Becik Ketitik Ala Ketara Bener Ketenger Kaserat Dening Tilam Lampus
Sagung para dwija nimpuna ingkang tuhu kinabekten.
Para kadang wredha mudha sutresna budaya ingkang tuhu kinurmatan, ingkang wonten kalenggahan punika, mugya tansah pinayungan rahayu widada nir ing sambekala punapa.
Bilih migatosaken kawontenan jaman sapunika, kados sarwa sarwi jinantur awit samubarang ingkang lepat sinulap dados prekawis ingkang leres, prekawis ingkang becik dados awon, bokbilih sampun dumugi jantraning jaman tiyang badhe tumindak rumaos ewuh aya ing pambudi ing wusananipun lajeng nindakaken prekawis ingkang yektosipun boten jujur rila legawa.
Kathah tuladha wonten ing madyaning bebrayan, minggahipun dhumateng para pangarsaning praja sami kagodha dhumateng gebyaring rupa kaendahaning donya saengga tumindak nalisir saking paugeraning nagari kanthi ngiris, ngoros, lan nguras dhateng hakipun para kawula alit ingkang gesangipun nyenen kemis saged sinebat mengkis-mengkis, kanthi sesambat mbenjang saged dhahar punapa boten.
Tembung irah-irahan ing nginggil punika kepara lajeng dipunplesetaken tegesipun, ingkang sewaunipun ; Becik ketitik Ala ketara Bener ketenger, dipunplesetaken dados ; Ingkang becik ketampik, ingkang ala ketampa, lajeng ingkang bener malah thenger-thenger.
Amargi sedaya wau sami nindakake singlar kaliyan paugeraning negari punapa dene agami. Pranyata sami paring sandi 'gedheg lan anthuk ' prekawis ingkang sampun boten dados wewadi malih inggih punika suap lan korupsi ngiris ngoros nguras hartanipun para kawula.
Yektosipun kita minangka kulawarganing negari ingkang adhedhasar Pancasila, tamtunipun kedah sinau ngetung murih saged naker kabecikan, sinau maos murih mudheng dhateng gumelaring panguripan.
Ancasipun pawiyatan punika sanes namung murih saged maos ngetung lan nyerat, linangkung saking punika supados saged naker sarining kabecikan lan tumindak kang utami.
Pramila saged mbentenaken lamun awon punika inggih boten becik.
Rahayu