WANITA BAHU LAWEYAN
TEGESE TEMBUNG.
1. Wanita (S, Kw) : wanodya, wadon, wedok, estri, putri.
2. Bahu : bau, lengen, pundhak, pamidhangan.
3. Lawéyan = lawe.
4. Lawe =
(1) bolah, benang.
(2) gantung.
(3) salawé, sêlawé = sabênang isi dhuwit kepeng 25 iji.
Ukara Wanita Bahu Laweyan tegese : wanita sing bahune nglawe (nggantung) utawa malengkung kayadene gandhewa (langkap, busur).
KATURANGGAN
Katuranggan utawa ciri-cirine Wanita Bahu Laweyan kuwi wis ana awit saka lair nanging ana uga sing tetenger lan prabawané luwih cetha nalikå wis ngancik diwasa.
1. Katuranggan = Turangga.
2. Turangga, turăngga (S, Kw) = (1) jaran, kapal, kuda. (2) wijangané awak, pracekane salira.
Banjur apa wae kang dadi tetengere wanitå Bahu Lawéyan ?
1. Bahu kang malengkung kayadene gandhewa.
2. Toh irêng ing bahu sisih kiwa. Toh utawa tèmbong yaiku blentong awerni irêng utawa abang, ana uga kang putih, semu nila, ing kulit awit lair mula, yèn basa Indonesiané = tompel.
Karana anduwèni toh ing bahu sisih kiwa, pramila ana uga kang mastani "Wanita Toh Pati".
3. Toh putih utawa ireng ing sadhuwuré nuwun sewu pawèstrèn utawa sangisoré puser.
4. Dhekik aneng pipi. Lamun ing basa Indonesia katêlah lesung pipit.
5. Dhêkik aneng gigir kiwa lan tengen kang kaaranan = sujen pala. Dhekik anèng bokong kiwa lan tengen kang kaaranan = sujen bokong.
Ewasemono ora ateges wanita Bahu Laweyan anduweni kabeh tetenger kuwi, sing mêsthi kaya kang disebutake ing angka = 1, 2, utawa 3.
Wanita kang anduweni ciri-ciri kaya kang disebutake ing angka = 1, 4, 5, uga ora bisa kagolong wanita Bahu Laweyan.
Kaparingan kanugrahan pasuryan ayu respati utawa manis mêrakati saturut pakulitane, polatan ruruh jatmika sarta anduweni daya panggendeng (daya panarik) saumpama sela brani (besi sembrani, magnit), anjalari akeh priya kang lawaran sanalikå katut kêpèncut lan dhawah kasmaran satêmah kêpingin anggarwå wanitå Bahu Laweyan.
Wanita kang katon tansah nengsemake lan anjalari dhumawahing rasa asih tresnane priya, ing basa Sanskerta sinêbut "raga karana".
Amarga ana kang "angrêkså", wanita Bahu Laweyan uga ora pasah, ora gampang kêtaman karo santèt, tênung, guna-dhesti, pelet, lan sapanunggalané.
Ana carita, amarga sih katresnane ditampik, sawijining priya banjur ngrênah guna-guna mamrih cilakaning wanitå kang dianggêp agawé lara-atine. Ora mangerteni lamun sing dikrenah kuwi jêbulé wanita Bahu Lawéyan, satêmah malah mbalik nyilakani awaké dhewe.
JALARANE.
Miturut kaprêcayaning tiyang Jawi, wanitå kang linairaké kanthi ciri-ciri Bahu Laweyan ana jalaran mulané.
Kaya kang dicaritakaké ing prithilan siji, Dèwi Citrasari sinarêsmi dèning gêndruwo (gandarwa) satemah mbabaraké jabang bayi kang nduwèni tetenger wanita Bahu Laweyan.
Wondéné lamun ana wanita kang nganti sinarêsmi dèning genderuwo, amargå wanitå kasêbut nduwèni dåyå panggèndèng mungguhé bangsa lelembut. Bisa uga amarga ana tumindaké kang luput. Kuwi jalaran kapisanan.
Jalaran kapindhoné yaiku amarga uwong-tuwané, êmbah buyuté, biyèn-biyèné naté ngikêt prajanjèn karo jin, gêndruwo, siluman, utåwå bangså lêlêmbut liyané, ing babagan donyå brana (pêsugihan), ilmu kasêktèn, utawa palungguhan (jabatan). Dadi kênå diarani bocah kang linairaké mawi tetenger wanita Bahu Lawéyan kuwi minangka wadal (bêbantên). Nanging sayèktiné wanitå kasêbut hamung dadi sarånå nggolèkaké wadal, amargå sing dadi bebanten sabenere yaiku priya kang dadi guru-lakiné (bojoné).
Jalaran liyané kena diarani salah papan, kliru wêktu, lepat tumindak, cêkak aosé = apes.
Babagan iki, ana caritå sawijining bocah wadon dolanan anèng sawijining papan sing mungguhé uwong ing tlatah kono kalebu papan kang rada wingit, nanging bocah wadon kuwi ora mangerteni.
Nalika lingguh ing lemah pasukêtan dumadakan bocah wadon kuwi weruh ana ula werni putih sing nyedhak marani dheweke lan banjur manjing lumantar nuwun sewu pawestrene, nanging dheweke ora krasa apa-apa.
Bocah wadon kuwi njêlih-jêlih lamun ånå ulå, èwådéné kanca-kancané malah gumun amarga ora ana sing bisa ningali ula putih kuwi.
Sawisé diwasa, nglampahi sesembahan lan nganti ping têlu ingkang kakung nêmahi pati, banjur dhèwèké kapanggih satunggiling "tiyang sepuh" (tiyang ingkang mumpuni ing babagan ilmu kabatosan utawi paranormal), nembe kawruhan lamun ing sadhuwuré nuwun sewu pawèstrèné ana toh awerni putih.
Sigeg sawetara, gentya kang winursita.