilar mangko, sampun katur
mring Nalendra, nulya kinen mariksa, nanging aso aturipun, mapan tan arsa
balika.
Mengkana
Ki Maja ika, mapan asring winadulan, yen bantu Mentaram kether, dene kang
marahi ika, mapan Cakranagara, kang kilen mapan kang kidul, Den Tumenggung
Jawinata.
Dadya
langkung watirneki, Ki Maja mring kakangira, Basah Kasan Besarine, mapan sring
denhoyak oyak, yen bantu dereng prapta, lawan sanget isinipun, ajrih marang Sri
Nalendra.
Sabab
sampun kathah iki, kelajeng sesumbarira, nulya Cakranegarane, ingundang pan
sampun prapta, ngajengira Ki Maja, nulya tinakenan iku, heh dika Cakranagara.
Punapa
sring ketherneki, lamun gilir marang Pajang, dadi marahi kang akeh, yen dika
tan gelem ika, angur dika seleha, kula bisa golek liru, mapan wong kang kaya
dika.
Cakranagara
nahuri, punika wonten inggih datan ewah, kadya Konca sadaya, lamun dangu pados
sangu, kiyahi boten inggiya.
Ki
Maja nabda abengis, heh ta Ki Cakranagara, nanging karya sarat bahe, kalamun
prapta ing Pajang, dika banjur hmpetan, datan wani temu mungsuh, gumuyu
Cakranagara.
Gih
yektos Kangjeng kiyahi, sinten ingkang purun pejah, nanging kula sahestune,
lumampah gilir punika, lan saKonca sadaya, karsanya ingkang sinuhun, nging
karya bantu kewala.
Dene
kang kula bantuni, prajurit Pajang punika, nging tan wonten prajurite, wekasan
kinarya bondha, gih sinten puruna, rumiyin duk anyaripun, inggih ing Pajang
punika.
Pan
sagung Konca Bupati, kang samya gilir punika, mapan aprang sayektose, pan
pinenggih dados kondha, lir Pagelen punika, wekasan mindhak puniku, Konca kang
kinarya bondha.
Dadya
gela tyasnya sami, nanging ajrih yen matura, ing mangke kapareng yektos,
sampeyan duka punika, kawula langkung lega, nadyan katur kang sinuhun, kawula
mapan sumongga.
Sampeyan
arsa mantuni, ing wahu dhateng kawula, pundi wernine tiyange, ingkang sami lan
kawula, mapan ayun uninga, Ki Maja asru amuwus, heh dika Cakranagara.
Dadi
pun tan arep yekti, anurut parentah kula, Cakranagara sahure, yen ingkang leres
sandika, lawan teranghing karsa, sampun sakit nadyan lampus, kawula mapan
sumongga.
Ing
siyang kelawan latri, sumahos karsa Nalendra, tan mulat marang liyane, esmu
isin Kyahi Maja, mring Cakranagara, mengkana wus tan winuwus, enjing malih kang
winarna.
Kyahi
Maja ing tyasneki, sangsaya muring muringnya, tanbuh kang dadi napsune,
mengkana pan lenggahan, lan kang para ngulama, kaji lawan sarip iku, Pangran
Behi ingaturan.
Pinarak
dhumateng mesjid, sampun rawuh Kangjeng Pangran, Ki Maja aris ature, mapan
kawula Pangeran, ayun sohan Nalendra, ngaturken ujaring elmu, inggih lampahing
nagara.
Rumiyin
alam Jeng Nabi, pan samya mahujud sadaya, ing Demak mengkaten maleh, punika
Kangjeng kawula, badhe matur Nalendra, nuwun karsa kang satuhu, kantenane
pekarya.
Pangran
Behi manebda ris, puniku karya punapa, kula tan sumrep mangko, dene karsane
Nalendra, pun pun percaya sadaya, mring kyahi selamenipun, datan pirsa napa
napa.
Kyahi
Maja sahurneki, Pangran babing wasesa, Sri Nalendra sedayane, sedaya wakil
kewala, mapan kajeng kawula, nuhun panduman satuhu, wasesa Salah sajuga.
Kantenane
gen, nglampahi, dados boten keron ika, sabab sampun gadhahane, yen Sang Nata
sampun lila, ingkang Salah sajuga, Pangran Ngabehi nebda rum, kyahi tan sumrep
kula.
Alah
pakarya sawiji, dene kabeh wonten dika, Sang Nata barang karsane, Ki Maja pan
sahurira, inggih leres punika, mapan nanging dremi tuhu, kula tan gadhah
wasesa.
Mengkaten
Pangeran Behi, ujare ngelmu punika, kagunganira Hyang Manon sekawan kang wonten
donya, punika mapan samya, pinaring wasesa iku, pekaryanira pribadya.
Mapan
ta dados satunggil, ratu walilan pandhita, mukmin kaping sekawane, punika
kajeng kawula, pundi kinarsakhena, kang salah satunggalipun, lan pundi kang
pinaringna.
Kantenan
genya nglampahi, ingkang manah boten gela, lamun sampun gadhahane, Pangran
Ngabehi ngandika, yen kaya mengkotena, anglir kang kelakon iku, tan pedah
rinebut yuda.
Datan
wurung niku benyjing, papat ratu ngaku samya, angurbaya kang kelakon, nanging
telu ratunira, sawiji kang masesa, yen kaya mengkoten iku, dadi saya boten
tata.
Kyahi
kawula pan wedi, yen melu melu punika, myang sagung ulama kabeh, tinantun samya
aturnya, mapan ajrih sadaya, nanging anak murid dipun, kendel kewala.
Wonten
ngulama sawiji, Seh Belawi namanira, mapan mengkana ature, kyahi pengrahos
kawula, sampun leres punika, inggih lawan ngelminipun, lamun wakil winakilan.
Nanging
wujudnya satunggil, ingkang jumeneng wisesa, kang rinilan mring Hyang Manon,
lamun boten mekaten, mapan tan wande ura, tan jumeneng kraton tuhu, Ki Maja
bengis sahurnya.
Yen
mengkono Seh Belawi, arep anggenteni mring wang, ajrih Seh Bilawi mangko, pan
lajeng kendel kewala, tan dumugi aturnya, dadya samya ajrih sagung, ulama sarip
kajika.
Dadya
samya aturneki, pan nanging ajrih kewala, mapan nulya bubar mangko, marang
prenah sowang sowang, kawarnaha Ki Maja, dadya sanget isinipun, kelamun tan
kelakona.
Ingkang
dadya Kangjengneki, ing dalu tan saged nendra, mengkana sareng enjinge, Ki Maja
ing Kangjengira, sohan Srinaranata, dumugeken lajengipun, mampir dhateng
Pengabehan.
Mengkana
Pangeran Behi, ing dalu tan saged nebda, panuju lenggang pandhapa, Ki Maja wus
prapta mangko, ri sampun lenggah atata, Ki Maja aris nebda, Pangeran suwawi
iku, samya sohan mring Nalendra.
Pangran
ngabehi nebda ris, yun sohan wonten punapa, mapan Ki Maja sahure, pan inggih
Kangjeng kawula, dumugeken punika, ing wingi ujaring elmu, ayun kawula aturna.
Dhateng
Kangjeng Sri Bupati, Pangran Behi ngandika, kyahi ing wingi mulane, pan sampun
ajrih kawula, malah lamun kenaha, sampun dumugeken matur, menawa angsal duduka.
Tur
mongsa angsala iki, mindhak karya kagyat ika, mapan Ki Maja, sahure, dinukan
kenging punapa, wong matur saleresnya, punika ujaring elmu, Pangran Ngabehi
ngandika.
Sampun
leres ngelmu punika, inggih pan mongsa sanesa, senadyan Kangjeng sang katong,
pan mongsa inggih kilapa, menggah rahos punika, Ki Maja mujar basengut, gih
sampun kula pribadya.
Ingkang
sohan mring nerpati, Pangran Ngabehi ngandika, mapan sumongga kimawon, yen
kenging pan kula mirma, menawi dados duka, Ki Maja nulya lumaku, lan mengkana
ujarira.
Gih
sampun kula pribadi, Pangeran mapan babegjan, kawarna Kangjeng sang katong,
mapan lagya mahos Kuran, neng surambining langgar, ingkang winahos panuju,
amarengi Surat Rahman.
Ingkang
samya sohan niki, sagung ponakawan ika, alit alit mapan andher, neng panepen
Mentaraman, Ki Maja nulya prapta, kendel neng pasohan iku, ponakwan tur uninga.
Lamun
Kyahi Maja prapti, pan nuhun sohan punika, esmu kagyat Jeng Sang Katong, tineka
wonten prekara, kendel pamahosira, nging Kuran meksih neng ayun, Ki Maja gya
ingandikan.
Wus
prapta ngarsa nrepati, Sri Nalendra angandika, sira prapta pakaryane, Ki Maja
aris aturnya, mapan tan wonten karya, ingkang saking liyanipun, nging karya
amba pribadya.
Ngaturken
lampahing elmi, sagung pratingkah punika, kawula matur sayektos, menggah
lampahing agama, mapan mawi wangkidan, kang gadhah karya punika, mrih samya
santosanira.
Mapan
nugrahan Hyang Widi, kang linahir keneng donya, kawan prekawis kathahe, dene
warnine punika, ratu lawan uliya, pandhita mukmin kang tuhu, punika kang sinung
karya.
Pan
inggih dhateng Hyang Widi, tan kenging lintu pakarya, lawan sami wasesane,
sumongga tuwan mundhuta, ingkang salah sajuga, yen paduka milih ratu, pan
nanging ratu kewala.
Wali
pandhita myang mukmin, suwawi tuwan piliha, kang pundi kinarsanhake, kantenan
manah kawula, lan tuwan ngandikaha, kang tan kinarsaken iku, pasraha dhateng
kawula.
Mengkana
karsaning Widi, Kangjeng Sultan duk miharsa, mring Kyahi Maja ature, jajabang
mawi ngawinga, mapan asru ngandika, heh iki dhingin sireku, duk ngucap kuwanen
ika.
Nora
kungkulan mring mami, marang Ngabdulmajid sira, dadi iki wahanane, ingsun weruh
karepira, mapan jaluk wasesa, kaya Sunan Giri iku, dadi ingsun sira karya.
Kaya
Sultan Demak dhingin, ingsun dumeh muridhira, kalawan iya maninge, mapan ingsun
ora ngrasa, sira bakali ika, duk durung ana sireku, mapan ingsun wus kinarya.
Marang
ing Rabilngalamin, sira anglahirken iya, kalawan ngulama kabeh, pan dudu sira
prabadya, lawan sun dhingin ika, aweh wenang mring sireku, prekara pratingkah
Kuran.
Sebarang
parentahneki, sira sun lilani iya, lamun matura mring ingong, sun duga selamet
sira, mapan ingsun tan nyana, lamun mengkono karepmu, lawan maninge Ki Maja.
Ingsun
tan angrasa yekti, lamun dadi karyanira, apa tekaburmu kuwe, ingkang bakal dadi
bondha, tumungkul Kyahi Maja, mapan tan saget umatur, langkung ing kaduwungira.
Sang
Nata ngandika malih, ngelmu ingkang sira karya, ampungan karepmu kuwe, mapan
sarupaning jalma, iki pan pinaringan, marang Allah ingkang agung, lah mara
maning matura.
Ki
Maja sanget denya jrih, tan saged malih matur, nulya kinon mantuk mangko,
Kangjeng Sultan manjing langgar, langkung gela tyas nata, dhumateng Ki Maja
iku, mapan sanget tan sembada.
Kajengnya
lan yektineki, mengkana Kyahi Maja, mantuk wus prapta wismane, langkung sanget
mrih wirangnya, konangan kajengira, Panembahan kang winuwus, mapan lagya
lalenggahan.
Kalawan
Pangeran Behi, Raden Riya Natareja, ing sohan neng ngarsane, mapan aneng ing
pendhapa, dangu marang Ki Maja, kang dados panuwunipun, umatur rahaden riya,
wus matur niskaraneki, mesem Kangjeng Panembahan, dene teka kaya rare, Sultan
den wedeni ika, ngelmu mongsa kilapa, Pangran Ngabehi umatur, pan kirang
kawula.
Rumiyin
daweg tinari, pan boten pambag kawula, dhateng Ki Maja kajenge, nanging ulami
sedaya, tinantun mapan samya, anglir kula kajengipun, kang purun paben
satunggal.
Seh
Bulawi lajeng iki, tinerka yun gentosana, mila samya kendel mangko, sagung kang
para ngulama, duk ayun sohanira, mring Mentawisan puniku, mampir dhateng wisma
kula.
Ngajak
sohan mring Nrepati, kula dipunken matura, nging kula mambeng kajenge, pan
lajeng sohan pribadya, mengkana kang winarna, pan dereng dumugi iku, Kyahi Maja
nulya prapta.
Esmu
sanget susahneki, ri wus tata samya lenggah, Ki Maja umatur alon, dhateng
Kangjeng Panembahan, lan Pangran Ngabehika, ngaturan nuhunken iku, apunten
dhateng Nalendra.
Sabab
sagung pradipati, sareng samya mirsa warta, Ki Maja dinukan mangko, samya suda
ajrihira, wahu dhateng Ki Maja, dadya sanget aturipun, nelongsa nuhun apura.
Panembahan
welas tyasneki, wahu dhumateng Ki Maja, lawan Pangran Ngabehine, pan nulya
denhirid ika, sohan mring Mentaraman, mengkana ingkang sinuhun, mapan lagya
mahos kitab.
Neng
surambi langgar iki, nasikhatul muluk ika, Panembahan prapta mangko, lan
Pangran Ngabehi ika, Ki Maja kantun jaba, aneng pasohan puniku, ri wus tata
lenggah samya.
Neng
suramba langgar iki, Panembahan ris aturnya, Sultan marma seba ingong, yen
marengi karsanira, nuhunhake ngapura, marang Kyahi Maja ingsun, tulusa dadi
kanthinya.
PUPUH XXXI
K I N A N T H I
Pan
Sultan panuhun ingsun, marang adhi Mas Ngabehi, mengkana Srinaranata, sareng
mirsa aturneki, kang rama Jeng Panembahan, lir sinapu dukaneki.
Aris
ngandika sang prabu, tanya mring kang rama iki, mangke neng pundi enggenya, man
Maja inggih kiyahi, Panembahan aturira, sun tinggal paseban jawi.
Kang
sinuhun nulya ngutus, ponakawan kang tinuding, nimbali Kiyahi Maja, tan pantara
nulya prapti, tur salam sarwi karuna, wus lilih tyasnya nerpati.
Niskaranya
tan cinatur, Panembahan mapan nuli, kinen kondur mapan samya, nulya lawan
Pangran Behi, tan kantun Kiyahi Maja, marang Toyakendel iki.
Katiga
lengser sing ngayun, pan sampun datan winarni, tah aden Sasradilaga, nuhun
pamit mring Nrepati, medal mring moncanagara, mapan sampun den lilani.
Kawarnaha
Kangjeng ratu, sangsaya sanget grahneki, salira gakrohosika, tan arsa den
usadani, kadya wus karsa Hyang Sukma, Panembahan sring muhuni.
Saking
sanget marasipun, Panembahan mring Nrepati, sampun krahos ing nala, Kangjeng
Sultan yen upami, tinilar dhateng kang garwa, kadya bibrah ing tyasneki.
Dadya
sring ngandika iku, paran ratu polah mami, yen kelakon sira tinggal, sapa kang
sun emong iki, lawan Sultan wus sun duga, lamun kuwur tyasireki.
Kangjeng
ratu tyasira rum, pan kados pundi kiyahi, kelangkung begja sampeyan, kalawan
Srinarapati, mapan kawula punika, inggih dremi anglampahi.
Ing
donya ngakheratipun, tan gadhah tingal kekalih, pan nanging putra sampeyan,
ingkang kawula ngengeri, Panembahan angandika, adhuh nyawa anakmami.
Marmane
kuwatir ingsun, tan beda tyasira yekti, kalawan Srinaranata, tanpa yun mulat
liyaning, mengkana tan wus winarna, kawarnaha Sri Bupati.
Nimbali
Ki Maja iku, kalawan Pangeran Behi, kinen mirsa baris samya, ingkang neng
sawetan pragi, kinen ngubengi sadaya, menawa dalu ya sami.
Sabab
laknat lami sampun, mapan tan wonten medali, marma samya kinen mirsa, wantunya
prajurit jawi, lamun lami datan yuda, kathah samya mantuk iki.
Ingkang
Basah kalih iku, Bulkiya lawan pinilih, myang sagung kang pradipatya, pan dika
kalih turneki, lengser sing ngarsa Nalendra, kalih dalu winetawis.
Mapan
datan nyana iku, laknat murtad yen medali, saking Ngayogya sadaya, lawan
kakerigan iki, dadya langkung agenggi, basah myang kang pradipati.
Parenca
barisanipun, Ki Maja lan Pangran Behi, utusan atur uninga, dhumateng
Srinarapati, lamun mengsah badhe prapta, dereng wonten kang nadhahi.
Basah
lan prajurit sagung, meksih uragenya baris, mengsah medal ngiring ngarsa,
pelawonan sampun prapti, Sang Nata kondur tumulya, dhateng Toyakendel iki.
Dhawahi
rerapot sagung, kinen samya minggah ngardi, Kangjeng ratu kang winarna, lagya
dhangan grerahneki, pan nitih tandhu kewala, Panembahan kang ngampingi.
Kangjeng
Sultan mapan kantun, aneng Toyakendel iki, nanging kalih ponakawan, gamel
Priyataka ngampil, nongsong Kyahi Maja prapta, kalawan Pangeran Behi.
Sang
Nata ngaturan iku, lengser ing sawetan pragi, sabab mengsah langkung gengnya,
dereng wonten kang nadhahi, nanging anak mas pribadya, lan putu Somanagari.
Ingkang
ngawali puniku, mring mengsah samargi margi, ing wahu tingal kawula, Basah
kalih anututi, nging katingal meksih tebah, laknat murdat datan nolih.
Sinenjatanan
puniku, mring anak Mas Ngabdulrakim, lan putu Somanagara. nging males lawan
lumaris, kados boten dangu prapta, wahu meh nyabrang peragi.
Sang
Nata dhahar turipun, ingkang paman Pangran Behi, saking Toyakendel budhal,
miyos Jatingarang iki, Laknattolah sampun nyabrang, medal peken Panycaksuji.
Pan
dadya samya kadulu, kapir cuwa ing tyasneki, yun ukup tan angsal karya, dinuga
lamun wus sepi, ing Toyakendel punika, malah gung kuwatirneki.
Ing
wingking dedamel agung, ingkang samya anututi, dinugi Basah kalihnya, mengkana
ingkang winarni, Pangeran Dipanagara, wus lami aneng Mentawis.
Mapan
ing Salamenipun, sedanira ingkang rayi, dereng kondur ika, marang ing Pagelen
malih, neng urip pesanggrahanya, mengkana man marengi.
Basah
Ngabdulatip iku, sohan mapan lawan ngirid, Basah Lepen beber ika, Iman Wusbah
namaneki, lawan saprajuritira, sareng amiharsa warti.
Ing
Toyakendel puniku, kahinggahan laknat kapir, Kangjeng Pangran mapan nulya,
sadya tetulung ing jurit, lawan Basah kalihira, praptanya kesaput wengi.
Lajeng
mesanggrahan iku, aneng lepen panten iki, pan sampun ajeng ajengan, laknat
murtad mapan sami, neng lepen kendel sadaya, mengkana Srinarapati.
Mapan
mesanggrahan iku, aneng dhusun ing sejati, Basah kalih sampun prapta, lajeng
anengga mplo sami, lawan saprajuritira, pan samya ngentosi enjing.
Mapan
ingkang ngodhol iku, nenggih Pangran Ngabdulrakim, lan Pangran Sumanagara,
mondhok lepen Galang sami, laknat murtad lawan samya, sedalu tan saged guling.
Saking
sanget watosipun, sebarang dipun bedhili, sareng enjang budhal nulya, saking
Toyakendel iki, sedya lajeng mantuk ika, laknat murtad lawan sami.
Dhumateng
Ngayogya iku, pan lajeng pinethuk ing jurit, mring Pangran Dipanagara, lawan
Pangran Ngabdulrahim, Pangeran Sumanagara, lawan Basah Ngabdulatip.
Basah
Ismanmusbah iku, laknat ngrahos tan kuwawi, pan nanging tangled sakedhap,
lalaknat lajeng lampahneki, kinodholan binedhilan, prapta sakilening pragi.
Sareng
ajeng nyabrang iku, preraga dipun cegati, dhateng gusti Iman Basah, lan Ngusman
Li Basah iki, nanging laknat meksih nyabrang, dipundrel pan kathah modir.
Samya
keli bangkenipun, sing wingking binrereg iki, mring Pangran Dipanagara, lawan
Pangran Ngabdulrahim, nanging dereng ontungira, laknat datan telas iki.
Mapan
meksih nyabrang iku, wus prapta sawetan pragi, gegancangan lampahira, datan
nolih Koncaneki, undurira mring Ngayogya, Islam saya kathah prapti.
Dadya
langkung girisipun, undurira laknat kapir, pan kekece bangkenira, mengkana wus
tan winarni, Islam kang prapta sabilnya, mapan gangsal rongga kalih.
Patra
jiwa padhas iku, lan tiga sedherekneki, rongga lepen beber ika, mapan sedhereke
reki, nenggih Basah Imanmesbah, mengkana wus tan winarni.
Kawarnaha
sang sinuhun, mapan datan arsa iki, wangsul mesanggrahanika, dhateng Toyakendel
malih, Pangran Ngabehi aturnya, kejawi ing sambiradin.
Sang
Nata marengi sampun, pan lajeng kinon dandosi, mring Tumenggung Tamadigda,
tanpantara nulya dadi, SriNalendra sampun pindhah, mesanggrahan sambiradin.
Nanging
datan nunggil iku, lawan repot ageng sami, sabab datan cekap ika, Kangjeng ratu
denhaturi, mesanggrahan Kawishajar, mapan nanging datan tebih.
Lan
sambirata puniku, pan samya katingalneki, nanging let lepen kewala, Pangeran
Dipanagara, pan lajeng kinen kondur, marang ing Pagelen malih.
Kalawan
Basah puniku, Ngabdullatip datan keri, Basah Imanmusbah ika, mengkana wus tan
winarni, Kangjeng ratu kang winarna, grerahira kambuh malih.
Kadya
cobaning tyang agung, tumpa tumpa mring Nrepati, Pagelen kancikan laknat, mapan
karya beteng iki, aneng ing waja punika, Basah ing Pagelen sami.
Katiga
pan sami mundur, nadhahi datan kuwawi, lan Pangran Dipanagara, mring sawetan
Bogawanti, wus katur marang Nalendra, nulya tedhak Sri Bupati.
Lawan
sawadya kusweku, Basah kalih datan keri, mapan lajeng mesanggrahan, aneng kulur
Sri Bupati, wadya neng temon sadaya, neng palipir Pagelen sami.
Sadina
dina prang pupuh, tan wonten kuciwa sami, laknat kapir kathah pejah, wong Islam
wilujeng sami, sabendina bantu prapta, saking Kedhu laknat kapir.
Panembahan
mapan lapur, lamun tampi surat iki, Si Kurnelnahus punika, Ki Maja
parentahneki, dhateng Kangjeng Panembahan, kengkenan dipunhaturi.
Lajeng
mejahi puniku, mapan nulya den pejahi, Panembahan saking jrihnya, punika mapan
ing nguni, ponakawanya pribadya, lawan kinasiyan dhingin.
Mengkana
malih lapur, saking mantri sepuh iki, Pestamas Prabaleksana, mapan kampiran
puniki, Jendral Dhekok utusanya, lawan bekta suratneki.
Nanging
kapenakanipun, mapan Ki Maja pribadi, iman kerena manira, mengkana
parentahneki, kinen mangsulna kewla, datan suka den pejahi.
Sabab
dede khukumipun, mengkana Pangeran Behi, mapan lajeng pabenika, punika khukum
punapi, dene nganggo beda beda, Ki Maja nulya nahuri.
Sabab
agami puniku, datan kenging den pejahi, Pangran Ngebehi Ngandika, senadyan kang
mati dhingin, mapan padha bongsa Islam, tan prebeda karyaneki.
Dadya
predudon adangu, kelajeng selayaneki, mapan samya purunira, rembag nerang mring
nrepati, nulya sareng sohanira, wus prapta ngarsa sang aji.
Kalihnya
samya umatur, Sang Nata mesem nebda ris, mapan kula datan wikan, ing dalil
ingkang sayekti, nging yen adat kewala, wertine kang dhingin dhingin.
Tan
wonten kengkenan lampus, Ki Maja suka tyasneki, rumahos yen ing ngilonan,
dhumateng Srinarapati, lajeng kinen mundur samya, mengkana Pangeran Behi.
Prapta
pesanggrahanipun, mapan lajeng animbali, lurah mantri lebet tiga, prawira tani
puniki, lawan prawira deksan, prawira bawa wus prapti.
Katiga
mapan panuju, samya sohan mring nerpati, Pangran Ngebehi karsanya, denhamrih
kapir sayekti, dhumateng Srinaranata, lurah tiga pan tinuding.
Kinen
mejahi puniku, mring Jendral kengkenaneki, kang westaman kramen iki, aja gawa
Konca maning, padha ijenen kewala, sandika tiga turneki.
Mapan
lajeng mangkat iku, sing ngarsa Pangeran Behi, wus prapta datan winarna, man
kramen wus denpateni, lawan kalih rowangira, inguja sami satunggil.
Mengkana
Ki Maja ngrungu, lamun iman kramen mati, langkung sakit manahira, dhumateng
Pangeran Behi, nuwun adil mring Nalendra, mapan datan angsal iki.
Sabab
iku kang tinurut, parentahira pribadi, kang wuri sira dhawuh, iya ajana mateni,
sarupane mring kongkonan, mengkana wus tan winarni
Kangjeng
Sultan ing tyasipun, mapan langkung mring kang rayi, mengkana nimbali nulya,
mring Ki Maja Pangran Behi, kinen samya kantun ika, lawan kang den-ngati ati.
SriNalendra
ayun kondur, sakedhap mapan atuwi, Kangjeng ratu grerahira, mapan sangsaya
ngeladi, kadya wus karsa Hyang Sukma, tan supe ngibadahneki.
Dhahar
ngunyjuk wus tan ayun, Panembahan Srimuhuni, lawan ingkang ibu ika, Kangjeng
ratu ageng ika, marma Kangjeng SriNalendra, langkung keron ing tyasneki.
Ri
wus meling kang sinuhun, mapan lajeng kondur iki, datan bekta abdi ika, nging
lawan Basah satunggal, Kangjeng gusti Basah Iman, sabab punika kang rayi.
Kalawan
ngampil puniku, tan pantara sampun prapti, mapan sanderan kewala, lampahnya
Srinarapati, angagem Ki Jayacapa, Kangjeng ratu anungkemi.
Mring
pada ingkang sinuhun, kumembeng wespa nireki, tan prebeda lan Nalendra, ri wus
tata lenggah sami, gusti Basah ingandikan, lan Jeng Panembahan prapti.
Lajeng
ngusweng pada iku, jeng gusti waspanya mijil, Kangjeng ratu pan mengkana,
anglir wekasan pepanggih, Kangjeng ratu ageng nulya, lawan Panembahan iki.
Mapan
samya tumut muhun, dadya sagung para putri, kang ngadhep muhun sadaya, mengkana
Srinarapati, mapan sangsaya tyasira, ri wus mapan kinen sami.
Kondur
sowang sowang ikuk, atenapi Basah Kamil, sampun mundur saking ngarsa, mengkana
Srinarapati, Kangjeng ratu mapan nulya, pinangku mring Sri Bupati.
Lawan
angandika arum, dhuh bentara ingkang abdi, sapunika pan sumongga, yen arsa
kondur rumiyin, dhateng alam kelanggengan, ing benjing tan wande panggih.
Mas
mirah lan abdinipun, yen pareng rabil ngalamin, panggiha aneng delahan, kalawan
pun kakang gusti, pan ing mangke sampun lila, lamun tinilar rumiyin.
Tan
saged pun kakang dulu, risaking salira gusti, Kangjeng ratu ris turira, sarwi
mesem yen marengi, sagung kalepatan samya, ingkang lahir myang kang batin.
Nuwun
apunten satuhu, kawula mring padukaji, bilih kasupen kawula, sabab lami
angladosi, tanapi kang samar samar, den agung apunten aji.
Sri
Nalendra ngandika arum, nah angger ywa walang ati, muga Allah narimaha,
sebarang ingkang kawijil, senadyan inggih pun kakang, mugi den ageng mas gusti.
Ngapunten
mring lepatipun, sabab asring datan yekti, Kangjeng ratu aturira, kawula nuhun
Hyang Widi, ing donya prapteng delahan, mugi tulusa angabdi.
Dhumateng
Kangjeng sang prabu, senadyan wonten Yamani, kawula kang ngladosana, dadya
kumembeng waspa ji, mengkana wus tan winarna, ing dalu Srinarapati.
Enjing
Kangjeng Sultan wangsul, tedhak dhateng kulur malih, datan kantun Basah Iman,
Kangjeng ratu kang winarni, sapungkurira kang raka, sampun karsaning Hyang
Widi.
Saya
sanget grerahipun, Panembahan yun tur uning, Kangjeng ratu datan suka, menawa
ngeron aroni, marang karsane kang raka, embanya jaler sawiji.
Kyahi
Soba namanipun, sareng mirsa warteki, saya sanget grerahira, Kangjeng Ratu
Soban nuli, nenuhun marang Hyang Sukma, mapan nuhun mati dhingin.
Tinarima
soban iku, ing dalu lajeng ngemasi, datan ana jalma wikan, aneng
sembayanganeki, den-nyana nendra kewala, Kangjeng ratu kang winarni.
Nimbali
kalih kang maru, mapan sampun prapta ngarsi, Den Ayu Retnakusuma, lawan raden
ayu iki, Retnaningrum angandika, jeng ratu kedhaton aris.
Bok
ayu kalihanipun, den ageng apunten sami, sabarang lampah kawula, menawa kasupen
iki, lawan malih poma poma, sami dipunsaged kari.
Angladosi
mring sinuhun, lawan malih kula titip, sampun karya susah driya, dhumateng
Srinarapati, bok ayu kula nenedha, mugi dipunwelas sami.
Kalihan
tan saged matur, karuna lawan nyungkemi, mring Kangjeng ratu punika, mengkana
kapir sanuli, ingkang ibu nulya tedhak, Kangjeng ratu ageng iki.
Kagyat
mirsa swaranipun, muhun ingkang mantu kalih, Kangjeng ratu ageng prapta, lajeng
nyundhang mring kang siwi, pan lajeng tumut karuna, nulya ingkang lesan mijil.
Nanging
meksih halit hiku, samya lega tyas hireki, den nyana lajeng waluya, sabab
lajeng ratu hiki, mapan lajeng saged lenggah, pribadi tan den hampingi, lawan
hangandika harum, utusan kinen ngaturi, dhateng Kangjeng Panembahan, tanpantara
nulya prapti, pukul songa wancinira, Den Ayu Sepuh kang ngiring.
Lajeng
mundhut dhahar iku, kang ibu dipunhaturi, dhahar kalawan kang rama, sami sareng
karsaneki, drerapon ecu punika, dene ingkang maru kalih.
Kinen
dhahar sareng iku, tunggil kalawan kang bibi, Den Ayu Sepuh punika, sedaya
mapan nuruti, ri sampunya angandika, jeng ratu kedhaton aris.
Wahu
dhumateng kang ibu, Kangjeng ratu ageng iki, anuhun kang pangapura, lamun
wonten lepatneki, tenapi dhateng kang rama, den agung ngapunten sami.
Jeng
ratu ageng nebda rum, ingkang orahira nini, mapan ingsun ora ngrasa, yen sira
alit mring mami, menawa kalilan ingwang, sun apura kabeh iki.
Sebarang
alat iku, narima aya Illahi, Panembahan pan mengkana, ri wus nulya denhaturi,
Panembahan kondur ika, nging jeng ratu ingkang meksih.
Nenggani
lawan kang maru, jeng ratu ngandika malih, ibu kawula yun nendra, nuhun
sampeyan tenggani, mapan sedalu punika, kalawan bok ayu kalih.
Tulus
dadosa sadulur,ing donya prapteng ing akir, Kangjeng ratu gya sarehan, kalawan
kang ibu iki, singeb sinyjang cindhe ika, jelamprang dhasarnya wilis.
Mapan
lajeng sare iku, sekeca yen den tingali, Kangjeng ratu ageng nulya, kang putra
tinilar ririh, lingsir dalu wayahira, menawa ngaget ageti.
Mapan
arsa Salat tahajut, punika nanging tan tebih, Kangjeng ratu lan kang putra,
sedaya pan samya guling, ingkang ngadhep punika, samya eca tyasnya sami.
Ngantos
wektu pajar iku, jeng ratu ageng tan guling, lawan atengga kang putra, sareng
wektu pajar sidik, pan samya tangi sadaya, lajeng Salat Subuh iki.
Sareng
sampun bakda subuh, Kangjeng ratu ageng nuli, ingkang putra tinuwenan, dene
kadingaren iki, sakeca denira nendra, datan mundhut toyasuci.
Sampun
rawuh Kangjeng ratu, pasarehaning kang siwi, jeng ratu kedhaton ika, kepanggih
mujung puniki, sinjang cindhe singebira, sinjang parang rusak iki.
Semekan
sawat jelengut, latar cemeng dhasar ceweni, kadya wus sinedya driya, sedhakep
kang asta kalih, sinjang myang kasemekan, mapan samya dening siseti.
Kangjeng
ratu ageng iku, nulya angungkabi, mring singebira kang putra, pan sampun
kepanggih sepi, Kangjeng ratu tamtu ika, kondur mring Rahmattolahi.
Kangjeng
ratu ageng iku, ingkang putra densungkemi, pan sanget denya karuna, dadya samya
kagyat iki, lajeng anangis sadaya, sagung ingkang ngadhep sami.
Kangjeng
Panembahan iku, langkung kagyat lajeng prapti, tumingal dhateng kang putra,
kondur marang alam suci, apan lajeng tumut karuna, mengkana sesambatneki.
Adhuh
nyawa anakhingsun, sapa ingkang sun tutwuri, praputri prapta sadaya, gumruh
swaraning tangis, Panembahan ciptanira, kuwatos dhateng nerpati.
Mapan
ingkang singeb sampun, winangsulken lir nguni, Panembahan gya utusan, kapalan
atur udani, dhateng Kangjeng Sri Nalendra, mring kulur getya winarni.
Sang
Nata duk Salat Subuh, jroning Salat aningali, kadya ingkang garwa prapta, nuhun
pamit mring Nrepati, kondur dhateng Rahmattolah, bakda Salat Sri Bupati.
Mapan
lajeng pungun pungun, Kangjeng ratu kang kaheksi, lenggah neng empering
langgar, pan sarwi sendheyan iki, mapan tan arsa ngandika, kang samya sohan
ningali.
Lamun
sungkawa sang prabu, dadya jrih tumungkul sami, enjing lindhu lawan jawah,
langkung dres bedhug kang wanci, Kyahi Maja mapan prapta, sohan ngaturi udani.
Yen
wonten utusanipun, Panembahan atur uning, lamun jeng rayi paduka, jeng ratu
kedhaton mangkin, kondur dhateng Rahmattolah, Ki Maja lan merbesmili.
Saking
kuwatos tyasipun, Ki Maja mring Sri Bupati, mengkana Srinaranata, sareng mirsa
aturneki, mesem lawan ris ngandika, timbalana paman Behi.
Lawan
Suryenglaga iku, Ngabdulmajid nulya prapti, katiga ngarsa Nalendra, pan samya
tumungkul iki, kalawan ngemu waspa, wus samya miharsa warti.
Lamun
Kangjeng ratu surut, samya watos mring Nrepati, sekawan Kiyahi Maja, Sang Nata
ngandika aris, wus ta ajana rinasa, pan tekdir sapa ngowahi.
Nanging
mangke karsaningsun, katelu kariha iki, nging Ngabdulmajid kewala, iku kang sun
gawa mulih, kang wuri mongsa bodhoha, ing prang aja na ngowahi.
Lawan
Basah Iman iku, kon nusul sawuri mami, katiga matur sandika, mengkana
Srinarapati, wus nitih Ki Jayacapa, nanging ngampil ingkang ngiring.
Lawan
ingkang rayi iku, nenggih Pangran Ngabdulmajid, sakedhap kewala prapta, ing
Kawisharja puniki, kang tangis meksih wurohan, lan jawah langkung dresneki.
Kangjeng
Panembahan dulu, yen rawuh kang putra nuli, lumajeng angrangkul nulya, kalawan
muhun puniki, Kangjeng Sultan angandika, sampeyan kendel kiyahi.
Wonten
pundi layonipun, putra sampeyan kiyahi, Panembahan aturira, meksih ana
pesarehaning, tan na wani ngowahan, Sri Nalendra nulya manjing.
Pesarehan
sampun rawuh, meksih mujung cindhe wilis, tan montra surud iki, nulya lenggah
Sri Bupati, Kangjeng ratu layonira, pinangku mring Sri Bupati.
Mapan
lir sare satuhu, neng pangkon Srinarapati, dadya sangsaya karuna, sagung
ingkang para putri, Panembahan pan mengkana, langkung maras tyas nyami.
Sang
Nata mesem nebda rum, wus padha menenga iki, ingsun nora apa ana, sampeyan
medal kiyahi, anataha pasiraman, kula yun Salat rumiyin.
Sampun
manjing wektu luhur, Panembahan matur aris, ingsun ya durung sembayang, jeng
ratu sineleh ririh, Kangjeng Sultan nulya Salat, aneng sandhinging kang rayi.
Sareng
sampun bakda iku, jeng ratu pinangku malih, tan wonten lamun wus seda, nging
kahotan saged angling, mengkana Jeng Panembahan, matur lamun sampun rakit.
Nulya
miyos kang sinuhun, jeng ratu pinondhong iki, sampun lenggah kanthil ika,
gedebog kinen bucali, mapan pinangku kewala, wahu denira nyirami.
Dhumateng
Kangjeng sang prabu, Kangjeng ratu layoneki, tan wonten purun matura, sagung
kang prahibu sami, tenapi lawan kang eyang, lajeng sami kinon iki.
Nyirami
neng pangkonipun, Sri Nalendra kang praputri, mapan tan wonten lenggana,
mengkana ingkang ngosoki, Kangjeng ratu ageng lawan, Kangjeng ratu anem iki.
Kalawan
kang eyang ikuk, raden ayu sepuh iki, lan den ayu juru ika, kalawan wahu kang
bibi, den ayuha sapa bisa, kang praputri anyirami.
Ingkang
angladosi iku, anenggih wahu kang bibi, Raden Ayu Panembahan, sepuh anem lawan
milih, Den Ayu Retnakusuma, kalawan den ayu iki.
Retnaningrum
mapan sampun, binekta kondur tumuli, kinurmatan ri sawusnya, sinarekhaken ugi,
mapan sinandhing kewala, kang layon mring Sri Bupati.
Basah
Ngabdulkamil iku, bakda Ngasar praptaneki, lan Dolah Prawiradirja, Raden
Jayasentaneki, katiga nungkemi pada, ri wus samya kinen mijil.
Ingkang
layon Kangjeng ratu, sedalu mapan sinandhing, dhumateng Srinaranata, kang
sinjang myang singebneki, lajeng ingagem sadaya, tan mawi kinumbah iki.
Ingkang
gonda meksih arum, mengkana pan sareng enjing, Panembahan matur nulya, yen
tebela sampun rakit, lajeng kinen, nglebethena, kang bekta sentana sami.
Ingkang
pra-ngulama sagung, wus pepak aneng pendhapi, mapan nanging Kyahi Maja, datan
wonten meksih baris, sentana kalih punika, anenggih Pangran Ngebehi.
Lan
Pangran Suryenglageku, sedaya pan pepak sami, ri wus sinalatken ika, lajeng
ingakatken iki, kang layon dhateng Jimatan, dherek kang para ngulami.
Pandhita
sarip khajiku, myang sagung sentana sami, ingkang dados pangiridnya, nenggih
Pangran Ngabdulmajid, lan Pangeran Prabu ika, myang Bupati lebet sami.
Mapan
datan wonten kantun, mantri lebet kang jajari, Suryagama Suranata, dolah tiga
kang pangirid, Den Tumenggung Puthutlawa, lawan Dolah Badarodin.
Sarip
Samparwadi iku, gusti Basah kang nindhihi, Den Dolah Prawiradirja, kinen
wangsul baris malih, dhumateng kulur punika, mapan rahmating Yang Widi.
Kang
jawah langkung dresipun, kang surya datan kaheksi, nanging tan wonten kodanan,
kang jawah kadya jajari, lawan ngapit kering kanan, kang wingking lir dherek
sami.
Praga
ageng banjiripun, sinabrangan pan lestari, luwih elok dating sukma, wus prapta
sawetan Pragi, Pangeran Suryawijaya, mapan methuk aneng margi.
Kalawan
Raden Tumenggung, Jayanagara puniki, angirid wadya tamtoma, salompret tambur
pan sami, lampahnya samarga marga, lan mahos selawat sami.
Mapan
datan montra iku, yen dherek layon sayekti, anglir penganten punika, duk lagya
binayang kari, dadya ingkang dherek ika, kang jalma pan tanpa wilis.
Saking
kramating jeng ratu, pinaringan mring Illahi, wanodya bekti mring priya, punika
pratondhaneki, ing jimatan pan lampahan, saking Kawisharja iki.
Mapan
iku kalih dalu, wektu luhur rawuhneki, wonten ing masjid Jimatan, sagung
ingkang dherek sami, tyasira kadya supena, tan luwe tan sayah iki.
Bakda
Ngasar Kangjeng ratu, mlebet ing kluwat puniki, aneng dagane kang eyang,
mengkana mapan lestari, kubur tanana selanya, myang krikil mapan baresih.
Punika
pratandhanipun, yen rinilan ing Hyang Widi, datan ketanggor ing sela, kang
dherek wus mantuk sami, enengna ingkang wus mulya, Kangjeng Sultan kang
winarni.
Sareng
mangkat Kangjeng ratu, mapan tanbuh tyas ireki, rempu wus datan karsa, dadya
liwung mring kang kardi, wus tan krahos aneng donya, nging sanget penamurneki.
Mengkana
pan tedhak iku, mring sendhang satengah kali, mapan mawi pager sela, sing jawi
datan kaheksi, Kangjeng Sultan sesarehan, neng sela pinggir warih.
Tan
wonten kang dherek iku, tedhaknya nanging pribadi, keparak samya kecalan,
tedhaknya tan wonten uning, Nyahi Lurah seca nama, lan Nyahi Soka ngulati.
Mapan
dangu tan ketemu, Panembahan atanya ris, sira anggoleki sapa, lurah kalih matur
aris, ngupados putra panduka, sampun dangu tan kepanggih.
Panembahan
langkung gugup, nulya tumut ngupadosi, mengkana anulya ana, ingkang wong
angangsu bali, dinangu mring Panembahan, dene sira teka bali.
Ingkang
angsu aturipun, putra dalem Sri Bupati, mapan sare aneng sela, sapinggiring
sendhang iki, Panembahan nusul nulya, lawan sagung para putri.
Panembahan
prapta sampun, lawan ngemu waspa iki, Kangjeng Sultan angandika, wonten punapa
kiyahi, pan ayun adus kawula, dereng wonten kang ngladosi.
Lajeng
siram kang sinuhun, mundhut patelesan iki, kinarya namur kang rama, dera pan
eca tyasneki, ri wus mapan kondur nulya, sedaya tan kantun sami.
Sareng
enjang lenggah ikuk, Sang Nata aneng pendhapi, lawan Kangjeng Panembahan, mapan
gagujengan iki, Pangran Ngabdulmajid prapta, myang sagung kang dherek sami.
Esmu
kagyat kang sinuhun, dene prapta meksih enjing, Pangran Ngabdulmajid turnya,
kawula tan nyipeng yekti, pan anglir tiyang supena, tulak kedaloning margi.
Mapan
inggih wahu dalu, nyipeng ing gegulu sami, lawan saKonca sadaya, wus katur
niskaraneki, wus mungel ngajeng punika, mengkana ana wong prapti.
Saking
ing kulur kaburu, nulya kinen dangu iki, mengkana pan aturira, ing kulur dipun
besmani, Ki Maja lawan Pangeran, Suryenglaga mapan gendring. 159. Lumajeng
arebut dhuwung, nanging Pangeran Ngebehi, wahu pan boten kantenan, mengsah
lajeng anututi, wahu satingal kawula, kendel wonten bakung sami.
Di
dalem prajurit sagung, baris wonten wangkit sami, neng pengasih Kyahi Maja,
mesem Kangjeng Sri Bupati, Panembahan gugup ing tyas, mengkana atur ireki.
Apa
nora mingser iku, Sultan sakeh repot iki, ngandika srinaranata, wonten punapa
kyahi, senadyan kapir dhatenga, mantri lebet anyampuni.
Ngandika
ingkang sinuhun, undangen Ki Maja iki, neng pengasih amek apa, gya lumampah
kang tinuding, lurah mantri lebet ika, Mas Prawiradeksaneki.
Tan
pantara prapta sampun, mapan kapethuk ing margi, lajeng sohan mring Nalendra,
dinangu aturireki, mapan sampun wangsul laknat, mila amba mantun yekti.
Langkung
kuwatos tyas ulun, dhumateng paduka aji, mesem Sang Nata ngandika, marang gusti
Basah Kamil, heh Basah sesuk mangkata, lawan sira sun bantoni.
Si
Puthutlawa sireku, ing waja gitiken maning, gusti Basah tur sandika, anulya
luwar sang aji, ing dalu datan winarna, enyjing budhal Basah Kamil.
Kalawan
Raden Tumenggung, Puthutlawa pan angirid, kang mantri lebet sadaya, tan winarna
sampun prapti, ing temon jeng gusti Basah, wus panggih lan Pangran Behi.
Lan
Ngusman Li Basah iku, nulya Kangjeng Pangran Behi, nimbali dhateng kang wayah,
Jeng Pangran Dipanegari, lan Pagelen Basah tiga, samya kinen jebol iki.
Nyabeta
pan saking pungkur, ing ngajeng ingkang nadhahi, pan Basah kalih punika,
sandika samya turneki, nging putu ja melu sira, pan akeh kuwatirneki.
Sampun
dados rembagipun, dalu mapan jebol sami, mring Pagelen Basah tiga, Basah Ngabdullatip
ngirid, enjing lajeng campuh yuda, angsal pitulung Hyang Widi.
Laknattolah
dhadhal iku, mundur marang Kedhu malih, mapan kathah ingkang pejah, nging Islam
wilujeng sami, nanging beteng sampun dadya, pan lajeng kinepung iki.
Mring
Pagelen wetan iku, nulya kondur Pangran Behi, lan Pangran Dipanagara, tan
kantun kang Basah kalih, Pagelen pan sampun mulya, kawarnaha Sri Bupati. –
Ingkang
lagya tyasnya wuyung, nging jeng ratu kang kaheksi, nging sanget pan namurira,
kalamun lagya siniwi, gujengan lawan kang raka, anglir mas kentiring warih.
PUPUH XXXII
MASKUMAMBANG
Lamun
dalu tan harsa sare Nrepati, mengkana tyas sira, paran temahane hiki, wus tan
bisa haneng donya.
Nadyan
silih sida sirna laknat kapir, sapa rewang hingwang, dene teka gampang mami, bendara
dhingini mring wang.
Pan
ning mengko dadi lola hingkang ngabdi, keri haneng donya, mengkana kalamun
henjing, sinamur lenggah pendhapa.
Lan
kang rama myang sagung kang pra ngulami, Pangran Behi prapta, lan Pangran
Dipanegari, Basah kalih sakanycanya.
Hatur
huning lamun mengsah waja sami, kathah hingkang pejah, wangsul dhateng Kedhu
malih, Pagelen pan sampun kerta.
Kangjeng
Sultan mesem hangandika haris, gih paman tarima, Dipanagara sireki, dene nora
mulih sira.
Mring
Pagelen Pangran Behi tur neki, mas putu punika, kedah remen neng ngarsaji,
pikajeng mring Basah tiga.
Basah
Ngabdul Latip mapan kang nyepuhi, ngandika Nalendra, Basah kinen haso sami, wus
luwar Sri Naranata.
Sagung
wadya samya susah tyas sireki, tumingal Nalendra, kelamun sanget prihatin, mapan
ketawis hing netya.
Lan
tan harsa salin kang busana meksih, hagemnya kang garwa, mengkana jemungah
hiki, Kangjeng Sultan miyos salat.
Sabakdanya
Sang Nata lenggah neng mesjid, sagung pra ngulama, mengkana samya tur neki,
hatenapi Kyahi Maja.
Sampun
sanget paduka hingkang prihatin, mesem Sri Nalendra, sun niki nora prihatin,
hiya mring hingkang wus mulya.
Hala
hiki dene bojo lan Agami, nging lestari nira, mapan kang sun prihatinni, dadya
sura pra ngulama.
Kang
pandhita sarip hatennapi kaji, Pangran Behi turnya, punapaha Sri Bupati, meksih
ngagem hagemira.
Kangjeng
ratu mapan dereng salin salin, punika kang dadya, susahe di dalem sami, mesem
Sang Nata ngandika.
Paman
behi puniki pan kajeng mami, drerapon hemuta, donya risak temah neki, putra
sampeyan punika.
Kang
jasmani mapan donya pamaneki, drerapon tus kawula, sampun henget mring kang
werni, lamun boten mekatenna.
Ngupadosa
paman dhumateng hing pundi, kang mirib kewala, werna myang ngibadah neki, Ki
Maja nambungi nebda.
Hinggih
ta lah kawula miharsa warti, duk sinare hika, kramat samargi margi, pratela
heloking sukma.
Mendah
dene miyosa kakung rumiyin, mapan wus pratela, lamun siniyan Hyang Widi, nulya
kondur Sri Nalendra.
Mapan
mundhut ningkah kang sentana hiki, Kangjeng ratu hika, kaprenah nak sanak neki,
lan Dolah Prawiradirja.
Pan
sinareng lawan kang tilaran hiki, Ki Guru Kasongan, karsanya Sri Narapati, mrih
heca tyas sagung wadya.
Dadya
jangkep sakawan ningkah Nerpati, kang sepuh pribadya, kang hibu Pangran dipati,
Den Ayu Retna Kusuma.
Nulya
Raden Ayu Retnaningrum hiki, kang hanem punika, Raden Ayu Retnaningsih, Den Ayu
Retnakumala.
Hingkang
bibi Pangeran Dipanagari, mapan sampun seda, Den Ayu Manubrangteki, kang bibi
Den Ayu Basah.
Raden
Ayu Retna dewati puniki, sampun samya seda, lami kalih sedaneki, duk meksih
neng Tegalharja.
Dadya
sagung ngulama pandhita sami, lan kang pra pratiwa, lan putra sentana sami,
dadya heca tyasnya samya.
Dene
sampun Sang Nata mundhut pawestri, mengkana Nalendra, mapan sangsaya tyasneki,
lamun ningali punika.
Pesarehaning
kang rayi swargi, lan panepenira, dadya nata kondur hiki, dhumateng hing
sambirat.
Pan
sadaya myang repot tan nana kari, tumut ngalih samya, dhumateng hing
Sambiradin, hingkang kantun kawis harja.
Panembahan
lan repot kang sepuh sami, nging jeng ratu hika, hageng mapan tumut ngalih,
dereng tega mring kang putra.
Henengena
Jeng Sultan kang lagya kingkin, yata kang warnaha, Kangjeng Sultan sepuh hiki,
hingkang haneng hing ngayogya.
Mapan
manggung punika den huring huring, dhumateng hing Jendral, sabab kondur tanpa
kardi, pan malah hasring tinerka.
Hapanggiyan
kalawan kang wayah hiki, mapan laknattolah, saking bingungnya tyasneki, Den
Menggung Sastradilaga.
Hingkang
ngradin dhumateng monyca nagari, wus hageng barisnya, wus bedhah hing
Rajekwesi, hing rembang sampun kinepang.
Pan
ning Lasem pasisir wus teluk sami, kantun Surabaya, mapan lagya den ayati,
laknattolah kathah pejah.
Dadya
sanget jeng sultan den uring-uring, susah lajeng grerah, dhasar sampun
mosaneki, pan wus laku sepuh ira.
Nulya
kondur Kangjeng Sultan Sepuh hiki, dhateng rahmattolah, sinarekaken Mentawis,
tunggil kalawan kang Eyang.
Kangjeng
Sultan hingkang jumeneng Mentawis, kang kaping sapisan, Sang Nata ngaturan
huning, kalamun wahu kang Eyang.
Sampun
kondur dhumateng rahmattollahi, sangsaya tyasira, henget mring hubayaneki,
dadya wus tun derbe karsa.
Hingkang
Eyang kang rayi wus kondur dhingin, nging kantun satunggal, Kangjeng Sultan
kang den sihi, Jeng Gusti Iman Li Basah.
Hing
tyasira nging kantun nerahsa yekti, mring purbaning sukma, lamun kinarsakna
hiki, hing dalu siyang sumongga.
Haneng
donya, wus tan hana kang den sihi, Ki Maja punika, mapan asring resah neki,
sebarang parentahira.
Pangran
Behi myang putra sentana sami, lan kang pra pratiwa, nung hanung rembag pan
sami, nuhun parentah kang tata.
Langkung
resah punika dados satunggil, pengulu lan jeksa, pepatih dados satunggil, mapan
Ki Maja sadaya.
Paparentahnya
henjing sonten ngolah ngalih, pajang sapunika, Raden Arya Sindurjeki, sampun
seleh monakawan.
Sabab
hasring punika dipun resahi, marang Basah pajang, nenggih Seh Kasan Besari,
parentahira Ki Maja.
Sabab
kang lér Jatosnem kerebat malih, mring kapir sadaya, dadya Seh Kasan Besari,
ngendhih Den Riya Sindurja.
Raden
Riya hajrih nulya seleh hiki, hing wektu punika, Ki Maja sring muring muring,
sabab sanget hisinira.
Mapan
kathah kelajeng tekabur neki, dadya saya resah, Ki Maja parentahneki, sabab
sanget hisinira.
Hawis
matur dhumateng Sri Narapati, marma samya rembag, sagung kang pratiwa sami,
nuruti Sri Naranata.
Basah
rema tinimbalan sampun prapti, karsane Nalendra, hingkang kinarya pepatih,
westa Den Danukusuma.
Mapan
iku hingkang wus ta lering patih, negari ngayogja, pinaringan nama hiki,
panunggil sami kewala.
Nenggih
Raden Dipati dinurja hiki, mapan ingkang jeksa, lami meksih dherek hiki, westa
Kyahi niti praja.
Nanging
sampun sanget lunges karsa haji, mapan hanakkira, kang kinarsakken gentosi,
paninggih sampun ngulama.
Duk
ing nguni pan dados pathok nagari, dhongkelan punika, pinaringan nunggak semi,
nenggih Kyahi nitipraja.
Kang
pengulu nenggih muridnya pribadi, mapan Kyahi Maja, kang westa kaji mam raji,
lan panuwunnya pribadya.
Kangjeng
Sultan mapan lajeng hanuruti, nenggih Kyahi Maja, karsanira Sri Bupati, mapan
nyentana kewala.
Tunggil
damel lan lawan Pangran hangebehi, dadya suka rena, sagung kang pratiwa sami,
tenapi putra sentana.
Pra
ngulama pandhita sarip lan kaji, mengkana hing roma, kepenakannya pribadi,
Raden Dipati Danurja.
Mapan
nusul tan purun kantuna hiki, putrane kang rama, Raden Dipati kang surgi, mapan
kekalih punika.
Hingkang
sepuh den menggung marta namari, kang hanem namanya, Raden Gondakusumeki, sampun
katur mring Nalendra.
Mapan
lajeng kinasiyan mring nerpati, bekta prajuritnya, kang samya wangsannireki,
tan purun kantun neng Jruma.
Kawandasa
mapan Panjinnya kekalih, samya prawirannya, hanenggih namannireki, Mas Panji
Sontaduwirya.
Lan
Mas Panji Citraduwirya puniki, karsane Nalendra, sedaya pinundhut sami, kinarya
sisiyannira.
Mantra
lebet dadya kiwa tengen niki, dene kang wedana, mapan meksih tetep hiki, den
menggung Mertanagari.
Hingkang
tengen den menggung Puthut laweku, samya kawandasa, Raden Gondakusumeki, mapan
kinnarya wedana.
Ponakawan
pan Mas Kasim lurah neki, hing roma punika, dereng wonten Basahneki, mapan den
hiras kewala.
Nenggih
dhateng Raden Basah Ngabdul Latip, gentya kang winarna, nenggih kang monyca
negari, den Basah Sastradilaga.
Sampun
kathah telukkannira nagari, laknat kathah pejah, Pagelen lawan Mentawis, sepi
datan wonten mengsah.
Nanging
kantun hingkang tengga beteng sami, mengkana Ki Maja, pan kumat tekaburneki,
ngaturi bedhah ngayogja.
Sabab
suwesagung laknat mapan sami, kinnerig sadaya, dhumateng monca nagari, cina
hing Nglasem sadaya.
Mapan
sampun samya manyjing Agami, den Sasradilaga, dadya supe weling haji, hanyjamahi
nyonah cina.
Pan
punika hingkang dados margineki, hapes jurit tira, kapenakkanira sabil, lan
Kangji Muhhamad Kangsan.
Pan
ing pathi lawan bapakipun sabil, tiga sedhereknya, hingkang samya tumut sabil,
lan Raden Mulyakusuma.
Tubin
sabil Raden Sastradilageki, pan lumajeng nulya, dhumateng mentawis malih, cina
kathah pinejahan.
Dening
laknat sabab kanycanya keh mati, datan lami nulya, laknattolah wangsul malih,
dhateng Mentaram sadaya.
Sampun
prapta dadya nagri hing Mentawis, kathah malih mengsah, lajeng karya beteng
hiki, hing baligo tinadhahan.
Mring
dipati Purawan sakoncaneki, lawan Kannigara, mapan hinggih den tawahi, mring
Pangran Sumanagara.
Sakancanya
langkung rame hing ngajurit, pan sadina dina, tan wonten kuciwa sami, dereng
nuhun bantu samya.
Mapan
meksih sami kuwawi nadhahi, mengkana winarna, Kangjeng Sultan kinen kardi,
langgar Halit panepen hika.
Cinelakken
lawan mesjid hageng hiki, Ki Maja haturnya, mapan ngiras makmum hiki, gangsal
wektu bar jumungah.
Kangjeng
Sultan mapan lajeng hanututi, neng langgar kewala, datan kondur kondur hiki,
Sang Nata neng pesanggrahan.
Kang
ngladosi nging Tumenggung tiga hiki, giliran punika, Raden Mertanegareki, lawan
Raden Puthutlawa.
Raden
Gondakusuma hingkang nyaponi, pesareyan nata, Ki Maja haturireki, yen marengi
sri narendra.
Pan
kawula hayun nyambi mulang hiki, paduka mirsakna, Sang Nata mapan lilani, Ki
Maja malih turira.
Padukaji
kekadhangan jalma supi, hantawis punika, kang kresa naming satunggil, mesem
ngandika Nalendra.
Sun
tan weruh hapa karsaning yang Widi, hing wektu punika, jumungah pan dados
kalih, hingkang celak lan Nalendra.
Kawisharja
mapan lawan Sambiradin, ngulami kang mulang, hing celereng mapan satunggil, Seh
Barmawi namannira.
Pan
wus kathah santri hingkang prapta ngaji, dene Sambirata, Ki Maja pemahosneki,
kitab kang hageng kewala.
Pan
gentosan sagung kang prangulama sami, Ki Maja mengkana, wicanten mring pra
ngulami, heh konca sagung ngulama,
Hapa
sira seja talab marang mami, pan nantun kewala, yen tan sedya talab hiki,
hanguran padha metuwa.
Sri
Nalendra mesem sareng hamiharsi, Ki Maja wuwusnya, nulya handika haris, heh
sira Mertanagara.
Puthutlawa
Gondakusuma wus dadi, muride Ki Maja, sabab padha ngrungu hiki, dadi sira kena
kala.
Pan
katiga gumujeng samya tur bekti, yen kenging patikbra, paduka ji hinggih
kenging, Sri Natagumujeng suka.
Mapan
hingsun wus maca kitab pribadhi, hiki mapan tunggal, padha min hajul ngabidin,
lawan muni bilat hika.
Sira
hiku katelu kabutuh dadi, ngalor ngidul kala, samya suka gujengneki, mengkana
wus tan winarna.
Kawarnaha
wahuta hingkang hajurit, laknat sring kuciwa, wungsal wangsul datan dadi, malah
kathah hingkang modar.
Medal
malih kinrerig Magelang hiki, lawan hing ngayogja, sala mapan kang bantoni,
dadya samya hageng ngira.
Hing
baligo lawan kannigara hiki, mapan ki Hurawan, lan Pangran Sumanegari, kawratan
kathahen lawan.
Mas
Tumenggung Martaduwirya pan sabil, tatu dhadhanira, kabrereg wong Islam sami,
hing Kanigara mengkana.
Mapan
Rongga hing gancahan hingkang sabil, pan sareng sadina, samya tatu dhadhaneki,
wus katur marang Nalendra.
Nulya
Raden dipati Danurja sabil, bantoni ngayuda, kalawan kang Basah kalih, budhalan
saprajuritnya.
Sampun
prapta hing Pasekan Den Dipati, nging beteng wus dadya, laknat lajeng tan
medali, samya neng betengkewala.
Hing
baligo lawan kanigara hiki, Basah mapan samya, rembag hagiliran sami, kang
mathoki den Dipatya.
Mapan
lajeng mesanggrahan Den Dipati, hing dhusun ganjuran, sabab hangsal calang
kalih, laknattolah malih prapta.
Langkung
kathah nulya Rahaden Dipati, Basah tinimbalan, lajeng datan mawi gilir, mapan
prang sadinadina.
Yen
kabujung laknat ngungsi beteng sami, nging mariyemira, hingkang den dellaken
hiki, mengkana lajeng bubuhan.
Gusti
Basah ngajengaken mengsah hiki, kang saking ngayogya, lan Pangran Sumanegari,
sakancanipun sadaya.
Basah
Ngusman ngajengaken mengsah hiki, lan Raden Dipatya, hingkang saking Kedhu
sami, lawan dipati hurawan.
Sakancanya
mengkana mapan marengi, kang mengsah Ngayogja, sampun datan saged mijil, pan
hasring kuciwanira.
Kathah
pejah laknat lawan murtad hiki, Kangjeng Gusti iman, Muhamad li Basah nenggih,
mapan pinaringan serat.
Saking
Raden Dipati Danurja hiki, lapur yen sah Ngusman, Li Basah pan mantuk sakit,
lawan Dolah seh kangjika.
Ngabdul
Kadir kenging mriyem dhadhaneki, kontal datan pasha, nanging mapan lajeng
sakit, lan ngantos luntak ludira.
Kang
bulkiya pan nanging kantun satunggil, Seh Dolah kajika, Mustapa sakoncaneki,
jeng Gusti watos tyasira.
Lajeng
tedhak nanging tan bekta prajurit, dhumateng ganjuran, yun panggih Raden
Dipati, nanging prajurit waneng prang.
Hingkang
dherek kawandasa kathahneki, Dolahnyasatunggal, Raden prawira puniki, kusuma
panji satunggal.
Raden
Panji Sumaduwirya sun iki, kang gadhah magetan, mengkana kepareng hugi, kadya
wus karsa Hyang Sukma.
Den
Dipati kahinggahan denning kapir, kaberag yudanya, sagung Islam mawut sami,
sabab sanget henjingira.
Dadya
kagyat mengkana kapethuk nuli, laknat lawan murtad, lan jeng gusti Basah kamil,
ngaturan mundur tan harsa.
Sabab
sampun samya katingal puniki, lingsem yen wangsula, kadya wus karsaning Widi,
prapta marga sabillolah,
Gusti
Iman Muhamad kang Ngabdul kamil, Ali Basah hika, lajeng campuh hing ngajurit,
hing ngedrel kanin kang jaja.
Mapan
lajeng hanrus mring walikat neki, nging meksih neng kuda, hingkang rah
hameratani, marang hing rasukanira.
Gennya
ngasta lawung lajeng rentah hiki, waneng prang tumingal, lamun kangjeng gusti
kanin, dadya sareng nempuh samya.
Kawandasa
mapan sedya kang mbek pati, hingkang gangsal hika, ngunduraken Kangjeng gusti,
ngampingan meksih nengkud.
Lajeng
kuwel sanjata wus datan muni, wahos campuh hika, kalawan sangkuh puniki, laknat
bangkenya gelasah.
Den
Dipati sareng mulat Kangjeng Gusti, yen kanin kang jaja, mapan nulya melajengi,
tumut ngunduraken hika.
Sagung
hingkang prajurit pan wangsul sami, kang lumajeng hika, tumingal waneng prang
hiki, kawandasa ngamuk samya.
Sareng
nempuh lajeng laknat murtad hiki, kalindhih yudanya, sangsaya keh bangke neki,
lawan kang kekecer hika.
Laknat
lajeng samya ngungsi beteng sami, Islam mapan samya, hingkang bujung wangsul
sami, den Panji Sumaduwirya.
Mapan
lajeng prapta hing sabillolahi, hajur kang kunarpa, mapan tatu sangkuh sami,
neng tengah laknat bangkenya.
Raden
Dolah Prawirakusuma kanin, pan kerapanira, kenging mimis tan punapi, liya
punika sadaya.
Wadya
Islam pan samya lujeng puniki, nengna kang winarna, gusti Basah hangranuhi,
sampun tedhak sakingkuda.
Tinangisan
mring sagung prajurit sami, myang Raden Dipatya, lan sagung pratiwa sami,
rumahos tiwas sadaya.
Haneng
tandhu mapan hasring supe neki, hing samarga marga, binekta kondur puniki,
dhumateng hing sambirat.
Hingkang
mikul prajurit lawan Bupati, den Sumaduwirya, liyannya wus den saheni, marang
Rahaden Dipatya.
Sampun
katur dhumateng Sri Narapati, lamun hingkang putra, kanin jaja lawan hasring,
supe hing samarga marga.
Sri
Nalendra kendel tan ngandika hiki, geger sambirat, wurohan swaranning tangis,
Pangran Behi lan Ki Maja.
Pangran
prabu lan pangeran Ngabdul Majid, pan pethuk sadaya, lan Pangran Dipanagari,
Panembahan sampun prapta.
Pan
sedaya lajeng kapethuk hing margi, prapta hing pasowan, sambirat Sri Bupati,
lumajeng methuk kang putra.
Pan
hingaras mustakannira kang siwi, pan henget sakedhap, Kangjeng Gusti haningali,
wahu dhumateng kang rama.
Mapan
lajeng hingkang waspa hadres mijil, wus prapta pendhapa, lajeng sinarekken
hiki, gusti Raden hayu Basah.
Mapan
lajeng nungkemi padanireki, praputri sadaya, sepuh hanom muhun sami, tanapi
jeng Panembahan.
Samya
watos dhumateng Sri Narapati, nging kantun punika, hingkang dados telenging
sih, den Dolah Prawiradirja.
Tinimbalan
tan pantara nulya prapti, dereng mantun hika, labet nanging tan punapi, kenging
pelor wentisira.
Hingkang
garap benggala westa nur ngali, sareng praptanira, Dolah lajeng hanungkemi,
pada sanget tangisira.
Kangjeng
Sultan sangsaya ngles tyasneki, ningali kang putra, langkung dres hingkang rah
mijil, gonda lir garu cendhana.
Nging
jeng gusti pan sampun henget sekalir, lan cetha ngandika, mapan lir waluyaneki,
Kangjeng Sultan hangandika.
Sapa
kulup hiya hingkang sira tuding, hanggenteni sira, yen hana karsa Hyang Widi,
Kangjeng gusti haturira.
Nging
pun Senthot jeng gusti ngandika haris, heh ta Senthot sira, poma den hangati
hati, lawan hingsun jaluk tondha.
Kulit
putih hiku kang minongka bekti, kehe mapan rolas, sabab hiku marga mami, kaya mengkene
hiki hiya.
Hingkang
garap benggala wenggala westa nurngali, Kangjeng Sultan nulya, kondur marang
mesjid malih, sedaya wus kinen bubar.
Hingkang
tengga benggala wan kang rayi, kalawan kang Eyang, Kangjeng Ratu Ageng nenggih,
tan tebih dhukun benggala.
Sareng
dalu hingkang rayi den haturi, sare nunggil hika, rinangkulan ngandika ris,
bendara hanger kariya.
Mapan
hingsun wus tan bisa neng donyaki, Raden hayu nulya, hingkang raka den sukemi,
kalawan hasru karuna.
Lan
benggala dhukun sanget denya nangis, dadya tur huninga, dhumateng Sri Narapati,
nulya kondur Sri Nalendra.
Sampun
rawuh pendhapa nulya Jeng Gusti, pan henget sakedhap, ngabekti marang Nerpati,
lajeng prapta sabillolah.
Kang
ludira langkung kathah hingkang mijil, harum gandanira, lingsir dalu wayah
neki, Kangjeng Gusti kondurira.
Pan
dhumateng hing rahmattolah puniku, hangsala kang marga, hing sabillolah
sayekti, gumuruh sagung karuna.
Hingkang
rayi Kangjeng Gusti hanungkemi, Sang Nata ngandika, dipanegara sireki, gawa den
munduren nira.
Hingkang
layon Kangjeng Gusti Ngabdul kamil, Muhamad li Basah, karsannya Sri Narapati,
ri sampunnya sinahenan.
Mapan
lajeng binekta dhateng surambi, tinengga ngulama, pandhita sarip lan Khaji,
sedalu samya dikiran.
Kangjeng
Sultan lenggah haneng langgar hiki, pan sandhing kewala, lawan layonnya kang
siwi, celak nging let gedhek hika.
Pan
sedalu datan hana kang wong guling, saking sungkawanya, kang putra sentana
sami, kecalan wawrating yuda.
Sareng
sampun bakda subuh kangjeng gusti, hingakat ken nulya, sinarekken kitha giri,
tinunggil seh guru hika.
[hal.23]Hing
kuweron ki pangulu lan ngulami, pandherek sadaya, pandhita sarip lan Khaji,
hingkang jajari neng ngarsa.
Mantri
Lebet den menggung marta nagari, lawan Puthut Lawa, nulya waneng prang nambungi
den Dolah Prawiradirja.
Pan
nindhihi sagung hingkang husar sami, mapan ta rinnengga, hanglir duk jumeneng
neki, yen kala mangkat hayuda.
Kang
salompret tambur mapan datan keri, kelajeng Nalendra, tumut lumampah neng
wingking, tan kantun putra santana.
Saking
dene geng tresna Sri Narapati, dhumateng kang putra, Ki Maja mapan tan kari,
layon medal kawisharja.
Kangjeng
Sultan kendel kawisharja hiki, myang putra santana, mengkana hamertandhani,
mendhung kedhik kang ngakasa.
Mapan
saking kidul kilen dhateng neki, nulya dres kang jawah, dene hingkang dherek
sami, datan wonten kang kodanan.
Kyahi
Maja mengkana hing ngaturneki, punika kang tondha, lamun bale haras nangis,
nenuhun dhateng Hyang Sukma.
Lintonipun
malih prajurit kang luwih, samya krahos tyasnya, Panembahan Pangran Behi, mapan
kumembeng kang wespa.
Kangjeng
Sultan mesem hangandika haris, pan sampun rinasa, punika kang wus hutami, dene
kula lan sampeyan.
Mapan
dereng kantenan karsaning Widi, pan wayah sampeyan, teksih wonten kang
ngurmati, hinggih dhateng layonira.
Kang
pretondha tan hewah rahmating Widi, pan dadya sangsaya, gung putra sentana
sami, kathah kagagasing driya.
Nulya
kondur Sang Nata mring Sambiradin, lajeng manyjing langgar, kathah kreratos
tyasneki rumahos lola donya.
Lurah
Kasim mengkana hingaturneki, duk wahu kawula, dikir subuh pan hudani, dhumateng
putra Nalendra.
Mapan
kados penganten binayang kari, pan nitih jempana, ginarebeg sagung hestri,
hangagem raja keputran.
Kasangsangan
pan sekar sinureng pati, lawan ngagem jamang, rinumpak hing susutyadi,
hanting-anting tebah jaja.
Hingkang
ngadhep pan wanodya kalih sisih, neng nginggil jempana, pinahesan mapan sami,
sekawan samya geng ngira.
Myang
kang werna raja keputrannya sami, dene kang salira, gangsal kadya mas
sinangling, balerengi netra kula.
Ngaler
ngilen miyos sanginggiling masjit, dene kang jempana, pan hanglir surya
lumaris, Sang Nata sujud mring sukma.
Lawan
nebut mapan halkimdulilahi, mengkana winarna, hingkang dherek layon sami,
prapta lajeng sohan nata.
Ki
Pangulu myang sagung kang prangulami, pan dinangu nulya, niskara wus katur
sami, Sang Nata lajeng ngandika.
Heh
pangulu pan wus sisan karsa mami, banjur ngangkat Basah, padha sebaha hing
mesjit, lan kabeh sakancanira.
Ki
Pangulu sandika lengser sing ngarsi, kanjeng Panembahan, [hal.26]hing ngaturan
pan wus prapti, myang sagung putra sentana.
Lajeng
samya kinen sohan wonten mesjid, tan kantun Ki Maja, Pangran Behi kang makili,
dhateng Rahaden Dipatya.
Den
dhawuhken karsanya Sri Narapati, hing sasabilira, kangjeng gusti kang gentosi,
den Dolah Prawiradirja.
Kang
misesa sagung prajurit hing jawi, dene namanira, mapan hinggih meksih lami,
nging wewah Ngabdul mustapa.
Raden
Basah Prawiradirja puniki, kang Ngabdul mustapa, ngulami sami ngestreni,
pandhita putra sentana.
Wus
mupeket myang sagung pratiwa sami, langkung sukarena, mring karsaning Sri
Bupati, mengkana wus tan winarna.
Kang
niskara benggala dhukun nur ngali, sanget tangisira, tinilar mring Kangjeng
Gusti, mengkana sesambattira.
(nomor
ini terlewatkan, tidak ada 195).
Haku
gusti mapan nora bisa kari, hing donya ngakerat, nging kowe hingsun ngengerri,
hing siyang dalu mengkana.
Sasambatnya
nuhun hidi mring nerpati, yun ngamuk pribadya, Sri Nalendra tan marengi, mapan
kinon ngentoshana.
Lamun
sampun pitung dintenya kang siwi, kinon sareng Basah, panglurugnya nging
ngentosi, kang pitung dinten kewala.
Kangjeng
Sultan sangsaya ngles hing tyasneki, mirsa sambattira, benggala dhukun nur
ngali, Khaji haluwi kang winarna.
Nuwun
pamit pan kepengin pejah sabil, mirsa tuturira, punika mas Lurah Kasim,
Kangjeng Sultan hangandika.
Bok
den ririh mongsa wurung besuk kaji, mapan suryagama, nanging sira hotot neki,
lawan Khaji mangsur hika.
Khaji
haluwi humatur sarya hanangis, gumantung tyas hamba, mapan nanging pejah sabil,
kepengin hajeng huninga.
Rahosipun
ganyjarranipun hingsabil, dados suryagama, mapan hawis tangled neki, lan konca
hawis purunnya.
yata
mesem sarwi ngemu waspa haji, kathah kang kegagas, nulya hangandika haris, ya
wus kaji bener sira.
Mapan
hiku yekti wekasaning ngurip, wus sakareppira, mapan hingsun hangamini, bareng
nganur ngali sira.
Kalih
mapan langkung lega tyasnya sami, nulya ngaras pada, wus lengser saking
ngarsaji, sampun panggih Raden Basah.
Mapan
lajeng nuhun dados husar sami, pan wus tan winarna, sareng pitung dinten neki,
den Basah Prawiradirja.
Nulya
budhal sawadya kuswa puniki, mring sawetan praga, wus panggih Raden Dipati, Den
Basah Prawiradirja.
Laknattolah
lan murtad lajeng medali, saking hing Ngayokja, mapan langkung kathah neki,
nulya pinethukken yuda.
Dhateng
Raden Basah Prawiradirjeki, myang sagung pratiwa, pan lajeng campuh hing jurit,
waneng prang kalawan husar.
Mapan
wus nir hingkang subasita sami, bayatan wikara, nging ngesthi yun bela gusti,
hingkang hussar pangiridnya.
Nenggih
Dolah prawira rana lan kaji, hal winurngallika, waneng prang pangiridneki, den
riya kretana dika.
Laknat
murtad pan langkung pangedrel neki, mriyem wus tan munya, hingkang husar tempuh
sami, husar langkung ramenira.
Pecang
mengsah lan wahos wus tan ngundhili, bestul wus tan munya, husar laknat kathah
mati, lumajeng hangungsi samya.
Mring
pelangkir pelangkir wus bubrah hiki, hing ngamuk waneng prang, gelasah bangkene
reki, kanggesang lumajeng samya.
Kajihalwi
lawan benggala nur ngali, wus prapta sabilnya, sareng lan turongga neki, kang
wahos putung kalihnya.
Kang
prajurit waneng prang kalih kang sabil, ponakawanira, Kangjeng Gusti Basah
surgi, pun mukmin lawan pun kaska.
Pan
sekawan samya jur kunarpaneki, tunggil bangke laknat, pan kathah
banyjanganneki, kapal kalawan senjata.
Dadya
sanget laknattolah kendhaneki, lan sanget risaknya, ngantos lami tan medali, Ki
Maja ngot malih hika.
Tekaburnya
sababa sampun pulih, hing prangnya punika, lawan saged ngaben jalmi, kawarnaha
Sri Nalendra,
Hing
tyasira wus telas sengarsi harsi, kanikmattan dunya, nging kantun mring kang
sejati, marma barang haturira.
Den
Dipati lawan Kangjeng Pangran Behi, tiga Raden Basah, Kangjeng Sultan hanuruti,
Pangran Ngabdul Rakim hika.
Lagya
grerah lami tan nindhihi jurit, lawan ki hurawan, mapan hiya lagya sakit, pan
linorod kalihira.
Pangran
Ngabdul Rakim hingkang hanggentosi, nenggih hingkang putra, pangeran
sumanegari, hiku rawan secadirja.
Kyahi
Maja kelangkung hamuring muring, sabab kihurawan, nging punika hingkang meksih
hangadhep sakajengira.
Temahannya
nguring huring mring nerpati, genya mahos kitab, pan kinarya memiringi, kitab lubab
kang winaca.
Genya
karya murid ginepokken hiki, marang Sri Nalendra, sebarang kang murid sami,
Sang Nata mesem kewala.
Pan
Ki Maja saya keh kelajeng neki, barang ngelmi hika, mapan hingngaken pribadhi,
hingkang rinilan mring sukma.
Hingkang
ngadhep ngulama muridnya sami, kang dede muridnya, mapan datan hayun huning,
sabab kathah sring selaya.
Hingkang
murid datan kenging den wahoni, mengkana nujuha, kitab nyatur bab ngulami,
pandhita kalawan khukma.
Hingkang
ngadheppa hulami gangsal puniki, sedaya muridnya, Ki Pangulu den takeni, hapa
tegese ngulama.
Lan
pandhita khukma suhada hiki, Ki Pangulu turnya, kawula pandereng huning, Ki
Maja latah guyunya.
Seprandene
sira padha ngaku Halim, mengkana tan bisa, bedanya sawiji wiji, ki Barmawi
haturira.
Mapan
hinggih tampi kawula kiyahi, sekawan punika, mapan yektos sanes hugi, kajengnya
jingga nomnoman.
PUPUH XXXIII
D U R
M A
Paran
sira Barmawi hiki ran nana, hingkang sawiji wiji, Barmawi haturnya, pan hinggih
kang ngulama, punika yekti tan pisthi, dados khukemma, khukkemma nerambahi,
Nanging
hinggih sing ngulama hawittira, yen wis pinaring pesthi, nugrahan hyang sukma,
lajeng dados khukemma, Ki Maja hanebda malih, mararanana, rupane hingkang
ngendi.
Kang
hulama bedane lawan khukemma, Barmawi haturneki, hinggih kang hulama, mapan
konca sadaya, khukkem sampeyan kiyahi, Ki Maja suka, bener temen barnawi.
Henjang
malih Barmawi nulya den hundang, tan purun Seh Barmawi, saweg hewed mulang,
dadya kantun sekawan, ki pangulu lan ki kawis, lan kidhadhappan, lawan Kyahi
melangi.
Dumugekken
kang rahos wingi punika, Ki Pangulu turneki, tan dugi kawula, sekawan mapan
samya, Ki Maja gumujeng hangingling, dene ta sira, kumaki gelem dadi.
Pan
pengulu hiku luwih habottira, golongan khukmeki, dene kang pandhita, supi
wekasanira, tan bisa parentah jalmi, kang hakeh hika, sabab wekasan tokid.
Dadi
nora kena lamun tinurutta, marang wong hakeh hiki, kejaba khukkema, hiku pesthi
kang bisa, kang tinut mring hakeh hiki, lan tokhid huga, mapan kandhangan
Iblis.
Marmanira
kabeh sira hiku padha, hajananganggo tokhid, duk mirsa Nalendra, sinipi
dukanira, selaminnya den piringi, mesem kewala, kadya karsaning Widi.
Hing
sadinten punika sanget bendunya, heh tamaja sireki, durung tutug sira,
kiyanatte tennira, kitab sira goling Haling, tekaburrira, ngandel ken sira
hiki.
Sugih
murid lan cineluk guru sira, hingsun tan nedya yekti, guru bathangira, lan
sakeh ngelmu padha, pan sira haku pribadi, kang duwe hika, ngelmu kagungan
Widi.
Pinaringken
mring manusa kabeh hika, sing kinarsakna dadi, maja mapan sira, dudu Jeng
Rasullolah, pan padha manungsa yekti, tekaburrira, den neki pati pati.
Kangjeng
Sultan nulya kinen nimbalana, ngulama lawan Khaji, tan pantara prapta, handher
ngarsa Nalendra, ngulami kang sepuh hiki, wot galeh hika, lan Kyahi wonten
nasari.
Khaji
Dolah Badarrodin sakanycanya, sangnata ngandika ris, heh sanak ngulama, lan
Badarrodin sira, hingsun yun takon sayekti, mring ngelmunira, poma haja wewadi.
Den
belaka kabeh hiku hapa sira, padha tan nganggo tokhid, sedaya haturnya, nuhun
duka Nalendra, lamun boten mawi tokhid, pundi marginya, ngabekti mringHyang
Widi.
Pan
wicalan sinuhun mapan sekawan, iman kalawan tokid, makripat lan Islam, kados
pundi genbucal, mila punika ngalampahi, haprang lan laknat, sing parentahe
tokidnya.
Kyahi
Maja sareng mirsa dukanira, lamun sanget Nerpati, langkung hajrihira, nulya
kengkenan hika, mertelakken mring Nerpati, Kyahi Dhadhappan, lawan Kyahi
melangi.
Lawan
kitab kang winaca kinen bekta, wus prapta hing ngarsaji, mengkana haturnya,
pukulun pan punika, kitab kang winahos yekti, dhateng pun paman, tan rumahos
ngewahi.
Mapan
nanging nurut kitab hungellira, saya duka nerpati, heh Dhadhappan sira, hingsun
masan tan nedya, mahoni wirayatneki, mring kitab hika, mahu hingsun miharsi.
Hana
ngucap wong supi tokid wekasnya, pan tokid hiku Iblis, poma haja hana, wong
nganggo tokidhika, lan tan kena tinut jalmi, Kyahi Dhadhappan, mengkana
haturneki.
Pan
kawula tan mireng wahu punika, henggen kawula wingking, ki mlangi hika, pan
tumungkul kewala, datan tumut matur hiki, mapan sangsaya, bendunira nerpati.
Dene
hana ngulama kidib punika, dangu Sri Narapati, mring kang samya seba, Raden
Martanagara, lawan Puthut Lawa hiki, Gondakusuma, hapa sira tan miharsi.
Lamun
hana mahu kang wong hundhang hundhang, katiga matur sami, pandidalem konca,
kados mirsa sadaya, tumungkul Kyahi hajali, nata ngandika, wus lungaha hajali.
Tanpa
gawe padha sinebut ngulama, wus mundur kalihneki, Ki Maja gya prapta, pan hesmu
langkung jrihnya, sarya gumeterturneki, mapan kawula, dremi nirokken yekti.
Hingkang
kitab pan wonten mungel punika, kalamun tokid Iblis, Sang Nata ngandika, heh
tapira Ki Maja, wilangane Islam hiki, dalan ngibadah, Ki Maja hatureki.
Mapan
hinggih nanging sekawan punika, iman kalawan tokid, makripat lan Islam, Sang
Nata hangandika, paran gene nganggo hiki, kang telu hika, binuwang salah siji.
Kyahi
Maja lajeng tumungkul kewala, tan saged matur nuli, Sang Nata ngandika, heh
paran sira padha, ngulama kalawan Khaji, panganggenira, ngelmu kang papat hiki.
Pan
sedaya haturnya dereng kaduga, Sang Nata ngandika ris, mangkane yen hingwang,
lamun during mupakat, padha howah hana mami, hingsun pan lila, hamrih bener
ngabekti.
Hingkang
iman tegese mapan panrima, rehning pinaring hurip, mring alah tangala, tokid
tegese nyata, olahe hanglakoni, maring parentah, habot hendhang tan nampik.
Kang
makripat wus nora roro pan ningal, badan pan rusak hiki, tan tinolih hika,
cipta mongsa kariya, nging karep maring kang jati, purbaning sukma, Islam hing
tegesneki.
Mapan
pasrah wus tan derbe hapa hapa, kabeh purbaning Widi, nging kari sumongga,
dunya kherat wus padha, nging sih hing rabil ngalamin, makluk wus sirna, hiku
pangrasa mami.
Kumpulira
papat tokid haranira, pratondha wus ngantepi, sapawahonana, lamun durung
raharja, hage sun mengkonougi, pan hingsun lila, hamrih mupakatneki.
Hatur
sembah sadaya tumungkul samya, mapan dereng dumugi, lir karsa Nalendra, Ki Maja
ris haturnya, sanes kang hamba rahosi, tokid punika, mapan tokiding Iblis.
Boten
purun sujud mring kang liya Allah, nanging ngekahi jangji, kang huni kewala,
saking Allah tangala, mring Hadam lumuh kepati, mapan punika, kitab
wirahosneki.
Pan
wus bener najan hiku hiya tunggal, lamun wekasan neki, nanging kari pasrah,
Iblis hiku tan hana, pandurung tarima yekti, nungkul lan Hadam, nadyan wong
Islam hiki.
Hiya
nora tarima kungkul lan laknat, padha gendholan dalil, nanging kari hesah,
Islam gendhollanira, mapan jeng rasul lolahi, hiku hupama, jeng nabi Adam
dhingin.
Iblis
hiku dadi dalille silaknat, nurut karep pribadi, hiku prabedanya, wekasane pan
padha, dene jeneng tokid, tan roro hika, nanging rabil ngalamin.
Kapir
Islam pan hiku kinarepan, nanging kari sahiki, laknat mapan batal, sabab Iblis
kang jarah, pan tinut sakarep neki, paran Ki Maja, yen nora nganggo tokid.
Dadi
huripira hiku kaya kaya, dene Islam kang pesthi, hiku yake jarah, marang jeng
rasullolah, sabab hiku kang gedhongi, ngelmuning Allah, tan hana liya maning.
Hingkang
dadya dalan tokid praptanira, marang rabil ngalamin, dene sira Maja, ngaku bisa
pribadya, mapan hiku mokhal pesthi, wus nora nana, kang liya Kangjeng nabi.
Yen
kawula mapanta padha kewala, kang liyanya jeng nabi, singa kinarsakhena, ngelmu
kagungan sukma, dudu sira kang duweni, tekaburira, ngaku elmu mahujuddi.
Sipat
ngelmu ngalim maklum nora nana, liyanya Kangjeng nabi, kang tinut hing ngeslam,
Ki Maja mapan nulya, nuhun hapunten puniki, krerahos kathah, kelajeng wuwusneki.
Sri
Nalendra haris denira ngandika, heh Ki Maja pan huwis, ya hingsun hapura,
senadyan hingsun huga, jaluk hapurane reki, yen wong selaya, hiku mapan
sayekti.
Padha
bahe luputira mring Hyang Sukma, hapa dene mring nabi, Ki Maja pan nulya,
nembah majeng tur salam, kumembeng wispanireki, rumahos kathah, halat mring Sri
Bupati.
Ri
sawusnya mapan wus datan winarna, kalih dinten wetawis, mapan nyahi maja,
gadhah hanak punika, lajeng konduran ngemasi, Kyahi Maja, langkung prihatineki.
Bojonira
kalih palestra sadaya, kathah hanakke reki, kang meksih lit samya, Sang Nata
langkung welasnya, mapan nulya den trimani, hingkang sentana, Kangjeng ratu
kang surgi.
Rondha
hanem mapan dereng gadhah putra, hayu kuning tur sugih, nenggih namanira, Raden
hayu punika, prawira diningrat nguni, riwusnya ningkah, nulya ngalih nameki.
Raden
hayu Maja mapan sapunika, mengkana kang winarni, nenggih Kyahi Maja, langkung
suka pirena, yen mring masjid wira wiri, dalU siyanga, datan tanak halinggih.
Sampun
lama nulya kumat malih hika, marma yen dhasar pesthi, nora kena howah, wus
karsaning Hyang Sukma, Ki Maja sring memiringi, mring muriddira, Kyahi pangulu
haji.
Imam
raji dadya sowan mring Nalendra, pan saking hajrihneki, hewed patrapira,
dhumateng Kyahi Maja, hayun hamabeni hajrih, pan guronira, marma seleh,
pribadi.
Kangjeng
Sultan mapan haris hangandika, paran sira maN raji, dene seleh hika, hapa sabab
hira, Ki Pangulu haturneki, tan wonten sabab, saking bodho sayekti.
Dereng
saged sumerep rahosing kitab, marma balangkung hajrih, pan mangke sumongga,
kang karsa Sri Nalendra, hamba sampun tan kadugi, mesem Sang Nata, mapan sampun
hudani.
Hingkang
dados pakewedde hing tyasira, Kyahi pangulu haji, nulya Sri Nalendra, lajeng
nimbali hika, Dolah Suryagama prapti, ngarsa Nalendra, seh Kaji Badarrodin.
Ris
ngandika heh kaji sun kongkon sira, dhawuhna karsa mami, mring si paman Maja,
dene saselehira, pangulu kaji mam Raji, si paman Maja, hingkang sun kon
genteni.
Dadi
hiku pan wus nora ketanggungan, kaya dhek Demak dhingin, wali pangulunya,
Suhunan Kudus hika, Dolah Kaji Badarrodin , lengser sing ngarsa, Ki Maja pan
marengi.
Datan
wonten hing masjid linggih nenggriya, lawan den hayuneki, pan lagya pasiyan,
neng mesjid datan tanak, Kaji Badarrodin prapti, wus pinanggihan, lenggahan
neng pendhapi.
Kaji
Badarrodin dhawahaken nulya, timballaning nerpati, Ki Maja sahurnya, lajeng
bengis kewala, heh Dolah kaji sayekti, mapan kawula, boten nedya hangimpi.
Lamun
dadi pangulu dika haturna, pan sanget lumuh mami, nanging dadi iman, punika
remekula, kalamun pareng nerpati, nanging punika, hingkang kula bumeni.
Kaji
Badarrodin mengkana sahurnya, sampun leres Kyahi pan sanes punapa, pengulu
lawan iman, mila karsanya nerpati, kadya punika, mrih sampun hewed Kyahi.
Milanipun
hanak pangulu kajika, seleh kawula dugi, saking heweddira, hajrih dhateng
sampeyan, mapan sampeyan kang teksih, ngimani hika, lan saru tingalneki.
Yen
pangulu makmun dados tanpa karya, nenggih yen den tingali, Kyahi Maja nulya,
mapan sanget srengennya, dhateng kang ji Badarrodin , hasru hanebda, heh Kaji
Badarrodin.
Mapan
dika tan sumurup ngelmunira, yen iman lawan kali, mapan benah huga, Mekah
hanglir punapa, pan dika weruh pribadi, Dolah haturnya, hinggih leres kiyahi.
Nanging
Mekah sadaya pan kawisesa, mring sultan ngrum sami, pan tan wonten nata,
sekawan mapan samya, sarip Basah iman kali, nanging punika, hisine hingkang
nagri.
Pan
sekawan punika gadhahi karya, hing ngrum kula tan huning, nenggih tatanira,
dene hing jawi punika, pan satunggil huger neki, wakilnya tiga, pangulu jeksa
patih.
Marmanipun
karsanira Sri Nalendra, sampeyan kinarya wakil, pangulu punika, drerapon gadhah
karya, Ki Maja nyentak habengis, pan kula huga, dede bebetting kali.
Dika
matur yen mung niku karepkula, Dolah mundur wus prapti, hingarsa Nalendra, gya
matur saneskara, mapan tan ngantos dumugi, Sri Naranata, bendu yayah sinipi.
Nulya
kondur saking langgar Sri Nalendra, datan ngandika hiki, sagung kang neng
ngarsa, pan langkung hajrih hira, rawuh pasanggrahan haji, lenggah pandhapa,
nulya kinon nimbali.
Hingkang
paman Pangran prabu sampun prapta, lan Pangran Ngabdul Majid, Pangran Behi
mapan, nuju sepi punika, nganglang gung baris pan sami, nata ngandika, heh sira
Ngabdul Majid.
Hingsun
kongkon tundhung hiku simaja, neng kene tanpa kardi, mundhak karya hika, hewuh
sabarang karya, wus tita lamun tan becik, hatine hiya, sebarang makewuhi.
Paman
prabu sampeyan tumut lumampah, sandika turnya kalih, wus lengser sing ngarsa,
kalih pan sampun prapta, wismane Ki Maja sami, mapan wus panggya, lajeng dipun
dhawuhi.
Kyahi
Maja karsanira Sri Nalendra, hing sadinten puniki, dika kinen kesah, saking
hingSambirata, pundi kang dika dhemeni, sampun kalilan neng ngriki makeweddi,
Kyahi
Maja mapan langkung hajrih hira, mengkana haturneki, punika pangeran, mapan
wonten punapa, kawula tan ngrahos yekti, kalamun dosa, bilih kalintu tampi.
Sri
Nalendra dereng tererang kang pamirsa, pangeran Ngabdul Majid, mengkana
sabdanya, pan kula tan huninga, hingkang dadi duka yekti, Ki Maja turnya, wahu
seh Badarrodin .
Dipun
gutus dhawuhi dhateng kawula, nenggih pra kawis neki, pengulu punika, nenggih
wangsulan kula, kahol khak hujarring ngelmi, bilih menawa, Badarrodin ngewahi.
Badarrodin
mapan nulya tinimballan, mring Pangran Ngabdul Majid, tan pantara prapta,
dinangu haturira, kawula boten mewahim malah tur kula, dereng ngantos dumugi.
Sri
Nalendra lajeng kondur tan ngandika, Pangran prabu nambungi, dhasar Kyahi Maja,
sok dhamen gawe duka, gelem tan gelem mahiki, handika lunga, mapan sadina hiki,
Mokhal
lamun sinuhun kakilappan, mring karep dika hiki, Ki Maja sahurnya, nuhun hinah
kawula, hayun hasowan pribadi, ngaturken hika, pan wirahosing ngelmi.
Hingkang
hekak Pangran prabu hangandika, mong Kurang nerpati, kang ngelmu lir dika,
mapan mongsa kilappa, dika yun seba tan keni, Kyahi Maja, tumungkul langkung
hajrih.
Pangran
Ngabdul Majid malih hangandika, paran mangke tur neki, marang Sri Nalendra, Ki
Maja haturira, boten gadhah hatur malih, nging nuhunhnnah, Pangran dinten
puniki.
Pangran
Ngabdul Majid nulya kondur hika, lawan kang paman hiki, Pangran prabu prapta,
hing ngarsa Sri Nalendra, wus katur niskara neki, pan tan winarna, Ki Maja kang
winarni.
Hing
sadinten punika sanget bingungnya, nedha rembag pan sami, kang para ngulama,
kang dede murid hira, hangleresaken kar[hal.48]saji, hingkang muridnya, kendel
sami tan hangling.
Sareng
sampun bakda ngisa Kyahi maka, dhateng dalemmireki, nenggih Kangjeng Pangran,
Ngabdul Majid wus prapta, mapan hing ngaturan ngirid, sowan Sang Nata, pangeran
datan hapti.
Mapan
hajrih nging punika wangsulannya, Ki Maja lajeng prapti, marang dalemira,
Pangran Dipanagara, pan samya wangsulan neki, kados kang paman, mengkana kang
winarni.
Kangjeng
Sultan sareng sampun bakda ngisa, miyos dhateng pendhapi, kinen nimballana,
kang rayi lan kang putra, Pangeran Dipanagari, mapan kalawan, pangeran Ngabdul
Majid.
Kalih
sampun prapta ngarsane Nalendra, dangu prakawis nguni, nenggih Kyahi Maja,
Pangran haris haturnya, kados sanget kuwur neki, dugi kawula, hing wahu mapan
prapti.
Wisma
hamba saweg kesah sapunika, Pangran Dipanegari, mengkana haturnya, pan hinggih
sapunika, pun khaki mahosan meksih, wisma kawula, wahu yun tumut hugi.
Sowan
nanging kawula kang boten suka, bilih ngenget hangengeti, pan datan ngandikan,
wahu teksih neng ngrika, Sang Nata ngandika haris, hapa karyanira, jeng Pangran
hatur neki.
hamba
taken yun sowan ngaturken hika, nenggih rahosing ngelmi, pan kawula tedha, mugi
den wicantena, kawula hingkang nyagahi, matur Nalendra, nging datan suka hiki.
Wicantennya
pun khaki ngelmi khak hika, kalawan langkung ghaib, sampeyan pangeran, pan
mongsa sumerepa, sanadyan kang pra ngulami, mapan sadaya, dereng sumerep sami.
Sri
Nalendra mesem haris hangandika, kejaba ngelmuning belis, kene hingkang longka,
yen ngelmune wong Islam, wus pesthi mupakat yekti, sagung ngulama, marma heling
sun dhingin.
Pinelingan
mas lurah lan ki Papringan, lamun wekasaneki, Ki Maja hakarya, ngrubeddi
barangkarya, hiki wus pratela yekti, hingsun pribadya, hingkang maha sayekti.
Hiki
nyata mas lurah barang hujarnya, lawan Ngabduldhingin, yen datan raharja, Ki
Maja hing tyasira, dereng dumugi sebdaji, Ki Maja prapta, lajeng sowan nerpati,
Hesmu
kagyat Sang Nata nulya ngandika, heh ta Maja sireki, prapta hamek hapa, hingsun
tan ngundang sira, Ki Maja matur hesmu hajrih, mapan kawula, sohan yun matur
yekti.
Menggah
ngelmi hingka hain Sri Nalendra, lahiring kreraton mangkin, kang gaib punika, Allah
lawan Muhamad, pan Allah tan nyata yekti, nanging Muhamad, punika hingkang
lahir.
Hanglir
iman kalawan pangulu hika, lahir kalawan batin, Sang Nata duk mirsa, mring
haturnya Ki Maja, mapan langkung bendu neki, hasru ngandika, heh maja sira
eblis.
Durung
tutuk karepira harencana, mring sun salawas neki, Ngabdul Majid sira, hingsun
harep tetanya, matura hingkang sayekti, hapa ta sira, hiya gelem ngabekti.
Mring
si Maja lan sira Dipanagara, myang sarupane hiki, kang neng ngarsaning wang,
lanang wadon matura, den belakaha jakelir, poma ta padha, pangeran Ngabdul
Majid.
Hatur
sembah dewa ji mapan kawula, dereng sumerep yekti, Ki Maja haturnya, Sri
Narendra ngandika, heh ta hiya Ngabdul Majid, Allah muhkhamad, loro tan nyata
siji.
Nging
Muhamad pan hiku lahiring Allah, kang tinut Islam hiki, pan nanging Muhamad,
Allah pan nora nyata, Dul Majid hupamaneki, hingkang nagara, masjid gedhe
sayekti.
Mapan
ratu hiku hupama lir iman, yen bodho tan sayekti, hangimani hika, sabab kang
punjul hana, hing sajrone masjid hiki, hiku si Maja, ngaku punjul pribadi
Marmanira
dadi wakil tan narima, maksih nungkul lan mami, yen pengulu hika, meksih wakil
haranya, lan iman benneh sayekti, iman mesesa, paran sira Dul Majid.
Lawan
kabeh hiku hingkang padha hana, hingsun takon sayekti, hapa padha rila,
hangratu mring Ki Maja, sedaya haturnya sami, karya punapa, mapan tan kirang
yekti.
Abdi
dalem ngulami kados Ki Maja, Ki Maja langkung hajrih, konangan kajengnya,
gumeter haturira, pan punika sanes tampi, panuhun hamba, kados Mekah pan naming.
Sri
Nalendra mesem haris hangandika, heh hiya Ngabdul Majid, hiku wis pratela,
lamun Iblis ngrencana, hature pan bolak balik, mengko hing Mekah, hingkang
kinarya dalil.
Den
harani hingsun durung mikir baya, nadyan Mekah Dulmajid, papat hiku badan, dene
nyawane hiya, samengko neng ngrum hiki, pan Kangjeng Sultan, hing ngrum kang
masesani,
Sira
dhenger Pangran Ngabdul Majid nembah, pukulun tan kadugi, jeng sultan ngandika,
pan badan hupamanya, negarahiku Dulmajid, iman ratunya, pangucap hingkang patih.
Kang
pangulu paningal tegese hika, jeksa pamirsa hiki, dene gung gahota, prajurit
hupamanya, paran Ki Maja sireki, tumungkul hika, tan saged matur malih.
Pangran
Ngabdul Majid mengkana haturnya, pukulun kados pundi, punika sadaya, mapan
bingung tyas hamba, Sri Nalendra ngandika haris, marmane sira, hiku den
mejanani.
Bener
hingkang ngarani tan weruh hika, mengkene Ngabdul Majid, iman tegesira,
lahiring ngurip hika, pan manungsa pratelaneki, pangulu hiya, lahiring rasa
pesthi.
Pan
ing netra nyatane hing mengko hika, jeksa pamirsa hiki, lahire hingakal, kuping
pratelanira, patih pan pangucap hiki, nepsu lahirnya, lesan pratelaneki.
Pan
mengkana duk neng danyu meneng hika, juluk bubuwan siji, hiya kang wisesa,
hingsun kinen masrahna, papat hapa kang sun pilih, tunggal kewala, pan hiku
karep neki.
Kang
den helih nanging haranya kewala, dhingin gene ngarani, ratu wali hika, mukmin
lawan pandhita, dene ratu Ngabdul Majid, pan hiya iman, iman pan hiya hurip.
Mapan
wali hiku rasa jaten nira, pengulu haran neki, dene kang pandhita, hangun-angun
hukiya, mapan jeksa haran neki, mukmin pan hiya, Ngabdul Majid pan budi.
Dadi
haran patih mengko lahirrira, paran gene hamethil, pan saben manungsa, hiku
padha kewala, dene suniki dul majid, karsa Hyang Sukma, haneng hing tanah jawi.
Pan
kinarya kalih jeng rasul lolah, dadi pangirid sabil, Islam lawan laknat,
panugrahan kewala, pinundhutarina wengi, tan weruh hingwang, hiku kagungan
Widi.
Mapan
kudu jinaluk hiku wong ngapa, pan tekabure dadi, kitab hampunganya, pan dumeh
bisa mawa, mara jupuk kenden haglis, pan kitab hira, wastanen ngarsa mami,
Lamun
nora sira hiku pan wus kena, marang khukum molahi, wus ping telu sira,
ngrencana marang hing wang, Ki Maja sareng miharsi, langkung jrihira, gumeter
ta tur neki.
Mapan
sampun iman pangulu sumongga, kang kinarsakken haji, hamba sampun lila, Sang
Nata sru ngandika, heh Maja liwat sireki, karya pitenah, hiya sapa kang wani.
Lamun
meksih sira hiku nora lunga, jer kitab nora keni, lamun sira lunga, samengka
hingsun bisa, golek kang luwih sireki, pretandhanira, hiku Khaji maraji,
Tur
tadhingin hiku panuhunira, lan murid hira yekti, saprandene huga, hiku silih
tan bisa, saking pangucappireki, sadina dina, pan manggung memiringi.
Pan
sakhiki pratelane hatenira, yen tan selamet yekti, selawase hika, sun turut
haturira, sakeh layang sun tan keni, yen mangsulana, haturira pan dalil.
Kuran
hiku hingkang haduwe parentah, mengko wekasaneki, pan sira pribadya, hingkang
jaluk wasesa, heh Ki Maja sira hiki, kelamun meksa, tan nurut karsa mami.
Mesthi
sira sun kukum lawan hagama, sabab wus tela yekti, yen ngrusuhi sira, manggung
karya rubeda, lah mara matur ramaning, yen meksih hana, ngelmunira kang kari.
Kyahi
Maja tan saged malih matura, kelangkung hajrih neki, Sang Nata ngandika, heh
Ngabdul Majid sira, sesuk sebaha sireki, lan mertalaya, kancanira Bupati.
Hingkang
haneng hing kene padha sebaha, sandika turnya kalih, wus kondur Nalendra,
manjing mring pasanggrahan, lingsir dalu wancineki, kawarnaha henjang, mengkana
Pangran Behi.
Dalu
prapta denira nganglang barisan, henjang sowan pan sami, gung putra santana,
kang haneng Sambirata, lawan kang para dipati, pepak sadaya, haneng pasowan
sami,
Sri
Nalendra wus miyos lenggah pandapa, lajeng kinen nimbali, kang putra santana,
prapta ngarsa Nalendra, Bupati pan meksih kari, haneng pasowan, Sang Nata
haningali.
Mring
kang paman Pangran Behi sampun prapta, mesem nata ngandika haris, paman duk
punapa, hangsal sampeyan prapta, lan punapa lujeng sami, kang neng barisan,
Pangran Behi turneki.
Wahu
dalu pukul songa hamba prapta, habdi dalem kang baris, pan lujeng sadaya, mesem
Sri Naranata, hing wingking wonten prakawis, kabetah kula, paman prabu ngadani.
Lajeng
samya sinamur lan gugujengan, mengkana kang winarni, nenggih Kyahi Maja, sedalu
datan nendra, sareng henjang ngundang hiki, kang pra ngulama, myang Dolah
Badarrodin .
Pan
tinantun lawan samya mahos kitab, hestu leres nerpati, mengkana Ki Maja,
langkung kaduwungira, kathahen haturireki, lawan tinetah, mring sagung
prangulami.
Dolah
Khaji Badarrodin mapan nulya, kinen sohan nerpati, hanuhun hapura, sagung
halatnya samya, hingkarsa sampun, ngladosi, mapan sumongga, nanging panuhun
neki.
Ketibipun
hingkang sami ngulaminya nenggih Khaji Maraji, lan Ki Kawis hika, Barmawi Ki
Dhadhapan, Ketib lami mapan sami, linorod hika, dinadosaken modin.
Nging
punika panuwunipun Ki Maja, hinggih bilih marengi, mesem Sri Nalendra, ngandika
mring kang paman, nenggih Pangeran Ngebehi, mapan tan hewah, kekah dhasar
sayekti.
Wahu
dalu pan sanget srengen kawula, sapradene pan meksih, tekabur punika, ngaken
saged pribadya, Pangran Behi haturneki, leres Nalendra, mila sampun tan
kenging.
Hing
ngewahan henget sakedhap kewala, dhumateng ngelmi neki, lamun kabetah, yen
dhangan supe nulya, hing siyang kelawan latri, tekaburrira, nging punika kang
pesthi.
Khaji
Badarrodin tumungkul kewala, Sang Nata ngandika ris, paman pan sampeyan, kula
kengken lumampah, mring masjid ngadegken hiki, pengulu Maja, lan panuwunya
sami.
Mapan
sampun kula tututti sadaya, kabeh meluwa hiki, marang mesjid padha,sandika
samya turnya, sagung putra sentaneki, lawan bupatya, wus rampung karsa haji.
Nulya
kondur Sang Nata hamesanggrahan, mengkana Pangran Behi, myang putra santana,
lan sagung pradipatya, sedaya dhumateng misjid, wus tan winarna, kawarna sampun
lami.
Hing
Pagelen mapan kahinggaghan laknat, kelangkung hageng neki, dadya tan kuwawa,
Basah Ngabdul Muhyika, kalawan Basah Dul Latip, mapan hing ngrema, dereng dipun
tanemi.
Basah
marma dadya kether jurittira, nging sidha teng Mentawis, Pagelen sadaya,
mondhok hing Wates samya, wus katur marang Nrepati, Sri Naranata, nulya kinen
nimbali.
Raden
Basah Prawiradirja wus prapta, lan saprajuritneki, saking wetan Praga, dadya
nging kantun hika, bulkiyah kang meksih baris, neng wetan Praga, lawan Raden
Dipati.
Lajeng
kinen mantuk lawan tata tata, karsanya Sri Bupati, kinen ngantukhena, mring
Pagelen sadaya, mengkana hingkang winarni, hing sambirat, kinggahan laknat
kapir.
Saking
Kedhu kelangkung hing hagengira, medal jeksa puniki, Pangeran Pakuningrat,
lawan Jayapideksa, tan kuwawi hanadahi, hatur huninga, dhateng Sri Narapati,
Lamun
mengsah saking Kedhu langkung gengnya, hayun mring Sambiradin, mengkana wus
prapta, laknat hing Penanggullan, geger Sambirata nguni, gung repot samya, pan
wus minggah ngardi.
Sambirata
marengi suwung punika, prajurit nanging kedhik, Mantri Lebet hika, pan naming
kawandasa, lan nuju Jumungah hiki, Kyahi Maja, karsanya Sri Bupati.
Mapan
kinen dumugekna gennya salat, Jumungah mapan sami, lawan Suryagama, Suranata
kelawan, bar Jumungah mapan sami, para ngulama, Sri Nalendra pribadi.
Kang
methukken sagung putra santana, Bupati lebet hiki, kang dherek Nalendra, nging
ngampil Punakawan, gamel kadados pengarsi, nging kawandasa, Mantri Lebet kang
ngirid.
Raden
Menggung Martanagara kalawan, Raden Puthutlaweki, den Gondakusuma, prapta hing
dhusun Monggang, laknat prapta Tanyjung hiki, hajeng hajengan, nanging marmane
Widi,
Laknattolah
menggah datan lajeng hika, denyana kathah hiki, barisnya wong Islam, mempen
neng padhusunan, Kangjeng Sultan kang kaheksi, haneng hing marga, lan putra
sentaneki,
Myang
Bupati mapan samya kekapallan, denya na husar hiki, dhateng laknattolah, dadya
nata barisnya, riwus nulya hamarani, dhusun hing Monggang, hingkang den
mariyemmi.
Mantri
Lebet kawan dasa datan hewah mempen neng dhusun sami, mengkana Ki Maja, riwus
Jumungah bakda, lajeng nusul prapta sami, tigang gendera, saya kathah kaheksi.
Laknattolah
sangsaya hangatya-hatya, tinerka methuk jurit, mengkana Ki Maja, pan
harembaggan samya, kalawan Pangeran Behi, lamun sembada, Sri Nata den haturi.
PUPUH XXXIV
S I N O M
Mapan
ngundurran kewala, sabab habdi langkung kedhik, seprandene Sambirata, sapunika
sampun bersih, punapa den kekahi, yen
pareng hingkang sinuhun, benjang henjang kewala, sinabet pun laknat kapir,
hanimbali Raden Dipati Danureja,
Lan
Seh Ngusman Hali Basah, datan tanggel benjing enjing, sagendhinge laknattolah,
dene sapunika yekti, mengkana Sri Nalendra, wus dhahar Mantri Lebet nulya kinen
dhawuhana.
Mundur
nanging ywa ketara, kinen turut mapan sami, sampun mundur Sri Nalendra, ngaler
ngetan lampahneki, dhateng Ngreja sahiki, sareng wus tebih kadulu, Islam hing
lampah hira, laknat nerka yen ngingeri, nulya lajeng laknat manyjing Sambirata.
Sang
Nata rawuh Ngrejasa, nulya Kangjeng Pangran Behi, matur dhateng Sri Nalendra,
Basah Prawiradirjeki, lawan Pagelen sami, hanyabetta saking kidul, prayogi
dhinawuhan, Ki Maja datan ngrembaggi, sabab sampun libur den Prawiradirja.
Pan
ngangkat karya pribadya, badhe langkung hawratneki, Raden Dipati punika, dereng
wonten kaya neki,Sang Nata wus nuruti, mring Ki Maja haturipun, gandek sampun
lumampah, nimbali Raden Dipati, geganycangan lan Seh Husman Hali Basah.
Pangeran
Sumanagara, kelawan Secadirjeki, mapan tan kalilan bekta, meksih hakantun
habaris, haneng sawetan Pragi, mengkana gandhek wus rawuh, sundhuk lan Den
Dipatya, dhawuhken timballan haji, langkung kagyat Raden Dipati Danurja.
Lan
Seh Ngusman Hali Basah, gya nembang tengara nuli, budhal lan sawadya kuswa,
Basah lan Raden Dipati, prapta sakilen pragi, wektu mahrib kendel sagung, samya
salat sadaya, bakda salat Den Dipati, lan She Ngusman sampun prapta hing
Ngrejasa.
Wus
panggih lan Kyahi Maja, tenapi jeng Pangran Behi, hing ngirid sowan Nalendra,
wus cundhuk lan Sri Bupati, mengkana haturneki, yen pareng hingkang sinuhun,
benyjing henjing kawula, haturi tedhak ningali, lepen tubah ngriki kacelakken
mengsah.
Wantu
samya kathahira, Islam lawan laknat kapir, bilih ramening ngayuda, tan wande
prapta hing nriki, mengkana Sri Bupati, sampun dhahar haturipun, Den Dipati
Danurja, henengna kawarna henjing, Kangjeng Sultan wus tedhak mring lepen
tubah,
Raden
Dipati Danurja, wus nembang tengara jurit, gumregut wadya bulkiya, mengkana
hingkang winarni, Raden Basah miharsi, Prawiradirja puniku, kalamun sambirat,
kalebet tan laknat nuli, Raden Basah sigra hanembang tengara.
Lan
sagung Pagelen samya, nenggih Basah Ngabdul Latip, lan Basah Ngabdul Muhyika,
pan langkung gregutnya sami, Basah tiga puniki, kalawan prajuritipun, pan
sareng praptanira, kalawan Raden Dipati, pan saking ler lan Seh Ngusman Hali
Basah.
Den
Basah Prawiradirja, mapan lajeng nempuh jurit, tan kantun Basah kalihnya,
Tumenggung Rongga lan Panji, nanging kendel Ngabehi, hingkang binekta puniku,
prajurit jajar samya, Pagelen tinilar sami, haneng Wates saking kidul Basah
tiga,
Laknat
langkung bingungira, kinepang neng Sambiradin, hingkang ler Raden Dipatya, lan
Ngusman Li Basah hiki, kang kilen hingkang baris, Pangran Pakuningrat hiku,
lawan Cakranagara, Jayapideksa tan kari, laknattolah mapan lajeng nempuh hika.
Ngaler
ngilen hundurira, binereg Den Basah hiki, pan saking kidul punika, laknattolah
kathah modir, rut lepen marga neki, yun medal hing marga hiku, pan sampun
cinegattan, mring Ngusman Li Basah hiki, kang tinempuh dadya Pangran
Pakuningrat.
Hing
Toya Kendel wus prapta, sayah laknat mogok nuli, mapan langkung pangedrelnya,
tan kendel mariyem neki, nanging sakedhap hiki, laknat lajeng lampahipun,
prapta hing Tunjung nulya, samarga dipun tangledi, bangkenira kekecer laknat
samarga.
Mogok
neng Tanjung punika, Mantri Lebet kawan desi, mengkana Sri Naranata, kinen
samya tulung jurit, Raden Mertanagari, lan Raden Puthutlaweku, Raden
Gondakusuma sampun mangkat sing ngarsaji, sakancanya lawan sampun kathah
prapta.
Raden
Dipati tumingal, lan Basah sekawan hiki, yen Mantri Lebet tumedhak, dadya
langkung hajrih sami, Dolah Rongga lan Panji, Ngabehi pan sareng nempuh, tan
mawi suba sita, laknat yudanya kalindhih, langkung kathah bangkenira
laknattolah.
Lumajeng
pan sampun prapta, Penanggullan mogok malih, pan kadya pengagengira, Husar
punika kang kenging, ngantos dangu mogokki, handandani bangkenipun, kang
pengagekewala, dene laknat hingkang Halit, pan tinilar kekacer sahenggenira.
Mapan
meksa tan kuwawa, laknat pan lumajeng malih, saya kathah hingkang modar,
mengkana kasaput wengi, Islam pan kendel sami, mapan dereng huntungipun, tan
telas laknattolah, pan kathah bandhangan neki, kang senjata kuda mengkana
winarna.
Islam
pan lujeng sadaya, satunggal nanging kang prapti, hing sabillolah punika, mas
Panji Dasamukeki, liwung pengamuk neki, ngantos putung wahosipun, hajur
kunarpanira, nging kathah kang labet sami, wadya Islam kenging pelor tan
punapa.
Seh
Muhamad, Ngusman Li Basah, kenging mringyem kontal hiki, mapan dhawah saking
kuda, kudanya lajeng ngemasi, nanging pitulung Widi, tan pasah Seh Ngusman
hiku, mapan wus tan winarna, kawarnaha Sri Bupati, datan harsa kondur dhateng
Sambirata.
Tomadigda
kinen karya, nenggih pesanggrahan malih, hing Pengasih namanira, mengkana Raden
Dipati, kinon wangsulla malih, dhateng pambarisanipun, lawan Ngusman Li Basah,
dhumateng sawetan Pragi, Basah tiga wus kinen mantuk punika.
Mring
Wates hatata tata, badhe mring Pagelen sami, mengkana Sri Naranata, mapan
mesanggrahan meksih, mring Kedhu gubah hiki, hangentosi dadosipun, genya karya
punika, pesanggrahan tan winarni, sampun dadya nulya kondur Sri Nalendra.
Mring
Pengasih sawadyanya, rawuhira tan winarni, mengkana Raden Dipatya, mapan tampi
suratneki, saking Residen hiki, Palek hing Magelang hiku, Jendral Dhekok
kajengnya, pan meksa ngajak bedhami, lamun sampun kangge seratnya punika.
Palek
kinen hapepanggya, rumiyin lan Den Dipati, mengkana hatur Nalendra, kang surat
dhateng Pengasih, Sang Nata hanimbali, dhumateng Ki Maja hiku, kalawan hingkang
paman, Kangjeng Pangran hangebehi, mapan samya tinantun serat punika.
Kyahi
Maja haturira, kalawan Pangeran Behi, dadosa duk jahalanang, pan langkung
tangeh puniki, ngelmi kital tan kenging, yen mawi bedhami tuhu, lamun sampun
berraat, yen kapir tan hasrah dhiri, mapan kathah hingkang sesiku punika.
Mekaten
Raden Dipatya, tan sumerep ngelmi pasthi, boten wande kalepattan, lamun tamtuwa
kepanggih, hageng sisikuneki, dhumateng hing ngelminipun, wantu dereng huninga,
dhateng sikuning Agami, Sri Nalendra dadya dhahar haturira.
Kang
paman lan Kyahi Maja, mengkana Raden Dipati, tan kalilan lamun panggya, lan
Residhen Kedhu hiki, mapan wus tan winarni, Jayanagaran winuwus, mapan tamiyan
mengsah, Kurnel Salwe westaneki, mapan ngirid sagung wadya hing ngayogya.
Karya
beteng hing Siyangan, mengkana dipun tangleddi, mring Raden Jayanagara,
sakanycanira bupati, hing sakidul yokjeki, lan wetan ngayogya hiku, myang
prawira tamtoma, langkung rame siyang latri, datan nuwun bantu mring Raden
Dipatya.
Tinantun
meksih kaduga, laknat kapir kathah modir, mengkana bupati hingkang, prapta hing
sabillolahi, kang sentana nerpati, pangran demang putranipun, Raden Senakusuma,
pan hajur kunarpaneki, pan kelajengke loloh pengamukira.
Lawan
Bugis kalih hika, pan Rongga Dhaheng Markinycing, Ngebehi Dhaheng Marewang,
beteng hing Siyangan dadi, Kurnel Salwen puniki langkung resah prerangipun,
wong ili pinejahan, lanang wadon myang bebayi, yen kecandhak mapan rinampet
kewala.
Sedaya
daya puliha, sabab laknat kathah modir, semana kidul ngayokja, mapan kathah
hingkang sahid, mengkana Den Dipati, mapan harembaggan hiku, lawan Rahaden
Basah, Prawiradirja tenapi, Pangeran Behi yun matur hing Sri Nalendra.
Rahaden
Jayanagara, pan den suwun hundurneki, sabab winestanan tiwas, rumeksa hing
tanah neki, rembag katiga sami, den Basah lega tyasipun, marma lami punika, tan
dhateng Pagelen nuli, Raden Basah mapan hewed hing tyasira.
Dhumateng
Rahaden Basah, Ngabdul Latip pan sayekti, mengkana tiga rembagan, mapan Basah
Ngabdul Latip, sinuwun mring nerpati, ginentosaken puniku, dhateng Jayanagara,
kadya wus karsaning Widi, pan hing wektu punika sagung punggawa,
Mapan
panas pinanasan, tenapi Ki Maja hiki, mapan langkung panasira, dhumateng Raden
Dipati, lan dhateng Pangran Behi, Sang Nata wus huning hiku, lamun sagung
punggawa, yen mengkono mapan sami, nging Sang Nata wus mupus karsa Hyang Sukma.
Mengkana
hestining driya, nadyan sirna laknat kapir, hiya teka tenah jawa, kaya wus tan
bisa mami, mring saliming tyasneki, mring wong jawa kabeh hiku, dadya hangles
tyasira, kagagas kang samya surgi, marma barang haturnya catur punggawa.
Pangran
Behi Kyahi Maja, den Basah Raden Dipati, Sang Nata nurut kewala, sabab
hinggalih wus sepi, mring rahmat hing donyeki, kang sinuhun mring Hyang Agung,
pan nanging teteppira, sagung kang nglampahi sabil, lawan sahid sagung Islam
tanah jawi.
Jalu
hestri rare hika, hangsala supangat Nabi, Muhamadsam kang mustapha, nanging sih
Rabilngalamin, hing siyang lawan latri, Kangjeng Sultan kang sinuwun, marang
Allah-ta-ngala, teteppe kang iman sami, katrimaha sabil sahidnya sadaya.
Ngantepi
Islamnya samya, nglampahi parentah dalil, hing Kuran pan hayat kithal, nanging
sih rabbilngalamin, hing akherat puniki, tetepa hingkang sinuhun, mengkana
mapan nulya, Raden Jayanagareki, tinimbalan mring Pengasih sampun prapta.
Tan
kantun wadya tamtama, tigang ngatus kathahneki, pan samya tumut sedaya.mengkana
wus den dhawuhi, lan Basah Ngabdul Latip, tan kalilan mantuk hiku, mring
Pagelen punika, mapan kinon hanggentosi, mring lampahanira Den Jayanagara.
Prajurit
kinon masrahna, myang sagung kang pra dipati, sakidul yogja sadaya, mring den
Basah Ngabdul Latip, mapan wus tan winarna, nanging tamtama puniku, Ngabehi
Panji Rongga, kawandasa kathah neki, kedah tumut dhateng Raden Janegara.
Mengkana
karsa Nalendra, Raden Jayanagareki, kinarya sisihanira, Raden Puthutlawa malih,
prajurit tamtameki, kawandasa dadya hiku, mapan sisiyanira, lawan Mantri Lebet
malih, sabab Raden Tumenggung Martanagara.
Lan
Raden Gondaku[hal.75]suma, karsanira Sri Bupati, kinarya Basah hing Rema,
Mantri Lebet tumut sami, kang bektanya pribadi, mengkana wus tan cinatur, pan
lajeng kinen mangkat, Basah tiga badhe hiki, nging pinilih hingkang tan kalilan
bekta,
Binantonken
den Dipatya, sedaya tan wonten keri, tur kiyabarkiyahika, karkiya suraya sami,
mandhung waneng prang hiki, lan Basah Pagelen hiku, Ngabdul Muhyi punika,
saking Wates budhal sami, prapta ngelak lajeng pinethukken yuda.
Nanging
let lereng punika, denya jeng-ajengan baris, dadya naming mariyeman, tan hana
kang miyatani, nengna kang lagya jurit, Ki Maja hingkang winuwus, sampun
karsaning sukma, tan marem hing tiyasneki, weling hatur mring Pangran Ngabehi
nulya.
Nuwun
pamit mring Nalendra, yun nglampahi perlu hiki, ngaten hayun hangradina, Pajang
lan nuhun denter jurit, gangsalatus puniki, Bulkiya kang tigang ngatus, Seh
Husman Hali Basah punika hingkang pangirid, Mangkuyuda lan Tumenggung Brajayuda.
Samya
nyatus prajuritnya, jangkep gangsal hatus hiki, mapan langkung tiga welas, lan
konca methakan sami, hanak hurawan hiki, mapan hinggih kula suwun, lan
Tumenggung hing Pajang, hingkang kapelajeng sami, mapan badhe kula hantukhaken
samya,
Pangran
Behi hangandika, yen kenging bok sampun Kyahi, hingkang ngadhep Sri Nalendra,
mapan tan wonten Kyahi, kula sring kesah hugi, Ki Maja mapan sumahur, kados
pundi pangeran, yen tan ceceker pribadi, mapan kathah hinggih hanak putu kula.
Punapa
hingkang tinedha, hing benjing wekasaneki, pedah sampeyan sentana, nganggura
dipun hingoni, lan sagung senapati, yen sampeyan gadhah kayun, hinggih mongsa
lepata, pan kawula tiyang halit, lamun boten pangeran pados pribadya.
Pangeran
Ngabehi nebda, punika geseh kiyahi, hatur dika mring Nalendra, nenggih parentah
hing dalil, nanging hanglar Agami, punika salamenipun,yen niyat ngulari tedha,
mapan batal sabil neki, datan hangsal pan mindhak hangsal duraka.
Yen
hamrih tedha kewala, pan sampun rampung rumiyin, punika duk jahalannang, Ki
Maja sumahur bengis, sampeyan hanyageddi, rumiyin kawula hiku, sedaya kang
parentah, Sri Nalendra nanging dremi, pan hing mangke wonten Rahaden Dipatya.
Pangeran
Behi ngandika, senadyan mangke kiyahi, pan meksih wonten handika, parentahira
Nrepati, hingkang hinggil pribadi, lamun mekaten puniku dika pun patrima,
kaprentah Raden Dipati, sabab Basah kaprentah hadhi Danurja.
Yen
mekoten karep dika, nuwun dadi Basah hiki, puniku wekasanira, Ki Maja
sahurireki, sinten sinten puniki, kang parentah hinggih purun, nadyan wonten
nginggila, kalamun boten pekasila, gih pangeran punika mindhak punapa.
Gumujeng
Kanjeng Pangeran, dene teka geseh Kyahi, kalawan hatur handika, mring nata
selamineki, Ki Maja sahurneki, sampeyan tan huning tuhu, lamun ngelmi punika,
mawi Tennajullam-turki, Pangran Behi mesem aris hangandika.
Kyahi
wedi kawula, lamun matura pribadi, pan hanging ngatur kawula, handika matur
pribadi, mengkana sampun kering, prapta ngarsa kang Sinuhun, sampun katur
niskara, mesem Sang Nata nglilani, pan wus huning sakajengira Ki Maja.
Nanging
hingkang tyas Nalendra, mapan wus sedya ngantepi, sebarang kang wus kawedal,
ngandika mring Pangran Behi, kinon maringi tulis, mring Raden Dipati hiku,
barang panuhunira, Ki Maja wus den lilani, sampun lengser kalih singarsa
Nalendra.
Mengkana
wus tan winarna, kawarnaha hingkang jurit, den Basah Prawiradirja, lawan Basah
Ngabdul Muhyi, Raden Martanagari, mapan tanpa wekas hiku, let lereng
mariyemnya, tan kendel hing siyang latri, dadya rembag dalu samya jebol hika.
Medal
Pinatak margannya, laknat mapan tan hudani, heca dennya mariyeman, Raden Basah
gelarneki, sagung mahosan sami, hingkang kinon baris hiku, sampun prapta hing
Kroya, Basah tiga badhe sami, myang prajurit pan datan kantun sadaya.
Sanget
samya sayahira, sabab dalu lampahneki, harip lawan medal ngarga, marma samya
tilem hiki, tanyana den tututti, prajurit pan samya susul, kalawan Basahira,
laknat prapta ngepung nuli, lajeng ngedrel sinareng mariyemira.
Langkung
gugup Raden Basah, lan sagung prajurit sami, nambur nylompret lan dandan,
nenggih Basah Ngabdul Muhyi, hingkang medal rumiyin, lan ngirid lan Husar
sagung, hing Pagelen sadaya, hing jawi dhusun wus prapti, lagya baris pan
lajeng binuju nulya.
Dhateng
Husar laknattolah, mengkana sagung prajurit, riwus denira hadandan, mapan
sareng medal sami, tan ngantos tata hiki, laknat lajeng nempuh purun, mariyem
wus tan monnya, nanging ngedrel senjalit, mapan nanging senjata mungel ping
tiga.
Islam
sareng henjingira, mapan nurut kukus sami, pan lajeng caruk kewala, sangkuh
lawan wahos hiki, laknat mapan kalindhih, Raden Prawiradirjeku, mengkana
wuwusira, mring Raden Martanagari, lamun kang mas tan nelasaken punika.
Mapan
wande dados Basah, sareng miharsa puniki, den mengku Martanagara, pan langkung
bramatyaneki, kalawan hingkang rayi, Raden Gondakusumeku, wus nir sagung hing
baya, pan liwung pengamukneki, ngantos putung watos hagemnya pribadya.
Nulya
nyandhak malih hika, wahos hampilanireki, den Basah Prawiradirja, tilarane
Kangjeng Gusti, Basah hingkang suwargi, Kyahi Macan namanipun, dadya telas
sadaya, laknat kedhik hingkang hurip, Mayor Bokus lan Raden Sindunagara.
Kalih
pan samya lumawa, nging Sindunagara kanin, mapan kantun wahosira, wasiyat
namanireki, ki Wotha maleleki, bangke laknat mapan tumpuk, lan kang kekecer
samya, pitung atus kathah neki, wadya Islam hingkang prapta sabillolah.
Pan
Lurah Mandhung satunggal, Mas Behi Niti raneki, prajurit tatu sadaya, nanging
samya tan punapi, kathah bandhangan neki, mapan warna warna hiku, mariyem kalih
punika, sapelor sendawaneki, senjata lit tigang atus myang bandhangan.
Punika
mapan handhungan, myang badhe sangkelat hiki, yatra mapan kathah hika, kapal
punika kejawi, hangsalnya tiyang siti, wus radin Pagelen hiku, hingkang tengah
punika, Raden Basah lajeng hiki, dhateng Rema kendel dhusun lajer hika.
Netepaken
Raden Basah, Mertanagara puniki, prajurit rema sadaya, lan Pagelen kilen
prapti, duk nguni mapan sami, prajurit ngungsi mring gunung, nging Dolah Panji
Rongga, kang samya dhateng Mentawis, sampun pepak sewu prajurit sadaya.
Pagelen
kilen punika, kang tengah sewu pribadi, Basah Ngabdul Muhyi hika, nanging
hingkang wetan meksih, kancikan laknat hiki, mengkana hingkang winuwus, Kurnel
Kaleres hika, mapan langkung nepsuneki,hing risakke Mayor Bokus balanira.
Kinerig
sagung kelana, Kurnel nindhihi pribadi, datan kantun Mayor hika, langkung
kathah balaneki, mapan wus budhal hiki, sing Kedhung Mahesa hiku, mengkana
Raden Basah, Prawiradirja puniki, mapan sampun hing ngaturan huning hika.
Mring
Basah Ngabdul Muhyika, lamun laknat handhatengi, mapan langkung kathahira,
nulya Raden Basah hiki, nata sagung prajurit, nanging tadhah karsannipun, Basah
Ngabdul Muhyika, hingkang kinen baris ngarsi, mapan samya prajurit pinara tiga.
Den
Basah Martanagara, kang dadya pengawat kering, kanan den Prawiradirja, nenggih
Basah Ngabdul Muhyi, minongka dhadhaneki, mengkana katingal sampun, laknat pan
lajeng hika, tata baris ngedrel nuli, pan binarung kalawan mariyemira.
Prajurit
Pagelen tengah, pan kalindhih yudaneki, binnereg mring laknattolah, Basah
Prawiradirjeki, mapan nulya ngabani, nyabet saking kanan hiku, Basah
Mertanagara, hingkang nyabet saking kering, laknattolah mapan kathah hingkang
modar.
Kalindhih
laknat yudannya, Islam mapan bereg sami, Kurnel mapan langkung kurdha, gya
ngabani husarneki, kelana kang pangirid, Kapitan Huta puniku nulya hanginum
samya, wus tan sedya mundur hurip, gulung majeng pelangkir kang lumakya.
Dadya
wangsul malih samya, lajeng campuh hing ngajurit, husar mapan samya husar,
dharat panggih lan pelangkir, langkung ramening jurit, mapan dereng untungipun,
tan telas laknattolah, samya wuruh ing ajurit, den Tumenggung Gondakusuma
winarna.
Kenging
mriyem wentisira, dhawah kudanya ngemasi, nging Raden Gondakusuma, hangsal
pitulung Hyang Widi, labet datan punapi, mengkana kasaput dalu, lajeng sapih
kang yuda, laknattolah kathah modar, bangkenira pan binekta mundur samya.
Kang
hageng-hageng kewala, laknat bangkenya kang ngalit, tinilar mapan gelasah,
mengkana Islam kang prapti, dhateng sabillolahi, Dolah Sontaduwiryeku, lawan
Citraduwirya, Mas Panji Singa puniki, hingkang labet jajar Islam gangsal welas.
Nanging
samya tan punapa, dadya pur samya durneki, mengkana pan sareng hinjang,
laknatan medali malih, lajeng mundur mring kemit, mengkana hingkang winuwus,
Raden Prawiradirja, nantun mring kang raka hiki, Raden Basah Mertanagara
punapa.
Kedugi
sampun den tilar, rumeksa mring bawahneki, den Basah Martanagara, wangsulanira
kadugi, lawan berkat Nerpati, mengkana Pagelen sampun, kilen lawan kang tengah,
padhang laknat mapan sami, neng jro beteng sampun datan saged medal.
Den
Basah Prawiradirja, mengkana hingkarsaneki, mring Pagelen hingkang wetan, mapan
meksih peteng hiki, pan nulya den tanemi, Basah nenggih putranipun, Pangran
Behi punika, dados Dolah Kariyeki, namanira Raden Prawirakusuma.
Dados
jangkep Basah tiga, Pagelen wus pulih malih, den Basah Prawiradirja, nenggih
hingkang den tenggani, tanemannya pribadi, neng Pagelen wetan hiku, tan mati
tur huninga, dhumateng Sri Narapati, denya ngangkat den Basah Prawiradirja.
Dhumateng
Rahaden Basah, Prawirakusuma hiki, mengkana mapan wus lama, nging laknat tan
saged mijil, Pagelen padhang sami, Raden Basah nulya mantuk, mring Mentaram
sawadya, kuswa mapan datan kari, lajeng sowan dhumateng Sri Naranata.
Hangaturaken
bandhangan, nenggih kang mariyem kalih, lan wahos cotha malela, myang pelor sun
dawaneki, kalawan matur malih, kelamun Pagelen hiku, wetan panti naneman, Basah
Dolah Karniyeki, dene hingkang kawula gentosken hika.
Nenggih
pun Suramustapha, kang huni Panjinireki, nenggih Di Dalem Karkiya, mesem Nata
ngandika ris, ya wus tarima mami, myang sarupanning sagung, kang padha ngangkat
karya, nanging tyasira Nerpati, hesmu gela mring Basah Prawiradirja.
Sabab
handingini karsa, hinguni pan tan wineling, lamun Pagelen kang wetan, nenggih
kinen hananemi, Basah wus tan winarni, mengkana Ki Maja hiku, mapan sampun
lumampah, dhumateng sawetan Pragi, nging selaya lan Seh Ngusman Hali Basah.
Seh
Ngusman hayun mopoha, hajrih timbalan Nerpati, yun tumut datan kadugi,
dhumateng Ki Maja hiki, lawan Dolah satunggil, Seh Khaji Ngabdul Kadir-ku,
marma hanongga krama, yen den hajak mangkat hiki, nging semados dereng pepak.
Dadya
lami Kyahi Maja, mapan datan mangkat hiki, nenggih dhumateng hing pajang, hesmu
kaduwung puniki, haturnya mring Nrepati, hayun wande isin kangkung, sare
Ngusman Li Basah, tan kenging tinantun hiki, hing tyasira hingkang hingaben
punika.
Nenggih
prajurit Bulkiya, Seh Ngusman Li Basah hiki,
kang badhe kinarya bondha, nanging Seh Ngusman wus huning, marma tan
purun hiki, mring Ki Maja kajengipun, lamun badhe selaya, Ki Maja sahaturneki,
marmanira She Ngusman hawrat tyasira.
Mengkana
Kyahi Maja, langkung kewran hing tyasneki, rumahos kathah klajengnya, denira
matur nerpati, myang mring sesamineki, dadya nantun muridipun, nenggih Kyahi
Dhadhapan, pan kelawan Kyahi mlangi, haturira kalih pan kadugi hika.
Ngangge
dalil mansawa hika, sabab wenang dening langip, pan ngudurna nging sakedhap, Ki
Maja dadya nuruti, mring ture murineki, Kyahi Dhadhapan puniku, pan sinekajeng
nulya, Ki Dhadhapan mring Melathi, lajeng panggih lan Mayor Wiranagara.
Dadya
tanggel tinanggelan, sabab mayor muridneki, duk halit neng mlangi hika, tan
winarna niskareki, nulya wamya hababahi, panggih canten hiku kalih, pan dados
marga, Dhadhapan mayor hiki, neng melangi wus sumados dintenira.
Ki
Maja panedhanira, residhen pangulu patih, hing Sala Yokja sadaya, Mayor mapan
hanyagahi, nging nedha kendelneki, sagunging haprang sedarum, sagah Kyahi Maja,
nulya hatur surat nuli, mring Pengasih wus katur mring Sri Nalendra.
Duk
tupiksa hingkang surat, nata langkung bendhu neki, wahu dhumateng Ki Maja,
mengkana timbalanneki, heh basakhena hiki, mapan durung tutug tutug, maja karya
rencana, olehnya manggung bagusi, yen mangkono hiya dhingin hana hapa.
Mapan
sagung kang bicara, dene nora nana dadi, turhiku hiya kang ngajak, saben saben
Jendral hiki, lan masrahake huwis, tanah Jawa kabeh hiku, seprandene tan dadya,
hujare ngelmu tan keni, dene mengko hingkang den bicara hapa.
Residhen
yun temu hika, lan Danurja nora keni, tutur lamun Kuran hika, hingkang nora
hanglilani, tur nora miwitti, pan derma Residhen Kedhu, gawa layange Jendral,
satuture sun turuti, durung lawashupama lamun laliya.
Dene
banget karya nistha, telusuran luru hurip, tuture lamun tan kena, wus tita
lamun tan keni, ginugu hujarneki, ngulama haparanneku, mapan salawasira, gung
bebeka karyaneki, lan maningnge mapan wus hakeh ngulama.
Wong
Islam Khaji pandhita, sarip lan sentana sami, kang wus padha sabillolah, dene
angisin isinni, donya serama pati, mapan nora sedya hingsun, lamun
Allah-tangala, iya nora hanglilani, hing luhure Islam hingkang haneng Jawa.
Agami
nabi Muhamad, sun tedha hasirna sami, haneng donya tan pa karya, mapan sun
sedya belani, marang kang padha sabil, jer hiku parentahingsun, kabeh wong tanah
Jawa, Islam hingkang padha sabil, mapan hingsun kang duweni karya.
Hanjaluk
menenging haprang, hingsun mapan tan nglilani, mengkono maning Ki Maja, bicara
sun tan nglilani, lamun tan wani jurit, hangur kon bali hiku, Badarrodin pan
sira, sun kondhawuhna hiki, mring Ki Maja yen mengkono karsaningwang.
Lawan
maning dhingin sira, mampira Danurja hiki, layang gawanen balekna, Dolah Khaji
Badarrodin, sandika haturneki, nembah nulya lengser hiku, singarsa Sri
Nalendra, tigang dinten nulya prapti, Dolah Khaji Badarrodin lawan bekta.
Paturannira
Ki Maja, lawan kang ngiringken hiki, punika pan hayat Kuran, hinggih kang hamba
lampahi, nulya Sri Narapati, hanimbali ngulameku, kang meksih kantun samya,
prapta per ngarsa Nrepati, lawan Khaji pandhita lawan ngulama,
Heh
sanak Khaji ngulama, hingsun yun tanya sayekti, mapan hiki ayat Kuran, hapanan
nan seman sawah hiki, pajara kang sayekti, mapan hingsun tan sumurup, mring
nanan seman sawah hika, sedaya samya turneki, mapan hestu sampun yen mansawah
punika.
Agami
Nabi Muhamad, lapal punika kang kenging, duk halame Nabi Musa, lapal punika
kang kenging, pan samya haturneki, Kaji Mamraji puniku, lan Seh Barmawi hika,
nulya kinen hamangsuli, Dolah Khaji Badarrodin mring Ki Maja.
Kalamun
wus tan kalilan, sebarang paturanneki, nging kinen mantuk kewala, lamun datan
purun jurit, Kyahi Maja puniki, sareng tampi suratipun, Den Dipati Danurja,
mengkana timbalanneki, Sri Nalendra langkung hajrih kaduwungnya.
Mring
sagung paturannira, sedaya kang wus kawijil, mapan hing salamenira, kathah kang
kelajeng yekti, dhateng Sri Narapati, yun mantuk wirang kelangkung, lawan kang
prajanjeyan, lan mayor mapan wus dadi, nanging kantun ngentosi dinten kewala.
Mengkana
hestu hapangya, mapan haneng hing melangi, Ki Maja lan sagung samya, kang den welingaken
hiki, mapan pepakkan sami, Sala lan Ngayogya hiku, Mayor tan kantun hika, tan
winarna bicareki, Kyahi Maja lajeng sowan Sri Nalendra.
Mring
Pengasih sampun prapta, lajeng jujug haneng mesjid, nulya weling haturika,
marang Dolah Badarrodin, nuhun sohan nerpati, Khaji Badarrodin hiku, lajeng
sowan Nalendra, Sang Nata mapan marengi, lenggah haneng surambi langgar punika.
Khaji
Badarrodin turnya, pun paman lamun marengi, nuhun sohan hatur salam,
sakanycannipun ngulami, ngandika Sri Bupati, mapan hingsun wus tan hayun,
salaman lan wong bisa, mapan hingsun bodho yekti, bok menawa nenulari
bodhoningwang.
Heh
Badarrodin tutura, marang Ki Maja sireki, Dolah Badarrodin nulya, mundur
singarsa Nrepati, lan Ki Maja wus panggih, sampun winnertanan hiku, timbalanning
Nalendra, lamun tan harsa pepanggih, lan sampeyan, lawan tan manis kang sebda.
PUPUH XXXV
DHANDHANGGULA
Kyahi
Maja sareng hamiharsa, lamun Nata tan harsa pepanggya, tumungkul krasa tyase,
lamun gung lepatipun, hatenapi mring ngelmineki, rumahos lamun tiwas, barang
haturipun, hingkang sampun kalampahan, dadya sanget nelongsa sajroning ngati,
marang Allah-tongala.
Hatenapi
dhumateng jeng nabi, dadya medal Ki Maja luhira, ngrahos barang kadudone, nulya
haris hamuwus, wahu marang seh Badarrodin , handika humatura, dhumateng sang
prabu, kawula nuhun sapisan, hangabekti dhumateng Sri Narapati, mapan sedya
kawula.
Hanglampahi
hing karsa Nrepati, Dolah Khaji Badarrodin nulya, wangsul matur mring Sang
Katong, Sang Nata ngres tyasipun, sareng mirsa hing ngaturneki, she Badarrodin
nulya, tinimbalan hiku, lawan sagung kang hulama, lawan Khaji hingkang badhe
tumut sami, wus samya prapta ngarsa.
Kyahi
Maja nulya hatur bekti, jawab hasta lawan Sri Nalendra, hesmu kumembeng
wespane, hanglir wekasan pangguh, Khaji lawan kang pra ngulami, sedaya pan
mengkana, marma datan dangu, Sang Nata hangres kang driya, duk tumingal
dhumateng Ki Maja hiki, kadya karsaning sukma.
Mapan
lajeng kinon mangkat sami, datan ngantos matur Kyahi Maja, tan winarna
niskarane, mapan wus prapta hiku, nenggih wetan hing pragi malih, Seh Ngusman
Hali Basah, hing ngundang tan purun, lawan Seh Dolah Khajika, Ngabdul Kadir
dadya hingkang tumut nanging, Dollah Khaji Mustapha,
Nanging
lawan kanycanya pribadi, datan pepak sedaya mengkana, sagah samya nusul bahe,
nanging Tumenggungipun, hingkang pepak Mangkuyudeki, Hurawan Brajayuda,
sadilaga hiku, Tumenggung Pajang sadaya, datan tumut samya gela hing tyas neki,
dhumateng Kyahi Maja.
Dadya
nanging nak muridnya hiki, lan sedherekira hingkang milya, nanging kathah
kantun mangke, murid sedherekipun, hingkang sampun sami ngulami, sabab kiyahi
maja, sring selayanipun, kalawan Sri Naranata, lan ngelmunya sring nyelakhaken
hiki, dhateng Kyahi Dhadhapan.
Kadya
sampun karsaning Hyang Widi, Kyahi Maja kuwur manahira, datan kantenan kajenge,
mengkana sareng dalu, lajeng mangkat mring pacoh hiki, gangsal atus wetara,
hingkang ngiring hiku, mapan lajeng tinurutan, Kurnel Lebron Ki Maja haturan
huning, kalamun tinurutan.
Mapan
lajeng kinen ngatiyati, sareng henyjang laknat pan katingal, Islam sampun baris
mangko, pan tan kuciwa hiku, Kyahi Maja hemut tyasneki, dhumateng ngelminira,
lan karsa sang prabu, sedya sabil karsanira, sampun nyandhak wahos yun ngawaki
jurit, sagung kang pradipatya.
Lan
prajurit samya ngrebut sami, Ki Mlangi wus ngagem sanjata, sedaya wus nedya
rempon, sareng ningali hiku, Kyahi Maja yun nyalirani, Khasan Besari mapan, wus
humpetan hiku, mengkana Kyahi Dhadhapan, mapan sanget genira matur puniki,
Kyahi prayogi sabar.
Pan
kawula yun nyoba kariyin, methukhaken dhumateng punika, menawi sahe kajenge,
wus karsaning Hyang Agung, Kyahi Maja kendho tyasneki, mengkana Ki Dhadhapan,
lumajeng mring ngayun, ngawe-hawe tanganira, Kapitan Rup mengkana nulya
nimbangi, sampun samya pepanggya.
Nulya
samya nyapih kang prajurit, Kurnel Lebron marek nulya panggya, kalawan Ki Maja
mangko, dadya wus sahe hiku, sareng dalu Ki Maja hiki, sing weringin hika,
Kurnel nyipeng hiku, neng Beteng Pelem mengkana, sareng henjing Ki Maja dipun
haturi, mring Kelathen bicara,
Wus
dilalah karsaning Hyang Widi, Kyahi Maja gampang manahira, pan wus tan winarna
mangko, mengkana kang winuwus, Sri Nalendra miharsa warti, kalamun Kyahi Maja,
mring Kelathen hiku, langkung ngungun hing tyasira, mring prajurit hing kang
samya tumut hiki, lawan hingkang predikan.
Pitung
dinten pan hantawis neki, Sri Nalendra mapan nuju lenggah neng surambi langgar
mangko, hingkang sohan neng ngayun,Badarrodin lawan Barmawi, Puthutlawa
kalawan, Jayanagareku, ngrahosi mring Mangkuyuda, lawan sagung hingkang samya
tumut hiki, handangu ngelminira.
Mring
Barmawi lan Khaji Mamraji, hapa hingsun tan holih duraka, sabab kang lumaku kabeh,
mapan parentah ingsun, kejabane Ki Maja hiki, pan kareppe pribadya, Barmawi
turipun, kados boten pramilanya, sabab sampun paduka dhawahken hiki, wande hing
lampahira.
Tan
pantara Mangkuyuda prapti, mapan lawan Seh Khaji Mustaphi, Mlangi wona kramane,
kagyat Sang Nata dulu, gya hingawe sekawan sami, lumajeng ngaras pada, samya
nangis hiku, Sang Nata hangles kang driya, lon ngandika wus padha menenga hiki,
mara sira tuturra.
Pan
sekawan samya haturneki, lamun tiwas di dalem sadaya, wus katur sanes karuna,
mangkya Ki Maja hiku, mapan haneng Surakerteki, Khaji Dul Latip prapta, samya
nangis hiku, pan sarenti dhatengira, Sri Nalendra mengkana ngandika haris, wus
hajana rinasa.
Pan
gantungan wong haneng donyeki, begja lara pati nora bakal, wus padha muliha kabeh,
nulya luwar Sang Prabu, Kyahi Maja wus tan winarni, mengkana Sri Nalendra,
hanimbali hiku, mring Basah Prawiradirja, lan kang paman Kangjeng Pangran Behi,
sampun prapta hing ngarsa,
Sri
Nalendra hangandika haris, mapan dangu Pagelen wartanya , Den Basah halon
hature, sampun padhang sedarum, laknattolah tan saged mijil, hingkang langkung
keringan, Pagelen sedarum, habdi dalem basah tiga, mapan hanging den Basah
Mertanagari, kelamun kesah nglalang.
Laknattolah
samya hineb kori, nadyan silih lumampah pribadya, laknat kelangkung kawuse,
Sang Nata malih nantun, mring kang paman Jeng Pangran Behi, kula mapan yun
kesah , mring Pagelen hiku, ngupados pangulu hika, kalih dolan sampeyan tengga
hing wingking, kalih wayah sampeyan.
Lawan
Basah Prawiradirjeki, pan katiga sandika turira, Den Basah haris hature, punapa
kang sinuhun, nenggih boten mundhut prajurit, Sang Nata ris ngandika, wus tan
susah hiku, hing buri poma den yitna, mapan hingsun yun lunga tanpa karyeki,
nanging wong jro kewala.
Kang
sun gawa lawan Ngabdul Majid, paman prabu kabeh pan sun tinggal, prajurit nging
papat bahe, Tamtama Suryagameku, Mantrijero Suranateki, lawan kabeh ngulameku,
kang prelu hayun sun pilihi padha, ngulama Pagelen hendi, kang dadi prayoga
gentenhana.
Mring
Ki Maja kang penguloneki, pan sedaya sandika turira, henjang nulya budhal
katong, Ki Jayacapa hiku, pan tinilar karsa Nrepati, budi haneng gedhogan, lan
medal luhipun, nyahi lurah Seca nama tur huninga lamun Jayacapa nangis, nulya
kinen nusul.
Tan
winarna Sang Nata neng margi, sampun rawuh hing Pagelen nulya, tigang dalu neng
margine, masanggrahan sang prabu, haneng mesjid hing kawis hinggil, Basah
Martanagara, tinimbalan sampun, lan Dolah Gondakusuma, mapan sampun prapta
ngarsa Nrepati, hesmu kangen Nalendra.
Lajeng
lenggah Sang Nata surambi, hingkang paman Pangran Prabu hika, lan Pangran
Ngabdul Majidde, myang kang hulama sagung, hing Pagelen wus samya prapti, hing
ngirid Raden Basah, Martanegareku, lan Raden Gondakusuma, nulya tunggil ngulama
Pagelen sami, lan ngulama Mentaram.
Pajang
Kedhu mapan sampun nunggil, Raden Basah nunggil Puthutlawa, lan Dolah
Badarodinne, lan tuwan Sarip hiku, Samparwadi mapan hanunggil, Raden
Gondakusuma, Jayanegaraku, dene sagung kang ngulama, hingkang sepuh Pagelen
naming kekalih, nenggih hambengan wiyar.
Seh
Kestu Brongkol puniki, Seh Muhamad hingkang sepuh samya, ginuron prabu lamane,
punika kang tinantun, hinggih dhateng Sri Narapati, sedaya cacahira, kang
ngulama sagung, mapan satus kawan dasa, langkung kalih ingkang dherek mring
Nerpati, Pajang Kedhu Mentaram.
Hing
Pagelen wus samya tinari, haturira pan sami kewala, hanenggih Mukhamad Kusen,
pan kapenakanipun, nenggih Kyahi pangulu nguni, Ibrahim hingkang surga, wus
pitajeng tuhu, nenggih dhateng ngelminira, lawan daweg sepu hanemipun mangkin,
lan sampun tan kuciwa.
Lan
Ki Maja datan kantun yekti, lawan teksih ta ler pangulunya, Sang Nata wus nurut
mangko, mring sagung haturipun, wahu hingkang para ngulami, mapan pinaring
nama, nunggak semi hiku, hanglir Ki Pangulu Surga, mapan nama Pengulu Pekih
Ibrahim, wus mupakat sadaya
Gung
ngulama myang pratiwa sami, Raden Basah wus kinon wangsulla, dhumateng barisan
maleh, samya sukareneku, sabab tangler pangulu sami, lawan Raden Dipatya, Sang
Nata winuwus, neng Pagelen mapan lama, sring meng-ameng dhateng lepen
Cecinggoling, mapan ningali baya.
Kang
ngladosi pan Dolah satunggil, Raden banyak widhe namanira, lan rongga kawis
hinggille, nenggih rongga Mentahun, pan punika hingkang pinanci,ngladosi Sri
Nalendra, mring den Basah hiku, kawarnaha hing Mentaram, pesanggrahan Pengasih
kinecuh iki, dhumateng laknattolah.
Pan
huninga yen sepi Nrepati, prajuritnya lebet dherek samya, marma laknat purun
mangko, Raden Basah puniku, pan katungkulan Pangran Behi, kalih mapan tanyana,
yen laknat puniku, hing semangke dalu mangkat, mring Pengasih kelangkung denira
dhemit, jawah sanget petengnya.
Pangran
Behi mapan baris neki, neng cepuri den Basah Prawiradirja, meksih neng
pondhokke, lan saprajuritipun, lamun siyang hanglanglang hiki, marma samya
tanyana, sabab laknat hiku, wus lama tan medal yuda, lan Den Basah kang dados
hecaning galih, sabab Kangjeng pangeran.
Barisira
haneng ngajenghiki, hanindhihi Pangran pakuningrat, lawan Cakranagarane,
Jayapideksa hiku, laknattolah langkung hasandi, saben dhusun kamargan, yen
tinaken hiku, mapan ngaken prajuritnya, Pangran Behi yun kondur dhateng
Pengasih, mapan hawat ngandikan.
Marmanira
lampahnya lestari, sareng wektu subuh praptanira, haneng hing Pengasih mangko,
hingkang tengga puniku, pesanggrahan Pengasih hiki, Pangran Dipanagara lagya salat subuh, salat
sami, langkung tan wonten nyana
Laknattolah
sareng prapta hiki, samya gugup hika, hing ngedrel tan buh polahe, mapan lajeng
kinepung, Pangran Dipanagara hiki, nanging marmaning sukma, pan sedaya hiku,
samya wal saged lumajar, nanging dunya brana hingkang sirna henting, hing
Pengasih sadaya.
Pan
tan ngantos saged hangopeni, saking dene sanget kuwurira, gangsal kang prapta
sabile, kabetah lajeng ngamuk, Mantri Sepuh wastanireki, pan mas Praba Leksana,
lawan ngampil hiku, hawasta Ki Dermatruna, sahanaknya nongsong priyataka hiki,
nanging jaja sadaya.
Mapan
nuju samya kemit hiki, Raden Basah sareng hamiharsa, gugup lajeng nambur
mangke, prajurit mapan sagung, kagyat langkung kasesa neki, sabab tan wonten
nyana, sanget henjingipun, laknat sareng mireng hika, tambur muni lawan
salompret puniki, lajeng tata barisnya.
Raden
Basah Prawiradirjeki, lajeng budhal tan ngentos sumekta, prajurit nging
sahanane, kang kantun samya nusul, saking sanget kasesaneki, nenggih Rahaden
Basah, langkung hajrihipun, rumahos kalamun tiwas, tigang ngatus prajurit kang
sareng hiki, tinata turut marga.
Sareng
prapta lajeng nempuh jurit, langkung rame laknat kathah modar, Islam saya
kathah mangko, hingkang prapta hanusul, laknat mundur prangnya kalindhih,
Panran Behi winarna, sareng mirsa hiku, yen Pengasih kalebbetan, laknat mapan
langkung hajrih neki, rumahos lamun tiwas.
Dene
ngantos kabobollan hiki, lajeng nambur lawan mirsa swara, sanjata Pengasih
rame, nging besmen tan kadulu, Panran Behi nulya nututi, lan Pangran
Pakuningrat, Cakranegarekum, Jayapideksa winarna, laknattolah hingkang kabujung
hing jurit, lajeng kapethuk marga.
Nenggih
lawan pangeran Ngabehi, lajeng campuh wingking tinututan, laknat kelangkung
bingunge, kekecer bangjenipun, genya ngrayah pan kathah hiki, tinilar hurut
marga, sing kasesanipun, wahu denira limajar, henengena laknat wus datan
winarni, kawarnaha den Basah.
Sampun
panggih lan Pangeran Behi, Pangran Dipanagara katiga, pan samya ngrahos tiwase,
dene prajurit hiku, mapan tiga kang prapta sabil, kang labet kalih, welas,
nanging laknat hiku, pan langkung denya kasesa, marmanira datan ngantos
hambesmebbi, hing Pengasih punika.
Tiga
rembag samya hatur huning, lamun tiwas denya tengga, pasanggrahanya Sang
Katong, tan winarna wus katur, hingkang serat dhateng Nrepati, Sang Nata mapan
nulya, sing pagellen kondur, tan winarna rawuhira, hing Pengasih sangsaya
cobaning Widi, dhateng Sri Naranata.
Raden
Basah Prawiradirjeki, manggung beka dhumateng Nalendra, yatra bandar sedayane,
mapan kedah sainuwun, sagung hing prang dipun sagahi, lan malih panuwunya,
Raden Basah hiku, Raden Dipati Danurja, nenggih lawan Raden Basah Ngabdul
Latip, wontening ngarsa Nata.
Lawan
sagung prajurit puniki, pan sinuwun sadaya punika, basah lan pradipatine,
hingkang parentah sagung, hing prajurit sinuhun sami, Sang Nata hesmu kewran,
mengkana nulyeku, hanimbali mring kang paman, Pangran Behi lan Pangeran Ngabdul
Majid, Mas Pangulu kalawan,
Nenggih
Dolah Khaji Badarrodin , Puthutlawa lan Jayanagara, kang sowan ngarsa Sang
Katong, ris ngandika sang prabu, mring kang paman Pangeran Behi pan kados pundi
paman, tan hewed puniku, lamun tiyang nyepeng pedhang, dipun sambi nyepeng
harya kados pundi, punapa tan kapiran,
Pangran
Behi mengkana turneki, mapan sampun tan kirang kawula, nging meksa dreng panuwune,
sagah kadugi sampun, mapan ngrangkep kang damel kalih, sayektosipun punika,
sing marinanipun, dhateng kagungan Nalendra, sabab kathah tan kantenan damel
neki, wonten hawi Danurja,
Basah
nedha hawis hangsalneki, milanipun sinuwun punika, myang bantu mekaten maleh,
hingkang bupatya sagung, mapan kathah kendho prang neki, hadhi Danurja kirang,
hing pamerdenipun, dene paduka Nalendra, hing ngaturan dhahar dhateng Basah
nenggih, tigang hewu sawulan.
Sri
Nalendra mesem ngandika ris, kados pundi paman prayoginya, pangulu Ngabdul
Majide, Badarrodin sireku, pan sedaya samya turneki, prayogi tinurutan, mapan
mindhak cukup, paduka ji kang rumeksa, lawan rikuh yen tebih Raden Dipati, lan
sahe sawaira.
Kang
jagani hing karsa Nrepati, pan pangulu patih lawan jeksa, lan Basah satunggal
mangko, tan kirang sawangipun, pan sedaya haturnya sami, Basah Prawiradirja,
tan kerod tyasipun, mengkana Sri Naranata, sareng mirsa sedaya haturnya sami,
mesem haris ngandika.
Yen
mengkono wus rembukireki, Badarrodin sira dhawuhena, Basah Prawiradirjane, yen
wus kalilan hiku, hing sebarang panuwunneki, dene cahosanira, hiya marang
hingsun, telung hewu saben tanggal, sun tarima hiya nanging karsa mami, nanging
sewu kewala.
Hakeh
hakeh tan na karyaneki, lawan sapa hingkang gentenana, mring Danurja barisane,
lan Ngabdul Latip hiku, Badarrodin lengser sing ngarsi, tan winarna wus
panggya, lan den Basah hiku, wus dhinawuhaken sadaya, Raden Basah langkung suka
manahneki, mengkana haturira.
Hinggih
huwa kalamun marengi, Sri Nalendra panuwun kawula, Kangjeng Pangran ngebehine,
baris sawonten kidul, hanggentosi Basah Dul Latip, dene Raden Dipatya, kang
gentosi hiku, Pangeran Sumanagara, lawan kula suwunakena masinggih, Basah
Pangran punika.
Dene
huwa kawula pribadi, pundi pundi sedaya kang hawrat, kula kang tulung badhene,
riwus nulya humatur, Ba[hal.111]darrodin mring sri bopati, saha turre den
Basah, tinurutan sampun, Den Dipati tinimballan, lawan Basah Ngabdul Latip
sampun prapti, neng Pengasih sadaya,
Hing
Pengasih saya hakeh jalmi, sabab sampun kang putra santana, lan bopati miji
kabeh, haneng Pengasih kumpul, Pangran Behi wus ngalih hiki, baris sakidul
Yokja, kang ngajengken hiku, semangke nging kantun tiga, Pangran Pakuningrat
Candranegareki, lawan Jayapideksa.
Laknattolah
langkung hageng neki, karya beteng haneng Pananggullan, kang punggawa katigane
datan kuwawi hiku, hanadhahi nulya turhuning, dhumateng Raden Basah, pan
katungkul hiku, hanampani kang lapuran, lawan harta lan nyambi nata prajurit,
ngantos kelajeng dadya.
Hingkang
beteng kapirsa Nrepati, Raden Basah pan ngantos kadukan, gya mangkat saking
pondhokke lan saprajuritipun, nulya baris hing Sacang hiki, pan sampun
jeng-ajengan, nging let kalih dhusun, tan wonten purun majenga, nulya nuhun
Raden Basah mring nerpati, Raden Jayanagara.
Lawan
Raden Puthut Lawa hiki, sakanycanya Mantri Lebet lawan, prawira tamtoma mangke,
gya pinaringken hiku, sampun mangkat saking Pengasih, Raden Prawiradirja, mapan
haturipun, badhe ngantep hing ngayuda, marmanipun nuwun habdi dalem kalih,
Mantri Lebet Tamtoma.
Hamrih
hajrih sagung kang prajurit, Seh Muhamad Husman Hali Basah, mapan sareng hing
praptane, haneng sadhang sedarum, kang bulkiya mantri jro hiki, tamtoma sareng
henyjang, nembang tengareku, den Basah Prawiradirja, laknattolah panuju samya
jeng neki, mapan kadya semayan.
Samya
keh nyatan kuciwa sami, sareng prapta turus campuh yuda, mapan kelangkung
ramene, husar samya husar pangguh, Islam dharat campuh pelangkir, mengkono
Kebonyabrang, lawan marga hewuh, sing Pengasih sesanderran, mapan hapi hing
ngutus mring Sri Bopati, kinon ningali yuda.
Mapan
kalih calunthangan sami, kelangenan samya gesulira, Raden Prawiradirjake, lawan
seh Husman hiku, langkung hajrih sareng ningali, dhumateng Kebonyabrang, lawan
marga hewuh, jelih jelih saking wuntat, nguwuh huwuh lamun dinuta Nrepati,
dadya sagung pratiwa,
Mapan
samya hangawaki jurit, wus nirbaya tan pawikara, Basah kalih pangiride, tan
pantara wus carub, laknat Islam dados satunggil, sanjata mriyem pejah, kang
prang samya wuru, nging sangkuh lan wahos hika, hingkang majeng hangsal
pitulung Hyang Widi, laknat lajeng belasah.
Bangkenira
kedhik hingkang hurip, pengagengnya laknat pan kecandhak, Mayor lawan Kapitane,
kedhik hingkang lumayu, pan binuru lajeng hangungsi, manyjing mring beteng
samya, pan lajeng kinepung, samya yun rinangsang pisan, dereng kontung Den
Dolah Puthutlaweki, kenging mariyem kontal.
Nanging
hangsal pitulung Hyang Widi, tan tumama Dolah Jayanagara, kenging mariyem
kapale, hingkang westa pun jugul, lajeng pejah tamtoma katri, kang prapta
sabillolah, pan Panji sedarum, kala meksih ruketira, mapan sampyuh lan Mayor
Kapitan sami, dadya mundur sadaya.
Dereng
kuntung benteng bedhahneki, mapan kathah hangsalnya bandhangan, sanjata lit lan
kapalle, mriyem satunggal hiku, nanging datan binekta sami, katungkul
rarebatan, sanjata lit hiku, dadi kang katur Nalendra, nanging polet nanging
gangsal warni warni, mapan wus tan winarna.
Wetan
Proga Pangran Basah hiki, pan kalindhih nenggih yudanira, laknat lajeng karya
benteng, haneng gamplong puniku, Raden Basah Prawiradirjeki, tan purun
tutulunga, tumunten puniku dadya kasep lajeng dadya, Penanggulan mapan wus tan
bisa mijil, hingkang pinatah tengga.
Pangran
Pakuningrat den kandheni, ja pideksa Ki Cakranagara, binantokken dhateng
Gamplong, Raden Basah katungkul, hudur harta lan Den Dipati, dadya Sri
Naranata, sangsaya les tyasipun, rumahos dinukan suksma, sabab saben-saben
nurut haturneki, hingkang para niyaka.
Datan
wonten kang karsa pribadi, Kangjeng Sultan hing dalu lan siyang, pan naming
sihing Hyang Manon, nenggih lestarenipun, hingkang dhateng sabillolahi, sedaya
katrimaha, hing madya puniku, mengkana Sri Naranata, mapan nanging galih, hing
wekasaneki, sih hing Allah-ta-ngala.
Dhateng
hingkang samya sabil sahid, pan sinamur mengameng jeng sultan, dhateng hing
Terayung mangko, remen mesjid Terayu, hingkang dherek nging pra ngulami, sedaya
pan tinilar, neng Pengasih hiku, mengkana hingkang winarna, Kyahi Maja sampun
wonten hing Betawi, mapan kinon kongkonan.
Hatur
surat dhumateng Nrepati, Jendral Dhekok nuhun kendeling prang, hanenggih
hingkang kinengken, Ki Dhadhapan puniku, lawan Kyahi Khasan Besari, Kapitan Rup
punika, kathah sreratipun, wus katur mring Sri Nalendra, sinusul ken dhumateng
Trerayu hiki, langkung hewa tyas Nata.
Sagung
serat tan harsa ningali, lajeng kinen mangsulken sadaya, dhateng Raden
Dipatine, lan Raden Basah hiku, dening nuwun kendeling jurit, marengi Sri
Nalendra, nging becara sagung, Sang Nata wus datan karsa, mongso borong Den
Basah Raden Dipati, Pangran Behi katiganya.
Nging
satunggal welingnya Nrepati, datan kenging lamun ngewahana, hayat kital
parentahe, hingkang hingutus pangguh, hinggih lawan Raden Dipati, mas pangulu
pribadya, lan Dolah puniku, Badarrodin melang ika, Pangran Puryawija sekawan
sami, lengser sing ngarsa nata
Sri
Nalendra lajeng kondur hiki, mring Pengasih pan wus tan winarna, Kapitan Herup
hature, mring Raden Basah hiku, pan kawula hinggih wineling, mring Komsaris
Jendral, Hijeman puniku, kalamun pareng Sang Nata, sagung tanah kang wonten
residheneki, sedaya hakanthiya.
Lan
ngulami dados sami sami, sampun wonten hinggih kang parentah, den Basah halon
sebdane, ya dhingin hingsun matur, nulya Raden Basah kepanggih, lawan Raden
Dipatya, mapan tapa nuju, pepak kang putra santana, myang pratiwa Raden
Prawiradirjeki, ngaturken haturira.
Kapitan
Rup dadya hangaturi, mas pangulu myang sagung ngulama, mapan sampun prapta
mangko, pan samya rembagipun, sahe katur Sri Narapati, mengkana lajeng sowan,
sekawan puniku, wus prapta ngarsa Nalendra, mapan nuju lenggah langgar Sri
Bupati, neng surambi punika.
Sampun
katur kang niskara sami, Sri Nalendra mesem hangandika, ya wus bener nanging
kasep, kalamun hingsun turut, hiya hiku wekasaneki, dadya prang rebut donya,
paran polahingsun, yen katemu besuk kono, lan kang padha wus prapta
sabillolahi, dhingin duk jahalanang.
Nora
Kurang kemurahan Widi, tur hika meksih pepak padha, hingkang sabil dorung
hakeh, lan hingsun bias hiku, males marang nak putuneki, hingkang padha
tininggal, hingsun datan hayun, karya pitenah mring bala, dadya samya tumungkul
tan saged hiki, lamun malih matura.
Sri
Nalendra hangandika malih, heh Danurja lan Prawiradirja, sira wangsulan dhewe,
layang betawi hiku, mapan hingsun lan paman behi, wus haja sira ngucap, dene
karsaningsun, pan wus nora howah-howah, mapan samya sandika haturnya kalih, pan
wus datan winarna.
Jendral
Dhekok mapan kirim tulis, mring den Basah prawiradirjeki, langkung handhap
tembungane, ngajak panggihan hiku, lamun pareng lan wektuneki, haneng hing
Penanggulan, lawan kirim bestul, sarakit dadya Den Basah, geng tyasira mengkana
Sri Narapati, ningali Raden Basah.
Mapan
hewa sabab kathah hiki, kang dene hamper pratingkahing laknat, hing sebarang
parentahe, marang prajurit sagung, nging satunggal kang tan ngewahi, parentahnya
Nalendra, barjemungah hiku, hingkang meksih tineteppan, pamerdinya den Basah
mring salat hiki, gangsal wektu tan hewah.
Sri
Nalendra kang dados tyasneki, nging satunggal dhateng hingkang putra, Den Ayu
Gusti Basahe, mapan tinilar hiku, mring kang raka marma Nrepati, kelangkung
denya welas, wus lami tanantun, karma dhumateng Nalendra, datan harsa malah
hasring muni, kemutan mring kang raka.
Mila
sanget Sang Nata hamerdi, kramanira dhumateng kang putra, sabab wus sumedya
katong, tilar donya puniku, kanikmatan donya tan nolih, nanging mring
kelanggengan, kang dados tyasipun, lan nenuhun mring Hyang Sukma, lestarine
sihing Hyang hing benyjing ngakir, lan mring sagunging samya.
Wadya
Islam kang nglampahi sabil, lawan sahid muga narimaha, subkhanahu-ta-ngalane
dhumateng imanipun, nulya hana marmaning Widi, Den Ayu Gusti Basah, mring kang
rama nurut, langkung sokur Sri Nalendra, mring Hyang Sukma nulya kinen
hanimbali, Basah Mertanagara.
Basah
rema kang kinen gentosi, hingkang rayi Den Gondakusuma, mapan wus dhinawuhake,
hingkang niskara sagung, nenggih dhateng Raden Dipati, mengkana mapan nulya,
nimbali punika, Raden Dipati Danurja, mring den Basah Prawiradirja, wus prapti,
pan lajeng dhinawuhan.
Mapan
kinon wahu hanimbali, mring den Basah Mertanegarika, wus winarta niskarane hing
karsa sang sinuhun, Raden Basah langkung tyasneki, sanget hangarsa harsa, sanes
dhawahipun, wekasan medal tyasira, dadi bedik Basah hing Pagelen hiki, lawan
Basah Mentaram
Datan
sanes lan Raden Dipati, mapan meksih gadhah putra jaka, lan Pangran Ngabdul
Majidde,samya gela tyasipun, nanging kantun kelahir hiki, pan samya ngarsa
harsa, mengkana winuwus, den Basah Prawiradirja, mapan lajeng sowan Kangjeng
Ratu hiki, mring pesanggrahanira.
Sareng
prapta pan dinangu hiki, hana hapa Basah sira prapta, den Basah hatur sembahe,
mapan nuwun kepangguh, wayah dalem pan mungpung kenging hinggih wekasan
panggya, benyjing lamun sampun, krama kados boten suka, hingkang gadhah Kangjeng
Ratu ngandika ris, hingsun tan ngrunggu warta.
Sapa
hingkang bakal den paringi, Raden Basah matur hesmu waspa, nenggih Basah hing
pagelen, Jeng Ratu Hageng hiku, hingkang wayah dipun timbali, Den Ayu Gusti
Basah, sampun prapta ngayun, den Basah Prawiradirja, ajeng nangis sumungkem
panggonireki, hemut dhateng kang swarga.
Pan
katiga samya muhuneki, Kangjeng Ratu Hageng mring kang wayah, jeng Gusti Iman
Basahe, mapan wus tan cinatur, kawarnaha wahu kang prapti, Basah Martanagara,
wus katur sang prabu, karsanira Sri Nalendra, hingkang kinon mangku Rahaden
Dipati, Basah Martanagara.
Kangjeng
Raden Ayu Gusti hiki, hingkang kinon wahu mangku hika, den Basah Ngabdul
Latipe, haneng bendunganiku, para putra pepekkan sami, pan Kangjeng Panembahan
lawan Kangjeng ratu hingkang nenggani hika, neng bendungan riwus pinanggihneki,
mapan lajeng hingarak.
Sing
Pengasih mring bendungan niki, mapan nuju hing wulan ramelan, tanggal kaping
pitulase, putra Santana sagung, myang pratiwa kang dherek hiki, prajurit mapan
samya, jajari hing ngayun, langkung kathah jalma ningali, mapan ngantos
lampahan sadinten prapti, samya henggar tyasira.
Nging
den Basah Prawiradirjeki, hingkang datan tumut dherek hika, kalawan
saprajurite, wus tan winarna hiku, kawarnaha Jendral puniki, nerangken bab
panggihan, Pennanggullan hiku, Raden Basah wangsulannya, ngajak panggih aneng
dhusun Turus hiki, lajeng tan kadadosan.
Lajeng
taken pikajenganneki, Raden Basah mapan wangsulannya, nyaraj mring Jendral
kajenge, tigang prekawis hiku, kendel lawan bicanten hiki, katiga lawan
haprang, Jendral pan tinurut, punapa sakajengira, Jendral mapan Raden Basah
kang nadhahi, Jendral lajeng milih haprang.
Dadya
lajeng ngangkat haprang malih, wulan sawal kendel tigang wulan, Sang Nata mapan
karsane, dene tanah Mentarum, Raden Basah lan Pangran Behi, kang kinen
nindhihana, sagung haprang hiku, Sri Nalendra mapan harsa, halelana prajurit
tinilar sami, hanging bekta bulkiya.
Suranata
Suryagoma hiki, Mantri Jero prajurit tamtoma, jayengan hiku husarre, mapan
pangiriddipun, Basah Ngusman Basah Dul Latip, lawan Raden Dipatya, putra
sentaneku, hingkang dherek nanging gangsal, Pangran Prabu lawan Pangran
NgabdulRakim, Pangran Dipanagara
Pangran
Hadinagara puniki, Pangran Suryasipura kalawan, mas pangulu sakanycanne, kang
pra ngulama hiku, sampun budhal saking Pengasih, mapan sareng kalawan, Pangran
Behi hiku, budhal mring sakidul Yokja, sawadyanya Raden Basah kang ngenggenni,
hing Pengasih punika.
Tan
winarna niskarannya sami, hingkang haprang wus rame sadaya, kawarna Kangjeng Sang
Katong, Pagelen sampun rawuh, mesanggrahan hingrati hiki, hurut sewu margannya,
hanimbali hiku, Basah hing Pagelen tiga, Raden Gondakusuma wus prapti, Basah
Ngabdul Muhyika.
Raden
Basah Prawirakusumeki, sampun panggih lan Raden Dipatya, samya dhinawuhan
mangko, lamun Sang Nata hayun, tedhak marang hing gowong hiki, wingking samya
den yitna, tengga tanahipun, nging Basah Pagelen tengah, Ngabdul nuhyi
kinarsakken dherek hiki, lan saprajuritira.
Dening
buri sira kang ngopeni, lamun nana mungsuh hingkang teka, Basah kang katempuh
karo, mring rumeksane hiku, Basah kalih samya turneki, sandika tan winarna, Sri
Nalendra hiku, saking Rantisam budhal, lan sawadya kuswa kang dadya pengarsi,
Basah yuda kenaka.
PUPUH XXXVI
P A N
G K U R
Basah
Ngabdul Muhyika, mapan dadya pengarsaneki, pan sewu prajuritipun sepalih kang
binekta, tan winarna Sri Nalendra sampun rawuh, hing Gowong sawadya kuswa,
Tumenggung Gowong pan kalih
Tumenggung
Gajah Pramada, lan Tumenggung Kretadesa nameki, nulya dhinawuhan sampun, marang
Raden Dipatya, kinon karya pasanggrahan mapanniku, kang celak Beteng Sepuran,
sandika kalih turneki,
Tan
winarna sampun dadya, pan ing Wonnasraya namanireki, nulya tur huninga sampun,
budhal Sri Naranata, saking Pucang myang sawadya kuswahiku, wus rawuh hing
Wonnasraya, tigang dinten wonten margi.
Kalawan
Beteng Sepuran, mapan samya nenggih katingalneki, nanging helet jurang hiku,
langkung pakewedira, nging kuciwa tebih toya tadhah hiku, susah sagung pra
ngulama, kangelan ngibadah neki.
Nulya
na marmaning sukma, mapan samya nenggih, sendhang pribadi, saben saben pondhok
hiku, lan wong Pagelen samya, ledhok gowong prapta wewadeyanniku, sebarang
wonten sadaya, datan kirang tedha sami.
Mengkana
Beteng Sepuran, langkung kathah bantu kang samya prapti, laknat dados kalihiku,
nenggih barisanira, hing Sepuran lawan hing Kedalon iku, mapan samya kathahira,
Basah tiga rembag sami.
Sareng
sinabet punika, Basah Ngabdul Muhyi dipun bebahi, nginggahi Sepuran hiku, lawan
Gajah Premada, Seh Muhammad Ngusman Li Basah hiku, nginggahi Kedalon hika,
lawan Basah Ngabdul Latip.
Puthut
LawaJanegara, karsanira wahu Sri Narapati, binantok haken puniku, mring Ngusman
Hali Basah, sampun dadya rembagnya sadaya sagung, mengkana henjang winarna, gya
nembang tengara jurit.
Sumahab
kang wadya kuswa, sareng mangkat wahu kang Basah katri, mapan hanglir watu
turun, nenggih saking hing ngarga, pan panuju laknattolah mapan hayun, mara
kalih lampahira, kadya wus karsaning Widi.
Kapethuk
hing Jelatar, Dolah Khaji Ngabdul kadir waweling, dhumateng hing ranggannipun,
yen hingsun mengko prapta, sabilolah poma haja sira rebut, kabeh konca poma
poma, dimen rusak jisim mami.
Mengkana
sareng katingal, mengsah lajeng ngedrel mriyemi wadya Islam lajeng nempuh, Seh
Dolah Khaji hika, Ngabdul Kadir mapan hanrerajang purun, bulkiya lawan tamtoma,
Mantri Jro ngamuk sami.
Kadya
wus karsaning sukma, Dolah Khaji Ngabdul kadir pan prapti, dhumateng hing
jangjennipun, wantu Seh Dollah hika, Ngabdul Kadir yen huning mring laknat
hiku, wus hical kang subasita,nirbaya tanpa wigati.
Lan
Mas Prawiradeksana, mapan Mantra Lebet puniki, pan sareng pangamukhipun, kalih
putung watangnya, pan kelajeng prapta hing sabillolahu, rinubung mring
laknattolah, Seh Khajo Mustapa huning.
Lawan
Raden Puthut Lawa, samya ngamuk ngrebut kunarpaneki, myang sagung prajurit
hiku, sareng majeng sadaya, kathah mundhut laknat kalindhih prangipun, hing
sepuran pan mengkana, prangnya Basah Ngabdul Muhyi.
Kirang
kedhik pan meh bedhah, Beteng ngira laknat wus geger hiki, kang neng jro Beteng
hiku, pan katingal kewala, saking pesanggrahaning Wonasrayeku, samya suka gung
tumingal, mring solahe laknat sami.
Mapan
dereng huntungira, kapalira Basah sukunya kalih, kenging hing mariyem rampung,
pejah Panji pan tiga, hingkang prapta hing sabillolah puniku, dadya samya
mundurira, mapan kesaput ing wengi.
Mapan
sareng hundurira, hingkang saking Jelatar puniki, lawan hingkang Sepuran hiku,
lawan bekta layonnya, Seh Dolah Khajiku, Ngabdul Kadir gung bulkiya, sedaya pan
samya nangis.
Lawan
mas Panji punika, Mantra Lebet Prawiradeksaneki, wus katur hingkang sinihun,
lan Panji Pagelen tiga, hingakang sabil kang layon samya pinundhut, dhateng
ngarsane Nalendra, sabab wus kedalon hiki.
Pan
kendel sadalu hika, hingkang layon neng ngarsane nerpati, mapan harum
gandannipun, mengkana sareng henyjang, lajeng kinen ngangkatken layon puniku,
mantuk mring Pagelen tiga, Seh Dolah Khaji Dulkadir.
Lan
Panji Prawiradeksana, sinahenan neng tanah Gowong ngiki, Basah tiga
rembaggipun, yun majeng malih hika, nulya hana lapuran saking Mentarum, den
Basah Prawiradirja, hatur tiwas tengga nagri.
Pesanggrahan
Sri Nalendra, hing Pengasih sampun risak puniki, sagung repot dhateng kulur,
lan Kangjeng Panembahan, Kangjeng Ratu Hageng neng Dhawuhaniku, tan hewah lawan
kang wayah, habdi dalem kathah sabil.
Tumenggung
Cakranagara, wahu hingkang prapta sabillolahi, lan gangsal ngabehinipun, lan
Panji Toya Gesang, pan pun Suradikda ya laknat gung lampus, mengkana sareng
miharsa, Sang Nata ngungun tyasneki.
Sagung
prajurit Mentaram, myang pratiwa putra Santana sami, langkung kewran manahipun,
sareng samya miharsa, hing Pengasih mapan sampun risak hiku, watas nak rabinnya
samya, nging jrih matur mring Nrepati.
Mengkana
na malih prapta, serat saking Basah kang wetan hiki, tur huning yen labet hiku,
kenging mriyem wentisnya, lajeng dhawah hingkang turongga pan lampus, lawan
Raden Ayu Natayuda, prapta hing sabillolahi.
Lawan
Tumenggung Sebara, tondha mohi rusak kunarpaneki, dadya Pagelen puniku, kang
wetan pan kancikan, dhateng laknat Basah Ngabdul Muhyihiku, langkung keron
manahira, prajurit Pagelen sami.
Mapan
kathah mantuk hika, saking sanget kuwatos tyasnya sami, Basah tiga samya matur,
dhumateng Sri Nalendra lamun habdi dalemiku, mantuk mring Pagelen tiga, Seh
Dolah Khaji Dulkadir.
Mengkana
Raden Dipatya, haturira dhumateng Sri Narapati, hatanapi mas pangulu ngaturira
kondur samya, mring Mentawis sabab habdi dalem sagung samya sanget keronnira,
neng ngriki tan saged jurit.
Sang
Nata dhahar haturnya, dhateng sagung hingkang pratiwa sami, sareng henyjang
budhalipun, saking Wonasraya, haneng marga pan kapethuk suratipun, den Basah
Gondakusuma, ngaturken sal-hangsal neki.
Bandhangan
tambur gander, lan salompret kang kathah sanjata lit, mriyem kakalih puniku,
karsanira Nalendra, pinaringken malih kinen bekta wangsul, mring Basah
Gondakusuma, mengkana wus tan winarni.
Sang
Nata wus rawuh hika, hing Pagelen mesanggraha Nrepati, haneng hing Kroya
puniku, ngasokhaken gung wadya, Basah Gondakusuma karsa sang prabu, lan Basah
Ngabdul Muhyika, mapan kinen hangopeni.
Mring
Pagelen hingkang wetan, sabab Basah hira pan meksih pannaming wakil Tumenggung,
tan pitajeng Nalendra, ris wusnya Sang Nata gya budhal hiku, myang sagung kang
wadya kuswa, kondur dhumateng Mentawis.
Sampun
prapta hing Mentaram, mesanggrah aneng palihan Nrepati, Basah Prawiradirjeku,
lanwan Pangeran Basah, tinimbalan kalih sampun prapta ngayun, dinangu hingkang
niskara, sampun katur sedayeki.
Sri
Nalendra hangandika, paran sira bab ing haprang hiki, yen wus tan kaduga hiku,
hangur-hangur padha matura, karuhane mungpung meksih jembar hiku, den Basah
Prawiradirja, mengkana hing ngaturneki.
Rumiyin
myang sapunika, nadyan silih pewaha mengsah malih, yen teksih gesang pukulun,
pan tan sedya suminggah, Sri Nalendra ris ngandika hiku, heh hiya Prawiradirja,
kelamun nyata sireki.
Sun
jaluk pretandhanira, Basah kalih sandika haturneki, sampun lengser saking
ngayun, Basah Prawiradirja, lawan Pangran Basah Sumanegareku, mengkana wus tan
winarna, sareng dinten hisnen hiki.
Den
Basah Prawiradirja, lawan Pangran Basah Sumanegari, wus budhal sawadyannipun,
saking Gen-than punika, harsa gitik laknat saking baris hiku, hing Petir
kepareng nulya, dadya kapethuk hing margi.
Mapan
samya kajengira, laknattolah hayun mring Genthan hiki, dadya samya kajengipun,
kapethuk Sela Belah, lajeng campuh langkung rame swaranipun, sanjata lir hardi
bentar, lajeng ruket hingkang jurit.
Peteng
kukusing sendawa, laknat Islam sampun wuru juritneki, mengkana karsa hyang
agung, Basah Prawiradirja, mapan labet kenging pelor bahunipun, dadya kalindhih
prangira, sagung wadya Islam hiki.
Kalawan
Panji waneng prang, somaliyekya kendhang gumulung sabil, prajurit jajar puniku,
hingkang sabil sadasa, laknattolah pan kathah kang modar hiku, kabrereg Islam
yudanya, mengkana gya den tutulungi.
Mring
Dul Latip Hali Basah, kang prajurit jayengan wolung desi, mapan sarehajengipun,
laknat menggah tyasira, sabab sampun kathah modar kancanipun, Kapitan Rup tatu
hika, kalawan Mayor hireki.
Dadya
samya hundurira, nanging Islam hangsal bandhangan hiki, welandi gesang puniku,
satunggil namanira, nenggih Jakup mengkana tur huning sampun, dhateng Kangjeng
Sri Nalendra, lamun Raden Basah kanin.
Kenging
pelor bahonira, pasah nanging mapan datan punapi, dene kang prajurit sagung,
sakal sakit hika, kang misesa den Basah panuwunipun, dhumateng Sri Naranata,
nenggih Pangran Ngabdul Majid.
Kalilan
wus tan winarna, kawarnaha Kangjeng Pangeran Behi, mapan sanget grerahipun,
kondur mring Kilen Praga, dadya sagung prajurit dherek sedarum, myang Bupati
Kidul Yokja, Sang Nata karsanireki,
Kang
misesa Kidul Yokja, pan winangsulaken malih hiki, mring Raden Janegareku,
Tumenggung kidul Yokja, myang prajurit wus pinaringken sadarum, mring Raden
Jayanagara, lajeng kinen mangkat sami.
Saking
hing sakilen Praga, Raden Jayanagara budhal nuli, myang sagung kidul Yukjeku,
Dolah Resasentana, Raden Jawinata Honggawikrameku, lan Tumenggung Bahuyuda, wus
prapta kidul Yokjeki.
Lajeng
baris wetan ngumpak, kawarna hanenggih Sri Narapati, salaminya sakit hiku,
Basah Prawiradirja, kang prajurit samya kendho juritipun, lan wonten hatur
huninga, lamun laknat badhe prapti.
Kurnel
salwen tinindhih hira, badhe nyabrang dhateng sakilen pragi, kang baris
siyangan hiku, mengkana Sri Nalendra, nulya budhal saking hing paliyaniku,
mantra jro lan bulkiya, kang munggeng ngarsa Nrepati.
Seh
Dolah Khaji punika, Ngabdul kadir pan sampun den sulihi, hanenggih Seh Khaji
Mansur, pinaring nama Dolah, dadya sisihira Khaji Mustapeku, Mas Pangulu
munggeng wus tata, myang sagung kang pra ngulami.
Suranata
Suryagoma, sampun rawuh hing Kecubung Nrepati, lajeng mesanggrahan hiku, neng
Kecubung demmangan, Raden Basah Mretanagara puniku, kalawan Raden Dipatya,
nusul mapan sampun prapti.
Lan
ngirid Bupati magang, hing Pagelen mapan sekawan hiki, lawan saprajuritipun,
kala wektu punika, langkung hageng kang coba dhateng sinuhun, Bupati kalih
selaya, kalawan Basah hireki.
Nanging
Kangjeng Sri Nalendra, mapan sampun tan ningali kekalih, marma punapa turipun,
kang wadya tinurutan, hanggresagah mengsah lawan laknat hiku, Basah Ngabdul
Latip prapta, lawan saprajurit neki.
Lajeng
kinon baris hika, haneng Galur lawan Raden Dipati, kang munggeng ngarsa sang
prabu, Basah Mertanagara, lawan Ngusman Li Basah kang baris hiku, haneng hing
Wates punika, nenggih Pangran Dul Majid.
Lawan
Pangran Pakuningrat, lawan sagung wahu hingkang prajurit, Prawiradirjan
sedarum, Mengkana kahinggahan, laknattolah mapan sareng praptannipun, Wates
lawan Galur hika, samya pinethukken jurit.
Langkung
rameswaranira sanjata lit lawan mariyem sami, Sang Nata marma tyasipun, marang
Raden Dipatya, sabab kedhik hingkangprajurit puniku, hingkang kathah nanging
magang, lawan Basah Ngabdul Latip.
Prajuritnya
nging Jayengan, pan kapalan wolung dasa puniki, Seh Ngusman Li Basah hiku, kang
kinen tetulunga, sakanycanya prajurit bulkiya sagung, lan Basah Mertanagara,
mapan kinen tumut sami.
Dene
hingkang tinnindhihan, Mantri Lebet lan Suranata hiki, Suryagoma budhal sagung.
Saking ngarsa Nalendra, hingkang ngadhep nanging kantun Mas Pengulu,
sakanycanya prangulama, lan putra santana sami,
Basah
kalih sampun prapta, paning Galur panggih Raden Dipati, Sri Nalendra hayun
dulu, saking kecubung udhal, laknattolah datan saged nyabrang Galur, dadya
nanging prang senjata, datan saged nyabrang kalih.
Nyabrang
lepen punika, laknat Islam nging senjatanan sami, mengkana hingkang winuwus,
kang haprang [hal.139]Wates hika, Pangran Ngabdul Majid pan kalindhih hiku,
lawan Pangran pakuningrat, nanging tan hatur hudani.
Hundurira
tan katingal, mapan samya kalingan dhusun hiki, dadya Islam mapan sagung,
manyjing mring padhusunan. laknattolah langkung sanget sagedipun, tan mawi
besmening griya, marma hingkang haprang hiki.
Hing
Galur mapan tanya na, lamun Islam kalihdhih juritneki, samya nyana lamun
bujung, sabab tan besmi griya, lan sanjata mapan sampun kendel dangu, marmanira
samya heca, denira sanjatan hiki.
Mengkana
husar katingal, Sri Nalendra dangu mring gamelneki, lawan ponakawaniku, sedaya
haturira, tiyang ngili girekken mahesannipun, saking sanget pannasira,
marmannya datan ketawis.
Lingsir
kilen wayahira, hawit henyjang wahu denira jurit, husar mapan prapta sampun,
samya kagyat sadaya, mas pangulu humatur dhateng sang prabu, kelamun punika
husar, Sang Nata dipun haturi,
Mundur
sagung husar nulya, bujung husar hanyenyjatani, nanging marmaning Hyang Agung,
sami lujeng sadaya, sagung dherek dhumateng sang prabu, Den Dipati kang
winarna, kalawan kang Basah katri.
Sareng
miharsa punika, lamun wingking rame sanjata muni, samya langkung kagyatipun,
wus narka yen Nalendra, dadya samya langkung kuwur manahipun, nulya samya
mundur hika, sedya tulung mring Nrepati.
Wus
nir sagung hingkang baya, sareng mundur nulya kapethuk sami, kalawan husar
sedarum, lajeng campuh kang yuda, kuwel telas laknattolah kedhik hiku, husar
hingkang meksih gesang, tinulungan mring pelangkir.
Lan
kang saking Galur hika, sampun nyabrang laknat lajeng ngebyuki, Islam pan
karoban mungsuh, kelangkung bingungira, lajeng mundur Islam kalindhih
prangipun, binujung mring laknattolah, nanging marmaning Hyang Widi.
Islam
dereng huntungira, pan kedhik kang prapta sabelneki, sedaya hanging salikur,
prajurit Pagelen samya, kang satunggil hanenggih papatihipun, Raden Dipati
Danurja, laknat kathah hingkang modir.
Nulya
sapih hingkang yuda, mapan sampun nenggih kasaput wengi, laknat lajeng samya
mundur, mring prenah sowing-sowang, lawan bekta mring bangkene rewangipun,
nanging kang hageng kewala, kang alit tinilar sami.
Islam
kathah hangsalira, kang bandhangan kapal husar pan sami, mengkana hingkang
winuwus, Raden Jayanagara, denya baris neng geger sakanycanipun, laknattolah
mara tiga, wahu denira nginggahi.
Mas
Dolah Resasentana, mapan kinen methukaken puniki, mengsah saking wetan hiku,
Den Menggung Jawinata, methukhaken hingkang saking ler puniku, hingkang hageng
laknattolah, mapan saking kilen hiki.
Mapan
pinethukken hika, dhateng Raden Jayanegareki, lawan Khaji Ahmad hiku,
Tumenggung Mangkuyuda, lajeng campuh pan sanget karoban mungsuh, nging Raden
Jayanagara, wirang yen mundura hurip.
Lan
Tumenggung Bahuyuda, Khaji Ahmad pan sampun sumedya sabil, prajurit tamtama
hiku, golong pengamuk hira, langkung rame pan wus karsaning Hyang Agung,
Rahaden Jayanagara, prapta hing sabillolahi.
Kalawan
seh Khaji Ahmad, lan Tumenggung Bahuyuda puniki, prajurit tamtama hiku, sedasa
hingkang bela, bahuyudan mapan tiga belanipun, samya risak kang kunarpa,
laknattolah kathah modar.
Mas
Dolah Resasentana, lawan Raden Jawinata puniki, kang sal bereg yudannipun,
wangsul mring gegresamya, laknattolah sedaya pan sampun mundur, lajeng
hanyahenni samya, kang prapta sabillolahi.
Lajeng
ngaturi huninga, mring Nalendra pan wus datan winarni, Sang Nata haneng
wanagung, gennira mesanggrahan, pan sadina dina denira prang pupuh, laknattolah
lawan Islam, kendel lamun dalu hiki.
Dadya
Sang Nata pribadya, kang nindhihi selaminira sakit, Basah Prawiradirjeku, lan
Pangran Ngabehika, marmanira datan kendel kang prang pupuh, mas Dolah Sura
Mustapha, Tumenggung Karkiya sabil,
Kalawan
Panji Jayengan, Jayeng Sinom nenggih westanireki, mapan prang kulur puniku,
kathah laknat kang modar, prang sidhatan Mantri Lebet sabil hiku, Kyahi Puthut
Sumondha, kalawan hanakireki.
Lawan
prawira jetmika, sedhereknya prawira gendereki, kang sabil sekawan hiku, hanak
sedherek samya, laknattolah mapan kathah ingkang lampus, mengkana sagung
pratiwa, hatenapi kang prajurit.
Samya
nuwun mring Nalendra, haso sabab sanget sayah pan sami, haprang sampun lami
hiku, tan wonten kendelira, Sri Nalendra mapan welanda dyan urut, lajeng
minggah dhateng crema, kang harga westanereki.
Mengkana
hingkang winarna, Pangran Behi grerahnya dhangan sami, lawan Raden Basah hiku,
Prawiradirja nulya, kalih nusul dhumateng sinuhun, lawan Kangjeng Panembahan,
wus prapta ngarsa Nrepati.
Mapan
wus datan winarna, niskaranya pitung dinten hantawis, mesanggrahan cermihiku,
kawarna laknattolah nulya minggah mapan langkung hagengipun, Sri Nalendra
hangandika, dhateng kang paman ngebehi.
Lan
Basah Prawiradirja, mapan kalih samya kinen sumingkir, dereng dhangan pisan
hiku, menawa kambuh samya, tan pantara laknattolah prapta sampun, She Ngusman
Li Basah nulya, kinen nata gung prajurit.
Kalawan
Pangeran Basah, Seh Muhamad Ngusman Li Basah hiki, pan dadya pangiridipun,
sagung prajurit dharat, Pangran Basah Sumanagara puniku, mapan pangirid
kapalan, Nalendra hingkang nindhihi.
Lawan
Kangjeng Panembahan, wadya Islam gelarnya sampun dadi, nyeluman gung dharat
hiku, kapalan kang katingal, laknattolah sareng hamirsa hiku, prajurit hingkang
kapalan, lajeng ngedrel bereg wani.
Mundur
sagung kapalan, dadya laknat langkung hageng tyasneki, mapan sareng
hinggahipun, sepalih winektara, seh Muhamad Ngusman Hali Basah hiku, pan nula
ngabani hika, Islam lajeng nempuh wani.
Tan
wonten mawi sanjata, naming sami wahos gung Islam sami, nirbaya pengamukipun,
pan sareng panempuhnya, laknattolah dadya langkung kagetipun, kathah kang
kacemplung hika, hingkang panggah telas modir.
Pan
tumpuk bangkene laknat, hingkang niba jurang laknat pan sami, modar putung
sukunipun, kang wingking kathah prapta, laknattolah nging tan saged minggah
hiku, pan lajeng mingresadaya, laknattolah hinggahneki.
Pan
kesapih dalu hika, Sri Nalendra sagung kang wadya sami, pan wus dhinawuhan
mundur, sagung kang wadya Islam, sampun mundur mengkana hingkang winuwus, Seh
Muhamad Ngusman Li Basah, prapta hing sabillolahi.
Mas
Dolah Khaji Mansura, lan Mas Panji Suraturkiya sabil, Seh Ngusman Li Basah
hiku, pan wus sinedya driya, lan wus sanget Seh Ngusman hing sepuhipun,
kawarnaha laknattolah, sampun lajeng minggah sami.
Mapan
dhateng dhusun cerma, Sri Nalendra mesanggrahan pringtali, Panembahan pisahiku,
kalintu marmanira, lajeng kondur dhateng pesanggrahannipun, mapan wus datan
winarna, kawarnaha Sri Bupati.
Pangran
Behi haturira, lan Den Basah Prawiradirja hiki, yen pareng hingkang sinuhun,
senadyan ngantep yuda, pan prayogi neng wetan praga tuhu, wiyar radin
papannira, Sri Nalendra hanuruti.
Pan
sampun rembag sadaya, pra pratiwa prajurit lan ngulami, Sang Nata gya budhal
hiku, lan sagung wadya kuswa, sampun tedhak mapan saking rosan tangsul, miyos
gamplong marminnira, lajeng mesanggrahan hiki.
Hing
siluk Sri Nalendra, mapan nuju Jendral Dhekok puniki, wonten sentolo puniku,
kirang kedhik pethukkan, sareng sampun haso kang wadya sedarum, Sri Nalendra
nulya tedhak, wahu dhumateng Kemejing.
Hingkang
dherek Basah tiga, Kang Sentana mapan Pangeran Behi, lawan Pangran Harya Prabu,
Diningrat nging punika, sampun sepuh mapan datan krerasan kantun, salaminnya
Nalendra, mapan remen sada sabil.
Sapurugnya
hingkang putra Kangjeng Sultan Jeng Pangran datan kari, tinilar mopo
kelangkung, mengkana sampun prapta, hing Kemijing Kangjeng Sultan karsanipun,
mapan yun nindhihi husar, lan kang paman Pangran Behi.
Dene
kang kinarya husar, prapratiwa lawan sagung ngulami, kang dados pangiridipun,
nenggih Raden Dipatya, lawan Mas Pengulu basah kalih hiku, Rahaden
Prawiradirja, lawan Raden Ngabdul Latip.
Pan
kinen nindhihi dharat, kang pangirid Dolah Puthutlaweki, kalawan Dolah puniku,
nenggih Prawirarana, Pangran Basah Sumanagara puniku, karsanira Sri Nalendra,
kinnarya penggalak jurit.
Lan
sagung kang pra Dipatya, wetan praga dene prajuritneki, kang samya dharat
puniku, kinen masrahken hika, marang Basah kalih hingkang badhe ngadu, sampun
dadya rembag samya, semangsane laknat prapti.
Henengna
Sri Nalendra, Jendral Dhekok yata hingkang winarni, mapan wus miharsa hiku, yen
Sang Nata wus nyabrang, marang wetan praga sawadya kusweku, langkung gugup
manahira, nulya budhal hanututi.
Saking
sentolo punika, lawan sagung hingkang para hupsir, mapan kathah hupsiripun,
mengkana sampun prapta, hing Tangkilan pecalang turhuning hiku, dhumateng Sri
Naranata, yen laknattolah nututi.
Nulya
Kangjeng Sri Nalendra, Pangran Basah hingkang kinon rumiyin, hanglir rembagnya
puniku, Basah Prawiradirja, lawan Basah Ngabdul Latip nulya hiku, masangken
wadya kang dharat, haneng hing tulungan hiki.
Laknattolah
sareng mirsa, langkung galak nulya binujung hiki, Basah Sumanegareku, lawan
sakanycanira, pan lumajeng basah kalih gya lumayu, tiga habuso ngebat hika,
binujung melajeng sami.
Laknat
langkung pangedrelnya, kawarnaha kang wadya dharat sami, pan meksih hampingan
dhusun, lawan handhodok samya, hingkang watos mapan rinebahan hiku, nanging
laknat wus huninga, gennya majeng minggring-minggring.
Hesmu
kapok duk Prang Crema, wadya Islam wus tan drana tyasneki, mapan dereng
mangsanipun, Dolah Prawirarana, lawan Dulah Puthutlawa ngabaniku, Islam wus nir
sagung baya, tan dya sareng ngadeg sami.
Lajeng
nempuh majeng rampak, laknattolah langkung panggah hing jurit, pan sanget
pangedrelipun, Islam nusupan samya, matang kukus sendawa hanulya campuh, kuwel
wus dados satunggal, sanjata wus datan muni.
Nging
sangkuh lan wahos hika, laknattolah samya rentah kang topi, Islam rentah
serbanipun, saking ramening yuda, mapan panggih samya nuju purunipun, Dolah
mapan samya dharat, nenggih hingkang hangawakki.
Basah
Ngabdul Latip hika, sampun mudhun wahu saking turanggi, nging Basah
Prawiradirjeku, hingkang meksih neng kuda, Pangran Basah Sumanagara puniku,
nyabet saking pungkur hika, lawan sakancanireki.
Mas
Rongga Puthut Guritna, lan mas Dolah prawira rana puniki, Dolah Prawirayudeku,
liwung pengamukira, ngantos datan ngambah siti Islam sagung, laknat kalindhih
prangira, kang wuri husar bantoni.
Kelangkung
resah prangira, mapan carub husar kalawan plangkir, saking samya liwungipun,
mengkana wadya Islam, mapan carub dharat lan kapalanipun, kawarnaha Sri
Nalendra, langkung welas haningali.
Dhumateng
prangnya kang wadya, sabab sampun tan saged mundur sami, Sri Nalendra nulya
tulung, ngajengken pradipatya, lan ngulama nyabet saking kanan hiku, mengkana
laknat prangira, kalindhih lumajeng sami.
Dadya
Islam saged benggang, samya mundur pan hanglir den genteni, laknat mapan
hunduripun, lawan ngedrel senjata, Mas Pengulu kenging pelor lajeng dhawuh, pan
lumajeng kudanira, lawan Kangjeng Pangran Behi.
Dhawah
bandhang kang turongga, Pangran Pakuningrat mengkana hugi, mapan samya dhawah
iku, dadya mundur sadaya, nanging kantun Sang Nata lan Pangran prabu, mengkana
Raden Dipatya, hangundangi jerit jerit.
Sri
Nalendra hantenana, husar laknat sareng mireng pan sami, yen hiku hingkang
Sinuhun, hingkang kantun pribadya, husar hingkang lumajeng pan samya wangsul,
ngebyuki mring Sri Nalendra, hambestul hana medhangi.
Sang
Nata hangagem astra, mapan sampun binekta melajeng ngampil, Den Dipati saya
bingung, Sang Nata tulungana, mapan kadya sampun karsaning Hyang Agung, geng
coba mring Sri Nalendra, pradipati meksih gendring.
Lan
sagung kang prangulama, lawan Khaji nanging marmaning Widi, Sang Nata mapan
lestantun, denira mundur hika, nanging hingkang paman Kangjeng Pangran prabu,
mapan kathah labet pedhang, ngantos jur rasukanneki.
Sabab
ngampingi Nalendra, hingkang samya pasah datan punapi, dadya lajeng sapihipun,
kang samya bondayuda, Islam laknat mapan samya sayahipun, mengkana Islam kang
prapta, dhumateng sabillolahi.
Mas
Dolah prawirarana, lan Mas Dolah Prawirayuda hiki, Mas Dolah Sumadipureku, den
mas selamet hika, lan Mas Rongga Puthut Guritna puniku, mapan kalih Suryagoma,
Seh Khaji Muhamad Tayib.
Seh
Khaji Muhamad Kasan, laknattolah kelangkung kathahneki, kang hageng-ageng
puniku, mapan samya binekta, lajeng mundur dhumateng Ngayokja hiku, kang ngalit
samya tinilar, belasah bangkenereki.
Mengkana
Sri Naranata, mesanggrahan haneng Prajeg puniki, pan nanging haso sedalu,
henyjang hanulya budhal, mapan kondur mesanggrahan dhateng Siluk, ngasokhaken
hingkang wadya, laknat mapan kendhak hiki,
Lami
tan medali yuda, sareng sampun haso Sri Narapati, sagung hingkang wadya hiku,
tedhak malih Nalendra, mring Tangkilan lan putra santana sagung, mapan halong
nusul samya, hinggih Pangran Ngabdul Rakhim.
Lan
Pangran Suryawijaya, Pangran Dipakusuma nuwun hiki, dados tindhih husar hiku,
mengkana wus linilan, neng Tangkilan laknattolah lajeng ngalurug, sawarnine
beteng nglimpak, wus katur mring Sri Bupati.
Lajeng
hanimbali Basah Sri Nalendra mapan dipun haturi, mundur sing Tangkilan hiku,
kirang radin papanira, tinurutan mundur mring Kemojing hiku, nulya laknattolah
prapta, pinethuk Tulungan malih.
Kelangkung
ramening yuda, kang senjata barung lan mriyemneki, tan hana kuciwa hiku, husar
pan samya husar, laknattolah mapan kathah hingkang lampus, husarnya kathah kang
modar, dadya kalindhih prang neki.
Islam
pan bereg kewala, laknatolah kekecer bangkeneki, lajeng samya ngungsi hiku,
laknat mring Beteng Breja, yen sampuna selak kasaputting dalu, lawan manjing
beteng samya, kados laknat telas modir.
Islam
wangsul pabujungnya, mapan kathah hangsal bandhangan sami, sanjata lan kapal
hiku, mapan wus tan winarna, Pangran Behi lan Raden Dipati matur, ngaturaken
rembagira, basah samya kang pradipati.
Sri
Nalendra hing ngaturan, lajeng tedhak dhumateng Sambiradin, mengkana mapan
tinurut, budhal Sri Naranata, lawan sagung sawadya kuswa sedarum, sagung Beteng
kang kamargan, mapan kathah den besmeni.
Jendral
Dhekok duk miharsa, langkung gugup lamun Sri Narapati, mesanggrahan Candhi
hiku, mengkana mapan nulya, tinututan mapan karsaning Hyang Agung, Islam datan
purun yuda, mapan nanging ngolah ngalih.
Denira
hamesanggrahan, salaminnya nata neng Sambiradin, lamun linurugan hiku, nanging
ngalih kewala, nadyan laknat pan kendho panglurugipun, pan datan prerang samya,
nanging beng-ngubengan hiki.
Sang
Nata nimbali Basah, paran marma dene tan perang hiki, den Basah tan saged
matur, mapan katiga pisan, Pangran Behi mengkana hing ngaturipun, bilih marengi
Nalendra, punika rembagnya sami.
mapan
ngaturan, lajeng tedhak dhateng monyca nagari, Sang Nata duk mirsa hiku, mring
hature kang paman, dadya mesem lawan hangandika harum, mendah paman kang
tinilar, hasmaradona gumanti.
PUPUH
XXXVII
ASMARADANA
Kados
pundi polahneki, tiyang Mentawis sadaya, kanjeng pangeran hature, kawula
langkung tan rembag, hinggih lamun punika, lan malih sinten jinujug, kelawan
mongsa sanesa.
Yen
sampun dhumateng tekdir, Sri Nalendra hangandika, lamun mengkoten karepe, neng
ngriki pan tan pakarya, sahe mantuk kewala, gya nembang tengara hiku, budhal
saking Sambirata.
Sawadya
kuswa tan kari, Sri Nalendra karsanira, hangobongi Ngayokjane, sokur lamun
kapethuk, lan laknat haneng marga, mapan miyos Tajem hiku, mengkana natur
huninga.
Lamun
laknat barisneki, neng kilen Tajem punika, nanging let sabin kimawon, mapan
datan purun medal, lajeng Sri Naranata, miyos wetan Gowok hiku, kendel haneng
Mawatreja.
Nanging
laknat ngupakardi, pan lajeng miyos Ngayokja, kidul ning Krapyak mangko, sagung
beteng kang kamargan, pan kathahing ngobongan, kang tengga samya lumayu, pan
kathah hangsal jarahan.
Laknat
tan methukken jurit, mengkana wus tan winarna, prapta sakilen Pragane, mapan
lajeng Sri Nalendra, mapan hamesanggrahan, haneng Mesjid Genthan hiku, lawan
ngasok haken wadya.
Den
Basah Martanagari, nusul mapan sampun prapta, nging sagung prajurit mangko,
kathah kantun Wetan Praga, hingkang jajar sadaya, Dolah Panji rongga hiku, kang
dherek mring Kilen Praga.
Mengkana
wus tan winarni, nulya laknattolah prapta, mapan kelangkung kathahe, Kurnelira
mapan tiga, tap-huntapan kewala, nenggih lawan rawuhipun, Kangjeng Panembahan
hika.
Basah
Prawiradirjeki, nulya ngaturi huninga, laknat prapta bendungane, Sang Nata
mapan ngaturan, nenggih lengser kewala, sabab langkung kathahipun, lawan malih
mara tiga.
Sri
Nalendra hanuruti, mring hature Raden Basah, lajeng budhal sing Genthane, tan
kantun Jeng Panembahan, lan kang putra santana, basah tiga munggeng pungkur,
lan sagung kang pra Dipatya.
Prapteng
jawi dhusun hiki, nulya laknat pan katingal, saking wetan lan saking ler, lan
saking kilening desa, sareng pangedrelira, Raden Dipati winuwus, lan Pangran
Suryawijaya.
Sri
Nalendra den haturi, lumajeng nanging Sang Nata, mapan nuju nitih mangko, dede
Kyahi Jayacapa, datan saged henggala, pan samya tinilar hiku, sabab pelor
langkung dresnya.
Kangjeng
Pangran Ngabdul Rahim, kelangkung denira duka, marang Raden Dipatine, lan
Pangran Suryawijaya, heh ta Suryawijaya, dene mengkono sireku, haninggal mring
Sri Nalendra.
Dene
nora hidhep ngisin, wedi maneh yen honoha, nging wedi nging dresing pelor,
nulya wangsul kalih hira, lajeng matur Sang Nata, hing ngaturan nitih hiku,
mring Kyahi Wijayacapa.
Ki
Jayacapa puniki, kenging karya panengeran, yen Islam hinggil yudanne, pan
lajeng nrajang kewala, yen badhe hanchap hika, kang gendring pelajengipun,
datankenging den hampaha.
Kapal
tan saged hanututi, marang Ki Wijayacapa, marma ngaturan Sang Katong, hasalin
Ki Jayacapa, mapan Raden Dipatya, lawan pangeran puniku, tan tahan pelor dres
hira.
Sang
Nata mesem nuruti, mring hatur kalih punika, gya nitih Jayacapanne, karsanira
Sri Nalendra, winangsulaken hika, lawan lajeng ngasta lawung, nanging Kyahi
Jayacapa.
Mapan
meksa datan kenging, Sri Nalendra pan binekta, lumajeng Jayacapanne, pan dadya
kantun sadaya, mapan wus tan winarna, kawarna den Basah hiku, lan sagung kang
pradipatya
Pan
lajeng kinepung hiki, dhateng sagung laknattolah, kelangkung kewran ing tyase,
dadya hangrompol kewala, wahu dennya lumampah, mapan ta hing ngurung-hurung,
laknat tan purun celaka.
Mapan
basah tiga hiki, sekawan Kangjeng Pangeran, Ngabehi lan saputrane, lan Pangran
Suryanagara, Dolah Panji lan Rongga, samya kapalan puniku, tan wonten mawi
sanjata.
Marma
datan saged sami, males pan kinarya lesan, sing males bestul kimawon, nanging
marmaning Hyang Sukma, pan hasring hangsalira, lamun husar laknat maju,
pinethukken mundur nulya.
Pangran
Suryanegareki, dilalah karsaning sukma, mapan sanget tekabure, menkana
sesesumbarira, heh hiya laknattolah, hentekna hobat mimismu, lamun tek mara
jupukka.
Mapan
hingsun hangenteni, mara sisan medhatiya, lawan diperak marene, dinukan dhateng
kang Eyang, jeng Pangran Ngabehika, ja mengkono sira putu, sesiku temahanira.
Kadya
wus karsa Hyang Widi, Pangeran Suryanagara, tan kendel dinukan mangko, wahu
dhumateng kang Eyang, mapan datan pantara, kenging pelor jangganipun, lajeng
prapta sabillolah.
Dhawah
saking hing turanggi, mapan datan mawi solah, wus datan winarna mangko, gung
Islam lujeng sadaya, nanging Pangran punika, wus samya prapta sedarum, ngarsane
Sri Naranata.
Mapan
lajeng Sri Bupati, mesanggrahan hing Tangkisan, laknat hingkang ngodhol mangke,
lajeng kendel hing sidhatan, kantun sewu wetara, hingkang kathah samya wangsul,
lawan ngantukhaken hika.
Mring
bangkene koncaneki, mengkana dalu winarna, Sang Nata nimbali mangko, marang
hingkang kajineman, sadika westanira, lawan Gadhingan puniku, Asnawi Jayeng
Magada.
Lawan
SabukLumpang hiki, gangsal kinon lumebetta, mring laknat pamondhokkanne,
pinaringan wahos samya, Rongga Kili sadika, Asnawi Pelered hiku, Jayeng Magada
punika.
Dipayana
wahosneki, Gadhingan pun badhu hika, pun bathang sabukhalune, gangsal wus
mundur sing ngarsa, prapta dhusun Sidhatan, mapan ngantos surupipun, nenggih
kang wulan punika.
Mengkana
laknat winarni, pan langkung prayitneng baya, mapan tan kena kumresek, mapan
lajeng sinenjata, bangun henjing wetara, hingkang wulan sampun surup, mengkana
Kyahi Sadika.
Mapan
sampun rembag sami, lumebet mring pambirisan, sadika pan pengajenge, gangsal
pan samya berangkang, sinered landheyannya, mapan marmaning Hyang Agung,
gangsal lestari lebetnya.
Datan
konangan puniki, malah lajeng tumut samya,gegeni saradhadhune, kancanya
kinethik samya, poma haja na padha, hanumbak mring saradhadhu, marma dangu
kendelira.
Mengkana
mapan marengi, mayor lan Kapitan medal, ketanggor sadika mangko, mapan lajeng
hingacaran, mayor pan lajeng niba, tan mawi hasambat hiku, Kapitan hapan
tumulya,
Winahos
Kapitan modir, mapan lajeng geger hika, barisane laknat mangko, Litnan medal
tinadhahan, sampun modir sadaya, sadika mapan wus metu, lan sekawan kanycanira.
Nanging
Mohammad Asnawi, tatu mapan tan punapa, gangsal punika hangsale, kalih niga
myang nyekawan, nging Sadik pribadya, hingkang ngantos hangsal wolu, lajeng
haningali samya.
Gangsal
mapan haneng sabin, langkung rame hing prangira, pan lawan rewange wewe, laknat
kathahhingkang modar, satus langkung wetara, selak siyang nulya mundur,
kajineman gangsal samya.
Wus
prapta Tangkisan sami, lajeng sowan mring Nalendra, wus katur hing niskarane,
mengkana laknat winarna, sareng henyjang punika, pan gelasah bangkennipun, lan
telas pengagengira.
Pan
samya tanyana jalmi, kang karya geger punika, sabab tan wonten tilase, sagung
bangke tinilikan, pan bangsanya pribadya, dadya langkung girisipun, riwus
handandani samya
Sagung
bangsane kang modir, nulya budhal mantuk hika, mapan gancangan lampahe, hajrih
lamun tinututan, mapan wus tan winarna, laknat sanget kendhakipun, dadya lami
datan yuda.
Mengkana
hingkang winarni, den Basah Prawiradirja, lan pangeran Basah mangko, den Basah
Mertanagara, Basah Prawirakusuma, mapan samya rembagipun, ngaturi mring
Nalendra.
Tedhak
dhateng wetan pragi, Den Dipatya sampun rembag, lan pangeran ngabehinne, Sang
Nata nurut kewala, mengkana lajeng budhal, lan sawadya kuswa hiku, tan kantun
jeng Panembahan.
Hing
marga datan winarni, wus rawuh hing Siluk hika, Pangran prabu sowan mangko,
mapan lajeng hatur salam, dhumateng Sri Nalendra, lawan mring kang rayi hiku,
nenggih Kangjeng Panembahan.
Riwus
tata lenggah sami, Sri Nalendra hangandika, paman sampun dhangan mangko,
Pangran Prabu haturira, mapan dereng sadaya, Sang Nata ngandika harum, prayogi
sampeyan ngiwa.
Mapan
sampun tumut jurit, Pangran Prabu haturira, kawula wus sepuh mangko, pan inggih
mongsa wandeya, Sultan lamun palestra, mumpung wonten margenipun, kelangkung
kepingin kula.
Prapta
hing sabillolahi, Panembahan hangandika, kang mas prayogi den rereh, hing
benjang yen dhanganpisan, mapan sahe punika, Pangran Behi haturipun, sami lawan
Panembahan.
Pangran
Prabu ngandika ris, ya dhimas wus sun tarima, nanging nora bias hingong, lamun
pisah lawan Sultan, mesem jeng Panembahan, marmanipun kula nusul, kang mas gih
kados sampeyan.
Kawarna
Basah Dul Latip, prapta lawan Puthut Lawa, mapan tur huninga mangko, yen
laknattolah punika, kang wonten Kilen Praga, badhe krerigan puniku, dhateng
mariki sadaya.
Lawan
sagung kang prajurit, mapan sampun kathah prapta, nusul dhumateng Sang Katong,
mengkana wus tan winarna, Sang Nata nuju lenggah, Panembahan munggeng ngayun,
Pangran Ngebehi kelawan.
Pangran
Prabu hatennapi, Pangran Ngabdul Rakim hika, Pangran Suryawijayanne, Pangeran
Dipanagara, Pangran Dipakusuma, lawan Raden Basah hiku, Mertanagara kang
ngarsa.
Pangran
Jayakusumeki, samya kang mantun nendra, Sang Nata ngandika halon, dhateng
Kangjeng Panembahan, Kyahi mapan kawula, tampi wangsite Hyang Agung, kalamun
badhe kawula.
Nika
wekasaneki, pan tan dados napa-napa, dadya hingkang sowan mangko, samya
tumungkul sadaya, kalawan ngemu wespa, Panembahan halon matur, paran Sultan
hingkang dadya.
Hing
besuk wekasaneki, Sri Nalendra hangandika, Sala kangmas Purbayanne, hing ngriki
mapan resahan, nging puniku sadaya, samya gung durakanipun, dhateng
Rabilngalaminna.
Hatennapi
mring jeng Nabi, sabab manut laknattolah, Panembahan lon hature, sultan paran
karsanira, Sri Nalendra ngandika, kenging tan kenginga hiku, Kyahi mapan
kawula.
Nanging
nuhun hambelanni, dhumateng kang samya prapta, hinggih hing sabillolahe, senadyan
hinggih kawula, lamun hayun duraka, kedhik mapan meksih hiku, Kyahi kantun
haneng donya.
Nanging
yen kenging tan kenging, hasanget panuhun kula, nanging Rakiming Hyang Manon,
kang kula suwun punika, pan nging tetepira, sadaya samya tumungkul, mapan lawan
ngemu waspa.
Mengkana
wus tan winarni, tigang dina hantarannya, laknattolah prapta mangko, mapan
langkung kathahira, pan kerigan sadaya, sagung hingkang beteng iku, praptanira
mara tiga.
Saking
kilen kidul hiki, lawan hingkang saking wetan, Raden Prawiradirjane, Sri
Nalendra hingaturan, mapan mundur kewala, nenggih ngaler ngilen hiku, sabab
laknat langkung gengnya.
Sri
Nalendra wus nuruti, gya nitih Ki Jayacapa, laknat pan sareng praptanne,
mengkana Ki Jayacapa, hing ngampah datan kena, pan punika tengreripun, lamun
badhe hasor yuda,
Mapan
lajeng lampahneki, dadya sagung hingkang wadya, tan wonten nangledi mangko, pan
dherek mundur sadaya, mengkana kang winarna, husar laknattolah hiku, mapan
nututi sedaya.
Dadya
hatutut tan hiki, nulya campuh hing ngayuda, pan Kangjeng Panembahan, hudar
laknat kathah lampus, nulya kang pelangkir nulya.
Laknattolah
hanututi, Islam prang liris kewala, dadya sagung pelangkire, tan saged
hanututana, nanging husar kewala, mapan hingkang haprang hiku, dadya kecer
bangkenira.
Kalih
belah winetawis, laknattolah husarira, kang prapta pinggir praganne, tigang
dasa winetara, Islam pan lajengnya brang, mring Kilen Praga sedarum, sampun
sapih hingkang yuda.
Mengkana
Islam kang prapti, nenggih dhateng sabillolah, Kangjeng Pangran harya mangko,
Prabu Diningrat punika, Raden Tumenggung hika, Puthut Lawa lan Den Menggung,
Mertadirja mapan lawan.
Mas
Rongga Pasekan hiki, lan Lurah Bandar punika, Mas Behi lega marane, lan Mas
Kertawongsa hika, lawan kaji satunggal, Sekar Harum wismannipun, prajurit jajar
sadasa.
Husar
laknat kathah modir, mengkana wus tan winarna, Sang Nata pan kendel mangko,
haneng Celapar punika, hangasokhaken wadya, Panembahan pamit hiku, kondur mring
pesanggrahannya,
Sang
Nata sampun nglilani, lan Basah Martanagara, nuhun pamit mring Sang Katong, lan
Dulatip Hali Basah, Pangeran Dipanagara, yun manggen ken repot sagung, pan wus
kalilan sadaya.
Mengkana
Pangran Ngebehi, lan Basah Prawiradirja, Basah Sumanagarane, Basah
Prawirakusuma, lawan Raden Dipatya, Sang Nata ngaturan hiku, mesanggrahan mring
Tangkisan,
Sabab
neng Celapar hiki, haneng ngardi kirang cekap, kinarya ngaso wadya keh, nuruti
Sri Naranata, budhal saking Celapar, sawadya kuswa tan kantun, tan winarna
haneng marga.
Hing
Tangkisan sampun prapti, pitung dinten winetara, Sang Nata neng Tangkisanne,
pecalang hatur huninga, yen laknattolah prapta, mapan langkung hagengipun, den
Basah Prawiradirja.
Lawan
Kangjeng Pangran Behi, humatur dhateng Nalendra, rembag ngunduran kimawon,
sabab laknat langkung kathah, prajurit mapan kathah, hingkang dereng prapta
wahu, Sang Nata nurut kewala.
Marang
hing ngaturireki, kang paman lan Raden Basah, mapan hing ngaturan mangko,
mundur marang hing Pinatak, nadyan tinututan, ngrika kang papan pekantuk, gya
budhal Sri Naranata,
Saking
hing Tangkisan hiki, mapan dhumateng Pinatak, lawan sawadya kuswane, sampun
rawuh Sri Nalendra, kawarna laknattolah, mapan tan nututi hiku, sareng prapta
hing Tangkisan.
Sang
Nata wus panggih sepi, lajeng wangsul laknattolah, dhumateng hing Bakung
mangko, lan dhateng Krerethiga, kawarna Sri Nalendra, mapan hing ngaturan hiku,
lajeng dhateng lepen buka.
Dhumateng
jeng Pangran Behi, Sri Nalendra hangandika, hing ngredi punapa mangko, mapan
boten wonten laknat, Pangran Behi haturnya, mapan boten haturipun, nenggihpun
Prawiradirja.
Hing
wingking pan wonten kedhik, nanging pandugine Basah, laknat hayun mantuk
mangko, dhateng Pagelen punika, marma paduka Nata lumampah hawonten ngayun,
menawi wingking punika.
Mapan
hinggih medal ngriki, Sang Nata nurut kewala, dhateng kang paman hature, nulya
mangkat Sri Nalendra, nitih Ki Jayakresna, kang munggeng ngarsa sang prabu,
nging Raden Riya Sindurja.
Lawan
pinilih satunggil, Ki Ngebehi Surawona, Punakawan kalih mangko, Bantheng Wareng
pan Pun Rata, pan ngampil pegantenan, lawan pakecohan hiku, nging sekawan kang
neng ngarsa.
Kangjeng
Pangeran Ngabehi, Ngabdul Rahman tunggil Basah, neng wingking lan prajuritte,
Raden Dipati Danurja, lan kang pradipatya, samya nunggil lampahipun, kang
munggeng wingking Nalendra.
Nanging
gamel lawan ngampil, lan Pangran Dipakusuma, sareng prapta hing Sangire,
nenggih Kyahi Jayacapa, kedah wangsul kewala, pan samarga marga hiku, pineksa
mring gamel samya.
Pan
nuju tan den titihi, hing ngampil gamel kewala, mengkana kapethuk mangko, neng
Sangir lan laknattolah, dadya samya kagyatnya, Kyahi Surawona wangsul, lan
Raden Riya Sindurja.
Lawan
Punakawan kalih, Bantheng Wareng lan Pun Rata, laknat lajeng ngedrel mangko,
surak lawan bendhe hika, Bantheng Wareng karuna, kalawan Pun Rata hiku, ngaturi
wangsul Nalendra.
Nging
sampun tan saged hiki, kang mergi langkung Halitnya, kapit jurang lan hardine,
dadya dangu Sri Nalendra, kinerutug senjata, Punakawan kalih hiku, nangis
mengkana haturnya.
Punika
didalem sami, mapan sampun minggah ngarga, Sang Nata ngandika halon, yen
hingsun miluwa munggah, ngendi dalanne hika, gunung hanglir hondha hiku, wus
mara sira dhingina,
Mengkana
marmaning Widi, Bantheng Wareng lan Pun Rata, pan saged minggah kapale, lajeng
tinut mring Nalendra, pan meksih binedhilan, saking hing ngandhap puniku,
nenggih dhateng laknattolah
Ki
Jayacapa puniki, medhot ngupados Nalendra, nanging hesmu bingung mangko,
kinepung mring laknattolah, pan lawan binedhilan, Ki Jayacapa puniku, lajeng
minggah dhateng ngarga.
Wus
panggya lan Sri Bupati, nusup-nusup Jayacapa, Sang Nata lajeng lampahe, pan
ngaler ngetan Nalendra, wingking rame swarannya, hingkang senjata puniku,
dinugi yen Raden Basah.
Wahu
hingkang methuk jurit, tanyana lamun kang paman, Kangjeng Pangran Ngebehine,
Ngabdul Rahman lan kang putra, Pangran Jayakusuma, Raden Hatmakusumeku, dhasar
wus sinedya driya.
Marma
tan hayun gumingsir, laknattolah kathah modar, wus prapta sabillolahe, Kangjeng
pangeran punika, Ngabehi Ngabdul Rahman, kalawan kang putra hiku, Pangeran
Jayakusuma
Raden
Hatmakusumeki, langkung risak kang kunarpa, sabab laknat kathah jidhet,
mengkana wus tan winarna, kawarnaha Nalendra, mapan sampun rawuh hiku, haneng
dhusun Sidawayah.
Lenggah
ngandhap hasem hiki, Den Dipati sampun prapta, lan sagung pradipatine, den
Basah Prawiradirja, lawan pangeran Basah, Sumanagara puniku, Basah
Prawirakusuma.
Pangran
Suryawijayeki, Pangeran Dipakusuma, jeng Pangran Ngabdul Rahime, pan sampun
pepak sadaya, hingkang dherek pan samya, Sang Nata nulya handangu, mring kang
paman tan katingal.
Lawan
hingkang putra kalih, Pangeran Jayakusuma, lawan hingkang rayi mangko, Rahaden
Atmakusuma, Sri Nalendra hatanya, paman behi tan kadulu, marang ngendi
paranira.
Dene
kabeh pan wus prapti, tan wonten purun matura, samya tumungkul kimawon, Sri
Nalendra hismu duka, dhateng Raden Dipatya, lan mring Raden Basah hiku, hismu
kumepyar tyas Nata.
Sabab
mirsa bedhil muni, hing wingking wahu punika, mapan kelangkung ramene, pan
wusan hingkang paman, datan wonten katingal, kalawan kang putra hiku, Pangeran
Jayakusuma.
Dadya
nata muring-muring, lawan wedal hingkang duka, hingsun takon satemene, mokhal
wong semono kehnya, lamun nora weruha, nulya Raden Riya matur, sinuhun pan dugi
hamba.
Paman
dalem Kangjeng Gusti, kados sampun sabillolah, kalawan kalih putrane, Sang Nata
sareng miharsa, mring hature Den Riya, Sindurja kendel hadangu, mapan tan saged
ngandika.
Sarta
mijil wis paneki, rumahos kantun pribadya, lawan hing tanah jawane, rumahos tan
saged nata, lamun hamrih salimnya, dhumateng kang samya kantun, mengkana jeng
Sri Nalendra.
Esmu
seret sabda haji, heh wus ta padha kariya, hingsun hayun ngrebut mangko, mring
kunarpanira paman, nulya sareng haturnya, laknattolah sampun mundur, lan malih
hingkang kunarpa.
Paman
dalem sampun yekti, sahundurnya laknanattolah, mapan hinggih hingkang layon,
mapan sampun sinahonan, dhumateng Raden Basah, Ngabdul Latip pan satuhu, kawula
hining pribadya.
Mengkana
Sri Narapati, sangsaya les hingkang driya, sareng miharsa hature, mring sagung
kang praniyaka, lajeng datan ngandika, gya mundhut tatiyan hiku, karsanira Sri
Nalendra.
Mapan
tedhak saking ngardi, wangsul dhumateng Tangkisan, pan wus sumedya Sang Katong,
yen tilar kang nikmat donya, lan kathah hingkang gagas, sampun tedhak kang
sinuhun, datan mawi hangendika.
Nenggih
Pangran Ngabdul Rakim, hingkang lumampah neng ngarsa, lawan Punakawan mangko,
Bantheng Wareng lan pun natam, dadya Raden Dipatya, mapan sanget hajrihipun,
lawan kang Basah katrinnya.
Langkung
watos tyasnya sami, dhumateng Sri Naranata, tan harsa ngandika kang mangko,
mapan langkung sungkawanya, tinilar mring kang paman, mengkana kasaput dalu,
lajeng kendel wonten Crema.
Sadalu
neng pinggir kali, denya nare Sri Nalendra, sangking sanget sukawane, nanging
kang rayi satunggal, hingkang ngadhep punika, Pangran Ngabdul Rakim hiku, gamel
ngampil Punakawan.
Kawarna
Raden Dipati, lawan kang Basah katrinnya, myang sagung kang pratiwanne, rembag
samya ngundang hingkang, Basah Martanagara, lan Basah Dul Latip hiku, kinarya
nglipur Nalendra
Sabab
punika kang meksih, pan datan tumut kadukan, kinen methuk Tangkisanne, pan
lawan kinethik hika, kalih samya ngakena, nusul saking kajengipun, pribadi
kalih punika.
Enjing
budhal Sri Bupati, pan saking crema punika, tan winarna hing marginne, sampun
rawuh hing Tangkisan, nging gamel Punakawan, ngampilan kang rayi hiku, sajuga
kang haneng ngarsa.
Nenggih
Pangran Ngabdul Rakim, Pangeran Suryawijaya, mapan tunggil Basah mangko, lawan
kang putra sajuga, Pangran Dipakusuma, tunggil Den Dipati hiku, mengkana Sri
Naranata.
Mapan
langkung kang prihatin, dhumateng wekasannira, sabab wus tan pakanthine, marma
tan arsa ngandika, hingkang rayi punika, Pangran Ngabdul Rakim hiku, tan tebih
lawan Nalendra.
Datan
mesanggrahan haji, neng pinggir sendhang kewala, saking rempuning tyas katong,
nging nyipta yun tilar dunnya, kadya yen katekana, mring laknattolah puniku,
Sang Nata wus datan nedya.
Lamun
gumingsira malih, mengkana hingkang winarna, Pangran Dipanagarane, lan Basah
Mertanagara, Dul Latip Hali Basah, mapan samya prapta hiku, lajeng sowan mring
Nalendra.
Katri
samya haturneki, lamun marengi Nalendra, nenggih Raden Dipatine, lan Basah Prawiradirja,
Basah Sumanagara, tinantun kajenganipun, punapa hinggih teksiha.
Purun
mengsah laknat yekti, yen sampun tan purun nata, mapan kantenan wawrate, Sang
Nata haris ngandika, ya wus mongsa bodhoha, sun wus datan derbe kayun, Pangran
Ngabdul Rakim turnya.
Leres
Basah Ngabdul Latip, lawan pun tole kalihnya, Sang Nata ngandika halon, wus
Ngabdul Rakim miyanga, kabeh tarinen padha, lan Si Ngabdul Latip hiku, sandika
kalih haturnya.
Wus
lengser saking ngarsaji, kalih mapan sampun panggya, pan nuju pepakan mangko,
langkung susah manahira, sagung kang pra pratiwa, sabab Sang Nata tanpa yun,
ningali lawan ngandika.
Marma
samya susahneki, sagung kang wadya sadaya, gya Pangran Ngabdul Rakimme, lan
Ngabdul Latip Li Basah, mengkana sampun prapta, dhawuhken karsa Sang Prabu,
dhumateng Raden Dipatya.
Lawan
hingkang Basah kalih, mengkana samya haturnya, kelamun mesih gesange, kawula
mapan tan nedya, sumingkir hing ngayahan, dhumateng hingkang sinuhun, suka
pejaha hing rana.
Yen
mengsah laknattolahi, pan sampun samya nemaha, tan hajrih hageng inggile, pan
nanging sagung pratiwa, nuwun hapunten samya, sagung kalepatanipun, dhumateng
Kangjeng Sang Nata.
Sedaya
haturnya sami, Pangran Ngabdul Rakim nulya, lan Basah Ngabdul Latipe, humatur
mring Sri Nalendra, lamun samya mengkana, sedaya hingaturipun, sagung hingkang
prapratiwa.
Nulya
samya den timbali, prapta dher ngarsa Nalendra, Sang Nata ngandika halon, heh
hiya sira Danurja, hing mengko karsaningwang, kalamun nyata pan hiku, hature Si
Prawiradirja.
Lawan
Sumanegareki, hangantepi mring hislannya, mapan hiya karsaning ngong, dene hiki
hing Mentaram, sun pratelu kewala, Si Prawiradirja hiku, mapan hiya hamanggona.
Hana
sakidul Yokjaki, dene Si Sumanagara, mulih hamaraba wahe, dene hiki Kulon
Praga, sun balekhake hiya, mring Si Ngabdul Latip hiku, katiga matur sandika.
Poma
haja na gumingsir, senadyan prapta sabilnya, hanaha bawah dhewe-dhewe, dene
lamun sayah sira, hingsun lilani hiya, haso marang Gunung Kidul, hiku Si
Prawiradirja.
Pene
Sumanegareki, Gunung Mrapi hangasoha, Ngabdul Latip haneng kenne, lan
sagung rerepothika, ngendi sadhemenira, pesthi Basah kang katempuh,
hiya mring pangreksanira.
Basah
tiga haturneki, pan samya sagah sadaya, nging den Prawiradirjane, humatur
dhateng Nalendra, lamun marengi karsa, paduka hingkang sinuhun, hanjenengana
kawula.
Mesem
nata ngandika ris, heh hiya Prawiradirja, mapan hingsun sayektine, hayun
hanglindhungi radat, wus nora duwe karsa, lawan manompa pan hewuh, yen hingsun
meluwa sira.
Pesthi
hiku padha meri, dene mengko karsaningwang, hayun hanglelen bahe, tan karuwan
kang sun seja, dene sira Danurja, hapa kang dadi karepmu, melu karipan prayoga.
Lan
kabeh Bupati miji, ya hapa sakarepira, hingsun tan ngarani mangko, nging Basah
Mretanagara, hiku hingkang sun gawa, lawan Ngabdul Rahim hiku, gamel lawan
Punakawan.
Tumungkul
Raden Dipati, dangu tan saged matura, [hal.183]mengkana halon hature, pan pejah
gesang kawula, hayun dherek Nalendra, lan Bupati miji sagung, mapan samya
haturira.
Lawan
hingkang putra kalih, Pangeran Dipanagara, Pangran Dipakusumane, Pangeran
Suryawijaya, mapan nuwun kantuna, kedah tumut Basah hiku, mapan linilan kewala.
Sampun
dados rembag sami, den Basah Prawiradirja, lan pangeran Basah mangko,
Sumanegara pan nulya, kinen sareng budhala, saking hing Tangkisan hiku,
karsanira Sri Nalendra.
Dhumateng
sawetan Pragi, kalawan sawadyanira, pan wus tan winarna mangko, kawarnaha mring
Nalendra, saking Tangkisan budhal, tedhak mring Pinatak hiku, hayun panggih lan
kang rama.
Kangjeng
Panembahan hiki, Ngabdul Ngarip karsanira, mapan hayun pamit mangko, sampun
ngrahos Sri Nalendra, lamun wekasan panggya, Panembahan hiku, neng Sangir
pesanggrahannya.
Mengkana
Sri Narapati, mapan sampun hapepanggya, lawan Panembahan mangko, lajeng
ngrangkul Panembahan, lan kumembeng kang wespa, Sang Nata mengkana hiku, kados
wus karsaning sukma.
Kalih
pan rumahos sami, lamun wekasan hapanggya, riwus nata ngandika lon, Kyahi
kawula yun kesah, hinggih saking Mentaram, Panembahan lon turipun, kesah marang
ngendi Sultan.
Paran
polahe kang kari, hing Mentaram pesthi bubrah, lamun Sultan kesah mangko, Sri
Nalendra hangandika, Kyahi kados punapa, mapan kawula satuhu, kados karsaning
Hyang Sukma.
Tan
pirsa wekasaneki, nanging kelamun huninga, mring Paman Behi tilase, pan kedah
nepsu kewala, marma kajeng kawula, mapan nyingkiraken nepsu, dene Mentawis
sapunika.
Hingkang
kula ken nenggani, mapan hinggih Basah tiga,dene rerepot sagunge, hing pundi
kang rinemenan, katempuh dhateng Basah, hinggih hing pangreksanipun, ketempaha
dhateng Basah.
Panembahan
ngandika ris, mongsa padhaha lan Sultan, hingsun tan precaya mangko, Sri
Nalendra hangandika, Kyahi hanglir punapa, kawula tan saged sampun, ngampah
mring nepsunika.
Yen
tan kesah kula Kyahi, pitung dinten hantawisnya, kawula mresa srengenge, punika
lamenira, yen tinulungan Sukma, pun laknattolah puniku, pitung dinten kados
sirna.
Nging
kang celak kula Kyahi, genipun hatilar dunya, sabab kula satuhune, sampun tan
saged neng dunya, sareng paman punika, kinarsakken mring Hyang Agung, mapan
kawula pribadya.
Tan
saged parentah jalmi, dene punika sadaya, hingkang teksih kantun mangko, pan
sanes kajengnya samya, Kyahi lawan kawula, dene sampeyan wus sepuh, marma tan
saged kawula.
Dene
yen hanema kedhik, kenging kula kanthi hika, Panembahan sareng hanon,
timbalannira Nalendra, mengkana haturira, lamun mengko nora karsamu, senadyan
mati huripa.
Sultan
haku lumuh kari, mring Nalendra hangandika, Kyahi langkung rubede, pan hinggih
lampah kawula, badhe hanrerang baya, lan tan wonten kula jujug, pan manut
lembaking driya.
Lawan
yun nyerah hing tekdir, punapa saparengira, mrih panyjangken lelakone, yen kula
datan kesaha, mapan hinggih kewala, singa kinarsakna hiku, mengkana jeng Panembahan,
Esmu
seret ngandika ris, lamun wus mengkono Sultan, mapan hiya waking ngong, sun
duga wus nora kuwat, nanging panedhaningwang, hing sahenggon mati hingsun, muga
Allah narimoha.
Ngantepi
mring Islam mami, hiku lamun pinatenan, yen tan mati kaya priye, mapan hingsun
wus tan nedya, donya prapteng ngakerat, lamun haderbeya ratu, saliyane Sultan
sira.
Sabab
badan hingsun hiki, sun rasa wus nora bangkat, kelamun cinekel bahe, Sultan
paran karsanira, Sri Nalendra ngandika, lawan ngemut waspa hiku, dadya samya
mijil lara.
PUPUH
XXXVIII
M I
J I L
Mapan
lamun cinepeng Kyahi. gih sampeyan nurut, nging satunggal sampun nedya bahe,
lamun nedya dados batal Kyahi, iman sikuneki, nging nedya puniku.
Sakit
pejah pan sampun pinasthi, gantungan sumahos, marma kula punika yektosa,
nanging kantun hinggih wektuneki, kang kula hentosi, pejah gesang tuhu.
Pan
kawula Kyahi datan huning, kagungan Hyang Manon, nging manungsa semongga
darbehe, bekja sakit Kyahi lawan pati, katig wus pesthi, gantungan puniku.
Mapan
hinggih ganjaran wus pesthi, wong haneng dunyeku, datan hewah hing lokhil
mahpulle, nging manungsa Kyahi tan hudani, mring papestheneki, karsaning Hyang
Agung.
Nging
hugere Islam mung satunggil, pan pasrah kimawon, sakit pejah tan gumingsir
mangke, nanging iman hingkang den hanteppi, parentah hing dalil, Kuran
yektosipun.
Marma
hanggresa mpun nedya Kyahi, sahe lan puniku, basa sahe punika tegese,
dhepe-dhepe mapan kedah hugi, gennya luru hurip, nikmating dunyaku,
Nging
punika hugreripun Kyahi, iman hisak hipun, sabab donya mapan pengrahose,
hanglabeti benjing prapteng ngakir, nging punika Kyahi, mapan dipun hemut.
Dene
badan pisak neng dunyeki, Islam ngamalipun, Panembahan wus padha galihe, mapan
haris ngandika mring siwi, wis ta Sultan mami, nging nuhun pangestu.
Muga
hingsun holeh sih Hyang Widi, supangating rasul, den helingna pratingkah
mangkono, Kangjeng Sultan hangandika haris, hinsaAllah Kyahi, gya jawab
hasteku.
Nanging
hingsun dherek haken puji, lawan donganing wong, jinurunga mring Allah karsane,
Kangjeng Sultan haris haturneki, gih nuhun Kyahi, gya budhal sing gunung.
Panembahan
pan wus tan winarni, Kangjeng Sultan mangko, tedhak saking Sangir prapta
mangke, hing Pinatak lawan sawadyeki, mengkana karsaji, sagung dharat hiku.
Tan
kalilan dherek mapan sami, kinon kantun mangko, neng Pinatak sagung dharat
kabeh, hingkang dherek nging kang pradipati, santana satunggil, putra kalihiku.
Punakawan
nging tiga puniki, ngampil kalih mangko, pan lanycaran Sang Nata karsane,
tigang dasa mapan winetawis, hingkang dherek sami, pan kapalan hiku.
Marma
dharat tan kalilan hiki, sabab karsa katong, panerajang laknat barisane, lamun
mawi dharat hangrubedi karsannya Nrepati, wus babeghan hiku.
Mapan
hingkang munggeng hing ngarsaji, Raden Basah mangko, nenggih Martanagara lan
maneh, hingkang rayi Pangran Ngabdul Rakim, Pangran Dipanagari, Den Dipati
pungkur.
Lawan
sagung kang para dipati, sing Pinatak bodhol, mapan miyos sing Waja sang
rajeng, marmaning Hyang laknat tan huning, sagung hingkang baris, haneng Waja
hiku.
Lepen
lereng kenging den sabrangi, marmaning Hyang Manon, bakda ngisa Sang Nata
hangkate, sing Pinatak mapan sampun prapti, guneman Nrepati, mapan waktu subuh.
Pan
lampahan tigang dinten hiki, lamun lumrahing wong, sing Pinatak nenggih
gunemane, mapan kendel Kangjeng Sri Bupati, ngasokken turanggi, neng ngandhap
gurdeku.
Basah
Martanagara pan nuli, hanimbali mangko nenggih wahu dhateng prajurite, rongga
Bapang Gomawijayeki, mapan sampun prapti, wong bocor sedarum.
Lawan
ngambal kalih hatus hiki, mengkana Sang Katong, mapan dangu den Basah barise,
Bapang Gomawjaya turneki, habdi dalem sami, prajurit myang sagung.
Pradipati
lawan Basah neki, neng Kejawan katong, Sri Nalendra mengkana karsane, mapan
nusul mring Kejawan hiki, mapan saso naming, sadinten sadalu.
Neng
Guneman gya budhal Nrepati, mring Kejawan mangko, datan kantun sawadya kuswane,
tan winarna neng marga Nrepati, Kejawan wus prapti, nging den Basah hiku.
Gondakusuma
mapan wus ngalih, dennya baris mangko, haneng Panjer lan saprajuritte, hing
Kejawan nanging den tenggani, bupati kekalih, tiga lawan ratus.
Haturira
Rahaden Dipati, tinimbalan mangko, Raden Basah lan saprajurite, nging Sang Nata
mapan tan nglilani, karsannya Nrepati, yun lelana hiku.
Pitung
dinten neng ngrema Nrepati, nulya budhal mangko, mapan dhateng hing tanah
panjere, tan winarna hing marga wus prapti, tanah panjer haji, hing Pelumbon
dhusun.
Raden
Basah Gondakusumeki, mapan baris mangko, haneng Lepen Kajar lan sagunge, kang
prajurit myang niyaka sami, nulya den timbali, mapan prapta sampun.
Lawan
sagung kang niyaka sami, myang prajurit mangko, pitung ngatus mapan wetarane,
dados sangang ngatus kumpul neki, lawan kang prajurit, basah hingkang sepuh.
Kadya
sampun karsaning Hyang Widi, Sri Nalendra mangko, hing tyasira yun lelana bahe,
Basah Gondakusuma turneki, nuhun karsa haji, nging Nata tanpa yun.
Pan
mengkana sabdannya Nrepati, heh Basah karseng ngong, gung prajurit bubarena
kabeh, dimen haso mapan hayun mami, hanutuken hiki, lelana mring gunung.
Hayun
weruh niskaraning wukir, haja prang dhingin mangko, lamun hingsun durung mudhun
mangke, Raden Basah langkung cuwaneki, nanging matur hajrih, pan wus tan
cinatur.
Sri
Nalendra nulya budhaliki, sing Palumbon mangko, lawan Basah Mertanagarane,
nanging sagung kang prajurit sami, kinon mantuk hiki, nging panjer Tumenggung.
Kalapeking
lan prajurit neki, kang dherek Sang Katong, sabab hiku kang wruh jajahane,
myang punggawa kang saking Mentawis, tigang dasa hiki, pan wus tan cinatur.
Sri
Nalendra dennya jajah hardi, panjer lawan mangko bah Werayang lan Selamanike,
Gowong mapan samya den tedhaki, mengkana Nrepati, cobaning hyang Agung.
Pan
ginnanycar grerah sanget hiki, pan dadya Sang Katong, mesanggraha neng lobang
handonge, BasahMertanagara karsaji, kinon mudhun hiki, mring Palumbon hiku
Kang
Bupati Gowong Selamanika, pinaringken mangko, lawan panjer kang tengga Sang
Katong, nanging kantun niyaka Mentawis, pan kapalan sami, wus datan cinatur.
Raden
Basah Mertanegareki, wahu dennya mudhon, kawarnaha Sang Nata grerahe, haneng
Lobang Handongsanget hiki, celep Sri Bupati, pan hasring puniku.
Supenira
kawarna kang rayi, Kangjeng Pangran mangko, Ngabdul rahim hasring pamuwune, yen
tumingal marang Sri Bupati, sabab risak hiki, kang salira hiku.
Lawan
hasring pan kinen meteki, kang rayi niku, mring Jeng Sultan pan sring
pamuwunne, Kangjeng Sultan hangandika haris, heh sira Dul Rakim, sun takon
satuhu.
Kaya
paran sireku sok nangis, hapa heling mangko, marang hanak bojonira kuwe, lamun
heling muliya sireki, hiya mring Mentawis sun lilani hiku.
Pangran
Ngabdul Rakim haturneki, tan supena katong, lamun hamba derbe tyas mengkono,
nilar dhateng Kangjeng Sri Bupati, nolih anak rabi, pan hamba sahestu.
Datan
gadhah niyat mapan kalih, nging paduka katong, hawal hakir tan sumedya malih,
mapan Ratu dhumateng liyaning, lawan hamba nguni, hubangi puniku.
Hinggih
lamun tan kangkat karsaji, laknattolah mangko, yen tan sirna sing tanah jawane,
mapan hamba kapingin sayekti, pejah margineki, hing sabillolahu.
Pan
tan sedya hamba hangging siri, mring niyat puniku, nanging hamba punika
yektosa, lamun dulu salira Nrepati, mapan kedah nangis, tan huning satuhu.
Hinggih
dhateng kajenge kang tangis, mesem jeng Sang Katong, hangandika heh Ngabdul
Rakime, yen mengkono tangi sira yekti, mapan hati salim, hingkang nangis hiku,
Meksih
hana mapan den karepi, tan kaduga mangko, Kangjeng Pangran mengkana hature,
kados leres timbalan Nrepati, pan hamba rumiyin, dewaji geguru.
Hinggih
dhateng Kyahi Taptajani, nanging mapan yektos, dereng ngantos dumugi wulange,
manah hamba mapan dereng tampi, pan kaselak hugi, Seh Taptajaniku.
Mantun
dhateng hing rahmattolahi, mesem jeng Sang Katong, ris hatanya heh Ngabdul
Rakime, guru hapa sira dhingin, marang Seh Taptajaneki, jeng Pa[hal.196]ngran
wot santun,
Bab
ing dikir lawan tekat kalih, kadariyah mangko, hinggih lawan kejabariyahe,
manah hamba dereng kantos tampi, mring penganggep yekti, mrih selametipun,
Mapan
langkung sing pakewed neki, peteng tyas sayektos, kadariyah pan kelajeng
mangko, jabariyah langkung tunaneki, kalawan bab dikir, dereng padhang tuhu.
Mapan
hinggih kang pinandeng yekti, lawan malihipun, hanggep hing tyas dhumateng
Hyang Manon, praptanipun mapan margi tokid, mesem Sri Bupati, hangandika harum.
Heh
ta hiya hiku Ngabdul rakim, petakonireku, mapan ngelmu kang banget langkane,
Pangran Ngabdul Rakim hatur bekti, pan hamba dewaji, nuhun berkah tuhu.
Hinggih
ngelmi kang kalih prekawis, hanggep mring Hyang Manon, pan punika kang dados
petenge, manah hamba langkung dereng tampi, hiya Ngabdul Rakhim, mengkene yen
hingsun.
Marma
kadariyah batal yekti, hiku pan mengkono, wus tan ngrasa haneng dunya kiye,
lamun hiku hana hingkang kardi, nging pangrasaneki, hana pribadiku.
Mapan
nora nana liyan maning, pengrasane hiku, kang misesa nging karepe dhewe, dunya
kherat ngrasa misesani, dadya batal neki, tekad mengkoneku.
Sabab
wus tan hangrasa kinardi, jabariyah mangko, pan mengkono dul rakhim tekade,
haneng dunya hiku pan kinardi, tan hana pribadi, myang ngakherat besuk.
Wus
tan nana lamun mati huwis, tekat kang mengkono, marma batal hiku temahane,
haneng dunya huripira hiki, nanging kang pinikir, sandhang pangan hiku.
Dadya
hanglir khewan hurip neki, marma tuna mangko, kadariyah lir Iblis huripe, marma
liwat hiku Ngabdul Rakhim, Jeng Pangran tur bekti, lawan ris humatur.
Marma
peteng tyas hamba sayekti, mapan kalihipun, hinggih nunggil ma[hal.198]pan
wekasane, kados pundi hing pengangeneki, dadosipun suni, pan kalih puniku.
Pan
mengkene karo Ngabdul Rakhim, kadariyah mangko, pan yahiku wong kapir tekade,
jabariyah mapan kupur hiki, Islam tekad neki, hingkang suni hiku.
Pangran
Ngabdul rakhim tur wotsari, marma tyas pukulun, mapan langkung saking pakewede,
tekad kalih dadosipun suni, pan punika kalih, sami yektosipun.
Margi
suni kalih batal sami, mesem kang sinuhun, pan mengkene hiku penganggene,
kadariyah hanglir hemas hiki, jabariyahneki, lir tembaga hiku.
Tekad
loro den dadi sawiji, dadi suni mangko, kadariyah kejabariyahe, tunggalhena
hiku Ngabdul Rakhim, dadi haran suni, yen tembaga hiku.
Yen
wus hamor lawan hemas pesthi, hilang rane roro, pan sawusa dadi ku harane,
kapir kupur yen wus hilang hiki, Islam haran neki, wus den hawas hiku,
Kangjeng
Pangran Ngabdul Rakhim nuli, ngusweng pada katong, riwusnya gya humatur malih,
kados pundi punika bab dikir, kang pinnandeng hugi, hing wekasannipun.
Kangjeng
Sultan mesem ngandika ris, tan kaya renning ngong, mundur kaya wong
nanempuhake, dene hingkang dikir hiku hadhi, pan sira yun milih, hing wiwitan
hiku,
Pan
kalimah tayiban kang pesthi, den beneren ning ngong, kalimahe mring nabi
hesbate, nabi suwung mapan karepneki, hesbat hana hiki, lamun hisbat tuhu.
Mapan
hana kang pinandeng yekti, hiya hisim mangko, mapan hisim jalalaha rane, hiya
hingkang haneng jroneng ati, mapan den harani, sanubari hiku.
Pan
hing jantung mengko lahireki, jeng Pangran turnya lon, kados pundi malih hing
ngindhakke, kang bab dikir kathah hingkang warni, mesem Sri Bupati, mapan
kabehiku.
Yen
wus ngumpul mapan mulih maning, marang hisim mangko, hiya sipat jalalaha rane,
dene dikir papat haran neki, mapan hiku dhingin, napi hesbat hiku.
Yen
wus tutug hing niskara neki, mapan hing sim mangko, hiya hedat hadhi ku harane,
mapan nuli dikirhisim haib. lan haib hinaib, hiku papatipun.
Papat
hiku mulih mring san kamil, kang kinarya gedhong, marma yen wus teka san
kamile, hadhi hilang pan harane hiki, kawula lan gusti, hing Kuran tinutur.
Hana
lapal marjalbahrahenni, yal takinni niku, lan barjakunlibahinna mangke, poma
sira den wespada hadhi, sabab nunggal huwis, dadi siji hiku.
Hisbat
lawan hadhi hingkang napi, pan tan hana loro, sebut lawan kang sinebut kuwe,
nanging kari pandengira hiki, yen wus weruh hadhi, poma haja weruh.
Lamun
katon ja sira tingali, pan dating Hyang Manon, pan mung hiku Islam wekasane,
dikir salat pan padha pribadi, yen sira wus kamil, lawan kangi turu.
75.Lara
pati wus tan hana hadhi, pan hiku wor-winor, pan ning dunya lawan ngakherate,
nanging dunya bedanne ta hadhi, sipat ngaral meksih, kang manungsa hiku.
Kangjeng
Pangran Ngabdul Rakhim nuli, ngaraspada katong, mapan langkung padhang hing
galihe, mapan hangsal karilaning Widi, sagung hingkang ngelmi, landhep
tampenipun.
Wus
kerahos surahosing ngelmi, karsaning Hyang Manon, Kangjeng Pangran mengkana
ciptane, mring Nalendra pan tigang prekawis, sudarma sayekti, guru lawan ratu.
Dadya
kang tyas wus tan sedya gingsir, lumampah sepakon, henengngenna tan winarna
lire, kawarnaha Kangjeng Sri Bupati, mapan sampun lami, haneng Bulu Badhung.
Dennya
gerah pan wus dhangan hiki, karsane Sang Katong, karsa tedhak mring tanah
panjere, nusul mring den Basah Mertanagari, henyjang budhal nuli, saking Bulu
Badhung.
Datan
kantun kang para dipati, mengkana winuwus, Jayacapa kedah wangsul bahe, nging
pineksa mring gamelireki, westa Sumatali, pan lagya tumurun.
Saking
Bulu Bandhung mapan nuli, cobaning Hyang Manon, laknattolah mapan methukhake,
langkung kathah pan Mayor Magilis, nenggih tindhihneki, lajeng ngedrel hiku,
Kangjeng
Sultan samya den haturi, mring niyaka sagung, wangsul dhateng Bulu Bandhung
malih, sabab laknat langkung kathahneki, Sang Nata nuruti, mring sagung
turipun.
Kang
punggawa mapan wangsul nuli, Sang Nata neng ngayun, hingkang wingking hing pan
binereg bahe, laknattolah ngedrel minggah sami, wus karsa Hyang Widi, kapal
samya kantun.
Pan
tan kenging samya den tunggangi, nging Jeng Sultan mangko, mapan sampun tebih
hing lampahe, hing ngaturan lumebet wanadri, kang dipun titihi, Ki Jaya
Kresneku.
Mapan
dadya kasesre Nrepati, cobaning Hyang Manon, hayun wangsul wus tan saged
mangke, hingkang jurang langkung lebetneki, gya tedhak nerpati, sing turongga
hiku.
Pan
kaselak laknat hanututi, sarta ngedrel mangko, Kangjeng Sultan nulya lenggah
bahe, haneng ngandhap hing jurang puniki, kinarutug bedhil, saking nginggil
wahu,
Laknattolah
langkung kathahneki, kang nututi mangko, lawan ngedrel sing nginggil jurange,
Sri Nalendra pan wus nedya yekti, yun sabillolahi, wus tinilar hiku,
Marang
sagung kang para dipati, nging kang rayi mangko, lan kang putra mapan kalih
mangke, hanungkemi pada muwun sami, ngaturan Nrepati, lengser saking ngriku.
Ponakawan
satunggal nameki, pan Pun Rata mangko, nangis lawan prungu man humane,
nenggih dhateng RahaDen Dipati, dene
nilar hiki, lumajeng sang Prabu.
Den
Dipati nulya wangsul nuli, prapta ngarsa katong, lawan nangis mengkana hature,
Sri Nalendra mapan den haturi, lengser lan kang rayi, sanget haturipun.
Lwan
kalih kang putra puniki, Sang Nata nebda lon, wus ta padha sun tinggalen bahe,
mapan ingsun yen pareng Hyang Widi, hayun hangleboni, mring sabillolahhu.
Putra
kalih tiga lan kang rayi, sanget haturipun, nuhun sarta nungkemi padane, nging
Sang Nata wus tan keguh hiki, mengkana winarni, laknattolah hiku.
Mapan
samya nedya hangedhuni, Den Dipati mangko, mapan langkung kasesa manahe, gya
rumiyin mapan pados margi, mapan Lurah Kasim, Jamenggala wahu.
Bantheng
Wareng kang samya rumiyin, mengkana Sang Katong, mapan lajeng dipun peksa bahe,
mring kang putra kalawan kang rayi, mapan sampun manyjing, dhumateng wana gung,
Sampun
tebih lawan laknat sami, gya kendel Sang Katong, Gamel Sumatali prapta mangko,
pan dinangu Ki Jayacapeki, lan Jaya Kresneki, Sumatali matur,
Lamun
sampun pun kenging laknat kalih, titihan Sang Katong, lawan sagung kapal
sedayane, datan wonten kantun mapan sami, dadya Sri Bupati, mapan hayun
wangsul.
Nging
kang rayi Pangran Ngabdul Rakhim, sanget denya matur, mapan hewed dewaji
rahose, lamun prapta sabillolah yekti, mangsuli turanggi, lan wus tebih
langkung.
Hagem
dalem Ki Jayacapeki, yen pareng Hyang Manon, paduka ji meksih jumenenge, kados
hinggih nunten panggih malih, pan sampun ginalih, luhung lajeng sampun,
Dadya
Nata nurut mring kang rayi, sabab turnya mangko, kasinggihan Sang Nata kersane,
Sri Nalendralawan haningali, kang pusaka hiki, tugel lawungipun,
papak
ngantos mapan wakid godhi, sasmita Hyang Manon, Kangjeng Kyahi Rondhon wus
hadate, yen Sang Nata badhe susah mangkih, nulya mretandhani, dadya les sang
prabu.
Kang
kahesthi basah hing Mentawis, pan katiga hiku, kados sampun hasedheng manahe,
sabab hingkang pusaka Nrepati, tiga putung sami, pan landheyanipun.
Kyahi
Gagak Sara lawan Kyahi, Mundhingwangi hiku, ning Sang Nata kendel langkung
tyase, sampun mupus mring purbaning widi, dadya namung haji, hangentosi wektu.
Praptanira
mring sabillolahhi, hingkang dipun hantos, Sri Nalendra mengkana hing tyase,
sampun pasrah mring Rabilngalamin, nging sanget Nrepati, hing panamuripun.
Datan
montra ketawis karsaji, lamun wus mangkono, yen Mentawis kang dadi galihe,
malah dangu kewala Nrepati, mapan datan hapti, laminya Sang Prabu.
Jengkar
saking hing tanah Mentawis, mangkya telas sampun, lamun basah kang neng
Mentawise, tiga samya sampun sedheng yekti, pan Kangjeng Kyahi, Rondhon
tengeripun.
Dadya
lajeng lampahnya Nrepati, pan nare sedalu, haneng marga Den Dipati ture, Sri
Nalendra mapan den haturi, nusul basah maring, Palumbon puniku.
Laknattolah
wus datan winarni, kawarna Sang Katong, mapan langkung rembening lampahe, sabab
hingkang pada Sri Bupati, mapan rempuka lih, datan nate hiku.
Pan
lumampah dharat Sri Bupati, marma samya haboh, hingkang pada Sang Nata kalihe,
mapan ngrempong hing samargi margi, wus nemah Nrepati, lamun sanggenipun.
Prapta
dhateng hing sabilolahhi, nemah tyas Sang Katong, saking sanget Sang Nata
grerahe, kawarnaha Raden Basah hiki, Mertanegareki, pan sampun kapethuk.
Haneng
marga lan Sri Narapati, mapan sedyannipun, hinggih nusul mring Bulu Bandhunge,
pan pinuju kapethuk hing margi, dadya kendel haji, neng luwan sedalu.
Basah
Mertanagara ningalli, dhumateng Sang Katong, mapan lajeng kumembeng wespane,
lan winartan mring Raden Dipati, marang solahneki, duk neng Bulu Bandhung.
Langkung
ngungun Basah Mertanagari, Sang Nata Tanya lon, basah sira nusul pa karane,
mapan hingsun hiku huga yekti, yun nusul sireki, pan kepareng hiku.
Panujune
kepapag sireki, Den Basah turnya lon, badhe hatur huninga wiyose, habdi dalem
sampun samya prapti, hingkang tebih-tebih, Gowong Ledhok Kedhu.
Lepen
Beber Lamuk Sela Manik, Sang Nata nebda lon, kaya paran basah sun mangkene, pan
ginanjar lara mring Hyang Widi, haja ngantep jurit, dhingin sira hiku.
Hantenana
dhingin hingsun dhingin, bab ing haprang hiku, haja ngantep, yen tan waras hing
ngong, Raden Basah hesmu cuwa galih, hayun meksa hajrih, mengkana sang prabu.
Hingngaturan
mesanggrahan hiki, haneng Lobang Handong mapan tanah hing panjer wanane,
tumenggungnya wasta Kala Paking, kang kinon ngladosi, dhumateng sang prabu.
Hing
ngaturan turangga satunggil, mring Den Basah mangko, riwus sira Den Basah gya
lengser, wangsul marang hing Palumbon malih, sapraptanya nuli, Raden Basah
hiku.
Hing
Palumbon nulya rembag sami, lan kang pra tumenggung, dek meksih habaris
Palumbone, kaselakken lawan Sri Bupati, menawa nekani, laknattolah hiku.
Lamun
jurit dadya baribini, dhumateng Sang Katong, sabab celak sampun rembag mangke,
lawan sagung kang para dipati, kelamun hangalih, mring Roma puniku.
Raden
Basah nulya budhal hiki, sing Palumbon mangko, lawan sagung kang pradipatine,
sedya nunggil kalawan kang rayi, Raden Basah hiki, Gondakusumeku.
Neng
kejawan nenggih denya baris, sang wadyanya mangko tan winarna Den Basah
praptanne, sampun nunggil kalawan kang rayi, kang warna Nrepati, kang neng
Panjer hiku.
Lobang
Handong pesanggrahan aji, nging karsa Hyang Manon, Kangjeng Sultan sangsaya
grerahhe, mapan sanget tan saged lumaris, laknattolah hasring, langkung celak
hiku.
Den
Dipati langkung marasneki, bok konangan mangko, dadya matur dhumateng sang
rajeng, nuwun pamit kinaryaseng adi, mapan yun nyepuhi, basah kalihipun.
Lawan
sagung kang para dipati, sinuwun sedarum, mapan lawan pangran katigane,
haturira nenggih Den Dipati, hamrih samuneki, Sang Nata pan nurut.
Nging
jeng pangran ngabdul rakhim nenggih, lan kang putra mangko, kangjeng pangran
dipanagaranne, langkung mopo pan tan tega yekti, nilar sri bupati, pan lumuh
kelangkung.
Nanging
meksa nenggih Den Dipati, mring panuwunipun, Sri Nalendra wus huning wekase,
nanging hesmu wirang mring Hyang Widi, yen datan nuruti, mengkana nebda rum.
Heh
ta Ngabdul Rakim ari mami, pagene sireku, nganggo datan sukur hing Hyang
mangko, hapa lali sira Ngabdul Rakim, mring jangjining ngelmi, nurut taren
ingsun.
Dadi
hilang pasrahira yekti, marang hing Hyang Manon, mundur jisim sira heman kuwe,
Ngabdul Rakim mapan jisim hiki, pratondha sayekti, nanggung loro hiku.
Marma
kenna ngaran donya hiki, sabab nanggung loro, hiya donya lawan ngakherate,
haneng jisim mangko lahir neki, hala lawan becik, kono tethari pun.
Dadya
wenang ngaran ngamal jisim, sabab nanggung roro, lara waras neng jisim lahire,
Ngabdul Rakim wus haja ko tolih, mundhak mametengi, mring iman ren ingsun.
Pan
katisnan lahir hiku Iblis, kang godha ren ingong, kang den suprih hiya
pembawure, tingalira marang kang sejati, pan iman sayekti, nora kena lampus.
Nanging
lara hiku kena hadhi, sabab ngaral mangko, pan larane hing ngiman mangkene,
kaya sira lumuh pakon mami, sabab ngeman yekti, mring jasmanen ingsun,
Hiku
huga mapan godha yayi, nepsu rane mengko, hanglarani mring iman temahe, teges
laraning iman pan hadhi, peteng tingalneki, marang hing Hyang Ngagung,
Pangran
Ngabdul Rakim matur haris, pan hamba Sang Katong, mapan dereng khusus sadayane,
bab ing iman surya kang hupami, mendhung nepsu yekti, nging tetelanipun,
Pan
sedaya wonten sipat yekti, pan wicalanipun, kang dat sipat Apngal lan Asmane,
kados pundi gen-ipun nyinggahi, sipat wujud lahir. mesem kang sinuhun.
Pan
mengkene hiku ngabdul rakim, yen wus sira mangko, hanekaddi mring iman rening
ngong, hiya lawan pitulung Ilahhi, supangat ing nabi, lir hangilo hiku,
Den
halanga den hujura hiki, pan tunggal rening ngong, lir brerambang sabungkul
pamane, den kongsi tek denira ngonceki, tan beda rupeki, lir hangubak banyu,
Banyu
dandang hanglir sumur hiki, klebon najis mangko, kabeh hiku mapan tunggal bahe,
teges hedat pan lahiring hurip, sipat rupa hadhi, Apngal gahoteku,
Asthama
hisim kang jalah yekti, marma padha mangko, sirnaning dat kalimput sipate,
sirna haran haneng apngal hiki, lamun mulih maning, pan hanglir puniku.
Nanging
hedat hingkang mesengseni, denne sipat mangko, pan kinnarya kennyatahan bahe,
Apngal Asthma kumpul sipat neki, dadi nanging keri, dat lan sipat hiku,
Denne
sipat kang lahir, tan prebeda mangko, hiya lawan kang sipat batinne, hingkang
rusak lan tan rusak hiki, mapan tunggal yekti, kang wus sirna hiku,
Hingkang
kadim kari neng donyaki, mapan haran mangko, hiya kanthi kalawan ngapngale,
marma sira haja mamang hadhi, dadi batal hiki, makripatireku,
Pan
wus nora kena rusak pesthi, kadime Yang Manon, pan srengenge hiku hupamane,
bundherira mapan wus pinasthi, karsannya Illahhi, mengkono lir hujud,
Pan
padhangnge hiku dat sayekti, apngalira mangko, hiya hiku pan wira wirine, lamun
bengi leren tan lumaris, kari asmaneki, haja salang surup,
Marmanira
ja sumelang hadhi, haninggal maring ngong, mapan Allahhu sahekikin muhkhitatin,
gung manungsa haneng donya hiki, tan kena ngowahi, mring papesthen hiku,
Hanneng
donnya ngalam rusak hiki, pan derbe lelakon, ngalam langgeng besuk katemune,
pan wus pesthi nora howah hiki, marma
haja kongsi, batal hareningsun.
Kangjeng
pangran ngabdul rakim nuli, ngaraspada katong, mapan langkung padhang hing
galihe, kadya hangsal rilanning Widi, marang wejang hiki, pan sampun kecakup,
Dadya
sampun sumendhe mring tekdir narah karsakatong, kang sinuhun langkung sokur
tyase, hingkang rayi landhep tampineki, pasah dhateng ngelmi, lan wespada
sampun,
Mapan
dhateng karsa kang sejati, salang surupipun, hingkang ngelmu pan wespada
mangke, tan winarna niskaranya sami, pan wus budhal hiki, sing ngarsa Sang
Prabu
Pan
lestari nenggih lampahneki, marma tan winuwos, sampun prapta hing Kejawan
mangko, nulya nunggil lawan basah kalih, nengna kang winarni, Lobang Handong
hiku,
Sri
Nalendra mapan kang winarni, neng tengah wanna gung, Lobang Handong hiku pan
harane, grerah sanget mapan kang ngladosi, ponakawan kalih, meksih halit hiku,
Lare
bajang nenggih kang satunggil, tur beler puniku, pinnaringngan nama bantheng
wareng, kang satunggal pun rata nameki, pan selamineki, lelana Sang Prabu.
Datan
kantun Ponakawan kalih, mengkana Sang Katong, mapan wonten mayare grerahe,
hingngaturan ngalih tiyang siti, sabab langkung watir Lobang Handong hiku
Mapan
ragi celak lawan margi, Lepen Kajar mangko, Sri Nalendra pan nurut hature,
marang Bekel Lepen Kajar hiki, pan pinaring nami, hannenggih pun Petruk,
Hing
sebadha Bekel kangladosi, dhumateng Sang Katong, mapan kalih pinaring namane,
Semar Gareng samya patut neki, kalawan kang warni, tiga sampun rembug,
Sri
Nalendra hingngaturan ngalih, mring sebadha mangko, sampun mangkat sing Lobang
Handonge, mring sebadha tan winarna margi, wus rawuh Nrepati, hing Sebadha
hiku,
Mesanggrah
haneng tengah wanadri, Labanamannipun, dadya kambuh Sang Nata grerahhe,
langkung sanget Ponakawan kalih, mapan samya nangis, maras manahipun,
Bantheng
Wareng lan Pun Rata hiki, neng dagan Sang Katong, lare kalih pan sanget
tangise, Semar Gareng Petruk tumut nangis, ngandika Nrepati, nora mati hingsun,
Wus
ta padha menenga hanangis, pan kuwus tyas hingong, nulya kendel samya
panangise, hing Sebadha na dhukun sawiji, wus sepuh pawestri, gumati
kelangkung,
Mapan
dhateng kangjeng sri bupati, ragi kenes mangko, rondha Nyahi Hasmaraturune,
gamel kalih wasta Sumatali, mapan sikepneki, Jaka Dholok hiku.
Sampun
lama nenggih Sri Bupati, haneng Laban mangko, ragi sampun hadhangan grerahe,
kang ngladosi tiyang wolu hestri, henengna sang ngaji, Kejawan winuwus,
Basah
kalih lan Raden Dipati, pangran tiga mangko, kang prajurit pan sewu cacahhe,
nanging hasring kasesre kang jurit, sabab laknat hiki, langkung kathahipun,
Tigang
tanah pan dados satunggil, mapan langkung bingung, Raden Basah sring mundur
kimawon, heneng ngena wahu hingkang jurit, kawarna kang prapti, nenggih Mas
Pangulu,
Lawan
Dolah Khaji Badarrodin, Kyahi Mlangi mangko, Khaji Himam Raji sarengnge, samya
nusul pan saking Mentawis, panggih Den Dipati, kathah wertanipun,
Den
Dipati saya lit tyasneki, sareng mirsa mangko, yen Mentawis basah katigane,
sampun teluk mring laknattolahhi, nulya rembag hiki, lawan Mas Pengngulu,
Mapan
taken dalil hingkang kenging, yen bedhami mangko, Mas Pangulu Kyahi Melangine,
Khaji Raji matur lamun kenging, sabab den ing langip, mapan rembag sampun,
Gya
ngaturi Pangran Ngabdul Rahkhim, Den Dipati
mangko, mapan lawan Pangran Dipanegarine, Pangran Dipakusuma wus prapti,
lawan Basah kalih, gya rembagan hiku,
Kajengira
nenggih Den Dipati, yun bedhami mangko, mapan kenging nenggih ngelmine, Pangran
Ngabdul Rakhim ngandika ris, pan senadyan kenging, nging kula tan payun,
Lamun
panggih lan laknattolahhi, wus hubanggi hing ngong, lamun hingkang sinuhun
pamine, yen tan jaya nenggih jurit neki, luhung kula dhingin, mati rila tuhu,
Marmanipun
prakawis puniki, kakang lamun rampung, hinggih lawan bicanten pamine, datan
rampung lawan pedhang hiki, lung sampun menangi, boten saged dulu,
Pan
dhumateng kangjeng Sri Bupati, Kangjeng Pangran mangko, nulya kesah kondur
mring pondhoke, Pangran Dipanagara pan sami, lan kang paman hiki, basah
kalihipun,
Pan
mengkana samya haturneki, pan kawula mangko, sami datan gadhah kajeng sanes
sakit pejah punapa karsaji, mapan hanglabuhi, tan sumedya tuhu,
Darbe
kayun Ki Lurah sayekti, nulya kesah mangko, wangsul marang hing barisan maneh,
dadya datan hangsal rembag neki, nenggih Den Dipati, lawan Mas Pengulu,
Nulya
wonten hingkang serat prapti, saking Kurnel Nahos, lawan Kurnel Kokis pan
srerate, hingkang bekta pan kengkenanneki, basah hing Mentawis, lawan
seratipun,
Kurnel
Kleres hingkang bekta hiki, pan kengkennanipun, Basah Ngabdul Latip lawan
maleh, Jendral Dhekok kengkenan pribadi, tuwan Samparwadi, kang kinengken hiku,
Bekta
serat samya hungelneki, hangaturi mangko pan bedhami yen kangge hature, Jendral
Kurnel samya sagah hiki, pan sohan pribadi, dhateng kang Sinuhun,
Dadya
hageng tyasnya Den Dipati, hangaturi mangko, marang Pangran Ngabdul Rakhim
maleh, lawan Pangran Dipane gareki, lan kang basah kalih, nging samya tanpa
yun,
Nanging
samya jrih wangsulanneki, datan tumut-tumut, Pangran Ngabdul Rakim hatanya lon,
mring kang Putra Basah Mretanagari, kulup hingkang ngendi, Sirnabaya hiku,
Raden
Basah matur hawotsari, redi hinggil puniku, Kangjeng Pangran hangandika halon,
kulup hiya seksenana mami, yen hupama hiki, sun nora katemu,
Hiya
lawan kang sinuhun maning, wis dhamen neng kono, pinundhuta Sirnabaya bahe,
maring Allah kang Rabilngalamin, lan wus rela mami, nora bisa dulu,
Tigang
dinten pan hatawisneki, nulya laknat mangko, mapan minggah kelangkung kathahe,
Raden Basah mapan tan nangledi, ngaler hiki, nenggih hunduripun,
Lawan
sagung kang para prajurit, myang dipati mangko, lawan Pangran Dipanagarane,
Kangjeng Pangran Ngabdul Rakhim hiki, wus karsa Hyang Widi, mapan tapa nuju,
Ngidul
ngalen lan Raden Dipati, Mas Pangulu mangko, sakanycane myang pradipatine,
prapta Wukir Sirnabaya nuli, Pangran Ngabdul Rakim, gya lenggah neng ngriku,
Laknattolah
pan samya nututi, wus karsa Hyang Manon, Kangjeng Pangran Ngabdul Rakim mangke,
hingngaturan dhateng Den Dipati, lumajeng tan apti, lawan Mas Pangulu,
Pan
sadaya samya hangaturi, Jeng Pangran tan payun, mapan lajeng hangrupak
tingalle, wasiyating guru kang den hesthi, mapan hanglabeti, dhateng ngelmi
lahut,
Dikir
kamil mukamil den hesthi, marmanning Hyang Manon, pan katrima Jeng Pangran
karsane, raga jiwa mapan sampun nunggil, tan pantara prapti, mring
Ramattolahhu,
Hingkang
layon dhawah haneng siti, samya kaget mangko, gya sinundhang mring mas
pangulunne, nanging sampun lajeng kondurneki, marang ngalam suci, kang kantun
lir pucung.
PUPUH
XXXIX
P
U C U N G
Datan
ngantos sinnahenan layonipun, pan selak kaseso, laknattolah hanututi, hingkang
layon mengkana lajeng den tilar.
Pan
lumajeng mengkana harebut dhucung, kantun gilang-gilang, kang layon neng pucak
ngardi, Sirnabaya lawan hiku marmennira.
Nulya
hana mapan marmaning Hyang Agung, kang wahidulkahar, nenggih kang tengga
wanadri, sima langkung hageng Tepeng namanira.
Pan
punika lajeng tengga layonnipun, kalih renycangira, samya hageng hageng neki,
dadya wangsul sagung hingkang laknattolah.
Mapan
ngantos wayi tigang dinten hiku, kang layon jeng Pangran, Ngabdul rakhim kang
nenggani, nging pun Tepeng kalawan sakanycanira.
Den
Dipati Mas Pengulu samya wangsul,lan sakanycanira, sareng tigang dinten neki,
mapan sedya hanyaheni kang kunarpa.
Sima
hingkang nama pun Tepeng puniku, lan sekanycanira, pan nulya samya sumingkir,
mring grerumbul mengkana wus tan winarna
Hingkang
layon sampun sinahenan sampun, lir sare ke[hal.224]capa, kinubur pucaking
ngardi, Sirnabaya henengena hingkang seda,
Kawarnaha
hinggih hingkang sinuhun, haneng Wonalaban, sampun dhangan grerah neki, mapan
lajeng hingadhep kang Ponakawan.
Bantheng
Wareng lawan Pun Rata puniku, pan nuju punika, Semar Gareng Petruk sami,
Maratruna pan samya mantuk punika,.
Sabab
sampun samya heca manahipun, Sri Nalendra dhangan, mengkana pun Tepeng prapti,
yen jalma hapan kadya hatur huninga.
Hing
tyasira Sang Nata langkung kumepyar, nanging tan ngandika, mengkana pun
Bantheng Wareng, lan Pun Rata hesmu hajrih kalihira.
Bakda
ngisa pun Tepeng praptanipun, haneng Wonalaban, lajeng nyepeng kidang hiki,
sadangunya kinarya dolan kewala.
lare
kalih pendirangan hulatipun, sabab langkung celak, yen padhanga pan kaheksi,
samya matur dhumateng Sri Naranata,
Pan
punapa punika swaranipun, mesem Sri Nalendra, nulya hangandika haris, hasu
hajak mapan hiku buru kidang,
Sirep
jalma Gareng Petruk praptanipun, lajeng tinakenan, dhateng Ponakawan kalih, marma
dangu kapethuk lawan pun tepang,
Bujung
kidang wahu wonten margi ngriku, yun laju kawula, pan hajrih kula hantosi,
sakesahe Bantheng Wareng hatatanya.
Hingkang
nama Tepang punapa puniku, Gareng Petruk nebda, sima geng lurahing ngriki, pan
sedaya sagung hingkang buron wona.
Bantheng
Wareng lan Rata samya gegetun, sangsaya hajrihnya, sadangunya wonten ngriki,
datan tebih mesem Kangjeng Sri Nalendra.
Sampun
lami Sang Nata neng Laban hiku, datan mirsa warta ngajeng-hajeng Kalapaking,
pan wus lama Kalapaking datan prapta.
Pan
pun Petruk, hasring den hundang puniku, marang laknattolah, pan langkung den
titi-titi, nging pun petruk, meksa kumbi kewala.
Malah
lajeng sinakitan meksa hiku tan ngaken punika, lan nyahi Maratrunane, yen mring
pasar tetumbas sri, tinakonnan.
Dadya
Semar Gareng Petruk samya matur, lawan Maratruna, Sumatali samya watir, pan
dinuga laknat sampun mirsa warta.
Malah
hasring kinepang hing Laban hiku, nging tan ngantos prapta, mapan pitulung
Hyang Widi, binedhilan saking tebih han kewala.
Nulya
wangsul sagung laknattolah hiku, mengkana Nalendra, pindhah saking Laban hiki,
mesanggrahan haneng Wona Wadhas Malang,
Siti
Miring hingkang wonna namanipun, nging kangdherek hika, kantun pan Gareng
puniki, Semar Petruk punika tiyang ketara.
Sabab
bekel marma tan kalilan hiku, nyahi Maratruna, kedah dherek tan marengi,
hangrubedi dadya kang dherek Nalendra.
mapan
nanging kantun tiyang gangsal hiku, mengkana tan lama, Sang Nata neng Siti
Miring, karsanira Sang Nata tedhak mring rema,
Sampun
mamgkat Siti Miring hiku, prapta Wadhas Malang, mengkana kapethuk hiki, lawan
seratira Residhen punika,
Nging
Sang Nata tan harsa ningali hiku, dene kang kengkenan, kinen bekta wangsul
hiki, hingkang serat lajeng lampahnya Nalendra.
Mapan
langkung cobaning Hyang wektu hiku, dhateng Sri Nalendra, dumadakan Sumatali,
lan pun Gareng bingung datan pirsa marga.
Pan
kalintu kesasar maring wanna gung, mapan margi warak, hingkang den westanni
margi, hayun Tanya satunggal tan manggih jalma.
Mapan
jawah hinggih langkung deresipun, neng satengah wona, mapan langkung peteng
neki, marmaning Hyang titihanira Sang Nata.
Datan
wang-wang ngambah jurang curi paluh, kalen lelumpatan, wot saking marmaning
Widi, dadya sayah kendel haneng tengah wona.
Pan
Pun Rata hangrempong sanget puniku, dadya nyare wona, wus tan na baya kaheksi,
buron wona sedaya malah rumeksa.
Kalih
dalu Sang Nata haneng wana gung, ngentosi Pun Rata, lan bingungnya sumatali,
lawan Gareng Bantheng Warang langkung kuwat.
Sareng
sampun samya mantun hingkang bingung, kalawan Pun Rata, pan sampun saged
lumaris, nulya mangkat Sang Nata sing tengah wona.
Bantheng
warak sima kang lumampah ngayun, hanglir karya marga, marmanya Sri Narapati,
kang titihan saged hanurut punika.
Mapan
hanglir radinan wona puniku, sagung kang gelagah, lan hreripan sirna sami, kang
kamargan mengkana wus tan winarna.
haneng
marga pan lestari lampahipun, mengkana Nalendra, mapan sampun rawuh hiki, tanah
rema haneng pagretipis hika.
Wahu
denya mesanggrahan kang sinuhun, mapan nulya kinen nimbala Raden Dipati, lawan
Basah kalih mapan sampun prapta.
Raden
Basah Martanagara puniku, lawan Raden Basah, Gondakusuma puniki, nanging Raden
Dipati kang datan prapta.
Sabab
tebih pan sanes panggennanipun, Basah kalih nulya, dinangu mring Sri Bupati,
Den Dipati dene tan wonten katingal.
Raden
Basah Martanagara humatur, pan sanes panggenan, saking ngriki langkung tebih,
mapan ngiwa lawan kang sepuh sadaya.
Pan
rembagan, hesmu kagyat kang sinuhun, hingkang tuwa sapa, Raden Basah haturneki,
pan pun Paman Pangulu nusul punika.
Khaji
Badarrodin Khaji Mamrajiku, Ki Mlangi punika, mapan sampun prapta sami,
rembagipun samya ngengingken bedhama,
Den
Dipati langkung lega manahipun, kawula den hundang, hinggih kalawan pun adhi,
rayi dalem putradalem sampun prapta.
Kang
niskara wus mungel ngajeng puniku, dupi harsa nata, mring haturnya basah kalih,
yen kang rayi Pangran Ngabdul Rakim hika.
Sampun
kondur mring rahmattolah puniku, mapan tilar donya, punika kang dados margi,
geseh karsa lan Raden Pati Danureja.
Dadya
kendel Sang Nata dangu hanjetung, kathah kang gagas, dadya mut purbaning Widi,
haneng donya wekasan hamung punika.
Nulya
dangu Nata Pangran kalih hiku, Den Basah haturnya, putra dalem Kangjeng Gusti,
mapan sareng tinilar dhateng kang paman.
Kalih
samya sanget muring muringipun, dhumateng Ki Lurah, tan kenging hamba pambengi,
lajeng tedhak dhateng ler lepen punika.
Hing
Srerayu hingkang dherekken puniku, Tumenggung sekawan, Pacittan lan Sela Manik,
hing Parakan lan Lepen Beber punika.
Mapan
harsa hanyjenengi prerangipun, Basah Iman Mesbah, lawan Raden Basah nenggih,
mapan Suryawinata putra handika.
Hingkang
hanem hamba datan huning tuhu, nenggih karsanira, hingkang dherek Lurah Kasim,
pun jaga lalawan pun prawira bawa.
Sareng
rayi dalem seda kang sinuhun, di dalem sadaya, kang bektan saking Mentawis,
mapan samya telas kang manah punika.
Mas
Pangulu lawan Kyahi Mlangi hiku, pan nulya katingal, Basah kalih mapan sami,
dadya medal malih hingkang nepsu samya.
Sabab
hiku hingkang dadya margi sagung, harang kasusahan, nulya matur basah kalih,
pan sinuhun ngulami kalih punika.
Pinnejahan
gya mesem hingkang sinuhun, nora kaya sira, heh basah hingsun tuturi, wruhanira
sagung manungsa neng donya.
Mapan
huwis pinanyjing hing lokilmapul, begja lawan lara, wekasan marganing pati,
gung manungsa mapan hiku beda beda.
Nanging
siji kang wong hurip hingkang tuhu, pan ngugeri jasad, lamun jasad hira kapir,
mapan kudu ngantepi mring kapirira.
Lamun
Islam hangantepi Islam tuhu, dadi tan kebandhang, lara pati tan gumingsir, hiya
hiku hingkang hing nyanan iman.
Sabab
dene hanglakoni tekdir hiku, Basah wong neng donya, rahmad kang gumelar hiki,
hing ngakherat, mapan mung rakhim kewala.
Marmanira
padha den hawas sireku, kawulaning Allah, neng donya nging loro hiki, kapir
Islam ngakherat timbanganira.
Hiya
loro surga nreraka hiku, marma wong neng donya, mapan hakeh hingkang kapir,
kang nreraka sabab murah reganira.
Kang
suwarga banget lara hajeneku, marma kapir harang, hingkang manyjing Islam hiki,
malah Islam hakeh manut kapir padha.
Sabab
nora kelar hing petukonneku, yen tan holeh hika, sihing Hyang tan kelar pesthi,
patukunya marma milih hingkang murah.
Basah
kalih samya padhang manahipun, pan wus narah karsa, nulya kinen hanimbali, Mas
Pengulu lawan Ki Melangi hika.
Nanging
sareng kalawan kengkenanipun, Kurnel Kleres hika, mapan hatur surat neki, nging
kengkenan Kurnel kinen mangsulhena.
Mapan
dhateng Raden Dipati puniku, nging kang ti[hal.233]nimbalan, Mas Pengulu Kyahi
mlangi, kalih sampun prapta ngarsaning Nalendra.
Mapan
lajeng nguswengpada kalihipun, pan sarya karuna, ri wus Nata ngandika ris, heh
Pangulu hingsun takon marang sira.
Den
belaka dene sira prapta hiku, paran karepira, mapan nganggo ngirid hiki, kongkonane
Kurnel pa wus tepung sira.
Lawan
Kurnel Mas Pengulu haturipun, pan boten kawula, pan srengan wonten margi,
nadyan kalih kengkenanipun Den Basah.
Prawiradirja
mapan sarengan batuhu, bekta hingkang surat, Kurnel Kukis Kurnel Nahis, lawan
Jendral Dhekok hinggih kengkenan.
Tuwan
Sarip Samparwadi kang hingutus, duk mirsa Nalendra, mring hatutur mengkono
yekti, mapan dangu kendel tan mawi ngandika.
Langkung
ngungun tyasira hingkang sri nuhun, yen samya mengkana, gya hewut purbaning
Widi, lamun Islam, imanipun warna warna.
Mapan
sanes lawan iman kapir hiku, sajuga kewala, marma samya kajeng neki, lamun
Islam kang iman patang prekara.
Iman
maksum hingkang para nabi hiku, wali pan hidayat, mekbul pan imaning mukmin,
nging tegayur punika hingkang warata.
Laknattolah
nanging mermud imanipun, marmanira samya, sagung laknat kajengneki, dadya nata
haris hing pangandikannya.
Heh
pangulu dene kang mangkono hiku, hiya wertanira, kabeh kanycanira hiki, yen
mengkono dadi kuwus nora pira.
79.
Hapa lali kabeh mring Islame hiku, lan dhingin saguhnya, hujare padha ngantepi,
mring Islame lara pati tinemaha.
Dene
mengko mapan padha mengkoneku, mati yen waniya, lara bahe nora hapti, liwat
nistha iman den hurupken donya.
Mas
Pengulu mengkana hing nganturipun, pan yektos kawula, lawan pun adhi Melangi,
hamanggihi dhateng den Prawiradirja.
Mapan
saking sanget kuwatosing kalbu, pitakon kawula, dene mekaten puniki, pan punapa
kasupen dhateng Nalendra.
Raden
Basah mekaten wangsulanipun, punapa wong hedan, nging kawula mapan yekti, pan
hanghaso sakedhap kewala.
Sri
Nalendra mesem hangandika hiku, sira kaya ngapa, pengulu lawan melangi, hapa
nora kasiku marang hagama.
Yen
wong Islam nganggo ngresula pan hiku, wong salah tegesnya, pan ngresula
batenneki, hora kurang hiya kagunganing Allah,
Misih
jembar lamun sedya ngaso hiku, kaya nora kurang, gunung halas mapan hakeh, teka
ngaso tunggal lawan laknattolah.
Paran
sira Mas Pengulu pan tumungkul, tan saged matura, kalawan Kiyahi Melangi, Sri
Nalendra mapan nulya hangandika.
Mapan
dangu dhateng basah kalihipun, heh Mertanagara, lan Gondakusuma hiki,
prajuritnya hapa wus padha sumekta.
Raden
Basah Kalih mengkana turipun, pan dereng punika, pan hamba ken haso sami,
hinggih benyjing hing wulan ngajeng punika.
Mapan
hamba samya ken prapta sedarum, lawan dhawah hamba, paduka yun ngantep jurit,
yen marengi hing karsa paduka nata.
Mapan
sahe mesanggrahan Sampang hiku, ngrika watos hamba, sabab didalem prajurit,
dereng pepak, marma bilih rahmattolah.
Minggah
kedhik pan hamba tangledi hiku, yen kathah ba tilar, marma sinuhun prayogi,
mesanggrahan, wonten hing Sampang punika.
Sri
Nalendra hanuruti haturipun, Den Basah punika, nging mengkana sebda haji, heh
ya Basah hingsun turut haturira.
Nanging
besuk yen wis padha teka hiku, gung prajuritira, den henggal tutura hiki, Raden
Basah haturnya mapan sandika.
Sri
Nalendra ngandika mring Mas Pengulu, heh Pengulu sira, kelawan sira Melangi,
pan hing mengko hiya hapa karepira.
Lamun
sedya haso tunggal laknat hiku, pan luwih prayoga, mapan hiya hingsun hiki, wus
hanedya nglabuhi parentahing wang.
Nora
kena lamun tunggal laknat hiku, Mas Pengulu turnya, lawan Kyahi Malangi, sakit
pejah pan hamba dherek kewala.
Nulya
budhal Sang Nata saking hing ngriku, pager tipis hika, hingkang dherekken
Nerpati, Raden Basah Gondakusuma punika,
Lawan
hingkang prajurit mantri jro hiku, nenggih Raden Basah, Martanagara pan meksih,
kantun baris neng redi condhong punika.
Pan
Pun Rata lawan Sumatali hiku, tan saged lumampah, samya kantun neng Kemuning,
pan pun Gareng sampun mantuk mring Sebadha.
Bantheng
Wareng hingkang boten kantun kantun, mapan langkung kuwat, nging kuciwa besur
hiki, mring Nalendra ta yun mirsa sirna baya.
Mapan
tuwi dhateng kang rayi puniku, nenggih Kangjeng Pangran, Ngabdul Rakhim Sri
Bupati, pan sedalu nyare haneng Sirnabaya.
Lenggah
aneng pesareyan kang sunuhun, saking tresnanira, wahu dhumateng kang rayi,
meksih hanem dene legawa palastra.
Henjang
mangkat saking sirna baya hiku, tan winarna marga, Maratega sampun prapti,
lajeng nyare sedalu neng Maratega.
Pan
ngentosi Ahmad Pekih praptanipun, lagya tinimbalan, punika pengageng neki, pan
ning sampan mengkana dulu winarna.
Mapan
wonten hanenggih kengkenipun, pan Raden Dipatya, Den Menggung Purwadirjeki,
mapan lawan Den Menggung Sinduhatmaja.
Raden
Basah Gondakusuma gya matur, dhateng Sri Nalendra, yen wonten hutusanneki, Den
Dipati mapan bekta serat tiga.
Saking
Kurnel Kokis lawan Kurnel Nahus, Kurnel kleres hika, Sang Nata henget kang
rayi, dadya medal dukanya mring Den Dipatya.
Heh
ta Basah Si Purwadirja hiku, lan Sinduhatmaja, karo padha konnen bali, dene
layang mapan hingsun nora harsa.
Mung
meksa kudu seba loro hiku, padha patenana, sandika den Basah lengser, mapan
saking ngarsanira Sri Nalendra.
Henengena
pan wus tan winarna hiku, henyjang mapan prapta, nenggih Ki Muhamad Pekih,
mapan lawan prajuritira sadaya.
Pan
ing ngirid mring Raden Basah puniku, sowan mring Nalendra, nulya raden Basah
nuli, kinon wangsul mring Condhong tunggil kang raka.
Datan
kantun lawan Mantri Lebetipun, kang dherek Nalendra, nanging kantun Bantheng
wareng, Beja Katika lawan Jayeng Manggada.
Mas
Pengulu lan Ki Melangi puniku, kang saking Mentaram, samya bekta renycang
ngalih, nulya budhal Sang Nata saking maratega.
Kurhungkuran
lawan Raden Basah hiku, mengkana Nalendra, dalu nyare hing gendhing, buron wona
rumeksa samarga marga.
Hawit
mangkat saking siti miring hiku, wus karsa Hyang Sukma, buron wona kang neng
ngarsi, mapan kadya punika hakarya marga.
Marma
saged titihannya kang sinuhun, pan hanglir radinan, sima warak lawan bantheng,
kang neng ngarsa kadya jajari punika.
Pan
pratela heloking dat kang satuhu, kang waki Dul Kahar, wus datan winarna malih,
kang niskara rawuh Sampang Sri Nalendra.
Datan
harsa nata haneng hing dhusun, mesanggrahan wona, laknattolah mirsa warti, yen
Nalendra neng sampang pesanggrahannya.
Mapan
nulya hinginggahan kang sinuhun, dhateng laknattolah, nanging pitulung hing
Hyang Widi, sagung laknat, mapan tan wonten huninga.
Pan
dhumateng pesanggrahan kang sinuhun, ningali Sang Nata, mring solahe laknat
sami, mapan ngantos sipeng sedalu punika.
Haneng
Sampang hangobongi sakeh gubug, henjang mundur nulya, laknat saking Sampang
sami, haneng marga pan cinegat mring sima.
Mapan
gangsal laknattolah hingkang lampus, lan sekapalira, sima kang samya mejahi,
dadya kapok datan purun malih minggah,
Nulya
marga kewala den pepet iku, sagung laknattolah samya baris haneng margi, pan
pun tepang nimbangi baris punika.
Sakanycanya
haneng ngiring hiring gunung, pan samya hatingal, rakite hanglir geladi, hesmu
giris manah hira laknattolah.
Sareng
dalu pun tepang pan samya mudhun, mapan hangsal gangsal, saradhadhu den
bektani, pan welonda kalawan sanjatanira.
Nanging
datan tinedha mapan puniku, kinecer hing marga, bangkennya dipun sempali, nging
senjatanira kang datan kepanggya.
Dadya
giris laknat mapan samya mundur, mengkana pun tepang, lamun dalu mudhun hiki,
sakanycanya laknat murtad kathah risak.
Mapan
hasring laknat dalu gegeripun, murtad kathah pejah, pun tepang hingkang mejahi,
pan mengkana lampahan wektu punika.
Buron
wona kathah hingkang samya medhun, karsaning Hyang Sukma, hangresahi laknat
sami, warni kapal lembu pan samya binekta.
Marma
pun tepang mengkana wus tan cinatur, mengkana Nalendra, haneng wona sampang
hiki, Mas Pengulu Kyahi Mlangi hasring mothah.
Ngaturaken
mapan pejah gesangipun, nuwun mring Nalendra, mugi liliha tyas haji, hingkang
bendu mring Basah Prawiradirja.
Pan
punika marmi mekaten sinuhun, saking pangowelnya, mring sagung di dalem sami,
hingkang halit jalu hestri badhe risak.
Sabab
laknat pan langkung pangudenipun, sareng mirsa warta, yen paduka wonten ngriki,
babasah tiga tan kuwawi nadhahana.
Dados
susah sedaya di dalem sagung, Mentawis punika, hageng halit jalu hestri,
marmanipun den Basah Prawiradirja,
Hanglampahi
kados mengkaten sinuhun, saking tan kuwawa, hanadhahi prerang neki, rembagipun
sedaya pan hamba priksa.
Lamun
sampun paduka ngantep prang pupuh, badhe ngamuk samya, dadya mesem Sri
Bupati,yen mengkono, bener Si Mertanagara.
Sira
dhingin karo pan padha jinaluk, hayun pinatenan, tinerka ngewuh-ewuhi, pan hing
mengko sireku dadi wus nyata.
Bareng
rembug dhasar sira hawit hiku, hingsun pan tan nedya, kalamun ngowahi dalil,
kang parentahing Kuran pan wus tan kena.
Lamun
mukmin kang sicerak lawan hiku, ngalamat cilaka, lara pati sapa kardi, Mas
Pengulu mengkana hing ngaturira.
Hinggih
leres lawan rumiyen puniku, sabab meksih celak, sapunika sampun tebih, gung
manungsa kalawan Allahtongala.
Lan
jeng nabi sampun langkung lamenipun, hantawis punika, jeng sultan mesem nebda
ris, heh pengulu becik maning hangajiya.
Lan
den banget sira tobata satuhu, mring Allah-tangala, lamun sira hiku meksih,
ngimanake hiya marang ngelmunira.
Sabab
sira hangarani hadoh hiku, mring Allah-tangala, lamun hadoh hiku dadi, Gusti
Allah karuhan panggonanira.
Kangjeng
Nabi sira rani lawas hiku, pan wus nora nana, yen mengkono tanpa kardi, sira
ngaji ngagunghaken Kuran-nira.
Panjang
jinnya hing Kuran parentahiku, prapta hing kiyamat, jeng nabi sarengat neki,
pan hing mengko Kuran mesih tulisira.
Hapa
lali dene mengkono sireku, yen Allah manggona, dadi hana rupaneki, lamun rupa
pesthi nganggo hanom tuwa.
Lamun
nganggo hanom tuwa pesthi hiku, bakal kena rusak, marma tobata den haglis,
lamun nora tobat wus pesthi duraka.
Hapa
lali Dalil Sahean Muhkitun, lan ing Kulhu hika, lawan hiku Kangjeng nabi, sira
ran ni wus lawas dadi tan nana.
Pan
ing mengko hiya hing mupangat iku, Kuran mapan hana, lamun niku Kangjeng nabi,
pinasrahan prapta hing kiyamat pisan.
Mapan
mengko durung kiyamat Pangulu, Mas Pengulu nulya, tumungkul pan hesmu tangis,
pan rumahos kathah lepa haturira.
Mapan
wonten hantawis let tigang dalu, Mas Pengulu nulya, matur malih mring sangaji,
kados pundi punika kasa Nalendra,
Sabab
sampun samya kelajeng sedarum, habdi dalem basah, prajurit lan pra dipati, nanging
kantun di dalem basah sekawan.
Hingkang
teksih santosa hing manahipun, mesem sri Nalendra, heh Pengulu sira hiki, dene
bisa nganggo ngarani santosa.
Mas
Pengulu mengkana hingaturipun, sabab meksih kekah, gennipun nyepengi dalil,
ngestokhaken hing karsa panduka nata.
Mapan
habdi dalem punika sedarum, ngangge dalil wenang, sabab manahipun langip, Sri
Nalendra mengkana kang pangandika.
Heh
pangulu mangkene pangrasaningsun, dalil langip hiya, kalamun nora miwiti, yen
mawiti hiku nora lawan wenang.
Lir
hupama wong kagepok najis hiku, hingkang gepok neja, lawan kang ginepok hiki,
hapa tunggal hapa beda khukumira.
Loro
hiku pan wus padha serak hiku, sabab langipira, Mas Pengulu haturneki, mapan
sanes kang neja gepok punika.
Sabab
maha hingkang ginepok Sinuhun, pan saking kabitah, ngalap ngudur sabab langip,
dalil wenang sinuhun hinggih punika.
Sri
Nalendra malih hangandika hiku, hiku dhingin sapa, hiya hingkang hamarahi, Mas
Pengulu mengkana hing ngaturira.
Warni
warni mapan di dalem sadarum, Den Prawiradirja, mapan yektos hamarahi, Ngabdul
Latip mapan kacepeng punika,
Hing
ngawusan malih ngandika sang prabu, yen mengkono hiya, Badarodin hana ngendi,
lawan Khaji Maraji hing wertanira.
Mas
Pengulu mengkana hingaturipun, rumiyin Nalendra, paman Dolah Badarrodin , lawan
Khaji Maraji kalih punika.
Mapan
samya mudhun dhateng Sumalangu, Sang Nata ngandika, yen mengkono karsa mami,
heh pengulu hing mengko sira mudhuna.
Timbalana
Khaji Badarrodin hiku, lan Khaji Maraji-ka, karo lamun prapta iki, siro konen
banjur mulih mring Mentaram.
Dhawuhena
padha konen momong hiku, mring Si Prawiradirja, lan dhawuhna duka mami, Mas
Pangulu haturnya mapan sandika.
Nulya
lengser sing ngarsa hingkang sinuhun, lajeng mangkat hika, pan wus tan winarna
hiki, ngantos pitung dinten mapan dereng prapta.
Ki
Melangi mengkana hingkang winuwus, pan sanget haturnya, dhumateng Sri Narapati,
nuwunhaken hapunten Raden Dipatya.
Sabab
sampun sanget kasusahanipun, bilih tan kuwawa, dados hawon temah neki, dene
hing bab srerat mapan sedaya.
Datan
wonten sinuhun hing cacatipun, kalamun pinirsa, hinggih dhateng ngelmineki, pan
rumiyin, duk jenneng jeng rasullolah,
Lamun
wonten serat pan pinirsa tuhu, hawon sahenira, mapan lawan den wangsuli, Sri
Nalendra mengkana kang pangandika.
Heh
Melangi si dhingin nora matur, hing selawasira, Ki Melangi haturneki, mapan
hajrih dhumateng Kyahi Maja,
Yen
mengkono sira timbalana hiku, hiya Si Danurja, lan sakehe layangneki, hiku
kabeh padha sira konen gawa.
Lan
layange Jendral haja kari hiku, wus sira mangkata, sandika nulya turbekti,
sampun mangkat saking ngarsanya Nalendra.
Tan
winarna hing marga wus prapta hiku, nenggih hing Kejawan, Ki Melangi lajeng
sakit, sampun panggih lawan Mas Pengulu hika.
Nanging
Raden Dipati kelajeng teluk, mengkana winarna, Mayor Bokus mirsa warti, lamun
wonten hutusanira Narendra.
Mas
Pengulu hanenggih Kejawan puniku, malah sinusulan, nenggih Kiyahi Melangi,
nulya mayor malah kengkenan hangundang.
Hapan
ngantos ping tiga mapan tan purun, Mas Pengulu hika, nulya Badarodin prapti,
Mayor Bokus pan malih kengkenan hika.
Kang
kinengken Raden Ngabdul Latip hiku, lumampah pribadya, mengkana pan sampun
panggih, Mas Pengulu Khaji Badarrodin hika.
Ki
Melangi Raden Ngabdul Latip muwus, kang pengulu kula, kinengken mring Mayor
yekti, hangaturi mapan dhumateng sampeyan.
Saking
delap Mayor hajeng hapepangguh, hinggih lan sampeyan, yen sampeyan datan apti,
dhateng beteng Mayor mariki pribadya.
Mapan
datan damel sedya hawon tuhu, nging sedya hatanya mring karsane Sri Bupati, yen
sampeyan manggih hawon pan kawula.
Hingkang
nanggel mengkana pan rembag sampun, Mas Pengulu hika, lawan Khaji Badarodin ,
Ki Melangi mapan sahe tinurutan.
Sab
ngudur nulya mangkat Mas Pengulu, saking hing Kejawan, dhateng Beteng Soka
hiki, lawan Khaji Badarodin hika.
Ki
Mellangi pan datan tumut puniku, kantun neng Kejawan, sabab sanget sakit neki,
tan winarna hing marga pan sampun prapta.
Mas
Pengulu haneng Beteng Soka hiku, Mayor methuk nulya, mapan langkung hurmat
neki, riwus tata lenggah Mayor haris tanya,
Mas
Pengulu kawula taken satuhu, punapa kang karsa, nenggih Kangjeng Sri Bupati,
Mas Pengulu mengkana hingaturira.
Mapan
boten gadhah karsa kang sinuhun, mayor malih tanya, wonten pundi Ki Melangi,
Mas Pengulu mengkana hing ngaturira.
Mapan
kantun wonten Kejawan puniku, sabab sakit hika, Mayor nulya taken malih,
wertanipun nimbaliRaden Dipatya.
Mas
Pengulu mapan hinggih sahuripun, mayor sahurira, mapan sampun kasep hiki, Den
Dipati holehe katemu kula.
Sampun
helet pitung dina wertanipun, lawan praptanira, nenggih Kiyahi Melangi, pan
sakniki Den Dipati lagi lunga.
Lagi
lunga mring Magelang puniku, pan katemu Jendral, sabab Jendral sapuniki, hayun
lunga mring Betawi punika.
Pitung
dina Lurah kula kados mantuk, lan Raden Dipatya, dene mawi den timbali, Den
Dipati kang sinuhun yun punapa,
Mas
Pengulu mengkana hing sahuripun, hayun mirsa srerat, sedaya punika sami, pan
rumiyin sinuhun pandereng pirsa.
Sabab
lagya marengi duka puniku, mring Raden Dipatya, marma srerat sagung sami,
meksih wonten nenggih Rahaden Dipatya.
Sapunika
sampun lilih kang sinuhun, marmanya ngandika, lawan kinon bekta sami, sagung
srerat kelawan srerate Jendral.
Lamun
teksih hinggih kinon bekta hiku, Mayor Bokus mojar, Mas Pengulu kados pundi,
lamun boten wonten karsane Sang Nata.
Hinggih
tepang tumunten lan Jendral hiku. Mapan konca kula, langkung susah manahneki,
sareng miring Kangjeng Sultan sanget grerah.
Kados
pundi yen ngantosa seda hiku, Mas Pengulu nebda, Mayor niku kados pundi, dene
mungsuh lerese pan mindhak bingah.
Mayor
Bokus mengkana pan sahuripun, Mas Pangulu dika, hinggih mapan dereng ngreti,
tanah jawa kang keringan mung punika.
Kangjeng
Sultan Ngabdul Khamid pan satuhu, marmanya sakedhap, tan kantenan wertineki,
dadya kathah hingkang padha derbe karsa.
Mas
Pangulu mring nagara jawa hiku, bingung [hal.253]konca kula, sareng Kangjeng
Sultan meksih, pan sakniki pun sami kendel sadaya.
Marma
henak konca kula manahipun, mung den harsa harsa, kang sinuhun tepangneki,
kalih Jendral hing siyang dalu punika.
Yen
hupama boten kelakona tepung, mapan konca kula, hingkang gedhe-gedhe sami,
tanah jawa bakal buwang polet padha.
Kang
Sinuhun kelawan Jendral puniku, wus samya hubaya, Mas Pengulu nulya pamit,
mantuk dhateng pondhokan Kejawan hika.
Mayor
Bokus pan mengkana welingipun, Mas Pengulu dika, sampun kesah kesah hiki, sing
Kejawan ngentosana Lurah kula.
Boten
lami kados henggal dhatengipun, Mas Pengulu nebda, gih kula yun hatur tulis,
mring Nalendra nulya, mantuk saking Soka,
Lawan
Dolah kaji Badarodin hiku, wus prapta Kejawan, nulya kengkenan turtulis, mring
Nalendra tan winarna sampun prapta.
Mapan
jujug mring Muhamad Pekih hiku, gya hatur Nalendra, suratnya pangulu hiki,
tinupiksa kang serat hijem manira.
Mapan
kadya kang mungel ngajeng puniku, hingkang saneskara, dangu kendel Sri Bupati,
ris wusnya tupiksa hingkang nuwala.
Pan
mengkana hosiking tyas kang sinuhun, baya karsaning Wyang, hingsun kinon
hanglakoni, lara wirang mapan gon ingsun neng donya,
Dene
temah mangkene hiki pangulu, hingsun nora meksa, wus tekdire hawak mami, Sri
Nalendra nulya haris hangandika.
Ahmad
Pekih hapa wus dhemen sireku, Pangulu karepnya, tur sembah Muhamad Pekih,
sampun remen sinuhun pados punapa.
Dadya
mesem Sang Nata ngandika hiku, wus padha kewala, sagung huwong dadi hiki, yen
mengkono hagawe halayang sira.
Timbalana
marene hiku pangulu, lan Mertanagara, lawan saprajuritneki, dene Basah
Gondakusuma meksiha.
Kari
baris haneng hing Kejawan hiku, lan prajuritira, haja kari Badarrodin, Ki
Melangi sabab jare lagi lara.
Lan
sira ta kelamun wus waras hiku, gamel Sumatalya, tur sembah Muhamad pekih,
nulya lengser saking ngarsannya Nalendra.
Karya
surat nimbali punika sagung, tan winarna prapta, sedaya hing Sampang sami, Mas
Pengulu Badarrodin tinimbalanya.
Lawan
Basah Mertanagara hiku, tiga prapta ngarsa, sekawan Muhamad pekih, Sri Nalendra
dangu Kaji Mamrajika,
Kaji
Badarrodin mengkana turipun, pan kelajeng Nata, sampun mantuk mring Mentawis,
Sri Nalendra dangu mring tingkah punika.
Heh
pengulu hapa wus henak hatimu, lawan sira padha, dene nganggo tepung hiki, hapa
nora kasiku hing ngelmunira
Mas
Pengulu lawan Badarrodin matur, pan boten punika, sabab hamba tan miwiti, mapan
saking pengajakipun punika.
Hinggih
Mayor Kokus punika sinuhun, pan ngelmi kalilan, lamun laknat kang miwiti, Sri
Nalendra mesem haris hangandika,
Heh
pangulu lan Badarodin sireku, hapa wus precaya kabeh Mayor hujarneki, Mas
Pengulu Badarrodin haturira,
Hinggih
sampun tiyang punapa sinuhun, hingkang cinepengan, yen dede wirahos neki, pedah
kapal kendhang sulipun punika
Sri
Nalendra nulya nantun Basah hiku, Basah paran sir, Raden Basah haturneki, mapan
hamba sinuhun punapa karsa.
Yen
mengkono sun coba ngelmune hiku, Si Pangulu hiya, lawan Kaji Badarrodin, heh
pangulu Badarrodin wis baliya,
Mring
Kejawan tutugena tepung hiku, lawan mayor sira, kalawan Kurnel wus prapti,
dhawuhena hingkang dadi karsaning Wyang.
Lamun
Kurnel ngajak bedhama lan hingsun, kalawan bicara, hapa dene Jendral hiki, sun
turuti nanging hiya karsaningwang.
Bab
ing ngon bocah prajurit keh sagung, lan pangrembenira, hapa Kurnel hanyaguhi,
sabab hiku hingone pan rong prekara.
Dhuwit
bandar kalawan pajeg ta hiku, padha pretelakna, pajeg wetune deseki, hingkang
bandar pan hiku wetuning pasar.
Lamun
Kurnel nora hanyaguhi hiku, tan bisa bicara, pasthi yen ngeronhoroni, nora
wurung pasthi manggu rerebutan
Pan
sak hiki sekalane durung rampung hiya kang bicara, bumi bandar kasa mami, hiya
Kurnel kang sun lilani nyekela.
Wus
mangkata marang Kejawan sireku, kalih tur sandika, gya lengser saking ngarsaji,
tan winarna hing marga Kejawan prapta,
Mayor
Kokus sampun pirsa wartanipun, Mas Pengulu prapta, lawan kaji Badarodin, saking
Sampang mapan mentas megatruhnya.
PUPUH
XL
M
E G A T R U H
Langkung
bungah kang tyas mayor manahipun, nulya kinen hangaturi, mapan dhateng Mas
Pengulu, lawan Kaji Badarrodin, tan winarna panggih sampun.
Mayor
lajeng hatetakon karsanipun, nenggih Kangjeng Sri Bupati, sampun pinajar
sedarum, Mayor langkungleganeki, hingkang tyas sarya ngling halon,
Mas
Pengulu mapan punika sedarum, nenggih hing satanah jawi, kagungan hingkang
Sinuhun, konca kula mapan nanging, ngempek tilem nedha ketos.
Marma
benyjing yen tes hak hingkang sinuhun, sagung beteng mapan sami, sampun
dhinawuhaniku, mungel kang mariyem hiki, hurmat ing nyelawe mangko.
Lawan
hedrel sanjata halit sedarum, marma kawula puniki, hanglir katibanan daru,
langkung dede waweratneki, lurah kula khabaripun.
Sampun
dhateng wingi sonten lawan hiku, nenggih Rahaden Dipati, saking Magelang
puniku, nulya Mayor Bokus nuding dhumateng Kapitanipun,
Gegancangan
ngaturi mring Kurnelipun, mring Kedhu mahesa hiki, Mas Pengulu sampun mantuk,
lawan Kaji Badarrodin , dhumateng Kejawan mring ko,
Mayor
Bokus kengkenan ngaturi suguh, marang Raden Basah nuli, mapan langkung
kathahipun, nging hingkang kinengken hiki, kelentu wicantenipun,
Pan
mengkana hanenggih wicantenipun, hingkang hingutus puniki, raden pan kula dene
hutus, mring mayor nenggih maringi, rangsum mring sampeyan mangko.
Raden
Basar Gondakusuma puniku, sareng mirsa tembungneki mring mayor kengkenipun, pan
langkung bramatyaneki, heh tutura marang Mayor.
Mapan
hingsun hiki dudu batureku, dene nganggo den paringi, kelawan rinangsum hiku,
mapan nora kurang mami, wus gawanen bali mangko.
Tuturhena
mring mayor mengkono hingsun, mapan datan hapti mami, kang kengkenan nulya
wangsul, mengkana pan lajeng warti, wahu dhateng mayoripun.
Saneskara
mayor lajeng srengen hika, dhumatengkengkenanneki, bener Raden Basah hiku,
hujarira hingkang sisip, yen sira kawekan iku.
Kaya
paran hing mengko patembungamu, kang kinengken sahurneki, pan hinggih nyahosi
suguh, mayor mengkana sebdeki, nadyan hiku ya mengkono,
Hingsun
mapan lan Raden Basah tuhu, pesthi gedhe Basahneki, Basah Kurnel timbang hiku,
lawan maning hingsun hiki, dadi wong desa samangko,
Wus
ta sira baliya matura hiku, lamun hingsun hangaturi, suguh mring Den Basah
hiku, nulya wangsul matur hiki, mapan mengkana turipun.
nging
den Basah mapan meksih hajrih hiku, sabab dereng dipun weling, kelamun wonten
sesuguh, hiku kinen hanampeni, Mas Pengulu hingkang nanggung.
Lawan
Dolah Badarodin mapan hiku, yen dadya duka Nrepati, mengkana wus tan cinatur,
kawarnaha Sri Bupati, mapan nimbali mring hiku.
Raden
Basah Mretanagara dinangu, wahu dhumateng kang rayi, Basah Gondakusumeku, pepak
hira kang prajurit, menawa wus hana lapur.
Basah
Mertanagara mangkya turipun, pan sampun lapuran hadhi, prakawis prajuritipun,
pan sampun pepak pun adhi, Tumenggung Panjiranggeku.
Mapan
kendel Ngabehi prapta sedarum, nanging kang jajar prajurit, mapan kathah
kirangipun, pan dugi prapta sepalih, Sang Nata ngandika halon,
Pira
kehe pepakke prajurit hiku, hiya hadhenira hiki, Raden Basah haturipun, sewu
sagung kang Dipati, pun hadhi pan gangsal atus.
Hingkang
dipun cepeng pribadi puniku, kalawan lapur pun hadhi, yen mentas tampi puniku,
segahipun mayor nanging, pun hadhi pan sanget nepsu.
Sampun
katur hingkang niskara sedarum, mesem Kangjeng Sri Bupati, mengkana wus tan
cinatur, Kurnel Kleres winarni, lan Raden Dipati mangko,
sareng
tampi nenggih mayor suratipun, kelangkung bungah tyasneki, mapan lajeng mangkat
hiku, saking Kedhu maheseki, Den Dipati datan kantun.
Lawan
Basah Ngabdul Latip prapta sampun, hing panjer nulya ngaturi, wahu dhateng Mas
Pengulu, lawan Kaji Badarrodin , hing ngirid dhumateng mayor.
Tan
winarna panjer mapan prapta sampun, mas pangulu sampun panggih, kalawan Kurnel
puniku, Kurnel langkung bungahneki, mengkana nulya ngling halon.
Mas
Pengulu Kaji Badarrodin hiku, punapa karsa Nrepati, manah kawula pan langkung,
sareng praptaseratneki, mayor mapan halit gunung.
Dadya
hical pan sayah kula sedarum, sawek prapta kula niki, pan saking Magelang hiku,
hangirid Den Dipati, kepanggih lan Jendral mangko,
Lajeng
mangkat maring kitan ngantos tuhu, haso Mas Pengulu hangling, Kurnel kawula
hing ngutus dhateng Kangjeng Sri Bupati, maring ngaken tabe katong.
mapan
sampun dhinawuhaken sedarum, barang kang dadya karsaji, wus muni hing ngajeng
hiku, sagung hingkang niskareki, hanglir dhawuhnya mring mayor,
Kurnel
mapan langkung bungah manahipun, pan aris dennya nahuri, mapan sandika sedarum,
punapa karsa Nrepati,sampun hanyagahi hing ngong,
Nadyan
silih wontena sadasa hewu, kawula hingkang nyagahi, hingon habdi dalem sagung,
prajurit pangrembe sami, riwus sinamur paguyon.
Mas
Pengulu kawula yun tanya tuhu, handika hing ngutus hiki, lah pundi
pretandhanipun , kang serat Sri Narapati, Mas Pengulu hanebda lon,
Mapan
boten pinaring serat puniku, Kurnel mengkana sebdaki, mas pengulu dika luput,
leresa dipun dhadhelli, paran Den Dipati mangko,
Napa
leres napa boten lir puniku, sabab hutusan nerpati, boten bekta serat hiku, Den
Dipati hanahuri, mapan leres Kurnel yektos.
Mayor
Bokus mengkana nulya sumambung, senadyan Raden Dipati, pan iku pan melu luput,
seratipun Kurnel katri, lan Jendral mapan tan katur,
Dadya
pirang pirang serat kendel hiku, wonten Rahaden Dipati, mangke neng pundi
sedarum, Den Dipati hanahuri, pan kula kengkenan pados.
Ngaturaken
sagung kang serat puniku, Kangjeng Sri Nuhun tan panggih, sakniki hical
sedarum, lawanhingkang bekta hiki, gih mayor hingkang beburu.
Tan
buh mati hurip kula datan weruh, tan prapta ngantos sapriki, hingkang hanggawa
puniku, Kurnel malih hanambungi, kados pundi Mas Pengulu,
Lamun
Kangjeng Sultan tan tumunten tulung, pan konca kula sakniki, mapan banget
dennya bingung, sabab kathah hingkang sami, nenggih handuweni kayun,
Mring
negara Jawa niki Mas Pengulu, yen Kangjeng Sultan pribadi, pan hinggih mongsana
purun, hing Sala Yogja puniki, sabab kang sentana sagung.
Lawan
buron wona mapan tumut nimbrung, salaminnya Sri Bupati, mesanggrahan ngardi
hiku, beteng kang celak wanadri, mapan hasring gegeripun.
Sima
lawan sawer kang ngrusuhi hiku, saradhadhu kathah hiki, binekta mring macan
tuhu, pan lawan senjataneki, binekta lawan kang kantun.
Yen
linuru bathangira pan katemu, nging bedhilnya tan kepanggih, marma giris konca
sagung, myang kang desa desa sami,hing mangke pan kathah suwung,
Hingkang
celak beteng hangladosi hiku. mring beteng tinedha sami, sawer lawan sima hiku,
lamun dalu praptaneki, lawan pitik hiwen sagung,
Lamun
siyang macan tan wonten kadulu, marma sagung susah sami, kados pundi Mas Pengulu,
punapa Sri Narapati, tan ngowel habdi sedarum.
Ming
risake punika di dalem sagung, sedaya hing tanah jawi, nging kawula Mas
Pengulu, pan dereng narima yekti, mring laku dika puniku.
Kudu
nuhun pratondha dalem satuhu, dirapon den handel yekti, mring konca kula
sedarum, lan kawula hangaturi, dhumateng Kangjeng Sang Katong,
Mas
Pengulu pan nanging sawontenipun, saking lega kang tyas yekti, mapan warni
warni hiku, lan harta punika kedhik, ngaturi penjajahipun,
Habdi
dalem Punakawan mapan sagung, sampun mas pangulu yekti, kawula pan gadhah
nuhun, pratondha dalem pribadi, hamrih den handel sayektos,
Dhateng
bongsa kawula mapan satuhu, Mas Pengulu hanulya met, mapan lawan Khaji hiku,
Badarrodin tan winarni, margi sampang prapta sampun.
Panggih
lawan Raden Basah mas pangulu, lawan Khaji Badarrodin , gya hingirid Mas
Pangulu, sowan dhumateng Nrepati, mring Raden Basah puniku,
Khaji
Badarrodin mapan datan kantun, katri wus prapta ngarsaji, mas pangulu nulya
matur, sagung kang niskara sami, Kurnel Kleres haturipun.
Kang
niskara wus mungel ngajeng sedarum, kendel dangu Sri Bupati, rumahos yen tiwas
tuhu, sabab kang tyas teka gampil, hanuruti mas pangulu,
Mapan
lawan Kyahi mlangi puniku, tiga Khaji Badarrodin , Sang Nata mapan kelangkung,
kewran hing tyas hewed mangsuli, sabda kang sampun kawiyos
Dadya
nembah Sang Nata nging sedya hiku, habela kalih prekawis, kang sabil kalih kang
kantun, mapan sedya den belani, lan nrerah tekdir Hyang Manon.
Hemut
jangji dhumateng dundumanipun, manungsaneng dunya hiki, wus pinasthi lokhil
mahpul, lamun tankena sumingkir, lara wirang pati mangko,
Kangjeng
Sultan wekasan ngandika hiku, heh paran pengulu hiki, lan Badarrodin sireku,
prakara pa nuhun iki, layang Kurnel marang hingong,
Hapa
patut lamun sun turuti hiku, kalih samya haturneki, pan langkung prayoginipun,
dene cacat dhateng ngelmi, pan hamba kang nanggel katong.
Sabab
hamba pan pun paman Khaji tuhu, tan wonten kang dados haji, sumelang mring
Kurnel tuhu, sebarang paturon neki, pan nanging baras kimawon,
Marma
kang tyas pan langkung pitajeng sampun, nulya Sang Nata nuruti, pan sampun
pinaring hiku, hingkang pratondha Nrepati, Mas Pengulu kinon wangsul,
Panggih
malih lawan Kurnel Kleres hiku, Badarrodin tan kari, lan bekta pratondha hiku,
tan winarna margapanggih, Kurnel lawan Mas Pengulu.
Mapan
nuju samya pepekan sedarum, mayor lan kelan sami, Kurnel langkung sukanipun,
sareng Mas Pengulu prapti, sarta bekta surat katong.
Pan
sedaya samya ngadeg hurmat hiku, sadangu nyahos tulis, sagung hingkang ngagung
hagung, mengkana parentah haji, heh Kurnel, Kleres sireku.
Lawan
Mayor riwus tabeningsun, karo marang hing sireki, sira hangaturi hiku, bedhama
lan Jendral hiki, hiya sun turuti mangko,
Nanging
Kurnel hingsun mapan hamemundhut, gawekna pesanggrahaning, hing Rema Kamal ta
hingsun, lawan hing Kejawan hiki, telu hing Kalireceku.
Besuk
lamun rawuh Kalireca hingsun, habdiningsun Basah hiki, hing Mentaram loro hiku,
lawan saprajuritneki, kabeh methuka maring ngong.
Lawan
Jendral Dhekok kono hapan iku, hiya mapaga mring mami, patemon Kalireceku, wus
tita Karsa Nrepati, Kurnel langkung sukanipun.
Lawan
mayor myang sagung kelana hiku, nulya samya tata linggih, Kurnel hatetaken
hiku, Mas Pengulu kados pundi, pan kawula datan ngretos.
Dene
hingkang pratondha Kangjeng sinuhun wonten satengah hingtulis, pan tan wonten
hadatipun, kula dereng ning ngayekti, kados pundi hartosipun.
Mas
pangulu mengkana wangsulanipun, tan huninga karsa haji, Kurnel nulya karya
hiku, kang srerat katurNrepati, sebarang karsa Sang Katong.
Kurnel
Kleres mapan hanyagahi sampun, mas pangulu sampun pamit, lawan Badarrodin hiku,
tan winarna marga prapti, Sampang wus katur Sang Katong.
Saneskara
hangandika kang sinuhun, yawis ta wruha nireki, Kurnel Kleres mapan hingsun,
besuk senen tedhak mami, marang Roma Kamal mangko.
Kurnel
mapan sun timbali kono hiku, hing roma methuka hiki, haja kadhinginan hingsun,
lawan den samekta hiki, tundhan haja Kurang mangko,
Mas
Pangulu sandika hingaturipun, gya lengser putusan hiki, marang Kurnel hapa ring
wruh, sebarang karsa Nrepati, Kurnel Langkung bungahipun.
Pan
rumahos lamun kaprecaya hiku, dhateng Kangjeng Sri Bupati, sabarang
parentahipun, Mas Pengulu den saguhi, maring Kurnel Kleres mangko.
Mapan
lajeng parentah Kurnel puniku, mring mayor hakarya hiki, pesanggrahan roma
hiku, lan Kejawan mapan sami, kinerig sarupaning wong
Langkung
hasri kinen tha kedhaton sagung, Roma Kejawan sami, mawi gepura puniku, pasowan
pinancak suji, neng jawining gapureku.
Sapambedhil
hawetara tebihipun, pasanggrahan lawan hiki, pasohan katarub hagung, panyce
palenggahan haji, hingurug wedhi sedarum.
Kang
pasohan halit samya ngapit hiku, yen tinon palangkung hasri, lawan dadak karya
lurung, mapan ngantos dugi margi, hing Sampang rinadin sampun.
Lawan
samya hingurug wedhi puniku, toya padasan lan malih, jembangan marapit hiku,
gapura lan panycak suji. punika mawi sedarum.
Sekar
mayang pan mayor pribadi hiku, sedaya hingkang jenengi, karya pesanggrahan
hiku, roma lan Kejawan sami, mengkana wus samya dados.
Kurnel
lajeng tur huning mring mas pangulu, lawan nerang wan cineki, hanenggih
pamethukipun, dhumateng Sri Narapati, lan tamtune dintenipun,
Mas
pangulu lajeng hamangsuli hiku, tamtu hisnen tedhak haji, dhumateng Rema
puniku, lawan Kurnel kinen prapti, jam kalih welas puniku.
Sri
Nalendra pan dinugi rawuhipun, dinugi yen jam satunggil, mengkana wus tan
winuwus, kawarnaha hisnen prapti, Mas Pengulu karsa katong.
Mapan
lawan Kaji Badarrodin hiku, pan samya kinon rumiyin, mring Rema Kamal puniku,
mengkana Sri Narapati, saking Sampang nulya bodhol.
Datan
tebih Rahaden Basah puniku, Mertanagara lan haji, pan tansah haja geng kewuh,
lawan Ki Muhamad Pekih, tenapi prajurit sagung.
Kawetara
nanging kalih belah hiku, kang dherek Sri Narapati, tedhak hira saking gunung,
marma Den Basah tyasneki, pan meksih sedayeng kewoh.
Mapan
dereng Den Basah pitajeng tuhu, mring laknat barang turneki, mapan nanging Mas
Pengulu, lawan Khaji Badarrodin , kang sampun pitajeng yektos.
Raden
Basah Mertanegara puniku, karsanya Sri Narapati, mapan kinon ngampil hiku,
hinggih Kangjeng Kiyahi, Bondayuda karsa katong,
Sabab
lamun selaya barang turipun, Mas Pengulu lawan Khaji, pan lajeng rerempon hiku,
marma den Basah pinaring, pusaka cinnothengayun
Kangjeng
Kyahi Bondayuda mapan hiku, lawan hingkang samya ngampil, kang pusaka tiga
hiku, nenggih Kyahi Hamad Pekih, mapan lawan Mas Tumenggung.
Sanegara
lan Den Dipayana hiku, tan winarna haneng margi, hing Roma Kamal wus rawuh,
nanging Kurnel dereng prapti, mapan teksih henjing mangko,
Sawek
pukul sedasa wetaranipun, rawuhira Sri Bupati, Kurnel mapan sedyanipun. pan
karsa ngelon heloni, ja kongsi kasesa mangko.
Mapan
pukul sedasa Kurnel puniku, hangkatira saking Kemit, kalawan husar sedarum,
sareng wonten margi myarsi, kunel lamun jeng Sang Katong,
Sampun
rawuh pesanggrahan Rema hiku, Kurnel mapan langkung hajrih, lajeng sasanderan
hiku, lawan sagung husar sami, tan winarna prapta sampun.
Pan
hing Rema lawan husarira sagung, kang pelangkir maksih kari, dadya kasesa sedarum,
Kurnel mapan teksih tebih, wahu denya medhun iku.
Saking
kuda neng jawining gapureku, lawan datan mawi topi, pan nuju panas kelangkung,
kang ngiring Den Dipati, lawan Ngabdul Latip hiku.
Lan
hajidan satunggal mapan kang tumut, Hajidan Tennis nameki, wus cundhuk lan kang
sinuhun, Kurnel hesmu langkung ajrih, tumungkul denira lunggoh,
Sri
Nalendra mengkana ngandika hiku, heh Kurnel dene hakari, sira hiku lawan
hingsun, Kurnel matur hesmu hajrih, mapan kawula sayektos.
Nging
parentahipun didalem puniku, Mas Pangulu lawan Khaji, Badarrodin pan satuhu,
hingkang kawula lampahi, pan hingrema pukulipun.
Kalih
welas kawula kinen puniku, dhateng methuk padukaji, mapan sampun ngantos hiku,
krumihinan mring Nrepati, mapan pan duka Sang Katong.
Jam
satunggil dhawuhipun Mas Pangulu, rawuh dalem wonten ngriki, marma kawula
sinuhun, pan sedya ngelon-heloni, sampun ngantos kantun mangko,
Lan
paduka sareng prapta margi tuhu, kawula miharsa warti, yen paduka sampun rawuh,
marma kasesa puniki, mapan kathah hingkang kantun.
Dados
kirang hurmat kawula satuhu, dhumateng Sri Narapati, nging nuhun punten den
agung, sabab sing kasesaneki, mesem ngandika Sang Katong,
Heh
ya Kurnel wus tan dadi hapa hiku, Kurnel nulya matur haris, yen pareng hingkang
Sinuhun, kawula badhe ngaturi hurmat Sang Nata nebda lon,
Yawus
nora pan hingsun tarima hiku, sabab sira during hiki, bisa nyembadani hiku,
hiya lawan karsa mami, Kurnel mangkya matur halon,
Mapan
sampun kalajeng beteng sedarum, hinggih kawula prentahi, pasang mriyem sedarum,
mapan pingnyelawe hiki, lan drel sanjata lit sagung.
Nora
Kurnel wis wurungna kabeh hiku, lamun sira bias hiki, hiya ngurmati marang sun,
ping pitung puluh ya becik, lawan punjul lima hiku,
Pan
mengkene hiku Kurnel hartineku, pan ingsun kaliphah nabi, neng tanah jawa kabeh
sun, Kangjeng Nabi hiku yekti, sekhabate pitung puluh,
Punjul
papat lima Kanjeng Nabi hiku, marma padha sun hurmati, dadi mung nyawiji hiku,
dene ya hingsun pribadi, mapan wus tan kurang tuhu.
Kurnel
holehira hangurmati hingsun, sajroning haprang hiki, Kurnel pitung tahun, satus
hewu kaya luwih, kurmatira maring hing ngong.
Lawan
Kurnel marmane pratandhaning sun, hiku sun prenahiki, neng tengah tulisan hiku,
sabhiya Kangjeng nabi, negaranne Mekah mangko.
Mekah
iku satengahing jagad tuhu, marma yen sira tan hapti, hiya hangurmati hiku,
mring Kangjeng Nabi ta hiki, Muhamad Sam sun tan hayun,
Sabab
hingsun mapan hiki darma tuhu, kang duwe hagama nabi, dadya Kurnel kendel
dangu, wekasan humatur haris, yen paduka datan hayun.
Hinggih
hurmat mariyem, yen pareng iku, mapan kawula ngaturi, hurmat selompret lan
tambur, Sang Nata mesem nebda ris, Kurnel prayoga hiku.
Nulya
Kurnel parentah mring Tennes hiku, gya lumajeng handhawuhi, mring husar
pelangkir sagung, gya mubeng pasohan sami, nulya Kurnel matur halon.
Kados
pundi hing karsa hingkang sinuhun, punapa nyare hing ngriki, Kangjeng Sultan
nulya dangu, mring Basah Mertanagari, heh Basah Kejawan hiku.
Tekakenne
hapa meksih hadoh hiku, Raden Basah matur haris, mapan lawan Mas Pengulu, yen
panduka tedhak saking, ngriki mapan bakda luhur.
Kados
boten nenggih hakir hasaripun, dadya nata ngandika ris, heh Kurnel pan hingsun
banjur, mengko bakda luhur hiki, lan sira hapa wus cahos
Tundhan
Kurnel mapan sampun haturipun, nanging kawan dasa hiji, lan kawula bekta tuhu,
titihan pantiga bilih, paduka karsa sang katong.
Pan
katura kawula kalih puniku, kang saking mayor satunggil, mapan lajeng kinen
mundhut, tiga wus prapta ngarsaji, langkung suka tyas Sang Katong.
Tiga
pisan kang kuda samya gengipun, bagus hinggilira sami, nging satunggil hingkang
dhawuk, mapan habrit hingkang kalih, Sang Nata ngandika halon.
Heh
ya Kurnel pan hingsun tarima hiku, pan kudaningsun pribadi, wus banget sayahe
hiku, nulyaKurnel matur malih pan punika hingkang dhawuk.
Nenggih
mayor hingkang ngaturi puniku, kawula kang habrit kalih, mapan katura sedarum,
lawan sapa ngangge neki, ya Kurnel tarima hing ngong.
Kurnel
malih humatur dhateng sang prabu, kawula bilih marengi, mapan rumiyin pukulun,
sabab badhe hurmat baris, wonten hing kemit Sang Katong.
Sri
Nalendra ngandika prayoga hiku, nging Tennis tinggalen hiki, dimon kari
ngarsaning sun, pan jaga hutusan mami, Kurnel haja kongsi rikuh.
Kurnel
mapan sangsaya bungah tyasipun, hangrahos den pitajengi, lan tan walang hati
sampun, Kurnel pamit sing ngarsaji, haji dan tinilar mangko,
Mapan
lawan husar sekawan puniku, Kurnel gya mangkat rumiyin, lan husar pelangkir
sagung, tan kantun Raden Dipati, lan Basah Dul Latip hiku.
Henengenna
Kurnel mapan prapta sampun, hing kemit hingkang winarni, Sang Nata neng ngema
hiku, sareng bakda luhur nuli, Sang Nata sing ngrema bodhol.
Pan
Hajidan Tennis gya hutusan hiku, husar kang kinon rumiyin, hamaringi priksa
hiku, mring Kurneldhumateng kemit, lamun wus tedhak Sang Katong.
Saking
Remakamal sawadya kusweku, mengkana Kurnel winarni, mapan langkung hurmatipun,
mapan hing samargi margi, tan kirang jalma lumaku.
Sareng
ngajengaken prapta kemit hiku, satengahejam wetawis, mapan hingkang marga
sagung, tinurut hing panycak suji, langkung hasri lamun tinon.
Lawan
mawi tinurut sekaran hiku, myang gepura ngapithapit, sekar mayang sri
di[hal.283]nulu, sareng wus celak nerpati, mapan saking Kemit hiku,
Pan
hajidan Tennis gya nander rumuhun, hingkang munggeng hing ngarsaji, pan Raden
Basah puniku, lan sagung kapal lan sami, mengkana Kurnel gya methuk.
Haneng
Lurung kelawan Mayor puniku, myang sagung hingkang prahupsir, kang nindhihi
baris sagung, husar kelawan pelangkir, pan nanging Litnan kemawon.
Langkung
rame salompret kalawan tambur, nging kuciwa mringyemneki, hingkang datan
mungeliku, mapan lawan sanjatalit, mengkana Kangjeng Sang Katong.
Meksih
manggung haneng saluhur kudeku, dene hingkang den titihi, sahosane Kurnel hiku,
Kurnel Mayor mapan nuli, hatur tabe mring Sang Katong,
Lawan
sagung hingkang pra hupasir sedarum, riwus Kurnel matur haris, Sang Nata
ngaturan hiku, kendel sakedhap pu[hal.284]niki, sabab sahosan wus cahos,
Nalendra
haris hangandika hiku, wus Kurnel tarima mami, Sang Nata hanulya laju, mring
Kejawan karsa haji, Kurnel langkung cuwanipun.
Sabab
sampun sahosan rakit sedarum, mengkana wus tan winarni, margi hing Kejawan
rawuh, hingkang dherek nanging Tennis, lan husar sekawan hiku,
Raden
Basah Gondakusuma pan methuk, haneng Kejawan jajari, neng lurung prajurit
sagung, sedaya mapan wus rakit, tan wonten kuciwanipun.
Mapan
lawan duk haneng hing kemit hiku, hingkang niskara pan sami, mengkana wus tan
cinatur, Raden Basah den timbali, dinangu prajuritipun.
Dereng
pepak sadaya prajuritipun, teksih kathah kirangneki, mapan sawek sangangatus,
mengkana wus tan winarni, dalu henjing winirahos.
Kurnel
sohan kalawan mayor puniku, tenapi Kapitanneki, kelana binekta hiku, sedaya tan
hana kari, samya tur tabe mring katong.
Rriwus
tata lenggah Kurnel nulya matur, kados pundi karsaji, punapa hinggih hatamtu,
pamundhut dalem dewaji, karya pesanggrahan katong.
Lepen
Reca Kangjeng Sultan ngandika rum, hiya Kurnel matur haris, lamun marengi sang
prabu, bok sampun miyos dewaji, mapan hinggih tanah Ledhok.
Mapan
sanget sinuhun hing susahipun, sabab margi langkung Halit, kalawan wona
sedarum, jurang harga lawan malih, sampun datan wonten dhusun.
Hinggih
wonten satunggal kalih kang dhusun, mapan sampun suwung sami, datan wonten
tiyangipun, tan wonten kula ken kardi, hinggih pasanggrahan katong,
Saking
ngriki hing Lepen Reca sinuhun, pitung dinten tan dumugi, dados langkung
susahipun, sagung habdi dalem sami, lawan kang margi wanagung.
Lamun
kirang tedha sinten hingkang tulung, kalawan malih marengi, sinuhun kang jawah
hagung, dene yen treranga hugi, dadosa nebahi mawon.
Mapan
datan patos kasusahanipun, sabab lampah ageng yekti, kados pundi kang sinuhun,
hewa sapunika hinggih, yen sampun karsa sang katong.
Pan
sandika nanging kula kedah matur, menggahna susahanneki, Sri Nalendra nulya
dangu, dhumateng Raden Dipati, mring hature Kurnel hiku.
Haturira
den dipati lawan sagung, hingkang praniyaka sami, hinggih leres haturipun,
Kurnel sampun tamtu hugi, lamun kathah susahipun
Sri
Nalendra mapan dhahar haturipun, hingkang praniyaka sami, nulya hangandika
hiku, wus Kurnel pikiren hiki, hendi kang prayoga mangko.
Ri
wus sira Kurnel mapan pamit mundur, lan Mayor sakoncaneki, sonten sowan malih
hiku, mapan kalawan hangirid, hingkang dereng sowan hiku,
Hawit
Kemendhan sapanginggil pan sadarum, kang Sinuhun kinon prapti, dadya Kurnel
sowanipun, hajeg sadinten ping kalih, datan kantun lawan mayor.
Walangati
pan sampun tan wonten hiku, Hajidan Tennis karsaji, pinundhut mring Kurnel
hiku, hajaga ngarsaNrepati, sebarang karsa Sang Katong.
Lawan
Basah barang kakiranganipun Hajidan hingkang nindhihi, sebarang parentah iku,
mengkana wus tan winarni, henjing Kurnel sohan mangko,
Lawan
mayor mengkana hing ngaturipun, wahu dalu Sri Bupati, kawula nampeni hiku,
lapuranipun hanenggih, Kumendhan malihan Sang Katong,
kedhatengan
nenggih pan kanggenipun, Basah Prawiradirjeki, pan kaji kalih puniku lan
satunggal kang ngulami, Kaji Ngisa westanipun.
Khaji
Raji ngulami Barmawi hiku, bekta Jendral seratneki, Sang Nata ngandika hiku,
heh Kurnel tutur hireki, Jendral Dhekok lunga mangko.
Mring
betawi Kurnel mengkana turipun, mapan tamtu kesah neki, kawula ngentosi tuhu,
huninga duk hangkatneki, mapan kang serat puniku,
Dugi
kula sampun meling wahonnipun, hinggih dhateng Kurnel kokis, sabab serat kang
rumuhun, paduka dereng mangsuli, Sang Nata malih tanya lon.
Layang
ngapa Kurnel panduganireku, Kurnel mengkana turneki, pan mongsa sanesa tuhu,
nenggih lawan kang rumiyin, samya bedhami puniku,
Paduka
ji winestan maksih neng gunung, pan dereng huninga yekti, yen sampun tedhak
pukulun, mesem Nata ngandika ris, heh Kurnel pan karsaning ngong,
Lamun
teka pan layange Jendral hiku, haja katurake mring mami, sabab pan wus kasep
hiku, wus tampanana pribadi, lawan sun tan sudi hanon.
Hiya
marang kang padha kinongkon iku, Kurnel sandika tureki, mengkana wus luwar
hiku, sonten Kurnel sowan malih, tan kantun lan mayoripun.
Kurnel
matur dhumateng hingkang sinuhun, mengkana pan haturneki, kawula yun nrerang tuhu,
paduka punapa meksih, remen pesanggrahan katong.
Wonten
ngriki hingkejawan kang sinuhun, mengkana ngandika haris, heh Kurnel hapa
rembugmu, kelamun prayoga hiki, hiya lawan karsaning ngong.
Sun
turutti mengkana Kurnel turipun, hingkang kepanggih dewaji, rahosing manah
pukulun, padukamapan prayogi, ngrumiyinnana mring Kedhu.
Mupung
Jendral pan dereng dhateng puniku, pan dugi kula dewaji, datan ngantos siyam
tuhu, Jendral pesthi nunten prapti, sabab kawula pan sampun,
Hanusuli
serat, yen paduka hestu, pan harsa panggih pribadi. mila dugi nunten wangsul,
punika yen sahupami, karsa dalem boten dados.
Paduka
ji kawula haturi wangsul, hinggih mring Pagelen malih, senadyan dados satuhu,
pan tangled sami Welandi, kawula pan nemah katong.
Nging
panuhun kawula mapan satuhu, panjenengan dalem hugi, mapan sampun ngantos hiku,
kagepok mring lepatneki, lan damel prekawis mangko.
Hamiwitti
kalamun cidra sinuhun, pan mongsa wandeya panggih, mring hawak pribadenipun,
mengkana Sri Narapati, sareng mirsa haturipun,
Kurnel
Kleres lawan Mayor Bokus hiku, hingkang tyas nata pan gampil, kadya wus karsa
Hyang Agung, nanging sumendhe mring tekdir hesmu wirang jeng Sang Katong.
Lmun
ngantos sumingkir duduman hiku, hiya wong haneng dunyeki, mengkana hingkang
sinuhun, mapan nulya ngandika ris, heh Kurnel haturireku.
Sun
turuti nanging metu ngendi hingsun, bab ing Kalireca hiki, mapan sireku wus
matur, lamun banget susahneki, dalan maring Kedhu mangko.
Lamun
seka kene wus tan kena hingsun, kejaba hing ledhok hiki, lawan bali mring Mentarum,
kalawan hing Kedhu ngendi, karepira kang jinujog.
Kurnel
Kleres mengkana pan haturipun, hing Menoreh yen marengi, lawan kang karsa
sinuhun, sabab boten susah mawi, sedaya sampun mirantos.
Sri
Nalendra mengkana timbalannipun, heh Kurnel ya wus miranti, mapan sebarange
hiku, nanging hingsun nora keni, sabab hiku nganggo metu.
Balabudhur
mapan lawan Kalihabu, kalawan hanyabrang kali, hiya Bogawonta hiku, sun
kawetonhake ngendi, pan telu tan kena hing ngong.
Kurnel
Kleres mengkana pan haturipun, sinuhun bilih marengi, pan miyos Cacaban hiku,
hing ngriki kawula turi, mapan miyos Hurutsewu.
Mapan
nyabrang Sinuhun hing Kadilangu, Kangjeng Sultan ngandika ris, Kurnel dadi
mubeng hiku, susah kang prajurit hiki, sarupane dharat hiku,
Kurnel
matur di dalem kang dharat sagung, mapan kajengipun sami, medal hing ngriki
sedarum, hing Kedhung mahesa haji, pan inggih leres kemawon.
Kajengipun
sareng lan plangkir sadarum, dene paduka Nrepati, kawula pribadahiku, hingkang
dherekken dewaji, kalawan husar puniku.
Sri
Nalendra ngandika heh Kurnel hingsun, sesuk mankat karsa mami, hapa kadugang
sireku, hingsun mundhut mring sireki, hiya jaran pitung puluh,
Den
sumekta tekakna mengko bengiku, pukul wolu hangkat mami, sira praptaha den
hesuk, sandika Kurnel tur neki, nulya nantun mring Mayor.
Heh
ta Mayor hapa kaduga sireku, hing pamundhut dalem hiki, hiya jaran pitung
puluh, mayor sandikaturneki, ngandika malih Sang Katong.
Heh
ta Kurnel sun parentah mring sireku, mapan sa Pagelen hiki, wus sun gawe kreta
hiku, tanah Jawa sarupaning, pan wus leren pre[hal.294]rang mangko.
Heh
ta Basah Mertanagara lan hiku, Basah Gondakusumeki, prajurit dhangan sagung,
mapan wus tan sun lilani, hiya lamun prerang hiku.
Basah
kalih samya sandika turipun, ngandika malih Nrepati, heh Kurnel parentah hingsun,
hiku poma mring sireki, dhawuhna mring sireku.
Hingkang
padha tunggul beteng kabeh hiku, hiya sarupanne hiki, nak rabi prajurit sagung,
hingkang padha dherek mami, padha den reksaha hiku.
Den
kareksa haja kongsi kurang iku, kang pinangan kabeh hiki, derapon ja rongeh
hiku, holehe dhedherek mami, lan maning parentahing ngong.
Lamun
hana prajurit hagawe rusuh hiya hing sawuri mami, den henggal cekelen hiku,
nuli pasrahena paring, Basah Mertanegareku.
Hapamaning
lamun kancanira rusuh, Basah gya tuturra maring, hing Kurnel kalih puniku,
samya sandika katurneki, Kurnel parentah mring Mayor.
Heh
ta sira weruh dhewe hiku, timbalane Sri Bupati, buri sira kang katempuh,
sebarang karsa Nrepati, sabab bakal dherek hing ngong,
Mayor
Bokus sandika pan haturipun, Sang Nata ngandika malih, Kurnel praptaha den
hasuk, Kurnel sandika turneki, hanulya luwar Sang Katong.
Wektu
hiku Kurnel Kleres puniku, pan hanglir hingkang pepatih, mring Kangjeng Sultan
satuhu, sebarang karsaNrepati, Kurnel kang nadhahi mangko.
Hingkang
jawi lebet Raden Basah hiku, mengkana Raden Dipati, lan Basah Dullatip hiku,
mapan kadya magang kalih, hangiring mring Kurnel hiku.
Hingaturken
Sang Nata tan karsa hiku, myang sagung hingkang Bupati, sedaya kang tumut
mangsul, mengkana wus tan winarni, hing dalu pan winirahos,
Kapal
pitung dasa mapan prapta sampun, malah mayor hanyahosi, dados jangkepipun
satus, Hajidan Tennis hanuli, lapur mring den Basah mangko.
Lawan
Kurnel nyahosi pasangon hiku, mring sagung hingkang prajurit, Hajidan Tennis
puniku, mapan jaga siyang latri, neng ngarsane Basah hiku.
Mapan
lajeng dinum kapal lan harteku, pitung hatus kathahneki, sareng henjing Kurnel
hiku, sowan lan Raden Dipati, Ngabdul Latip datan kantun.
Kurnel
matur yen paduka sampun rawuh, sinuhun Menoreh benyjing, lamun Jendral dhateng
sampun, kajengipun methuk benyjing, dhumateng Menoreh katong,
Lan
paduka yen panggih lan Jendral sampun, sampun ngandika pribadi, sebarang karsa
pukulun, kawula hingkang nyagahi, sagung kang wicanten mangko.
Lawan
Jendral Kangjeng Sultan ngandika rum, ya Kurnel tarima mami, kalawan sira hapa
wus, karyapesanggrahan hiki, palerenan nginep hiku.
Kurnel
matur mapan sampun wahu dalu, hutusan kawula haji, karya pesanggrahan sagung, hingkangkamregen
Nrepati, Kurnel nulya muwus halon.
Mring
den Basah sinten hingkang ngirid hiku, mring prajurit dharat sami, Raden Basah
hanebda rum, Tumenggung Suradirjeki, lan rongga bapang puniku.
Nenggih
Gomawijaya Kurnel ris muwus, sahe sampeyan timbali kajengipun tepang hiku,
sebarang kalih pun tenis, pan punika kanthinipun.
PUPUH
XLI
K
I N A N T H I
Raden
kang ngirid sedarum, nenggih dhumateng pelangkir, sebarang kirangannira, neng
marga mundhuta hiki, dhumateng Tennis punika, kalih tinimbalan prapti,
Mapan
tinepangken sampun, kalih lan Hajidan Tennis, riwus kinon mundur samya, Sang
Nata handangu hiki, mring mayor Kurnel haturnya, sampun baris wonten margi.
Kalawan
sakanycanipun, hingkang badhe kantun sami, hatur hurmat mring Nalendra, Sang
Nata ngandika malih, heh Kurnel sira dhingina, sandika gya budhal haji,
Saking
Kejawan puniku, langkung rame swaraneki, sagung hingkang tatabuhan, mapan pukul
wolu henjing, hinggih hisnen dintenira, karsanira Sri Bupati
Pan
tinnata lampahipun, hingkang kinon wonten ngarsi, sagunge welandi husar, kalih
belah winetawis, hingkang dadya pangiridnya, Kapitan Huta puniki,
Lan
Kapitan Jida puniku, Kapitan Pilman lan Jeli, wingking Kurnel Kleres hika, wahu
hingkang hanindhihi, hingiring Raden Dipatya, lawan Basah Ngabdul Latip
Lawan
hingkang Bupati sagung, hingkang samya teluk hi[hal.299]ki, wingking nulya
sinambungan, Basah Gondakusumeki, pan lawan prajuritira, kang samya kapalan
hiki,
Kawan
dasa kathahipun, Tumenggung Rongga lan Panji, wingking kang nambungi hika, den
Basah Mertanagari, lawan saprajuritira, nulya Kangjeng Sri Bupati.
Dhinerek
ngulama hiku, lawan kaji datan tebih, ngampil lawan Punakawan, datan wonten
dharat sami, mapan kapalan sadaya, yen tinon langkung ngajrihi.
Methuk
baris hiku, neng Lurung Soka puniki, myang sagung hupsir samya, hingkang badhe
kantun sami, salompret tambur wurohan, kendel sakedhap Nrepati,
Nging
meksih neng kuda hiku, mayor hatur tabe nuli, kalawan Hupesir ira, riwus lajeng
Sri Bupati, kendel haneng Petanahan. mapan Kurnel kang ngaturi,
Kelangkung
sunggatanipun, Kurnel mring Sri Narapati, tan kirang samarga marga, myang
sagung kang dherek sami, hatenapi kang rerenggan, sedaya mapan sinami,
Riwus
gya budhal sang prabu, tan hewah hing lampahneki, sedalu nyare hing ngambal,
henyjang nulya budhal malih, kendel dhahar haneng wawar, riwus budhal Sri
Bupati.
Rawuh
Jagaresan hiku, mengkana nulya ningali, nata marang Khaji Ngisa, mapan lawan
Khaji Raji, Barmawi katiganira, bekta Jendral seratneki,
Sri
Nalendra lajeng bendu, tiga samya lajeng hiki, panggih lan Kurnel punika, Sri
Nalendra nyare hiki, haneng Semanggen punika, henyjang nulya mangkat malih.
Mapan
miyos kadilangu, punika samargi margi, welandi pan samya hurmat, wit kumendam
sapenginggil, lawan sagung beteng ngira, kang kamargen Sri Bupati,
Samya
hurmat baris hagung, tan hewah samargi margi,wonten Kumendam satunggal, humatur
dhateng Nre[hal.301]pati, sinuhun hinggih paduka, kelamun dipun haturi.
Dhumateng
Magelang tuhu, sampun karsa padukaji, mapan tan sahe dadosnya, ya ta mesem Sri
Bupati, ya Kumendam sun tarima, sira weh peling mring mami,
Sedalu
nyare sang prabu, haneng hing tanggel puniki, henjing nata nulya budhal, tan
hewah lampahireki, rawuh sawong kendel nulya, salat luhur Sri Bupati.
Sareng
sampun bakda luhur, mas pengulu nulya prapti, sowan dhumateng Sang Nata,
kinengken mring Kurnel hiki, nenggih ngaturi huninga, mengkana hatur hireki,
Kurnel
mapan meling hatur, mangke paduka dewaji, yen beteng sampun katingal, hing
Menoreh den haturi, nenggih kendela kewala, ningalana saking ngardi,
Mila
sapunikannipun, Kurnel nuhun ngrumiyini, lan sagung prajurit samya, paduka
dipun haturi, dewaji sampun tumedhak, sampun dereng den haturi.
Haris
ngandika sang prabu, hana hapa hiku dening, Mas Pengulu haturira, nuhun
hapunten dewaji, wahu satingal kawula, Kurnel sanget nepsuneki.
Mengkaten
wicantenipun, Mas Pengulu dipun haglis, handika matur Nalendra, nging pangestu
dalem yekti, kelamun lepat punika, pan tangled samya Welandi.
Mapan
hinggih bejan sampun, welandi Kedhu puniki,lawan hing Pagelen hika, badhe
keprukan pribadi, panbekta rempukawula, mapan beja Kurnel kokis.
Hingkang
pecahendhasipun, marmanya Sri Narapati, paningalan kewala, hinggih saking
nginggil hardi, mapan sampun tedhak-tedhak, yen dereng kula haturi.
Mesem
ngandika sang prabu, ya wus ta hingsun lilani, wangsul Mas Pengulu nulya,
Kurnel sampun den dhawuhi, nulya hanembang tengara, nyelompret lannambur hiki,
Tinata
prajurit sagung, pelangkir kang munggeng ngarsi, hajidan tenis tindhihnya, nulya
husar kang nambungi, Kapitan Huta tindhihnya, jahid Pilman lawan Jili,
Nulya
wadya dharat sagung hanenggih hingkang hangirid, mas Tumenggung Suradirja, lan
MasRonggabapang hiki, Gamawijaya punika, Kurnel Kleres hanambungi.
Lan
Raden Dipati hiku, myang sagung Tumenggung sami, hingkang hateluk sadaya,
hangiring mring Kurnel hiki, wingking sinambungan Basah, Gondakusuma hanuli.
Basah
Mertanegareku, nulya Kangjeng Sri Bupati, kang wingking kaji ngulama, mengkana
katingal hiki, beteng Menoreh puniki, Kangjeng Sultan kendel nuli,
Wonten
saluhuring gunung, prajurit kang kendel sami, wit Basah Gondakusuma, mapan
sapawingking neki, hingkang ngadhep Sri Nalendra, ningali neng ngiring hardi.
Mring
Kurnel Kleres hiku, mengkana Kurnel winarni, kendelan neng Ngapus hika, kalawan
Raden Dipati, lawan pra Tumenggung samya, nanging Basah NgabdulLatip.
Hingkang
tumut lajeng hiku, hangirid sagung prajurit, wus dangu wangsul hanulya, nenggih
Basah Ngabdul Latip, mapan lestari kewala, lampahnya sagung prajurit.
Kurnel
gya ngaturi hiku, dhumateng Sri Narapati, Sang Nata hanulya tedhak, saking
ngardi sawadyeki, Kurnel mapan methuk nulya, wus cundhuk lan Sri Bupati.
Kurnel
haris haturipun, dhumateng Sri Nrapati, hangsal pangestu Nalendra, sampun tan
wonten punapi, hingMenoreh sapunika, konca sampun pepak sami,
Kang
hageng-hageng sedarum, kang tan wontena nging kalih, pan Kurnel Kokis punika,
kalawan Mayor Magilis, mapan Kurnel Nahus Nata, tumut dhumateng Betawi,
Kalawan
residhen Kedhu, nanging wakil Suketaris, pun Kokis tengga Magelang, suwawi
lajeng dewaji, SriNalendra nulya budhal, lawan sawadya kusweki.
Kurnel
pamit mring Sang Prabu, mapan nuhun ngrumihini, kalawan Raden Dipatya, wus
kalilan nander nuli, praptanira tan winarni, mengkana Sri Narapati,
Hing
Menoreh sampun rawuh, mapan langkung rameneki, nging kuciwa mriyemira, wahu
hingkang datan muni, mapan langkung pangranggannya, Kurnel mring Sri Narapati,
Sareng
katingal sang prabu, Kurnel lajeng methuk hiki, pan lawan sakanycanira,
hingkang hageng-hageng sammi, Kurnel Lebron dheprok hika, Mayor Bower
kepriyeki,
Suketaris
Maglang hiku, myang sagung Kapitan sami, gennya rawuh Sri Naranata,
pesanggrahan mapan meksih, manggung haneng luhur kuda, Kurnel kang samya
ngampingi,
Kelawan
Mayor puniku, Suketaris datan keri, nulya tedhak Sri Nalendra, Kurnel Kleres
nampeni, denya tedhak saking kuda, wus lenggah Sri Narapati,
Sagung
hingkang hagung-hagung, mapan meksih ngadeg sami, Kurnel gya matur Nalendra,
kalamun pareng dewaji, lan sagung konca sadaya, nuhun hatur tabe sami.
Sang
Nata marengi hiku, nulya sagung majeng sami, hatur tabe gentya-gentya, pan
Kapitan sapenginggil, riwus Kurnel matur nulya, punapa kalilan linggih
Ngandika
hingkang sinuhun, ya Kurnel singsun lilani, nulya samya lenggah tata, hingkang
celak lan Nrepati, nanging kleres pribadya, mapan lawan Suketaris,
Pan
wakil residhen Kedhu, mengkana wus tan winarni, hingkang niskara sadaya, Sri
Nalendra mapan nuli,kondur marang pesanggrahan, sagung mapan dherek sami,
Riwus
rawuh samya wangsul, mring Kleres pondhok neki, sonten Suketaris sowan, nuhun
pamit mring Nrepati, mapan mantuk mring Magelang, sabab badhe nata hiki.
Nenggih
badhe hingonipun, sagung di dalem prajurit, Sang Nata sampun kalilan, nulya
mundur Suketaris, saking ngarsanya Nalendra, hing dalu wus tan winarni,
Kawarnaha
henyjangipun, Kurnel Kleres sapuniki, sowan lawan ngirid hika, hingkang hageng-hageng
sami, mapannuhun pamit hika, dhumateng Sri Narapati,
Sedaya
pan badhe mantuk, mring prenahira pribadi, kalilan Sri Naranata, mengkana wus
tan winarni, Kurnel Kleres punika, pan ajeg pasowaneki.
Sadinten
ping kalih hiku, pukul songa lamun henjing, sonten mapan pukul gangsal, Kurnel
pamit mring Nrepati, mengkana pan haturira, bilih marengi dewaji
Kawula
yun kesah iku, sakedhap mapan dewaji, hinggih dhumateng Magelang, punapa weling
Nrepati, Sang Nata haris ngandika, pan tan derbe karsa mami,
Lamun
sira lunga hiku, poma haja lawas hiki, Kurnel mengkana haturnya, sedalu kemawon
prapti, mengkana sampun kalilan, Kurnel lajeng mangkat hiki.
Saking
ngarsa kang sinuhun, kang tinilar hanampeni, sebarang karsa Nalendra, Kapitan
Huta puniki, mengkana Kurnel wus prapta, saking Magelang puniki.
Pan
kathah sal hangsalipun, kang sinyjang pan warniwarni, sedaya katur Nalendra,
hatenapi Basah kalih, pan tumut ngangsal-hangsalan, Sang Nata ngandika haris.
Heh
Kurnel hapa karyeku, mengkana Kurnel turneki, hing benyjing yen dhateng
Jendral, sampun ngantos hanglingsemi, kalawan malih kawula, sampun ngantos den
westani.
Pan
kirang hurmat pukulun, hinggih dhumateng dewaji, mesem ngandika Nalendra, heh
Kurnel paran sireki, lamun Jendral besuk teka, hiya sun temoni ngendi.
Kurnel
Kleres haturipun, sakarsa dalem dewaji, Jendral wong salengganaha, mengkana wus
tan winarni, hing kala wektu punika, prajurit kathah kang prapti,
Nusul
dhateng kang sinuhun, sumekta gagamanneki, Mentawis Kedhu punika, hing nguni
pan samya dhelik, sedaya dhumateng wona, myang Pagelen kathah sami.
Wahu
hingkang prapta nusul, dhumateng Tumenggungneki, dadya sewu langkung kathah,
kejawi pangrembeneki, mapan prajurit kewala, mengkana Sri Narapati,
Pan
dereng heca tyasipun, sabab hingkang putra meksih, jeng Pangran Dipanagara,
harosa denira jurit, laknattolah kathah modar, marmanya Mayor Magilis.
Datan
saged prapta hiku, sabha sring meksih jurit, lawan Basah Iman Musbah, lan Raden
Basah puniki, Suryawinata mengkana, Sang Nata hosiking galih.
Lamun
sun tan hundang hiku, hamesthi ngeron-eronni, hiya gonningsun bicara, lan
Jendral Dhekok sayekti, lan maning sun wus parentah, hanglereni gung prang
hiki,
Nora
wurung hiku besuk, hagawe luput mring mami, tur ta mongsa nguwisana, kejaba
nugrahan Widi, sun nedya nerah kewala, mring tekdir sun neng donyeki,
Mengkana
hingkang sinuhun , pan lajeng kinen nimbali, mring Kurnel Kleres hika, tan
pantara nulya prapti, pan lawan Kapitan Huta, hingiring Raden Dipati.
Lan
Basah Dul Latip hiku, wus prang arsa Nerpati, Sri Nalendra hangandika, heh
Kurnel pan karsa mami, kelamun rembug lan sira, pan ingsun hayun nimbali
Marang
Dipanegareku, lawan saprajurit neki, hapa hiya saguh sira, gawe
pamondhokanneki, kelawan sesuguhira, sabab prajurite hiki,
Basah
loro padha hiku, lan kang haneng kene hiki, yen nora sun timbalana, pan banget
kuwatir mami, sabab Basah hanom hika, nging wani kang hana yekti.
Lan
Basahe loro hiku, mapan padha sugih wani, sun dhingin pan wus parentah, duk
haneng Kejawan mami, hanglereni sagung hing prang, tanah jawa kabeh hiki.
Kurnel
kleres puniku, sareng miyarsa karsaji, langkung lega manahira, mapan hayun
matur hajrih, nulya haris haturira, pan leres karsa dewaji.
Yen
tan ngandikan satuhu, putra dalem sampun yekti, ngeroni galih Nalendra, dene
pesanggrahanneki, lawan tedhanipun samya, sagung hingkang praprajurit.
Kawula
sagahi sagung Sang Nata ngandika malih, sapa Kurnel kang prayoga, hingkang
pantes hingsun tuding, kang gawa layange hika, Basah Mertanegareki,
Kurnel
kleres hu[hal.312]matur, barang punapa dewaji, kawula sumongga karsa, Sri
Nalendra ngandika ris, heh ta Kurnel karsaningwang, lamun rembug lan sireki,
Hajidan
Tennis lan hiku, Tumenggung Jaya lanneki, Kurnel sumongga haturnya, mengkana
wus den dhawuhi, Sri Nalendra hangandika, mring Basah Mretanegari,
Heh
Basah gaweya hiku, layang gawana Tennis, Den Basah Mertanagara, mengkana wus
tan winarni, wus luwar Sri Naranata, Kurnel lan Den Basah hiki,
Mapan
lajeng madik hiku, badhe pesanggrahanneki, jeng Pangran Dipanagara, sahundurnya
sang ngarsaji, mapan hing wektu punika, Welonda kalawan Jawi.
Tan
wonten selayanipun, den Basah lan Kurnel hiki, tanapi mapan kalawan, Mas
Pangulu Kurnel hasring, gegujengan pan mengkana, sun duga kelakon mami,
Hangayonni
mas pangulu, hing besuk katekan mami, pan kawula yun[hal.313] ngupaya, nenggih
Kuran jawineki, mapan badhe kulakarya, mabenni sagung ngulami,
Mas
Pengulu sahuripun, gih Kurnel pan sokur yekti, handika hayun huninga, mring
Kuran parentah neki, mengkana wus tan winarna, Kurnel gya matur Nrepati.
Kawula
hingkang sinuhun, mapan hangsal kabar sidik, lamun Jendral sapunika, hing
Semawis sampun prapti, mapan pan dugi kawula, tigang dinten kados prapti.
Jendral
Magelang sinuhun, kalawan tur kawuleki, benyjing yen padukanata, panggih lan
Jendral prayogi, pan sampun mawi ngandika, Sri Nalendra hanyagahi.
Mengkana
wus tan cinatur, henjing Basah Ngabdul Latip, sowan dhumateng Nalendra, humatur
Kurnel hing latri, hanglempakken kang kelana, Ki Lurah lan kawulaji,
Mapan
samya pista sagung, kelana pan pepak sami, Kurnel Kle[hal.314]res hanebda, heh
sakehe konca mami, lan dika Raden Dipatya, lawan Basah Ngabdul Latip
Wus
datan ngarani hingsun, mring sagung kang pista hiki, hapa ta wus mantep padha,
hanglabuhi mring Nrepati, golek ratu kaya ngapa, sun duga wus nora holih,
Tanah
jawa kabeh hiku, goroh yen hana nimbangi, hiya ratu kang hutama, pan hanglir
nemu sun iki, dhasar wis patut kewala, lamun padha den labuhi.
Lamun
nemu karya hiku, Kapitan Huta winarni, mapan lajeng nyanydhak gelas ngadeg
nginum hasru hangling, heh ta kabeh konca-konca, mapan hingsun tan ngarani.
Kalamun
hingkang sinuhun, nemu pakewuh ta hiki, kabeh haja na selaya, pan rempuha
hanglir hiki, kang gelas binanting nulya, Kurnel lajeng hanimbangi,
Mapan
banting gelas hiku, sedaya samya nimbangi, pan dadya telas sadaya, piring gelas
pecah sami, myang kang lilin samya pejah, Sri Nalendra hatanya ris,
Basah
hana hapa hiku, Raden Basah matur haris, kawula datan huninga, hingkadados
hawit neki, sareng pukul songa nulya, Kurnel mapan sowan hiki,
Myang
sagung kelananipun, humatur mring Sri Bupati, pan kawula mireng khabar, lamun
Jendral benyjingenyjing, dhatengipun hing Magelang, Sri Nalendra gya miharsi,
Swaranning
sanjata hiku, mengkana ngandika haris, heh Kurnel pan hika hapa, kaya bedhil
swaraneki, mengkana Kurnel haturnya, kados Jendral sampun prapti.
Lamun
marengi sinuhun, pan kawula benyjing-enjing, sakedhap yun mring Magelang,
paduka meling punapi, Sri Nalendra hangandika, tan hayun mamekas mami,
Nanging
hiya ta ben ingsun, tekakhena mring Jendral hiki, Kurnel sandika haturnya, gya
lengser saking ngarsaji, Kurnel lan sakanycanira, pan lajeng Kurnel pribadi,
Dhumateng
Magelang hiku, hingkang kantun hanadhahi, sebarang karsa Nalendra, Kapitan Huta
puniki, pan tan hewah pasowannya, pukul gangsal sowan sami.
Sagung
Kapitan puniku, pan huta hingkang pangirid, mengkana Kapitan Huta, humatur
dhateng Nrepati, sinuhun kawula nadar, lamun rawuh Kangjeng Gusti.
Pangran
Dipanegara, kawula badhe ngaturi, titihan mesem Nalendra, ngandika Kapitan
becik, wus luwar henjang winarna, Kurnel Kleres hapan prapti.
Saking
Magelang puniku, lajeng sowan mring nerpati, mengkana Kurnel haturnya, kawula
pan sampun panggih, lan sudara dalem Jendral, kintun tabe lawan malih.
Kintun
harta mring pukulun, sedasa hewu dewaji, dangu kendel Sri Nalendra, mengkana
ngandika haris, ya Kurnel hingsun tarima, pasrahna mring Basah hiki.
Pan
hapa karepe hiku, hingsun nora hamangeni, gya tinampen mring Basah, Mertanagara
lawaning, den Basah Gondakusuma, hingkang harta warni kalih,
Habrit
lawan pethak hiku, Kurnel lajeng matur malih, bilih marengi Nalendra, pan
prayogi kintun tulis, paduka dhumateng Jendral, Sri Narpa ngandika haris,
Kurnel
layang hapa hiku, Kurnel mengkana turneki, punapa karsa paduka, dewaji mapan
prayogi, Sang Nata mesem ngandika, Kurnel hewuh hing tyas mami,
Mapan
rong prekara hiku, kang dhingin bebasanneki, lawan kapindhone hiya, hingsun pan
tan darbe hati, mapan Jendral durung hana, layange kang prapta maning.
Dadya
hewuh hing tyas ingsun, kalamun hingsun dhingini, dene hingkang bab bicara,
halalayang mapan mami, hayun tetemu pribadya, yen wis teka wektuneki.
Kurnel
mengkana turipun, pan serat sanes dewaji, hinggih lawan bab bicara, dene
Jendral seratneki, mapan sampun langkung kathah, kang katur padukahaji.
Paduka
mapan satuhu, satunggal dereng mangsuli,
mesem Sang Nata ngandika, heh Kurnel bener sireki, nanging ta wus kasep
padha, lan hewuh bebasanneki,
Kurnel
Kleres haturipun, hinggih hadat kang rumiyin, mapan sagung nama Sultan, samya
Eyang sebutneki, dhumateng Jendral sadaya, Sri Nalendra ngandika ris,
Heh
Kurnel baner sireku, lamun hadat hingkang dhingin, pan Sultan gaweyannira,
Jendral hingsun tan kinardi, kalawan maninge hiya, Kurnel mapan hewuh yekti.
Mapan
Jendral ku wus nebut, mring Basah layangnge dhingin, hiya wayah sebut ira,
layange hingsun hudani, lawan wangsulane Basah, hiya Eyang sebutneki,
Apa
dadi padha hingsun, lan Basah pan habdi mami, Kurnel mengkana turira, pan hestu
sanes dewaji, pan hinggih wayah punika, wonten handhap wontenhinggil.
Sang
Nata ngandika hiku, heh Kurnel wus hora dadi, kejaba kalamun hana, layangira
Jendral maning, pan kena sun harah-harah, hiya wesangsulan mami,
Kurnel
Kleres tumungkul, tan kena matura malih, pan sampun luwar Nalendra kang siwaka
luwar sami, Kurnel mantuk mring pondhoknya, mengkana pan sareng henjing.
Kurnel
malih sowan hiku, Sri Nalendra ngandika ris, paran Kurnel wertanira, jendral
hapa sida prapti, marene Kurnel haturnya, mapan sampun tamtu haji,
Jendral
hinggih praptanipun, ngawonni dhateng mariki, nging daweg nimbali Basah, punika
hingkang den tosi, benyjing ngenyjing kadosa prapta, Basah Prawiradirjeki.
Lan
pangeran Basah hiku, Sumanegara dewaji, lan kanycanipun sedaya, lamun sampun
samya prapti, pan hinggih padugi kula, nunten prapti.
Mengkana
hingkang sinuhun, pangesthining jroning galih, yen Jendral kongsiya prapta,
hingkenne pan hingsun pesthi, mongsa wurunga den hundang, hutawa prapta
pribadi.
Nora
gawa bali hiku, pasthi sun den kon malesi, den hundang tan gawa bala, paran gon
ingsun mangsuli, sabab sun wus kadhenginan, tondha nganggo hangenteni.
Kalamun
tan gelem hingsun, dadi kalah bener mami, sabab Jendral dhingin prapta, hiya
marene ngalahi, kalamun gelema hing wang, pan kasor temahaneki,
Lan
banget pakewuhiku, yen tan gawa bala mami, mengkana Sri Naranata, sarwi mesem
hatanya ris, heh Kurnel hapa ta sira,
nora kasusahanniki,
Lamun
Jendral dhateng iku, hiya kapondhoke ngendi, mengkana Kurnel haturnya, hinggih
gen kawula haji, Sri Nalendra hangandika, sira Kurnel hanangendi.
Kurnel
Kleres haturipun, pan sahenggen-enggenneki, kalawan sakonca kula, datan wande
dipun hendhih, dhateng hingkang dherek Jendral, mesem ngandika nerpati,
Lamun
kaya mengkoneku, dadi hakeh susah neki, Kurang cukup dadinira, mapan hiku
durung prapti, Dipanagara halawan, hingkang ngiring kabeh hiki,
Hiya
yen tekaha hiku, saya wuwuh susahneki, Kurnel lamun rembuk sira, prayoga
hingsun pribadi, kang ngalahi mring Magelang, lawan hingsun hayun huning.
Mapan
hing Magelang hiku, yen Jendral sun duga hiki, kaya meksih sayah hira, karo
dene Kurnelmaning, pan mongsa nuli rampunga, hiya hanengkene hiki,
Senadyan
lawas sa hingsun, neng Magelang manggon hiki, sabab hiki sasi ramlan, wus tan
kena bicareki, lamun Jendral saguh hiya, kang gawekhaken mring mami,
Pesanggrahan
mring hingsun, cukupe hingsun henggonni, kabeh lan sawadyanningwang, mengkana
Kurnel turneki, sinuhun dugi kawula, yen Jendral kados kadugi.
Lan
pan dugi kawuleku, Jendral langkung dhanganneki, sabab paduka Nalendra, mapan
kathah mikawoni, hantawis manah kawula, mapan langkung leganeki,
Dados
panduka sinuhun, tan kirang legawa yekti, lawan panuhun kawula, hing
salebettipun nenggih, mapan hing wulan ramellan, paduka den kerep panggih.
Kalawan
Jendral sinuhun, drerapon wanuh dewaji,mapan kahot Sri Nalendra, wanuh lawan
dereng yekti, kalamun tiyang rembagan, pan kenging dipun sedambi,
Lawan
pagujengan tuhu, yen sampun wanuh dewaji, Sang Nata mesem ngandika, kaya paran,
Kurnel dening, gennya nyambi guyon hika, lamun rembug nora dadi,
Mapan
sun dadi kabutuh, yen ningsun tan haweh bali, mring Pagelen maning hika, Kurnel
Kleres turneki, sinuhun nadyan tempuha, neng Magelang lun lampahi,
Mongsa
tega hapukulun, dhumateng Kangjeng dewaji, Sri Nalendra hangandika, ya Kurnel
tarima mami, lawan sapa kang prayoga, sun kongkon mring Jendral hiki,
Dhawuhake
karsaningsun, Kurnel kleres haturneki, kajawi karsa Nalendra, pan kaji ngisa
prayogi, kalih Basah Pengalasan, sabab punika kekalih.
Lawan
Jendral sampun wanuh, lawan sumurup karsaji, lamun kawula hutusan, saliyanipun
dewaji, tan sumerep karsa nata, mindhak ngaping kalih kardi,
Mapan
hinggih sampun tamtu, Jendral lega manahneki, dhumateng karsa Nalendra, Sang
Nata ngandika haris, wus Kurnel kon mangkata padha, nanging hiya tabe mami.
Kirim
na mring Jendral hiku, lawan haja bali bali, lamun hiku durung dadya, bakal
pesanggrahan mami, Kurnel Kleres haturnya, sandika gya luwar haji.
Kurnel
Kleres wus mantuk, Khaji ngisa den dhawuhi, mapan lajeng kinon mangkat, lawan
Basah Ngabdul Latip, wahu dhumateng Magelang, lan winelling niskareki,
Hing
karsa hingkang sinuhun, mring Kurnel Kleres hiki, datan winarna hing marga,
Magelang pan sampun prapti, nulya panggih lawan Jendral, Khaji lawan Ngabdul
Latip.
Wus
dhinawuhken sedarum, hingkang niskara karsaji, Jendral Dhekok langkung suka,
nulya handhawuhken hiki, dhateng residhen Magelang, karya pesanggrahan haji.
Sagung
griya hagung-agung, pan lajeng kinon bedholi, griyanya Den Danuningrat, lawan
Mangunkusumeki, mapan den helih sadaya, sabab Basah Ngabdul Latip.
Hing
pundi pinilih iku, kang papan Jendral nuruti, residhen mapan tan kena lamun
suwolaha hiki, hingkang pinilih mring Basah, prenah lor kulon ing loji,
Hing
metesih namanipun. mapan hangong kang peragi, kinerig sagunging tiyang, Kedhu
samya nyambut kardi, pan Jendral Dhekok pribadya, lan residhen palek hiki.
Hingkang
jenengi puniku, ngantos kathah tiyang mati mapan katiban dandanan, pan saking
kasesaneki, sabab nanging winangenan, pitung dinten mring Nrepati.
Jendral
hesmu hisin hiku, pitung dinten tan dadi, marma langkung kasesannya, mengkana
mapan wus dadi, nging kedhik kedhik
kewala, lan kantun resikanneki,
Jendral
gya hutusan hiku, mring Kurnel pan mawi tulis, tur huning mring Sri Nalendra,
lamun pesanggrahan dadi, nging kirang kedhik kewala, lan Basah wus samya prapti.
Mapan
sampun kenging hiku, lamun dipun pesanggrahi, Jendral sumarah kang karsa,
mengkana Kurnel hanuli, sohan dhumateng Nalendra, lan bekta nuwalaneki
Nenggih
Jendral Dhekok hiku, nanging haksara welandi, winaca Kurnel pribadya, nanging
hingkang nama meksih, hanyebut kang nama lama, dadya bendu Sri Bupati.
Dene
Jendral tembung laku, howah lan hadate hiki, nadyan Komasaris Jendral, Dhebos
pan wus nebut dhingin, hiya marang namaningwang, dadi ngajak nora becik.
Wus
Kurnel mulih ya hiku, pan durung karuwan mami, nulya kondur Sri Nalendra,
manyjing pasarehan nuli, Kurnel langkung hajrihira, rumahos kelajeng hiki,
Pan
sanget denya kaduwung, sapraptanya pondhok neki, lajeng datan hajeng nedha,
mapan langkung susah neki, lawan datan tinimbalan, yun sohan pribadi hajrih.
Pan
Raden Dipati hiku, tur huning mring Sri Bupati, yen Kurnel langkung susahnya,
mapan datan mijil-mijil, gung kelana hayun panggya, Kurnel tan purun manggihi.
Yen
pareng hingkang sinuhun,luhung den dhawahna yekti, kang dados karsa Nalendra,
kantenan wawrat tan neki, nenggih Kurnel manahira, hawon lawan sahe neki,
Mengkana
nulya tinurut, haturnya Raden Dipati, kaji kalih kang dinuta, handhawuhken duka
kaji, Kaji Badarrodin lawan, Kaji Ngabdullah puniki.
Mas
Pengulu gya mantuk, mapan lawan Ki Melangi, dhumateng pondhokanira, saking
hecane tyasneki, pan badhe nusul kewala, dhumateng metaseh kalih,
Sabab
Kurnel sagahipun, sebarang karsa Nrepati, mapan wus datan suwala, myang sagung
kelana sami, tepangnya lan pra Dipatya, tan hana tinaha hiki,
Badarrodin
prapta sampun, mring Kurnel pondhokanneki, hing ngundang mring patilemman,
Kurnel saking susah neki, mapan datan medal-medal, gya dhinawuhaken nuli,
Hingkang
dadya tyas sang prabu, kelawan Kurnel tan nyagahi, Sri Nalendra datan karsa,
panggih lan Jendral sayekti, yun kondur malih kewala, Kurnel mring Pagelen
malih,
Kurnel
Kleres haris muwus, heh ta dollah Badarrodin, pan tanggel karsa Nalendra, mapan
sampun prapta ngriki, lan sampun dhawuhken hika, hubaya lan Jendral panggih.
Dene
prakawis puniku, bok sampun sinuhun galih, kepanggih hamring kawula,
pengngrahos kawula yekti, punika nanging bebeka, derapon lepat Nerpati,
Rumiyin
kawula matur, punapa kersa Nrepati, hupami tan kedadosan, senadyan tangled
sayekti, pan hinggih samya Welanda, sayekti kula lakoni.
Yen
dereng pitajeng tuhu, Kangjeng Sultan maring mami, den Basah Mertanagara, heh
ta Kaji Badarrodin, wus den henggal haturana, marenne katemu mami,
Ningalana
jangjen ingsun, payo padha sumpah hiki, den Basah Mertanagara, nyepenga
pratondha mami, pratondhane Raden Basah, hingsun ya nyekella hiki.
Heh
ya Badarrodin hingsun, pan wus tan sumedya gingsir, sebarang karsa Nalendra,
wus sumedya sun labuhi, pan tan sedya huriping wang, lamun tan dadi karsaji,
Lan
kabeh sakanycaningsun, wus sedya tan nana mulih, marang negara Wellonda, badane
nyawanne hiki, katur kabeh mring Nalendra, hapa kang karsa Nrepati,
Senadyan
rerempon hiku, neng Magelang sun lakoni, yen tan dadi karsa nata, heh ta Kaji
Badarrodin, Sri Nalendra mapan kena, hiya lamun den cidranni,
Gusti
Allah hingkang hagung, pan mongsa kilappa pesthi, hatase sagung manusa,
hingkang gawegung sawiji, kawula lamun dinukan, dhumateng Sri Narapati.
Pan
banjur hilang tyas hingsun, wus Dolah matura hiki, hiya mring Sri Naranata,
hingsun nuhun praptaneki, den Basah Mertanagara, mapan kalawan kang rayi.
Den
Basah Gondakusumeku, nulya Khaji Badarrodin, kalawan Kaji Ngabdulah, humatur
mring Narapati, mapan hanglir hingkang mungel hing ngajeng puniki.
Gya
lilih duka sang prabu, mengkana ngandika haris, heh Badarrodin baliya, dhawuhna
marang Kurnel hiki, pan banget wus sun tarima, prasecane maring mami
Nora
susah nganggo hiku, layang pan wus sun sekseni, muga Allah-hutangala, hanetepna
gung prejangji, pan wus nora susah Basah, santosa Rabilngalamin,
Kaji
Badarrodin wangsul, lan kaji Ngabdullah hiki, wus panggih lan Kurnel, nulya,
dhinawuhaken sagunging, kang pangandikan Lendra, mring Kurnel Kleres sahiki.
Mengkana
wus tan cinatur, sareng henyjang tan winarni, kaji ngisa mapan prapta, lajeng
sohan mring nerpati, kinengken Jendral punika, mengkana hing ngatur neki,
Sinuhun
kawula ngutus, dhateng Jendral Dhekok haji, mapan lawan kinanthenan, satunggal
Kurnel kang patih, sudara dalem pribadya, Jendral langkung ngarsi-harsi.
Mring
rawuh dalem sinuhun, sadinten punika yekti, sampun jangkep kang hubaya, pitung
dinten pan semangkin, dening pasanggrahan Nata, mapan sampun dados sami,
Pan
Jendral pribadi tuhu, hingkang hasring hanjenengi, marmannya henggal punika,
lawan Kurnel haturneki, hinggih sadinten punika, rawuh dalem serta neki,
Marmanipun
ngayun-hayun, Jendral mring paduka haji, pan sareng siyang punika, tita yen tan
rawuh haji, Jendral langkung gugupira, tinerka wonten prekawis.
Pramila
hamba sinuhun, hingkang kinengken dewaji, lawan Jendral patih hira, nenggih
Kurnel namaneki, pan samya numpak kareta, mrih henggaling lampahneki,
Mengkana
hingkang sinuhun, mesem hangandika haris, heh ta hiya kaji ngisa, pan samengko
hana ngendi, Jendral Dhekok kongkonannya, Kaji Ngisa haturneki,
Kendel
wonten pondhokkipun, Kurnel Kleres dewaji, wahu dawek hayun nedha, Sang Nata
ngandika haris, heh Kaji sira hundanga, Kurnel sekarone hiki.
Kaji
ngisa nembah mundur, saking ngarsanya Nrepati, tan pantara nulya prapta,
ngarsaji Kurnel kekalih, riwus sira tata lenggah, Kurnel kengkenan turnya ris,
Mapan
kawula hingutus, ngaturaken tabe neki, nenggih sudara panduka, Jendral Dhekok
lawan malih, sudara dalem pan nerang, benyjing punapa dewaji,
Rawuh
dalem kang sinuhun, mring Magelang tamtu neki, kalawan kinon hangatas, punapa
duka haji, mawi hamundhut kareta, lan Jendral badhe ngaturi,
Hurmat
mring paduka tuhu, mriyem ngandika Nrepati, heh Kurnel wus sun tarima, kreta
lan mariyemneki, lan maning sira tutura, mring Jendral pan hangkat mami,
Mapan
hiya hisnen sesuk, Kurnel mangkya matur malih, lawan Basah sampun prapta,
punapa karsa Nrepati, Sri Nalendra hangandika, wus mapan kewaleki.
Kurnel
Kleres humatur, kawula nrerang dewaji, hing benjing-ngenjing punika tedhak dalem saking ngriki, sinuhun
wanci punapa, Sri Nalendra ngandika ris.
Mapan
sesuk pukul pitu, Kurnel mengkana tur neki,habdi dalem hingkang dharat, punapa
sareng dewaji, kelawan tedhak paduka, Sri Nalendra ngandika ris,
Heh
ya Kurnel karsaningsun, sagung dharat dimondhingin, sabab hiku yen barenga,
kasusu panduga mami, mengko bengi pukul papat, kang dharat mangkata dhingin.
Kurnel
mapan malih matur, menggah dharat kadospundi, punapa hinggih hewaha, punapa
hinggih hamesih, kados hingkang kelampahan, Sri Nalendra ngandika ris,
Ya
Kurnel pan meksih hiku, ja howah kaya kang dhingin, wus rampung karsa Nalendra,
Kurnel patih hanulya mit, dhumateng Sri Naranata, Sang Nata ngandika haris,
Kurnel
nanging tabeningsun, mring Jendral tekaken hiki, wus mundur Kurnel kalihnya,
mengkana wus tan winarni, hing dalu kang kawarnaha, Menoreh rame gung jalmi,
Samya
tata tata hiku Magelang mengkono maning, mapan datan wonten nendra, sabab badhe
methuk sami, pan sareng pukul sekawan, dalu plangkir mangkat nuli,
Langkung
rame swaranipun, salompret myang tamburneki, hing wuri pan sinambungan, gung
prajuritdharat sami, mengkana wus tan winarna, sareng pukul pitu henjing.
Kurnel
Kleres puniku, wus tinata husar neki, habaris neng lurung samya, lajeng sowan
mring Nrepati, den Basah Mertanagara, wus tinnata kang prajurit.
Sagung
kang kapalan hiku, habaris pasowan sami, sampun sumekta sadaya, Kangjeng Sultan
ngandika ris, heh Kurnel sira dhingina, gung husar kon haneng ngarsi.
Kapitan
Huta puniku, mapan lajeng den dhawuhi, mapan sekawan Kapitan, hingkang ngirid
husar sami, nyelompret hanulya budhal, yen pinirsa gigirisi.
PUPUH
XLII
G I
R I S A
Kurnel
Kleres hanulya, mundur sing ngarsa Nalendra, hingiring Raden Dipatya, lan Basah
Dul Latip hika,
Neng
wingking husar lampahnya, nulya sinambungan hika, den Basah Gondakusuma, ngirid
sagung pradipatya.
Naneng
wingking lampahira, mring sagung prajurit samya, hingkang kapal lan sedaya,
punika kang haneng ngarsa.
Den
Basah Mertanagara, hingkang nambungi punika, kalawan sawadyanira, mapan kapal
lan sadaya. Nulya Kangjeng Sri Nalendra, Ponakawan kang nengarsa, wingking kaji
lan ngulama, samarga samya gumbira.
Kendel
lampahnya Nalendra, haneng hing sakilen Praga, sabab rendhet lampahira, saking
kathah hingkang wadya.
Ngantos
ngendhelong kretegnya, kang kuda tinuntun samya, mengkana Kurnel winarna,
ngirid Khaji ngisa.
Sowan
Kangjeng Sri Nalendra, kinengken Jendral punika, kaji ngisa haturira, sinuhun
mapan kawula.
Ngaturaken
tabenira, nenggih sudara paduka, pan Jendral Dhekok punika, mertelakhaken
sadaya.
Hinggih
sagung kang niskara, den Basah Prawiradirja, lan Pangran Basah punika,
Sumanagara kalawan.
Sagung
kang pra Dipatya, nanging kendel Panji rongga, hingkang pinethuk ken samya,
prajurit jajar sadaya.
Meksih
kantun gowok samya sabab tan kangkat papannya, sinuhun pan sapunika, kendel
sawetaning praga,
Jendral
semongga Nalendra, lan husar Magelang samya, pinethuk haken sadaya, hingkang
hangirid punika,
Mayor
priye tunggil samya, pinethukhaken sedaya, hingkang hangirid punika, wonten
sawetaning praga.
Kalawan
sakanycanira, mangke yen rawuh punika kang badhe methuk paduka, Kurnel kukis
pan kelawan,
Nenggih
residhen Magelang, kalih welingipun Jendral, sinuhun mapan kawula, nenggih
kinon hangatasa.
Yen
sampun rawuh Nalendra, sagung kang pra hupsir samya, punapa linilan hana, hatur
tabe mring paduka,
Yen
Jendral penuhunira, punapa samya linilan, sinuhun halenggah tata, nenggih neng
kursi sadaya.
Lamun
tan linnilan hika, datan kawrat panggennannya, sabab rupak panggenannya, Sri
Nalendra ris ngandika.
Heh
ta hiya Khaji Ngisa, wus hapa saprayogannya, Jendral sun turutti hika, wus haja
sumelang driya.
Wus
kaji sira dhingina, tabeningsun wenehenna, mring Jendral Kurnel haturnya, lamun
marengi Nalendra.
Kawula
yun rumiyina, Sang Nata haris hatanya, dhingin hapa karyanira, Kurnel Kleres
haturira.
Badhe
nglebeti sadaya, dhusun hingkang celak marga, bilih wonten kang dursila,
sinuhun dhateng paduka.
Wus
Kurnel sakarepira, nulya budhal Sri Nalendra, datan hewah tatanira, wus rawuh
sawetan praga.
Mayor
priye mapan nulya, hatur tabe mring Nalendra, riwus Sang Nata ngandika, heh
mayor sira dhingina.
Kabeh
lan sakancanira, mayor sandika haturnya, gya budhal husar sedaya, Kedhu lan
Pagelen hika.
Wus
kumpul dadya sajuga, hingkang lumampah neng ngarsa, hing wuri Kurnel punika,
pan lawan Raden Dipatya.
Hingiring
kang Basah tiga, kalawan sakanycanira, nulya sinambungan hika, den Basah
Gondakusuma.
Den
Basah Mertanagara, nulya Kangjeng Sri Nalendra, ginarebeg pra ngulama, lan kaji
Magelang prapta.
Kurnel
mudhun saking kuda, humatur mring Sri Nalendra[hal.340] punika mapan meh
prapta, sinuhunpunapa karsa.
Sedaya
konca punika, punapa meksih neng ngarsa, punapa neng wingking nata, lan sampun
resik sadaya.
Sinuhun
ngajeng punika, Sri Nalendra hangandika, heh Kurnel hiya meksiha, lumaku ngarep
kewala.
Wus
mara padha hangkatna, Kurnel sandika haturnya, gya mangkat wus tan winarna, hing
ngloji Magelang prapta.
Sagung
husar baris samya, nging Kurnel Kleres pribadya, hingkang mudhun saking kuda,
hangampingi Sri Nalendra.
Sareng
tedhak saking kuda, Sri Nalendra mapan nulya, Kurnel Kokis pan kelawan,
Residhen Palek punika.
Methuk
kalih ngampil hasta, Sri Nalendra sampun pangya, lan Jendral Dhekok punika,
Jendral methuk sawetara.
Riwus
tata lenggah samya, Jendral lawan Sri Nalendra, nging Jendral bebasanira,
meksih nama lami hika,
Dadya
Nata tan ngandika, nulya prahupesir prapta, sareng sagung praniyaka, pan samya
ngadeg sadaya,
Nging
Jendral lan Sri Nalendra, hingkang halenggah punika, nulya Jendral tembungira,
dhumateng Sri Naranata.
Tuwan
punapa kalilan, hupsir hatur tabe samya, Sang Nata manthuk kewala, nulya tur
tabe sadaya,
Gya
sagung kang praniyaka, tabeyan lan Jendral samya, riwus Jendral malih nebda,
punapa kalilan samya.
Lenggah
neng kursi sadaya, Sang Nata hinggih sebdannya, majeng ngaler lenggahira,
Jendral lan Sri Naranata
Gung
hupsir neng wetan samya, pan majeng ngilen sadaya, Basah lawan den Dipatya,
myang sagung kang pratiwa.
Haneng
kilen lenggahira, majeng mangitan punika, Kurnel Kleres pan mengkana, tumut
neng kilen punika.
Mapan
jeng-nganjengan hika, lan Kurnel Kokis punika, Jendral Dhekok datan suka, kinen
ngalih ngetan nulya.
Kurnel
hesmu hisin ika, Sri Nalendra kondur nulya, dhumateng pesanggrahannya, Sri
Nalendra dhinerekhaken punika.
Residhen
palek kalawan, Mayor Dustus tan winarna, metesih rawuh Nalendra, Mayor lan
Residhen hika.
Sampun
pamit kalihira, mengkana wus tan winarna, Jendral pan kengkenan hika, nenggih
den Mangunkusuma.
Ngaturi
hingkang pratondha, sobat dhumateng Nalendra, kuda dhawuk cemeng hika, pan
langkung genghinggilira.
Bagus
meksih hanem hika, kinasiyan mring Nalendra, wonten hantawis punika, kalih
dinten pan mengkana,
Nenggih
Den Mangunkusuma, kinengken mring Jendral hika, pan mengkana tembungira,
sinuhun hamba dinuta.
Dhateng
sudara paduka, Jendral ngaturhaken hika, nenggih jeng hibu paduka, Kangjeng
Ratu Ageng hika,
Lan
putra dalem katiga, nenggih jeng Pangran Dipatya, lawan Raden Ayu Basah, Den
Ajeng Muntheng punika.
Sareng
mirsa Sri Nalendra, dangu kendel tan ngandika, duk nguni tan mirsa warta, yen
kang ngibu kawlas harsa.
Tan
wonten purun matura, wahu dhumateng Nalendra, dadya hesmu duka, mring Basah
Mentawis tiga.
Punika
kang sagah ngreksa, wusana temah mengkana, hesmu sanget lingsemira, nging
henget purbaning sukma.
Den
menggung Mangunkusuma, tumingal Sang Nata duka, mapan sanget hajrihira, nulya
haris haturira
Sinuhun
Jendral punika, mapan rumeksa kewala, dhateng jeng ibu Nalendra, lan putra
dalem katiga.
Marma
hing mangke katura, Sang Nata haris ngandika, heh hiya Mangunkusuma, sira
tutura tarima.
Mengkana
wus tan winarna, kalih dinten wetaranya, Kurnel Kleres punika, sowan dhumateng
Nalendra.
Mapan
nuwun pamit hika, mantuk mring Pagelen lawan, nenggih Rahaden Dipatya, Sri
Nalendra hangandika.
Heh
Kurnel yen mulih sira, hiya saparewang hingwang, kang sun hajak rerembugan,
Kurnel Kleres haturira.
Pan
kawula boten lama, nunten wangsul Sri Nalendra, nenggih Jendral parentahnya,
mapan kinen bayar konca,
Sri
Nalendra hangandika, dene mayor meksih hana, Kurnel mengkana turira, pan kirang
cekap Nalendra.
Yen
wonten karsa paduka, Kapitan Huta punika, hingkang kula tilar nata, lan husar
satus punika,
Sri
Nalendra hangandika, heh hiya nging poma-poma,Kurnel haja lawas sira, Kurnel
sandika haturnya,
Mengkana
wus tan winarna, den Basah Prawiradirja, lanBasah Sumanagara, kalawan
sakanycanira.
Nuhun
pamit mring Nalendra, mantuk mring Mentaram samya, sabab tan cekap papannya,
mapan Jendral welingira.
Yen
sampun bakda kewala sedaya kinen wangsula, wus marengi Sri Nalendra, kala hing
wektu punika,
Habdinya
Sri Naranata, hing Mentawis mapan samya, prapta hanusul sadaya, prajurit
pangrembe hika
Ngampil
gandhek priyataka, merta lulut pan dhe singa, kemasan Singanegara, Kalang
Gowong gamel galadhag.
Padharan
lan Ponakawan, keparak pepak sadaya, pajang Kedhu Pagelen hika, kang kantun
nusul wus prapta.
Prajurit
pangrembenira, dadya langkung kathahira, kebekkan Magelang hika, hesmi giris
manahira.
Pan
Jendral Dhekok punika, Maglang kathah ngili samya, pan langkung hawrating
karya, pan hiya sadina-dina.
Karya
pesanggrahanika, pan kebak-kebak kewala, langkung kathah segah hika, mahesa
gangsal sadina.
Dhateng
prajurit kewala, lawan pangrembe punika, Tumenggung sapanginggilnya, mapan
matengan sedaya.
Segahnya
Jendral punika, tan wonten hingkang kendela, tiyang Magelang sadaya, hing
siyang dalu mengkana.
Dene
hing wektu punika, Residhen Palek kalawan, Mayor Duktus lampahira, sowannya
gilir kewala,
Pan
henjing sonten punika, Raden Basah pan mengkana, saben dalu panggihira, kalawan
Jendral punika,
Kalawan
sakanycanira, wangkit Tumenggung punika, kang hageng-ageng kewala, pan hasring
hing ngajak pista.
Dhumateng
Jendral punika, nging Sang Nata datan karsa, pan nanging basah kewala, hingkang
kinen lumampaha,
Nanging
hasring hapepangya, Jendral kalawan Nalendra, mapan gentos panggihira,
terkadhang Jendral kang prapta.
Dhateng
hing Meteseh hika, terkadhang Sri Naranata, kang dhateng Magelang hika, wus tan
hana jaga ta ha
Lan
hasring gujengan hika, sabarang kinarya suka, Kangjeng Ratu Geng winarna,
handangu dhateng kang putra,
KLangen
kang wayah sadaya,mengkana kang pangandika, Sultan pa sira pitaya, sahupama
hangundanga.
Mring
sagung rerepotira, hingsun kangen putu padha, Sri Nalendra haturira, kelamun
purun duraka.
Hinggih
sakedhik kawula, kados sampun tan punapa, sabab Jendral tepangira, mapan
langkung sapunika,
Hinggih
dhumateng kawula, Kangjeng ratu geng ngandikan, bok hiya yen tan ngapaha,
Sultan wus haja kedawa.
Kadya
wus karsaning sukma, Sang Nata gampil tyasira, nuruti kang hibu hika, nulya
kinon nimbalan,
Wahu
dhateng Khaji ngisa, hing ngutus mring Jendral hika, mundhut sagung repot hika,
nenggih praptanya sadaya.
Samya
neng Gowok punika, tunggil lan Basah kalihnya, halong neng kedhaton hika,
marmanira Sri Nalendra.
Pinundhut
mring Jendral hika, mundhut sagung repot samya, mring Jendral pamundhutira,
hinggih praptanya sadaya.
Marma
mring Jendral punika, lawan ngiras kang wahana, hatenapi hingkang bekta, Jendral
langkung sukanira.
Rumahos
yen Sri Nalendra, mring Jendral sampun precaya, mengkana Seh Khaji Ngisa, gya
binekta surat nulya.
Dhateng
residhen ngayokja, Jendral sanget parentahnya, haja kongsi Kurang hika,
mengkana wus tan winarna,
Kalih
dinten nulya prapta, sagung rerepot sedaya, mengkana Sri Naranata, kang
hingutus methuk hika,
Den
Basah Gondakusuma, lan Mantri Lebet sadaya, kapethuk hing Tidhar hika, kawarna
putra Nalendra.
Meksih
timur kalih hira, Raden Mas Jonnet namannya, lan Raden Mas Rahab namanya, kalih
sanderan kewala.
Saking
kangen mring kang rama, hingaturan datan kena, kelajeng mring loji hika, lawan
Jendral sampun panggya.
Marengi
neng ngemper hika, kalawan residhennira, lawan seja yun huninga, dhateng repot
praptanira.
Hesmu
kaget Jendral hika, tumingal putra kalihnya, denetan hing ngiring jalma, kalih
meksih timur samya,
Mendahane
yen hagenga, tinerka wanter badhenya, nanging Jendral sampun dugi, yen hiku
putra Nalendra.
Pan
tanya mesih neng kuda, pesanggrahannya kang rama, Jendral tedah mesem hika,
kalawan haken kendela.
Raden
mas kalih tan kena, lajeng nander kalih hika, samarga marga mengkana, hataken
dhateng walonda.
Singakapethuk
tinannya, mapan hing wektu punika, walonda sanget heringnya, dhumateng Basah
Islam sadaya,
Mengkana
kalih wus prapta, haneng ngarsane Nalendra, pan lajeng nungkemi pada, Raden Mas
kalih karuna.
Sang
Nata mesem ngandika, wis kulup padha menenga, mengkana wus tan winarna,
praptanya repot sadaya.
Sangsaya
malih kathahnya, selaminya Sri Nalendra, haneng Metesih punika, sagung wong
Kedhu sadaya,
Tan
wonten hingkang kendela, sebarang parentah hira, den Basah Mertanagara, Jendral
nuruti kewala.
Lawan
kathah samya prapta, hatur hatur mring Nalendra, sebarang gadhahanira, saking
samya bungahira.
Sagung
wong Kedhu punika, residhen dados manahnya, pinenging pan datan kena, tan
keringan parentahnya.
Selaminnya
Sri Nalendra, wonten hing Kedhu punika, residhen palek haturnya, nyereg mring
den Basah hika.
Wonten
ngarsanya Nalendra, pan mengkana sebdanira, den Basah Gondakusuma, pan tiyang
Kedhu punika.
Kathah
kang lumebet hika, prajurit dhateng paduka, dados kether damel kula, kelawan
suda pahosnya.
Kalih
samangke kawula, rumahos yen tan keringan, saben wonten tiyang prapta, hatur
hatur mring Nalendra.
Kawula
ken margi kula, mring kula tan kenging hika, dados kula sapunika, den Basah pan
tan pakarya.
Residhen
nganggur kewala, den Basah Mertanagara, pan mengkana sahurira, Residhen pan bab
punika.
Sagung
tiyang hingkang samya, handhatengken tresnanira, dhateng kang sinuhun samya,
residhen kula tanninga.
Pan
inggih sedayanira, sebab harang metu kula, lawan dika malih nerka, mring konca
Kedhu kang samya.
Malebet
prajurit punika, hanyar pan tan weruh kula, kejaba kang lawan samya, Residhen
hewa puniki,
Menawa
saking kathahnya, dadi kula tan huninga, residhen malih hanebda, Raden Basah
pan punika,
Tiyang
Majegan sadaya, lawan nyanggi dalem samya, lamun kirang pajegira, kalih kether
hingkang karya.
Tan
wande dinukan kula, Sri Nalendra hangandika, lamun mengkono ku hiya, bener
Palek dadinira.
Sabab
hing samengko hiya, wong Kedhu pan lagya nongga, sebarang parentahira, Basah
Residhen kang nongga.
Sekalaneng
kene hika, mapan sun Kedhu kang dadya, geladhag ngladheni sira, yen hupama tan
cukupa,
Pasthi
Basah srengen sira, lamun kaya mengkonoha, dadi siraku kinarya, hampungan wong
hing nganika,
Yen
mengkono karsaning wang, prajurit Kedhu kumpulna, hiya Si Mangunkusuma, sira
kona milihana,
Kelamun
hana kang nyata, wong ngira sira hulungna, den Basah matur sandika, nulya
lengser saking ngarsa.
Lan
Raden Mangunkusuma, ngandika malih Nalendra, heh Residhen wruhanira, prakara
wong padha prapta,
Kang
we[hal.353]weh mring hingsun padha, haja dadi hatinira, pan wus hadate wong
jawa, lamun hiku ngrungu warta,
Hingsun
perak pan padha prapta, hanggawe saduwekira, tan hetung tebu lan gula, den
penging mongsa kenaha.
Jer
hiku wis padha ngrasa, yen lajering jawa hika, kalamun sira cegaha, dadi
kanihaya sira.
Marma
haja dahwen sira, den cegah mongsa gelema, senadyan Basah ku hiya, harang weruh
dhasar nyata.
Raden
Basah kang winarna, denya ngumpulaken hika, prajurit Kedhu sadaya, lan Raden
Mangunkusuma,
Pan
sampun pepak sadaya, nulya Den Mangunkusuma, kinon milihi punika, kang hanyar
mapan tan hana.
Mapan
sajuga kewala, sedaya sami punika, nulya wangsul kalihira, wus prapta ngarsa
Nalendra.
Gya
warti Mangunkusuma , dhumateng residhen nira, kalamun tan hangsal ika, prajurit
lami sedaya
Palek
sanget hisinira, pan luput panerkanira, dhumateng Basah punika, dadya tumungkul
kewala,
Sinamur
mring Sri Nalendra, mengkana kang pangandika, Residhen sira tutura, mring
Jendral Dhekok yen lega,
Pan
hingsun mundhut Welonda, sun kon ngenggalaken hika, hiya mring Dipanagara, pan
wus lawas during prapta.
Lan
tan nana kabarira, pan dadya sumelang driya, wantu wong hanom pan hika, menawa
kaliru tompa.
Si
Tennis dhingin sun duta, lan Tumenggung Jalilana, wis lawas tan hana prapta,
kang dadya watiring driya.
Basah
kang ngampingi hika, karo padha kaduk sura, Iman Musbah mapan lawan,
Suryawinata marmanya,
Dadya
sumelanging driya, nging gawa halayangira, ya Basah Mertanagara, residhen matur
sandika.
Sri
Nalendra hangandika, heh Basah Mertanagara, hagawe halayang sira, den terang
mring kakangira.
Wenehna
Residhen nulya, den Basah matur sandika, mengkana wus tan winarna, henyjang
malih kawarnaha.
Mayor
Duktus sohan ika, dhumateng Sri Naranata, pagujengan lawan Basah, Mertanagara
mengkana.
Ta
hingarsa-harsa, mring Jendral mapan wus lama, tan panggih lan Jendral hika,
Raden Basah haris nebda.
Gih
mayor leres handika, nadyan Jendral gih pan lama, datan mariki punika, dadya
walesan kewala,
Kados
mekaten handika, mapan sohan saben dina, kalih residhen handika, mayor senadyan
kawula.
Lan
Basah Gondakusuma, hinggih saben dalu pangya, lan Jendral mayor sahurnya,
kalawan gumujeng suka.
Gih
Basah Mertanagara, sesuk Jendral mariki hika, mengkana wus tan winarna, henjing
Jendral kawarnaha,
Panggih
lawan Sri Nalendra, dhateng meteseh punika, lenggah munggeng kursi dawa, wus tan mawi subasita.
Nging
Jendral lan Sri Nalendra, tunggil sakursi kewala, Kurnel mayor residhennya,
mapan neng kursi lit samya.
Tannapi
Basah kalihnya, mengkana Jendral haturnya, kengkenan kawula prapta, pangeran
Dipanagara.
Mapan
hinggih sampun prapta, lan mayor magelis hika, benyjing-enyjing kados prapta,
hing ngriki pan dugi kula.
Nanging
mayor wartinnira, kang dherek putra pan duka, mapan nanging seket ika, Sri
Nalendra hangandika.
Gih
sahonten-hontenira, ger tika ngriki kewala ngilangke sumelang driya, besuk
hesuk wayah napa.
Jendral
mengkana haturnya, pukul papat dugi kula, mapan hing wektu punika, wus tanna
rasa rumongsa.
Jendral
lawan Sri Nalendra, hupsir lan para Dipatya, mengkana henjing winarna, Sang
Nata hangarsa harsa.
Mring
Pangran Dipanegara, Residhen Palek gya prapta, humatur yen tamtu prapta,
sinuhun putra paduka.
Nanging
geseh seratira, Mayor Magelis wartanya, nging kedhik kang dherek hika, mangke
kathah yektosira.
Mesem
Kangjeng Sri Nalendra, ngandika pan mengko hapa Residhen haris haturnya, mapan
tamtu sapunika.
Pukul
sekawan punika, sonten pan wus tan winarna, sareng pukul papat prapta, kalawan
sawadya kuswa.
Mapan
lajeng panggih hika, lan Jendral Dhekok punika, riwusnya lenggah hatata,
Jendral Dhekok haris nebda.
Pangeran
Dipanagara, sagung prajurit paduka, kajengipun mondhok samya, neng
Danuningratan hika,
Sabab
Metesih punika, pan sampun kebek sadaya, tan wonten panggenan ira, jeng Pangran
ris hangandika.
Senadyan
kebak punika, pan kawula boten suka, hinggih kelamun pisaha, lan prajuritnya
Nalendra.
Kalih
wong santri punika, datan saged tebih toya, Jendral mengkana sabdanya, yen
susah prakawis toya.
Kawula
sagahi hika, hingkang hamendhetna toya, Kangjeng Pangran malih nebda, hinggih
kelamun kedhika,
Tiyang
semanten kathahnya, tan wande suker punika, lamun tebih lan lepennya, Jendral
mengkana sebdanya.
Pangeran
dika pribadya, tunggil lan rama handika, nanging Basah kalihira, datan purun
kantun meksa.
Mengkana
wus tan winarna, hing metesih sampun prapta, dadya sanget kebakira, beleber
sakilen Praga.
Jeng
Pangran Dipanagara, lajeng sohan mring Nalendra, riwus hangabekti hika, kalawan
Basah kalihnya.
Sri
Nalendra hangandika, dangu dhumateng kang putra, pagene lawas ta sira, sun
hundang hapa karannya,
Kangjeng
Pangran haturira, saking tan pikajeng hamba, lawan basah kalihira, myang sagung
hingkang pratiwa.
Kawula
tantun punika, pan samya mopo sedaya, pan minnokhallaken ika, lamun paduka
karsaha.
Tedhak
mariki yektosnya, pan sareng sumadilaga, prapta bekta suratira, pun hadhi Basah
punika.
Mertanagara
Nalendra, kenipun ngandel sadaya, nunten malih wonten prapta, hangenggalaken
punika.
Seratipun
hadhi hika, mapan kang bekta Walonda, marmannya lajeng kasesa, sinuhun lampah
kawula.
Mmesem
Kangjeng Sri Nalendra, bener kang mahido hika, hingsun hiki kulup prapta, nurut
pangulu ngelmunya.
Lan
pira prajuritira, kabeh kang bareng lan sira, Kangjeng Pangran haturira,
gangsal belas sapunika,
Kathah
hingkang kantun samya, pan hamba tilar kewala, dewaji saking kasesa, Sri
Nalendra hangandika.
Kulup
Jendral tuturira, nging seketa prajuritira, mayor hingkang tutur hika, Kangjeng
Pangran haturira.
Kados
pun Magelis nata, punika pan tan huninga, sagung prajurit sedaya, hingkang
wonten pradipatya.
Nging
kang wonten ngajeng hamba, punika mayor huninga, lan ning wingking dugi hamba,
kathah hingkang nusul samya.
Tumenggung
kalih Nalendra, kawula tilar punika, ngantosi kang kantun samya, mengkana wus
tan winarna,
Den
Basah Mertanagara, mapan sinereg punika, mring residhen palek hika, kelamun
prajuritira.
Pangeran
Dipanagara, sedaya mapan punika, hakathah titiyangira, mayor hingkang hurut
marga,
Samya
tumut dherek hika, marma kathah sapunika, den Basah matur Nalendra, gya Pangran
Dipanagara.
Tinimbalan
sampun prapta, dinangu mapan mengkana, kangjeng Pangran haturira, dewaji hamba
tan priksa,
Kejawi
Basah punika, nulya kinon nimbalana, Basah kalih sampun prapta, hingarsanira
Nalendra,
Dinangu
kalih haturnya, dewaji boten punika, sedaya prajurit lama, Sang Nata haris
ngandika.
Heh
ta Basah lamun nyata, kanycanira lawas padha, sesuk padha pepakna, dimon
pinilihannika,
Marang
Si Magelis hika, yen nyata bilahisira, Basah kalih haturira, sinuhun hinggih
sandika,
Malah
kathah kantun samya, dereng sepalih punika, mengkana henjing winarna, pan
lajeng pepak sadaya,
Den
Basah Mertanagara, pan lajeng hutusan hika, Mayor Magelis mapan, samya kinon
milihana,
Sagung
prajurit sadaya, kelamun nyata wong ira, nanging Mayor datan prapta, Wakil
Residhen kewala.
Hing
beteng tan hangsal hika, dadya sanget hisinira, mapan nanging hangsal sapta pan
getho momor punika.
Dadyan
den gegujeng samya, mengkana hingkang winarna, pan kang nusul kathah prapta,
Welonda giris tyasira.
Dadya
den gegujeng samya sagung hingkang jalma prapta, Jendral hasmu giris hika,
kelawan hupsir sadaya.
Residhen
Palek hanulya, humatur dhateng Nalendra, sinuhun kados punapa, pan langkung
kathah punika.
Sagung
hingkang jalma prapta, tan kantenan petangira, dados wewah segah kula, lan
ngantossagen henggenira.
Mesem
ngandika Nalendra, heh Residhen hiku hiya, prakara susuguh ira, pan haja
kuwatir sira.
Wus
haja kapikir hika, nging hapa sahadatira, mongsa nora den pikira, marang
basah-nya pribadya.
Lan
maning Residhen sira, haja sumelang ten-ira, prakara jalma kang prapta,
senadyan silih kebaka.
Hing
Magelang kabeh hika, pan hiya sun tanggung padha, kelamun hiku dadiya, nora
becik dadinira.
Senadyan
rusuh kewala, pan ingsun kang nanggung hiya, nanging hanggreyasa duga, hingsun
lan Jendral kewala.
Residhen
haja selaya, marma hingkang hanggresira, baya wus karsa Hyang Sukma, kalamun
hingsun kinarya,
Hiya
babuning wong jawa, marma hanggrengrungu warta, kawula hanuli prapta, pan
sahenggon ingsun mengkana.
Marma
haja kaget sira, mengkana wus tan winarna, residhen kang kawarnaha, jeng
Pangran Dipanagara.
Selaminnya
rawuhika, haneng meteseh mengkana, Jendral langkung reseppira, hasring
hingaturan pista.
Pan
saben dalu kewala, lan Basah sekawan hika, myang sagung kang pradipatya, kepala
prerang sadaya,
Den
Mas Jonet rahap hika, tan kantun lawan kang raka, kalamun tan wontenika,
Jendral hasring hatetanya .
Kelamun
sonten mengkana, hingaturan pesiyar hika, Jendral hamrantosi kreta, mapan hing
sacekapira.
Basah
myang kang pra punggawa, lamun sampun lajeng pista, pan saben-saben mangkana,
dadya heca tyasnya samya.
Lan
hical kang subasita, Raden Mas kalih punika pan hasring sareyanika, neng kursi
Jendral sandhingnya,
Pan
wus tan na jagataha, Jendral mengkana sebdannya,pangeran Dipanagara, gih punika
hingkang tondha.
Yen
rare heca tyasira, marmane hinggih kawula, howel yen ngantos selaya, kalih rama
jengandika.
Pangeran
Dipanagara, kawula nedha pan donga, lawan basah-basah samya, myang sagung kang
pradipatya.
Mugi
sampun ngantos selaya, sebarang rembag punika, lawan rama jeng ngandika,
kelangkung hing ngowelira.
Tulus
sasobat punika, Basah myang kang pradipatya, lan kang prahupsir samya, pangeran
samya tulusa.
Pan
sobat hanglir kawula, kalih rama jeng ngandika, punapa dene handika, pangeran
kalih kawula.
Pan
kula nyukani tondha, sobat dhateng jengandika, mapan punika kang renda, sami
lan hanggen kawula.
Lan
basah-basah punika, kawula sukani samya, sami lan Kurnel hanggennya, mengkana
wus tan winarna.
Hing
kala wektu punika, metesih sagunging wadya, pan lagya kasengsem samya, dhateng
ngibadah samya.
Sagung
bar jumungah samya, prajurit satus kedhiknya, punika golonganira, ngantos
gangsal latus hika, sagolongannya pribadya, mapan langkung rahab samya, kelamun
dedolan samya, yen nuju kapethukhika,
Saradhadhu
nyimpang samya, mengkana hingkang winarna, Sang Nata henyjang pan samya,
meng-ameng mring gedhongira.
Rresidhen
sapinggir marga, Sri Nalendra yun huninga, lir panggungan rakitira, Sang Nata
nitih turongga.
Hingkang
dherek dharat samya, Pangeran Dipanagara, Basah sekawan punika, lan putra timur
kalihnya.
Sabab
pancelak punika, lan Metesih gedhongira, lawan haneng pinggir marga, mapan
hasri yen pinirsa.
Jendral
Dhekok sareng mirsa, pan lajeng methuk pribadya, satunggil tan wonten hingkang,
hupsir kang tumut punika,
Den
Basah Mertanagara, humatur dhateng Nalendra, sudara dalem punika, Jendral hesmu
kagyat nata.
Panuju
ningali liya, Jendral wus celak turongga, nulya tedhak Sri Nalendra, gya
Jendral hanyandhak hasta.
Lajeng
kekanthen hasta, Jendral lawan Sri Nalendra, geng gujengan hurut marga, hanglir
tan rasa rumongsa,
Sang
Nata haris hatanya , dene tan wonten renycangnya, Jendral mengkana turira, pan
saben wektu kewala.
Subuh
pan hinggih kawula, sampun neng ngriki pribadya, Sri Nalendra hangandika,
residhen lan mayor hika.
Jendral
mengkana haturnya, mayor mapan pijer nendra, dene residhen punika, pan pasiyan
dugi kula.
Lawan
kang hestri punika, mengkana kalih gya prapta, samya lumajeng kewala, pan
langkung hesmu kasesa.
Dadya
den gegujeng samya, mengkana pan sampun prapta, ri sawusnya lenggah tata, Sri
Nalendra hatetanya.
Heh
Mayor Residhen sira, dene padha kari hika, lan Jendral kalih turira, pan kawula
tan huninga,
Mengkana
Jendral haturnya, dhumateng Sri Naranata, yen mayor mapan punika, katungkul
tilem kewala,
Dene
residhen punika, dadak nedha pamit hika, mring kang ngestri sanget jrihnya,
marmanya mapan kawula.
Hing
saben dalu mengkana, mapan sampun wonten ngrika, tan mawi rencang pribadya,
ngangge gebayak kewala.
Samongsa
mungel punika, salompret tambur tengara, sagung kang salat sadaya, kawula
nunten marika,
Yen
henjing pan nusul samya, residhen ngantosi hika, mring kang hestri tanginira,
tan purun lamun gugaha.
Mapan
lumampah kewala, tan purun beribenana, pan mawi jingjit punika, hajrih den
srengeni hika,
Residhen
gumuyu nulya, wicanten mapan mengkana, Den Basah Mertanagara, pan hinggih kados
kawula.
Dhateng
den ayu punika, pan nyonyah hayun panggihya, hingkang rama sampun suka, pradene
tan purun meksa.
Hinggih
saking hajrihira, Sang Nata mesem ngandika, dene Si Mertanagara, wedi benneh
lawan sira,
Wedi
mring sun satuhunnya, tan wedi mring hayonira, sireku wedi kang nyata, sabab
dening hayonira.
Jendral
sumambung mangkana, mayor lir Basah punika, teng sing wadon wedi huga,
te[hal.369]napi dhateng kawula,
Dadya
lir kasupit hika, pan samya gumujeng suka, Sri Nalendra hatetanya , mayor hayu
bojonira,
Mayor
mengkana haturnya, hupami hinggih nganggeya, rasukan sangkelat hika, lir tuwan
besar punika.
Jendral
mengkana haturnya, nging tuwan lawan kawula, hingkang samya kawelas harsa,
sabab hinggih samya lamba,
Dene
sedaya punika, samya mukti suka wirya, kawula lawan paduka, dadya jodho samya
priya,
Dadya
samya sukanira, hing kala wektu punika, sabab Jendral lan Sang Nata, tan wonten
selaya karsa.
Lan
Jendral langkung sagednya, hangladosi mring Nalendra, dadya tan rasa rumongsa,
mengkana wus tan winarna.
Kondurira
Sri Nalendra, sareng malem Jendral nulya, ngaturi harta punika, sewu dhateng
Sri Nalendra.
Kinarya
maleman ika, marma samya datan nyana, yen dadossa dedenira, Jendral kalawan
Sang Nata.
Tanapi
kang nambut karya, tan pedhot sadina-dina, kestalan pasanggrahannya, sagung
kang para Dipatya.
Lawan
saprajuritira, galidhig sadina-dina, sebarang parentahira, Basah Jendral tan
suwala
Kalawan
sasegahira, pan mentah mateng punika, tan wonten kirang sadaya, tenapi mring
Sri Nalendra.
Mapan
hiya warna warna, Jendral langkung kurmatira, marmannya katungkul samya, tan
mikir pakewedira.
Nanging
ngibadah kewala, langkung rame swaranira, pan siyang dalu mengkana, bareng lan
kang nambut karya,
Sareng
ngajengaken bakda, Jendral hangaturi hika, harta malih mring Nalendra, mapan
kalih hewu hika,
Mengkana
hingkang winarna, jeng Pangran Dipanagara, Basah lan kang pradipatya, pesiyar
hanitih kreta,
Sareng
prapta ngloji hika, hing ngampirken Jendral nulya, Jendral mengkana kang
sabdannya, pangeran Dipanagara.
Benjing-enjing
sampun bakda, leres sahi jengandika, lan Basah Basah punika, myang sagung kang
pradipatya.
Samya
mariki leresnya, selametan sahenira, jeng Pangran wangsulanira, hinggih lamun
sampun karya,
Sabab
wong islam punika, mapan kathah rubedira, hing benjang-ngenjang punika, yen
sampun salin rihaya.
Lajeng
pikir pitrah samya, kalamun sampun punika, Jendral pan langkung prayoga, lawan
malih Kangjeng rama,
Kula
haturi punapa, Jendral mengkana sahurnya, lamun ra jengandika, pangeran hajrih
kawula,
Nanging
punapa kang karsa, kawula mapan sumongga, nging jeng ngandika pribadya, lan
Basah Tumenggung samya.
Yen
sampun pitrah sadaya, sahe kepanggih kawula, jeng Pangran sagah punika, nulya
matur mring Nalendra.
Yen
Jendral meling mangkana, marengi Sri Naranata,
mengkana henjang winarna, pan lajeng salat riyaya,
Gumremeng
swaranira, pan saking gunging kang wadya, ngantos luber tarubira, pan halong
ngadeg kewala.
Kathah
kang jajari hika, mengkana Sri Naranata, mapan nuju grerahika, tedhak
ngampingan kewala.
Mring
Basah Mertanagara, lan Basah Gondakusuma, salat lan lenggah kewala, mengkana
Jendral winarna,
Tumut
ningali punika, nanging sing tebih kewala, langkung tanpa rungyanika, bareng
salempret tamburnya,
Mengkana
wus tan winarna, sareng sampun samya bakda, pitrah Kangjeng Pangran nulya,
tedhak mringMagelang hika,
Lawan
Jendral sampun panggya, Basah myang sagung punggawa, pan samya dherek sedaya,
Jendral haris hatetanya .
Pangeran
Dipanagara, kawula wahu tupiksa, dhateng prajurit sadaya, tenapi kang salat
samya,
Nanging
rama jeng ngandika, kawula datan huninga, Kangjeng Pangeran ngandika, kados
Jendral lan huninga.
Sabab
Kangjeng Sri Nalendra, pan lagya grerah punika, pan miyos dalem kewala, tan
miyos plataran hika.
Saking
ngriki tan tupiksa, mengkana wus tan winarna, Pangeran Dipanagara, nulya matur
mring Nalendra,
Sagung
hingkang saneskara, mengkana Sri Naranata, hanantun dhateng kang putra, lan
basah basah sedaya,
Paran
padha prayoganya, hiya gon sun temu hika, lan Jendral samya haturnya, lamun
marengi Nalendra,
Pan
benjing-ngenjing punika, prayogi tedhak paduka, Sang Nata haris ngandika, hiya
sun turuti sira.
Yen
mengkono dhawuhena, marang Si Mangunkusuma, lamun sesuk sun pan arsa, katemu
lan Jendral hika,
Den
Basah matur sandika, mengkana wus tan winarna, kawarnaha Sri Nalendra, henjang
lir mas kentir toya.
PUPUH
XLIII
MASKUMAMBANG
Sareng
henyjang mengkana Sri Narapati, bakda subuh hika, lenggah ngemper langgar hiki,
den Basah Gondakusuma.
Sowan
nerang humatur mring Sri Bupati, sinuhun patikbra, punapa datan hamawi, nata
prajurit sadaya,
Handherekken
wiyos dalem dhateng loji, mapan hewed haya, sinuhun bakda puniki, jeng Sultan
mesem ngandika.
Wus
dilalah kadya tekdiring Hyang Widi, KangjengSri Nalendra, kinarya lampahan
hiki, heh Basah Gondakusuma.
Aja
nganggo handhawahi mring prajurit, lir hadat kewala, menawa ngeget-hegeti, pan
mongsa ngaraha hapa,
Raden
Basah mapan hayun matur hajrih, yen tan heca tyasnya, mengkana wus tan winarni,
sareng pukul wolu nata.
Lajeng
tedhak langkung data nyana hiki, lir hadat kewala, tan mawi busana hiki, lir
hameng hameng kewala,
Hingkang
putra timur samya dherek kalih, tan mawi hampilan, lawan hingkang dherek sami,
sedayamapan mengkana,
Kangjeng
Sultan mapan sampun rawuh ngloji, Jendral methuk hika, sareng tata lenggah
sami, haneng paseratannira.
Pang
sangsaya samya datan nyana hiki, yen temah mangkana, sabab Jendral sanget
sandika, lan tan hewah lir hadatnya.
Hingkang
dherek lumebet Sri Narapati, mring pangkeng punika, Pangran Dipanegareki, lan
Basah Mertanagara.
Kaji
ngisa lawan Khaji Badarroin, kalih Ponakawan, Rata Bantheng Wareng hiki, putra
timur kalih hira,
Dn
mas Joned kalawan Raden Mas Rahib, Jendral nanging tiga, hingkang tumut
hamanggihi, dhateng Kangjeng Sri Nalendra.
Pan
Residhen Palek Mayor Duktus hiki, Kapitan Rup hika, Basah Gondakusumeki, lan
Basah Suryawinata.
Basah
iman musbah samya, haneng jawi, lan kang pradipatya, sedaya pan munggeng kursi,
samyahatingal kewala,
Marma
heca sedaya kang tyas sami, Jendral pan tan hewah, patrapnya lir hadatneki, mengkana
Jendral risnebda,
Mangke
tuwan mapan sampun kondur malih, hinggih prayoginya, wontena ngriki pribadi,
pan inggih lawan kawula.
Sri
Nalendra mengkana ngandika haris, pan sebab punapa, yen kula tan haweh mulih,
neng ngriki punapa karya,
Mapan
kula prapta yun sobat sayekti, sadhela kewala, pan hadat jawa puniki, lamun
sampun bakda pasa,
Hingkang
hanom lumaku mring homahneki, hingkang prenah tuwa, ngilangken sagung puniki,
marang sakeh luputira.
Hingkang
tuwa Jendral pan mengkoten malih, dadya sama-sama, mengkana Jendral luhuri,
pramila ngandheg kawula.
Sabab
sagung hingkang prekawis pan sami, yun ngrampungi kula, hinggih sadinten
puniki, dadya kagyat Sri Nalendra.
Hangandika
prakara punapa dening, Jendral mapan kula, yekti mapan datan mikir, lan datan
derbe prakara.
Mapan
nulya residhen palek turnya ris, pan Jendral punika, kalawan sakonca sami,
selamenipun panduka.
Wonten
ngriki mung prakawis kang den pikir, nulya Raden Basah, Mertanagara nahuri,
sudara Sri Naranata.
Mapan
hestu lamun tan galih prakawis, sakedhik kewala, marma sahenipun hinggih, mapan
kondur sapunika,
Pan
sumados hing dinten punapa panggih, Kangjeng Sri Nalendra, pan kelawan Jendral
malih, Jendral mengkana sebdanya.
Nora
kena pan harep hora sahiki, sun rampungi hiya, Kangjeng Sultan duk miharsi,
wuwusira Jendral mengkana.
Mapan
henget lamun tinitah Hyang Widi, ratu tanah jawa, kalawan ngiras prajurit,
nulya henget satru hika,
Dadya
ngadeg Sang Nata suraning galih, nulya hangandika, heh ta basakhena hiki, wong
hanganjak padu nora.
Nana
hiya hingkang dadi huwitneki, lan kelamun sira, mapan hayun bebeneri, sun tan
jaluk bener sira
Lamun
sira Jendral Dhekok ko sayekti, kudu padu ngajak, lah mara tekakna dhingin,
Kurnel Kleres lawan Basah.
Karo
hiku yen wis prapta ngarsa mami, Si Prawiradirja, lan Kurnel Kleres hiki, sun
hayun priksa kewala.
Sabab
hingsun prapta kene hiki, mapan nora sedya, hangluru pepadon mami, jaluk bener
yen harepa.
Temahane
hiya mengkono sireki, wong loro haturnya, sireku ngajak bedhami, mapan kelawan
bicara,
Hingsun
takon jawane bedhama yekti, tepung tuturira, bicara rembug kang becik, lawan
dhingin hiya sira,
Pan
kongkonan haweh tondha jaran siji, sobat tuturira, Mangunkusuma turneki, banjur
sun takon tegesnya.
Hing
jawane sobat hiku pan ngulihi, pesanakan hiya, ngilangken sakehe hiki, barang
kaluputan padha,
Yen
wong islam hangger wus tepung ya huwis, nging rembug kang hana, mapan lawan
patutneki, hingkang padha renanira.
Dene
sira wus haweh pratondha hiki, hangur hingsun hiya, mapan durung hanimbangi,
pradene mengkono sira.
Sayektine
hingsun datan harep hiki, hing kestorinira, marma Basah Kurnel hiki, karo padha
tekakena.
Jendral
Dhekok tumungkul dennya nahuri, lamun tuwan nedha, dhatengipun kalih sami,
sampun kasep sapunika.
Mapan
nguni duk meksih siyam puniki, tan mundhut paduka, Kurnel Basah dhateng neki,
rumiyin lamun mundhuta.
Sampun
pesthi kula dhatengaken kalih, Jeng Sultan ngandika, heh Jendral Dhekok sireki,
habanget dursilanira.
Nganggo
mujar kelamun kasusu hiki, hiya hana hapa, lawan kala pasa dhingin, mapan sira
nora montra.
Lamun
duwe pingkir mengkono sireki, yen hingsun weruha, hatinira nora becik, pasthi
sun kukuhi padha.
Karohiku
hingsun nora haweh mulih, sabab hiku padha, kang duwe prakara dadi, marma sun
banget pracaya.
Marang
sira Jendral Dhekok sabab hiki, karo hiku padha, dene sira hakon mulih, sun
duga yen wus tan ana.
Kang
prakara mung rembug kang patut hiki, lan padha dhangannya pan hiki tetela mami,
dursilane hatinira,
Pan
duk hingsun hiya prapta kene dhingin, bagekake sira, meksih nebut nama mami,
dursilane hatinira.
Pan
ing mengko wus sun wenehake yekti, marang hanak hingwang, dadi pan tetela
yekti, Jendral lamun rusuhsira.
Mapan
bapa tinunggalan hanak hiki, hiya sebutira, Jendral Dhekok hanahuri, sarwi
tumungkul punika.
Gih
punapa dede nama tuwan nguni, pangeran punika, Dipanagara sayekti, kelawan
malih kawula.
Mila
taken hing karsa tuwan semangkin, tuwan mapan sagah, lamun tan gadhah prakawis,
punika hing tanah jawi,
Haprang
hingkang semanten laminireki, sinten pengagengnya, marmanya taken sayekti,
kawula karsa paduka.
Kang
semangkin mengkana sebda nerpati, heh ya Jendral sira, mapan takon nama mami,
Pangeran Dipanagara.
Dhasar
nyata Kangjeng rama kang marabi, kala dhinginhiya, nging samangko mapan huwis,
sun paringkenputraningwang.
Hiku
sapa lamun nyeluk sira hiki, marma dhingin sira, bagekake marang mami, mapan
sun sahuri nora.
Malah
banjur sira sun hungkurken dhingin, dene takon sira, hingkang dadi karsa mami,
dhingin mangko hingsun hiya.
Nora
seja duwe karep loro mami, sira pan wus wikan, hing sebarang karsa mami, mengko
dadak pindho karya.
Lawan
maning hiya namaningsun hiki, saben-saben sira, kirim layang lawan mami, nora
howah sebutira.
Namaningsun
Kangjeng Sultan Ngabdul kamid, Komasaris Jendral, Dhebosan mengkana maning,
nora howah sebutira.
Mengko
dadak sireku ngowah-howahi, marma dadinira, hewuh basannya mring mami, lawan
maning sira huga.
Tembung
laku takon panggecene hiki, prang satanah jawa, pan hiya tan hana maning,
Dhekok saliyaning hingwang.
Nging
wong islam mapan nora tinggal huwit, sanadyan wong haprang, yekti hana tandhing
neki, wong paduka na rewangnya.
Sira
Jendral mung karepira pribadi, kang siranggo hika, dene hayun bebeneri, lah
hendi kang padu hika.
Lamun
dira kang padu di jeksa neki, yen mengkono sira, nging dursilanira dadi,
hingsun tan weda palastra.
Bab
ing haprang kabeh kang sun luput dadi, kabeh mapan derma, hanglakoni prentah
mami, prang hikisatanah jawa.
Pan
wus yekti lamun hora nana maning, jaba pinatenan, hingsun tan sedya gumingsir,
nanging sun mekas mringsira,
Lamun
mati pan hiki kunarpa mami, sira hulihena, marang jimat tan sebab dening,
tunggal lawan garwaningwang.
Jendral
Dhekok tan saged tumenga hiki, hesmu sanget wirang, sebarang kaweleh sami,
dadya tumungkulkewala.
Ris
turira mapan kawula sayekti, tuwan datan nedya, lamun hayun karya pati, dene
prekawis punika.
Sagung
serat mapan boten dados sami, lawan kang hagama, boten patut den turuti, sabab
lamun tinurutan.
Mapan
sun kados sanget hisinneki, Sang Nata ngandika, heh Jendral hingkang sun pikir,
wong mengkono tekad hira.
Yekti
hewuh yen mungguh hagama mami, lawan maning Jendral, sira nganggo mujar hiki,
nora nuruti hagama.
Mapan
hingsun nora sumedya sayekti, jaluk marang sira,hagamaningsun pribadi, hingkang
sun lakoni hiya.
Nadyan
silih sira wenehana mami, mring hagamanira, sayekti tan sudi mami, mapan
hingsun gawe hapa.
Nanging
hiku wong islam kang padha munkir, hayun hingsun tata, hiku hewuh haranneki,
milu sira mapanora.
Melu
hingsun mapan iku nora yekti, leh hapa harannya,wong mengkono patrapneki,
Jendral hapa dhemen sira.
Wa
semono coba padha konen milih, mring hagamaningwang, lan sira den pilih endi,
jaba mengkono ketara.
Hingkang
padha den hantepi hatineki, Jendral sahur ira, punika kula remeni, Kangjeng
Sultan hangandika.
Yen
mengkono Jendral kang sira dhemeni, hingsun wus tan bisa, lamun tepung lan
sireki, kelawan maning bab layang.
Nora
dadi mapan layang kabeh yekti, pan gaweyanira, lawan Jendral Dhebos hiki, dadi
hora karepira.
Mapan
layang hiku huga hujar yekti, hiya hujarira, lawan Jendral Dhebos dhingin, dadi
hora karepira,
Hingsun
hiki prapta nanging hayun nagih, hiya hujarira, kang padha neng surat dhingin,
saguh ngestokhaken sira.
Jumeneng
sun ratu islam tanah jawi, mengko sira bubrah, pan ingsun nanging nekseni,
sebarang hing cidranira.
Kurnel
Kleres mapan dhingin duwe jangji, marang hingsun huga, kelamun rembuk tan dadi,
hingaturan balihingwang.
Mring
Kejawan, Jendral mengkana turneki, yen tuwan wangsula, tan wande haprerang
malih, Kangjeng Sultanhangandika
Wedi
hapa haprang yen padha prajurit, lawan nyata lanang, Jendral Dhekok sahurneki,
kelamun kados punika,
Mapan
sampun kawula tan saged yekti, lamun ngrampunghana, sabab kula sapuniki, pan
sampun kendel punika.
Hinggih
wonten kang gadhah bebahan malih, wonten Salatiga, punika saged ngrampungi,
sahe dhateng Salatiga
Kangjeng
Sultan mengkana ngandika haris, nganggo kaliban, marang Salatiga mami, hiya
Jendral hamek hapa.
Mapan
hingsun hiki nora sedya yekti, jaluk benerira, marang Salatiga maning, hingsun
Dhekok yen gelema.
Haneng
kene bahe hingsun nora hapti, Jendral Dhekoknulya, medal gura gadhaneki,
ngundang saradhadhunira.
Linnebetken
sadaya dhumateng ngloji, mengkana winarna, Jeng Pangran Dipanagari, wantu
meksih hanem ika.
Mapan
lajeng jumeneng saking hing kursi, hemut prajuritnya, residhen kang den celaki,
mengkana Sri Naranata.
Raden
Basah Mertanagara hanuli, sampun kinejepan, lawan ngandika Nrepati, heh Jendral
Dhekok ta sira.
Mapan
gawe hewuh sebarang hireki, wus karsa Hyang Sukma, den Basah Martanagari, datan
darbe napsu hika
Dadya
mesem Sang Nata sareng ningali, dhateng RadenBasah, Khaji Ngisa Badarrodin ,
hemut mringpurbanning sukma.
Lawan
hemut mring sagung rerepot sami, lan maringkanesthan, mengkana Sri Narapati,
Jendral Dhekokmapan nulya.
Dipun
candhak tangannya mring Sri Bupati, pan lajengbinekta, lenggah kursi panyjang
hiki, nging Jendral nurut kewala,
Pan
sangsaya henget mengkana tyas haji, lamun matenana, hingsun marang Jendral
hiki, nora becik temahira,
Dadi
ngilanghake kramaning Nrepati, haprang mukhamukan, pan rusuh pocapanneki, tan
karuwan hingkang cidra.
Seprandene
sun wus tan derbe kanthi, haneng tanah jawa, hangur sun sumendhe tekdir, kang
kari mongsa bodhowa.
Hanglabuhi
hiya hing parentah mami, hing pati myang lara, pan wus hakeh kang nglakoni,
mapan ngur sun belanana.
Sri
Nalendra nulya kinen hanimbali, Mas Pengulu prapta, Jendral haris haturneki,
dhumateng Sri Naranata.
Pan
punika Mas Pengulu sampun prapti, Sang Natangandika, heh paran pengulu hiki,
dene mengkene dadinya.
Mas
Pengulu pan mengkana haturneki, prayogi Nalendra, sahudara dalem yekti,
tinurutan haturira.
Dadya
mesem Sang Nata ngandika haris, Mayor payomangkat, Jendral mengkana turneki,
punapa tan mawi putra,
Lawan
Basah hatenapi kang prajurit, Sang Nata ngandika, dhekok mundhak ngrerubedi,
Sang Nata gya nitih kreta.
Ponakawan
hingkang dherek mung satunggil, hanenggih Pun Rata, hingkang ngampil ganten
haji, lan Kangpitan Rup punika.
Mayor
Duktus hing wingking datan winarni, mengkana Nalendra, langkung wirang hing
tyasneki pan wus sedyatilar donya.
Mapan
nuju hing dinten hakhat puniki, hing kalihtanggalnya, wulan sawal tahunneki,
jimmawal sri narata,
Jengkar
ira nenggih saking tanah jawi, karsannya Nalendra, mapan lajeng minggah kaji,
saking sanget wirangira.
Datan
tolih mring sagung kawiryan hiki, myang sagung katresnan, kang hibu kang putra
sami, hatenapi sagung wadya.
Nanging
kantun ngentosi wektu Nrepati, kumambang wasesa, sumendhe tekdir Hyang Widi,
nging sedya labuh kewala.
Lan
ngantepi timbalan kang wus kawijil, marmannya mengkana, tyasira Sri Narapati,
hing lara pati sumongga,
Haneng
dunya nanging hingkang den labuhi, hubanggi Nalendra, lamun tan sageda wradin,
Agami satanah jawa.
Marmanira
temah mengkana karsaji, pan sangsaya kathah, kagagas driya Nrepati, nging
wirang marang Hyang Sukma.
Tan
winarna Sri Nalendra haneng margi, rawuhing Ngungaran, Mayor Duktus matur
haris, punika loji Ngungaran,
Pan
paduka kahaturan kendel ngriki, dhateng tuwan Jendral, Sang Nata ngandika hiki,
hapa hiki Salatiga.
Mayor
Duktus mengkana pan haturneki, ngungaran punika, mesem ngandika Nrepati, dhasar
mayor bapak ira.
Nging
gorohe hingkang hana hiku yekti, yen mengkono sisan, hing Ungaran tuturneki,
mapan cedhak hingSemarang.
Mapan
hingsun mayor hayun hidhep hiki, hiya hing Semarang, payo banjur sesuk hiki,
mayor marang hing Semarang.
Sareng
dalu mengkana hingkang winarni, Pun Rata karuna, Kangjeng Sultan hatanya ris,
pagenne sira karuna.
Hana
hapa Pun Rata matur wot sari, yen pareng Nalendra, kawula hanuhun pamit, mantuk
ngandika Sang Nata.
Sira
mulih sapa kang ngladenni mami, Pun Rata haturnya, kang sinuhun kados pundi,
mapan pun biyang punika.
Lamun
boten huninga kawula yekti, hanglir tiyang hedan, mara yun mantuk rumiyin,
murugi pun bok kewala.
Mapan
badhe kawula hajak Nrepati, nusul mring paduka, mesem ngandika sang ngaji,
hingkang tyas sampun huninga
Yen
Pun Rata mapan giris haningali, mring sagung Welonda, hingkang dherek sang
Nrepati, Pun Rata namung pribadya.
Heh
ta Rata lamun sira harsa mulih, pan sesuk kewala, lamun hing Semarang prapti,
hingsun hiki sayektinya.
Mapan
hayun banjur lunga munggah kaji, senadyan pribadya, tan sedya hingsun hunduri,
hiya gon ingsun mring Mekah.
Henenghena
hing dalu kawarna henjing, mengkana wus prapta, hingkang methuk sing Semawis,
husar kalawan kareta.
Sareng
pukul pitu henjing Sri Bupati, budhal sing Ngungaran, Mayor lan Kapitan hiki,
Pun Rata samya neng kreta.
Husar
saking Magelang pan sampun tunggil, lan husar semarang, hing marga datan
winarni, sampun rawuh SriNalendra.
Loji
Bojong Rsidhen pan methuk sami, lan pra hupsirsamya, hingkang hageng-hageng
hiki, lawan Dipati Semarang.
Hing
samarga Magelang rawuh Semawis, Kangjeng Sri Nalendra, datan hewah niskareki,
nging kuciwa mariyemnya.
Sareng
sampun haso Kangjeng Sri Bupati, mengkana Pun Rata, mapan meksa nuhun pamit,
dhateng Kangjeng Sri Nalendra.
Mayor
duktus tinimbalan sampun prapti, Sang Nata ngandika, heh mayor hulihna hiki,
sira ta marangMagelang.
mayor
matur paduka sinten ngladosi, Sang Nata ngandika, hingsun mayor duwe maning,
Ponakawan cilik hika.
Lamun
gelem konen nusul loro hiki, mapan haranira, Bambang Mertaleksaneki, lawan
Bantheng Wareng hika.
Lan
wong wadon loro konen nusul hiki, Retnaningrum rannya, mapan lawan
Retnaningsih, mayor sandika haturnya,
Nulya
karya serat marang Jendral hiki, riwus sira dadya, Sang Nata ngandika malih,
Mayor dene hiki sira ta.
Ora
sira kon bareng lan layang hiki, mayor haturira, dereng wonten kang nyulihi,
mengkana wus tan winarna.
Sagung
hingkang tinimbalan samya prapti, lan bok-hipun Rata, myang sedherekira hestri,
pan samya nusul punika.
Lan
Den Ayu Dipayana sarengneki, lan Tumenggungira, Sang Nata pan ngantos lami,
haneng Semawis mengkana.
Mapan
nuju Sang Nata lenggah pribadi, nging lawan Pun Rata, Mayor Duktus sowan iki,
dhumateng Sri Naranata,
Ris
haturnya kawula, nuhun karsaji, punapa kang karsa, sampun lami neng Semawis,
prayogi kondur kewala.
Lawan
lajeng dipun jumenengken benyjing, Sultan Sri Nalendra, sareng mirsa haturneki,
mayor duktus lajeng duka,
Heh
ta mayor hingsun mulih hapa kardi, lawan maning sira, nganggo matur marang
mami, den jumenengaken Sultan.
Pan
kejaba wong picak budhek puniki, hiku nora wikan, lamun Sultan jeneng mami,
nadyan picak budheg hika.
Kaya
huwis weruh sun ratu jawi, gya Kapitan prapta, nusul sowan mring Nrepati, Sri
Nalendra hangandika,
Heh
Kapitan sira dhengrehena hiki, mayor karsaningwang, lamun sun tan sedya mulih,
pan wus banget wirang hingwang.
Hiya
lamun tan katekan karsa mami, banjur kaji hingwang, mring Mekah mayor sireki,
tutura mringramakira.
Dadi
hiki sagunge gennya ngrampungi, hing sun nama Sultan, wis Mayor hingsun tan
sudi, tepungan lan ramakira.
Tutur
lamun Salatiga kang ngrampungi, hiku dhuwurannya, wekasan tan hana yekti, mara
hendi benerira.
Mung
cidrane ramakira hingkang dadi, sun wus banget wirang, dene ramakireki, mayor
gumujeng kewala,
Datan
saged kelamun matura malih, lan Kapitan hika, nanging samya merbes mili, Sang
Nata malih ngandika.
Heh
ta mayor sun wis lawas tan na hiki, hiya neng Semarang, tuture ramakmi dhingin,
mapan duwe dhedhuwuran.
Hiya
Jendral pan dhebos harane hiki, kang hendi rupanya, Walonda wus hakeh hiki,
hingkang nemoni maring wang.
Hingkang
hana tengere kang gedhe hiki, mayor haturira, mapan meksih neng Betawi, Sri
Nalendra hangandika.
Yen
mengkono tan karuwan laku mami, dadi saya wirang, ramak ira ngapusi, lah mayor
sira dugaha.
Lan
Kapitan Jendral Pan Dhebos ku hugi, hapa kirim layang, hatawa prapta pribadi,
Mayor Kapitan haturnya.
Kula
nuhun mapan boten saged dugi, Sang Nata ngandika, lamun kirim layang hiki, lah
mara pikirena padha.
Kaya
paran hiya hing wangsulan mami, mayor lan kapitan, kalih mengkana turneki, pan
langkung hawed punika.
Sabab
dereng kantenan wit-ipun yekti, Jendral kajengira, gumujeng Sri Narapati, dadi
lumrah yen mangkana.
Sumabarang
nora bisa tunggal hiwit, ramak hira nora, ngendi hana ya wong hiki, ngajak padu
nora nana.
Hingkang
dadi wiwitan hayun beneri, hiya nora nana, hingkang jaluk bener yekti,
tumungkul mayor Kapitan.
Henengena
kawarnaha Sri Bupati, residhen pan sohan, humatur marang Nrepati, lamun Dipati
Semarang,
Nuwun
sowan lawan gangsal koncaneki, dipati sadaya, pasisir Sri Narapati, ngandika
mapan tan harsa.
Hamanggihi
mengkana yen den haturi, dhahar datan harsa, sabab dening kathah Hupsir, maring
Residhen punika.
Lawan
nyonyah marma Sang Nata tan hapti, nging mayor kewala, lan Kapitan kang
ngladosi, kalamun dhahar Nalendra.
Mayor
Matir dhumateng Sri Narapati, lamun hing ngaturan, tedhak dhumateng betawi,
Jendral Pan Dhebos yun panggya.
Sri
Nalendra mesem hangandika haris, becik mayor hiya, besuk hesnen hangkat mami,
mengkana hingkang winarna,
Raden
nayu retnaningum hing tyasneki, hajrih yen dherekka, wahu dhumateng betawi,
dadya pamit mring Nalendra.
Nuwun
wangsul mantuk dhumateng Mentawis, kathah hingkang samya, tumut nuhun mantuk
sami, mapan linilan kewala.
Nging
den Ayu Retnaningsih datan apti, tinantun punika, mantuk kedah dherek hiki,
sanget lumuh yen kantuna.
Pejah
gesang pan datan sumedya keri, kalih pawongannya mapan hingkang hanglabuhi,
hanama bok tutur uga.
Mapan
lawan Bok Sarinten namaneki, dene Ponakawan Pun Rata lan Bambang hiki,
Mertaleksana punika.
Bantheng
Wareng Sadikrama Rujak Beling, lawan sataruna, mapan hiku jaler hestri,
Honggamerta punika mekana.
Jaler
hestri lan bok hipun Rata hiki, westa Hamad Dolah, rujak gadhung rujak hiki,
kecubung lan jagal,
Raden
Ayu Dipayana kedah hiki, dherek datan harsa, kantun wangsul mring Mentawis, pan
lawan Tumenggungira.
Bekta
renycang hestri satunggal westeki, pun Melik punika, sedaya pan sedya neki,
handherak sakit palestra.
Henengena
wus tan winarna sakehing, kang wangsul sadaya, sareng dinten hesnen hiki, Sri
Nalendra lajeng budhal.
Sing
Semawis nitih kareta Nrepati, myang sagung punika, tan hewah hurmat Nrepati,
Kyahi Dipati Semarang.
Derek
haken mapan lawan prahupsir, husar kang neng ngarsa, sarawuhmu hara puniki,
nulya hanitih bahita.
Kapalhapi
hingkang pinethukken hiki, husar wangsul samya, kalawan Kyahi dipati, residhen
lan hupsir samya,
Nanging
mayor hingkang dherek lajeng hiki, lan Kapitan hika, kapal api lampahneki,
mapan langkung henggalira.
Kawan
dinten Sang Nata rawuh Betawi, nulya labuh jangkar, haneng Muwara Betawi, Mayor
Duktus gya kengkenan.
Ngrumiyini
sung wikan mring Jendral neki, riwus Sri Nalendra, gya pinnethuk bahita lit,
pan mawi tinarik jaran.
Kalih
sareng sampun tedhak Sri Bupati, hingkang methukhika, nenggih residhen betawi,
lan kang hageng-hageng hika,
Hing
Betawi pan nanging Jendral pribadi, kang tan tumut hika, methuk dhumateng
pasisir, langkung kathah hingkang kreta.
Lawan
mawi baris datan ewah hiki, hurmatnya Nalendra, nging kuciwa mriyemneki, kang
datan mawi punika.
Sareng
sampun samya hatur tabe sami, nulya Sri Nalendra, mapan hingaturan nitih,
kareta nging meksih hika.
Gennya
nitih lawan mayor duktus iki, neng ngajeng pribadya, nulya residhen puniki,
lawan Raden Ayu hika.
Retnaningsih
Kapitan lan Suketaris, lan Den Ayu hika, Dipayana sareng prapti, Sang Nata
gedhong bicara,
Gya
Residhen mudhun saking kreta dhingin, ngampil hasta nata, Mayor Duktus pan
nampeni, marang Raden Ayu hika.
Retnaningsih
nulya lenggah Sri Bupati, tan hewah renggannya, hanglir hing Meteseh nguni,
Bojong Betawi punika.
Nanging
Jendral Pan Dhebos kang tan manggihi, dhateng Sri Nalendra nulya Residhen
Betawi, Pan Der Kapen namengkana.
Hatur
tabe nuhun pamit mring Nerpati, myang sakanycanira, Kurnel Mayor Suketaris, lan
Hedler mapan sedaya.
Hingkang
hageng-hageng samya bubar hiki, mantuk sowing-sowang, hingkang kantun
hingarsaji, nging Mayor Duktus punika.
Lan
Kapitan Rup ngandika Nrepati, heh Mayor temuwa, lawan Kapitan sireki, lan
Jendral Pan Dhebos padha.
Hingsun
kongkon hing mengko hingsun wus prapta, hapa kareppira, Jendral Mayor
haturneki, sandika nulya lumampah,
Lan
Kapitan wus lengser saking ngarsaji, pan wus tan winarna, hing dalu henyjang
winarni, mayor lan Kapitan hika.
Samya
sowan humatur mring Sri Bupati, sampun panggih kula, lan Jendral Pan Dhebos
hiki, mengkaten wangsulanira.
Heh
ta Mayor pan dhingin sobat sayekti, mengko pan baliya, hiya dadi sobat maning,
wus padha balen kewala,
Sri
Nalendra handangu mring mayor hiki, hana ngendi Jendral, mayor mengkana
turneki, sampun mantuk sapunika.
Dhateng
Bogor mapan sareng sampun nedhi, Sang Nata hatanya, hing wingi hana hing
ngendi, mayor mengkana haturnya.
Wonten
ngriki henengna wus tan winarni, mapan sabendana, Residhen sowan hangirid, kang
hagenghageng punika.
Hingkang
dereng panggih Jeng Sultan hinguni, pan wangkit Kapitan punika kang
sapenginggil, kang sowan mring Sri Nalendra.
Mayor
lawan Kapitan mengkana maning, mapan sabendina, hasowan mring Sri Bupati,
wetara sadinadina,
Mayor
duktus nuwun pamit mring Nrepati, matur yen den hundang, dhateng Jendral Dhekok
hiki, wus nglilani Sri Nalendra.
Hangandika
heh Kapitan Rup sireki, pa tan melu sira, Kapitan ris haturneki, sinuhun boten
kawula.
Mapan
teksih hanenggani Sri Bupati, malah yen kenginga, paduka tedhak mring pundi,
hayun dhedherek kewala.
Sri
Nalendra mesem hangandika haris, sun yun marangMekah, Kapitan Rup haturneki,
senadyan tedhak mringMekah,
Mapan
lajeng kawula yun dherek yekti, Mayor ris haturnya, punapa boten mameling,
paduka dhateng kawula.
Mayor
nora mapan mekas hapa mami, mayor duktus turnya, bilih hayun padukaji, nimbali
putra lan Basah.
Sri
Nalendra mengkana ngandika haris, yen sun nimbalana, mayor marang putra mami,
sun duga hakarya susah,
Sababe
ya meksih padha tanggung hiki, lawan tahu hika, mapan hanglakoni mukti, lan
jembar pasabanira.
Sun
neng kene pan kaya mengkene hiki, nadyan silih Basah, pan sangsaya hewuh
maning, wus mayor hingsun tarima,
Oleh
hira maringna mring hingsun yekti, nging besuk kewala, menawa na sih Hyang
Widi, holeh dalan marang Mekah,
Hiku
pasthi kabeh hanak putu mami, lawan Basah Basah, Tumenggung sagung prajurit,
padha sun kon nari hika,
Sarupane
wong jawa sun gawa khaji, hingkang gelem hika, heling mring panutanneki, hapa
dene maring hing wang,
Pan
ing mengko hingsun dhewe kang nglakoni, hiya lara wirang, neng dunya samangko
hiki, Mayor lan Kapitan hika.
Sareng
samya mirsa timbalan Nrepati, kalih pan karuna, Sang Nata ngandika haris, wus
mayor sira mangkata.
Nanging
hingsun nyangoni selamet hiki, marang lakunira, mengkana wus tan winarni, mapan
hing waktu punika,
Kangjeng
Sultan kelangkung hangarsi-harsi, mapan sampun lama, hangsalnya wonten Betawi,
Jendral Pan Dhebos punika,
Mapan
dereng wonten hantawis neki, Mayor haturira, sagahnya badhe ngantuki, sobat
hanglir duk kingkina.
Nging
Residhen saben dinten sowan hiki, ngirid hingkang samya, hingkang sowan mring
Nrepati, kang tebih-tebih sadaya.
Pan
Residhen Kurnel Hedler mapan sami, hingkang dereng panggya, kalawan Sri
Narapati, mengkana kang kawarnaha.
Kapitan
Rup hingutus mring Sri Bupati, mring Bogor punika, panggih lan Jendral puniki,
Pan Dhebos karsa Nalendra,
Mertelakken
sebarang kersa Nrepati, Kapitan wus mangkat, saking Betawi puniki, hing Bogor
mapan wus prapta
Panggih
Jendral Pan Dhebos Kapitan hiki, haris haturira, kawula hingutus yekti, dhateng
sudara paduka.
Mapan
kinen mertelakken karsaneki, yen dhangan paduka, pan mundhut tulung puniki,
bahita kelawan yatra.
Dan
wontena kalih kethi pasmat hiki, dene hingkang harta, mapan sumerepa hiki, kang
yatra bandar punika.
Dene
sagung hingkang sentana Mentawis, kang kantun sadaya, samya trimaha rumiyin,
hadhahar pamedalira.
Hingkang
siti lamun sampun jangkep, benyjing, pan tuwan wangsulna, hinggih harta kalih
kethi, mring Mentawis malihika,
Milannipun
sudara paduka yekti, mekaten karsannya, mundhut harta kalih kethi, dinamel
sangu cekapa.
Sabab
badhe binekta sadaya sami, hingkang putra wayah, myang sentana Basah hiki,
Tumenggung prajurit lawan,
Sagung
jawi kang purun binekta kaji, nanging Sri Nalendra, datan sedya kondur malih
mring tanah jawa pribadya.
Dene
sagung pan sasenengnya pribadi, Jendral sareng mirsa, Kapitan Rup haturneki,
kendel dangu tanngandika.
Riwus
sira mengkana wangsulanneki, Kapitan mulih ya, matura sesuk pan mami, hayun
mrona pribadya.
Kapitan
rup wus lengser prapta Betawi, lajeng sowan Nata, wus katur niskara neki,
Jendral Pan Dhebos welingnya.
Sri
Nalendra mapan sanget ngarsi harsi, marang praptanira, Jendral Pan Dhebos
puniki, mapan sampun tigang dina,
Dipun
hantos Jendral mapan dereng prapti, nulya Sri Nalendra, pulisi kinon nimbali,
mring Kapitan Rup wus prapta,
Dereng
dangu nulya na hutusan neki, Jendral mapan ngundang, mring Kapitan Rup puniki,
pan dhumateng Bogor hika.
Nulya
pamit Kapitan mring Sri Bupati, pan lajeng kewala, saking ngarsanya Nrepati,
Kapitan Bogor wus prapta.
Kapitan
rup mengkana pan sampun pangih, lan Jendralpunika, Jendral Pan Dhebos ling
baris, Kapitan marmane sira.
Hingsun
hundang sun hayun merana dhingin, mapan banjur lara, pan kaya mengkene hiki,
pan tan kena hingsun peksa.
Nanging
hatining sun wus terang sahiki, yen ban Khaji hika, hingsun tan wani
ngrampungi, sabab durung hana hika.
Hingkang
hadat yen wong gedhe munggah Khaji, hingsun hayun nrerang, mring Negara Wlonda
dhingin, dene bab ing sangu hika.
Lan
preratu mapan rup hingsun saguhi, kelamun wus terang, sing raja Welonda hiki,
sun dhingin hayun kongkonan.
Gelisira
sun wetara pitung sasi, hangkat hulihira, mapan dadi pak belas sasi, marma
becik hing ngantenan.
Neng
Menadhu mapan kiwa lawan sepi, gedhe homah hira, lan jembar polatanneki, lan
perak gunung segara.
Kebon
jembar hakeh hobat becik-becik, lamun hayun dolan, mring gunung pan prerak
hiki, haneng hing kene pan hiya.
Nora
nana lamun hayun dolan hiki, lawan srerawungan, lan wong hakeh kene hiki,
sireku weruh pribadya.
Tutur
ira jare dhemen hingkang sepi, neng Menadhukana, tan hana kuciwa neki, lan
maning Kapitan sira.
Pan
dene hundang marang Kurnel Kokis hiki, kabeh kanycanira, saradhadhu susah hiki,
Kapitan tan hana sira,
Lawan
banjur pamittana Rup sireki, Kapitan Rup nulya, lengser saking Bogor hiki,
datan winarna neng marga.
Sampun
prapta Betawi Kapitan nuli, henyjang sowan nata, wus katur niskaraneki, Jendral
Pan Dhebos welingnya.
Sri
Nalendra mengkana ngandika haris, kapittan tutura, mring Jendral tarima mami,
dene sun kon nganti hiki,
Neng
Mennadhu hangenteni praptaneki, Jendral kongkonannya, yun nrerang mring raja
neki, nanging sakalane hika.
Durung
prapta Jendral pan kongkonnanneki, hingsun titip hika, kabeh hanak putu mami,
kalawan sadulur hing wang.
Lawan
maning hing Tegalharjaku hiki, lan sebalannira, pan sun wenehaken iki, marang
Si Dapanagara.
Sakalanne
hingsun durung munggah kaji, nadyan besuk hiya, lamun prapta Mekah mami,
hingkang gumantung tyas hingwang.
Nora
seja Kapitan sun mulih maning, nanging kang sun seja, mati haneng daganneki,
hiya Kangjeng Rasullolah.
Marma
besuk menawa hana kang mulih, hiku ya Kapittan, mapan hingsun hiya titip, mring
Jendral mongsa bodhoha,
Pan
wong hakeh Kapitan hiku wus pesthi, mapan warnawarna, hatine tan nunggal hiki,
senadyan sedulur hingwang.
Kawan
hanak wus pesthi tan nunggal hiki, lawan hatiningwang, lamun padha harep mulih,
mring jawa hingsun pan lega.
Marma
hingsun titip mring Jendral sireki, sebarang sun wekas, sabab menawa sun iki,
tan nganti maning bicara,
Lawan
hingsun marma hasangu rong kethi, pan hiya cukupa, ginawe sangu lan mulih,
kalawan maning hanaha,
Kang
pinangan hingkang meksih tunggu mami, hiyahaneng Mekah, cukupa marma sun iki,
hasangu rongkethi hika.
Lan
prerahu marma jaluk tulung mami, pan iku kenaha, tinunggangan hingkang mulih,
marma kabeh pratelakna.
Marang
Jendral Pan Dhebos sakarsa mami, lan maning Kapitan, hingsun banget lega yekti,
sira mulih mring Mentaram.
Pan
den bisa sireku ngopen-hopeni, mring kang keri padha, sabab bocah padha maksih,
tanggung pesthi keh kurangnya.
Hingkang
pikir lawan maning jaluk mami, hiya marang Jendral, hiya Walonda sawiji, sun
gawe lelirunira.
Nging
kang bisa cara jawa lir sireki, sabab hingsun hiya, cara Lumayu tan ngreti,
Kapitan matur sandika.
Sri
Nalendra mengkana ngandika malih, heh Kapitan sira, tutura mring Jendral hiki,
Pan Dhebos lan jangji hingwang,
Sagoningsun
mapan nora gelem mami, haneng ngisorira, Residhen kelawan maning, haja den
ladaki padha.
Dene
hangkat ingsun besuk hesnen hiki, mapan dhemeningwang, wus Kapitan Rup sireki,
tutur mring Jendral sira.
Lawan
soma haja sira hangowahi, sebarang karsengwang, mring Jendral Pan Dhebos hiki,
heh wus Kapitan mangkatta.
Tur
sandika Kapitan Rup lengser nuli, sing ngarsa Nalendra, mapan lajeng mangkat
hiki, mring Bogor datan winarna.
Haneng
marga hing Bogor kapitan prapti, pan lajeng hingundang mring Jendral Pan Dhebos
hiki, dhumateng pangkeng kewala.
Sabab
Jendral teksih sanget gennya sakit, pan kalih tileman, wahu denira manggihi,
mring Kapitan Rup punika.
Mapan
wektu punika nagri Betawi, pageblug pan lagya, kapitan matur haris, mring
Jendral hingkang niskara.
Datan
kirang sebarang karsa Nrepati, Jendral ris sebdannya, heh Kapitan sun saguhi,
hingkang tinitipken padha.
Lawan
Tegalharja pan sebalanneki, pinaringken hika, mring Pangran Dipanegari, mapan
sun turuti hiya.
Mapan
mangkat hesnen hiku mapan maning, hing sakarsanira, hiki bakal layang neki,
kang sun gawakhake hiya.
Marang
Kurnel Kapitan parentah mami, mring Residhen kona, lah mara delengen hiki,
lamun Kurang wahonana.
Sakarsane
mapan sun nurut sayekti, lan jaluk Welonda, siji hingkang bisa hiki, cara jawa
lirunira.
Hiya
hana kene pan hajidan mami, hiku saguh bisa, cara jawa nanging cilik, luguhnya
Litnan kewala.
Bener
luput mapan hingsun nora ngreti, sesuk sun kon mrona, Kapitan wus tan mahoni,
marang Jendral seratira.
Hingkang
badhe mring Residhen Mennadhu hiki, Jendral parentahnya, kang binektakhaken
iki, mring Kurnel hinggih punika.
Sampun
rampung sedaya sagung karsaji, Kapitan Rup nulya, kinon matur mring Nrepati,
mengkana wus tan winarna.
Sampun
prapta lajeng sowan mring Nrepati, Kapitan Rup nulya, humatur niskaraneki,
Jendral Pan Dhebos welingnya.
Karsa
haji Jendral Pan Dhebos nyagahi, pan wus tan winarna, sareng dinten hesnen
hiki, Residhen Betawi nulya.
Sareng
henjing sowan lawan Suketaris, lan sampun sumekta, sebarang gya budhal haji,
saking Betawi punika.
Lan
Kapitan herup mapan datan keri, Kurnel kalih ika,hingkang dherekken Nrepati,
pan samya nunggangkareta.
Lawan
sagung ponakawan para nyahi, mengkana Nalendra, rawuh Muhara Betawi, lajeng
hanitih bahita.
Halit
lawan Residhen Panderkapenni, Kurnel kalih hika, Kapitan Rup Suketaris, lan
Raden Ayu kalihnya.
Pan
Residhen Panderkapenni turneki, sampun susahnata, sebarang kang karsa benyjing,
mapan dhawuhnakewala,
Mring
Residhen Menadhu kelawan malih, sampun supe benyjang, paduka mring kawuleki,
mesem ngandika Nalendra.
Heh
Kapeni lamun hana karsa mami, pesthi sun kongkonan, kang mundhut marang sireki,
Residhen haris haturnya.
Langkung
tebih Menadhu lawan Betawi, hing ngriki kewala, Residhen tan sanes hugi, mapan
kalawan kawula.
Sampun
rawuh hing kapal prang Sri Bupati, Kurnel kalih nulya, methuk lan hajidanneki,
lawan para hupsir kapal.
Riwus
sira minggah kapal lawan sami, Den Ayu kalihnya, ponakawan para nyahi, residhen
betawi nulya.
Nuhun
pamit Kurnel lawan Suketaris, myang Kapitan hika, Herup marang Sri Bupati, pan
wus linilan sadaya,
Kang
gentosi Hajidan lan Kurnel hiki, dherekken Nalendra, sedasa hingkang prahupsir,
saradhadhu kawan belah.
Nulya
babar layar mangkat sing Betawi, mring Menadhu hika, mapan datan hangsal
hangin, langkung remben kang bahita,
Lawan
laknat mapan kathah hingkang sakit, myang kang lajeng modar, sajroning bahita
sami, susah kang tyas Sri Nalendra.
Bok
menawa telas jidhet tan dumugi, Menadhu punika, mengkana wus tan winarni, hing
Menadhu sampun prapta.
Mapan
ngantos kalih tengah wulan iki, lampahnyaNalendra, Menadhu saking Betawi, sabab
tan wonten hanginnya.
Ri
sawusnya nulya tedhak Sri Bupati, sing kapal punika, pan lajeng ngaturan
manyjing, hing kitha Menadhu hika.
Residhennya
methuk Pitermat westeki, pan wus tan winarna, tan hewah hanglir Betawi, sagung
hingkang saneskara.
Pitung
dinten Kurnel hinggih nuhun pamit, lan hajidan hika, myang sagung hingkang pra
hupsir, mantuk mring Betawi hika.
Kang
tinilar pan nanging Litnan satunggil, saradhadhunira, seket langkung tiga hiki,
hingkang tengga Sri Nalendra.
Haneng
kitha Menadhu Kurnel winarni, lan hajidan hika, humatur marang Nrepati, paduka
mapan ngaturan,
Dhahar
dhateng Jendral Pan Dhebos puniki, nem atus sawulan, tigang ngatus pethakneki,
habrit tigang ngatus hika.
Saben
wulan nem atus nebda Nrepati, ya Kurnel tarima, Kurnel nulya matur malih,
paduka meling punapa,
Lawan
malih punapa tan kintun tulis, mring Jendral paduka, Nata mesem ngandika ris,
pan hingsun tanderbe karsa.
Kirim
tulis pan ingsun tan bisa nulis, nangingtabeningwang, sira tekakhena hiki,
mring Jendral PanDhebos hiya.
Kurnel
hinggih lan hajidan haturneki, pan samya sandika, mengkana wus tan winarni,
hing Menadhu kawarnaha.
Mapan
langkung pageblug hageng dhatengi, laknat kathah modar, mengkana wus tan
winarni, Residhen Pitermat hika.
Nuwun
priksa dhumateng Sri Narapati, punapa karsa bab paduka rawuh hing ngriki, mesem
ngandika Nalendra.
Heh
Residhen lamun takon hingsun jangji, hapa sira bisa, nekakhake layangneki,
marang hing Raja Welonda.
Lamun
saguh ya sira hingsun turuti, marma hingsun prapta, hiya hing Menadhu hiki, yen
tan saguh tan pakarya.
Hingsun
haweh khabar yekti mring sireki, Residhen pan sagah, hanulya dipun paringi, sarta
malih duk wiwitan.
Ngantos
prapta wekasan Minnadhu hiki, Residhen Pitermat, sareng mirsa yektosneki, dadya
sanget hisinira,
Sabab
dene bangsanira cidra sami, pinuju sageda, kendel haprang cidra hiki, mengkana
wus tan winarna.
Sareng
sampun lami Sri Bupati hiki, wonten hing kitha, Mennadhu sangsaya hiki, gung
coba mring Sri Nalendra.
Hingkang
rayi pribadi sing karya hiki, lingsem mring Nalendra, Den Ayu Dipayaneki, pan
katut Tumenggungira.
Nging
Sang Nata pan wus tan ningali kalih, nging Allahtangala, kang linindhungan
Nrepati, lan supangat Nabi kita.
Siyang
dalu mengkana marma Hyang Widi, Raden Ayu babar, Retnaningsih jalu hiki, mapan
hanuju tahun dal,
Wulan
sakban tanggal sapisan puniki, dinten rebo hika, dalu wanci pukul kalih, mapan
pinaringan nama.
Mring
kang rama Kangjeng Sultan Ngabdul kamid, Raden mas punika, Menadhu Rahman puniki,
tamate serat punika.
Mapan
samya tahun dal nging wulanneki, ramelan nging tanggalira, sapisan jumengah
wanci, bakda luhur hingkang dina.
Mapan
meksih haneng jroning kitha hiki, Menadhu punika, walahuaklam hing benjing,
harsaning Allahtangala.
Nanging
hingkang sinuwun hing siyang latri, mring Allah-tangala, kalawan supangat nabi.