Ana Kidung Versi Lombok
ꦄꦤꦏꦶꦣꦸꦁꦮ꦳ꦺꦂꦱꦶꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀
Ana Kidung Versi Lombok (dikenal juga dalam literatur Barat sebagai Song Guarding at Night, from Lombok) adalah sebuah naskah kuno berupa teks spiritual dan sastra yang berkembang di Pulau Lombok. Karya ini mengakar pada tradisi kidungan Nusantara yang memadukan unsur sastra Jawa Kuno/Sastra Sasak dengan nilai-nilai spiritualitas lokal.
Secara garis besar, isi dan fungsi dari naskah kuno ini meliputi:
1. Doa Perlindungan dan Tolak Bala: Teks ini utamanya berisi doa-doa spiritual yang dipanjatkan untuk memohon keselamatan, menghilangkan berbagai cobaan, serta menjauhkan diri dari mara bahaya maupun penyakit.
2. Media Pengobatan Tradisional: Di dalam kebudayaan masyarakat Sasak, Ana Kidung kerap digunakan sebagai sarana pengobatan spiritual (metafisika) untuk menyembuhkan orang sakit.
3. Nilai Keseimbangan Alam & Islam: Beberapa bagian naskah ini merefleksikan ajaran Islam yang dipadukan dengan kearifan lokal, termasuk ajaran mengenai bagaimana agama menuntut manusia untuk menjaga kelestarian lingkungan hidup.
4. Sastra Kidung Tematis: Di kalangan kolektor sastra klasik, teks ini dikategorikan ke dalam rumpun naskah kidung bersama karya-karya lain seperti Kidung Wargasari atau Kidung Qur'an.
ANA KIDUNG VERSI LOMBOK
Ana Kidung ditulis dengan menggunakan tembang Jawa, khususnya tembang Dangdanggula. Ana Kidung ini bermaksud menghilangkan semua kekuatan yang dapat merugikan manusia dan ketentremannya, seperti penyakit, cobaan dan lain sebagainya, khususnya rasa bilahi. Di sini adalah alih aksara naskah lontar Ana
Kidung, milik Kristel van der Korst, Loosdrecht, sebagai contohnya.
DANDANGGULA
1.
Ana kidung,
angrasa dina wengi, tangu rahayu,
aduh ing alara,
luput ing balahi kabéh,
jim sétan datan purun,
panaluhan datan awani,
aduh ing panggawé ala,
gni wong aluput,
gni atemahan tirta,
maling anah,
tan ana wani rika
2.
Ami, guna dudu pan sirna.
Sakéhi lara pan samya ambali, sawohi kemat,
si purun olas,
kawelas asih paduluné,
sakéhi braja luput,
kadi kapuk tibaniréki,
sakéh ing bisa tawar,
sawok roda tatap,
kaya' agung lemah sih,
sok ing landak,
gwa ri mong lemah miring,
pekik i puwaning marak.
3.
Pagulingané warak sakang / Iwir, kadya ngambah, i segara sat,
kowasa ngambah pucuké, apan sarira ayu,
ngingidran sako héh i widadari, rinak ing para malaékat,
sakatah ing rasul,
dadya ta sarira tunggal, nétra Adam,
uteku baginda Esis,
pangucapé nabi Musa.
4.
Sumsumku Patimah /
kang lénuwih, nabi Yakup, pamya / saningwang, nabi Yusup cahya / ngku mangké, nabi
Dawut / swarangku, mwang Suléman kasaktén mami',
nabi Ibrahim i nyawa, Idrisi rambut, baginda Ali ku
/ litingwang, Abu Bakar, getih / daging marsinggih, balungkuk baginda Usman.
5. Siji-sawiji mulana da / di, ta marencah, dadi isining jagat, kang sami ring jasat / reké, sakéh rencana agung,
nora wani marek ing kami, sakéh ingkang rencana, / lan isining wanéku, jim kala / wan blis lanat, nora wani,
saking takdir Alah luwih, brerkat nabi rasululah.
6. Sing angidung ana / kidung iki, dénya gati, la / nggeng ma'muliya, aywa miril mu'mi / nin reké, slamet lan rahayu,
noranana wani marek ing kami, sanwéh ikang rencana, pada anjarit-jerit iku,
brakat nabi Adam mwah, nabi
rarul
Mustapa kang lénuwih, brakat la'ila ha ilalah.
7.
Kuluhu' gni ubalak-ubalik, sétan mara, sétan matya,
Iblis lanat suminggah reké,
sakéhé kang arungu,
kang anurat kang animpeni,
dadi raha yuning jasat,
kinarya sasa bur,
winacahakening toya,
kinarya adus,
wong lara tuwak iki,
kiner ya adus wong édan.
Kidung Rumeksa Ing Wengi
(Karyane Kanjeng Sunan Kalijaga)
Ana kidung rumeksa ing wengi
teguh hayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
niwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirna
Sakehing lara pan samya bali
sakeh ngama pan sami mirunda
welas asih pandulune
sakehing braja luput
kadi kapuk tibaning wesi
sakehing wisa tawa
sato galak tutut
kayu aeng lemah sangar
songing landhak guwaning wong lemah miring
myang pakiponing merak
Pagupakaning warak sakalir
nadyan arca myang segara asat
temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagung pra rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma
Ati Adam utekku baginda Esis
Pangucapku ya Musa
Napasku nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakup pamiryarsaning wang
Dawud suwaraku mangke
Nabi Brahim nyawaku
Nabi Sleman kasekten mami
Nabi Yusuf rupeng wang
Edris ing rambutku
Baginda Ngali kuliting wang
Abubakar getih daging Ngumar singgih
Balung baginda ngusman
Sumsumingsun Patimah linuwih
Siti aminah bayuning angga
Ayup ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Muhamad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun pepak sakathahe para nabi
Dadya sarira tunggal




