WANGSALAN JRONING SEKAR POCUNG

0

 WANGSALAN JRONING SEKAR POCUNG




Sekar pucung kenya arga kothekjenun

Sandang lawan pangan

Iku pasihaning widhi 

Uga wisma undha usuk tan prabeda

 

Tembang palwa nurbuat ingkang dhumawuh 

Ugering wong Islam  

Anak ngungkuli sudarmi 

Nalikane kalimah asung nugraha


Sarpa wulung de kenya maseng pra sunu  

Mung padha narima 

Songsong gebang saupami

Estri bisa anarik swarganing priya

 

Pethi kamus lepen daha elaripun 

Angemper-empera 

Lelabuhan kang utami 

Kunir pita arepan nemu raharja

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)