HARYO SUMAN SENGKUNI
Para Kadang penggemar artikel blogger Imajiner Nuswantoro (www.syehhakediri.blogspot.com) ingkang satuhu luhur ing budi mliginipun sutresna ringgit purwa ingkang dhahat sinudarsana, ing kaludhangan punika kula badhe sekedhik caos seratan ngenani Sang Maha Julig Harya Suman inggih Sang Maha Patih Sengkuni.
"Kenging punapa ta Sengkuni gadhah raos pangigit-igit ingkang sakalangkung letheg dhumateng Pandhawa? "
Punapa ta sababipun?
Punapa margi serik amargi wurung anggenipun mupu sayembara Dewi Kunthi amargi kawon laliyan Prabu Pandhudewanata?
Punapa amargi wandanipun dados awon amargi dipunpala ?
Punapa amargi serik ingkang mbakyu dipungarwa Drestrarastra ingkang wuta, sanes Prabu Pandhudewanata?
Sedaya wau panci dados dhak-dhakanipun nanging sejatosipun tebih saderengipun Sengkuni lair raos pangigit-igit kalawau sampun wonten. Inggih punika raos pangigit-igitipun kumaranipun Resi Dwapara ingkang dipunpejahi dening putra purunanipun piyambak Resi Satrukem utawi Sekutrem inggih Eyang buyutipun Resi Wiyasa Sang Prabu Kresnadwipayana .
Wonten ing pasewakan Kadhaton Gandaradesa Prabu Kiswara nampi sowanipun Arya Kistawa.
Arya Kistawa matur bilih Dewi Kesru bibar babaran miyos dhampit lajeng nyuwun nama kangge jabang bayi kekalih. Prabu Kiswara paring asma Raden Gendara dan Dewi Gendari. Maknanipun saking nama kasebut “putra lan putri ingkang lair ing Gandaradesa”.
Dumadakan wonten titah badan alus sowan namanipun Gandarwa Sutibar, utusanipun Prabu Siswandakala saking negari Selamangleng. Sowanipun mbeta kintaka panglamar bilih Prabu Siswandakala badhe nyuwu Dewi Kesru garwanipu Arya Kistawa badhe dipun garwa.
Wusananioun dados pancakara,Gandarwa Sutibar kawon. Nanging kanthi licikipun mateg aji panglemunan mlebet keputren ndhustha Dewi Kesru.
Geger karaton Gandaradesa madosi icalipun Dewi Kesru.
Prabu Kiswara dhawuh dhateng Arya Kiswara mertakaken icalipun Dewi Kesru dhateng Resi Abyasa nata Hastinapura jejuluk Prabu Kresna Dwipayana.
Sasowanipun Arya Kistawa ngaturaken gatosing sowan Dewi Kesru tersebut, Prabu Kresna Dwipayana rumsos prihatin lajeng nyuwun pitedah saking jawata.
Prabu Kresna Dwipayana pikantuk wangsit bilih Dewi Kesru dipuncidra
Gandarwa Sutibar.
Prabu Kresna Dwipayana sigra singsot nimbali rencangipun wujud gandarwa nama Gandarwaraja Swala inggih punika Bapakipun Petruk. Sanalika Rajaning gandarwa dugi. Prabu Kresna Dwipayana nyuwun pitulungan Gandarwaraja Swala manggihaken garwanipun Arya Kistawa ingkang dipundhustha Gandarwa Sutibar.
Gandarwaraja Swala matur bilih Gandarwa Sutibar punika abdinipun Prabu Siswandakala, raja raseksa negari Selamangleng.
Gandarwa Sutibar nyingitaken Dewi Kesru wonten lebeting Wana Tikbrasara.
Sakawit badhe niyat ngaturaken Dewi Kesru dhateng Prabu Siswandakala, nanging dupi ningali kasulistyanipun Dewi Kesru Gandarwa Sutibar malah pengin nggarwa piyambak "melik nggendhong lali”.
Gandarwa Sutibar kanthi kasektenipun ndamel Dewi Kesru ingkang bibar babaran saged pulih bagas saras.Lajeng ngrerepa Dewi Kesru supados purun kapundhut garwa ananging Dewi Kesru setya tuhu dhateng kakungipun. Gandheng mboten purun Gandarwa Sutibar meksa lan kasil ngrudapeksa Dewi Kesru .
Nadyanta radi kasep Gandarwaraja Swala dan Arya Kistawa dumugi wana Tikbrasara lan kasil manggihaken singidanipun Gandarwa Sutibar. Kekalihipun sanget dukanipun dhateng Gandarwa Sutibar tumuli dados pancakara.
Dangu nggennya pancakara, wusananipun Gandarwaraja Swala saged mejahi Gandarwa Sutibar. Arya Kistawa lajeng mbekta Dewi Kesru kondur ing Gandaradesa.
Ing ngarsanipun Prabu Kiswara Dewi Kesru walaka bilih piyambakipun sampun kasil dipunrudapeksa Gandarwa Sutibar. Sedih batos ngantos tuwuh karsa badhe nganyut tuwuh kanthi suduk sarira. Namung Arya Kistawa kasil ngalang-alangi.
Prabu Kiswara nyuwun tulung Gandarwaraja Swala kangge ngedalaken wijinipun Gandarwa Sutibar ing guwa garbanipun Dewi Kesru.
Wekdal puniku kanthi boten dipun mangertosi sinten kemawon kumaraning Resi Dwapara nglambrang ing negari Gandaradesa nedya males dhateng tedhak turunipun Resi Satrukem kanthi cara numpes tedhak turunipun Resi Satrukem.
Kanti pitedahipun Batara Kala kumaranipun Resi Dwapara kedah manitis salebeting jabang bayi ing kandhutanipun Dewi Kesru.Kumaranipun Resi Dwapara sigra manjing kandhutanipun Dewi Kesru. Gandarwaraja Swala ingkang nembe matak aji mboten nglegewa dhatengipun kumara nglambrang kasebut. Piyambakipun ngupaya wijinipun Gandarwa Sutibar supados medal saking guwa garba lan mboten tuwuh. Ananging wiji kala wau sapunika sampun dipunkuwaosi kumaranipun Resi Dwapara pramila boten saged kawedalaken.
Eloking kahanan kandhutan mboten gugur malah saya ageng, saha kumaranipun Resi Dwapara manunggal sajiwa raga kaliyan janin kasebut lan sampun wayah kalairaken nadyan nembe umur satunggal ari. Wusananipun Dewi Kesru babaran putra jaler.
Pirsa bayi titisaning gandarwa wau Prabu Kiswara badhe mejahi punang jabang bayi, nanging Arya Kistawa mboten sarujuk piyambakipun ingkang badhe nggulawenthah bayi wau.
Boten antawis dangu rawuh Prabu Kresna Dwipayana lan Resiwara Bisma Hastinapura. Prabu Kiswara nyariosaken punapa ingkang sampun dumados.
Amargi waskithanipun Prabu Kresna Dwipayana pikantuk wisik bayi punika ingkang mangke dados tuk sumber memengsahan lan daredah antawising kadang Barata. Nanging sedaya punika sampun karsanipun Ingkang Akarya Jagad, saha dados sarana kangge mbengkas angkara murka saking lumahing bumi. Pramila bayi boten kapesthekaken pejah sapunika.
Prabu Kresna Dwipayana namung saged mundhi karsanipun Gusti, lajeng bayi kaparingan nama "Suman" ing sedya mugi menawi nimbali lajeng enget dhateng Sanghyang Suman nggih Sanghyang Wisnu dewaning adil.
Makaten para kadang kenging punapa Sengkuni punika gadhah sipat ingkang sakalangkung awon, kados-kados sedaya sipat awon punika dumunung ing jiwa raganipun.
Pramila boten mokal jer Sengkuni panci camboraning kumara lan gandarwa asipat ala wimbuh angkara.
Makaten Pra Kadang seratan punika mugi boten juwarehi, kiranging tatakrama lan tatasusila keparenga maringi pangaksama.
Kapethik saking Mahabarata lan Pustakarajapurwa (ngasinan) ingkang karakit dening Bapa Heri Purwanto kanthi sulih basa lan ewahan sacekapipun.