Suluk Dumung Ing Manah ꦱꦸꦭꦸꦏ꧀ꦝꦸꦩꦸꦁꦆꦁꦩꦤꦃ

0

 Suluk Dumung Ing Manah

ꦱꦸꦭꦸꦏ꧀ꦝꦸꦩꦸꦁꦆꦁꦩꦤꦃ




Imajiner Nuswantoro


Suluk Dumung Ing Manah adalah salah satu karya sastra Jawa berupa serat suluk (tembang) yang digubah oleh Pakubuwana IV (Sri Susuhunan Pakubuwana kaping IV), Raja Kasunanan Surakarta Hadiningrat (memerintah 1788–1820). 


Pokok Isi Ringkas

Karya ini membahas mengenai hakikat jiwa, kesadaran batin, dan macam-macam "ati" (hati) dalam tradisi spiritual Jawa dan Islam-Kejawen: 

- Ati Puat: Bagian hati yang terhubung dengan pendengaran seluruh tubuh dan menjadi tempat bersemayamnya napas.

- Ati Mujarat: Hati yang bertugas sebagai penuntun atau pengingat dari segala sesuatu yang terlupakan.

- Ati Pengasih: Hati yang berkaitan dengan rasa welas asih dan penglihatan batin.

- Ati Mukabilah: Bagian hati lainnya yang menjadi bagian dari tatanan batin manusia menurut ajaran suluk. 

Karya-karya sastra gubahan Pakubuwana IV seperti halnya Serat Wulangreh atau karya suluk lainnya sangat kental dengan nilai-nilai moral, pengendalian hawa nafsu, etika kepemimpinan, dan pendalaman spiritual.



Teks Manuskrip Suluk Dumung Ing Manah


ASMARADANA 


1. 

Kawruhana kang sayekti, 

kang basa ati punika, 

nem prakara sadayane, 

kang rumiyin ati pu’at, 

miyarsa salirira, 

gantilane ing pupusuh, 

iku wismaning ngambekan. 


2. 

Ping kalih puniku malih, 

ati mujarat kang nama, 

ati mujarat tegese, 

gantilane jantungira, 

pan kinarya wangsulan, 

sakeh kang miarsa iku, 

ngelingaken lalenira


3. 

Ping tiga ati pengasih, 

tegese pengasih ika, 

dene ta kenyatahane, 

gantilane ati abang, 

pan kinarya wangsulan, 

sakathahe kang ngamuwus, 

weruh kang ngabang sadaya. 


4. 

Kaping sakawan puniki, 

ati mukabilah rannya, 

tegese atine reke, 

gantilane ing lilimpa, 

pan kinarya wangsulan, 

ing ngesemira puniku, 

ing kono pinangkanira. 


5. 

Kaping limanipun malih, 

ati malam westanira, 

tegese atine reke, 

gantilane ginjelira, 

pan kinarya wangsulan, 

sakathahe kang gumuyu, 

ing kono pinangkanira. 


6. 

Kaping nem ati nurani, 

tegese nurani ika, 

gantilan rempelu kiye, 

apan kinarya wangsulan , 

sakeh pangawruhira, 

miwah sagung pikiripun, 

ing kono pinangkanira. 


Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.



Suluk Dumung ING Manah

   




Imajiner Nuswantoro 





Posting Komentar

0Komentar
Posting Komentar (0)