UNGGAH–UNGGUH BASA JAWI
Unggah-ungguh ugi asring sinebat undha usuk, tingkat tutur, tingkat ujaran.
1. Unggah-ungguh, tegesipun tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama. wondene tatakrama tegesipun tata caranipun gineman dhumateng tiyang sanes saha tindak-tanduk utawi solah tingkah (pangucap saha patrap).
2. Undha usuk, tegesipun tatakrama unggah-ungguhing ginem tuwin tindak tanduk utawi kasusilan ing babagan pangandikan lan tumindakipun (pangucap saha patrap). Kasusilan tegesipun mangertos lan nindakaken tatakrama.
3. Tingkat (speech level) inggih menika tatacaranipun (kode) ngaturaken raos pakurmatan (sopan) dumateng tiyang sanes rikalanipun sami gineman.
Unggah-ungguhing basa menika mujudaken adat sopan santunipun basa Jawi. Jalaran adat utawi pakulinan sopan santun, mangartos lan nindakaken tatakrama menika saged mratelakaken pribadinipun tiyang Jawi saha cirining bebrayan (masyarakat) Jawi. Pramila adat (pakulinan) sopan santun menika dumadi utawi sinengkuyung saking kalih prekawis (faktor), inggih menika prekawis :
a. Lingual utawi basa, tegesipun babagan basa ingkang kapilih saha kaginaaken (ngoko utawi krama).
b. Non lingual, tegesipun babagan patrap utawi tumindak rikalanipun nembe gineman utawi ngendikan; asta, pasuryan, paningal, lan kedaling lisan kedah jumbuh kaliyan kawontenan.
PANGENANIPUN BASA JAWI
Basa Jawi wonten bebrayan agung menika tansah kaprebawan kalihan basa nasional (indonesia) lan basa manca (asing), pramila asring lan kenging intervensi babagan tembung lan babagan pramasastra (tata bahasa).
1. Campur kodhe.
Basa Jawi majemuk, heterogen pramila menawi sami gineman asring ngginakaken basa jawi ngoko, krama, indonesia, lan manca.
2. Alih Kodhe.
Tiyang utawi priyantun gineman pramila asring ngginakaken alih kodhe utawi gantos basa ingkang dipungunakaken.
3. Kirang Ngembaka.
Basa jawi wekdal menika ajinipun kirang lan wonten bebrayan agung kawastanan kirang ngrembaka.
C. Jinising Unggah-ungguhing Basa.
Basa jawi menika adhedasar wujudipun basa utawi tembung bakunipun wonten tiga, inggih menika basa : ngoko, madya, lan krama utawi unggah-ungguh basa menika makna lan paedahipun mujudaken sopan santun ing bab basa ingkang saged kaperang dados tiga :
1. Sopan santun ingkang andhap.
2. Cekapan utawi samadya, lan
3. Sopan santun ingkang inggil (ngurmati sanget).
Adhedhasar dhapukanipun ukara lan pamilihing tembung basa Jawi menika saged kaperang wonten pinten-pinten pemanggih, kadosta :
1. BASA NGOKO.
a. Ngoko Lugu
b. Ngoko Andhap, wonten kalih :
1). Antya Basa
2). Basa Antya
2. Basa Krama.
a. Wredha Krama
b. Madya Krama
c. Madyantara :
(1). Krama Inggil
(2). Krama Desa
(3). Basa Kedhaton utawi Basa Bagongan.
(4). Basa Kasar.
Unggah-ungguhing basa saget kaperang dados 9 tataran, inggih menika :
KRAMA :
1. I Mudha Krama
2. l Kramantara
3. l Wredha Krama
MADYA :
4. l Madya Krama
5. l Madyantara
6. l Madya ngoko
NGOKO :
7. l Basa Antya
8. l Antysa Basa
9. l Ngoko Lugu
1. BASA NGOKO
a. Ngoko Lugu utawi Jawadwipa. Basa Ngoko Lugu menika tembungipun ngoko sedaya dene, tembung: aku, kowe; ater-ater tripurusa (dak-/-tak, kok-/-ko-, di-); lan panambang; -ku, -mu, -e, -ake è bot en ewah, tetap utawi panggah kemawon. Ginanipun basa Ngoko Lugu inggih menika kangge gineman :
(1). Tiyang sepuh dhumateng putra, wayah, utawi tiyang enem sanesipun.
(2). Sesamining tiyang, boten ngumati drajat lan pangkatipun.
b. Ngoko Andhap.
Basa ngoko andhap saget kaperang dados 2(kalih) inggih menika :
1). Antya basa,
2). Basa antya.
1. Antya basa
Tembung ngoko kecampuran tembung krama inggil tumrap tiyang ingkang dipunajak gineman, ingkang ngendika mawi krama andhap mratelakaken dipunajeni.
2.Basa antya
Basa antya menika wujudipun ngoko, dipuncampuri tembung-tembung krama lan krama inggil.
2. Basa Antya
a. Basa Madya Ngoko
Basa madya ngoko inggih menika basa ingkang tembungipun madya ingkang kecampuran tembung ngoko. Ginanipun kangge gineman tiyang dusun utawi tiyang pegunungan.
b. Basa Madya Krama
Inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun madya, kacampuran tembung krama. Ginanipun kangge gineman tiyang dhusun kaliyan tiyang dhusun sanesipun ingkang kaprenah sepuh utawi ingkang dipun ajeni.
c Madyantara
Basa madyantara menika tembung-tembungipun kedadosan saking basa madyankara, namung tembung-temnung ingkang tumuju dhumateng tiyang sanes ingkang kaajak gineman kagantos mawi krama inggil.
3. Basa Krama.
Basa krama menika saget kaperang dados tiga tataran, inggih menika :
a). Mudha Krama tegesipun basa kramanipun tiyang enem dhumateng tiyang sepuh.
b). Kramantara, inggih menika basa kramanipun tiyang sami gineman menika sadrajad lan sanes-sanesipun.
c). Redha krama, inggih menika basa kramanipun priyantun sepuh dhumateng tiyang nem.
a. Mudha Krama utawi Krama Alus.
Basa Mudha Krama menika limrahipun basanipun tiyang enem dhumateng tiyang sepuh. Wondene wujudipun basa mudha krama inggih menika, basanipun krama sedaya, kecampuran krama inggil tumrap tiyang ingkang dipun ajak gineman.
b. Kramantara utawi Krama Lugu
Basa Kramantara menika tembungipun krama sedaya mboten kecampuran krama inggil. Limrahipun basanipun tiyang sepuh dhumateng tiyang ingkang kaprenah enem, jakaran rumaos langkung inggil pangkatipun, utawi basa kramanipun tiyang ingkang kaanggep sadrajat; namung ing wekdal menika sampun mboten limrah.
c. Wredha Krama
Basa menika ginanipun kangge gineman tiyang sepuh dhumateng tiyang enem,utawi tiyang sepuh dhumateng tiyang ingkang drajat pangkatipun langkung inggil pramila basa menika asring boten kaginaaken, sami milih mudha krama.
d. Krama Inggil
Basa krama inggil menika tembungipun krama sedaya, kecampuran krama inggil tumrapipun tiyang ingkang dipunajak gineman, krama inggil ginanipun kangge gineman tiyang alit dhumateng tiyang luhur, tiyang enem dhumateng tiyang sepuh, kangge ngraosi priyayi luhur.
e. Krama Desa.
f. Krama Kedhaton (bagongan).