KITAB ZUBAD JAWI
Buku Zubad Jawi ini berisi
ajaran-ajaran agama Islam, di antaranya adalah: (1) wajib seorang mengucapkan
sahadat, pengetahuan mengenai makruh, sunah, jual beli dan lain-lain; (2)
uraian mengenai bersuci; (3) binatang/hewan yang diharamkan, baik hidup maupun
yang mati; (4) temapat atau bejana yang dibolehkan; (5) hal mengenai tata cara
membasuh setelah hadas besar dan kecil; (6) perihal mandi; (7) perihal
perilaku; (8) perihal shalat berjamaah; (9) shalat gaib; (10) shalat jenazah;
(11) shalat jumat; (12) shalat hari raya (fitri dan qurban); (13) zakat; (14)
shalat khusuk; (15) shalat istiqoh; (16) perihal pembagian sodakoh; (17)
perihal puasa; (18) perihal haji; (19) perihal menggadaikan; (20) perihal
pemberian; (21) perihal penitipan; (22) perihal wasiyat dan lain-lainnya.
BUBUKA
Nuwun-nuwun
kaliyan kaliyan umatur nuwun kapundhi ing embun déné kula kasageddaken
anjarwakaken Kitab: Zubad Ngarob karanganipun Kyai Saikh Akhmad putra
kakungngipun Kyai Ruslan Assyafingiyyi, mugi dipun rokhmattan déning Gusthi
Alloh, angantos saged rampung, dumugi kula saged ngecappaken, Alhamdulillah,
kula namani : Zubad Jawi. Mugi-mugi Gusti Allah aparingnga munfangat
kanggénipun dhateng bongsa kula Jawi ing tanah Jawi Ngriki, dipun kados
munfangattipun: Zubad Ngarob kanggénipun ing bongsa Ngarob, jer kitab: Zubad
punika kalebet kondhang, kalok ing para ngulamak déning luwessing basa, tuwin
ramessing isén-isénnipun dhasar kadhentongngaken mawi dhenthong rojaz inggih
punika kalih larik salarikkipun trep kalih welas kecap (wanda) mboten kirang
mboten langkung. Saking saénipun agantos kapethik pethik ing para ngulamak
kaisékaken ing kitab karangannipun, lah anggén kula anjarwakaken dadossipun:
Zubad Jawi, punika inggih mawi anirokaken laku dhenthongngipun rojaz wau,
bédanipun: ing Ngarobbipun pungkassanning larikkan satunggal kaliyan
satunggalipun aksaranipun sami, ing wanda menga tuwin sigeg mboten wonten
bédanipun, ing Jawinipun ngriki naming kula ugerri sisigeg lan sandhangngannipun
swara kémawon mboten angugerri aksaranipun, kadosta: Ngarobbipun :
“Awwalu
wajibin ngalal insane, mangrifatul ilabistikoni. Jawinipun: Kawit-kawitanné
wajibbing manusa, idhep marang Pangéran klawan sanyata. Sapanunggilannipun”,
Ing
wasana bilih wonten cirri cacaddipun anggn kula anjarwakaken punika, mugi dipun
angung pangaksamanipun para nupiksani, langkung malih para limpad ing budi,
salajengngipun kaparêngnga anglerêssaken ing salerêssipun saha kula umatur
nuwun déning kaparêngnga anglerêssaken ing salerêssipun saha kula umatur nuwun
déning kaparêngngipun sadhérék ingkang masajakaken panggalih, mboten
amamahonni, angawon-awon, kula pitados: panggalihannipun para linangkung punika
makaten,
Wasollallohu
ngalasayyidina wamaolana muhammadin wangala alihi wasohbihi ajmangin amin:
amin: amin yarobbal ngalamin.
Washallallahu ala sayidina wa maulana Muhammad wa ala alihi wasohbihi ajmaina amn amin amin ya rabbal alamina, jarwanipun : mugi-mugi Gusthi Alloh aparing indhakking kanugrahan dating gusti pupundhén kita Kangjeng Nbi Muhammad sollallohu ngalaihi wasallam sapara Santana, tuwin samitra karuhipun sadaya. Dhuh mugi anyembadannana Gusthi ingkang mangéranni ing ngalam sakalir
Titi
ing Semarang, kaping: 15 Januwari 1925
Déning
: Mas Karta Subrata Inggih Ngabdullah bin Muhammad Syajad.
Pénget:
Seréhning
ing kitab: Zubad Jawi, punika kathah seserattannipun ingkang déréng kalimrah
ing serat serat Jawi aksara Jawi sanéssipun inggih punika ingkang gegepokkan
kaliyan tembung Ngarob ing riki aneteppi ugerran ingkang sampun kapratélakaken
ing kitab: carakan Jawi: Ngarob ingkang ingkang sampun kawuningan ing para
kathah, jer pamaossipun tembung Ngarob bilih mboten patitis mboten sokh
langkung malih bilih maos Kuran bilih mboten patitis kharom, milaha murih patitissing
kecappipun dados inggih kedah anirokaken ing satunggalling aksaranipun asarana
kawewahan aksarékan makaten :
…………….
…………….
…………….
…………….
Sasampunnipun
ati rumaketen suprandossipun taksih kedah angéngetti watekké cappipun aksara
Jawi. Ing Ngarob ingkang swaranipun jejegna [3] mung wolu kadosta : ………………..
sanéssipun sadaya swaranipun rêbah. Makaten punika ajeg ing wanda menga tuwin
sigeg sami kémawon ingkang jejeg lulus jejeg ingkang rêbah inggih mboten éwah.
Béda watekkipun aksara Jawi ing kecappipun tansah éwah-éwah kémawon mboten
kedah ing wanda menga: sigeg sanajan menga kaliyan menga, upami: raja, ratu,
tuwin sigeg sami sigeg kadosta: bathuk-bathukké sapanunggillannipun, awit
déning sapunika, dados ing tembung Ngarob: ………. Serattannipun Jawi kedah: rosul
mboten: rasul, …….. kedah: tholak mboten talak ……. Kedah: khail (kawaos
sawanda) mboten: él utawi: kél, ……….. kedah: taobah, (kalih wanda) mboten:
tobah, utawi: toba[4]t, sapanunggallannipun, langkung malih Muhammad kedah:
Mukhammad Sollallohu ngalaihi wasallam mboten: Muhamat utawi: Mukamad,
Wasana
bilih pénget punika sampun kasumerêppan lerês saéstu mboten wonten pakéweddipun
anyeratti tembung Ngarob aksara Jawi, ingkang waossannipun ugi patitis kados
bilih kaserat ing aksara Ngarob, samanten punika kedah mangretos ing
sakalih-kalihipun waossan Jawi, waossan Ngarob,
Ingkang
punika, mugi andadossaken ing pamirsanipun para sadhérék ingkang sami
anupiksani.
KITAB
ZUBAD JAWI
Bismillahirrahmanirrahim
Sagung
puji mring Gusthi kang darbé jalal tur kang nindakkaken prakara kharom khalal,
Nuli
rokhmatillah tuwin salammira, mring Jeng Nabi kang pinilih tan lyannira.
Mukhammad kang tuduh dalan kang minulya,
saking sasarring klakuwanné kawula.
Lan
mring luwih utamané kang pra mitra, karuh Nabi lén ing para santanannya.
Wussé
iku Zubad nganggo dén dhéndhongké, winuwuhan dadi séwu larikkanné.
Malah
luwih tan sinebut punjullanné, satemenné : séwu satus siji treppé.
Mrih
gampangngé ingapalken déning bocah, tur munfangat mring kang padha ulah genah.
Cukup
klawan taofikillah kang ngreténni, yén rinetén sartané dén lalakonni.
Tandangngana:
nadyan sapra puluhanné, yékti metu nurré ngilmu sing petengngé.
Lah
wong ngalim kang tan ngamalken ngilmuné, winasésa sadurung wong kang mumulé.
Saben
wong kang ngamal nora klawan ngilmu, sakyéh ngamallé tinulak nora payu.
Ingarêp
paring ikhlassé Hyang kang murah, dimén ikhlas ngeculké sakéhé susah.
KAWITTANNING
KAWRUH
Kawit-kawittanné
wijibbing manusa, idhep marang Pangéran klawan anyata.
Ngucap
syahadad loro winilang-wilang, dadi sohéh iman marang wong kang kongang.
Yén
benerké atiné sartané ngamal iman ana kalané nunusan kamal,
Lah
arahen iman mumundhak-mundhakka, déné beningnging ati anyar-anyarna.
Klawan
ngakéh-akéhna solat lan thongat atinggalla ing nafsu saka ing sahwat,
Sahwatting
napsu sartané kanthi dosa, iku majibbaké ing atossé nala.
Satemenné
doh ing atiné manusa, mring Pangéran kang asih: ati kang bongka.
Lan
sakéhé ngamal nora bisa buntas kajabané akanthi niyyat kang ikhlas,
Marma
ngarah aseja sadurung ngamal barêngna niyyatmu myang awwallé ngamal,
Lamun
lulus niyyat kongsi pungkassanné, nemu ganjarran sampurna akhrotté.
Niyyat
ucap sartané ngamal sulaya, myang klakuwan Jeng Nabi: nora sampurna.
Wong
kang tan wruh ing warah iki takonna, mring wong kang wus ngreti sanadyan adoha.
Wong
kang thongat mangan harom nora gigu, papadhané adeg saka ngombak banyu.
Tetepna
tep ing atimu kang santosa, sakéh ngalam anyar: mauné tan ana.
Allah
kang adamel ana tanpa silla, lamun ora yekti salawas tan ana.
Iya
Allah kang ngarsakaké anané, norana kang madhani Panjenengnganné.
Kawasané
Allah mring sakéh kang kena, waskithané mengkuhana: ora ana.
Mung
pribadi dénta nitahken lan ngener, Maha Agung adoh saking mémba mémper.
Gesang:
karsa: kawasa tur wicaksana, Allah langgeng: miyarsa myang angandika.
Ngandikanékaya
sifatté kang kodim tan ngayarké kang rinungu Nabi Kali-m,
Tinulis
ing dluwang ngucap klawan lathi, winaca kaya dén afadhken ing ati.
Ngutus
Gusthi ing rusul klawan mungjizat kang katon mring makhluk nora bisa télat,
Nar
tamtokken Gusthi mring Nabi Mukhammad, nora tinemu Nabi bau Muhammad,
Ngluwihaké
Gusthi saka ing kabéhé, yéku safangatté lan ing kinasihé.
Bau
Nabi kang Aflol sidina Bakar, sambung kapindhoné sayyidina Ngumar.
Nuli
Sayyidina Ngusman kapat Ngali lan nem kariné: pra ahli badri.
Kya
Safingiy lan Ki Malik Khanafiyyi, Kyai Akhmaddin Khambal lan Ki Sufyani.
Lan
lya lyané sapanunggallanné immah, kang tuh pituduh: sulayané rokhmah.
Gya
pra wali karomatté béda-béda, nora tutug mring anak kang séjé bapa.
Nora
wenang lyané kapir kang saweca, metu kita saking papréntahan raja.
Laku
lakuné pra sokhbah kita meneng, ganjarranné pra ijtihad kita seneng.
Farlu
marang marang manusa ngadegken rathu, dudu wajib mring Allah adeggé rathu.
Ngaganjar
marang wong kang bekti murahé Hyang, niksa wong kang sakarsané ngadillé Hyang.
Ngapura
sakarsa liyané wong sirik lulussé néng nraka: kita nora mbalik,
Wenang
Gusthi masésa mring wong kang bekti, ngaganjar mring wong kang ngasi-tanna
ngalangngi.
mankitab
zubadh wenang maring lara marang bocah, niayané Gusthi Mukhal tan kasrambah.
Paring
rizki ing sakarsa: nora éram dé rizki munfangatti sanajan kharam,
Ngudanénni
mring wong kang mati angandel nora baé cilaka wong mati ngandel,
Tansah
baé rilané Sidina Bakar, ing sabarang ngindallahé dadi kodar.
Satuhuné
cilaka wus azal mula, mangkonuga begja iya kuna mula.
Wongtan
mati sadurung tékké ngumurré, dé nyawané lulus wutuh salawassé.
Jisim
bosok mung rongkong kang nora milu, sahid Nabi: uga mangkono tan milu.
Déné
nyawa mungguh dhawuhé Jeng Nabi, kita kudu meneng ora kena muni.
Ngilmu
iku ngungkulli sakéhé ngamal ngilmu tuduhken ing becik lan ing Aflal,
Gatiné
ngilmu wruhi sifatté Gusthi, lan ngawruhi sabarang kang pinarsudi.
Yéku
dinul islam salawassannéya, lir susuci lan solah tanapi pwasa.
Lan
dol tinuku mring wong kang duwé seja, uga tumrap sakéhé khukummé karya.
Lén
ngawruhi lalara pangrusak ati, kaya kaju: gumedhé tanapi drengki.
Lyanné
kang wus tinutur iki kukummé, fardhu kifayah mring manusa tibané.
Sabarang
kang gati sejakna oléhé, klawan yén ta winilang sakéh kang gawé.
Kalakon
agawé becik negah ala, nadyan nyana ing orané nglabettana.
Sakéh
khukum syarngill….i pitung warna, fardhu; sunnah, kharommé warna katiga.
Kapat
makruh kalima tumiba wenang, kanem bathil pungkassan sokhihé numpang.
Jeneng
fadhu gawéné oléh ganjarran tinggallé ing fardhu oléhé: ajarran,
Klebu
fardhu ingaran fardhu kifayah, lir
anjawab salam saka ing jamangah.
Jeneng
sunnah ginanjar wong kang agawé, nora siniksa sakéh kang ora gawé.
Klebu
sunnah ingaran sunnah kifayah, kaya ngawitti salam saking jamangah.
Déné
kharom ginanjar wong kang atinggal lan siniksa wong kang nempuh mancal-mancal,
[10]Wong
kang nerak ing makruh nora siniksa, lamun nyegah karanalloh léh nugraha.
Lan
tinamtu barang wenang nora béda, gawé; mora gawé ya tanna bédannya.
Nanging
kala mangan niyyat kuwat thongat oléh ganjarran wong iku dénnya niyyat,
Wasana
sokhikhé sakéh ing ngibadah, kudu cocog pethuk ing khukummé Allah.
Lah
prakara dol tinuku sapadhané, nut labetté bau ayon ing teteppé.
Yata
bathol lan sokhikhi iku walikké, iya bathil sepiné rukun syaroththé.
Mengko
anjabakna barang kang tinemu, lir tayammum bauné: anemu banyu.
Mangkonuga sepiné kaya kahanan yéku diyah sing waris
kang pinaténnan,
PRAKARA
SUSUCI
Pancénné
sokh asusuci banyu murni, yéku nora mustangmal nora ngemorri.
Barang
suci kang kongsi banget owahé, angilangken nama banyu sawecané.
Owah
rasa: ambu tanapi warnané, sedheng banyu tan butuh mring mau kaé.
Kajaba
yén owah sabab tossé kayu, godhong: ganggeng atanapi sabab lebu.
Béda
banyu kenang najis iku béda, banyu cilik owah ora: tetep padha.
Najis
bathang kang getihé ora mili, lang kang nora katon mata tan nglabetti.
Banyu
gedhé: rong kulah sapandhuwurré, najis nora nglabetti: jaba owahé.
Rong
kulah katén kang bongsa tanah romli, wolung puluh cepak punjullé sakati.
Lah
rong kulah kang bangsa katéndim syiki, tutug kongsi satus luwih wolung kati.
Najis
ngowahken ing banyu wus tétéla, banyu panassing srengéngé tan ngapaha.
Lamun
ilang owahé kalawan dhéwé, suci: banyu: bédak lawan zafaronné.
Sabenbanyu
mustangmal kanggo nucénni, ing prakara farlu yekti nora suci.
PRAKARA
NAJASAT (Jasat)
Saben
cecéwérran ingkang angendemmi, asu: céléng: kirik genjikké lan babi.
Manéh
bathang: balung lan wuluné pisan béda kang sembaléhan tannapi isan,
Wuwutahan
getih: lan sing dalan loro, amung mani kang metu nora mangkono.
Pépérangan
kang urip lamun pinisah, kaya bathang: ora wuluné makkulah.
Wulu:
elar: idu tanapi kringetté, kasturiné dalasan pisan wadhahé.
Dadi
suci maléhé arak ing cekak, maléh dhéwé nadyan mundhuk kongsi kebak,
Lulang
bathang liyané céléng lan babi, lawan asu yén sinamak dadi suci.
Kanajissanné
céléng padha lan asu, tinuruh ping pitu kinanthénnan lebu.
Liyanéku
cukup tinuruh sapisan, déné kang ping teluné mrih kautaman,
Najis
khukmi cukup binlébérran banyu, najis ngabani: dzat sifatté kudu lalu.
Uyuh
bayi lanang kang mungan puhan binlébérran banyu geng gon lang kanggonnan,
Banyu
tuturuhan khukummé panggonnan kala nora owah kalané pisahan,
Ingapura
sithikké getih lan nanah, sing mamala: kukul plenthing kang wus lumarah.
PRAKARA
WADHAH-WADHAH
Wenang
nganggo wadhah suci kayu: gelas lan lyané: aja nganggo slake: emas,
Luthik
celak mas salaka ora kena, kanggo wadon prayoga nganggo sosotya.
Tambal
sopak mas saloka nora kena, lamun gedhé angiran kinarya rêngga.
Kena
sepinéro: ijén nésih cegah, ing sidané kena madhani kang pecah.
Dén
sunnatken anutuppi sakéh wadhah, nadyan kayu tinumpangken dhuwur wadhah.
Dén
prayitna sarupaning suci: jembar, nadyan marang wong picak kang bisa bener.
Ora
pucukking lebennan uyuh: bathang, mawar: arak puhan unta kang pinantang.
PRAKARA
ASSIWAK
Sunnah:
ora wong kang pwasa bangda lingsir, dén bangetké wong kang tangi wise nglilir.
Gonad
ala ing cangkem lan krana solah, tangan tengen kayu arok iku aulah.
Sunnah
cecelakkan ganjil mongsa kala, alelengan tanapi kethok kanaka.
Mbubut
wulu kélék brengos ginuntingngan [16]nyukur ngisor: wajib bocah lanang khitan,
Kang
wus balig kang nutupi ndhas planangan wadon pucuk dén makruhaken kuncungan,
Manéh
angulappi pinggirranning rawis, pinggir jénggot tanapi pinggirran alis,
Nyukur
rambutté wadon kaya anulak pawéhing wong lenga wangi minyak minyak,
Sayuk
kharommé mring lanang lan wanita, angirêng ing rambut nora mangun yuda.
PRAKARA WUDLUK
Wajib
wudluk metuné sing ngarêp mburi, lyanné mani kang majibken agedussi.
Lan
ilangngé ngakol ora turu sila, ingkang tetep lan gepokké éstri priya.
Makhrom
ora: ling aling anulak rusak ndemék ferji manusa kalawan tapak,
Lan
dén pilih mangan daging unta bathol manéh temenné nyata suci lan bathol,
Kala
samar gocékkanna walikkanné, ing lakinné: dhisikké tan kawruhanné.
Métta
walikanné sadurung yakinné, yén tan kinawruhan sih tetep wuluné.
Farluniyyah
masuh tangan karo pisan dalasan sikutté pisan,
Ngusap
sirah sawatara masuh sikil, dalah polok karoné tartibbé kinthil,
Sarot
lima kapisan suci banyuné, wongngé islam lan pinter ing sanyatané.
Tanpa
na kang nyegah tumekané banyu, mring sakéhé kulit kulit kang winulu.
Wuwuh
manjing waktu solah wong bésér, rofingi: milang ilangngé najis bésér.
Sunnah
siwak nuli angucap bismillah, mangsuh tangan sadurung mlebu ing wadhah.
Kemu
kemu: ngiseb banyu ngirung methuk ngrata sirah kinawittan saking bathuk,
Ngusap
kuping njaba: njero sakaroné, bolongnganné uga binanyu liyané.
Nyenyelani
sakéh driji tangan loro, jénggot ketel lan driji sikillé karo.
Sampurnakna
telu telu nyata nyata, tengen kiwa: tangan sikil tan lyannira.
Nglulusna
ing niyyah tekan pungkasanné, ngosokki anggota lanal nunuliné.
Cukuppan
kanggo wudluk banyu samudu, kanggo adus sasong tlobéhé umilu.
Wong
kang junub sunnah wudluk krana turu, krana ngombé lan krana ngamballi mau.
Mangkonuga
nganyarké wudluk yén solah, farlu tuwin mutlak atanapi sunnah.
Rong
rokangat krana wudluk lan dungané, ing bangdané wudluk sabarang waktuné.
Pranatané
madheppa kiblah: sakira, nyipratti banyuné wudluk andhodhokka.
Kawit
masuh tangan lan pék épék karo, pungkassan sakéhé driji sikil loro.
Makruhé
wudluk zngbréh ebréh banyu, nadyan nyawuk saka ing sagara telu.
Utawa:
ndhisikken kiwa tengen kari, tuwin ngluwihi telu klawan yakini.
PRAKARA
NGUSAP MUZAH
Minurahken
wulak mring wong kang néng omah, sahari: lan tri hari mring wong kang késah.
Kang
winenang solah kosor: sangwenginé, telu mau kawit miwitté khadassé.
Lamun
kisruh tutuggé mongsa: masuha, sarotté nganggo: wise suci sampurna.
Tur
muzahé kuwat kanggo mrana mrana, lan nutuppi sikil sapolok karonnya.
Fardluné
ngusap ing dhuwur sawatara, sunnah ngusap ngisorré lan tungkakkira.
Lan
orané maratani sakabéhé, makruh masuh lan lan ngusap ngambal amballé.
Kang
mbatalken pocok lan entékking mongsa, manéh kang majibbaken ing adussira.
PRAKARA
CÉWOK
Kékétéssé
farji majibbaken céwok sunnah pépér watu sinusullan céwok,
Nyukuppi
banyu tanapi séla tiga, kang bisa ngresikaké: sunnah ganjilla.
Nadyan
watu siji kang pojokké telu,
Sorotté
nora aking najis kang metu, nora ngalih:
najis liya tan tinemu.
Sunnah
sajronning jamban madhep kiblah, tan ngungkurken kharom yén ana ing sawah.
Ywa
néng banyu mambek paniyuppé angin sor wit kang who lan léngyéng tela ing sabin,
Nggon
iyubban dalan dalan angadoha ywa anggawa ismalloh lan utusannya.
Yén
kelalén angegemma tangannira, anyuwunna pangreksa: ndhisikna kiwa.
Metu
tengen dhisik nyuwunna pangapura, lan maturra: nuwun ilangngé lalara.
Metekken
sikil kiwa: jarit cinincing, saka sithik meneng: nganggowa ling aling.
Karén
uyuh dén tuntasna karo aja, céwok ing gondhodhokkira atotoya.
Kanggo
pépér kudu atos suci lawan dudu wuyuh: ora pangannan wowohan.
PRAKARA
ADUS
Majibbaké
ing adus mani kang metu, mati: lawan lumebuné khasafatu.
Jroning
farji nadyan mayyit tan mbalénni, mampetté haid lan nifas metuné bayi.
Kinawruhan
mani déning nglermetuné, gonda mayang kurma: roti don adonné.
Wong
kang kisruh nitik mani lawan madyi, sinakarêp kena milih salah siji.
Fadlu
adus mratani awak sakojur, rambut kulit kuku lan lambéné dubur.
Niyyah
kudu binarêngngaken kawitté, adussé haid lan junub sapapadhané.
Sorot
ngilangken najis kinawruhan saliyané lir wudluk away kalépyan,
Sunnah
ngucap: bismillah rêged nuli wudluk sikil winasuhan pisan,
Lamun
niyyah fardlu: sunnah oléh karo, tuwin saben sapadhané: ya mangkono.
Ing
sunnatté adus niyyah khadas gedhé, sepi khadas cilik yén ya: walikanné.
Prayitna:
ing rambut lan lelekikkan ping teluné: kawit tengen lan kosokkan,
Labetté
khail dén misik lan nuli-nuli.
Béda
loro: waras édan manjing islam, grahana lan istikok sarta rêp ikhram,
Malbu
makkah: wukuf ana ing ngarofah, mbalang jumroh lan nginep ing muszdalifah.
Adussé
wong ngedussi mayyit gathuk, karo wong kang mring padusan lantas cundhuk,
Adus
ing padussan wenang mring wong priya, sarta nganggo telessan ngerêmken mata.
Makruh
malebuné wadon kang tan nifas,
Sadurungngé
malebu wéha bayarran, nora wenang nganggo banyu bréhan,
PRAKARA
TAYAMMUM
Dén
wenangken tayammum mring sakaroné, wong kang khadas cilik atanapi gedhé.
Syarot
kudu wedi nganggoné ing banyu, wong kang kasepén ing banyu lawan lebu.
Sedheng
manjing waktu lan wus takon banyu, wong kang kesepén ing banyu lawan lebu.
Nadyan
bledug wedhi: mustangmal tan kena, némpél ing anggota utawa pisaha.
Farlu
tayammum ngalihken lebu: pama, sing rahi ring tangan sabalikké kena.
Nedya
lebu lan niyyaha menangngaké, ing farluné solah banjur ngusappaké.
Ing
rail an tangan karo sasikutté, tartib nora
ing enggon dhukul rambutté.
Sunnah
ngrenggangke driji maca blimillah, dhisik tengen anyelani nora pisah.
Mocot
ali-ali ketabban kapisan kapindhoné pamocotté kawajibban,
Pranatané
angadhep ing kiblati, makruh nganggo lebu kéh tan dugi-dugi.
Kharom
tayamum nganggo lebuné masjid lan kang nyegah sarong ing liyané masjid,
Kang
mbatholké sakéh kang mbatholké wudluk wuwuh nyipta ana banyu cedhak ing tuk,
Mangkonéku
sadurung nglakonni solah, yén wis sajro wajib ing ngadahé solah.
Yogya
ambatholna solah dimén bisa, wudluk kadi solahira tan kuciwa.
Murtad
bathol solatté: nora wudluné, nganyarna: tayamum ing saben farluné.
Ngusap
tambal ing banyu gya tayammumma, tan
mbalénni solah yén bener séléhnya.
Nanging
tambal kang néng anggota tayammum wudluné tayammummé ing kono manglum,
Wong
kang junub sinakarêp sakarsanya, dhisikké wudlu tayammum nora béda.
Wong
kang khadas yogya tayammumma kala, amasuh ing mamala gya sampurnakna.
Bangdané
yén karêp ing fardlu solatta, yén tan khadas solatté atayammumma.
Wong
kang khadas lanjunub kasebut nginggil ambalénni ngreksa tartib ujarré kil,
Lah
wong kang kasepén banyu lawan lebu, asolatta: mbalénni mangsané nemu.
Ing
salah sawiji banyu tuwin lebu, mrih suwakké ing sakéh kadla:né fardlu.
PRAKARA
HAID (ANGGARAPSARI)
Kongangngé
haid sangang tahun sathithikké, sadina sawengi tan kena kurangngé.
Kékéhé:
limalas dina lan lumrahé, nem tanapi pitung dina cecedhakké.
Sathithikké
nifas pan naming sadhéla, notog swidak lumrah patang puluh dina.
Lamun
luwih sing notog sawidak dina, lulussé rah mustahalotun rannira.
Nora
kena inganggerran kéhé suci, mung sithikké tinamtu satengah sasi.
Sithik
sithikké meteng iku nem sasi, notog notoggé pat tahun wus jinanji.
Saprateluning
tahunné toggé rupa, lumrah sampurnané meteng sangan condra.
Sabab
khadas kharom solah lan tho waffé, tuwin kharom nggawa Kuran lan nggepokké.
Junub
wuwuh kharom maca Kuran nedya, ngunder masjid haid nifas wuwuh kharomnya.
Guyon
nggepok sor wudel ndhuwur dhengkullé, kenané yén wis adus ing sakaroné.
Kena
mrih liruné adus sakaroné, wuwuh manéh anglakonni puwasané.
Lan
pinegat uga kharom sakaroné, kenané yén wus padha mampet getihé.
PRAKARA
SOLAH
Mangkya
solah: farlu mring wong kang pinredi, haid lannifas karoné kudu ngedohi.
Nuli
wajib pamong mring kang dén wengkonni, akon solah kawit ngumur pitung warsi.
Kena
nggitik yén wus ngumurring sadasa, diwasané tan mbalénni solattira.
Tan
ngudur ngakirken solah jaba lépya, turu lan jamantakkir tuwin pineksa.
Waktu
dhuhur wit lingsir praptaning mongsa, wuwuh ing wayangngan barang saupama.
Nuli
nyandhak waktu ngasor kang nyandhingngi, pinilih wayangngan rokang
ngpamani.
Wenang
kongsi surup surya yén solatta, gya manjing waktu magrib wussé mangkana.
Lulus
manut panemu dhisik kang terang, kongsi sisa sirnanira mega kanga bang.
Gya
nyandhak waktu ngisak praptaning fajar, mega malang wétan katon mayar-mayar.
Lan
pinilih pra teluning wengi: wenang, tekan pecungullé fajar sodik wenang.
Nyandhak
subuh pinilih praptaning padhang, wenang lulus kongsi mundhak padhang-padhang.
Sunnah
acancingngan solah awwal waktu, sedheng kono kéh sabab kang dadi tuju.
Sunnah
manéh mrih adhem agawé dhuhur, dé bangetting benter praja benter luhur.
Krana
amrih jamangah ing nggon tekané, maring masjiddé ning doh: béda jumngahé.
Solah
kang tanpa sabab dhisik cinegah, bangda solah subuh jaba surya mungguh.
Lan
bangdané solah ngasor kongsi surup, atanapi kala surya lagi mungup,
Ing
tengangé kajaba yén dina jumngah, jaba lingsir: lan ngayom surya digenah.
Déné
lamun mawa sabab kang ndhisikki, lire nadzar lan bobor tan dén kharommi.
Manéh
rong rokangat thowaf lan thahiyyah, sukur: kusuf tanapi solah janajrih.
Lan
ing makkah: ora yén sabab yun ikhram tan dén makruh anan solah ing jro khammam,
Ing
nggon cucul enggon unta: pakuburran kang tan dhinudhuk ing dalan ing jagallan,
Sartané
sokh kang angampet uyuh entut sandhing pangan asolah atiné kényut,
Solah
kang dén sunnatken badaro: kusuf mangkonu ga al-istisko ilankusuf,
Witrun
sarokangat sawelas notoggé, wise solah ngisak tumeka fajarré.
Rong
rokangat koblassubakhi lan dzuhuri, bangda dzuhur, maghrib tanapi ngisa-i.
Manéh
rong rokangat sadurung dzuhurré, dadi papat kaya sadurung ngasorré.
Tandya
tarowihu sunnah: dén gawéya, nuli dluhka wolung rokangat tamanya.
Sorsorré
rong rokangat unggahé surya, lulus kongsi nengah-nengahé baskara.
Solah
sunnah ingsir wengi luwih gati, sayuk solah sunnah tahyatul masjidi.
Rong
rokangat sasalam pan nora luwih, katut dning solah: fardlu sunnah malih.
Ora
déning sarokangat lan janazah, tuwin sujud sukur tanapi tilawah.
Ambal-ambal
sabab karêppé lumebu, rong rokangat sawessé srengéngé mlebu.
Bobor
solah sunnah kang dén waktu-waktu, sunnah kala….: ora kang sababbé mengku.
Gagén
urut angoloni ing bobarran, lueih manéh mring wong kang nora ijirran,
Wenang
ngakhirraké dhisik sih dadakkan, nora wenang ndhisikaké muakkhoran,
Metu
prakara loro ababarêngngan, sabab tutug
barang kang winaktu sarngan,
Nuli
wenang solah sunnah karo linggih, tanpa ngudzur: saparoléhé tan luwih.
Sakéh
rukun solahi ngétung telulas, niyyah: gawé fardlu tangyinné angiras,
Déné
kang darbé sabab winaktu-waktu, wajib nedya gawé tangyinné umilu.
Kaya
witrin déné solah muthlak mangkya, kono cukup niyyah agawé kéwala.
Tanpa
séndhén mring kang kagungngan fadlilah, wilangnganning rokangat madheppé
kiblah.
Pindha
ngadeg mring wong kang bisa ngadegga, telu takbirotil ikhrom nora liya.
Nadyan
tinamtu takbir saking carukkan kudu niyyah lan takbirra ababarêngngan,
Mungguh
kang pinilih ing imam nawawi, lan Gozali prakaréku anyukuppi.
Klawan
yén ta atiné wong kang nglakonni, solah madhep ing niyyatté nora lali.
Lah
yén ora bisa ngadeg jejeg kena, karombengkuk yén ora: iya linggiha.
Sabisané:
meksa nora bisa: kena, turon miring lambung tengen kang utama.
Misih
nora bisa kena lumah-lumah.
Yén
tan bisa nganggowa tlapukkan mata, ora nglakokna rukun sajroning nala.
Tinggal
solah tan wenang: yén sih budiné, bau apes yén bisa kala ginawé.
Wong
kang nusul rokangat tanpa Fatikhah, sakéh huruf tasdid fatikhah dadi genah.
Yén
liniru kharof fatikhah tan dadi, wajib tartib wacanné yén nuli-nuli.
Pedhot
fatikhah sabab meneng kang suwé, lén sadhéla nedya medhot dadi gawé.
Ora:
sabab sujud sajadahé makmum Amin dungak wacanné imammé makmum,
Nuli
pitung ayat runtut lwih utama, tinimbang kang balenjattan nora rata.
Gya
dzikir kang tan kurang saka khuruffé,
fatikhah: tan dya meneng ing samurwatté.
Mbanjur
rukuk nyandhak dengkul gya ingtidal yéku bali ngadeggira saking asal.
Anyandhak
kapitu sujud rong sujuddan anyéléhken bathukké tan katutuppan,
Gya
lungguh amisah ing sujud karoné, kanthi tumakninah anteng sakabéhé.
Nuli
linggih maca tasahhud akhirré, kono maca solawatting utussanné.
Rampung
bab jur uluk salam kang kapisan nuli tartib tumiba rukun pungkassan,
Gyantya
sunnah abngallé solah I ngaran ahyat awwal lungguh solawatté pisan,
Ngalan
nabi waalihi munggéng akhir, nulya kunut lan ageggé nora cicir.
Ing
adeggé subuh rokangat pindhoné, lan ing witir bangda nisfu puwasané.
Sunnah
solah sadurungngé iku adzan lan ikomah nadyan anéng pasawahan,
Saroththé
karo tartib lan nuli-nuli, wong kang adzan kudu lanang lan mangerti.
Tur
kudu kang islam lan manéh sartané, kudu weruh ing waktu manjing-manjingngé.
Sunnah
genah ing adzan nyerokken swara, ing ikomah alon sarta gancangnganna.
Manéh
noléh karoné kala: khaingalah, sembadané suci lan ngadhepken kiblah.
Ngadil
jujur pik swarané lan taswibbé, adzan subukh tarjing tur krana Allohé.
Sedheng
luhur ucappé: nyembadannana, wong kang ngrungu: sanajan isih junubba.
Nanging
wong kang ngrungu ngliruwa khaukolah, kala muadzin ngucapken ing khaingalah.
Mengkon
junjung tangan ro ing takbir ikhram pucuk jempol ro lan godhoh lir ginendam,
Lan
kabuka sarta driji karênggangna, witté njunjung iya witté takbirrira.
Mangkonu
garukunglan igtidallira, séléh tangantengen numpang glangngan kiwa.
Sorring
dhadha ngingetké prenah sujuddan gya ngucanken iftithah sakabéh pisan,
Ing
saben rokangat tangawwudz alonnan amin serum yang imam mrih abarêngngan,
Maca
suroh seru lirih nut prenahnya, béda wadon cedhakkan angalonnena.
Takbir
ngalih (intikol) sakabéhira, mung igtidal : sami ngalloh sa-akbarnya.
Lanang
rukug ambenggangken sikuttira, tunggal karo ngrata geger gulunira.
Nyéléh
tangan ro ing dhengkullé sawussé, kumpul rakad lohorré maring kéblatté.
Dhuwurna
wetengngé sing pupu loroné, sikil benggang ratakira sakilanné.
Lan
linggiha istirohah saben kala, arêp tangi saka rokangat ji: lunya.
Maca
tasbih jro rukun lan sujuddira, séléh tangan ing pupu loro takhyatnya.
Mbébér
sakéh driji tangan kiwanira, ngegem lyanné panuduh tangan kanannya.
Lah
kalané illalloh: angobahena, ing panuduh kraya taohid solattira.
Nuli
salam kapindhoné noléhira, niyyattana metu saking solattira.
Kang
ngimammi niyyata wéh salam konca, kang néng kono: kabéh niyyat jawabbira.
Mangkya
saroth solah islam lawan pinter, kraya pitung taun lumrahé wus thenger.
Mring
farlu lan sunnah marang wong kang mredi, ferlu nora dadi sunnah dén aranni.
Suci
barang kang tan mangaf lire khobas, jarit enggon badanné tan khobas khadas,
Wadon
tokon anutuppi ngauttira, antarané wudel lawan dhengkullira.
Mardi
késtri nutuppi sakojur badan, mung rail an pék-épékké katingallan,
Maning
waktu kudu wruh utawa nyana, madhep kublah tan ken ra: jaba yuda.
Solah
sunnah lulungan nadyan cedhakka, kudu tinggal cukurran marang manusa.
Ing
rong kharof sakharof winaca dawa, tanapi wéh rêti: ya ngguyu nangissa.
Tuwin
dikir: maca kuran kang mungbaé, awéh rêti tanapi tanna niyyatté.
Njawab
ing wong kang wahing saka pujiné, lén nyaurri ing wong kang uluk salammé.
Ora:
sabab watuk dhéhém kang kapeksa.
Léh
yén imam dhéhém kongsi nyata-nyata, kharof loro sayogya isih manutta.
Dé
panggawé kéh sanadyan kalalénna, pama telung idhakkan kang nulya-nulya.
Lumumpat
kangbanget kang mbetholken swasa, mangkonuga owahé ing niyyattira.
Sunnah
lanang tasbikh katekannan swara, wadon keplok gigirré pék épékkira.
Tinggal
rukun dadi ambathoken solah, sepi saroth iya dadi nora esakh,
Makruh
nyilakken jarit tuwin rambutté, andengéngék ngingetti langit dhuwurré.
Manéh
malang kadhak tangan néng lempéngé, ngusap lebu tuwin krikil sing bathukké.
Pék
épék ro suméléh jro lengennanné, kala sujud tanapi takbir ihrommé.
Sujud
mémba kaya panucukké gagak, lungguh nglésod lir nglésoddé asumanak,
Yéku
bokong tangan ro sumléh nglemah, kémpol
loro ngadegken luhuirré lemah.
Manéh
nolah-noléh tan ana preluné, idu nengen tanapi ancer kiblatté.
PRAKARA
SUJUD SAHWI
Sunnah
sujud lorongeméhi salammé, krana klalén kang mbatholken panjaraggé.
Lén
tinggal sunnah abngal njarag lén lali, ngelih rukun kouli: ora yén hai ati.
Saben
rukun kang tininggal krana lepya, wussé iku muspra: tekan nekan nana.
Papadhané:
iku dadi gegentiné, nadyan klawan nedya sunnah panggawéné.
Wong
kang klalén gawé ta sahud awwallé, ngadeg jejeg bali dadi ing khawommé.
Wong
kang bodho ing mangkono tuwin lali, ora bathol yén ora iya ngabetti.
Nanging
makmum mangkonéku masthi bali, maring lungguh krana nut imammé dadi.
Déné
bali sadurung jejeg adeggé, sunnah sujud sahwi yén wis méh jejeggé.
Wong
kanga nut tan sujud laliné dhéwé, ning laliné kang dén nut kudu manutté.
Mamang
pétung rokangat koblas salammé, nora kena nguyu ucap sapa baé.
Nanging
kudu mrih yakinné nut sithikké, sabanjurré: sujud sahwi mrih becikké.
PRAKARA
SOLAH JAMANGAH
Sunnah
jamangah ing solahé maktubah, witir: tarowihi: ora yé jumungah.
Wong
kang mbalénni farluné aniyatta, ing jamangah nikodna ing sunnattira.
Kéhé
jamangah dén sunnatken sakira, masjid parêkké tan dadi suwungngira.
Utawa
fasik imammé tuwin bidngah, déné jumngah aran nemu: sarokangah.
Kang
utama takbir ikrom katungkulla, makmum angiringngi takbir imammira.
Ngudzur
jumngah lan jamangah iku udan panas banget atis banget jejebloggan,
Tuwin
lara: ngorong: luwé sanyatané, ing karoné wuwuh ngerêk ing turuné.
Sedheng
jembar waktuné solah lan wuda, mamangan mentahan kang agonda ala.
Yén
tan ilang ing omah becik linggiha, lan nora soh nut ing wong kang wong liya.
Uga
marang wong kang wajib kalanira, lan wong kang angadeg wuwuh rokangatnya.
Sarotté
makmum wruh tandangngé imammé, tuturuttan kena wruh maring kancané.
Lyanné
masjid makmum marêkka imammé, lan nora kaling-kalingngan hawa baé.
Yén
tan luwih tri atus dzira longkangngé, tan ngalingngi: kali dalan lan gumukké.
Wenang
imam: budhak bosah: duwé budi, lan wong fasik liyanéki lwih utami.
Ora
wadon kang ingenut déning priya, wong kang kisruh wacan déning kang sampurna.
Ngéri
tuwin andhisikki ing imammé, rukun gawé loro nuli wruh karoné.
Rukun
papat dawa dawa tur sampurna, krana ngudur: sakéh pangucap lir karya.
Lir
mamangngé makmum rêmben ing wawacanné, dhesekkan tan bisa sujud myang laliné,
Dé
niyyaté makmum ing kawittan wajib imam ing lyané jumngah pan ora wajib.
PRAKARA
SOLAH LULUNGAN
Minurahken
ngringkes solah fardlu ana, kala bongsa pat jroning lungan yén nedya.
Dohé
kira nemblas farsak sing omahé, lungan wenang anganti ing sabaliné.
Saroth
niyyah sajroning takbir ikhrommé, tinggal barang kang sulaya salawassé.
Wenang
ngiras jamang dhuhur lan ngasorré, ing sawaktu kaya magrib lan ngisané.
Lir
wenangngé jamang mring wong kang tan lungan, jamang takdim krana ing anané
udan,
Kaya
udan kala kawitté solatté, ngladeng kongsi kawit solatté sijiné.
Mring
wong kang solah jamangah sangkané, ing panggonnan dadi sangsara lakuné.
Saroth
niyyah jamag ing solah ji: roné, nuli-nuli nedyan tayamun wudluné.
Déné
jamag takdim lan jamag takkirré, pilih-pilih endi kang mayar ngudlurré.
Sabab
lara: manut ing kaoul kang premati, milih iku: khamdun yahyi lan nawawi.
PRAKARA
SOLAH KHOUF
Warna
telu: lamun ana mungsuh kita, ing lyan kiblah sunnah saponthan jagaha.
Solah
imam jamangah pan than liyané, ing rokangat awwal gya nyampurnakaké.
Nuli
genti anjaga: imam trus solah, pan than anut sanadyan solatté jumngah.
gya
nyampurnakken kabéhé ing salammé, lah yén mungsuh prenah ancerring kiblatté.
Ambariessa
rong sof takbirré barêngngan imam sujud sasof miluwa barêngngan,
Sasof
jaga mungsuh kongsi deggé imam kono sujud dadya anusul ing imam,
Ing
prang ruket kono solah sabisanya, dharat nunggang ngéntrani sabisa-bisa.
Gya
ngaromken priya anganggo kancana, asulamman sadurran jaba yén sirna.
Sutra-sutra
bongsa sutra nora kena, carob luwih: jaba bocah iku kena.
PRAKARA
SOLAH JUMNGAH
Rong
rokangat fardlu solah mring mukminin, kang pinredi: mardika: lanang mustauthin,
Tur
kang waras saroth kudu ingadeggan
jamangah wong patang puluh tan kliwattan,
Klawan
sifat wajib waktu kang tinamtu, lamun mbrojol lah dhzuhur wus saéstu.
Salong
saroth ndhisikken kuthbah loroné, wajib lungguh antara kutbah karoné.
Gya
rukunné ngadeg ing Alloh amuji, ing sawussé: maca slawat ing Jeng Nabi.
Wekas
wedi ing Alloh tuwin rêtiné, lir athingullaha ing sajro karoné.
Tutup
ngaouroh nuli-nuli antarané, khutbah loro: solah lan suci karoné.
Thumakninah
antara khutbah loroné, maca ayat ing salah siji karoné.
Maca
dungak mukminin khutbah akirré, yogya seru dimen ngrungu sakabéhé.
Sunnah
jumngah adus lan ngresikki badan nyandhang putih wangen wangen aja éman,
Ésukkana
sing fajar lumaku jumngah, wuwuh mava kuran dzikir away wegah.
Sunnah:
nélingngaké khutbah dén tindakna, takhyat masjid gancangngan aywana léna.
PRAKARA
SOLAH BADA LORO
Dén
sunnatken rong rokangat nadyan dhéwé, wit munjukké surya tumeka lingsirré.
Takbir
pitu: sawissé takbir ikhrommé, lima: wussé takbir ngadeg kapindhoné.
Takbirré
jro ikhrommé lan ing adeggé, khutbah wise kaya ing khutbah jumngahé.
Takbir
ing khutbah kapisan kaping sanga, khutbah kapindhoné takbir kaping sapta.
Sunnah
sadurung solah fithir sarappan sadurung riaya nakhar cecegahan,
Manéh
sunnah ésuk umetu lumaku, jabakothib papaés mangénni baju.
Padha
takbir ing wengi bada loroné, tumeka ing takbir ikhrommé solatté.
Lan
ngiringngi ing solah subukh sangané, tutug wise ngasor ing patangdinané.
PRAKARA
SOLAH KHUSUF LAN KUSUF
Rong
rokangat solat grahana karoné, mengku ruku ngloro lan ngadeg loroné.
Sunnah
ndawakkén wacan sakéh ngadeggé, lan tasbihé arukug tanapi sujuddé.
Grahana
rêmbulan aseru wacanné, ing grahana rêmbulan srengéngé lon-alon baé.
Khutbah
loro wise solah lir jumngahé, andhisikna farlu yén jembar mangsané.
PRAKARA
SOLAH ISTISKOK
Dén
solatta lir bada badasing réhé khakim amawohna sakéh wong kang padha dhzolim,
Mardikakna
gawé becik lan puwasa, telung dina nyandhak ing patang dinannya.
Mrih
ametu lan sor-sorna awakkira, [55] bayi suson kebo sapi lan pratuwa.
Maca
khutbah mungkur kiblah kaya bada, lirunen takbir ing anyuwun ngapura.
PRAKARA
JANAZAH
Wajib
ngedussi ngulessi lan nyolatti, sabanjurré mendhem mring wong kang wus mati.
Jaba
wong kang mati sahid ing paprangngan, lawan kuffar tan solah tan ingedussan,
Nanging
wong kang mati kérêm karubuhan lara weteng kobong kabéh sinolattan,
Yata
bayi kang wus kapanjingngan nyawa, matiné dén adussi lan uloessana.
Kang
wus cengér: ngrejet padha lan wong tuwa, sunnah nutuppi ngganjilli adussira.
Cinarubban
ron widara ing dhisikké, mawa kapur atos yogya pungkassanné.
Mayyit
lanang ingungussan telung lapis, jarit omba kang padha putihé tapis,
Wadon
tapih makena sartané komis, atanapi jarit omba mung rong lapis,
Solah
mayyit niyyah takbir tan kenora, macal khamdu gya takbir pungkassannira.
Wise
takbir kapindho solawat nabi, ing sawussé solawat takbirré katri.
Gya
andungakkén ing mayyit bagdza tiga, pungkassanné takbir catur gya salamma.
Wajib
mendhemmé angadheppaken kiblah, sunnah linuwang landhak ing tossé lemah.
Sunnah
layat mring ahliné kang tininggal kongsi telung dina ing wussé tininggal,
Wenang
nangissi tan nganggo napuk rai, nora jerit jerit anyuwek kulambi.
PRAKARA
ZAKAH
Masthi
zakah ya wong islam kang mardika, kang sanyata anduwénni kang sampurna.
Yéku
khéwan unta sapi lan wedhussé, klawan shorot satahun khaol lan dén ngonné.
Manéh
emas salaka lyan panganggoné, wenang nganggo sandayan dén séwakaké.
Uga
bondha dagangngan bathi ntukkira, klawan syarothsataun nisab sampurna.
Bongsa
pangan kang nguwatti tan kapeksa, kadi anggur kurma lan wetuné gaga.
Klawan
syaroth nisab ing kala atossé, wiji: lan wus katon apik sakéh wohé.
Mungguh
untu sor-sorré nisobbé lima, unta lima zakatté ménda sajuga.
Lulus
kongsi tekan patlikurré unta, gémbél siji sataun kacang rong warsa.
Unta
slawé: pedhétté ing sataunné, tlung puluh nem wajib zakatté pehdétté.
Kang
wus tutug ngumur rong taun sampurna, patang puluh nem unta: khikkoh tetepnta.
Swidak
siji: jidngah kang dadi zakatté, pitung puluh nem bintulabon loroné.
Sangang
puluh siji: tikellé khikkohé, satus slikur untu tinemu sakatté.
Bintulabon
tetelu: sawussé kuwé, saben unta pat puluh bintulabonné.
Saben
skeet dén wajibken khikkoh siji, ingapuwa lwihé sing anggerran iki.
Mangkya
nisob sapi telung puluh iji, ing saben samono zakat pedhét siji.
Patang
puluh musinnah siji zakatté, yéku pedhét kang wus ngumur rong taunné.
Yata
ménda ndungkap patang puluh éka, zakat cempé kang wus ngumur sataunnya.
Satus
slikur zakatté cempé loroné, rong atus lan siji cempé teteluné.
Nuli
saban wedhus satus dén pakolih, cempé siji zakatté tamtu tan luwih.
Bék
kacarub lir bandhané wong siji, yén nggon liwat lan nggon kumpullé sawiji.
Lan
bangsané: kang anggon lan nggon ngepuhé, nggon wenginé lan nggon pangombé
kabéhé.
Mangkya
nisobbé mas rong puluh miskollé, salaka rong atus dirham ing wajibbé.
Karonéki
zakat pra patang puluhé, ing luwihé ingitung ing sabenerré.
Bondha
rikaz yéku pendhemman wong buda, para lima lan kuduné sanalika.
Gya
nisobbé kurma: pametuné gaga, rong atussé punjul skeet lima katya.
Kang
lwih gring lan lyanné kang dén rêsikki, prta puluh antan mrabiyanni nyirammi.
Pra
rong puluh kanthi prabéya nyirammi, paron dadi: tlung prapatté pra sadési.
Bondha
dagangngan ing akhirré taunné, ngijir-ijir ing bathén lan kulakkanné.
PRAKARA
ZAKAT FITHROH
Sasuruppé
srengéngé pungkassan pwasa wajib fitroh tumeka dinané bada.
Tekannana
sasongnging nabi takerré, limang kati lan sapratelu punjullé.
Ing
bugdzad kodarré song klawan cawukkan, marêkki papat tangan roroné insane,
Bongsa
pangan kang nguwatti: pra puluhan, lumrah ing wong nagara kang sinucénnan,
Lah
wong islam kang mardika wajibban, firtoh lan mitrohi wong kang winengkonnan,
Jaba
kafir nora wajib finittrohan, nadyan wajib ngingonni lan winengkonnan,
Ambayarri
utang pangan lan wragaddé, kang tinanggung ing dina wengi badané.
PRAKARA
AMBAGI SODAKOH
Kéhing
warnané tinemu iku wolu, sakirané ngukup mring kang tan tinemu.
Yéku
fakir lire kang tan darbé arta, miskin anyukuppi nanging tan sampurna.
Ngamil
wong kang ngumpullaken sakéh zakah, gya muallaf yé kapes ngagama kang sakh,
Mukatabun
budhak wong kang darbé utang, wong kang amrihing utang sartané wenang.
Sabillilah
wong kang prang krana agama, ibnussabil lulungan duwénni sedya.
Lah
tetelu sithik sithikké ing warna, lyanné ngamil lan tan nyukuppi pawéhnya.
Zakah
marang kafir lan asifat budhak, rong bagiyan maring kang sifat rorokhak,
Lan
mring bani hasim muthollibi uga, lan wong luwih arta tanapi karyanya.
Lan
wong kang wus cinukuppan kadya garwa, luwih manéh sanak sanak wengkonnira.
Wong
kang nglihké saking nggon wong kang duwénni, ing fitroh lan ing bondha kang dén
zakatti.
Nora
dadi suwak ing kapreluwanné, suwak kaffaroh: wekas lawan nzarré.
Sakéh
sodakoh sunnah samar tandukké, utamané mring sanak lan tatanggané.
Jroning
waktu khajah lan sasi puwasa, ing barang kang karêp batihé tan kena.
Sodakoh
kang luwih karêppé ginanjar, marang wong kang kamlarattan iku sobar.
PRAKARA
PUWASA
Wajib
pwasa romalon ing salah siji, prakara ro: sampurnané ing sang bani.
Lan
wruhé wong ngadil tanggal romalonné, mring wong kang doh kurang sing solah
kosorré.
Wus
pancénné fardlu mring kuwat nglakonni, kang islam tur pinredi sartané suci.
Sarotté
pwasa sunnah niyyat pwasané, saben dina sadurung lingsir srengéngé.
Déné
fardlu sarotté kudu niyyatti, puwasané tan keno ra mongsa bengi.
Lan
sepiné kang mbathollaké pwasané, suci khaildlan nifas tan pedhot islammé.
Uga
édan nanging yén turu suwéné, kongsi muput sadina dina pwasané.
Wong
kang ayan yén waras jroné sadina, nadyan mung sadhéla baé iya pwasa.
Saben
barang kang malbu ing guwa garba, sartané sih kélingan nglakonnii pwasa.
Jroning
weteng utek tanapi puyuhan, atanapi dubur lan sajro talingan,
Wong
kang sarêsmi lan mutah jajaraggan, mrih metuné kamalan metuné pisan,
Dén
sunnatken buka wruh suruppé samasi, énggal buka sedheng sahur lingsir wengi.
Abuka
abanyu lamun sepi tamar,
Makruh
candhuk ngemut mut lan ngingicippi, nlepéh banyu kala buka dén sengitti.
Déné
siwak wise lingsir tan ngapaha, nut ing warah: kharom anggandhéngken pwasa,
Sunnah
pwasa ing saben dina ngarofah, jaba marang wong kang khajji men klesah.
Lan
nem dina sawwal kanthi nuli-nuli, kasanga lan sapuluh sura utami.
Luwih
manéh isnain lan khomis dinané, sakéh dina putih: wenangna kang gawé.
Pwasa
sunnah amedhot tanpa ngodloni, karo wenang medhotté ing pwasa fardli.
Lan
nora sokh puwasa dina rihaya, dina tasrik dina mamang mangkonuga.
Nanging
ora: yén methukki ing ngadatté, nadzar tuwin nepungken ing pwasané.
Kengnang
sapudhendha ngrusakken sadina, pwasa romdlon déning cumban lan dosa.
Lir
dhendhané wong dhihar ora wodonné, dhendha kaping déning kapingngé ngrusakké.
Sabab
mati: wajib déning ora pwasa, wise kongang: ya ing saben saben dina.
Samud
pangan kang lumarahé anguwatti, amenangna mukah krana wedi mati.
Uga
wong kang lara lan lungan ing paran, kang nusonni tanapi drabé wetengngan,
Ora
pwasa déning lungkrah wak karoné, wajib kala ora wajib pidiyahé.
Tinggal
pwasa sangsara déning jomponé, piyah lirring ngarêp tan kala pwasané.
Pidyah:
kala wong kang meteng lan nusonni, yén ngwatirké pasuson lan wetengnganné.
PRAKARA
IKTIKAF
Dén
sunnahken ngundher masjid pancén iya,
mring wong islam ing sawussé niyattira.
Sadhélaha:
sunnah sadina sampurna, [68]masjid jamig sasi pwasa lwih utama.
Dadi
bothol ngundher nadzar nuli-nuli, sabab ismig ngepok sarta metu mani.
Ora
yén metu sing masjid sabab lali, tuwin krana nekani khajat insane.
Uga
lara kang sangsara nora lunga, tanapi khaillan adus metuné kama.
Mamangan
lan ngombé atanapi adzan sing muaddzin rotib lan wedi ing sulthan.
PRAKARA
KHAJJI
Fardlu
khajji: lan ngumroh wajib karoné, mung sapisan ing sadawaning ngumurré.
Mring
sakéhé wong islam ingkang mardika, pinredi tur kuwat sartané sembada.
Ing
panganné ombénné lan tunggangnganné, lunga teka: tan kuciwa ing awake.
Klawan
sharoth apik aman dadalanné, kongang liwat samongsa-mongsa waktuné.
Sakéh
rukunné khajji: ikhrom lan niyyah wukuf lingsir sanga besar ing ngarofah.
Tandya
towaf ngiderri ka’bah ping pitu.
Wussé
nuli ngilangngi rambut tetelu rukun ngumroh padha: mung wukuf tan milu.
Suruppé
dam iku tamballing wajibbé wajib khjji ikhrom saka ing mikrotté.
Lan
ngumpulken antara rina wenginé, ing ngarofah lan mbanglang sakéh jumrohé,
Nuli
nginep wina wise mujdzalifah, pungkasanné thowaf wadag ing baitullah.
Sunnah
dhisikké kajji ngumrohé kari, wongkang ikhrom nyepékna sandhang nglimputti.
Mung
ngabebedlan rémong putih karoné, gya talbiyah thowaf lan sakéh dungané.
Ngéjég
kang telung iderran ing ngaréppé, sakariné lumaku lon-lonnan baé.
Salémpangan
(ilthibag) jroning jéggé, sagyi iya lumayu ing sakabéhé.
Rong
rokangat thowaf ing buri makommé, sesak jro khijir ismangil jro masjiddé.
Lan
nginep ing muzdalifah lan minané, wise saka ing ngarofah ing wukuffé.
Nginep
budhal fajar: masngaril kharommé, dungak tuwin rikattan jurang makhasarré.
Ing
mina gya mbalang jumroh ngakhobahé, kaping pitu krikil sing muzdalifahé.
Tandya
takbir amedhot ing talbiyahé, mbeléha dyah tanapi mbeleé kurbanné.
Gya
cukurra lan mendhemma rambuttira, wussé iku nuli thowaf rukunnira.
Wise
bada: ing tasrik bangda lingsirré, ambalangnga jumroh kabéh saurutté.
Klawan
loro: cukur lan mbalangngé bada, atanapi thowaf khono khalallira.
Kethok
kuku manganggo lan ambuburu, klawan telu; kena kod cumbana papu.
Gya
ngombéya ing sakarêp banyu zamzam, lan thowaffa wadag ngaraha multazah,
Mangkya
wajib mring wong mutammatigdzamu, atanapi khajji korin sing kharomu.
Dé
kang kena lakon kosor puwasaha, telung dina ing sadurungngé riaya.
Pitung
dina kala tekan ing omahé, wong kang bobor wukuf takhallul ngumrohé.
Kaladamun,
kajji ikhsor takhalulla, klawan niyyah lan cukur mbayar dammira.
PRAKARA
SAKÉ KANG DIKAROMMAKÉ IKHROM
Dén
karomken sabab ikhrom mring priya, nganggo dondomman lan nutuppi sirahnya.
Pra
wadon nutup tai lengan rambutté, cukur nganggo wangén lan ngethok kukuné.
Gegepokkan
klawan syahwah kabéh kuwé, sina karêp nyembeléh kena liyané.
Yéku
telung gantang kanggo nem miskinné, tanapi pwasa tri ari ngineppaké.
Wong
kang njarak sarêsmmi rusak khajjiné, atanapi kala ing taun candhakké.
Kadya
khali pwasa: kaffarotté solah, pakoléhé kala lir ada kang esakh,
Sokh
kalané bocah lan budhak kang rêsmi, kaffarotté unta: tan bisa nésapi.
Tandya
ménda pipitu orané: kena, sarêgané unta orané puwasa.
Ing
sawilanganné muddé: manéh kharom, mring wong ikhrom lan khalal ing tanah
kharom,
Ngrusak
buron buburon upama unta, iku tunggal kaya suwari kukila.
Wedhus
gibas kaya mémper macan kombang, wedhus kacang wadon pawadhané kidang.
Lan
ya kaya dara: samengko wedhussé, atanapi menyawak padha lan cempé.
Kena
pangan sarêgané tuwin pwasa, lah ing makkah tinamtu pangan lawan dam,
sawilangan mud ingenut pirang dina.
Lah
ing makkah tinamtu pangan lawan dam, ora pwasa: yén ngakod nikah wong ikhrom,
Dadi
bathol nugel thuthukullan kharom, kang sih teles mbedhol ngudur nora kharom,
PRAKARA
ADOL TINUKU
Pancén
do tinuku klawan tembung, lan wangsullan utawa amrih tinimbung.
Ingkang
suci: migunani tur nduwénni, bisa ngulungké kang tuku dén kawruhi.
Kahananné
barang sarta nggon liwatté, lan murwatt ora pwasa: yén ngakod nikah wong
ikhrom, ing sajroné sumayané.
Saroth
adol mas slake padha mas slake, pangannan padha pangannan karonira.
Kudu
tanggap tinanggap ing nggon tumuli, wruh padhané jinis atunggal sawiji.
Wus
pancénné winilang padha pinadha, kala sampurna munfangat pakoléhnya.
Marang
puhan lan kurma: kurma lan ruthab, dén murahken kurang sanisob lir nginab,
Saroth
adol wowohan utawa gaga, sadurungngé tuwa janji anegorra.
Adol
barang sadurungngé tinanggappan, nora dadya: kaya daging lan khalawan,
Dol
tinuku kena janji: sido ora, ing sadurung pipisahan karonira.
Dén
syarothken khiyar saliyanétempah, telung dina sakurangngé kudu genah.
Barang
kang ingedol yén ana celané, sadurung dén tampanni kena baliné.
Ing
baliné barang klawan agé-agé, kaya wong kang dén tuku jroning ngiddahé.
PRAKARA
TEMPAH
Saroth
tempah kuduné dén lestarékké, lan tinampan bayarré jronning linggihé.
Yén
kang tinempahan dadi tanggulnganné, pratélakna sifat lan kira kirané.
Anané
kang tinempahan iku utang, sanalika sinemayan kono terang.
Ning
sumaya kang maglum kéh tinemuné, neteppiné dén santosakkén orané.
Ora
yén who saking cilikké désané, kinarwan tindakkira ning anggerranné.
Bongsa
warna lan sakéhing katranganné, ingkang dadi mbédakkén rêga rêgané.
Mung
baé katerangngan kang dén anggerri, ora ingkang carob mateng déning geni.
Nerangna
ing sumaya nggon pambayarré, yén tan cocog ing nggon ayonné karoné.
PRAKARA
GADHÉ
Wenang
gedhé ing barang wenang adollé, kaya sokh khautang kang tetep janjiné.
Kena
njabel sadurungngé tinampannan, wong kang pinredi idinné kang rinilan,
Wus
pancénna nempuhi wong kang anggadhé, ndaléyané ing barang kang ingandellé.
Suwak
rusak gadhé déning lebaranné, kaya déné ilangngé sakéh utangngé.
PRAKARA
CEGAH
Anyegaha
sakéhé wong kang ngemongngi, bocah: édan tanapi dhuwit mbuwangngi.
Tandang
tandukké dhuwit temen bathollé, wuwuh wong kang tan darbé wang ing utangngé.
Wong
kang muflis kofi nyegah tandangngira, apa baé barang kang bakal dadyarta.
Ora
bathol dzimah lan lara ngwatirké, ing matiné ingandheg tandang dhuwitté.
Agung
kulli sapara telu bandhané, déning sakéh waris ing wussé matiné.
Budhak
kang tan ngidzinnan ing padagangngé, dén nut ken tindak arta mring mardikané.
PRAKARA
BEDHAMI
Dadi
wenang bedhami sarta ucappé, ing sawussé para padutan sélakké.
Klawan
terka sawataranning kahanan, iku awéh utawa lebar utangngan.
Lyané
adol tinuku tuwin nyilihi, iku omah ngengngonni apan dandanni.
Ambatholken
lan menangken léngkong dawa, kanggo liwat lan nyeblokken kayu kurma.
Wenang
metokken jang abjang ing ndhuwurré, lurung kang terussan tan éwuh liwatté.
Manéh
wenangnga jokaké ing lawangngé, ngundurraké klawan idinné kancané.
PRAKARA
LIGERRAN
Saroth
rilanning ligerran sakaroné, utang loro tunggal ing kéhé ajiné.
Lulus
pecahé prakara ligerranné, ing utangngé utawa dén lebarraké.
PRAKARA
NANANGGUNG
Wus
pancénné sokh nanggungngé wong ngibadah, ing utang kang tetep kinawruhan genah.
Anglebarké
lan nagih kang darbé potang, mring kang nanggung tanapi kang darbé utang.
Kenanjabel
wong kang nagging ing izinné, klawan mbayar kang sinaksi panyaurré.
Susullan
tanggungngan marang ing sor sorré, iku mengku ing cela lan ing timbangngé.
Asokh
nanggung sawussé tompa bayarré, manéh asokh nanggung badandé rilané.
Ing
saben wong anekani tan keno ra, pépérangngan kang tan lulus iku ora.
Enggon
kang tinanggung lamun kinawruhan, kira-kira lunga mulihé cukuppan,
Lamun
mati: ngilang nora katempuhan, sarta bathol saroth bondha tineteppan.
PRAKARA
BATHON
Wenang
bathon mring wong kang padha nindakké, kudu tunggal dhuwit bongsa lan warnané.
Mas
salaka lan liyané lan carubbé, ora bédha: tanpa idin ing tindakké.
Bathi:
tuna dén pétungnga ing murwatté, pira kéhé dhuwitté lawan rêgané.
Rusak
bathon majibkvn rusakké ayon, déné mati lan ayan kaya biyanton.
PRAKARA
SUSULIHAN
Sokhé
barang kang liakon ing tandangngé, klawan dhéwé kono wenang masrahaké.
Wenang
ing prakara kang wus kinawruhan, ora
dadi ucappé kang sinulihan.
Nora
wenang adol mring awake dhéwé, bocah: édan sanadyan klawan idinné.
Pinitaya:
pépékané: katempuhan gya pinocot uga sabab édan ayan
PRAKARA
PANGAKU
Wus
pancénné sokhé déning wong pinardya, tan kapeksa sanajan sajroning lara.
Manéh
pinter: kala ngaku klawan arta, lan sokh njabakken tetemu ring khak kita.
Nora
kena jinabel khakké manusa, yén khakkulloh njabellé dadi utama.
Wong
kang ngaku samar iku tinarima, pratélané saben ingkang dadi arta.
PRAKARA
NYINYILIH
Sokh
anyilih janji mongsa tuwin ora, ing mubarang kang munfangat nora suda.
Katemuhan
sawragaddé mbalékaké, ing rêgané nalika dina rusakké.
Déné
anak lan puhanné tan nempuhi, wong kang nyilih nora wenang anyilihi.
Lamun
meksa nyilihaké ing silihan, kono rusak katempuhan kang kanggonnan. Tempuh ora
bali marang kang nyilihi, margo léhé nyilihké tan dén rilani.
PRAKARA
ANGGE GAMPANG
Wajib
ambalékké nadyan pangalihé, lan muwuhi kurangngé upah padhané.
Katempuhan
rusakké barang padhané, padha baé dhéwékké tuwin liyané.
Padha
sapadhané den wenangken tempah, kebak timbang taker lir banyu ing wadhah.
Ora
tetemuné wong klawan sagara, kang dén rêga-rêga sakoatoggé rêga.
Sing
mangsané nggegampang tekan rusakké, klawan dhuwit nagara kang linumrahké.
PRAKARA
NANAMBELLI
Tetep
kang sumrambah kadya pakarangngan, kang kena dén dum lan katut pépérangngan,
Ora
omah kang buminé dén lettaken, iku kaya dén lih nora dén séwakken.
Ngulangngaké
tuwin masrahké rêgané, yén ingedol lan mas kawin sapadhané.
Ning
mas kawin padha tumuli tamtuné, mring pra konca sapira ing dum dummanné.
PRAKARA
NGUTANGNGI PAWITTAN DAGANG
Sokh
klawan izin kang duwé mring ngamillé, dadagangan kang tamtu dhuwit oléhé.
Tan
tinamtu tandukké barang anané, nora kaya tuku bocah saembokné.
Tan
namtokken kang duwé mangsané gawé, lir sataun nggantungken dadi bathollé.
Kinawruhan bathénné ing sakaroné, tunané dén tambal
bathi sacukuppé.
Ngamil
anduwénni bathén bagiyanné, rusak ayon dhuwit dadi dum dummanné.
PRAKARA
NYIRAMMI WIT-WITTAN
Sokh
siramman wit kurma: anggur kalané, tinamtu mangsané jro mongsa lumarhé.
Pakoléh
sing pametu kang kinawruhan, yéku wohé wit-wittan kang siniramman.
Dadi
mundhak wohé déning gumatiné, dé kang duwé rumaksa ing wit-wittanné.
Gya
ngeletté bumi klawan pametuné, tan linakyan iku luwih ing becikké.
PRAKARA
NYÉWAKAKÉ
Saroth
nyéwakké lir adol tinukuné, klawan tembung wangsillan ing sakaroné.
Sokhé
kena klawan bayar sagléthékké, atanapi kinawruhan sumayané.
Ing
barang kang munfangat ing sasuwéné, tur kang kongang masrahken nganggo rêgané.
Yén
kinira kira ing mongsa nganggoné, atanpi kinirakken ing gawéné.
Kang
wus padha kinawruhan sakaroné, dé kumpullé karoné dadi bathollé.
Wenang
sakal lan sumaya pambayarré, yén orané neteppi: dadi sakallé.
Bathol
kala rusak barang kang dén séwa, ora: marga matiné kang darbé séwa.
Nanging
sabab anggagampang amiliha, kena ngluluské lan kena anglebarna.
Dé
sarothé nyéwakké jroning sumaya, masrahna ing bayar kalané papanggya.
Katempuhan
wong kang nyéwa tangan pinitaya.
Déné
bumi kang dén séwakken lan pangan, sapa dhané: sokh sanadyan sinumayan.
Ora:
bayar pametuné kang kinarwan, mring wong tandur lan ora warêggé mangan.
PRAKARA
ANGEBANG EBANG
Sokh
ngebang bang sing carukkan ing tandukké, klawan tembung wangsul lan dalah
janjiné.
Ambalékkén
budhak minggat sapadhané, kang kinarwan pakoléhing nglakonniné.
Lah
rusakké sadurung rampung gawané, ingopahan déning kang akon mauné.
PRAKARA
NGURIP URIP BUMI MATI
Wenang
mring wong islam nguripken ing bumi, kang ora darbékké islam anglabetti.
Klawan
barang kang ngurippi mrih arjané, béda béda khukummé klawan sejané.
Kang
duwénni sumur sumberran ménéhna, banyu luwih raja kaya: nora gaga.
Déné
mangdzin kang nyata isi jauhara, saking ora ngupakara dadi kaya.
Lenga
dammar: etir tuwin wlirang uga, kaya runtuhan wowohan tuwin gaga.
PRAKARA
KHOF
Sokhé
wakof metu sing wong tabarungan, ing mubarang kang wenang mrih munfangattan.
Lan
lulussé tetep dén latarékaké, kena nganggo kang padha tunggal ahliné.
Pedhot
tengah pedhot mburi iya dadi, mring kang luwih parêkké kang wakhof bali.
Saroth
barang srumambah: nora mrih ala, janji tan dén séwakken anutta madha.
Lan
dhisikké lan kariné iya nutta, lah nadhirré ngramékna lan nglestaréhna.
Barang
wakhof kagungngan Hyang Maha Mulya, mula wakhof masjid kadi wong mardika.
PRAKARA
WÉWÉH
Sokhé
wéwéh kala skhé dol tinuku, jaba wiji rong las iku nora payu.
Klawan
tembung wangsullan lir: wéwéh aku, ing iki: nuwun utawa nrima aku.
Manéh
ménéhké aku ing sngumurmu, lan ngalungké aku ing kowé: tinemu.
Iya
pancén dadi duwékké kangmap, ing sawussé nampanni pawéh ing kana.
Nora
kena anjabel kajaba bapa, salaginé barang sih tinemu ana.
PRAKARA
CICIRRAN
Wongkang
nhopénni cicirran bumi mati, dalan dalan pasolattan lwih utami.
Samonéku
yén tan cidra asantosa, tan tinamtu wong kang ngopénni meruhna.
Ing
cicirran bongsa tanapi dawahé, murwat warna atanapi tataliné.
Ngraswattana
ing simpennan sapatutté, yén ngarêppi kang sithik kiranen dhéwé.
Mring
kang amrih: lyanné sithik ing sawarsa, becik ngarêppana: mburi nempuhana.
Ing
tekané wong kang nduwénni cicirran, dé pangannan becik dén doll an pinangan.
Gya
nempuhi: lah kang kena ngupakara, kaya kurma gemedhung ngupakaraha.
Nggaringngaké
tinimbang adol telessé, kharom améksa kanggon kang ngwatirraké.
Kharom
ngepék khayawan kang nguwatirri, lah kang ora lir ménda yogya ngpénni.
Amiliha
ngopénni sarta makanni, karanalloh: ngutangngi idzinné kholi.
Utawa
dol rêksanen dhuwit payonné, kena kongga tetepna ing tetempuhé.
Ora
wajib misah dhuwit papayonné, dé khayawan ngarêp milih sakarêppé.
PRAKARA
BOCAH TEMON
Wong
kang ngadil ngukup bocah ngulandara, fardlu kifayah ngopénni kang mangkana.
Gya
panganné dhuwitté, idzinné kolhir, sepiné sek sékna utangna tumuli.
Kala
sepi baitul mal tan aménéhi, mburi
cukuppé: bocah kang ambayarri.
PRAKARA
TITIPPAN
Sunnah
nrima titippan kala santosa, nora cidra: orané ana narima.
Mring
wong iku ngreksaha ing sapatutté, yéku ngandel titippan ing asollé.
Tinarima
sumpahé ambalékaké, ora ambalékké sawussé angassé.
Wus
pancénné tinempuhké pépékané, nyunyuwéné masrahké ing titippanné.
Klawan
tanpa ngudzur kang nyata nyatané, dadi ilang sabab mati lan édanné.
PRAKARA
FAROIL
Kawit
saking tirkah mayyit sanyatané, lir gantungngan zakah: gadhén kahananné.
Wragat
mulasara mayyit dén apikna, gya utangngé wewekassé tuhonnana.
Saking
sapratelu: waris sakariné, dumman fardlu kang kiniralén tangsibbé.
Farlu
nenem saparoné kang sampurna, anak wadon bintul ibni saterussé.
Kadang
wadon tunggal karo tunggal bapa, bojo lanang tan kalingngan bagiyannya.
Déning
anak nak lanang ngénak lanangngé, kang saprapat bojo lanang nak karoné.
Bojo
wadon munggah yén suwung karoné, sdapro wolu pra wadon sanak karoné.
Rong
pra telu pakoléh ing saparoné, sapadhané pra wadon kang luwih kéhé.
Sapra
telu wong loro nakking emokné, sapandhuwur pra wadon sakéh lanangngé.
Yéku
mbokné mayyit kala tan kalingngan, sapratelu karén mbokné mayyit lawan.
Bapa
lan salah siji lanang wadonné, gya sapranem embok saanak anakké.
Lan
nak lanangngé nak lanang atanapi, loro saking prakadang kadang pawéstri.
Uga
saking pra kadang kadang priya, lan ing siji sing nak biyungngé mayyitnya.
Manéh
nini sawiji lwih akéh ora, kang mbangsanni lanangh ing wadon rokana.
Lan
sakéh anak wadonné nak lanangngé, kanthi nak wadon siji lan ing kadangngé.
Kadang
wadon kang saking bapa tanapi, kadang wadon kang atunggal yayah wiji.
Lan
ing Bapa ing Kaki sapandhuwurré, anak myang nak lanangngé lanang medhunné.
Mring
luwih parêkké ngasbat wise fardlu.kang tetep yén sepi fardlu kabéh milu.
Anak
lanang turun lanang mangisorré, Bapa Kaki munggah lanang mandhuwurré.
Lah
yén ana anak Bapa Biyung: Bapa, wuwuh pratelu dummé wajib pratiga.
Wit
tanna farlu: utawa na unggahé, marang pra nem lan pra telunning karénné.
Utawa
na dum dumman tinemu fardlu, yén mangkono dummé kaki luwih lemu.
Gya
ngedumma pakoléh mring kadang-kadang, lanang wadon wadonné saparo lanang.
Kadang
lanang tunggal karo: tunggal Bapa, nak lanangngé kadang tunggal ro lén Bapa.
Paman
nuli nak lanangngé: Bapa baé, nak lanangngé: merdikakké: ngasobahé.
Gya
baitilmal kono warissthe princess agents sub indo wong mati, dzawil furul ora
bojo jaler éstri.
Sapatutté
furul nuli dlirrokhimi, kangfarlu kang
ngasobah kinarya sepi.
Ngsobah
ing kadang wadon sing lanangngé, kang padha: lan bintul ibnisa midhunné.
Dulur
wadon tantuk dumman lawan kaki, jaba tunggal bapa biyung nyampurnani.
Bojo
lanang: biyung maris sakariné, rong pratelu kaki: ukhtin sakariné.
Saben
nini ingalingngan déning réna, lan kalingan dulur kandhet déning bapa.
Anak
lanang sapadhané anak Bapa, kabéh ing ngalingan kadang yayah réna.
Anak
biyung ngalingan bapa lan kaki, anak lan nak lanangngé ingkang sajati.
Tan
tuk waris budhak lan wong kang murtadi, wong kang maténni lir khakim kang
ngukummi.
Lan
tan kena islam winarissan kafir, mungaidun kharbiyyun kang nyata kafir.
PRAKARA
WASIYYAH, (WEKAS,)
Soh
wewekas klawan samar: tan anané, krana mrih kang tinutur ing sumrambahé.
Kang
tan dado dosa: lan bakal nduwénni, ing matiné kang wekas lir kang maténni.
Pancén
esoh wekas wring ahli warissé, nglestarékké sakari waris mayyitté.
PRAKARA
NYATAKAKÉ WASIYYAH
Sunnah
nglestarékké wekas lan nuhonni, utangngé: lan wekas mardika pinredi.
Sing
pamongngé: mengkonniné ing idzinné, marang bocah lan wong édan sakaroné.
Tekan
ing pinredi kalawan ngadillé, lwih utama prakaréki mring biyungné.
PRAKARA
ANNIKAH
Sunnah
wong kang karêp tur bisa mragaddi, nikah prawan kang ana matur kang tliti.
Wenang
ing wong mardi kapapat kumpullé, batur tukon kenané mung loro bé.
Pancén
kena mardika mring islam budhak, krana wedi ing dadiné bandrék cedhak.
Karo
déné sing tan bisa nyirkawini, mring padha mardika déning sepi joni.
Lan
ngaromna kowé ing priya: ndemékké, maring wadon liyané bojo budhakké.
Uga
kharom ngingetké kojur awake, luwih farji: mring bojo budhak makruhé.
Dé
makhrom lan udhak kang wus dén lakékké, kena ndeleng lyan tara wudel
dhengkullé.
Wong
kang karêp ngrabénni becik ngingetna, rai épék-épékké dzohir bathinnya.
Wenang
saksi lan wong kang ngulah larine, ngingetkaké rai lan enggon larine.
Tuwin
wong kang tuku: ndeleng sakarêppé, yén mranggulli ing wadon cegah ndelenggé.
Tan
sokh ngakod nikakh kajaba lan wali, kanthi saksi loroné islam sajati.
Wadon
kafir tan kudu wali islami, wali kudu mukallaf mardika ugi.
Kudu
lanang tur katon ngadil dhohirré, ora: bendarané budhak lan sulthonné.
Wali
wadon mardika: bapa myang kaki, gya sadulur lanang urut lir warisi.
Nuli
wong kang mardikakké saurutté, toggé khakim lamun fasik lan mampangngé.
Kharom
nembung cetha sajroning ngiddahé, uga njawab béda wong kang ngiddahaké.
Wenang
adu semu kang wis sokh pegatté, kena laki wadon rampungnging ngiddahé.
Bapa:
kaki ing prawan angréh karoné, rondha wlanjar nora gampang ing pangréhé.
Balik
wajib idzinné wussé diwasa, kharom kadang susulan dulur pribadya.
Ora
kharom anak bibék saka bapa, iya uga anak uwa sakaréna.
Kharom
ngakod maratuwa: lan mantuné, sapa ngisor: bojo bapa samunggahé.
Manéh
makné bojo wadun wise wruhé, wise dukhul anakké dén kharommaké.
Kharom
mayuh wadon dalasan dilurré, uga bibék uwa sakaro karoné.
Sabab
édan budhak belang kang ngenani, lanang wadon dadi ucul yén ngarêppi.
Kaya
buntu daging sungu ing farjiné, papadhané: pruthul peluh mring lanangngé.
PRAKARA
SODAK
Sunnah
jroning ngakod acanthi maharré, nayan sithik kang munfangat lan samarré.
Lamun
ora sinebut ya sokh ngakoddé, wise: tinamtu karoné ing khukummé.
Wise
kumpul tuwin mati salah siji, dén wajibken mahar misil kang pinasthi.
Sabab
pegat saduru carêmmé priya, mung saparo mahar lir khulunga pinadha.
Angedhohké
wadon marang ing awake, kajaba yén wis nanggappi sir kawinné.
PRAKARA
WALIMAHÉ PENGANTEN
Dén
sunnatken walimah wdhus sawiji, nekaniné wajib yén tanna ngudzuri.
Yén
ngarêpké wong kang ngundang ing nenedha, mukahe wong kang pwasa sunnah: utama.
PRAKARA
GILIRRAN LAN PAMBANGKANGNGÉ WADON
Wajib
gilir mring bojo lwih saka siji, nadyan lara iya buntu pisan farji.
Mring
lyanné kang dén gilirri sanapura, lumebuné lanang wengi kasangsaya.
Ing
rinané katarik déning fardzuné, kaya tilik ing wadon nuju larine.
Wus
pancénné lanang ngundhirêp lungané, mring pra wadon kawittan ing nggon anané.
Oléh
prawan kinawittan pitung bengi, marang rondha telung bengi nuli-nuli.
Yén
ngawruhi lanang ing solah wadonné, kira bakal mbangkang yogya nuturriné.
Yén
tan kena kudu mbangkang tininggalla, cuthak gilir cuthak blonja dén rasakna.
Lamun
mberung: dén gitik kaki ra yogya, lyané rail an nempuhi kang tumiba.
PRAKARA
KHULUNG (PAMANCAL)
Sokh
mring lanang kang pinredi tan kapeksa, ingulangngan arta liru kang sanyata.
Déné
klawan arak lan tan kinawruhan, pan ing kono majibken mahar padhan.
Sabab
khulung wadon duwénni awake, tanpa tholak tur tan kena binalénnan.
PRAKARA
THOLAK, (PEGAT)
Tholak
cetha iku tembung: megat aku, mocot aku tanapi amisah aku.
Saben
tembung pisah amengku pegattan, dé pasemon kanthi niyyah kadadiyan.
Sunnah
megat jronning suci tan cumbana, klawan khlung mangkonéku iya dadya.
Megat
wadon tan dén mathi luwas darah, meteng: bocah: nora sunnah tan bidengah.
Wong
mardika dén mulyakken tholak tiga, budhak mung ro dadyan wadonné mardika.
Wus
pancénné sokh tholak sing wong pinredi, tan kapeksa sartané nduwénni wedi.
Nadyan
marang wadon kang ngiddah rojngiyyah. ora bain kalawan ngiwal ngitiyyah.
Sokh
anggantungngaké tholak klawan sipah, nanging klawan sifah mukhal nora esah.
Uga
njabakké ing barang kang tetemu, ora: angentekké barang kang tinemu.
PRAKARA
RUJUG (AMBALÉNNI)
Tetep
rujug jroning ngiddahé tholakké, tanpa liru kala sih jroning ngiddahé.
Sarampungngé
ngiddah kudu anganyarké, ora sampurnaning tholak inganyarké.
Jaba
sampurna ngiddahé nuli laki, lanang liya: lan wis dukul lanang shani.
Wussé
dukul pinegat rampung ngiddahé, lah ing kono kena nganyarké awwallé.
Tan
winilang rozngiyyah ing paneksiné, kitab umi lan mukhtasor wus neteppé.
Koul
kodim rujug khuduné klawan seksi, loro: kitab imlak ngandikakké iki.
Ya
mangkono imam robig lan syafingi, lah kang roikh mangkonéku ya nemenni.
Neksékaké:
ring koul loro iku sunnah, meruhaké bojo wadon uga sunnah.
PRAKARA
ILAK (SUPATA)
Supatané
lanang moh kumpul sajeggé, mring bojoné tanapi lwih pat candrané.
Wise
patang sasi wenang ring wadonné, njaluk kumpul yén ora: wajib tebussé.
Tuwin
mbegut déné yén mampang karoné, megat tholak siji kono panguluné.
PRAKARA
DHOHAR (MADHAKAKÉ)
Ujar
lanang kang pinredi dadyandimmi, mring bojoné: kowéki wis kaya ummi.
Sapadhané:
yén tan wusulli tholakké, kono kudu angemohi ing kumpullé.
Kajaba
yén ambayarri tebusanné, mardikakké niyyah fardlu sing thoharré.
Ing
budhak kang mukminah mring kang minulya, tur salamet sing barang tandang
gawénya.
Yén
nora: pwasa rong sasi tuturuttan, jaba krana ngudzurré kang gegepokkan,
Yén
tan bisa ménéhna ing swidak muddé, mring wong miskin swidak kadi ing fithrohé.
PRAKARA
ALLINGAH (SUMPAH)
Ngucap
ping pat déning pakonné parétah, kala bandrékking bojoné kang wus genah.
Lan
tinemokké bocah sing bandrék laku, demi Alloh yekti benerré ucapku.
Ing
barang kang dak aranni kang satuhu, du dwanakku: ping lima: nemu pabendu.
Tetep
lanang panggawéné: lamun dora, wéha kuduh yén ana wadon ing kana.
Wadon
kang ingarannan ping pat ucappé, demi Alloh yekti goroh ing ucappé.
Ing
barang kang ngaranni: kaping limané, klawan nesu: ngaranniné sing gorohé.
Sunnah
anéng mesjid gedhé ing minbarré, ngarêppanning akéh tan kurang papatté.
Medénnana
khakim lanang kang nutukké, ing karoné klawan nutuppi cangkemmé.
Déning
sumpah anak ucul sing turunné, lan khukummé lanang wadon wus masthiné.
Dadi
kharom karoné ing salawassé, mahar paron dulur wadon dén khalalké.
Déning
sumpahé wadon lepas khukummé, bandrék nora dén rojam lan sinapuné.
PRAKARA
NGIDDAH
Lanang
mati nadyan during sacarêmmé, klawan lahir sampurnaning wetengnganné.
Kang
kongang sing lanang kang anginddahaké, lah yén sepi: pat sasi sadasa riné.
Sing
mardika: budhak wadon saparoné, tetep tholak wise wathi sampurnané.
Lepas
tholak déning babar wetengnganné, lamun ora: saprapat taun pancénné.
Mangkonéku
saking wadon kang mardika, budhak wadon saparoné nora suda.
Yéku
kang tan darbé khail kang ték getihé, ning rong sasi budhak luwih utamané.
Mardika
kang khail ngidah tri sucénnanné, budhak rong sucénnan ora saparoné.
Yéku
wadon meteng lan tholak rojangi, jroning ngidah tetep lanangngé ngomahi.
Nora
metu kajaba prelu mamangan, ngwatirké wak bandhané lir karubuhan.
Ngidah
mati kharom nganggo wangi-wangi, apapaés kaya rambut dén lenganni.
LXVII.
PRAKARA ISTIBROK
Wong
kang oléh budhak wadhon dén kha romké, aguguyon kena mung amrih ladénné.
Oléh
boyongngan khalal liyané wathi, lah yén mati bendara sawussé wathi.
Sadurung
lakiné tumiba wetengngan, nadyan bandrék kang legan khail lha sapisan.
Anuntasna
sasasi kang darbé condra, sunnah wong kang tuku bojo anuntasna.
PRAKARA
ROLHOGH
Nusonniné
wadon ngumur sangang taun, marang bocah kang ngumur rong rong taun.
Limang
suson iyéku limang enyuttan, kono dadi biyung né tanpa antaran.
Bojoné
siwadon pan dadi bapakné, sadulurré si wadon dadi pamanné.
Limang
suson tetep kharom, kaya nikah ngingetké lan ing pasapén kono mubakh.
Tan
lumangkah kharom mring bapakné bocah, iya marang sanak sadulurré bocah.
PRAKARA
NAFAKOT
Fardlu
lanang kang luwih wéh pangan rong mud, lamun cukup lanang miskin awéh samud,
Karo
tengah muddé marang kang tengahan, wiji nagarané kang nguwatti badan,
Salawuhé
daging caraning nagriné, wéha batur wadon kang ana pangkatté.
Wadon
kudhung: sandhangngan ingkang prayoga, nut ing cara: katiga nganggo cenéla.
Manéh
klambi landhung ing mongsa rêndhengngan, pranatannén cara bongsa kasenengngan,
Mbecikkenna
ing sandhang nganggo: orané, dadi rusak nikakh kholhi kang neteppé.
Pangan
sandhangngé wadon lan panggonnanné, dén srantékké telung dina ing pungkassé.
Rusak
during cumbana nganggo nukonni, farlhu kifayah kang luwih mbelanjani.
Mring
bapa lan anak kang padha fakirré, ora kang wus diwasa lan nyambut gawé.
Manéh
raja kaya nyudhak sacukuppé, tan pinredi
gawéné ing sakaroné.
PRAKARA
KHALHONAH (MULASARA)
Sarothté
kudu mardika nangkhollé, islam tur kena kinira ing becikké.
Biyung
kang nusonni anak pasusonné, sepiné mbok mbokné biyung saurutté.
Tékké
kabéh lagi bandhak mring bapakné, mbokné bapa iya terus sabanjurré.
Lah
sepiné bapa biyung saturutté, gya sadulur uwa bibi nak anakké.
Tumrap
anak tunggal karo tunggal bapa, dulur wadon anak embok kang sabongsa.
Nyandhak
anak kaki tunggal karonira, tunggal bapa nuli bibi tunggal réna.
Gya
nak wadon saking embok saking bapa, nuli lanang sing paman waris warata.
Ndhisikki
wadon saben saben tingkahnya, dulur wadon lwih becik paman sing réna.
Lan
bapa kang lunga krana pangaléhé, mbok kang laki ing lyan kang ngrumattiné.
Yén
wus pinter bocah milih mring bapakné, angukuppa: biyang wenang ing tilikké.
PRAKARA
JINIYAT (PATÉNPINATÉN)
Njeneng
njarag iku nggitik klawan seja, mring wong klawan gaman maténni lumrahnya.
Kaluputtan
iku mbalang tan pasedya, angenani manusa dadi praléna.
Mémper
njarag iku mbalang apa-apa, klawan barang lumrah ora magat nyawa.
Nora
wajib kisos liyané amaha, krana dadi metokké nyawa pépéka.
Lamun
ngapura sing kisos lirudiyah, sing wong kang ngekhakki dadi wajib diyah.
Nanging
kudu dén botké klawan tumuli, dadyan klawan benduné wong kang maténni.
kaluputtan
maha kaluputtan padha, dén semayakaken diya telung warsa.
Ingénthéngken
kaluputtan sawecané, lir kang ingabotken mau during suwé.
Lah
dén kisos liyané bapa sing mahrom, sasi kharom tanapi jro tanah kharom,
Sanalika
wong akéh sabab sawiji, maténnana awak adon adon siji.
Mengko
lamun kang maténni: wong pinredi, ora kena bapakné kang dén kisosi.
Papadhané
lir tan kisos saturunné, klawan kafir budhak kang khisil karoné.
Saroth
padha pucuk ro ing panggonnanné, tan tinugel kang waras margé kijémpé.
Déné
diyah sampurnéku satus unta, yén ngebotkén cukuppé diyah kadyéka.
Swidah
unta: unta jidngah lan ikkohé, patang puluh padha meteng sakabéhé.
Lah
yén ngénthangken binti makhol rong dasa, kaya bintila bon kasebut ing ngarsa.
Lan
ibni labon murwatté lan padhané, saking ikkoh lan jidngah kala diyatté.
Saking
unta kang waras slamet kabéhé, ora cela
lan ora ilang rêgané.
Mring
pra wadon saparo: kafir kitabi, lan kang nyurupani iku sapara tri.
Nembah
surya tanapi kafir majusi, ing brahala
mung telung pra limanéki.
Angrega
budhak lan wetengngan mardika, kinadukna saparoning pra sadasa.
Diyah
budhak sapra puluh annempuhi, ing rename mbok tumrappé kang nduwénni.
Prakara
kol lisan tanapi wicara, khaddar swara rasa lan khasafah uga.
Lir
diyatté awak gya kuping pangrungu, ngrungu kuping ngrungu sakéhé urufu.
Tangan
tuwin obahé: ngambuné grana, lambé mata tuwin pandelengnging mata.
Sikil
laku tanapi pringsilannira, bokong
janggut kabéh iku saparonya.
Pangkat
pangkat jro irung lan tatu jroné, sapratelu: tlapukkan saprapattanné.
Driji
siji sapra puluh: ros rosanné, saprateluné: jempallan lan pecah koffe.
Untu
tuwin mulikhah sarta amisah, saparoné prasapuluh tanpa congkrah.
Dégga
uta tan munfangat kinawruhan, tatu tan tinutur mung tukon warassan,
Prakara
matenni kaffaroh lillahi, mardikakké puwasa kaya dhiari.
PRAKARA
DAGMADDAMI (TERKA GETIH)
Yén
mbarêngngi tarka getih laufrinungu, yéku papatutté nyana kaju-kaju.
Supata
akaping skeet wong kang nerka, dé diyatté maha maha kang tinerka.
Lamun
ana kang nerka nyegah supata. Anyumpaha kang dén terka mring kang nerka.
PRAKARA
BUGHOH (MAMPANG)
Wong
kang nyulayani rathu anyananni, ing prakara wenang: jugar nyananéki.
Ngrasa
kendel ngira kongang anandhingngi, marang rathu: mbangkang prakara kang gati.
Nora
pinaténnan dénnira lumari, ora tatu: boyongnganné dén paténni.
Ing
baliné kala pisahing perangngé, barré sakéh boyongngan ingecullaké.
Raja
darbékké kabéh bali tumuli, dé nganggoné ing barang kaya ghosobi.
PRAKARA
KHUKUMMÉ MURTAD
Dadi
kufur mukallaf kang oléh warah, tan pineksa nadyan angangassi solah.
Wajib
taubah kuduné padha tumuli, yén tan taubah kono wajib dén paténni.
Wise:
tan dén dussi nora dén salatti, balik kinubur tunggal mring wong islamo.
Nora
angas nanging njarag lumuh solah, waktu jamagh taubahna: ingukum pejah.
Klawan
pedhang wise saiki anyolatti, gya kinubur tunggal kita pra islami.
PRAKARA
KHUKUM BANDRÉK
Rinijam
mardika mukullaf muhshoni, klawan mathi bojo ngakoddé sokhikhi.
Jaka
prawan mardika satus jeblessan, binuwang sataun lakon rong pondhokkan,
Budhak
saparo jebles lan buwanganné, bandrék duburré budhak kaya liyané.
Ngarah
kebo sapi: duburré bojoné, lyané farji kinapokken gebugganné.
PRAKARA
KODZIF (NGARAN ARANNI)
Wajib
mring wong kang ngaranni wathi zina, sinapu mardika kreksa wolung dasa.
Marang
budhak karêksa mung saparoné, islam mardika pinredi tan bandrékké.
Yén
ngadeggan saksi ingarannan zina, lepas kaya yén dén benerké ngapura.
PRAKARA
KHUKUMMÉ SAROKOH (BOBOLONG)
Wajib
sabab anyolong wong kang pinredi, lyanné bapa lan anak barang madhani.
Ing
rêga saprapatté dinar masjoni, nadya rêmekkan kang ora dén carubbi.
Sing
simpennanning barang tannyarupani, wong kang nyolong kaya bathon terka ugi.
Tinugel
tangan tengenné ing gelangngan, nyolong manéh sikillé kiwa watessan,
manéh
nyolong tinugel tangan kiwané, nyolong manéh tinugel sikil tengenné.
Isih
nyolong manéh kudu kinapokké, tangan kang tinugul cinelup umobbé.
PRAKARA
KHUKUMMÉ AMBÉBÉGAL
Wong
kang mbégal klawan medénni tandukké, nyolong sanisob padha kinapokaké.
Pék
épékké tengen lan sikil kiwané, tinugel bali: tinugel ing sisihé.
Yén
maténni natonni njarag mesthiné, pinaté mét- dhuwit maténni padhané.
Wise
nuli pinanjer ing telung dina, lamun taubah sadurungngé dén apura.
Wajib
khukum tan lebar darbék manusa, tan pinatén pisahé dén dhihinnena.
Békké
budhak kang énthéng ing tumibané, dén undhiya dhisikké iya dhisikké.
PRAKARA
NGOMBÉ ARAK
Wong
kang genep sabab ngobé kang mendemmi, patang puluh jeblessan kinapok ugi.
Wenang
kongsi wolung puluhé jeblessan, budhak separoné mesthi ingukumman,
Yén
neksénni ngadil loro tuwin ngaku, ora déning mutah tuwin cangkem mambu.
PRAKARA
KHUKUMMÉ SOIL (AGAWÉ ALA)
Ing
wong kang agawé ala ing salira, far jyang sota tulakké anthéng énthéngna.
Lan
ing nulak majibna kalamun farji, dudu arta siya-siya anulakki.
Katempuhan
kang rinusak raja kaya, wayah bengi nora wanutta ing rêga.
PRAKARA
JIHAD (PERANG)
Farlu
banget saben lanang kang pinredi, kang mardika islam tur bisa ningalli.
Waras
tur kang bisa prang yén tuk boyongngan, dadi budhak wadon déné bocah: édan,
Lan
liyané: ngrembug imam kang prayoga, sing maténni: budhak cul myang tebussira.
Ring arta boyongngan arta angreksaha, sing
sadurung milahé imam islamnya,
Lén
sadurung binoyong bocah nak bongsa, arta: ngukumna ing bocah islammira.
Islam
sing bapakné: uga mangkonoha, mboyong bocah wong islam kala pribadya.
Sing
bapakné: bocah temon islammira, lir tinemu ing wong islam singnggonnira.
PRAKARA
GONIMAH (JARAHAN)
Tamtu
jarahan kang maténnii éndhadhélli, pinralima: kariné pralima nabi.
Dén
wéhké wong solikh lanang ambangsani, kya asimi sadhérék kya muthollibi.
Mring
prapriya tikelna lan prayatama, yéku tanpa rama yén during diwasa.
Para
fakir masakin lan pra lulungan, ing prakara zikah dén dhisikna tan lyan.
Patang
pralima arta dadi sumdumman, wong kang milu perang ana ing paprangngan,
Kang
padha lumaku sikil bagyan telu, praprajurit yén mtai warissé mupu.
Budhak
wadon lan bocah amunfangatti, para kafir kang ing prangngan klawan idzni.
Imam
kita: sadumman kurang sing nyata, amesthi ya imam klawan prayitnannya.
Déné
Alfaik iku rayahan kafirra, santosa lir prapuluhan sudagarri.
Lah
praliman iku lir pralima jarah, sakariné kala léh dumduman genah.
PRAKARA
RIZYAH (PAREG)
Wus
pancénné jizyah ngalap sing mardika, lanang: mredi mring kang duwé kitabkuna.
Ring
majusi: ora maring wong yahudi, bapak bapakné sawussé nabi kami.
Sithikké
sataun mbayar sajoni, tikellanné mring wong sandhuwurré iki.
Patang
joni mring kang sugih tinarima, saroth suguh dhayoh pra dzimmi kang ana.
Telung
dina: sandhangngé kafir ing siyar, tuwin ngungkulli sandhang kafir ing zunar,
Padha
tinggal nunggang jaran prangngan, lan tan kena madhep islam jejenengngan,
Rusak
janji déning mogokké ing jizyah, khukum syarogh sida nulakka: dipanggah.
Ora
sabab lumayu nacad agama, lén panggawé kang mlarat ing pra islamnya.
Déné
rusakké déjanjekken tinggallé, imam kinon amilih saprayogané.
Kena
milih maténni lan mbudhakaké, kaya wong kang sampurna léh boyonganné.
PRAKARA
SOID LAN DZABAIKH
(AMBU-BURU LAN NYENYEMMELÉH)
Sakéh
islam lan kafir kafir kitabi, halal ora pisan wasyani majusi.
Sarothé
kawan kang karéh iku kuduné, tugel gorokanné lan tugel marine.
Sakirané
urip tetep ing khukummé, klawan tinatonnan tan kukunya lungngé.
Kang
tan rinéh khéwan kesit buburonné, kena unta lumayu nyegur pluwangngé.
Natonniné
maténniné orak lawan, kuku balung kaya tutu ring ngarêppan, Endi-endi tatuné
sembeléhanné, lah yénnatonniné dadi ing sususahé.
Ngeculna
sukang natonni lan liyané, sato galak kang mungalla mlénmanukké.
Kang
nut préntah ing saben kala mangsané, tur tan gelem mongsa: kandheg ing
cecegahé.
Iya
pancén khalal buron kang tinemu, mati: tuwin urip sinembeléh laju.
Sunnah
kudu nugel sakéhé ototté, lir nyembeléh labbahé unta ngadeggé.
Lan
dén adhepké khéwanné maring kiblah, sadurungngé: maca solawah bismillah.
Uga
bismillah lan takbir ing kurbanné, klawan duwak lan kobul dén bangettaké.
PRAKARA
ULHA KHIYAH (KURBAN)
Waktu
kurban kira solah rong rokangah, sing plethékké srengéngé lan rongnékhuthbah.
Sunnah
ing sawissé munggahé baskara, tekan telung dinané tasrik sampurna.
Mring
wong siji gémbél siji wus sawarsa, lén kacangan loro sawissé rong warsa.
Kaya
sapi siji cukup ing wong pitu, unta limang taun sampurna kinudu.
Nora
cukup geringngé khéwan mbangetti, lara: pincang nadyan dadiné tumuli.
Lan
kurangngé pérangan kaya kupingngé, atanapi buntut kérané matané.
Tuwin
wuta tanapi kowék bokongngé, wenang kurang sunguné lan pringsillanné.
Lah
farluné daging nadyan mung sapala, amanganna kurban sunnah: nadzar aja.
PRAKARA
NGAKIKOH
Sunnah
dinakapitu: ranné sayogya, cukur rambut, adzan kuping away lépya.
Wedhus
siji bocah bocah wadon ing lanangngé, loroné tan kena mecahing balungngé.
PRAKARA
MANGANNAN
Khalal
mangan pangannan suci-suci, bathang iwak bathang walang iku suci.
Khéwan
kuku: tanapi siyung kuwatté, dén kharomké lit baya anak asuné.
Tetep
kharom tur tan kena anyedhakki, yéku khéwan kang dén jembarké ngarobi.
Ora
kang dén benerké bangetté sedya, bathang khalal mbuntonni kuwatté karya.
PRAKARA
MUSABAKOH (BALAPPAN)
Yata
sokh balappan tunggangan lan panah, uger kinawruhan antarané genah.
Lan
terangngé padha uga ametokna, bondha salah sijiné ro lan wong lima.
Yén
padha metokken ing bondha karoné, dadi aran totohan ing sakaroné.
Mangkonéku
kharom ora kena ora, kajaba nganggo mukhall kono kena.
Lah
karoné iku karéh ing karoné, yén mukhallil ndhisikki ngukup artané.
PRAKARA
SUMPAH
Wus
pancénné sokh sumpah klawan: asmalloh, atanapi sifat tartamtu ing Alloh.
Tuwin
netepké bektiné lén nadzirré, ora musprané sumpah brojol lésanné.
Wong
kang sumpah tan karya prakaroné, ra nerak yén gawé salah sijiné.
Manéh
ora nerak kala nyulihaké, gawé barang kang sumpah ora gawéné.
Kaffarotté
amardikakaké budhak, mukmin kang salamet sing cacadding awak,
Tanapi
wéh pangan ing wiskin sadési, kang nguwatti siji sijiné samudi.
Uga
sandhang kang ingaran sasandhangngan, jarit klambi kacu atanapi surban.
Tan
bisané kena pwasa telung dina, pisah pisah utamané ginandhangngan.
PRAKARA
NADZAR
Tetep
nadzar dénnya netepké ing bekti, tan kang wajib ngaini lan kang wenang ugi.
Klawan
ucap njanjékaké kaénakkan, atanapi anulak ing kasangsaran.
Nglestarékna:
ucap demi Alloh aku, nedya sodakoh: yén ala iku dudu.
Wong
kang janji nedya nandukaké bendu, tuwin tinggal neteppaké kaffarotu.
Yén
tinemu kang jinanji neteppana, kaffarotté kang supata sasamannya.
Kaya
barang kang nuturri mam syafingi, lan salong mitrané yéku mam rofingi.
Dé
mam nawawi ngandika: kinon milih, kaffarotté tanapi neteppi milih.
Carukanning
ngabekti nadzar kang nyata, nadzar solah rokkngataniha ngadegga.
Mardikakké
tetep kaffaroh dadiné, asodakoh sithikké ana ajiné.
PRAKARA
KHOLHOK (KHUKUM)
Ya
pancé khakim islam lanang mardika, pinredi ngrungngu tur andedeleng bisa.
Élingngan
ngadil ngucap sartané pirsa, khukum kitab kitab kadis pira pira.
Cara
ngarob khilaf ijmag ing ngulama, dalanné mrayitnani sakéhé warna.
Sunnah
bisa nulis tur ésuk tekané, dina isnain manggon nang nagri tebahé.
Enggon
lungguhé ngukummi kudu ngégla, tur kang jembar: bangetté panas nyegaha.
Makruh
ing sajroné masjid ngukumminé, sedheng imam malik akhmad tan mangkéné.
Manéh
nganggo juru lawang lan alingngan, tanpa ngudzur yén iya: tanpa alangngan.
Ngukumminé
klawan nyelani pikirran, kaya duka carob nafas siningittan.
Lara
ngorong luwé lan ngempet uyuhé, males ngantuk bosennan lan karêggenné.
Panas
adhem bungah susah kang tinemu, kabéh iku lulus khukummé pangulu.
Nganggep
padha pra paduro mulyakkenné, iku fardlu wenang ngluhurken islammé.
Wenang
mangkonéké jroning pasamuan, ngluhurken islam ngungkulli ing dzimmiyan.
Dé
pawéwéh pra padusing tan ngadattan, sadurung ngukummi kharom tan linilan.
Nora
kena mituturi ing paturran, atanapi namtokken siji sing liyan.
Ing
pancénné nrima kang wus tinulissan, kala wong kang nerka adarbé paturran.
Klawan
saksi loro tur lanang karoné, anetepken ing kalana: pamukirré.
Wong
kang ala tandukké néng pasamuwan, kongsi mindho kinapokna aja tuman.
PRAKARA
KISMAH (DUM DUMMAN)
Khakim
meksaha pangedum kang cinegah, sarupané, rinegané kang wus genah.
Samanéku
lamun nora malaratti, ngedumna ing lanang mardika pinredi, ngadil lawan bisa
ngétung kang mangreti.
Ngadegna
ing lanang mardika pinredi, ngadil lawan bisa ngétung kang mangreti.
Saroth
loro kalané rinega rêga, lamun ora: cukup dén dum ing sajuga.
PRAKARA
SAHADAT (PARA SAKSI)
Pancén
tinarima wong islam mardika, kang pinredi ngucap: temen temen pirsa.
Ngadil
ing doso gedhé nora nekani, olah becik dosa cilik tan nganteppi.
Ulah
sakéh kapatuttan yogya taubah, mangkonéku sunnah mungguh koul kang asakh,
Kaprawiran
tan narik mring awak dhéwé, munfangatté tan nulak kamlarattanné.
Bapa:
anak naksénniné tan tinrima, papadhané satru uga ora kena.
Neksénni
wong wuta kondha wruh dhisikké, atanapi wong kang ngaku dén gantungké.
Klawan
ngrungu nikakh mati lan wakoffé, manéh walak ora klawan ngen angenné.
Bandrék
papat padha weruh samelokké, kaya luthik celak lumebu wadhahé.
Lyané:
loro kaya ngaku ing bandrékké, tanggal pwasa ngadil siji sanyatané.
Lanang
siji wadon ro: lén lanang siji, nuli sumpah prakarra talan mejaji.
Kala
tatu kang genah nora kawruhan, nyatané: prakarra ta datan kencéngngan,
Uga
sabab prakarra ta lir ikolah, adol nanggung ligerran yéku khawalah.
Lanang
siji wadon ro tuwin sakawan, ring prakara pra lanang tan kena wikan,
Yéku
kadi nusonni lan pamanakké, ciriné éstri khaillan kaprawannanné.
PRAKARA
TERKA, LAN CIHNA
Lamun
genah terka barang kinawruhan, gya takonna noli sartané ngukumman,
Lamun
ngaku tuwin angas para padu, kanthi saksi angukummana pangulu.
Lamun
tanpa saksi kang tinarka sumpah, mangkonéké yén kang narka njaluk sumpah.
Lah
yén mampang kang tinerka mbalik sumpah, mring kang nerka: kang tinarka sida
kalah.
Prakara
terka kahanan sakaroné, tanpa saksi kang kanggonnan dén menangké.
Déné
yén kaseksén sakaro karoné, tanpa saksi kang kanggonnan dén menangké.
Khakim
nyumpah ing wong kang madhep panerka, saliyané khukum kang tetep lillahnya.
Kolhi
nora sinumpah dadyan pocotta, saksi lan wong kang nyelakki sulihira.
Mesthi
sumpah karoné lir jawab terka, ing tan wruhé panggawé liyané ora.
PRAKARA
MARDIKAKAKÉ
Sokh
wong kang anduwénni mardikakaké, genahé ucap merdika: ngecullaké.
Iya
sokh mardikakaké myang pasemonné, nganggo niyyah lir tan duwé aku kowé.
Mardikakken
pérangngan dadi mréntékké, bathon karo liyané yén ngluwihiné.
Gya
mardikakna ing kariné rêgané, ing sakala: wong kang miskin sapandummé.
Wong
kang anduwénni bapa lan anakké, kaya léhé waris lan kang dén edollé.
wong
kang mardikakké ngebekki malénni, wasana mring dhéwékké: ya ngasobahi.
Nadyan
sulaya agama majibbaké, lan ora sokh dol kwaliyan lan wéwéhé.
PRAKARA
TADBIR (NGJENNAKÉ)
Ngucap
mring budhakké: nginjenké ing kowé, wise mati aku amardika kowé.
Yéku
mardika wise mati: shulussé, batho tadbir sabab ilangngé budhakké.
PRAKARA
KITABAH (NICIL)
Budhak
nyambut gawé njaluk bendarané, pinracaya nora ngebréh dén sunnatté.
Syaroth
kinawruhan bayar sumayané, rong cicillan tuwin luwih tan kurangngé.
Rusak
marang budhak sakarêppé: pisah, tan bendara kajaba apes kang genah.
Menang
budhak gawéné lir mardika, ora ngibadahé bobrokking gawéné.
Narik
swiji wiji bendara budhakké, luwih manéh cicillan kang ing buriné.
Salaginé
budhak sih lulus neteppi, ambayarri ring bendara tan nyidrani.
PRAKARA
EMBOK EMBOKNÉ SAKÉHING ANAK
Budhak
wadon iku dadi anduwénni, malah salong majibké mardikanéki.
Ing
matiné bendara anak nemokké, sing liyané mardika wussé manakké.
Sing
uwitté dhuwit sadurung nutangngé, cukup metokké nak kang sarupané.
Wenang
mburuhké ngladénni lan caremmé, nora wenang dén wéhké gadhé adollé.
Wong
kang milih nganakki mring budhak éstri, klawan ngakod utawa bandrékka ugi.
Anakké
kudu donuwékké bendara, lah yén mathi sub’ah anakké mardika.
Lamun
fasik tukuné budhak sawussé, manak tan mardika bendara matiné.
Nanging
wenang ngregani rêga mardika, gya tur puji robbi zubad wus sampurna.
PUNGKASSAN,
MARNA: KAWRUH TASOWWUF
Wong
kang mulya kang nyegah sakéh piala, iku ngedoh ing sakéh prakara ina.
Tansah
condhong mring sifat luhur tanapi, melék amrih kamulyan ing saben wengi.
Wong
kang idhep marang Gusthi Pangéranné, yéku weruh ing adoh saking parêkké.
Dadi
wedi ngarêp arêp ngrurungokké, sakéh kang dhinawuhken lan cecegahé.
Saben
barang kinon linakon tumuli, kang cinegah sing panggawé dén edohhi.
Mula
dadi kinasihi nganggep abdi, déning ngrungu obah mosih niningalli.
Gusthi
Allah iku asih lamun pinrih, paring weweh ing abdi kang wedi asih.
Wong
kang cekak ngen angenné tan mreduli, iku bodho luwih bodho nora ngreti.
Mula
mrih aling apik tinggalla ala, bendu parêk lan adoh dén prayitnaha.
Saben
krentek timbangen klawan sarngiyyah, lamun pakon lakonnana aywa nggresah.
Aja
wedi ing pangridhuning drubiksa, saben krentek iku saking kang mamulya.
Lamun
wedi kowé tumibané cegah, kaya sifat ngujub aja dadi susah.
Lamun
istigfar kita iku ngarêppi, sapadhané nuwun ngapura tumuli.
Nglakonnana
nambannana ing ngujuba, anuwunna ngapura nutuppi dosa.
Lamun
krentek saking barang kang cinegah, iku ridhu saking saithon dén suminggah.
Lamun
condhong dadi nyuwunmu ngapura, saking dosa malah anyélakki dosa.
Angapura
Gusthi ing ucappé ati, lan nedya wong kang rarasan tan nglakonni.
Merangngana
ing nafsu ora nglakonni, lamun gawé énggal taubatta tumuli.
Yén
tan mecat déning kapénakké rasa, rasa ngajak marang saithon tarikkira.
Élingnga
ing kagétté anugel éca, lan énggallé ilangngé ing kaséppira.
Gya
taubatta: ya taubah iku nalongsa, dé nglakonni ing barang kang dadi dosa.
Ngaran
taubah iku mocot sanalika, nedya tinggal mbalénni ing wussira.
Lah
yén taubah iku tumraap ing manusa, wajib anglebarken ing sakéhé cela.
Wajib
meruhken yén nora kinawruhan, yén sih samar ngélingna klawan énggallan,
Yén
wus mati cela tininggal warissé, sapiné wéhna mring sakéhing fakirré.
Niyyah
nempuhi kang darbé kala teka, yén kangéllan niyyah nyaur ing sabisa.
Sokhé
ataubah: baliné tan dadi bahya, nora rusak sokhé ataubah kang lumakya.
Wajib
taubah dosa cilik sanalika, dosa gedhé tan ana ing bédanira.
Nadyan
doso saliyané kang atansah, marga taubah dadi rêsikké ing manah.
Wajib
kinon ing panggawé ingkang samar, lén cinegah ing panggawé ingkang sasar.
Lah
pik ala iku tekané tan béda, saking kwasa Alloh lan karsané uga.
Gusthi
Alloh adamel panggawé kita, sing kwasané lan karsané tan kenora.
Uga
dame ling gawéné wong kang gawé, panggawéné wong akéh dudu gawéné.
Koul
kang nojikh mbecikaké tawakkulu, mutakkhir mbecikaké luru luru.
Katri
kang pinilih yogya kudu misah, lah bédané manusané kudu genah.
Wong
kang bekti ing Gusthi yogya milihé, nora nggresah déning angéllé rizkiné.
Ora
ana amrih ngarêppan rizkiné, saking liyan balik mung sing Pangéranné.
Satuhuné
wong kang nganteppiku pasrah, yén tan ngono yogya nyambut gawé manéh.
Lah
wong tajrid anyingkirri pépénginnan, ingkang ngajak ajak marang ing kapirran,
Balik
adheppé mung marang Pangéranné, mring lyané tanpati ingupa gawé.
Sayogyané
kudu meneng nggonnaké, kongsi dén satru tinggal ing benerré.
Lah
sejané satru tinggal ing benerré, sakéh sabab ingengkokkan sing awake
angapesku
sartané sungkannan gawé, kang nglairké ing nyatané tawakkallé.
Wong
kang tinulung ing Alloh dn wruhak, ing rêmbug sing iki loro gya weruh.
Tan
tinemu lyan kang kinarsakkan Allah, kawruh kita yn tan kinarsakken bubrah.
Sagung
pangalem lillahi kang sampurna, nyuwun pitulung saéning tingkah kita.
Gya
solawat lan salam lulus salama, konjuk Kanjeng Nabi Akhmad Asimiyya.
Kula
warga pra mitra pra nut sadaya, kang nyukuppi kita Alloh kang Maha Mulya.
Panuwun
nuwun kawula Ngabdulloh Sajjad, matur
nuwun ing Gusthi Allohussomad,
Sakalangkung
langkung pamundhi kawula, ring Gusthi kang Murbéng Ngalam sadayanya.
Déné
nyageddaken kula angyasani, Zubad Jawi asol sing Zubad ngarobi.
Anggittipun
Sang Saikh Akhmad bin Ruslani, Assafingi rong ikhmallohu ngalaihi.
Mugi
mugi paringnga munfangat Gusthi, Zubad Jawi kanggénipun bongsa Jawi.
Dipun
kados Zubad Asli ing ngarobi kondhang angittipun Ki Akhmad Ruslani.
Bongsa
Jawi ngaos lafadhdhipun ngarbi, kathah kerot kerot dénnya angretossi.
Dén
maleni gantungngan acara Jawi, srattan pégon ngégah égah tan tuk margi.
Kang
gancarran pégon misih déréng gambling, ning lumayan tinimbang kaliyan komplang.
Angéllipun
laruggan pabenggangngan, wewah kisruhé jan éjanning serattan.
Béda
Jawi ing serattannipun Jawi, benggang déning padaling sapada lungsi.
Genah
éjan éjannipun tanpa kisruh, ing satembungngipun mboten cawuh.
Kadosta:
gemblong: gemblung sampun tétéla, kropak krupuk inggih sampun wéla wéla.
Kréwék
kriwik melék melik sampun misah, kapok kapuk dhokdhok guguk inggih genah.
Nadyan
mancad lafadh ngarob pami: jannah, inggih saged tiru tétéh mboten wegah.
Waton
kitab carakan Jawi ngarobi, ingkang sampun inguningan pra ngulami.
Thukkipun
carakan lan ijaiyati, boten céwét janji maossipun titi.
Lakar
ngretos Jawi ngarob ing waossan, dalasan madmaddipun ing Kuran pisan.
Pan
samangké saya kathah kitab Jawén, ameratah anggittipun para gambén.
Kadosta:
bapa Nuliman lan kasidanjati: ka-Allohan sami gegepokkan,
Lafadh
ngarob nyata dakk warahira, lakar dados babakuning gesang kita.
Fardlu
sanget angretossi wawarahnya, bilih mboten yekti dados tunanira.
Mung
kémawon éman déné serattannya, mboten saplek kaliyan ing ngarobbira.
Lafadhz:
Alloh sih kaserat mungel: Allah. Rosul taksih mungel: rasul kados limrah.
Nggih
makaten punika sasminira, dados margi waonnan santri ucapnya.
Cara
Jawa: hanacaraka: rakena, kanggo nulis lafadhz ngarob aja aja.
Ora
genah ora soikh ora cetha, kang mangkana winasullan: alon konca.
Mangkonéku
rak kang nora wruh ing lagu, [158]lagu Jawa lagu ngarob blura bluru.
Kang
wus ngreti sakaroné nora paé, tulis Jawa tulis Ngarob padha baé.
Tam
wasollallohu ngalasayyiduna, mukhammad ali sokhbihi ajmangina.
Déning
fakir ilalloh ngabdulloh sajjad, ing kampung Kendhangngan Semarang Albalad,
Mugi
ngapunten sakathah dosanira, saramé bulén sagung mukmin sadaya.
Amin…..
Amin….. Amin…..: dhuh Gusthi, mugi nyembadannan panyuwun abdi.
Wallohu
Anglamubinssowab
Punika Kitab: Zubad Jawi Asli saking Kitab: Zubad Ngarob amratélakaken khukum safiyyah, wiwit kawittanning kawruh :idhep dhateng Gusthi Alloh. Susuci naja-sa-t assiwa-k wulu-k adus sola-h sapanunggilannipun ngantos khajji lan umroh.
Wewah: sadé tinumbas sapanunggillannipun dumugi amardikakaken budhak, Kasambungan kawruh tasawwuf, Karangannipun Kyai Saikh Akhmad putra kakungngipun Kyai Ruslan Assyafingiyyi, mugidipun rokhmattana déning Gusthi Alloh.
Kajarwakaken Déning : Mas Karta Subrata` Ugi nama Ngabdullpi bin Mukhamad Ajjad Ing Kenthangngan Semarang. 1925