SAK LEBARE RAJA KUNING
Jayabaya
Salebare
Raja Kuning
Anggulung
bandarane,
Mulih
ing dhangkane ngalor parane,
Banjur
ana perang panggempuran
Saka
lor kulon tekane,
Kang
banjur ngepung wakul
Saka
keblat pat kalima pancer.
Nakoda
ngantepi jurit amutatuli,
Kadedayan
sumarambah warata skongsi,
Nimbulake
peperangan ing jro kurungan
Wong
gedhe padha kleru singgih,
Ana
Raja jimenggung wong rucah lan kinuya kuya,
Wong
rucah ngedhangkrang,
Ing
kono patine botoh lor.
Marga
peperangan mau,
Anane
pepati tanpa aji,
Ing
pati marga saka perang,
Saka
kobong ginawe karang abang,
Lan
mati kabingungan.
Mangkono
karsaning Pangeran,
Wong
Jawa kongsi kari separo,
Cina
landa kari sajodho.
Wong
cilik padha dadi mantri bupati,
Wong
gedhe kasangsaya,
Ratu
kaplayu kinuya kuya,
Akeh
omah dhuwur tanpa aji,
Wong
mangan wong,
Lan
padha bingung ora ngerti adhepe wong,
Wong
padha umbag, arang kang bener omonge,
Omomg
mung tunggal swara, tanpa tabet,
Nyatane
kosong, begjane kang ora kelu,
Cilakane
kang ngaji-aji mangeran kumandhang.
Wong
nganggur jinagur,
Wong
ladhak kacandhak,
Wong
wani gelis mati,
Wong
kendhel kecekel,
Wong
ndhekekel kapetel,
Kang
temen lumuh marga ora kapaelu,
Kang
bilu dilulu,
Kang
slingkuh kukuh bakuh,
Wong
pinter diingel-ingel,
Kang
bodho dikno kono,
Wong
kang mbodho begja,
Wong
tani setengah mati,
Ora
oleh mamangsan,
Botoh
padha butuh,
Kang
kalah ngrayah.
Wong
sugih dadi nista,
Donya
dadi mamala,
Wong
cidra mubra mubru,
Buruh
angkuh, kang pasrah kelumah,
Kang
ikhtiyar bubar,
Kang
narima sangsara,
Kang
dosa angrudapeksa
Ndadra
rineksa kalis ing sambekala,
Akeh
wong mendhem donya lan pangkat,
Rebut
lungguh angangsa angsa,
Gagamane
adol wicara,
Gembar
gembor ora ngerti wicarane dhewe
Wong
dura ura-ura tinarima,
Wong
mlincur dadi lacur,
Akeh
wong sesongaran ora netepi omonge dhewe,
Madu
balung tanpa isi temah mas picis
Padha
larut ora weruh parane.
Wong
sugih jirih,
Wong
bingung limung,
Wong
medhit etung dhuwit,
Padha
kecepit,
Nulung
kpenthung,
Wong
samar kasasar arang
Kang
percaya ukume kodrat.
Wong
lanang ningal
Wong
wadon dhemen omah loro,
Wong
wadon kumpul wong wadon,
Rebut
ijir golek sandhang pangan,
Akeh
wong lumuh bobojan njaluk pisah.
Akeh
donya padha muspra,
Golek
mulya tambel jiwa,
Pindha
gabah den interi,
Tatakrama
sirna,
Agama
kanggo kudhudhung,
Anuruti
hardane hawa napsu,
Ora
ngelmu ana warta bener.
Akeh
wong medhar ngelmu gethok tular,
Medhar
sabda lalamisan,
Sanggupe
kaya bledheg ngampar,
Tekaning
ngendon melothot anyidrani,
Ora
irang njabel kasaguhane, mblenjani janjine,
Wong
alim pupulasan,
Njaba
putih njero lanking.
Kang
cilik diithik-ithik,
Kang
gedhe mecece,
Adol
gawe lumuh dhewe,
Kang
sedhih saya perih,
Kang
numpuk kejupuk,
Kang
sregep kerungkep,
Kang
nyorok katabok,
Kang
pasrah kecagah,
Kang
memaki cinamethi,
Kang
kumet gemet,
Golek
butuh padha lunga,
Ketutuh-tutuh.
Timah
ngaku salaka,
Salaka
ngaku mas,
Mas
tulen dianggep tembaga,
Sosotya
mawa retna dianggep mbeling,
Kere
munggah bale,
Wong
salah seleh,
Wong
toh pati mati,
Wong
goroh dienggo,
Wong
bener diingel-ingel.
Ana
Ratu kinuya kuya,
Mungsuhe
njaba njero,
Ibarate
endhog engapit sela,
Gampang
pecahe,
Nanging
rineksa Hyang Suksma,
Mungsuhe
kaweleh-weleh,
Ratu
mau banget teguhe kinuya-kuya ora rinasa,
Malah
weh suka raharja,
Kaesa
mbelani nagara sigar semangka,
Ambleg
utama tan duwe pamrih,
Mung
netepi kasatriyane,
Tambal
bandha mau,
Mung
ngengeti kawukane,
Ratu
mau putrane Mbok Randha kasiyan,
Kawelasarsa
wit timur mial,
Sinuyudan
mring pra kawula,
Ratu
mau ijih sinengker Hyang Widhi,
Mapan
samadyaning rananggana,
Sajroning
bebaya,
Minangka
tapabratane,
Kesempar
kesandhung nora kawruhan,
Kajaba
wong kang kabuka rasane,
Meruhi
mas tulen lan kang palsu,
Ing
kono katon banyu sinaring,
Wong
becik ketitik,
Wong
ala ketara,
Wong
palsu mecucu,
Begjane
sing padha eling,
Cilakane
sing padha lali,
Sing
sapa krasa lan rumangsa,
Bakal
antuk kamulyan lan karaharjan.
Nuli
ana Ratu kembaran atismak bathok,
Dhepe
dhepe ngrerepa mring wong pidak padarakan,
Nagara
dadi siji, pinilih endi kang asih.