SERAT PARAMAYOGA POCUNG Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–52)

0

SERAT PARAMAYOGA POCUNG

Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–52)

 

 


 

Pocung

1. lir pinocung tan uninga sang aprabu | yèn wuc praptèng dharat | muhung tansah luntak warih | gulegekan duk padhang paningalira ||

 

2. sangêt ngungun myat ing janma priya bagus | sang nata ngandika | dhuh anggèr sotyaning bumi | tan andimpe yèn pun bapa nêmah arja ||

 

3. kang tumuwuh saking kawlasan sang bagus | wusana samangkya | kawula kumêdah uning | nama tuwin tus kawijilan paduka ||

 

4. ya ta Êmpu Anggajali mangsuli wus | rama kang mlasarsa | sampun kêkathahên paring | pangandika kang mrih lunturing wilasa ||

 

5. milanipun paduka manggih rahayu | tan liyan punika | pitulunging Maha Sukci | amba muhung sadarmi dados lantaran ||

 

6. rama dangu ing tus kawijilan ulun | tuwin nama kula | kawula pun Anggajali | băngsa êmpu trus trahipun Sang Hyang Wênang ||

 

7. darbe sunu Sang Hyang Wêning namanipun | pêputra anama | Hyang Ramaprawa tumuli | apêputra Sang Ramayadi Bathara ||

 

8. ugi êmpu puniku sudarma ulun | lah wangsul paduka | sintên kang sinambat ing sih | pinangkanta ing pundi sang nata nabda ||

 

9. gèr kang tuhu ambêg paramarta sadu | kawula punika | prasajanipun narpati | Prabu Sakil ing Najran nagari kula ||

 

10. prapta ulun ing ngriki nyangaja namur | lampah sudagaran | kagyat Êmpu Anggajali | miyarsakkên panabdane sri narendra ||

 

11. nulya dhêku ngatingalkên ajrihipun | ngrêmpi silakrama | wontên ngarsaning narpati | sri narendra dahat rêsêp ing wardaya ||

 

12. dupyandulu mring Sang Anggajali Êmpu | pêkikirèng warna | kongas jatmikaning budi | tuhu lamun mumpuni ing parikrama ||

 

13. sang aprabu nabda dhuh anggèr sang bagus | wit saking pun bapa | tangèh sagêda mangsul sih | kadarmanta ing ulun kang tanpa pama ||

 

14. botên langkung pun bapa sangêt nênuwun | mugyanggèr karsaa | rawuh dhatêng praja mami | kapanggiha lan bok ratu garwa kula ||

 

15. rèh amba yun nglairkên bingahing kalbu | sakuwasanira | paduka kula aturi | among suka wontên jroning kênyapura ||

 

16. tuwin ulun darbe putrèstri sru kidhung | Kèn Saka namanya | yèn anggèr condhong ing galih | kaabdèkna kagêma juru dang ika ||

 

17. ingkang sinung sabda tan suwalèng kayun | saksana umêsat | wantuning Sang Anggajali | trah bathara tan kewran saliring guna ||

 

18. de sang prabu binakta ngambara sampun | mung sakêjêb netra | kêkalihira wus prapti | nagri Najran jumujug sajroning pura ||

 

19. tan winuwus sasolahnya nèng pura rum | enggaling carita | sang nata wus nglaksanani | nadarira anutug bojandrawina ||

 

20. tan cinatur dènnya mong suka sang prabu | ya ta Dèwi Saka | dhinaupakên tumuli | lan Sang Êmpu Anggajali cinarita ||

 

21. wênah nutug sih-sinihan kalihipun | tan watara lama | sang rêtna sampun garbini | dupi sampun dungkap wanci tigang căndra ||

 

22. nulya Êmpu Anggajali darbe atur | mring marsêpuhira | dhuh rama kawula wêling | têmbe lamun bayi kang wontên wawratan ||

 

23. mijil jalu wontêna karsa sang prabu | amaringi nama | pun Sangkala lamun èstri | amba muhung sumarah karsa paduka ||

 

24. dene ulun samangke sumêdya wangsul | mring tanah Hindhustan | karana sawêg nglampahi | dhawuhipun Hyang Jagad Pramawasesa ||

 

25. kinèn ngrampungakên ing sakathahipun | astraning pra dewa | yèn kongsi nglirwakkên kardi | botên wande amba nampèni dêduka ||

 

26. kang mrasêpuh sapira rudahing kalbu | sêdene garwanya | nanging tan pisan ginalih | mung ngèngêti dènnya nglampahi ayahan ||

 

27. kocap sampun wisata ya ta kang kantun | nèng nagari Najran | Dyah Saka dènnya garbini | kongsi kalih dasa căndra dèrèng babar ||

 

28. wèh pangungun saha karya susahipun | sudarma myang rena | japamăntra lan usadi | warna-warna tinamakkên tanpa daya ||

 

29. dupi sampun kalih warsa etangipun | wau Dèwi Saka | dènira garbini nuli | babar priya kaojat pêkik ing warna ||

 

30. cahyanipun pama kartika mabangun | wus sinungan têngran | lir wêling ingkang ayatdi | gya katêlah ing nama Jakasangkala ||

 

31. ingkang ibu dahat sih sutrêsnanipun | anêmbe pêputra | dhasar warnanira pêkik | kinakudang kyating rat sumbaga guna ||

 

32. mung pinugut inggaling caritanipun | Sang Jakasangkala | yuswa kalih wêlas warsi | kasub ing rèh mumpuni ing kaprawiran ||

 

33. baya iku tumusing trah bathara gung | dhasar kawimbuhan | dening kang eyang pinardi | anggêguru dhumatêng para ngulama ||

 

34. kang wus putus mring êmpaning kawruh luhung | sakêdhap wus limpat | ya ta ing sawiji ari | sira Jakasangkala marêk ing rena ||

 

35. nulya matur dhuh ibu amba nênuwun | mugi linêpatna | saking siku tulak sarik | amba kamipurun matur ing paduka ||

 

36. rèhning sampun kaprah manungsa sawêgung | mawi yayah rena | mangkyamba nuwun jinatin | lah ta sintên ibu sudarma kawula ||

 

37. ingkang ibu duk myarsa aturing sunu | sanalika pindha | pêdhot gantilaning galih | nênggak waspa ketang sih trêsnaning priya ||

 

38. nulya wangsul sabda marang putranipun | namaning sudarma | pinangkanira prituwin | kawijilan sadaya lêlakonira ||

 

39. dadosipun dhaup lan sariranipun | wus sinungkên wikan | sang putra dupi miyarsi | sanalika dahat trusthaning wardaya ||

 

40. inggal matur dhuh ibu mangkyamba ayun | nusul sudarmamba | kang ibu dupi miyarsi | tyasiranglês lir racut bayuning angga ||

 

41. ririh muwus dhuh-dhuh atma jiwaningsun | puluh-puluh sira | atega tinggal mring mami | ora luwih sun mung wèh puji raharja ||

 

42. surya tèngsu barat gêni susup-susup | padha rumêksaa | mring woding wardaya mami | sang atmaja matur nuwun nuli mêsat ||

 

43. de tan dangu duk nèng tawang gya andulu | ing sajuga janma | ngambang madyaning jêladri | nuju pandhe tosan akarya gêgaman ||

 

44. nulya niyub Jakasangkala jlêg rawuh | ngarsane kang lagya | nambut karya pandhe wêsi | Êmpu Anggajali sru pangungunira ||

 

45. gya dinangu sang prapta pinangkanipun | tuwin namanira | matur saniskara titi | Êmpu Anggajali dahat sukèng driya ||

 

46. gya pinêluk kang putra lungayanipun | kang rama sru nabda | bagya kamayangan mami | kalingane sira sutèngsun priyăngga ||

 

47. ingkang sinung sabda èsmu kagyat matur | dhuh sintên paduka | dene ta dhumatêng kami | tanpa taha lajêng karsa ngakên putra ||

 

48. sira Êmpu Anggajali mèsêm muwus | babo kulup sira | durung pracaya ring mami | Êmpu Anggajali iku aran ingwang ||

 

49. sudarmèngsun Hyang Ramayadi ranipun | kang sinung ngling nulya | mangsah wotsari ngabêkti | nabda tuhu paduka sudarma kula ||

 

50. lah ing ngriku Jaka mangkana sru ngungun | myat ing sudarmanya | dene nyambi nambut kardi | pandhe tosan karya astraning ayuda ||

 

51. tuhu lamun anèh ing tarekahipun | sakathahing tosan | pinejetan anggulali | astra pira-pira mung sakêdhap dadya ||

 

52. tumpuk-tumpuk tinata nèng ngarsanipun | kang putra tumulya | umatur marang sudarmi | nglairakên anggambuh raosing driya ||

 

 

 

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)