TINDAK NYULAYANI ANGGER-ANGGER PURBANING PASTHI
(Serat Sekar Jinarwi Dening Sri Harto Jati)
Barisan ageng para gandarwa kang sejatine sesinglone para jawata arsa gebug Negari Hastinapura , bubar mawut katrajan dening Bambang Sutikno prawa.
Gardarwa Citrasena lan citradharma minangka tindihing yuda muntap, makaten wengise pangandika :
Citrasena : "Hek...Sira manungsa cemani amung sajuga bisa ngobrak abrik wadyabalaku nganti kendang kapracondhang, jenengmu sapa sakdurunge mati tanpa aran."
Abiyasa : " Ora tedheng aling_aling aranku Sutikno prawa. Kadhang wredhane prabu Citragadha, ora susah sesinglon gardarwa sira iku sejatine bangsa kamakoten ya dewa, ora geduga bali apa klakon takbalikake marang ajal kamulanira."
Citrasena :" Keparat ngabangke kuping tembungmu, Dudu perkaraku, Yen kena tak eman nungkula. "
Abiyasa :" Hastina bumi kelahiranku ibarate blumbang manawa banyune buthek iwake ya katut buthek. Sapa kang bakal ngobak-obak banyune menang cacak kalah cacak bakal taksirnakake."
Tumuli dados paperangan Ageng Bambang Sutikno prawa labet nglabuhi ingkang rayi Citragada, bubar mawut salang tunjang rebut gesang. Prabu Citragada nyaketi ingkang raka tumuli munjuk atur.
Critagada :" Adhuh kakangmas keparenga lerem anggenipun bandayuda, mangga dipun rantu sawetawis tekane raja gandarwa."
Dhereng miyat saking palenggahan, kepireng panantange Gandharwa raja Citragada arsa lumawan perang ijen tanpa rewang.
Raja Gandarwa : " He..Ratu Hastina sing duwe sedya angrata jagad ngregem bawana lan para asura uga para jawata, karepmu arsa kinepel jalaran rumasa yen ing tribawana mesthi ora ana manungsa kang bisa ngasoraken yudamu.
Iki minangka cobane Hyang Maha Wisesa negara Hastina ketekan mungsih raja gandarwa, tunggal nama ratu Hastina peparap gandarwa raja Citragada, mara gage cobaneng kasektenku."
prabu Citragada : " Ora bapakmu wae sing maju, Batara Wisnu wae ora menang mungsuh Resi Ramabargawa, ewadene Ramabargawa ana Hastina dudu tandhinge prabu Citragada, kepara maju klakon Bali ing wulan-wulanira."
Dadosaken banda yuda lamine tigang (3) taun ing tegal kuru setra tumuli pindah wonten kali Saraswati. Sang Prabu rumaos kekeselen angaso anggenipun bandha yuda gerah boten dangu dumugi pejah. Gandarwa Citragada badar dados batara Brahma tumuli wangsul makayangan.
Wedaranipun makaten :
Prabu citra gada kaliyan Nata Dwarawati Kresna punika sami sami kasektenipun, nanging bentenipun Sang Prabu Citragada ngelar negara remen perang namung kagem dhirinipun pribadi, ewa dene Nata Dwarawati ngorbanaken dhirinipun pribadi kagem kawulanipun tuwin bebrayan agung.
Tindake Prabu Citragada pralambang tindak ingkang kawengku ing kamelikan, pamrih adakanipun nuwuhaken garejegan, pasulayan, awit limrahipun tiyang tumindak mekaten wau temtu boten rena manahipun samangsa nyumurupi wonten tiyang sanes sarupi angembari lekas, langkung-langkung menawi lampahipun ngantos kelanggar utawi alitipun katututaning sanes, raose manah kados jebol-jebola.
Satemah saged damel tekad sumedya damel pitedah supados ingkang nututi saged kanggeg ing margi sukur saged wurung sedyanipun. Ing pangangkah piyambak katingala nglalela, kenginga makaten ing jagad punika sampun wonten ingkang saged nimbangi.
Lampah makaten punika malah katanggor tanggor awit jroning ati sampun isi WAS SUMELANG mbok bilih bade kelanggar ing asanes. Badhe damel sureming asma, dene was sumelang punika pangajab dateng kasangsaran. Punika dipun lambangaken prabu citraga angsal mengsah tunggal nami Prabu Citragada ugi.
Pralambang kaping kalih Prabu Citragada geser anjanging perang saking tegal kuru tumuju ing pinggir kali saraswati, ing mriku sang prabu tumeka ing kasedan jati. Tegesipun makaten: Tindak ingkang sampun adedasar kawruh kasukman minggah dateng kawruh panunggal Rumaganging damel amung damel rahayuning bebrayan.
Ing dalem manah boten gadah was-was utawi boten sumelan menawi dipun tututi sarta dipun langgar ing sanes. Malah kepara manawi dipun langgar ditututi ing asanes, malah suka jroning wardaya. Dene pakaryan ingkang katindakaken wau wonten ingkang kadugi ngrencangi ngrembat, selajengipun pitados bilih gegayuhanipun bade saged tumunten kadugen kalawan rancag.
Tiyang ingkang makaten tampa boten gadah mengsah ing dalem gesangipun, sanadyan wonten ingkang mengsahi piyambakipun babar blas boten nganggep satru dateng mengsahipun, karana kebak rasa welas asih makaten pralambang palagan ing pinggir kali Saraswati.