Atur pamrayoga (pitutur becik)
Aja ndarbeni pepenginan dadi wong kang linuwih nanging ngandhut idham-idhaman supaya sarembuge diandel wong akeh, luwih prayoga tansah njaga rembugira kanthi becik, patitis, migunani lan kinanthen tindak-tanduk kang ngresepake.
Iku ajine ngungkuli sakehing pitutur kang dhakik-dhakik nanging durung kabukten ana nyatane.
Lamun arep paring pamrayoga limbangen luwih dhisik tetembungan sing arep diwedharake, apa wis ngenggoni telung prekara: #Bener, #manis, lan #migunani?
Ewasemono lamun wis #bener isih perlu dithinthingi maneh,
yen agawe gendrane liyan prayoga den wurungna.
Dene tembung #manis kudu ora duwe pamrih, lamun ana
pamrihe ya mung agawe senenge liyan kang tundhone #migunani tumrape jagading bebrayan.
Pramrayoga kang kelair mung marga kadereng dening dayaning hawa nepsu kepengin pangelembana amrih katon linuwih, pancen sakala bisa aweh rasa pamarem.
Nanging sawise iku bakal aweh rasa getun lan panutuh marang dhiri pribadine dhewe, kang satemah bisa ngrubeda marang katentremaning pikir lan ati, jalaran wis nyulayani atining liyan.
Mekaten pitutur sepala murih sekeca lan guyub rukuning bebrayan memitran ing grup gladhen basa Jawa.
Bokbilih wonten lepating atur, nyuwun agunging pangapunten
.