RAMALAN SRI AJI JAYABAYA :
BAKAL LENGSERE BUNG KARNO
Menungsa Jawa mengku ratu
Titikanne nganggo kethu bengi
Pengapesanne wanodya ngiwi-iwi.
Jejuluk sarwa agung edi.
Apes mungsuh setan gundhul,
Tuyul ambregudul,
Bocak cilik pating pendelik,
Ngubengi omah sorak-sorak kaya nggusah pitik
Atine dadi cilik.
Ngundamana bala sabrang sing doyan asu.
Mati tan kena mimis.
Nanging cures ludhes marga lemes.
Kentekan bayu priyangga.
Sinendhal sinambi miring.
MBEDHAH SASMITA PININGIT JRONING RAMALAN JAYABAYA
Kaya kang wus dakposting ing dina kepungkur, manawa atusan tahun sakdurunge Bung Karno lengser saka jabatane minangka presiden, lelakone wus diramalake dening ratu kesdik saka tlatah Kediri, Prabu Jayabaya, utawa kaprah sinebut Sri Aji Jayabaya.
Isen-isene ramalan kaya kang tinulis ing ngisor iki :
Menungsa jawa mengku ratu
Titikanne nganggo kethu bengi
Pengapesanne wanodya ngiwi-iwi.
Jejuluk sarwa agung edi.
Apes mungsuh setan gundhul,
Tuyul ambregudul,
Bocak cilik pating pendelik,
Ngubengi omah sorak-sorak kaya nggusah pitik
Atine dadi cilik.
Ngundamana bala sabrang sing doyan asu.
Mati tan kena mimis.
Nanging cures ludhes marga lemes.
Kentekan bayu priyangga.
Sinendhal sinambi miring.
Jumbuh karo sifate ramalan umume, akeh tembung lan ukara kang angel dipahami. Yen disurasa kanthi wantah, apa anane, kaya-kaya ora ana sambung rapete, antarane ramalan lan lelakon kang dumadi.
Anane kaya mangkono iku mratelakake manawa leluhur zaman biyen, senajan duwe kelungguhan dhuwur lan panguwasa kang gedhe, waskitha bisa deleng apa kang bakal kelakon, nanging tetep ora kelangan kawicaksanan. Mula tetep gondhelan ila-ila, taler-wewaler-uger, minangka manungsa kang lungguh ing papane dadi “makhluk” ciptaane Gusti. Ila-ila iku tinulis lan wus cinandhi ing batine manungsa Jawa “ora pareng dhisiki kersane Gusti, ora ilok”.
Dadi tembung-tembung kang karakit, ukara-ukara kang tinata, rada angel dipahami. Lagi sawuse lelakon kang dikarepke dening “Sang Waskiteng Paningal” binabar dadi kasunyatan.