GEMAH ARIPAH LOH JINAWI KARTA RAHARJA

0

 GEMAH ARIPAH LOH JINAWI KARTA RAHARJA 




Swuh rep data pitana

Swuh iku sirna, 

Rep suasana tentrem, 

Data hangesti

Pitana iku luhur kang memala mahanani jagat, bisa tentrem lamun bisa hangesti marang luhuring budaya 


Anenggih nagari pundi ta ingkang ka eko, adi, dasa, purwa

Eka tegese marang sawiji

Adi linuwih

Dasa sepuluh

Purwa wiwitan


Ingkang mangka bebukaning carita lah punika Negari Hastina, 

ya negara ing Gajah Oya, Liman Benawi, ya ing Kurujanggala. 

Mila winastan nagara Hastina duking uni tilas kedhatoning Sang Prabu Hastimurti. 

Mila winastan Gajah oya kang yasa Prabu Gajah Oya.


Yen ngupaya satus tan antuk kalih sewu tan jangkep sedasa. 

Ora mokal lamun mangka bebukaning carita dhasar negara panjang, apunjung, pasir, wukir, gemah ripah, loh jinawi, karta, tata raharja. 

PANJANG dawa pocapane 

PUNJUNG luhur kawibawane. 

PASIR samodra, 

WUKIR gunung. 


Pranyata Negari Hastina ngungkurake pagunungan 

ngeringaken bengawan 

nengenaken pasabinan, 

ngayunaken bandaran agung. 


GEMAH tegese kathah para nangkuda kang lumaku dedagangan anglur selur tan ana pedhote, labet datan ana sangsayane margi. 


ARIPAH tegese kathah para janma manca negari ingkang samya katrem bebale wisma salebeting kitha Nagari Hastina, jejel apipit, bebasan aben cukit tepung taritis papan wiyar katingal rupak. 


LOH tegese subur kang sarwa tinandur, 


JINAWI tegese murah kang sarwa tinuku. 


KARTA tegese  para kawula ing padhusunan nungkul pangolahing tetanen, ingon-ingon kebo, sapi, pitik, iwen tan ana cinancangan rahina aglar ing panggonan lamun bengi teka bali marang kandhange dhewe-dhewe. 


RAHARJA tegese tebih parangmuka karana para mantri bupati bijaksana limpating kawruh tan kendhat denya ambudiaya kaluhuraning sri narapati. Marmaning Negara Ngastina jeneng anempuh bebasan gedhe obore padhang, jagade dhuwur kukuse, adoh kuncarane. 


Ora ngemungake kanan kiring kewala, senadyan ing praja maha praja kathah ingkang samya tumungkul datan sarana linawan bandayuda, amung kayungyung poyane kautaman. Bebasan ingkang celak manglung ingkang tebih mentiyung, asok bulu bekti, glondhong pengareng-areng, peni-peni raja peni, guru bakal guru dadi.

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)