SERAT WEWARAH LUHUR
Bismillahirrahmanirrahim
Pra
anom padha pyarsakna, wawarah luhur puniki, satuhu tanna miribba, wawarh sing
liyanéki, mung bidayatul hidayati, kang marahken prakaréku, yéku dén ta
prasamya, akakancan mring Hyang Widi, tanpa kendhat rina wengi tan béda.
Dén
temen-temen weruha, ywa kongsi nora udani, satuhuné kancanira, kang tangsah
nunggil siréki, nora naté ngedohi, balik nunggil gulang-gulung, ing rina wengi
nira, melék turu nira tunggil lunga mangonnira tanna bédanira.
Mangkono
salama-lama, urippira prapténg mati, yéku pan naming sajuga, iyéku robbul
ngalamin Gusthi pupundhn mami, Pangran Kang Maha Agung, kang karya sadayannya,
ngalam bumi langit tuwin saliyannya kabh kinarya Hyang Suksma.
Samasa
sira angucap anebut asmaning Gusthi, Gusthi atunggil lan sira, dé dhawuhira
Hyang Widi: ingsun lenggah atunggil mring wong kang nebut asméngsun samasa sira
ngrasa, susah atinira kaki, déning wéya angulah agamanira.
Kono
tansah cinelakkan nora baé dén tebihi, dé dhawuhira Hyang Mulya: ingsun
sandhing wong kang kingkin asusah atinéki, déning wediné mring ingsun, sawussé
sira pirsa, mangkono oréyannéki, yekti nora amilih konca lyanira.
Mara
sapa liyanira, kang arsa sira kancanni, kena dadi lirunira, ing Gusthi robbal
ngalamin tintingngana dén enting, yekti nora bisa mangguh, aja sing sasamannya,
saémper sairib-irib tamtu nora kongang oléh liyanira.
Manusa
sajagad ngalam tanna siji kang ngémperri, tangéh lamun madhannana, yén mangkono
yekti-yekti, tan milih sira kaki, ing liyan kang Maha Agung, manusa mung
kinarya, liliru asing ing dzohir, sih sinihan dén bisa cara manusa.
Oja
kongsa ingandhemman madya sih marang ing gusthi, marga cegahé Hyang Suksma,
tanpareng asih lyanéki, asih jatining asih, tarlén mung mring Hyang Maha Agung,
aywa cawuh dén ngatyati, yén tan bisa: nora ran janma utama.
Karo
aja dadi bungah, déning madheppira janmi, iya uga aja susah, déning mléngossira
sami, karoné tan nglabetti, tumanjané ing awakmu, praptaniréng pungkassan tanna
labetté samenir, madhep mléngos padhanen dén tarima.
Balik
géyonganna sira, dénnya mikanni Hyang Widi, mring sira néng azallira, apa
ingudanén becik apa ala siréki, salah sijinéku tamtu, tumiba tan keno ra,
kalamun ngudanén becik yekti nora na gunané susahira.
Mangko
nuga lamun sira, wus ingudanén tan yogi, lah apa ta gunanira, madhéppa sakéhing
janmi, kang wus sira bungahi, jaba sira nora urus mula dén bisa panggah, away
sédhéng déning janmi, balik sira nandukna prayoga nira.
Lah
yén tan bisa mangkana, ing sakéh waktuniréki, mung baé aja atinggal ing wengi
rinanta kaki, tinggal sepi ing wakti, nyepékken ring Hyang Maha Agung, yéku
Pangérannira, dén énak rasaning ating, ngadhuh-adhuh bibisikkan mring Hyang
Suksma.
Yén
sira bisa mangkana, wus aran neteppi kaki, wruhira ing tata krama, kancan mring
Hyang Kang Maha Asih, wuwuhé tata krami, ndhingkulna sirahmu kulup ngerêmna
nétranira, ngumpulna ciptanta tuwin lulus meneng anteng sakéh anggotanta.
Sregep
trangginas ing tandang, nandangngi paréntah Gusthi, nyingkiri cecegahira, nora
sok amamaonni, maonni kodar Gusthi, balik lulussa anebut nebut asma Hyang Mulya,
iyéku ngaran dzikir, neteppena tafakkur ngen-angennira.
Dhasar
agung marmanira, Gusthi mring dasih sakalir, tan lyan mung mrih becikkira,
tumonja ngawak pribadi, tan pisan darbé pamrih, Gusthi Maha Sukci Agung, dénnya
paréntah tho’ah, ing dasih dimén basuki, penging ala diménné away sangsara.
Tho’ah
mangshangyah kadwinya, tan nglabetti mring Hyang Sukci, balik bali mring
anggannya, kang nglakonni ing sakalih, becik anemu apik ala: ala kang tinimu,
Gusthi wus Maha Mulya, Maha Sukci tanpa uwis déning bakok sipatté Hyang Maha
Mulya.
Mirahé
Hyang Kang Minulya, mring dasihira sakalir, tanpa timbang tanpa murwat tan kena
ingijir-ijir, nétra bangkit ningalli, mara pira murwattipun tutuk bisa angucap
baya pira ajinéki, away sélak sapata ingkang akarya.
Tan
lyan mung Sang Maha Mulya, nora ana liyanéki, marga tanna kang kawasa, mungkul
mung Gusthi pribadi, sapa kang anyélakki, mangko néku tamtu kufur, ucul sing
islammira, éling-éling dén pakéling, pra ikwani ing warah ingkang mangkana.
Mung
wruhira mring Hyang Mulya, dén idhep temennan kaki, tumanjaning atinira, sakira
wani nggegeggi, temenné Hyang Ma Sukci, aja misih rangu-rangu, ora ingaran iya,
iya né nora sayekti, cocoggen mring ngakoid kalih dasa.
Ngajiya
away sungkannan, ing Kitab Umul Baroid kitab basanira Ngarab mring guru wasis
tulatin nuturken jarwanéki, di kongsi sira sumurup satuhu nora gampang, akéh
kang sih madal sumbi, aja among éla-élu baé sira.
Yén
sih kisruh idheppira, ngajiya marsudi: mursid Kitab Jawan Jarwa Cetha, kaya
nora mindho kardi, marsudi nguli budi, ngungseddé ing prakaréku, mring mursid
sasayahnya, nyuthik ingkang lekik-lekik dén genahken marsudi suka narima.
Mangko
nuga angajiya, Kitab Bayanul Imani, jawan uga genah cetha, ngrembug ananiréng
Gusthi, mula kudu ingudi, dikongsi ywa dadi cawuh, yén wus genah idhepnya, dadi
bisa wedi: asih, ngalem-alem mring anané Hyang Mulya.
Marma
mobah mosik kita, ywa lali Hyang Maha Sukci, lara: waras nora béda, yén waras
kuduné wedi, wedi marang Hyang Widi, tumemen dénnya mrih ayu, préntah wajib
myang sunnah, karoné kudu pinredi, solah: pwas karo tanna bédanira.
Solah
tasbih dalu: siyang, tahajjud ing saben wengi, marga dhawuh rosulullah, Jeng
Nabi ingkang sinelir, mring kang paman awanti, solat tasbih aywa limut pwasa
Isnain kalawan Khomis Jeng Nabi nglampahi, tanpa kendhat prapta ing sasédaira.
Nganggep
becik ing sasama, sasaminiréng dumadi, déning tunggal Gusthinira, kang katon
ingkang akardi, nora ingkang kinardi, dén bisa nandukken tanduk mring sapa baé
ingkang, tinemu ing sari ari, away limut samya titahé Hyang Mulya.
Ngalahken
dhiri pribadya, menangken ing liyanéki, dadya aran anorraga, mangkonéku wedi
Gusthi. Lara anganti-anti, ing panglollira Hyang Agung, saben kataman nikmah,
sukurra away kalalin arsa nadhah arsa nginum dén élingnga.
Paparing
saking Hyang Suksma, wussé kalakon binukti, angraséca dén sukurra, ngucap
alhamdullilahi, dhuh-dhuh Gusthi kapundhi, paparing nikmah pukulun mugi Gusthi
ndadosna, kikiyattanniréng abdi, kanggé amba ngibadah ing Hyang Kang Mulya.
Déné
yén kataman roga, dén madhep marang Hyang Widi, rila apaparingngira, déné
pinaringngan sakit maturra: nuwun Gusthi, paring pacoban pukulun mugi
katahannena, kawula anandhang sakit away pisan anggresah susahing manah.
Malah
ta sakira-kira, bisha angfadzdhan yasin tabarokkira ywa tinggal marga karonéku
dadi, adpungkattira bénjing, ananira jroning kubur, wacanen lumah-lumah,
ngudurnora bisa linggih, yén tan khafadz kalebu siréku wéya.
Déné
kalawa warassira, généya nora amredi, pijer nguber uber barang, barang kang tan
kanggo ngakir, nora nganggo merdului, barang kang kanggo ing kubur, tur masa bisa
oncat sira saka ing papati, marga dhawuh Kuran: néng endi ananta.
Masthi
kancandhak ing léna, nadyan umpettanna kaki, néng gedhong wesi santosa, rapet
tur padha kinunci, pati tamtu maranni, mring sira tamtu tinemu, aja-aja
mangkana, balik mupung misih urip amredi ya ing Kuran sapatuttira.
Ngibadah
kang lwih utama, maca Kuran hari-hari, marga dhawuhé Hyang Suksma, ing impén
Imam Hambali: yén sira pancén merdi, yekti akéh wruhiréku, khafadzdhan suroh
Kuran terkadhang tekan ing kahfi, saselotté janji sira ulah Kuran,
Ajegna
ing sabén dina, sajuz satengah tanapi, saprapat dén ajeggena, aja sambén dén
tulatin dhemenna tennan kaki, mring Kuran dén maju-maju, wacanmu dén sembada,
makhroj mad-maddé sing apik kandel tipis tasdid ora dén waspada.
Idhar
ikhfa idhgommira, ghunnah ghunnahé dén titi, yén mangkono patuttira, iya bisa
khafidz ugi, nora nésu roh yasin ayat Kuran liyanipun endi kang sira bisa, aja
meneng tanpa dzikir, tan atasbih tas slawat nora istighfar,
Yén
meneng angen-angenna, ing bakal prapta ning pati, muga pinarêngna iman kalawan
kalané nazag dén éling, Gusthi Alloh siji: ji, kang karya urip myang lampus
angucappa yén bisa. Allo Alloh dhuh ilahi. Dén ketungkul mangkono pecatting
nyawa.
Yén
sida dadi mangkana, satuhu begja siréki, antukka mirahannira, Gusthi ingkang
Maha Sukci, ran khusnul khotimati, iyéku pungkassan ayu, bakal langgeng néng
swarga, begja apata kadyéki, muga-muga kita padha mangkonoha.
Mugi-mugi
kasembadan panyuwun kawula Gusthi, ing pungkas khusnul khotimah, déning panglol
dalem Gusthi, ulun sapara ahli, kang samya asih ing ulun satuhu mboten longka,
uger kaparêng ing Gusthi, amin amin dhuh dhuh robbal ngalamin.
Miiliha
ingkang nyata, nyata khak nampik kabathillan culna pangandellira, ngandel mring
sasaminéki, ngandella mring Hyang Widi, landhépé dhépé ya kulup lire ngenorken
raga, wediya dén banget kaki, marang Gusthi déning gungngé koharrira.
Gusthi
wenang amasésa, ngapura lawan ngasihi, mangkono wus wenangngira, akarya ala
myang becik kudroh irodahnéki, angréh sagungnging mukmin mula aja pépéka, dén
wiring angati-ati, maju: mundur Gusthi andelna ing ngarsa.
Aja
ngandel liyanira, kang dadi srananing urip mung baé dén lakonnana, salaginé sih
ngawakki, dén gon ken ulah kardi, away kongsi dadi klimput ngandelken
kuwattira, tanapi pinterriréki, dhasar kanggep mring kang samya darbé karya.
Aja-aja
mangkono ta, katiwassan sira kaki, déné sira tan rumasa, ing wuri kacandhak
pati, géndhollan tan yukti, dudu kang akarya idhup dadi patinira sasar, tan
ngambah dalan kang sidi, dalan sidi iyéku hya Maha Mulya.
Liyané:
kabéh sasarran nora ana ingkang sidi, muga dén bisak-bisakna, géndhollan Hyang
Maha Sukci, andellen kang sajati, iyéku adhep kang jujur, becik olah akarya,
tanapi tan ulah kardi, nora béda janji wus dadi ngonnira.
Pananggungngé
Hyang Kang Mulya, dénnya saguh paring rizki, tan jinanji ulah karya, tanapi tan
ulah kardi, carukkan sadéyaki, pinaring rizki Hyang Agung, tanna kang
kaliwattan neteppi sifattiréki, arrokhmani: yéku Maha Mirahing Hyang.
Mula
bathin dén pasraha, déning mirahannéki, aja ndadak semyang semayang, dén mantep
géndhollan Gusthi, pan iki tata krami, mrih begja pungkassannipun slamet dunya
akhirah, poma dén padha angudi, rina: wengi ulahen bisak-bisakna.
Wedi:
asih ing Hyang Suksma, dadalan amrih basuki, nora ana dalan liya, kang nuntun
mring kita sami, dadiniréng basuki, ing dunya akhirottipun poma-poma dén yatna,
aywa nail-nali lali, apan iku ugerran ingkang sanyata.
Pénget:
ngéstokken paréntah, ngedohi cegahé Gusthi, kuduné padha ingulah, dina-dina kanthi
ngaji, mrih undhakké ing rêti, kanggo ngéstokken ing dhawuh, angedhohi ing
cegah, mupung sih ngurippan sami, aja kasép kaselak koncattan nyawa.
Rampung
slawat salammira, Jeng Nabi ingkang sinelir, Mukhammadinil Musthafa, sollalloh
wasallam ngalaih, sapra ali sakalir, pra mitra karuh sadarum, déning Ngabdulloh
sajjad Semarang Sofar saptari, warsa wawu ngarawan dasa gangsal (45).
Robbi
mugi ngapuntenna, sagungnging dosa mba tuwin bapa biyung kalihira, pra guru
amba sakalir, para kadang mukminin sagung dosa-dosanipun leburra ingaksama,
déning falolliréng Gusthi, amin amin amin robbal ngalamina.
Sumber
referensi saking :
Punika
kitab; wawarah luhur.
Mratélakaken
kakancan akukumpullan dhateng Gusti Alloh.
Pethikan
saking kitab bidayatil hidayah
tuwin
sanés-sanéssipun,
kaanggit
ing tembung Jawi, mawi sekar macapat
déning
: Mas Karta Subrata,
Ugi
nama : Ngabdullohi Bin Mukhammad Sajjad Ing Kendhangngan Semarang.
1926.
Wasana
panyuwun kula kaliyan sanget dhateng para sujana, ngulamak ingkang anyumerêppi:
bilih wawarah punika wonten ceguk kithal tuwin kalintunipun mugi sami
kaparêngnga anglerêssaken ing salerêssipun saha kula umatur nuwun sakalangkung
nuwun déning kamirahanning panggalihipun, mugi-mugi Gusthi ingkang Maha Agung
aparingnga wawales ing kasaénannipun amargi Gusthi Alloh mboten badhé
ngical-ical ing ganjarrannipun para ulah kasaénan.