RAMALAN JOYO BOYO
Asmaradana
Kitab
Musarar inganggit
Duk
Sang Prabu Jayabaya
Ing
Kediri kedhatone
Ratu
agagah prakosa
Tan
ana kang malanga
Parang
muka samya teluk
Pan
sami ajrih sedaya.
Milane
sinungan sakti
Bathara
Wisnu punika
Anitis
ana ing kene
Ing
Sang Prabu Jayabaya
Nalikane
mangkana
Pan
jumeneng Ratu Agung
Abala
para Narendra.
Wusnya
mangkana winarni
Lami-lami
apeputra
Jalu
apekik putrane
Apanta
sampun diwasa
Ingadekan
raja
Pagedhongan
tanahipun
Langkung
arja kang nagara.
Maksihe
bapa anenggih
Langkung
suka ingkang rama
Sang
Prabu Jayabayane
Duk
samana cinarita
Pan
arsa katamiyan
Raja
Pandhita saking Rum
Nama
Sultan Maolana.
Ngali
Samsujen kang nami
Sapraptane
sinambrama
Kalawan
pangabektine
Kalangkung
sinuba suba
Rehning
tamiyan raja
Lan
seje jinis puniku
Wenang
lamun ngurmatana.
Wus
lengah atata sami
Nuli
wau angandika
Jeng
Sultan Ngali Samsujen
“Heh
Sang Prabu Jayabaya
Tatkalane
ing sireku
Kandhane
Kitab Musarar.
Prakara
tingkahe nenggih
Kari
ping telu lan para
Nuli
cupet keprabone
Dene
ta nuli sinelan
Liyane
teka para”
Sang
Prabu lajeng andeku
Wus
wikan titah Bathara.
Lajeng
angguru sayekti
Sang-a
Prabu Jayabaya
Mring
Sang raja pandhitane
Rasane
Kitab Musarar
Wus
tunumlak sadaya
Lan
enget wewangenipun
Yen
kantun nitis ping tiga.
Benjing
pinernahken nenggih
Sang-a
Prabu Jayabaya
Aneng
sajroning tekene
Ing
guru Sang-a Pandhita
Tinilar
aneng Kabah
Imam
Supingi kang nggadhuh
Kinarya
nginggahken kutbah.
Ecis
wesi Udharati
Ing
tembe ana Molana
Pan
cucu Rasul jatine
Alunga
mring Tanah Jawa
Nggawa
ecis punika
Kinarya
dhuwung puniku
Dadi
pundhen bekel Jawa.
Raja
Pandhita apamit
Musna
saking palenggahan
Tan
antara ing lamine
Pan
wus jangkp ing sewulan
Kondure
Sang Pandhita
Kocapa
wau Sang Prabu
Animbali
ingkang putra.
Tan
adangu nulya prapti
Apan
ta lajeng binekta
Mring
kang rama ing lampahe
Minggah
dhateng ardi Padhang
Kang
putra lan keng rama
Sakpraptaning
ing gunung
Minggah
samdyaning arga.
Wonten
ta ajar satunggil
Anama
Ajar Subrata
Pan
arsa methuk lampahe
Mring
Sang Prabu Jayabaya
Ratu
kang namur lampah
Tur
titit Bathara Wisnu
Njalama
Prabu Jayabaya.
Dadya
Sang Jayabaya ji
Waspada
reh samar-samar
Kinawruhan
sadurunge
Lakune
jagad karana
Tindhake
raja-raja
Saturute
laku putus
Kalawan
gaib sasmita.
Yen
Islama kadi nabi
Ri
Sang aji Jayabaya
Cengkrameng
ardi wus suwe
Apanggih
lawan ki Ajar
Ajar
ing gunung Padhang
Awindon
tapane guntur
Dadi
barang kang cinipta.
Gupuh
methuk ngacarani
Wus
tata denya alenggah
Ajar
angundang endhange
Siji
nyunggi kang rampadan
Isine
warna-warna
Sapta
warna kang sesuguh
Kawolu
lawan ni endang.
Juwadah
kehe satakir
Lan
bawang putih satalam
Kembang
melathi saconthong
Kalawan
getih sapitrah
Lawan
kunir sarimpang
Lawan
kajar sawit iku
Kang
saconthong kembang mojar.
Kawolu
endhang sawiji
Ki
Ajar pan atur sembah
“Punika
sugataningong
Katura
dhateng paduka”
Sang
Prabu Jayabaya
Awas
denira andulu
Sedhet
anarik curiga.
Ginoco
ki Ajar mati
Endhange
tinuweng pejah
Dhuwung
sinarungken age
Cantrike
sami lumajar
Ajrih
dhateng sang nata
Sang
Rajaputra gegetun
Mulat
solahe kang rama.
Arsa
matur putra ajrih
Lajeng
kondur sekaliyan
Sapraptanira
kedhaton
Pinarak
lan ingkang putra
Sumiwi
munggweng ngarsa
Angandika
Sang-a Prabu
Jayabaya
mring kang putra.
“Heh
putraningsun ta kaki
Sira
wruh solahing Ajar
Iya
kang mati dening ngong
Adosa
mring guruningwang
Jeng
Sultan Maolana
Ngali
Samsujen ta iku
Duk
maksih sami nom-noman.
Sinom
Pan
iku wus winejang
Mring
guru Pandhita Ngali
Rasane
kitab Musarar
Iya
padha lawan mami
Nanging
anggelak janji
Cupet
lelakoning ratu
Iya
ing tanah Jawa
Ingsun
pan wus den wangeni
ari
loro kaping telune ta ingwang.
Yen
wis anitis ping tiga
Nuli
ana jaman maning
Liyane
panggaweningwang
Apan
uwus den wangeni
Mring
pandhita ing nguni
Tan
kena gingsir ing besuk
Apan
Maolana Ngali
Jaman
catur semune segara asat.
Mapan
iku ing Jenggala
Lawan
iya ing Kediri
Ing
Singasari Ngurawan
Patang
ratu iku maksih
Bubuhan
ingsun kaki
Mapan
ta durung kaliru
Negarane
raharja
Rahayu
kang bumi-bumi
Pan
wus wenang anggempur kang dora cara .
Ing
nalika satus warsa
Rusake
negara kaki
Kang
ratu patang negara
Nuli
salin alam malih
Ingsun
nora nduweni
Nora
kena milu-milu
Pan
ingsun wus pinisah
Lan
sedulur bapa kaki
Wus
ginaib prenahe panggonan ingwang.
Ana
sajroning kekarah
Ing
tekene guru mami
Kang
nama raja pandhita
Sultan
Maolana Ngali
Samsujen
iku kaki
Kawruhana
ta ing mbesuk
Saturun
turunira
Nuli
ana jaman maning
Anderpati
arane Kalawisesa.
Apan
sira linambangan
Sumilir
kang naga kentir
Semune
liman pepeka
Pejajaran
kang negari
Ilang
tingkahing becik
Negara
kramane suwung
Miwah
yudanegara
Nora
ana anglabeti
Tan
adil satus taun nuli sirna.
Awit
perang padha kadang
Dene
pametune bumi
Wong
cilik pajeke emas
Sawab
ingsun den suguhi
Marang
si Ajar dhingin
Kunir
ta ingsun
Nuli
asalin jaman
Majapahit
kang nagari
Iya
iku Sang-a Prabu Brawijaya.
Jejuluke
Sri Narendra
Peparab
Sang Rajapati
Dewanata
alam ira
Ingaranan
Anderpati
Samana
apan nenggih
Lamine
sedasa windu
Pametuning
nagara
Wedale
arupa picis
Sawab
ingsun den suguhi mring si Ajar.
Juwadah
satakir iya
Sima
galak semu nenggih
Curiga
kethul kang lambang
Sirna
salin jaman maning
Tanah
Gelagah wangi
Pan
ing Demak kithanipun
Kono
ana agama
Tetep
ingkang amurwani
Ajejuluk
Diyati Kalawisaya.
Swidak
gangsal taun sirna
Pan
jumeneng Ratu adil
Para
wali lan pandhita
Sadaya
pan samya asih
Pametune
wong cilik
Ingkang
katur marang Ratu
Rupa
picis lan uwang
Sawab
ingsun den suguhi
Kembang
mlathi mring ki Ajar gunung Padhang.
Kaselak
kampuhe bedhah
Kekesahan
durung kongsi
Iku
lambange dyan sirna
Nuli
ana jaman maning
Kalajangga
kang nami
Tanah
Pajang kuthanipun
Kukume
telat Demak
Tan
tumurun marang siwi
Tigang
dasa enem taun nuli sirna.
Semune
lambang Cangkrama
Putung
ingkang watang nenggih
Wong
ndesa pajege sandhang
Picis
ingsun den suguhi
Iya
kajar sauwit
Marang
si Ajar karuhun
Nuli
asalin jaman
Ing
Mataram kang nagari
Kalasakti
Prabu Anyakrakusumo.
Kinalulutan
ing bala
Kuwat
prang ratune sugih
Keringan
ing nungsa Jawa
Tur
iku dadi gegenti
Ajar
lan para wali
Ngulama
lan para nujum
Miwah
para pandhita
Kagelang
dadi sawiji
Ratu
dibya ambeg adil paramarta.
Sudibya
apari krama
Alus
sabaranging budi
Wong
cilik wadale reyal
Sawab
ingsun den suguhi
Arupa
bawang putih
Mring
ki Ajar iku mau
Jejuluke
negara
Ratune
ingkang miwiti
Surakarta
semune lintang sinipat.
Nuli
kembang sempol tanpa
Modin
sreban lambang nenggih
Panjenengan
kaping papat
Ratune
ingkang mekasi
Apan
dipun lambangi
Kalpa
sru kanaka putung
Satus
taun pan sirna
Wit
mungsuh sekutuh sami
Nuli
ana nakoda dhateng merdagang.
Iya
aneng tanah Jawa
Angempek
tanah sethithik
Lawas-lawas
tumut aprang
Unggul
sasolahe nenggih
Kedhep
neng tanah Jawi
Wus
ngalih jamanireku
Maksih
turun Mataram
Jejuluke
kang negari
Nyakrawati
kadhatone tanah Pajang.
Ratu
abala bacingah
Keringan
ing nuswa Jawi
Kang
miwiti dadi raja
Jejuluke
Layon Keli
Semu
satriya brangti
Iya
nuli salin ratu
Jejuluke
sang nata
Semune
kenyo musoni
Nora
lawas nuli salin panjenengan.
Dene
jejuluke nata
Lung
gadhung rara nglingkasi
Nuli
salin gajah meta
Semune
tengu lelaki
Sewidak
warsa nuli
Ana
dhawuhing bebendu
Kelem
negaranira
Kuwur
tataning negari
Duk
semana pametune wong ing ndesa.
Dhuwit
anggris lawan uwang’
Sawab
ingsun den suguhi
Rupa
getih mung sapitrah
Nuli
retu kang nagari
Ilang
barkating bumi
Tatane
Parentah rusuh
Wong
cilik kesrakatan
Tumpa-tumpa
kang bilahi
Wus
pinesthi nagri tan kena tinambak.
Bojode
ingkang negara
Narendra
pisah lan abdi
Prabupati
sowang-sowang
Samana
nglaih nagari
Jaman
Kutila genti
Kara
murka ratunipun
Semana
linambangan
Dene
Maolana Ngali
Panji
loro semune Pajang Mataram.
Nakodha
melu wasesa
Kadhuk
bandha sugih wani
Sarjana
sirep sadaya
Wong
cilik kawelas asih
Mah
omah bosah-basih
Katrajang
marga agung
Panji
loro dyan sirna
Nuli
Rara ngangsu sami
Randha
loro nututi pijer tetukar.
Tan
kober paes sarira
Sinjang
kemben tan tinolih
Lajengipun
sinung lambang
Dene
Maolana Ngali
Samsujen
Sang-a Yogi
Tekane
jaman Kala Bendu
Ing
Semarang Tembayat
Poma
den samya ngrawuhi
Sasmitane
lambang kang kocap punika.
Dene
pajege wong ndesa
Akeh
warninira sami
Lawan
pajeg mundhak-mundhak
Yen
panen datan maregi
Wuwuh
suda ing bumi
Wong
dursila saya ndarung
Akeh
dadi durjana
Wong
gedhe atine jail
Mundhak
taun mundhak bilahining praja.
Kukum
lan yuda nagara
Pan
nora na kang nglabeti
Salin-sdalin
kang parentah
Aretu
patraping adil
Kang
bener-bener kontit
Kang
bandhol-nbandhol pan tulus
Kang
lurus- lurus rampas
Setan
mindha wahyu sami
Akeh
lali mring Gusti miwah wong tuwa.
Ilang
kawiraningdyah
Sawab
ingsun den suguhi
Mring
ki Ajar Gunung Padhang
Arupa
endang sawiji
Samana
den etangi
Jaman
pitung atus
Pitung
puluh pan iya
Wiwit
prang tan na ngaberi
Nuli
ana lamate negara rengka.
Akeh
ingkang gara-gara
Udan
salah mangasa prapti
Akeh
lindhu lan grahana
Dalajate
salin-salin
Pepati
tanpa aji
Anutug
ing jaman sewu
Wolung
atus ta iya
Tanah
Jawa pothar pathir
Ratu
Kara Murka Kuthila pan sirna.
Dene
besuk nuli ana
Tekane
kang Tunjung Putih
Semune
Pudhak kasungsang
Bumi
Mekah dennya lair
Iku
kang angratoni Jagad kabeh ingkang mengku
Juluk
Ratu Amisan Sirep musibating bumi
Wong
nakoda milu manjing ing samuwan .
Prabu
tusing waliyulah
Kadhatone
pan kekalih
Ing
Mekah ingkang satunggal Tanah Jawi kang sawiji
Prenahe
iku kaki Perak lan gunung Perahu
Sakulone
tempuran Balane samya jrih sajagad
Kono
ana pangapura
Ajeg
kukum lawan adil
Wong
cilik pajege dinar
Sawab
ingsun den suguhi Iya kembang saruni
Mring
ki Ajar iku mau Ing nalika semana
Mulya
jenenging narpati
Tur
abagus eseme lir madu puspa .
Dhandhanggula
Langkung
arja jamaning narpati
Nora
nana pan ingkang nanggulang
Wong
desa iku wadale
Kang
duwe pajeg sewu
Pan
sinuda dening Narpati
Mung
metu satus dinar
Mangkana
winuwus
Jamanira
pan pinetang
Apan
sewu wolungatus anenggih
Ratune
nuli sirna.
Ilang
tekan kadhatone sami
Nuli
rusak iya nungsa Jawi
Nora
karuwan tatane
Pra
nayaka sadarum
Miwah
manca negara sami
Padha
sowang-sowangan
Mangkana
winuwus
Mangka
Allahu Tangala
Anjenengaken
Sang Ratu Asmarakingkin
Bagus
maksih taruna.
Iku
mulih jeneng Narpati
Wadya
punggawa sujud sadaya
Tur
padha rena prentahe
Kadhatone
winuwus
Ing
Kediri ingkang satunggil
Kang
siji tanah Ngarab
Karta
jamanipun Duk semana pan pinetang
Apan
sewu luwih sangang atus anenggih
Negaranira
rengka.
Wus
ndilalah kersaning Hyang Widhi
Ratu
Perangi anulya prapta
Wadya
tambuh wilangane
Prawirane
kalangkung
Para
ratu kalah ngajurit
Tan
ana kang nanggulang
Tanah
Jawa gempur
Wus
jumeneng tanah Jawa
Ratu
Prenggi ber budi kras anglangkungi
Tetep
neng tanah Jawa.
Enengana
Sang Nateng Parenggi Prabu ing Rum ingkang ginupta
Lagya
siniwi wadyane Kya patih munggweng ngayun
Angandika
Sri Narapati
“Heh
patih ingsun myarsa
Tanah
Jawa iku
Ing
mangke ratune sirna
Iya
perang klawan Ratu Prenggi
Tan
ana kang nanggulangi.
Iku
patih mengkata tumuli
Anggawaa
ta sabalanira
Poma
tundhungen den age
Yen
nora lunga iku
Nora
ingsun lilani mulih”
Ki
Patih sigra budhal
Saha
balanipun
Ya
ta prapta tanah Jawa
Raja
Prenggi tinundhung dening ki Patih Sirna sabalanira.
Nuli
rena manahe wong cilik
Nora
ana kang budi sangsaya
Sarwa
murah tetukone
Tulus
ingkang tinandur
Jamanira
den jujuluki
Gandrung-gandrung
neng marga
Andulu
wong gelung
Kekendon
lukar kawratan
Keris
parung dolen tukokena nuli
Campur
bawur mring pasar.
Sampun
tutug kalih ewu warsi
Sunya
ngegana tanpa tumingal
Ya
meh tekan dalajate
Yen
kiamat puniku
Ja
majuja tabatulihi
Anuli
larang udan
Angin
topan rawuh
Tumangkeb
sabumi alam
Saking
kidul wetan ingkang andhatengi
Ambedhol
ponang arga.