SERAT SULUK SURYA PRALAYA
PUPUH
I
Gantya
ingkang winursiténg tulis kocap mindrisari : ranning ngarga, kang kaprennah ing
lelengkéh, wonten sendang kadulu, toyannira anget tur wenning, winnastan sumber
gayam ayom tepinnipun kinubeng cemara sapta, samya ageng ngageng witnya miwah
inggil pantes donning silumman,
Kang
sajuga gerowong ponnang wit ambelawah tinnon lir kenthongngan kongsi dadya
pangungsénné, kemongga gung manglindhung, néng sajronning wreksa amiwit wus
pirang pirang warsa, dénnira dudunung, néng tengah wreksa growongngan amartapa
lawan endhoggé tan kari, sumangsang anggannira.
Lamun
énjing kasorotting rawi, lamun nuju panas hawannira, kasilirring marutanné,
nadyan derês ajawah, toyannira among néng jawi, nanging ta antuk daya, tri
murti akumpul suka tyassira kemongga, mahatussan taun gonnira tan bukti,
prandéné maksih gesang.
Ciptannira
sumedya martapi, sukur-sukur lamun sinnambadan katarima mring déwanné, wignya
amowor sambu, lawan para déwa maharsi, munggah marang kaéndran salin sipattipun
kocp jronning suralaya, para déwa mapan sampun sami unning, mring ciptanning
kemongga.
Lamun
arsa angungkulli, amamadha lawan para déwa, dadya antuk sisikunné, para déwa
akumpul parêpattan mapan wus dadi, rêmbugging para déwa, maringken bebendu,
marang kemongga kang tapa, nulya kumrun jawah derês angin-nangin prahara
mawalikkan,
Ting
jarêthot swaranné ngajrihi, kathah wreksa-wreksa samadya pokah, cemoro sol
sadhangkéllé, pipitu parêng ambruk gelap munya amannengkerri, kemongga
kapalesat anggannira ajur, kalawan endhog wus pisah, sinnamberring baledhég
sumyar kaéksi, dadya wannara seta.
Jleg
katingal wannara babayi, kadya kapuk putihé amemplak narancag wit cuwat-cuwét
mancilak nyamuk-nyamuk solahira angiwi-iwi, nadyan alit wannara, rosanné
kalangkung, pang wreksa cinnandhak pokah, yén mancolot tanpa e iberring peksi,
sahepal saonjottan,
Kathah
wit-wittan dén gosak kasik saking wana manjing padédésan mangrusak wowohan
kabéh, tannana sapa aruh, kathah janma datan pradulli, marma wannara seta,
polahé anglantur, prapténg tetepinning samodra, ngungak ungak wenningnging
tirta kaéksi, énget kasattannira.
Cumalorot
lumebéng gigisik duklagyar semendhak ngokop toya, tandya sinnaut alunné, kumambang
kombak kombul angin toya baya ngebessi, suka tyassé wannara, anulya salulup am:
bles telengnging samodra, cinnarita kang anéng jronning jaladri, sira Sang Naga
Raja.
Duk
tumingngal sajeronning warih, wonten wannara alit lulumban anulya sinnarap agé,
wannara pan wus kolu, néng jro wetengnging maksih urip ngaroncal anyenyendhal
jerowan myang usus engesak kasik anyendhal naga raja gelasarran ngolang ngaling,
gya I ngutahken énggal,
Wus
mancolot sing tutuk umijil tandya sinnaut sauttan kenna, dadya kinnaroyok
ngekéh, buron toya angrubut marang sira simunyuk putih, inguntal until medal
riwut tandangngipun naga cinnéngklak wus kenna, kethék putih pinulettan kenni,
malah anduleg mata.
Naga
Raja kawekénning budi, dadya temahann asruh tobat ingsun trima teluk baé,
marang ing sira munyuk kathék seta manthuk maringis apa tandhanné sira, tobat
marang ingsun naurri Sang Naga Raja, ingsun darbé pusaka arupa bindi, gengnya
saparangkullan,
Babakallé
kencana sinnangling, penthollira ya saking munsthika, lan telung seta dawanné,
iku pusakanningsun sira pékka sun anglilanni, gumuyu kethék seta, mokal sira
iku, mongsa ta ingsun bisaha, anyangkingnga mring pusakannira bindi, kang gedhé
saparangkullan,
Naga
Raja annaurri aris gampang lamun sira arsa tompa, nulya pusussen dénnagé, bindi
sayekti luluh, bisa dadi gengnya satugi, samana kethék seta, nyandhak bindi
sampun pinusus pusus ing ngasta, among kari satugi gengngira nenggih, binnektan
katara.
Sinumpingken
anéng karna kéring, kethék putih anulya pamittan mentas saking samodranné,
nedya oncat mandhuwur, mring kaéndran ingkang kinnapti, nging tan wruh
margannira, dadya nyidréng tanduk among kinnarya jalarran kéh dédésan prasamya
dén obrak-abrik karya rusak tan nemman,
Sesekarran
pinnethikkan sami, pari oték canthél miwah boga, samya rinusakkan kabéh, kekes
janma in dhusun nyana lamun wannara putih, lelembut kang rumeksa, dhusun ing
ngadhusun arsa numpes marang janma, marma énggal karya tutulak tumuli, sasaji
myang dudupa.
Kethék
seta maaksih tan pradulli, dénniranggul dahat karya rusak ngosak kasik ésuk
sore, tannana pisang suluh, tekéng klapa rinnontog sami, saking srunning
tyssira, prajanma ing dhusun dénnya gung manyidhikara, amiminta ing déwa
ingkang linuwih, sirnanning haru-hara.
Kawuwussa
kaéndran wus unning, lamun ngarcapada kagégérran dénning pakartinning kethék
Hyang Ngéndra adhadhawuh, marang déwa kinnén lumaris nenggih Sang Hyang
Naraddha, mamrih sirêppipun haru-hara ngarcapada, gya rumedhak Hyang Naraddha
sqampun prapti, dhusun kang karisakkan,
Kethék
seta mara marêpekki, tan saronta sira Hyang Naraddha, ginnebag lawan bindinné,
gumabrug oncat mumbul ring gagana dipun tututti, ramé prangngé Naraddha,
mengsah lawan munyuk kami gilan nulya oncat Hyang Naraddha wangsul mring
kaéndran aglis maksih dénnoyak oyak,
Gégér
para déwa angadhangngi, kethék seta cinnekel tan kenna, ngobat tabitken
bindinné, déwa sami keplayu, siji datan nana ngundhilli, sumbar punnang wannara,
payo ywa lumayu, samengko sun angadhatyan néng kaéndran dadi déwa kang linuwih,
iya rathunning déwa.
Sang
Hyang Guru kawekénning galih, gya rinapu marang para déwa, réhning sira iku
kethék becik sira tumurun marang ngarcapada samangkin dadiya rathunnira, bongsa
kethék lutung, uwawa kalawan tukang, kabéh padha ngrathuwa marang siréki, myang
sira jujulukka.
Kuda
Rêsa Sasana annenggih, kang ngrathonni kethék-kethék samya, samana lilih
driyanné, kethék seta tumurun sing kaéndran pan sampun prapti, néng ngalam
ngarcapada, gya paréntah sampun marang sagungnging wannara, kinnén samya
ngalempakka angéstrénni, ya marang jennengngira.
Tanna
dangu prapta andalidir, kethék-kethék wus kumpul sadaya, siji tannana kang
kécér, kethék seta amuwus sira kabéh ingsun tuturri, atas karsanning déwa,
samengko wakkingsun ran Kuda Rêsa Sasana, angratonni kabéh kethék-kethék iki,
marmanta sumuruppa.
Ger
gumuyu kethék gumuyu sadayéki, winnor lawan ing pangérang-érang, éh ta bodho
temen kowé, wong kalebu ing ngapus dadak nganggo sira kumaki, Kuda Rêsa Sasana,
iku tegessipun Kuda: tegessira jaran Rêsa: tunggu sasana yaiku panti, gonning
jaran gegedhoggan,
Nora
ngandhel takonna mring janmi, ingkang wasis ulah tembung jawa, yekti yén sira
kaweléh, wit sira among nunggu, pakaryanmu sahari-hari, lamun jaranné bigar,
sinnépak endhasmu, lamun jaran ambubuwang, taléthongngé néng cangkemmu
anggubrassi, iku mongsa wurungnga.
Yén
wus pecah endhassira nuli, uteg muncrat pinnanganning sonna, usus sira
kéwér-kéwér, binuwang tengah lurung, datan nannasudi ngrumatti, sigeg wannara
seta, éh benner siréku, cidréng déwa suralaya, kaya becik ingsun baliya
luruggi, mungkur wannara seta.
PUPUH
II.
Nepak
bau nulya mesat kethék seta ing kaéndran wus prapti, tan saronta ngamuk
punggung, kéh déwa kasulayah, sajatinné among saking samya lumuh, mungsuh
kethék mung sapala, yogya pra samya sumingkir.
Dadya
Hyang Guru dhadhawah, sapa ingkang bisa anembadanni, munyuk putih kang angamuk
anéng jro kadéwathan Hyang Naraddha: Adhi Guru kula matur, kalamun ing
ngarcapada, prenah ardi pandhansari.
Wonten
pandhitha martapa, Wilsaya arannira sang rêsi, punnika tuhu linnangkung,
bokmanawi kaconggah, anyirnakna munyuk putih ingkang ngamuk Hyang Guru lon
angandika, kakang Naraddha suwawi.
Nunten
andika dhawuhna, anniballi Wilasaya maharsi, kinnén sébaha amringsun kula arsa
panggiha, Hyang Naraddha sigra mesat adhadhawuh, pandhansari sampun prapta,
pannembahan dén timballi.
Wus
kérid Sang Hyang Naraddha, pannembahan Wilasaya sumiwi, ing ngarsanta Sang
Hyang Guru, alon andikannira, éh ta sira Wilsaya apa sanggup, anyirnakna kethék
seta, ingkang karya rusuh iki.
Umatur
Ki Wilasaya, dhuh pukulun sandika anglampahi, namung paringnga pangéstu,
dhumateng lampah kula, Sang Hyang guru aris pangandikannipun lah mara agé mangkatta,
ingsun ingkang mangéstonni.
Nembah
umedal pasilan penembahan Wilasaya manggihi, kalawan pun kethéh pingul éh si
monyét sira, away anggung sira dahat angriridhu, marang sagung para déwa, becik
lungaha dénnaglis,
Lamun
sira angandelna, tossing balung lawan wuletting kulit payo tandhing lawan
ingsun nyata kethék prawira, lumpattana darijiku ingsun ngathung, ambekés
palwaga seta, aja mannéh kang dariji.
Tau
taté saonjottan sepal luwih lumpatting kethék putih, payo ngathungnga dén
gupuh, ingsun arsa malumpat sira inna aja dupéh ingsun munyuk pannembahan
Wilasaya, ngacungken dariji kalih.
Turta
umpeg gumpeg cendhak suprandénné ingsun kinnén: nglumpatti, nulya ngunjalna
passipun gya lumumpat sarosa, nanging cupet tibéng tengah-tengahipun kacepittan
bisa obah, jungkir endhassé tan kéksi.
Katriméng
Sang Pennembahan panuwunné marang déwa linuwih, cinnipta darijinnipun jleg wus
dadya prabata, gobag-gabig dhas kethék kacepit gunung, miwah ginnegelling
tossan tumrap sajeronning kulit,
Mangetog
kasurannira, kethék putih wus datan angunthilli, muntar-muntir bekah-bekuh,
prabatasan saya wrat kongsi géthék kethék putih bathukkipun panembahan
Wilasaya, sukanning driya tan sipu.
Nalika arsa tinnilar, anéng séla ardi puja
tinulis sastra buda sandi kidung, suraséng kannang surat anyangénni marang sire
kathék pingul aja metu saking ngarga, yén tannana wong linuwih.
Aran
Radén Talirasa, ya iku kang bakal mitulungngi, anulya tinnilar gupuh, kethék
kari anggana, kruntak-kruntek kari tépong kang kadulu, lamun nuju mongsa udan
baledhéggé anamberri.
Prenah
gonning kethék seta, dadya ungkag lunggeg sambat: mlas asih, adhuh-adhuh nyuwun
tulung, Rahadén Talirasa, dipun asih paduka mring raganningsun sakitté boya
sapira, ananging karaos keri.
Tekéng
balung sungsum kandhes marma ulun tobat aminta urip sumukké langkung-langkung,
néng sajronning prbata, mung paduka ingkang wajib atutulung, sigeg gantya
winursita, Pangran Pathi ing Giling Wesi.
Parab
Radén Talirasa, kang wus lami murca saking nagari, jajah wana gunung-gunung,
kagyat mirêng suwara, minta tulung ya marang sarirannipun marma énggal
pinnarannan marang donning swara tangis,
Dupi
pranténg don wannara, Radén Talirasa pan sampun unning, séla sinrat sandi
kidung, lawan sastra buddhaka, wus kadhadha saraséng serattan ngriku, kinnén
amitulungngana, ya marang si kethék putih.
Tan
dya tumolih mangiwa, katingallan tépongngé kethék putih, sinnapa mring sang
binnagus payo kethék metuwa, ingsun ingkang arsa tutulung siréku, duk ngrungu
swaranning janma, kapi seta annaurri.
Jan
dika dyan Talirasa, karséng déwa
tinnakdir mitulungngi, dhateng kasangsaran ulun paduka sumingkirra, kula kirig
mennék prabata maledug gupuh Radén Talirasa, umiré saking ing ngardi.
Tan
dya gumledheg kang ngarga, gonjang-ganjing: nyelah kethék kikirig sumyar prabata
maledug oncat sang kapi seta, sampun luwar tandya mancolot sumebut ngupaya Dyan
Talirasa, sapa ranné atut wuri.
Panganggeppé
anyogata, kapi seta mring Radén Rasa Tali, anging ta labetting munyuk tunggal
lawan manungsa, saben-saben mancilak bindi pinusus pathenthengngan arsanggada,
nanging ajrih yén tinnolih.
Marang
Radén Talirasa, sru tumungkul abot sirahing kapi, dénning ginnegetting ngesuh,
wesi kang tan katingal néng jro kulit sajabanning dagingngipun marma mring Dyan
Talirasa, tulus dénnira jrih asih.
Wau
Radén Talirasa, maksih laju dénnira mati ragi, ginnodha sakéh lelembut dhemit
peri prayangan lawan éndhang ngéndhangngi delangkung, karêppé arsa minnongsa,
lan kinnokop ponnang getih.
Karana
karsanning déwa, wus tinakdir sapa kang wignya mbukti, marang getih
dagingngipun Rahadén Talirasa, luput teguh wong ngannom tyan kenéng sepuh,
lamun binukti wong tuwa, sayekti luputting pati.
Marmanya
kinuya-kuya, Radén putra lawan wannara putih, saparan anusup-nusup nalasak wana
wasa, dupi prapténg don sepi ana garumbul-garêmbel tuwuh wit-witan
lang-ngalangngé angalingngi.
Pintunning
kang guwa-guwa, tan saronta dennawa kang kaéksi, bérok-béra walung luhur, ngisi
siyung sacarak rambut gimbal anutuppi mripattipun mregagah ngadgangngi marga,
anggero gerêng ngajrihi.
Éh
éh wong bagus mandhegga, suwv ingsun ngarsa arsa siréki, aja sirna tanpa dunung
mati datanpa aran sapa sira arannira éh wong bagus gumecer timen waking wang,
selak arsa ngokop getih.
Getih
ing wong kaya sira, suwé ingsun nyidham getih land aging, éh sapa sira aranmu,
kagyat Dyan Talirasa, nulya kéndel aris pangandikannipun éh raksasa wana wasa,
away angalang-ngalangngi.
Ingsun
Radén Talirasa, Pangran Pathi Putra ing Giling Wesi, Prabu Pastatha jujuluk iya
sudarmanning wang, balik sira raksasa spa aranmu, aja mati tanpa aran angakuwa
mupung urip,
Iya
lamun sira Tanya, ingsun Kalapurusa Sura Sekti, kang rumeksa ing garumbul payo
sira sun until aja suwV-suwé katon matanningsun tinubruk Dyan Talirasa, kethék
putih angembulli.
Dinugang
raksasa kontal parêng nubruk kapi seta ambindi, nglumba kelumah gumabrug
raksasa timbale lumah, yun pinupuh raksasoncat marang grumbul tinututtan kapi
seta, raksas wus malih warni.
Asipat
dadya waraha, sarwi rerumnéng blethokkan kaéksi, kapi seta nguwuh-uwuh, céléng iya
iya weruha, mongsa dadak wurungnga pecah endhasmu, mancolot sang kapi seta,
sarwi anibanni bindi.
Raksasa
malih siluman kapi seta maksih angoncit-toncit raksasa séluman teluk tobat
asrah bongkottan lan Dyan Putra lan kapi seta anungkul dadya kinnén atut wuntat
kinnarya pitedah margi.
Laju
lampahé Dyan Putra, maksih turut wana myang wukir-wukir, duk praptanning rawa
arus kanggeg Rahadén Putra, myang wannara seta datan bisa laju, tandya ki Kala
Purussa, ngalangken pundhakkira glis.
Sigra
Radya Talirasa, sakaronné lawan wannara putih, cinnandhak binekta sampun kalih
anéng géndhongngan kang raksasa ngarubyak ing rawa arus sakedhap prapténg
darattan sabrang kulon sampun ngancik,
Jajah
ana ardi Malaya, ejim sétan brakasakkan myang peri, samya anggodha ngriridhu,
lampahé Radén Putra, ning tinnepak dénning kang wannara pingul singa-singa ru
paksa, sinnabet kalawan bindhi.
Kathak
samya kapelajar, tanpa kiwul pangriridhunning dhemit samya ngungsi kapalayu,
tanbuh ingkang sinnedya, kocap wau playunning para lelembut mawa prabawa
kumrasak kadya nginnempuh wajatin,
Kagyat
kang silumman tuwa, nuli prapta sajuga kang resaksi, godhék wok bring gung
ngaluhur, siyung angapurancang, rambut abang barintik adhawul dhawul ngaglah
anéng tengah marga, gerok anggrogigirissi.
Hurdah
manungsa mandhegga, baya iki kang karya mosak-masik marang annak putunningsun
kang néng gunung Malaya, kapi seta annaurri.
Buta
buteng kaya sira, lamun Tanya ya marang kangsun iring, iki atmajanning rathu,
Sang Ngaprabu Prastapa, ratu agung Giling Wesi prajannipun sira buta-buta apa,
rupamu anggigilanni.
Raksasa
naurri sugal lamun Tanya ingsun buta dhedhemit kang rumekséng wana sirung,
laladdan Himalaya, kala griwa ranningsun ditya gegedhug gedheg manggalanning
sétan kang kasusra pilih tandhing.
Suwé
ngadhang marang sira, sira ngemping lara anggenjah pati, tan saronta ditya
nubruk mring Radén Putra éndha, kapi seta mancolot tumémplok antuk cecengel
raksasa mila, gulung rambutté jinnenggit,
Sinaut
wannara kenna, yun inguntal marucut males binshi, dhadhanné kenna gumadhug
ditya tiba kelumah, gya pinupuh endhassé akoprak kapruk kadi ngepruk kelapa,
suka radén putra unning.
Oncat
raksasa lumajar, malbéng guwa wannara anututti, ditya tobat mintak ampun nuli
binekta medal anggaruguh ditya telukkan mangukuh, néng ngarsanning Radén Putra,
kinnén mundur angennémmi.
PUPUH
III.
Maksih
andugekken lampah, Radén Putra Giling Wesi, ing ngiring sang kapi seta, lawan
raseksa kakalih, saparan tinut wuri, dénning dennawa lelembut lepas ing
lampahira, Radén lan wannara putih, lamun dalu asipeng tengahing wana.
Byar
énjing wiwit lumampah, nasak wana margi sungil kocappa Rahadén Putra,
kapepettan anéng margi, dénning prabata agni, urubbé kadya tinunu, latu
makantar-kantar, bingung tan bisa lumaris onnengnging tyas Radén Putra lan
wannara.
Baya
wus karsanning déwa, cupet ing lalakon iki, nora bisa anutugna, gonningsun
amatiragi, ngambah wana myang wukir, anut saparanning suku, nalasak wana wasa,
mudhun jurang ngiring-iring, ngambah alas talatah surya pralaya.
Kuneng
wau kawuwussa, annenggih pun kethék putih, mathak aji padanyangngan sakedhap
sampun kepanggih, lan kang samara bumi, Tanya ngendi margannipun wit ketutup
dahana, murub makantar sahardi, kang tinnanya: samara bumi mannabda.
Dhuh
laé sang kapiwara seta, lamun angupaya margi, yektinné wus datan nana, éwa
dénné yén suwawi, Radén arsa lumaris amiyakka latu murub kedhik srananning
lampah, manggihana ingkang jagi, ingkang wasta jaran pannolih punnika.
Sayekti
langkung kuwasa, miyak latu murub wanni, ngendelken pusakannira, paringnging
déwa linuwih, warni kipas satunggil ageng katiyasannipun latu murub makantar,
kinnipas sayekti mati, kapi seta dahat sukanning wardaya.
Tanna
dangu gya pamittan marang ki samara bumi, cipta arsa kepanggiha, kalawan jaran
paannolih, ing lampah tan winarni, kapi seta wus kepangguh, kang rumekséng
dahana, awasta jaran pannolih, tembungngira lamun panuju ing driya.
Ingsun
minta tulung sira, sirêppen dahana iki, Radén Putra arsa liwat sugal ki jaran
pannolih, ingsun nora pradulli, sapa baé kang lumaku, angur sira baliya,
ambekés sang kethék putih, ladak timen éh jaran pannolih sira.
Jaluk
ingsun ruda peksa, samana sang kethék putih, tan saronta nubruk sigra, marang
ki jaran pannolih campuh asilih ungkih, jaran pannolih pinupuh, dénning bindi
pusaka, tanpa papan angundurri, temah kasor jaran pannolih prangngira.
Nulya
ngesrahken pusaka, kipas marang kethék putih, tinnampan sukanning driya, tandya
wau kethék putih, maranni marang ngardi, kang makantar-kantar murub kinnipas
datan pejah, wola wali maksih urip malah baya anyalat mring ngawakkira.
Dahat
runtikking wardaya, kapi seta muring-muring, marang kanga sung pitedah, iya ki
samara bumi, rumaos dén apussi, tiwas rinnéwangngan pupuh, marang kang bau
rêksa, kanga ran jaran pannolih, kipassira pusaka rinebut yuda.
Kodheng
tyasnya kapi seta, cinnipta tannana malih, among ingkang ngapus krama, Kiyai
Semara Bumi, sigra i ngundang aglis mring ngarsanning Radén Sunu, kang panggih
kapi seta, inguwus-uwus tanpa wis dénné karya marang kapi apus krama.
Anjungkel
konjem pratala, sira Ki Semara Bumi, umatur sarwi ngrerêpa, dhuh pukulun sang
tarunni, sampun asalah dalih, amastanni raganningsun akarya apus krama, satuhu
Jaran Pannolih, darbé kipas kakalih pusakannira.
Ingkang
sajuga kinnarya, ngagengngaken latu kenni, sajuga malih kinnarya, sisirêp
urubbing genni, punnika dénnastiti, bok bilih mannawi klintu, sayekti datan
pejah, malah surubbé andadi, konninganna pukulun Rahadén Putra.
Kipas
kakalih punnika, sinnimpen dénning kang éstri, awis janma kang unninga, kogel
tyassé kethék putih, dénnira ambendonni, mring Semara Bumi luluh, lalu énget
mring sira, bojonné Jaran Pannolih, sedyannira kapi seta malih warna.
Amindha-mindha
kang priya, nenggih Ki Jaran Pannolih, tandya matek ajinnira, kethék seta malih
warni, dadya Jaran Pannolih, kembar lan kang priya sampun muruggi rabinnira,
rinungrum i ngari-arih, arinningsun kang tuhu tresna maring wang.
Ingsun
pundhut kipassira, kang mongka panyirêp api, kang éstri amendhet sigra, kipas
panyirêpping genni, dén aturken tumului, tandya tinnampénnan sampun maring
ingkang amindha, Kiyai Jaran Pannolih, mesat sigra kipassé sampun binnekta.
Myang
malih warna wannara, wangsul kadya wingi unni, apan sarwi bekta kipas pusaka
panyirêp api, marêg unggyanning genni, gya kinnipas latu murub sirêp padha
sakala, Rahadén putra lan kapi, lumaksana marang donning kang sinedya.
Gantya
ingkang cinnarita, Kiyai Jaran Pannolih, duk andulu Rahadé Putra, kalawan
wannara putih, génya laju lumaris myang sirêpping genni murub kagyat mangunnandika,
éh apa wadinné iki, nuli tanya Pannolih lan rabinné.
Babo
ninni garwanning wang, ingsun tanya ing siréki, ya pusakanningsun kipas kang
kanggo angirêp api, wetokna dipun aglis kang éstri naurri jumbul Kiyai
katiwassan bayat kalebon maling, Sandi Paya nyarupi kadya paduka.
Awit
pusakanta kipas kang kinnarya nyirê api, saweg ing wau punnika, jandika pundut
mring mami, marma kula annuli, ngaturraken gupuh-gupuh, ing mangkya jengngandika,
praptanya an dangu malih, Kyai Jaran Pannolih kagyat tyassira,
I
babo wannara seta, dutanné Pangran Dipathi, teka datan laku cidra, iya marang
awak mami, baya karséng déwa di, oncatting pusakanningsun kipas panyirêp brama,
dadya pinupussing pesthi, kocap Radén Talirasa sampun lepas,
Ing
lampaha murang marga, tan pisah si kethék putih, prapténg tepining samodra,
tannana marginné malih, sigeg turunna kalih, ingkang dénya mingak minguk dénné
tannana palwa, tambangngan munggwéng jaladri, nulya ana sajuga buron samodra.
Kang
aran minna pasirran agengnya kagiri-giri, kadya bale alalampah, kombak
kumambangnging warih, prapténg pinggir jaladri, lir nambrama mring kang rawuh,
Rahadén Talirasa, dahat ngunnandikéng galih, baya iki ambagékké marang ing
wang.
Tanggap
ri sang kapi seta, inggih makatenna gusti, yén sagedda tata janma, wangsul
buronning jaladri, sayekti tan udanni, ing karsa paduka lamun arsa nabrang
samodra, mésem Radén Putra angling, ya mangkonno kethék putih nanging coba.
Warahen
mring dhéwékkira, lamun bisa anulungi, gonningsun arsa annabrang, lawan sira
kabéh iki, tandya wannara putih, umarêg tepinning ranu, kepanggih lan pasirran
wus calak sang kethék putih, atatanya éh sira iki pasirran,
Sun
arsa nabrang samodra, sapa ingkang annambangngi, dénné datan nana palwa, géthék
témbo tan udanni, mingser pasirran angling, é: wannara mitranningsun lamun
sirarsa nabrang, iya marang ing jaladri, nora nana ing kénné tambangngan palwa.
Kajabanning
awaking wang, ingkang wignya anulungngi, nyabrangngaken marang sira, anging sun
tatanya dhingin sirarsa marang ngendi, déra dahat drangnging kayun nedya
nabrang narmada, jarwan nana kang sayekti, kapi seta sukéng tyas anambung
sapda.
Éh
mitra buron pasirran lamun sirarsa udanni, kang dadi sedya mannira, lan Radén
Putra ing mangkin arsa dugékken kapti, umanjing jronning wana gung, iya surya
pratala, sumiwéng Hyang Misésanni, amiminta kang pusaka kadam makna.
Legawéng
tyassing pasirran Radén Putra lan sang kapi, sampun sami ingaturran marang ing
gigir annitih, sakawannya wus munggwing, gigirring pasirran mungguh, tanpa é
lawan palwa, bisa lumaku pribadi, mung kacékké boya nganggo juru satang.
Tan
usah nganggo tambangngan amung baé sun meling, mring sira lan Radén Putra,
bénjang kalamun kepanggih, Sang Hyang Wasésa Tunggil aturrênna raganningsun
bénjang akirring jaman apa ta sun bisa nitis marang janma tumitah néng
ngarcapada.
Mapan
sampun sinnaguhan pasirran dénya memeling, sampun lepas lampahira, Radén Putra
lan sang kapi, dennawa kang kakalih, pra samya sipat lelembut kang wus teluk
néng marga, saparannira umiring, marang Radén Putra lawan kapi seta.
Ing
marga datan winnarna, sabrang kulan sampun prapti, nulya mungguhing dharattan
ingkang tinuju sang kalih, mring gunung glingsang semi, dadya nyengkrék
lampahipun prapta lengkéhing ngarga, panggih lan wong ninni-ninni, mendhak sigra
atambuh mring Radén Putra.
PUPUH
IV.
Dhuh
adhuh wong ngabagus lawan para ingkang atut pungkur, sadayanya ingkang sampun
prapténg ngardi, kawula akami purun tatanya dhateng sang ngannom,
Sinten
sinambattipun lan ing pundi pinnangkanniréku, lan punnapa ingkang sinnedya ing
ngarsi, dénné kesasar mring gunung, annalasak eri bondhot,
Kang tinnanya sumambung, ninni tuwa yén Tanya
maringsun ingsun putra Pangran pati Giling Wesi, Talirasa kang satuhu, kinnasih
dénning sang kathong.
Marma
tumekéng gunung, sedyanning sun mung arsa angruruh, kang pusaka kadam makna iku
ninni, kang manggon jronning ngalas gung, surya pratala ya kinnaot,
Dénné
ta kang amengku, kitab kadam makna kang satuhu, Sang Hyang Jagad Pratingkah
marmanta ninni, kang manggon jronning ngalas gung, surya pratala ya kinnaot,
Dénné
ta kang amengku, kitab kadam makna kang satuhu, Sang Hyang Jagad Pratingkah
marman ta ninni, adoh-adoh ingsun luru, mennawa bisa kepangguh.
Kitab
arsa sun suwun karsa wasiyat ing tembénnipun iya lamun ingsun jumenneng narphathi,
anggenténni rama prabu, ing Giling Wesi
kadhathon,
Ni
tuwa nembah matur, dhuh pukulun bok sampun kebanjur, alalana ing ngardi
galinggang semi, punnika singit kelangkung, boten kénging tronyok tronyok,
Kathah
lelembattipun tur ta canggéh rêmen ambébédhung, ngantos karan janma mara janma
mati, sato mara mara lampus bok inggih wangsul kémawon,
Radén
ngandika arum ninni tuwa banget trimanningsun sira ngowel iya marang jenneng
mami, nangnging meksa sun alaju,
annalasak jurang singgrong.
Lamun
welas siréku, tuduhenna marga kang satuhu, ingkang anjog ing surya pralaya
ninni, ninni tuwa nembah matur, dhuh gusti sang prawira énnom,
Lamun
agrengnging kayun lah suwawi mampirra karuhun dhateng sudhung sakedhap kula
aturri, lelenggahan sarwi ngunjuk toya asrep jampi ngorong.
Ngendi
wismanniréku, ninni tuwa sun minta pituduh, lah punnika calekké walasing
ngriki, uger wonten kadi gubug ngéréng-éréng jurang gerong.
Cagakké
deling wulung, mung satangkep payu godhong tebu, trimah lowung kanggé ngéyub
wonten ngardi, Radén Putra ngandika rum iya becik mara payo.
Gya
kerid ninni pikun sempoyongngan lakunné andhungkruk Radén Putra lan wannara
atut wuri, dutya kakalih tan kantun ing marga tan cinnariyos,
Sampun
prapta ing sudhung, Radén Putra I ngaturran laju, lah sumongga Radén lenggah
bale griki, oo…: kontennipun sundhul ragi mendhakka kémawon,
Wus
lenggah sadayéku, bikut ninni tuwa mlebu metu, asasaos pasegah sambénning
linggih, lawan pangunjukkannipun nulya cinnarakken gupoh.
Daweg
Radén kaunjuk wédang cengkéh kaliyan kemukus cara ngardi namung kanggé jampi
salit sinnambi dhaharraanipun gayam saweg mentas godhog,
Lan
tudhungngan cinnarub Radén Putra nulya dhahar kembul ngéca éca labet kelungsé
ing wanci, suka tyassé ninni pikun mulad dénya dhahar cékoh.
Ninni
kongsi keladuk gon sun dhahar marang susuguhmu, gayam lawan gudhang
gogodhongngan iki, apa [24] aranné punniku, dénné ingsun nembé tumon,
Godhong
ingkang kadyéku, ninni tuwa alon aturripun gih punnika tedhannipun tiyang
ngardi, kalaka cikarannipun tur saru warninning ngeron,
Dénné
gayam punniku, tiyang sepuh yekti goal gaul pantes lamun dhinnahar Sang Pangran
Pathi, mila sampun rikah rikuh, karan Allah kémawon,
Sampun
karaos tuwuk Radén putra énget karsannipun payo ninni ingsun tuduhna dénnaglis
marang ngendi prenahipun surya pratala kang anjog,
Sandika
ninni pukun nulya waléh ing sanyatannipun wana surya pralaya inggih ngeriki,
Hyang Pratingkah dunungngipun ingkang jandika upados,
Pupundhénning
pra rathu, warni kitab kadam makna iku, tur ta ageng kasiyattipun ing ngunni,
nanging kedhik cacaddipun unggyanya dhelik angerong.
Tur
ta peteng kalangkung, margi supit andhodhok kasundhul boten kénging linnebettan
tiyang kalih, cacak kéwala pukulun yén katrimah gampil lebettipun nulya wonten
ing jro swara ringik ringik lir swaranning para wadu, dénniranggul aprang
kasor.
Dyan
Putra mésem muwus payo ninni iridden dén gupuh, iya nadyan kaya proyé baé
ninni, sun labuhi teken janggut ugerré
bisa kalakon,
Anulya
menyat sampun ninni tuwa ngirid lampahipun wanci surup ing surya peteng kapati,
Radén Putra tinuntun sampun prapta celakking rong.
Sampun
dika lumebu, Radén putra gagap gagap antuk pintunning ronggang geng anggameng
ngalingngi, limit lumutté alunya, ngunandika dudu lakon,
Aja
awus kebanjur, prapténg kénné sayektinné ingsun bali baé nora kudu angupadi,
pusakanniréng prang pupuh, ananging balik samengko.
Wus
ketemu gonnipun kari manjing dadak mangu-mangu, kunneng lingnya wau dennawa
kakalih, suwawi Radén lumebu, kula tarik saking ing jro.
Radén
Putra tan purun sigra miyak ganggeng kang tumutup pan wus mangnguk ing sirah
kalawan ngagir, lulumut limat alunya, praptanning jro mménggak ménggok,
Tur
mawa gonda arus keplepeggen Radén Putra bekuh, sinaurran ing jero ana kapyarsi,
ringik ringik sambat ngadhuh, Radén Putra andharodhog,
Mék
emék astannipun wus sinnampé delancang saepuk kadammakna yaiku kang dén upadi,
marmanta énggal jinupuk binnekta mijil sing ngerong.
PUPUH
V.
Lega
tyassé Radén lan sang kapi, rêmbuggé sakloro arsa nulak nuli kondur baé, gya
pamittan mring wong ninni-ninni, éh bok ninni mangkin ingsun karsa kondur.
Janma
ninni-ninni matur raris dhuh gusti sang annom lamun sarju ing galih kalihé,
punnapa boten lampir malih, Radén ngandika ris iya ninni maklum,
Ingsun
bacut baé nora mampir, réhninng awaking ngong, annis saking praja wus kisuwén
datan pamit kanjeng rama aji, yén dén arsi-arsi, ya marang jeng ibu.
Nora
liwat pi tuduhiréki, marang awaking ngong, sun tarima banget marang kowé, bésuk
lamun tumekéng praja di, yektyéng sun annuli, utussan methuk,
Marang
sira ywa anggung néng ngardi, arsa ingsun boyong, mring nagara Giling Wesi baé,
sira wruha rasanning kamuktin umatur bok ninni, gusti sanget nuwun,
Mugi-mugi
sadayanya sami, manggya karahayon kadumugén kang dadya sedyanné, watak wonten
sangsayanning margi, jinurung sakapti, Radén mangkat gupuh.
Wirandhungngan
ing samargi-margi, kitabbé dén gendhong, marang kala purussa abdinné, tan
kacrita laminning lumaris wus prapténg gigisik tepi samodra gung.
Kang
pasirran amethukken aglis nambraméng sang nganom lan bagé ya tekannira kabéh,
sira padha annemu basuki, kapi annaurri, ya padha rahayu.
Wis
ta payo mungguha dénnaglis marang gigirring ngong, Radén Putra lawan saabdinné,
wus ginnawa pasirran anglangi, lumémbak madyanning, ombak alun-nalun,
Samya
gupruk ing samargi margi, kojah kang lalakon Radén Putra lan kapi mitranné,
buron toya pasirran nambungngi, akarana saking, Vnget wekassipun,
Duk
nalika Radén Putra ngunni, nabrang mring brang kulon wus winneling kinnén
ngaturraké, marang Sang Hyang Wasésa atunggil prakara sun nitis bénjang
tembénnipun,
Éh
ki sanak kethék putih, ingsun atatakon duk néng ngalas surya pratalanné, apa
sira padha bisa panggih, Hyang Wasésa Tunggil Radén sumaur.
Ya
pasirran ingsun bisa panggih, ana sajronning rong, nanging nora sumurup
warnanné, among krungu swaranya aririh, sarwi amaringngi, kadammakna iku.
Kagyatting
tyas pasirran annuli, nengah cumalorot ngambah samodra siyem bawahé, anutugken
patanyanira ris mitra apa lali, ing weweling ingsun.
Radén
Putra anambungngi aglis, adhuh mitraning ngong, away dadi ing driya runtikké,
ingsun lali gonnira memeling, gampang tembé buri, yén ingsun katemu.
Kang
pasiran ambekis naurri, si manungsa goroh, sarwi am:bles anéng samodranné,
gugup Radén Putra sadayéki,, ngrasa lamun manggih, tiwas jronning ranu.
Cedhak
lawan ing siyem nagari, kerêmmé sang nganom kadi lamun tinnakdir déwanné,
kethék seta kang wignya anglangi, pan wus dén tulungngi, kabéh rowangngipun,
Radén
Talirasa ngunni maksih, sarira anglentroh, saking dahat Radén kantakanné, dén
asok kenning tei gigisik kasilirring ngangin wungu-wungun pungun,
Kitabbira
kang teles dén isis néng séla amongol mung sakedhap kéwala nulya gé, kadam
makna mapan sampun garing, pinundhut tumuli, maksih tabettipun,
Kang
serattan anéng séla kari, malah kongsi dhékok kawistara buda ing sastranné, kadi
lamun karséng bathara di, tabetté kang tulis tumiba ing watu.
Sigeg
kawuwusa Pangran Pathi, arsa tindak gupoh, myang dén iring titiga myang kethék
tan kawarna lampahiréng margi, samana wus prapti, nenggih prajannipun,
Kocap
Sang Ngaprabu Giling Wesi, myang garwa sang kathong, saka mantya ing tyas
sungkawanné, ngraossaken putra pagran pati, ingkang wus alami, tilar
prajannipun,
Tanpa
pamit rama ibu sori, dénnira alolos marma prabu dahat sungkawanné, putra jalu
sajuga kinnasih, murca tanpa pamit tambuh rannipun,
Kunneng
wau kawuwussa malih, Radyan putra kathong, kang wus kondur prapténg nagaranné,
nulya njujug jro pura sumiwi, mring rama sang ngaji, lawan jeng sang ibu.
Saka
mantyan jeng sang narapathi, ing galih sumedhot mulut marang putra ing
praptanné, gya ingawé marang praméswari, kulup dipun aglis selak asmaréngsun,
PUPUH
VI.
Manembah
pangran dipathi, sumiwéng ngarsa naréndra, ngaras pada sakalihé, jeng rama lan
ibunnira, dahat sukéng wardaya, praptanning putra sang prabu, kapinggih sami
raharja.
Sira
kulup marang ngendi, gonnira atinggal praja, kongsi saprana saprénné, karya
susah ibu rama, apa ta: wartannira, kang putra amatur dheku, pukulun inggih
raharja.
Dénné
késah kula ngunni, among perlu angupaya, kitab pusakanning kathong, ingkang
wasta kadam makna, tebih panggénnannira, marmanta kalantur-lantur, kong[30]si
tumekéng samangkya.
Sang
natha ngandika aris apa ta kulup samangkya, wus sira gawa kitabbé, ingkang
ngaran kadam makna, putra umatur nembah, inggih pangéstu pukulun kitab sampun
kula bekta.
Gonnira
oléh ing ngendi, mara ingsun wartannana, ingkang dadi lalakonné, kang putra
matur mannembah, dhuh pukulun jeng rama, wiwit kawula rumuhun medal kikissing
nagara.
Anulya
manjing wanadri, minggah gunung mudhun jurang, urut margi ing pépéréng, ngantos
angsal tetelukkan wannara ln dennawa, punnika ingkang tut pungkur, dhumateng
lampah kawula.
Kepalang
wonten ing margi, latu murub ngalad-dalad nenggih saprabata gengngé, tandya
mitra kapi seta, panggih lan baerêksa, jaran pannolih rannipun kang gadhah
pusaka kipas,
Kénging
cinnidra ing jurit kipassé sampun binnekta, anulya dén tamakaké, latu murub
sampun sirna, laju lampah kawula, gya kepalang samodra gung, kawula peksa
annabrang.
Nanging
boten annambangngi, mung antuk pitulungngira, ulam pasirran wastanné, gengnya
sabalé balaka, brang kilén sampun prapta, nunten nyengkrék manggih gunung,
galinggang semi saranya.
Wonten
lelengkéhing ngardi, kepanggih pun ninni tuwa, kawula gya sinnambraméng, gayam
pasugatannira, lan gudhang gogodhongngan kalaka cikarannipun raossé éca
kalintang.
Tuwuk
kawula abukti, gya kérit ing lampah kula, dhumateng ing wana kilén annenggih
surya pratala, wastannipun kang wana, mardinya andumuk irung, lampah kula
gagap-gagap,
Tandya
manggih guwa alit margi supit katutuppan ganggeng miwah lulumutté, prandénné
kawula peksa, malebet ing guguwa, suku jaja teken janggut sundhul lamun
barangkangnga.
Ninni
tuwa angentossi, dumugi sawedal kula, saking sakeronning ngerong, bekta kitab
kadam makna, marma kawula sagah, lamun bénjang wussa mantuk mring Giling Wesi
nagara.
Arsa
kéngkénnan muruggi, dhumateng pun ninni tuwa, tumutta angraossaké, mukti wonten
prajannira, marmanta jeng raméndra, lamun pinujwéng sang prabu, mugi dipun
timballana.
Annenggih
pun embok ninni, naréndra mésem ngandika, mara coba sun undangngé, anunten
dhawuh sang natha, mring bupathi nayaka, miwah karéréyannipun pinnatah alampah
duta.
Dhateng
wukir glinggang semi, cinnendhak caritannira, samana duta praptanné,wonten ing
wukir galinggang, panggih bok ninni tuwa, apratéla lampahipun ngembat timballan
sang natha.
Naréndra
ing giling wesi, jujuluk Prabu Pastapa, kang rama Pangran patinné, annimballi
marang sira, kinné amboyongngana, ngluwarripun naginnipun duk ketemu lawan sira.
Sukéng
tyassé nimbok ninni, marmanta datan lenggana, pan wus sandika aturré, gya
tata-tata adandan rampung nulya ginnawa, pinotting joli pinikul ing marga datan
winnarna,
Prapténg
nagriGiling Wesi, jumujug ing ngarsa natha, anulya lon timballanné, mara gé
sira bukka, lawangngé joli ika, tandya
binuka kang pintu, ninni tuwa sigra medal,
Sang
Natha lan praméswari, anjenggirat semu kagyat mirsa ing joli sisinné, wannodya
éndah-éndah ing warna, sedheng ing dedeggira, kadya andaru lalaku, tur ta
maksih rara kennya.
Cingak
kang para annangkil miwah pra céthi sadaya, sidhakepnya blékro wongngé, putra sampun tinnimballan éh kulup
Talirasa, jaré ninni-ninni pikun wekassan amalih warna.
Apa
baya benner iki, kang tutulung marang sira, néng surya pralaya biyén kang putra
jrih aturrira, rama dédé punnika, ing ngunni ingkang tutulung, tiyang
ninni-ninni tuwa.
Gumujeng
Sri Narapathi, sinnengguh Radén Putra, amung angijatti baé, tandyan dangu Sang
Natha, marang Bupati duta, kapriyé solahé iku, duk nalika sira gawa.
Kang
duta umatur aris dhuh gusti inggih kawula, kapanggih pra sami ijén wonten ing
ngardi Galinggang, rising surya pralaya, punnapa dhawuh ta prabu, sampun
katampén sadaya.
Sampunning
sandika nuli, bok ninni pra dandan énggal umanjing dalem jolinné, satunggal
tannana janma, upami kalintuwa, dénné mangya santun wujud kawula among
sumongga.
Mésem
sang natha nabda ris andangu dhateng pun rara, sapa arannira kowé, lan ngendi
donmu kang nyata, Kenya umatur nembah, wilota mawas ta ulun suwarga wijil
kawula.
Badhé
siwiténg sang pekik Hyang Guru ingkang dhadhawuh, mupung wonten jalarranné,
kang putra Dyan Talirasa, duk prapta anéng wana, ngajak mukti sangguppipun
dhumateng badan kawula.
Kawula sampun nangguppi, suwita dhateng putranta,
rumekséng kang pusakanné, nenggih kitab kadalmakna, sing Hyang Jagad
Pratingkah, suka ing galih sang prabu,
mulat Déwi Wilotama.
Sawang
sawungnganning warni, lan putra Dyan Talirasa, pantes dadiya garwanné, alon
andikanné natha, mring Radyan Talirasa, babo kaki putranningsun karêppé si
Wilotama.
A[34]tas
karsanning déwa di, minta dadya garwannira, éh ta kulup kaya priyé, andheku
Rahadén Putra, kawula mung saderma, ngéstokaken dhawuhipun pukulun Jeng Sri
Naréndta.
Ngandika
Sri Narapathi, iya marang garwannira, sira yayi apa condhong, sutamu si
Talirasa, arsa sun kramakenna, lawan Wilotama iku, Praméswari tur sumongga.
Sawusnya
golong ing galih, sang putra gya binnoyongngan manjing dalem kadipatén
cinendhak caritannira, nenggih Rahadén Putra, dhauppé lan sang rêtna ayu, ageng
ing bawahannira.
Kadi
saban-saban ngunni, miturut putréng Naréndra, ingkang krama bayangkaré, kongsi
kawan dasa dinna, nutug amakajangngan sigeng gantya kang winuwus kocap ing
sabrang srinnata.
PUPUH
VI.
Kocap
ing tanah bang wétan kang jumeneng narapathi, Sang Prabu Klana Rumbaya, ing
tirta sumirat nagri, naréndra sura sekti, tur sugih bala panungkul maksih
lamban kéwala, laminning jumenneng aji, datan nana kang rinasan putrid natha.
Anuju
ing ngari soma, sang natha miyos tinnangkil ingayap para parêkkan emban inya
para céthi, paglarran sri manganti, belabor wadya supenuh, kocappa Sri Naréndra, dahat onnengnging
panggalih, nraossaken ing dalu supennannira.
Kyai
Patih Jaya Wahana, kang sumiwéng sri manganti, alon ing timballannira, marang
ing ngarsannira Ji, Patih sampun sumiwi, ing ngarsa natha mangukuh, alon
andikannira, éh Bapa Patih siréki, marmannira sun undang néng ngarsanning wang.
Sun paring wruh marang sira, mau bengi sun
angipi, katekannan ing wanodya, kang tuhu éndah ing warni, pamulannira kunning,
ganden ing wicara luruh, srenteg pangawak dara, saka prajéng Giling Wesi,
pangakunné aran Déwi Wilotama.
Sumusul
gonning sun néndra, sangguppé arsa nyényéthi, iya marang jennengnging wang,
annuli ingsun tampanni, kongsi campuh sarêsmi, anggung ngajak karon lulut
anyiwel wentissing wang, gragappan ingsun anglilir, anggagappi mring dhéwékké
nora nana.
Kari
asmaréng tyassing wang, kongsi tumekéng saiki, li nali saya ngaléla,
linglungngé amulet ati, upama sun turutti, sida édan turut lurung, labet ingsun
naréndra, darbé warongka linuwih, iya iku kang kajibah ambéngkassa.
Marang
ing kasmaranning wang, mula sira bapa patih, aja wedi ing kangéllan bésuk dinna
soma mannis sun arsa annedhakki, marang ing dunungngiréki, Dyah Wilotama, nagarané
Giling Wesi, tuwannana ingkang dadi lakunning wang.
Ngendi
gonné Wilotama, lan sapa kang dén ilonni, lamun panuju ing nala, sun tembung
krananné aris lamun peksa muguhi, bakal sun rebut ing pupuh, nadyan silih Sang
Natha, Binnatharéng Wiling Wesi, kakang gonnanno ra wurung sun rebut prang.
Sun
dadékken karang ngabang, marma sira bapa patuh, lawan si Jaya Wimana,
Sénnapatinning ngajurit paréntahana aglis lawan saprajurittipun Kyai Patih
nembah méntar, sapraptannira ing jawi, dhinnawuhken marang kabéh wadyannira.
Sadaya
sampun samekta, parapténg ari soma mannis budhallé Sri Naranatha, nglurug
marang Giling Wesi, kathah wadya umiring, ingkang dadya kami sepuh, Patih Jaya
Wimana.
Tinnon
kadi wana kobar, lampahé Srinnarapathi, datan gampang pinniyakka, saking
agengnging kang baris kocap sampunning ngancik ing babaggan samodra gung, prabu
nitih baita, sawadya tannana kari, mahatussan andulur kéhing baita.
Laminné
datan winnarna, sang natha anéng jaladri, pasisir kilén wus prapta, laladanning
Giling Wesi, labuh jangkar annuli, sang natha sabalannipun minggah marang
dharattan pacabbaris ing pasisir, miwah tata-tata pasanggrahannira.
Rêrêm
sadalu kéwala, wonten pasanggrahan aji, énjingngipun gya utussan Jaya Wahana
Kyai Patih, kinnén annonjok tulis marang sri pastapa prabu, surasanning nawala,
pénget iki laying mami, natha dibya tirta sumirat nagara.
Katampannana
marang sira, sang prabu ing Giling Wesi, wiyossé pustaka arja, lamun pinuju ing
kapti, sutanta ninni déwi, Wilotama ingsun pundhut marang nagaranning wang, sun
dadékken praméswari, annisihi marang panjennengnganning wang.
Muktiya
néng tannah sabrang, lamun sira angukuhi, marang déwi Wilotama, arsa sun rebut
ing jurit mirantiya dén becik jagang jero béténg dhuwur, yén sira angaturna,
iya marang ninni déwi, tulus baé sira mukti néng prajanta.
Telas
pamaossing surat sang prabu ing giling wesi, dahat runtikking tyassira, kumedut
padonning lathi, tuhu anglalannangngi, rathu sabrang ambekkipun marang
samanning raja, ngungkak krama dek suranni, pangrasanné tannana wong wanniyuda.
PUPUH
VII.
Surat
winnangsulken sigra, éh caraka ingsun nora mangsulli, sun uja sakarêppipun
Prabu Klana Rumbaya, gonné arsa angadonni ing prang pupuh, ésuk sore nekan
nana, sayekti ingsun tadhahi.
Kang
duta amit umesat Sri Pastapa lan Putra Pangran Pati, wus samekta aprang pupuh,
ing marga tan winnarna, utussanné rathu sabrang sampun wangsul kepanggih ing
gustinnira, kang masanggrahan pasisir.
Gupuh-gupuh
praptannira, gya umatur miwitti amekassi, geter ing panggalihipun Prabu Klanna
Rumbaya, adhadhawuh kinnén mepak wadyannipun Kya Patih Jaya Wahana, tengara
bendhé tinnitir.
Sakedhap
sampun ngalempak wadya bala bacingah lan prajurit Jaya Wimanna panjur, bodhol
sing pasanggrahan gagancangngan ginnelak ing lampahipun Prabu Kalanna Rumbaya,
sisiriggan nitih wajik,
Datan
kawarna ing marga, wadya sabrang wus prapténg giling wesi, kuthanné kinnepung
wakul malah binnaya mangab Kyana Patih ngunjukki unningéng prabu, lamun mengsah
sampun prapta, tepung angepang nagari.
Jengkar
saking ing palangkan Sri Pasta pamiyos marang satinggil Dyan Talirasa tan
kantun néng wurinning kang rama, wadya bala mapan sinnasmitan sampun nempukna
wadya ing sabrang, sigra campuh ing ngajurit,
Aramé
elong linnongngan drél mariyem ting jalagur ngamballi, prajurit sabrang
amberung, ngamuk suratanta ha, para wadya giling wesi ngiwat ngiwut ana perang
sami rowang, tinukup mengsah angisis,
Surak
sora mawurahan tanpa papan wadya ing giling wesi, dhinnesek mungsuh keplayu,
samya angungsi gesang, Radén Putra datan tahan galihipun mirsa untabbing wong
sabrang, anggigiro gigirissi.
Gya
mudhun sing siti benter, Radén Talirasa umagut jurit Sri Klana Rumbaya dulu,
lamun Radén Putra, ngadonni prang tandya tinnanggappan gupuh, ramé prang padha
prawira, pinukul sagels edhing.
Dupi
arsa kasulayah, rathu sabrang triwikramanné dadi, ginnetak dyan putra mamprung,
kabur katut maruta, kumaléyang tambuh ing dhumawahipun cumalorot tibéng pucak
ing widora mulya ardi.
Dangu
ing kantakannira, sawungunya rêngkeng rêngkeng lumaris arsa lerêm karsannipun
néng sanggar palanggattan tan kawruhan kang darbé sanggar punniku, sigeg gantya
kawuwussa, ing widara mulya ngardi.
Sang
Rêsi Sidik Pramana, putrannira Déwi Susmayawati, ingkang lagya nandhang wuyung,
dahat sungkawéng driya, kawistara ing nétya saya anglayung, labet dangu cegah
néndra, kapati ambanting ragi.
Sang
Rêsi Sidik Pramana, dupi mirsa putra dahat prihatin kongsi rusak ragannipun
dinnangu putrannira, éh ta ninni Susmayawati siréku, paran karana tyassira,
semunné banget prihatin, paran karana tyassira, semunné banget prihatin,
Apa
baya purwannira, dén prasaja ninni sira ywa kikip kang putra nembah tumungkul
kumembeng ingkang waspa, dhuh pukulun séwu kasisippan ulun kang dados
karanannira, kawula nandhang prihatin,
Ing
dalu kula supenna, wonten priya bagus tannana nyami, sumusul angajak turu,
rumengkuh kadi garwa, paréwanan malah kongsi karon lulut aran Radén Talirasa,
Pangran patinning narpathi.
Nging
rathu ing pundi rama, déréng Tanya kula selak ngalilir, punnika ing margannipun
kula nandhang asmara, marma lamun paduka asih maringsun mugi rama dén upaya,
wong bagus ingkang kadyéki.
Lamun
kongsi kapangya, suka ulun temaha angemassi, émeng tyasnya sang ngawiku,
ngraosken ing putra, larasmara marang impén nedya lampus nulya lon
pangandikannya, babo sutanningsun ninni.
Away
marassing tyassira, sun minta marang déwa linuwih, mennawa karsannipun katrima
ing panyipta, kaya-kaya katekan ing karêppipun antinnen lawan nalongs, marang
déwa kang linuwih.
Tandya
rising pannembahan tata tata arsa mangsah semédi, mahas sajronning ngasamun
néng sanggar palanggattan mung sapangu kagyat mulat warnannipun satriya éndah
ing warna, suméndhé kadi semédi.
Tatanya
sang panenembahan dhuh sang annom ingkang lenggah ing ngriki, sinten sinnambat
wong bagus myang pundi dunungngira, lan punnapa ingkang sinnedya ing ngayun
sigra mapan lenggahira, alon andikanniréki.
Pukulun
sang pannembahan yén paduka andangu jenneng mami, Dyan Talirasa pukulun inggih
wasta kawula, putra natha Giling Wesi prajannipun dénné ta prapta kawula, ing
ngunni asorring jurit,
Mengsah
naréndra ing sabrang, dipun getak kongsi dhawah ing ngriki, bingung tan wruh
elér kidul marma sang pannembahan lamun arsa tutulung mring raganningsun paduka
mitedahana, margi dhateng Giling Wesi.
Sang
wiku nambungngi sabda, inggih radén kularsa mitulungngi, nanging yén lega
tyassipun lah suwawi kampirra, dhateng pondhok sakedhap kéwala lungguh, sanggup
Radén Talirasa, sakalih samya lumaris,
Sampun
prapta ing pratapan Radén Putra gya ingacaran linggih, sugata makenndhung
kenndhung, prapta lawan cinnipta, widada risinnommanné sang mawiku, suka tyassé
Radén Putra, kanthi pangungunning galih.
Bapa
iki wiku dibya, kawistara gelarré luluwihi, sigra ing ngacaran sampun Radén
andika dhahar, sasnanné jaraggan wonten ing gunung, Radén Putra nulya dhahar,
sakalihé lan sang rêsi.
Wus
tutug dénya bujana, pannembahan sigra umatur aris Radén paduka arawuh, dhapur
kapasang yogya, annak kula Susmayawati ing dalu, supenna panggih paduka, carêm
sajronning ngaguling.
Kadi
satatanning garwa, anggung dénnya posa pasiyan ngenting, duk sarêng
ngalilirripun dén gagappi tannana, sannalika suta mba anandhang wuyung, kang
kacipta datan liya, mung paduka sang ngapekik,
Kumedah
dipun abdékna, mring paduka anggér nedya nyényéthi, nulya tinimballan gupuh,
Sang Déwi mring kang rama, éh suténgsun Susmayawati wong ngayu, parêkks mring
ngarsannira, Dyan Talirasa sang pekik,
Kang
putra matur sandika, nulya medal Déwi Susmayawati, pangadheppé makédhupuh, néng
ngarsa Radén Putra, dhuh nah anggér gih punnika wujuddipun pawéstri annak
kawula, pun Éndhang Suswayawati.
Ingkang
arsa suwita ha, mring paduka arsa andorar dasih, dén kadi duk impénnipun
Rahadén Talirasa, kawistara sengsemming galih kalangkung, mulat marang ninni
éndhang, astanné tandya kinnanthi.
PUPUH
VII.
Tanpa
épa ngantén temu, Ni Éndhang Susmayawati, lawan Radén Talirasa, dahat dénnira
tumrampil tan montra nembé kéwala, wanuhé lawan sang pekik,
Ambungahi
kadi kaul sakedhap-kedhap umanjing, marang sajronning papremman nutug dénnira
sarêsmi, dhasar Radén lan Sang Rêtna, nedhengngé wanci birahi.
Laminné
wus pitung dalu, Radén Talirasa krami, néng ngardi Widara Mulya, antuk
putanning Sang Rêsi, Susmayawati Éndhang, karsannira dén boyongngi.
Marang
Giling Wesi kondur, minta mit marang Sang Rêsi rama yén parêngnging karsa,
putranta pun ninni Déwi, inggih badhé kula bekta, mantuk dhateng Giling Wesi.
Sang
Bagawan lon amuwus sumonga rising ngapekik ananging margannira, gawatté
kepati-pati, réhning ambekta wannodya, dipun prayitna ing margi.
Kula
turri jimattipun kang awarni cupu mannik kinnarya sarat panulak dhateng babaya
ing margi, miwah jemparring swingkara, pangleburring satru sekti.
Jimat
tinnampennan gupuh, lawan pusaka jeparring, nulya amit Radén Putra, kang garwa
kinnén umanjing, jronning cupu asthaginna, sampun budhal Radén pekik,
Kocappa
Sang Maha Wiku, sapengkerring putra putri, datan pegat muja brata, marang déwa
kang linuwih, minta basukinning lampah, putra lan garwa sang pekik,
Ing
marga datan winuwus lampahé Pangran Dipathi, sapun prapta prajannira, nagari
ing Giling WEsi, bala sabrang maksih aprang, mengsah wadya Giling Wesi.
Dyan
Talirasa jumujug mring kadipaten kepanggih, garwa Déwi Wilotama, methuk
praptannira nuli, manembah angoras pada, cinandhak dipun arassi.
Kang
rayi alon turripun paran wartossipum gusti, yayi méh annemu tiwas ajaha ta: dén
tulungngi, mring Wiku Sidik Pramana, yekti sun tumekéng pati.
Ingsun
tan weruh lor kidul Sang Wiku welassing galih, nulya ingsun tinulungngan lan
pinaringngan jemparing, apa dénné kang jijimat asthaginna cupumannik,
Nanging
sun amundhut parêkkan putranné putrid, abotté amburu nyawa, kepeksa ingsun
sangguppi, saiki wus ingsun gawa, anéng jronning cupu mannik,
Kang
rayi nembah umatur, sukur sukur lamun gusti, wurung datan katiwassan kondurré
amboyong putrid, kawula arsa panggiha, dhateng kadang kula éstri.
Sinten
paran wastannipun kang raka ngandika aris Susmayawati aranya, mara sun wetokné
yayi, kang cupu sampun binuka, gumebyar katon sang putrid.
Sukéng
tyassé garwa sepuh, énggal dénya ngacaranni, gumapyuk ararangkullan adhiku
Susmayawati, ingsun bakyumu priyongga, garwanné Pangran Dipathi.
Marma
aja éwah éwuh, suwita marang sang pekik anggeppen wisma priyongga, kadipatén
Giling Wesi, iya ingsun lawan sira, manjingnga sudara wédi,
Ni
Éndhang umatur nuwun dhawuhipun Sang Sudéwi, kawula boten rumongsa, nganggeppa
sudara wédi, trimah among sumawita, mring paduka sang sudéwi.
Dyan
Putra suka ing kalbu, amirsanni garwa kalih, teka sami trampillira, sepuh lawan
kang tarunni, anggung slondhoh sinlondhohan tanpa tabetting sak serik,
Sampun
kasaputting dalu, Dyan Putra lan garwa kalih, manjing dalem pasaréyan anggung
dénya kakarossih, datan sah gilir gumatya, karonné pinniluténg sih.
Kacarita
énjingngipun Pangran Pati nulya ami dhumateng garwa kalihnya, lamun arsa mangsah
jurit mengsah lawan rathu sabrang, kang maksih déng Giling Wesi.
Kang
garwa samya rawat luh, agung dénnira mumuji, asasanti jaya-jaya, jayaha kang
mangsah jurit apessa rathu ing sabrang, seksénnana bumi langit,
Radén
Putra mangsah gupuh, sarwi angasta jemparring, kekes para wadya sabrang, kang
tinrajang samya ngisis Sang Prabu Klana Rumbaya, duk umiyat mring sang pekik,
Anulya
annander laju, Radén Putra dén larihi, dénning sanjata warastra, jumeblés datan
nedhassi, mundur Radén Talirasa, sigra amenthang jemparring.
Swingkara
pusakannipun wus lumepas angennanni, murdanné Klana Rumbaya, tugel bet tumibéng
siti, wong sabrang bubar sarsarran surak wadya Giling Wesi.
Gusthiné
jayéng prang pupuh, mungsuh atumpen tapis sigra Radén Talirasa, kondur sumiwéng
rama ji, wus katur sasolahira, miwitti malah mekassi.
Lega
ing galling Sang Prabu, kang putra Pangran Dipati, sadéréngngé ingkang rama,
surut jumennengngira ji, kang putra Dyan Talirasa, junnennengken Narapati,
kabawah marang kang rama, jujulukking Sri Bupathi, Sang Prabu Sotya Pramana,
putra natha Giling Wesi.
Gya
dén undhangaken sampun marang wadya ageng ngalit tuwannom tan kaliwattan lamun
Atmajanning ngaji, mangkya umadeg naréndra, néng Purwarangga praja di.
Kadhaton
panjang ngapunjung, pasir wukir loh jinnawi, murah sandhang lawan pangan kang
sarwa tinandur dadi, dhasar naréndra prawira, ing gunna miwah kasektin,
Nedhengnging
yuswa Sang Prabu, rosa barang réh ing kardi, kalih garwanné sang natha, kang
wreddha wijil swarga di, wasta déwi Wilotama, panunggulling pra hapsari.
Dénné
ta kakalihipun ran déwi Susmayawati, wijil saking pratapan dénné ta ingkang
sisiwi, maharsi sidik pramana, mamannissé mikatonni.
PUPUH
VIII.
Sigeg
gantya winursiténg tulis kocap wau praja ing duksinna, Sang Ngaprabu jujulukké,
Sri Ascarya pinunjul rathu agung asura sekti, mahambek martotama, jumennengngé
prabu, misuwur ing sabuwana, natha dibya bau dhendha nyakrawati, sumboga
wirotama.
Anujwa
ri sajuga winnarni, wonten bibi bakul sambiwara, sarwa sotya dagangnganné,
sumipéng ngarsa prabu, miwah bekta sosotya adi, umatur mring sang natha,
ingaturran mundhut sinnambi acacarita, lawan para séthi atannapi selir, tarlén
kang rinnasannan,
Garwa
kalihira narapathi, purwarangga sri sotya prannawa, kakalih samya ayunné, juga
Atmajéng wiku, kang sajuga saking swarga di, yéku ingkang awreddha, padmi garwa
prabu, samya rêbat bektinnira, marang garwa dumuwé i ngaji aji, jer nyatanné
naréndra.
Datannana
ingkang nguciwanni, sadléréngngan kadi jeng ngandika, ana céthi kang cinnablék
adatté babakullan mamrih pajengngipun maksih laju mawa sira, pangalemmé mring
kakalih praméwari, garwéng Sri Purwarangga.
Layak
dadya ojatting sabumi, dadya undhangnging kidung sanyata, malah dadi kembang
lambé, babasan sandhung jekluk nora kaya sang praméswari, Prabu Sotya Prannawa,
tinnandhingnga ji tus sawennéh céthi ngujiwat bibi bakul yén ngalem oléhé
mannis bok golék sahana ha.
Kathah
pangalembanniréki, kongsi mirêng marang
Sri Naréndra, dadya alon andikanné, mring sambiwara bakul sira bibi sun
arsa unning, apa mulanni sira, wruh ing warnannipun mring garwa Sri
Purwarangga, kaya piyé terangngé sawiji-wiji, sun arsa miyarsakna.
Bibi
bakul nembah awotsari, adhuh gusti pukulun sang natha, lamun arsa mirêngngaké,
tur kawula pukulun ulun boten munjukka lamis wit saking pandamellan kawula
pukulun ngaturraken dadagangngan mring garwata Sri Sotya Prannawa Gusti, marma
tan kirang terang.
Garwannira
sang natha pademi, ingkang wasta Déwi Wilotama, saking suwarga wijillé, trahing
déwi linuhung, pangangsonning para absari, samya apuruwita, ulah bektyéng
kakung, marang Sang Dyah Wilotama, ajrih asih ngrasa kasorran salwirring, solah
lawan tennaga.
Kang
sarira wennes perak ati, sedheng sédhet dedeggé pideksa, parigel sawiraganné,
imba jait malengkung, nétra balut galak alindri, idep tumengéng tawang, kang
sinnom ngrarayung, turut tepinning plarabban athi yathi malipis angudhup turi,
nuju wenganning karna.
Réma
memak ngondra wila wilis papaéssé ngapithing kencana, samadya bangir grannané,
cacat lathi anggandhul wit kabottan dénning mamannis rêkta manggis karêngat
waja miji timun winnangun tétéssi tirta, pangarassan lumer andurén sajuring,
jongga angulan nulan,
Astannira
anggandhéwa gadhing, jeritnya lus mucukki naracak naranggana kannakanné,
pinnacag lathik mungul pundhakkira naraju rukmi, jaja welar awijang,
payudarannipun sademak amuyuh denta, bangkékkan lit kadya pratima cinnawi, ing
lampah membat madya.
Kaduk
cucut wicaranné mannis gapyak gapyuk trapping prasannakkan susilanné datan
supé, ambekking trah pinunjul tur bérbudi lumuh ing pamrih, pamrihé wus
kinnarya, nuju marang kakung, lami ginnarwéng sangnatha, déréng naté sapisan
dipun rêbonni, labet gengnging susutya.
Wignya
mamét prana marang krami, datan kéwran kinnemaru kathah, kadang derma ing
ciptanné, tan nganggo walang kayun mungkur marang réh songga runggi, rinnegem
pinnasrahan rumeksa ing kakung, dumuwénné marang garwa, dén lae laingé mandipun
ajrihi, pantes dadya tuladha.
Sri
Ascarya karênnan ing galih, mirêng turé bakul sambiwara, wasis mangulah
candranné, mring sang rêtnanning ngayu, Wilotama kusuma déwi, kongsi minger tan
krana, lenggahnya sang prabu, nulya alon angandika, para bibi kojahna ingkang
tarunni, garwéng Sri Purwarangga.
Sambiwara
nembah maturra ris gusti mangké selak kesiyangngan bikak dhasar kéri gawé,
prabu mésem dhadhawuh, mengko ingsun kang angijolli, ing karigiyannira, sandika
turripun bibi bakul sambiwara, sigra nembah matur garwa tarunni, wéh asmaréng
sang natha.
PUPUH
IX.
Kang
aném Susmayawati, putrid putranning pandhitha, Sidik Pramana wastanné, dhépok
ing Widara Mulya, éndah ing warnannira, kasor absari swarga gung, kaluhurran
samubarang.
Keset
sarira aramping, pantes lawan dedeggira, lamun winnastan anronjé, kasembuh
jaitting nétra, alis ngeronning ngimba, idep tumengéng ngaluhur, grana bangir
sauntara.
Pipi
andurén sajuring, kang lathi manggis karêngat tur dhamis anyigar jambé, wajanné
maksih pethakkan wangun tétéssing toya, kéksi kalamun gumuyu, kadya andaru
lalampah.
Bathuk
anyéla cendhanni, jembarré mung sawatara, sinnommé pating sarawé, ngudhup turi
godhéggira, nuju wenganning karna, réma rawuhing jejengku, lambung nawon kemit
ringas,
Pundhak
annaraju rukmi, asta anggandhéwa denta, jarijnya lus mucukrinné, kennaka ngécé
kencana, welar pranajannira, sedheng payudarannipun salendheg angenyudenta.
Suku
anggamparran gadhing, kunning wennes wentissira, ambenglékéris kunningngé,
tindakké mucung kanginnan sumiyut membet madya, saraddan lumirik tanggung,
labetté radi rikuhan,
Rikuh
rumeksa ing krami, pamengkunning kasujannan sinnamun kasusilanné, lamun
sasaminning kénya, srowol nora deksura, suméhing nétra luruh, tanggap
liringnging sasmita.
Sang
Rêtna Susmayawati, tuhu trahing maratapa, katitik betah lapanné, sabar rila tur
legawa, jro pura purwarangga, kabéh maru anguguru, dénning kaluhurran sabda.
Nanging
cacad marang laki, karêmenanné anguja, tur sathithik rada bréh wéh, sinten
céthinné sang natha, kang kapéngin kinnarsan Sang Rêtna pijer angipuk kang
supaya kalakonna.
Marma
naréndra kapati, kosokking sih dhateng garwa, kang sepuh tuwin kang annom kadya
mimi lan mintunna, myang sotya lan embannan carêm lair batinnipun ing donya
prapténg delahan,
Telas
ing aturriréki, bibi bakul sambiwara, nulya amit mundur alon mring sang natha
pinnaringngan pasangon satus réyal kocappa wau sang prabu, sapungkurré
sambiwara.
PUPUH
X.
Kesabet
sambaing srawungngan ngraos trenyuh ing galih narapathi, kedadak dadinning
wuyung, wiyoga tan pantara, limut marang tindak nistha lan rahayu, ing tyas
arda puwa-puwa, nedyarsa dipun turutti.
Ing
dalu datan winnarna, dipun énjang prabu lenggah sinniwi, ingayap parêkkan
sagung, srimpillan badhaya, miwah céthi myang Kenya manggung ketanggung,
kawistara kronning nétya, sang natha ngemu prihatin,
Ingkang
sowan magelarran kyana patih Upaksa lan pra mantra, tinnimballan ngarsa prabu,
wus umanjing jro pura, sigra mendak pangadheppé makadhupuh, alon andikanning
natha, éh rêngenta bapa patih.
Sun
paring wruh marang sira, yén samengko ingsun krungu pawarti, saka aturré wong
bakul ran bakul sambiwara, lamun ana putri kang ayu dipunjul garwa sri sotya
prannawa, dadi kondhangnging ngagendhing.
Garwanné
sakaro pisan padha putrid trah ingkang tarunna, paparabbé Susmayawati Rêtna
Ayu, iku ta ing karsanning wang, arsa sun bunnebun énjing.
Sukur
bagé yén kennaha, garwannira kabéh sun pu[53]ndhut aris nanging yén malang ing
kéwuh, nedya sun gitik ing prang, ingsun dhéwé kang ngawakki aprang pupuh,
marma sira dén samekta, sagagamanning ngajurit,
Iya
bésuk soma ngarsa, budhalling sun bapa sira umiring, lawan sapunggawa
sagung, wadya bala dharattan myang kapal
lawan lan numbak iran aja kantun wis bapa sira mundurra, matur sandika kya
patih.
Patih
upaksa gya medal kawistara ing tyas ngemu rudatin ngrasa gunstinné sang prabu,
murang ring kasusilan baya antuk sasmiténg déwa linuhung, dénné adrengngé
kalintang, ing ngaprang anyaliranni.
Ing
dalu tan winnarna, pan wus prapta
arisoma énjing budhallThe Thrill Is Gone sang prabu, ginnarbeg wadya
kuswa, kakapal lan myang dharattan kadya semud medal saking ing léngira,
belabor ngebekki margi.
Datan kawarna ing marga, sri naréndra laminné
néng jaladri, wus ngancik babaggannipun samodro purwarangga, palwa palwa samya
labuh jangkarripun natha tedhak sing baita, sawadya bala umiring.
Amamangun
pasangrahan babanjengngan urut pinggir pasisir, mung sadalu lerêmmipun
énjingngé sri naréndra, annimballi kya patih upaksa sampun kinnén abbonjok
nawala, mring purwarangga narpathi.
Patih
umatur sandika, karya surat binungkus kesting abrit nulya pinnaringken sampun
mring duta palayangngan kyana patih mamanukki atut pungkur, wus lepas ing
lampahira, kocap purwarangga nagri.
Sang
Prabu Sotya Prannawa, lagya éca sinniwéng para dasih, kagyat ing pisowannipun
dut amundhi nawala, gya ing ngaweé mring sang natha dhawuh laju, piyak sagung
suméwa, wéh cingak ingkang uméksi.
Surat
ing ngaturraken sigra, mring sang natha binuka wus linniling, suraossing srat
winuwus pénget nawalanning wang, Sri Ascarya natha dibya suréng kéwuh, kang
ngadathon ing duksinna, katampannan mring siréki.
Sang
Prabu Sotya Prannawa, kang mandhiréng purwarangga praja di, awiyossé yayi
prabu, lamun panujwéng karsa, garwannira sakaronné ingsun gadhuh, dadiya
garwanira, mukti néng duksinna nagri.
Lamun
sirarsa raharja, atur rênna garwannira kakalih, dénné ta kalamun puguh, tumpes
sawadya balanta, titi Sri Ascarya aji.
Telas
pamaossing surat wus binuwang sebut tumibéng tebih, jaja bang malatu-latu, éh
caraka maturra, ingsun nora mangsulli layangsul-langsul kénné kabéh wong
wannodya, tan nana kang lannang siji.
Yén
gustimu drengnging karsa, ésuk sore teka ingsun tadhahi, wus sedheng[55]ngé sun
andhaku, papati labuh garwa, aja mannéh tekéng lara nadyan lampus lebur luluh
mawor kisma, nora ingsun songga miring.
Duta
amit nembah méntar, sigra jengkar sang prabu ngenya puri, garwa kakalih umethuk
samua nungsung pawarta, dhuh pukulun kadingarén gupuh-gupuh, jengkar saking
sinniwaka, punnapa wartossing jawi.
Sang
natha lon angandika, marang garwa kakalihira sami, éh yayai sun aparing wruh,
mring sira karo pisan yén samengko ingsun katekannan mungsuh, saka ing praja
Duksinna, Sri Ascarya ranning aji.
Anggawa
gelar sapapan sedyannira arsa amangun jurit sarannané kanthi annembung, anjaluk
marang sira, karo pisan arsa pinnét garwa wawayuh, kaya priyé karêppira, yén
suguh pinukul jurit,
Mésem
sang Dyah Wilotama, dhuh rinningsun sira Susmayawati, kapriyé ing karêpmu, sun miturut kéwala, ing karsanné
jeng paran ingkang sinuhun lawan iya karêppira, dadinning paprangan iki.
Kang
rayi mésem lingngira, dhuh kakang bok sampun mancakking galih, ujar sampun
adattipun priya marang wannodya, dhasar ayu ing cipta kedhah dhinnaku, tur
lamun ketanggor pacak piduwungngé angranuhi.
Sembrana
marang wong setya, tangéh lamun ala pasha ing becik kang bok sampun tumut-tumut
mangké kula priyonggam, ingkang sagah dados wadalling prang pupuh, wewaha
sayuta ngarsa, sakethi wuritan ajrih.
Kang
bokkayu angandika, kaya priyé yayi sira sawiji, kinnarubut mungsuh séwu, ya
kulit ta tenbaga, otot kawat balung wesi pamannipun yekti tangéh unggulling
prang, padunning ingsun kuwatir.
Kang
bok sampun kathah-kathah, kang ginnalih ngamung naraka aji, wonten napa
ngéstunnipun dhateng badan kawula, mung pasrahna dhumateng déwa kang ngagung,
yén antuk idinning déwa, siji arupa sakethi.
Lamun
janma laku sasar, sayektinné ing déwa tan ngidinni, bektaha wadya samliyun
tamtu tiwas ing ngrana, lah makaten kakang bok ing tékat ulun suka Sang Dyah
Wilutoma, nulya matur mring raka ji.
Pukulun
gusti sang natha, kajengngipun yayi Susmayawati, lan kawula wussarêmbug badhé
paraptanning mengsah, énjing sonten yayi Susmayawati wus sagah arsa mapaggenna,
ijén kéwala atandhing.
Nging
kawula boten téga, pejah gesang tinnemah tiyang kakalih, puluh gesangnga
pukulun wadon gesang tawannan angurbaya lebur luluh ing prang pupuh, sukur yé
jayéng ngayuda, tulus suwiténg narpathi.
Nistha
kawula sélakka, angukirri takdir kang wus pinnasthi, kathah aturripun
praméswari kalihnya, sri naréndra ribeng ing galih kalangkung, dadya pinupus
kéwala, among nedya mamanukki.
Éh
yayi Dyah Wilotama, apa dénné yayi Susmayawati, ingsun aparing pangéstu, lamun
dadinning yuda, muga-muga antukka parméng Hyang Ngagung, asasanti jaya-jaya,
jayaha kang mangun jurit,
Kang
garwa kalih tur sembah, gya sinnambut manjing pasuptan sami, sigeg gantya kang
winuwus Sang Ngaprabu Ascarya, lagya éca masanggrahan sawadya gung, kasaru duta
playangngan sing Purwarangga wus prapti.
Dumrojog
ing ngarsa natha, lan Kya Patih Upaksa wus sumiwi, ngaturken kannangsul-langsul
mung kalawan ijemman dhuh pukulun sang ngaprabu kula sampun kautus annonjog
serat panglamarring praméswari.
Dhateng
Sri Sotya Prannawa, kang ngadhathon Purwarangga praja di, dhawuhé sang natha
gupuh, tan saged angaturna, marang garwa sampun kakalih pinundhut nadyan
satunggal kéwala, suka tempuhing ngajurit,
Muntap
ing galih sang natha, lah wis bapa padha mundurra aglis dén samya tata barismu,
payo nuli budhallan sigra bodhol saking pasangrahannipun baris angrampit
nagara, kutha kinnepang maripit,
Gumuruhing
swarannira, kapiyarsa saking jronning praja di, praméswari gya angrasuk
kaprabon ing ngayuda, sakalihé énndhongngé sinnandhang sampun amit nembah mring
kang raka, mundur lumawanning jurit.
PUPUH
XI
Sri
Ascarya pan wus ngancik jronning kitha, pinnapah sénnapathi, kakalih wannodya,
garwanya sri naréndra, ginnarêbeg ing prajurit wadya dharattan campuh asilih
ungkih.
Aprang
wadya sami wadya long-linnongngan kathah kang agemassi, singa kasorring prang,
sinurak mawurahan wadya lit genti kang titih, kari sangnatha, Sri Ascarya
ngawakki.
Mobat
mabit tandangnya Prabu Ascarya, nulya kalih sang putrid, ngancap yun-nayunnan
cingak Prabu Ascarya, iki ana sénnapathi, loro wannodya, sapa aranniréki.
Kang
tinnanya naurri sun Wilotama, garwa sepuhing aji, iki kadangnging wang, garwa
ingkang tarunna, parab Dyah Susmayawati, payo majuwa, sikeparat siréki.
Sri
Ascarya sarwi nyeblék wentissira, I babo babo yayi, nanging ta sun éman payo
yayi manutta, ingsun sawung sisih édhing, sun pundhut garwa, mukti néng praja
mami.
Apa
ingkang sira jaluk ingsun uja, busana adi luwih, dhambulla kencana, acakarwok
sotya, jumerut nila widuri, yekti tan kurang, payo-payo makreri.
Kang
linningngan kalih praméswari natha, gemes tyassira runtik rathu [59]murang
cara, wanni andon dhodhoggan ngabaséng lyan praja mamrih, mring garwa natha,
sira tan idhep ngisin,
Pangrasanné
arsa nglalannangngi jagad samengko bok kacélik Sang Prabu Ascarya, mannaut sang
dyah éndhang, sang rêtna Susmayawati, menthang langkapnya, apa katon siréki.
Awas
mulat Sri Maha Prabu Arcarya, kalamun praméswari, angayat sanjata, gya
ginneblag kang jaja, mara tibakna dén aglis ywa kongsi dhadhal Sang Dyah
Sunayawati.
Wus
lumpas pusaka jemparingngira, Prabu Arsa ngéndhanni, karémpét kéwala, dénning
bédhor pusaka, gumebrug tiba kuwalik Prabu Ascarya, mutah getih ngemassi.
Ger
gumuruh wadya praméswari natha, surak awanti-wanti, bala ing suksinna, kekes
prasamya oncat palayunné sipat kuping, patih upaksa, palarassan ngundurri.
Pinnapekkan
déning praméswari énggal kya patih nembah nuli, ngesrahken bongkokkan nagari
ing duksinna, saisinné raja pénni, katur sadaya, sukéng tyas praméswari.
Kyana
patikupaksa sampun tinnawan nunggal para prajurit sang putrid kakalihnya,
kondur saking paprangngan ginnarêbeg prajurit gya manjing pura, pinnethuk kang
raka ji.
Wus
kinnanthi Dyah Wilotama ing kannan kéring Sumayawati, umanjing jro pura,
dinnangu mring sang natha, duk anéng madyanning jurit turré kang garwa, miwitti
amekassi.
Garwa
kalih karasa ing sayahira, manjing pasuptan sami, sigeg kawuwussa, dalu tan
cinnarita, kongsi praptannira énjing, sang natha lenggah, sinniwéng para dasih.
Gya
utussan nimballi patih upaksa, karsannira sang ngaji, arsa andanguwa, isinning
prajannira, ing duksinna myang jro puri, sapa kang ngreksa, kinnén paring wruh
nuli.
Lamun
mangya wus kadarbé lan sang natha, ketawan ing ngajurit patih tur sandika,
lamun parênfg sang natha, kawula mlampah pribadi, kanthi pun kakang, sudagnyana
kya patih.
Lah
ta iya becik sira umangkatta, kabéh sajronning puri, sira boyongngana, marang
ing purwarangga, teka putranning narpathi, gawannen padha, barêng lakunniréki.
Ingsun
krungu pawarta Prabu Ascarya, darbé putrid sawiji, sapa arannira, kyana patih
upaksa, mannembah umatur riris lerês paduka, jro pura wonten putrid.
Putrannipun
Sri Maha Prabu Suwarga, wasta Déwi Sri Murni, nedhengnging kang yuswa, saweg
nembelas warsa, pinjungngé lagya samangkin menggah ing warna, Déwi Supraba
nitis,
Sri
Naréndra maksih trus pandangunnira, dadya kandheg kya patih, mara tutuggenna,
patih ing aturrira, pawakkanné si Sri Murni, ing Kénné sapa, kang miribba
sathithik,
Patih
dheku kawula tan saged nyondra, ing sabrang boten mawi, anyondra wannodya,
saking raos kawula, ruruh pasemonné wingit gebyarring cahya, kadya manuksméng
sasi.
Kuciwanné
sang putrid déréng kéwala, pecah pamoring ngéstri, sigug sawatara, upaminning
sosotya, déréng angsal sara déwi, pami angsalla, baya anniniwassi.
Saka
mantyan sukanning galih sang natha, prabu ngandika aris wis patih mangkatta,
lan bapa sudagnyana, nembah mundur patih kalih, lepas lampahnya, sang natha
ngenya puri.
Tan
kawarna ing marga patih kalihnya,
duksinna sampun prapti, manjing dhatulaya, matur praméswarindra, lamun sang
natha ngemassi, anéng paprangngan jeng rathu niba anjrit,
Para
céthi myang Kenya béla karunna, kya patih ngaring-aring, dhuh gusthi émutta,
wus takdirring jawatha, sédanning rakanta aji, nyawa sajuga, tinnimbang
angatutti.
Mring
paduka lan sang putrid putra tuwan prantanning para céthi, tinumpes sadaya,
angurbaya éklasna, ing galih bok tembé wuri, myang gya nugraha, langkung saking
samangkin,
Dé
ing mangké kalamun paduka karsa, arsa ulun boyongngi, dhateng purwarangga,
karsannipun sang natha, lan putra kinnén amukti, néng purwarangga, praméswari
nabda ris,
Éh
ta patih maturra marang sang natha, ingsun anyuwun pamit tunggu jronning pura,
among ta sutannira, ninni Déwi Si Sri Murni, sira aturna, barêng lakunniréki.
Sakarsanné
sang prabu Sotya Prannawa, sun pasrah sira patih, myang busanannira, raja
kaputrén samya, aturna marang sang ngaji, patih sandika, kang putra dén
timballi.
Kinnén
mulya pra dangdan salin busana, ngrasuk raja kaputrin wus datan kuciwa, gya
amit ngaras pada, mring ibu sang praméswari, patih kalihnya, amit medal sing
puri.
PUPUH
XII
Patih
kalih pra samya umijil saking jro kadhaton Dyah Sri Murni kang munggwing
ngarsanné, prapténg jawi sang putrid annitih, jempana dén iring, patih
kalihipun,
Kakapallan
samarga sisirig tinnonton sakéh wong, tan kacrita ing dangu lampahé, sampun
prapta purwarngga nagri, cingak kang uméksi, mring kang nembé rawuh.
Lir
pangantyan kang arsa kepanggih, rinnengga sarwa byor, saking emas lawan sosotyanné,
rebut sorot lan gebyarring rawi, cahyanné sang déwi, sansaya umancur.
Prapta
jujug paséwakan jawi, kya patih sakloron manjing pura tur unning pamasé, sigra
lenggah séwaka sang ngaji, kinnén annimballi, sang putrid alaju.
Nembah
mundur kya patih umijil ngemban dhawuh kathong, sampun kérit sang putra
lampahé, manjing pura jumujug ngarsa ji, wéh cingak pra céthi, mulat
warnannipun,
Sri
naréndra dhawuh annampénni, marang garwa karo, éh ta yayi tampannana agé,
kayannira dhéwé duksiréki, padha mangun jurit boyong putri ayu.
Ingsun
darma baé angembilli, gumujeng dyah karo, lah bagéya yayi satekanné, lakunnira
apa ta basuki, nembah sang suputri, pangéstu pukulun,
Nora
nyana ingsun antuk kanthi, janget kinnatelon padha ginarwéng Gusti Pamasé,
ingsun lila lahir trussing batin Dyah
Susmayawati, annambungngi wuwus,
Gih
kakang bok ulun ing samangkin mennang sepuh gentos lan yayi Sri ingkang lagya
nembé, dadya garwa pamungkassing aji, sumel sang putrid, alon wuwussipun,
Sowan
kawula dipun timballi, dhumateng sang kathong, wit jeng rama ing ngaprang
kasorré, boten nyipta ginnawéng sangngaji, pantes ulun nyéthi, kéwala jeng
rathu.
Praméswari
kakalih nyaketti, pangrimukké alon winnor lawan ing gujeng cucutté, yayi aywa
angesorken dhiri, dadak trima nyéthi, marang raganningsun,
Be[64]cik
sira ginnawéng sang ngaji, dadi kadangnging ngong, nora susah nganggo tompa
sérén ingsun trima salintirré dhasik telungnganné yayi, ingsun garwa sepuh.
Sira
ingkang kabubuhing kardi, ngladossi sang kathong, wit minnongka panganyar-anyarré,
pindha puspita nembé pinnethik pantes rinnarêngih, kinuswéng sang prabu.
Dyah
Sri Murni tumungkul anglirik padanné sang kathong, sinnasabban ngusappi
astanné, praméswari awas anningalli, gya sasmita nuli, sang putrid rinnangkul,
Mring
sang natha kinnén angabekti, sandika tur nyalon sigra ngaras pada mring pamasé,
tanna dangu natha ngenya puri, pra garwa umiring, sang putrid tut pungkur.
Sumber
referensi :
Séla
punnika dumigi sapriki, dumunung sacelakking saganten siyem iring kilén sarta
kathah tityang jiyarah mriku.
Anyariyossaken
dumunungnging rasa sajati. Anyambetti serat: Lala ing ngakérat Kacithak ingkang
kapisan Kawedallaken déning : TOKO OAKEAN PRIJAJI “SIDHO-MADJOE” EID : TJAN TJOE
TWAN TJARIKAN SOLO Kaecap ing kantor pangecappan: dhekliksem Darpayudan
Surakarta 1956