PANGUWASANE KODRAT TUMRAP SADAYA KAWONTENAN INGKANG GUMELAR
(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)
Barisan ageng saking negari Wirata tinindihan dening Bambang Irawan, nadyan taksih jejaka tumaruna eling-eling putu Resi Kanwa ing Yasarata ora moksl lamun kasinungan guna kaprawiran jagad tanpa timbang . Dasar bagus rupane bebasan jambe sinigar kaliyan ingkang rama Raden Janaka mung bedane Bambang Irawan kesinungan pusaka Hardadedali panggrahitane ora beda kaya manungsa.
Wahuta barisan ageng Wirata katempuh barisan saking Nusa Barong kang tinindihan dening Prabu Kala Srenggi, tedak tesmak paningali Bambang Irawan tumuli anglolos warastra saking endhong kang sinandhing kaembat-kaembat kang warastra jumebret suwarane nadyan amung sakpucuking pari nanging bisa gawe tumpese prajurit mahewu-mahelu, akarya muntape prabu Kala Srenggi :
Kala Srenggi : "He..he... bojleng Iblis laknat, ora pangling kae raden Harjuna, manungsa sajuga gawe tumpese wadya bala nusa barong siji wae ora ana sing keduman urip., Saka ngarep ora bakalan menang ho..ho... saka buri mati bareng tak lakoni."
Prabu Kala Srenggi anglimpe saking wingking nubruk Bambang Irawan kauntal kandeg wonten ing dhadha, nadyan datan tedhas tapak palune pandhe sisane gurindha manawa ora bisa ambegan nangendhi parane. Prabu Kala srenggi kalangga parung jebol wadhuke brodol usese sampyuh kaliyan bambang Irawan.
Raden Arjuna angrukti layone ingkang putra Bambang Irawan sarta ngunandika marang kang raka nata Dwarawati :
Arjuna : "Adhuh kaka prabu, punapa kados punika unduh2ane wong tuwa tapa supados unggule Bharatayuda Pandawa utuh gangsal ananging lali marang anak boten kasuwunaken kayuwanan marang Kawasa, elinge amung kapan kakang mbok Banuwati dadi randha."
Sri Kresna : "Arjuna, Bharatayuda iku perang suci dene kabeh mau minangka wulang reh, Irawan ateges mendhung lan Kala Srenggi yaiku wanci kang gegirisi utawa gludug gawa udan. Dene pusakane Irawan iku Hardadadali pangrahitane ora beda manungsa minangka pasemon wanci miwiti olah samadi sumingkir saka mendhunging pikir."
Puntadewa : "Kaka prabu kula sumela atur sawetawis, sedaya wau sampun wonten panguwasane kodrat utawi panguwasane Gesang kang Agung, Menawi nitik saking lelampahan ingkang sampun kapengker tetela sanget bilih sedaya sipate gesang tumanja dados sipate bebrayan agung perlu anggarap angrampungaken pakaryan kang sipate cakramanggilingan.
Pramila kuciwa sanget tumrape ngagesang samasa ngantos anyelaki utawi mitambuhi dhateng kuwajibanipun dumados namung sabab kalindih dening pakartinipun Tamas utawa raos Sungkawa, aras arasen wegah keset saeta melik sekeca piyambak, sugih piyambak wosipun kabendhung panggubeling napsu ingkang nedya mikantukaken perlune dhiri pribadi, ngantos kesupen dhateng kuwajiban sesanggemaning ngagesang ingkang kedah dipun garap pakaryan kang sampun dados rerantaming donya punika kula wastani Kala Srenggi.
Dene sintena ingkang angsal panyacad awit saking kirang prayogi utawi awoning tindak jalaran boten netepi kewajibaning gesang inggih kedah boten dados pepesing manah. Langkung prayogi angrumaosi gesangipun punika nedya kangge praboting karahayon. Satemah saged uninga sarta enget dhateng margi ingkang leres tuwin maton wekasan saya tambah prayogi, sedaya tindak saha pakaryan kalayan winengku karahayuwaning pangesthi.
Kosok wangsulipun sinten ingkang tampi pangalembana saking sae pakaryanipun kedah boten dadosaken mungkog tuwin agenging manah, jer sedaya tindakipun wau saestu dhereng dumugi ing sakmesthinipun kahanan jati ingkang rinantam ing dalem kawajiban. Manawi sadengah tiyang sampun kataneman raos kados makaten saestu badhe saged rancak tuwuhe karahayon ing donya punika."