WANI NGALAH LUHUR WEKASANE WIDAGDA ING DUNYA SAMPURNA ING KASIDAN

0

WANI NGALAH LUHUR WEKASANE WIDAGDA ING DUNYA SAMPURNA ING KASIDAN

(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)



Jroning bathos ngungun Sri Bathara Rama dupi ngengeti lampahipun kondhur saking Negri Alengka Diraja  tumuju Pancawati bahudhendha kairit para rewanda. Ngepasi wonten satengahe samodra tambah dipun jebol dening Resi Palasiya jalari tumpes keles larut prajurit rewanda. Palasiya  sesumbar aja amung guwa wijaya sanjata saklumahing bumi sakurep angkasa kapurih namakaken  bakal ditampani dhadha Resi Palasiya.

Karasa jroning penggalih kaya ana benere atase saklamake manungsa wani  ndaku dadi kekandhange Bathara Wisnu kang wenang gawe abang birune jagad, manawa ora di rewangi ratune kenyung apa bisa tekan Ngalengka ngukup Sinta.

Kinarya lipuring penggalih Sri Bathara rama wijaya nyaketi ingkang rayi Prabu Wibisana sansaya suka gumujeng, sami angiras sukaning tawang  nedya nglajengaken sarining rerasan, Bathara rama ngandika rum :

Rama : "Yayi Wibisana, jroning lumaku iki tansah keprungu swara manuk prenjak iku minangka pasemon, manuk Prenjak rada kaduk ing wicara  wewadine kemba kang den liling amung ajak-ajak lan wewarah. Dadi kandeg gunane kang peksi si prenjak seneng ajak-ajak tutur-tutur penggaweane  luwih becik si puyuh."

Wibisana : "Ha..inggih, langkung prayogi kedah waspada, pamrihipun pados bala manawi  kathah  saged dipun tedha. Manawi lila (iklas)  paring piwucal kedahipun balane boten kapurih dadi begundale mardika boten diatur langkung-langkung ngunggulake bangsane  manca punapa dhedher jonggos  wonten ing Pancawati. Kedahipun emut  sasami manungsa tititah sami boten ngaku ambathara, saupami ringgit purwa sedaya wonten astane dhalang wayang sadrema lumampah, buta bisa alus kaya satriya ewadene satriya saged lampah buta punika kuwasane dalang."

Rama : " Yayi sawangen kae manuk puyuh, anggegaluh amrih nyimpen wewadi, yen uwis duwe panggonan nora singgang singgung, manawa dioprak-oprak manawa ora kawidaka  nora ngungsi saka papanira. Nganggo mangsa kala yen muni, unine gemak tuhu widagda, anunggalake mring gustine unine enguk, enguk, enguk, enguk tegese yayi yaiku Gustiningwang wruh uripe wekasan pejah mulane si puyuh rahayu ing budi nadyan sasamine paksi." 

Sugriwa : "Inggih nuwun dhateng sendika,.....ha..ha....arep nanggendi dhateng sendika, iki amarga kalah lumawan Resi Palasiya,  Anoman ya kalah ora oleh gawe kudune ngelingi cakra manggilingan gelem menang ya kudu gelem kalah. Ganti open2 manuk...ha....ha....., empune Kapi Cocakrawun."

Rama : "Peksi Jalak agal ing budi ngatonake kaprawiran iku wong besus wateke tan weruh amung ginunggung . Sabarang karya kawoworan pamrih dene lelewane besus tanpa usus .Mula yayi Wibisana , nora nana ngungkuli hayu basuki bisa busaneng basa. Nora nana wong besus penging ngungkuli sapadha-padha sabab iku reregede ati.

Manuk Kepodhang kepadhangan iku tumuli wateke ala tegese penggawe yayi satuma yen pinikir arsa den lampahi, penggawe ala sing satuma dadi sagajah gedhene, marma niti nguni ya manantanga tegese penggawe kebecikan linampahan dangu aras-arasen nuli tumindak cengil  iku ala.

Lembat wara gulawat nuli  wulangane tegese kang lembat nora gulawat sejatine, winulang gelis agung luhur  kaya macan datan ajulig, sakupama kayuwa ing wana titenana becik ala. Kayu lengki sugih riringa adrengki arang dadi dandanan omah. Beda lawan kayu rawan kang prayoga lurus rahayu sasolahira, atapa sapakantuke ganjaran  sinung arum swarane Nong ning neng rahayu pada sarpa sawa pinandita yaiku naga basuki."

Dangu ingkang maspadakaken lampahe para priyagung kusumaning jagad raya sesingitan wonten sela2ne mega, putra satriya bekukung pura Indrajit kiyatingrat  inggih raden Beganasura, niyup saking dirgantara  ngasta kyai Naga pasa nrambul  barisane prabu Rama Regawa bubar mawut salang tunjang.

Beganadura : "Amuk suramatra jaya matra her amuk krubuten aku, ulungna Wibisana manungsa pengawak racun kulina adus darubeksi  tegel marang bangsane dhewe dadi jongose ratu bedhes, ora ngulungake klakon langga naga pasa! "

Rama : "Bayi wingi sore durung ilang pupuk lempuyange wani nenantang marang Sri Bathara Rama!"

Beganasura : " Ha...ha...ha... Ibliss kowe heh !!, menang musuh wong tuwaku biyen amarga ana sikeparat  Wibisana, Eling-eling wor-worane kuthila  jerohane ora adoh karo sing diwor, kebak sujana lan cubria ora ngerti kasetyane dewi Sinta meksa diobong, lanangne mung kanggo nglanangi wong wedhok, perange kroyokan ora jiwa satriya, apa dikira wong Ngalengka cethek atine kaya cetheke pikirmu !,  kaya ora ngerti pengapesane Guwa wijaya mara gage tamakna !"

Rame anggone bandhayuda sami-sami ginakaken sipat kandel sura sakti tumuli kapisah dening Bathara Endra :

Indra : "Putu Beganasura ngger ! , sumeneya sawetara anggon kita bandhayuda pun eyang bakal paring pepulih. Elinga jantrane jagad kang durung ginelar putu  prabu durung bisa nyumurupi, jangkane dewa besok adikmu si Indrakumala jodone putra Rama regawa yaiku aran Rama batlawa ya kunthi boja, saupama Rama gugur apa klakon adhimu ora duwe jodo, wani ngalah dhuwur wekasane  kaki, tumuli nyuwuna pangapura marang Eyangmu Wibisana lan Sri Rama Wijaya."

Beganasura : "Adhuh,....sendhika dhawuh Eyang pukulun. Jebul lelampahan sedaya wau  ingkang akarya Kawasa sanes manungsa, kula amung dherek murih Rahayuning sesami."

Prabu Gunawan Wibisana gabyuk rerangkulan kaliyan ingkang wayah Prabu Beganasura damel suka renane  Sri Rama Wijaya dalah para rewanda. Minangka pratanda datan ana memengsahan tunjonipun lesantun lampahe wangsul dhateng nagari Pancawati bahudhendha.


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)