Sekar pocung sambèn kalaning nganggur
Urip iku ywa tansah keburu nepsu
Tansaha darana
Waspada lan ngati-ati
Samubarang laku kudu wicaksana
Lakutama tumuju margi rahayu
Sanadyan tan gampang
Nanging kudu denugemi
Tebihana tindak kang njalari tuna
Tuna-dungkap mesthi dumadi ing laku
Nging sabisa-bisa
Kang becik lan migunani
Linaras lan winawas eninging driya
Sing taberi lamun ta kepengin maju
Ngudi kawruhtama
Mring pra wasis lan mumpuni
Murih urip piguna tumrap sasama
Sasamaning gesang mono kudu rukun
Beda kapitayan
Nanging silih angurmati
Mad-sinamadan jroning urip bebrayan
Imajiner Nuswantoro

