SRI JAYA (LAIRE NIRNATA KAWACA) ꦱꦿꦶꦗꦪ (ꦭꦻꦫꦺꦤꦶꦂꦤꦠꦏꦮꦕ) ꦣꦼꦤꦶꦁ꧇ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ ꦫꦣꦺꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦿꦶꦪꦺꦴꦤꦸꦒꦿꦺꦴꦲꦺꦴ Dening : Imajiner Nuswantoro Raden Tri Priyo Nugroho

0

 SRI JAYA 

(LAIRE NIRNATA KAWACA)

ꦱꦿꦶꦗꦪ

(ꦭꦻꦫꦺꦤꦶꦂꦤꦠꦏꦮꦕ)

ꦣꦼꦤꦶꦁ꧇ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ

ꦫꦣꦺꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦿꦶꦪꦺꦴꦤꦸꦒꦿꦺꦴꦲꦺꦴ


Dening : Imajiner Nuswantoro 

Raden Tri Priyo Nugroho 



Imajiner Nuswantoro



"Sri Jaya (Laire Nirwata Kawaca)" merupakan judul salah satu lakon atau pakeliran dalam tradisi pewayangan, yang mengadaptasi kisah epos pewayangan dan terhubung dengan pakeliran gaya atau gagrag Cirebon. 

Kisah yang merujuk pada tokoh Niwatakawaca (raja raksasa dari negara Manimantaka yang berseteru dengan para dewa dan dikalahkan oleh Arjuna) disajikan dalam ragam sastra pedalangan setempat. Istilah laire berarti "lahirnya" atau kemunculan kisah/karakter tersebut dalam dramaturgi pakeliran wayang kulit purwa. 



Imajiner Nuswantoro



Sri Jaya (Laire Nirwata Kawaca)

1. Negara manik imantaka

prb nila perwata lan patih nila basuki guneman masalah putrine nama dewi nilawati, lagi di lamar ning raja 25 negara, priben jare pendapat mu rayi pati nila basuki,

jare nila basuki enake di gawe sayembara perang sapa sing unggul jurite di antara para raja kuen sing dadi jodone dewi nila wati.

jare prb nila perwata, ya wis baka jare rayi pati mengkonon, gage undarakaken ning para raja manca negara,

trus pati nilabasuki, medal teng jawi ning perkemahane para raja 25, kacarios teng perkemahan raja 25 sing lagi nunggu keputusan ,dugie pati nila basuki mai putusan di adu perang antara para raja 25, sedaya pada milet sing pertama raja saking pudak sategal prb rendeng kecipo lawan raja sing grojogan sewu prb groja busana, lan sateruse perang durung pragat sigeg.



2. Petapan sendoja

begawan soka lima lan catrik muride, sing lagi ngarep2 janaka sing lagi melu sayembara ning cempala dirja,

trus dugie janaka bakta sri kandi uga semar sepanak putu, masrakaken srikandi teng resi dorna, semar lan cungkring bli setuju, cuma jare janaka satria bli kena lanca linci ucapane, sejatine janaka punika rasa abot ning sri kandi, cuma piyambeke wedos teng ucapane dewek, trus janaka permisi mangkat di kencangi teng semar sepanak,

jare sri kandi yen ngomonga duh, apa raka jenaka ku bli demen ning isun, tah anggur-anggur di tinggal ningkene lagi masih bagus bae isun bli demen ning kombayana apa maning kien wis cacad kabe.

kocapa kombayana mondong2 sri kandi sampe arep di perkosa , waktu kombayana lagi ngerok jenggot kesempatane srikandi mlajeng ngamba jendela, bareng dideleng sri kandi sampun boten wonten akire kombayana, sampe pingsan dewek waras dewek, beluk-beluk srikandi bae sigeg.



3. Ning alas sendoja

sri kandi sing melarikan diri sing petapan sendoja, bari nglamun

ujug-ujug woten denawa sing duwuran ngandeg lampae sri kandi denawa ing kang nami jin patak undru liung, nyegah sri kandi liwat dalan iki, sri kandi maksa trus perang denawa di tusuk karo cinggelunge denawa ilang dadi kubayane dewa, mai pitutur yen srikandi jodone janaka mung kudu dedalane srikandi dadi lanang kowe pasti ketemu karo janaka,

trus sri kandi di sukani pakean di engge dados satria arane di ganti rdn srijaya lan kon melu sayembara ning manik imantaka ,btr narada wangsul rdn sri jaya nuju ning manik imantaka sigeg.



4. Ning lapang perang manik imantaka

para raja lagi perang kocapa dugie sri jaya teng ajenganipun pati nila basuki, yen laporan bade tumut sayembara di idin toli maju ning lapang perang para raja kalah kabe, dados sing menang sri jaya,

langsung di caosaken teng arsane Prabu Nilaperwata, di temuaken karo dewi nila wati trus di kawinaken jare prb nila perwata kin dewi nila wati wis dadi tanggung jawabe Sri Jaya,

trus sri jaya di bakta mlebet teng garwane ning pagulingan,

jare dewi nila wati apa lakinisun ku masih isin tah ning isun meneng bae, ora di mek ora di grayang,

dados dewi nila wati tangane mulai grayangan sampe teka ning wangkonge sri jaya, jare nila wati loh raka Sri Jaya ku laka pendukulane lepek kaya deke isun paingan meneng bae,

dados nila wati mlajeng bade nempokaken teng ramane,

kocapa jare Sri Jaya ada lamon isun bli ngakal bakale ketangguan dados sri jaya lap ical nuju ning gunung tunon, ning pangonane ditya mintuna sigeg



5. Gunung tunon

wonten denawa blesak rupane lagi nembang2dewek nami kala mintuna, salerese asal kedadiane sing ari2e dewi sri kandi

trus dugie sri kandi sing dadi lanang,

jare mintuna bagen sampeyan nyamar dadi lanang ga aku bli bakal samar, wonten perlu punapa,

jare srijaya arep nyili pelanangane sira,.

jare mintuna wah kakang andi si werna-werna bae wong pelanangan je arep disili, mending ning genae bareng diadu karo watu,

jare sri jaya wis gagian dados pelanangane di petot bae, pewadonane Sri Kandi di dala ning batuke mintuna


Trus Sri Jaya balik maning ning panggulingan,

kocapa Dewi Nilawati gered-gered ramane kon deleng barange mantune yen bli percaya,

jare Prabu Nilaperwata masa iya mertua je kon deleng barange mantune trus Prabu Nilaperwata gawa kayu sing dawa kanggo nyilak sarunge Sri Jaya bareng kedeleng barange Sri Jaya Prabu Nilaperwata kaget,

aduh sira ku malek temen Nilawati, semono gedee munie laka barange, bati isin bae ramae, mono kop lu sawarege,

trus Prabu Nilaperwata medal, dewi nila wati lan sri jaya campur,

kocapa teng jawi wonten lurugan, raja saking pasir putih prb tri daksa bade milet sayembara mung wis pragat dados piyambeke panas bara, dados damel pencala teng kraton manik imantaka,

kocapa sri jaya mireng yen ten jawi wonten keributan piyambeke medal maju perang, sigeg kocapa,


Ning pamungkuran

kraton manik imantaka wontene satria janaka lan semar, siweg keyungyun teng Sri Kandi, kangge bebunga pengen milet sayembara, mung mlebete sing pungkuran kraton, kepanggi kali dewi nila wati di sangka sri jaya dados di ajak mlebet teng kamer diajak campur mali janaka ya mindel mawon,

jare janaka ko si kakange arep metu dingin trus janaka medal,

kocapa wong perang wadia bala sing pasir putih kalah sedaya dados sri jaya mlebet teng kamer,

jare nila wati munie arep perang wongesi padu minter bae, kien munie arep metu sedelat kien teka maning wis ga aja perang maning perange kali kula mawon,

jare Sri Jaya yen ngomonga adah ana sing mada rupa sapa wonge ko tek slidiki,

trus Sri Jaya medal pura-purae pengen seni, mung umpetan ning lawang,

kocapa janaka mlebet mali,

jare sri jaya lah kien becokoke, dados janaka lagi sare di serad teng sri jaya di bakta teng jawi langsung perang gawe kaget teng manah ipun dewi nila wati, perange Sri Jaya lan janaka Sri Jaya kewanguran dados sri kandi mali ngrasa wirang dados mlajeng. tanpa tujuan

kocapa Dewi Nilawati ambobot jaluk pertanggungan jawabe janaka, dados di angken garwa, trus janaka permisi arep sebah teng giri sapta rengga,

mung jare janaka bokat bocah lair lan gulati isun gawaknang bae cupu manik lenga penguripan kanggo bukti bahwa bocah iku bener-bener anak isun,

janaka permisi mangkat uga semar sepanak,

kocapa dewi nila wati wetengane krasa babar jabang bayi lanang setengah buta, di adusi banyu gege bayi gede di jenengi nir bita, bocah jaluk mangan di pai mangan angger kurang sampe di pai beras ya di pangan angger kurang, dados

jare prb nila perwata sakiensi ngentok-ngentoki dadi wis mana jaluk mangane ning rama mu, sing ning giri sapta rengga ramamu aran janaka, toli cegki cupu manik kanggo tanda bukti yen siraku bener-bener anake janaka,

nir bita permisi ning eyange mangkat kocapa




6. Ning pinggire bengawan silo nggaga

banyue banjir lan santer, dadi arep nyabrang nglangi atawa langen, angel kenang cupu bokat kentir dados cupu di cokot trus nyabrang mung saking santere banyu nampek cupu dados cupu manjing gorokan metu bli manjing bli, dados sawise nyabrang nir bita ora bisa ngomong kaya wong pego tapi tekade kuat pengen kepanggi kali tiang sepue teng giri sapta rengga, mangkat nuju ning guru sapta rengga sigeg kocapa




7. Petapan giri sapta rengga

wonten begawan Abiasa lan ing kang waya bocah pendawa,

siweg guneman dugie Raden Nirbita, di takoni teng darma kesuma boten saged jawab aeo aeo mawon dados damel napsu teng bima nir bita di tendang di perwasa sampe matae dicuek ning bima, mulane besuk lamon wis dadi raja ning manik imantaka arane ganti nama Prabu Nirnatakawaca, matae picek siji lan cupu mau dados aji gineng sing ana ning telake Nirnatakawaca, trus sesampune di perwasa nir bita di buncalaken besuk tiba teng negara manik imantaka, semanten langsunge lakon Prabu Nirnatakawaca tanceb kayon.





Imajiner Nuswantoro




Posting Komentar

0Komentar
Posting Komentar (0)