Lakon : Lahire Setyaki.
Suluk dalam pewayangan
Perang Kembang.
(Dening Dalang Ki Anom Suroto)
Kocap kacarito :
Lah ingkana ta wau, ing mangke wus lumawat Raden Permadi ingkang kadherekaken repat punakawan catur,
mandhap saking pertapan hanalasak wana grigiting ancala tepaking wau dadi.
wana gung kasrang tan ketang pringga bayaning marga.
Bebasan munggah gunung mudhun jurang yayah angayam wana tindaking sang apekik
sigra manjing wana winangsraya,
sinigeg ana ing tengahing lampah..,
“KASASAK LAMPAHING DENAWA WINGKING SAKING NEGARI SWALABUMI”…!
Suluk :
Buta Pandawa tata gati wisaya
indriyaksa sara maruta
pawana bana margana
samirana lan warayang
panca bayu wisikan gulingan lima,
ing..
CAKIL : houp! lhadalah,
bojleng bojleng ib~lis lak~nat podo jeg-jegkan Hong titi Ywang Kala Ludra manik raja dewaku hanyah.. hanyah..
Satriyo bagus! mandek, mandek, mandek, aku bakal takon mandek ya gus!
tak takoni cara buto, ngakuo ya lik ya nang ya gus! aja mesam-mesem ngakuo.. ngakuo..
PERMADI : buto buto.., idumu pating caliprat, polahmu kaya manuk branjangan,
menawa tambuh marang aku, balik ngendhi dhangkamu sapa pracekamu?
CAKIL : babo babo! ditakoni durung blaka nyandhak dangka kepa~rat!
kowe tambuh marang aku!
Iki mburi saka keraton Swalabumi keseding Prabu Setiyasa aranku Ditya kala banyak calura!
PERMADI : ditya kala banyak calura?
CAKIL : hiyo Gendir Penjalin..!
PERMADI : gendir penjalin?
CAKIL : ya Klanthang Mimis..!
PERMADI : klanthang mimis?
CAKIL : nadyan kowe sopo?
PERMADI : Pamadyaning Pandawa satriya Madukara Raden Permadi
CAKIL : apa sedyamu ana madyaning alas!
PERMADI : aja takon marang lakuku mara enggal sumingkira bakal tak gawe liwat
CAKIL : ora kena mbacut! kudu bali, kudu bali..!
PERMADI : aweh mbacut ora aweh ngruda paripaksa,
Suluk :
Buta Pandawa tata gati wisaya
indriyaksa sara maruta
pawana bana margana
samirana lan warayang
panca bayu wisikan gulingan lima,
ing..
CAKIL : wani tandhing kelawan aku.!
PERMADI : apa kang tak wedeni
CAKIL : kaci dhuwur!
PERMADI : nempiling ndhasing yaksa ora ndadak nganggo ancik-ancik
CAKIL : kaci sugih japa mantra.!
PERMADI : ora nana jamaking satriya maguru marang bathanging yaksa.
CAKIL : kaci gedhe.!
PERMADI : kurang gedhe ngrangkula gunung leganing atiku,
CAKIL : harda walepa.!
PERMADI : dasar yaksa kapara sangka
CAKIL : kurang prayitna kelakon “TEBAK KEMUDHA AMBROL DADHAMU SATRIYA BAGUS”..!
CAKIL : whadhuh..
lir sikatan nyamber walang satriyo bagus kepa~rat..!
PERMADI : mara majua ora bakal ndak tinggal oncat buto..
CAKIL : yoh! aja kowe sumbar, lena pangendhamu langga curiga mbrodhol ususmu gus..!
CAKIL :
Hadhuhh..!
Wadhuh..!
Adhuh yung..!
Whuah.. Whuah…!
SABUK GUNUNG : e e e..! hah heh hah,, heh hah heh.., Weehh…
..“WHADHUH KANCAKU MATI”..!
Suluk :
Yaksa krura kagiri-giri
gengnya lir prabata,
abang kawlagar
manguwuh ing mungsuh
haminta lawan
anggro sru singanabda
Arsa kadi hanubruk nubruka…
SABUK GUNUNG : raja satriya heh..!
PERMADI : ana paran?
SABUK GUNUNG: mbelakno patine kancaku..!
PERMADI : jaluk mati mara majua,
SABUK GUNUNG : ora ngerti kridhaning buto, adoh balang bedhama cerak saut sampirke nggithok nggo ngreyog “MBLEDUG KWANDAMU” heh..!!
Suluk :
Tunjung mbang terate
irim-irim atap
taping kayu apu
asrining lelumut
kangkungira ijo
sri gadhing diwasa
retnaning rejasa
kembang karang sungsang
bogme araras, raden ,
kembangira karang sungsang
kembangira karang sungsang
Padhepokan Sapta Arga
Lakon : Lahire Setyaki
Versi_Ki Anom Suroto
Suluk :
Sang saya dalu araras
Abyor lintang kang kumedhap
Tis tis sonya tengah wengi
Lumrang gandaning puspita
Karenggyan pudyanira, ong…
Sang dwijawara brengengeng
Liiir swaraning madu branta
Manungsung sarining kembang
Kocap :
Ing mangke datan kaya kang ana ing madyaning pertapan Sapta Arga, katingal sang Panemban Beghawan Abiyasa pinarak lenggah kahadep para cantrik hanampi sowanipun ingkang wayah Raden Pamadya. Inkang kadherekaken mrepat Punakawan catur.
Anenggih kacarita wau, menika ta warnaning pertapan ing Sapta Arga, ya sinebat ing pertapan Sapta Srengga.
Mila hawasta pertapan Sapta Arga, sapta pitu Arga gunung, gunung pitu kang tepung dadya sajuga munggul pucuke mrencu atusan mila kasebat Sapta Srengga.
Padhepokan ipun winastan retawu.
Labet ana sendhang kang aran sendhang pawitra, wening ponang tirta akeh mina kang mataya ana sendhang.
Katitik wader pari wira-wiri pating sliring, mujair ketingal samya kekenjer.
Ulam tawes lumampah hangujiwat kenes, iwak tambra hangambra-ambra, wader bang ingkang kumambang sumimpang aneng tepining watu karang.
Ganggeng lumut ingkang kintir ing warih lembak-lembak yen cinandra kaya mendhung angendhanu kaserang maruta manda.
Pancuraning sendhang ingkang tinalangan minangka padusaning para kawula ing pertapan.
Kekocahe naratas marang pesabaning
menthog minthi bebek meri sarta kinarya
pangguyanganing kebo klawan sapi.
Oceh-ocehan tasih jangkep angrenggani endahing pertapan.
Kapiyarsa manuk podhang kumandhang mencok ing pang, derkuku manggut-manggut ing wit dhuku. Peksi jalak ajingklak-jingklak angajak marang prenjak.
Kaya wus kencan semayan klawan peksi bayan, sumingkir saking raos kuwatir.
Girang kang tanpa sumelang awit tan wonten jalma ingkang ngganggu marang kamardikanira.
Tepining balumbang kataneman sesekaran kang amancawarni samya jinembangan.
Yen pinuju mekar kembange, carub kembang putih, kasulam kembang biru.
Ana tetunggule kembang kang apulas kuning kembang abang cecaruban kekembangan dadya sumawana wungu.
Kadhasaran subure gegodhongan kang ijo
royo-royo akarya sengseming kang samya miyat.
Wingking balumbang ana kayu gurdha, royoming hangayomi madyaning pertapan, ingkang rumambat lunging gadhung mulet ing pang, yen pinuju mekar kembange hanjrah gandhaning ngebaki Pacrabakan
Katah sato hangisep sarining kembang kapiyarsa pating brengengeng, yayah sesantining para Brahmana kang memuji mrih raharjaning kanangrat.
Sinten ta ingkang ngrenggani ing pacrabakan, lah menika ta warnane, sang maha Pandhita kang gentur tapane, tilasing Ratu ing negara Ngastina. Ingkang peparab sang Panembhan Beghawan Abiyasa, ya Kresna Dwipayana, Rancakaprawa, Sutiknaprawa, ya sang Beghawan Wiyasa,
Abiyasa, Pandhita ingkang wus mumpuni werdining kitab suci
Wiyasa, juru tutur ingkang tumuju marganing kautaman
Kresna Dwipayana, katon cemeng sarirane Panembhan
Rancakaprawa, Sang Pandhita ingkang tansah nglejarake para sungkawa
Sutiknaprawa, mengku werdi dadya pepadhang
Nalika sak mangke sang Beghawan ketingal lenggah kahadhep para siswa nenggih tataran Wasi, Janggan, Manguyu, Puthut, Cekel, Cantrik, Uluguntung, Geluntung tuwin Indhung-indhung. Sidhem kang samya sumewa.
Dereng pantara dangu hanampi sowanipun ingkang wayah, pamadyaning Pandawa, Satriya Madukara, nenggih Raden Permadi, ya Raden Pamadya, dathan kantun mrepat Punakawan catur ki Lurah Semar, Nala Gareng, Petruk dalah Bagong.
Suluk :
Leng-lenging driya mangu mangu
mangungkung kandhuhan rimang
Suluk :
ong..
nihan siswa umatur, Marang, ong..
risang maha yogi, ong..
Sang wipra kadi paran,
Karsaning hywang hodipati yogya saliring warna,
Kang gumelar aneng bumi, ong..
Mugi ulun tedahna,
Tandya sang wiku anjarwi, ong..
BEGHAWAN : Om Swastyastu Namo Siddham Sidhirastu Tad Astu Astu
Sawatara anggone ingsun pinarak ing madi Pacrabakan, ingsun pirsani kaya putuku Permadi ingkang sowan mring pertapan
Kulup Pamadya, padha winantu ing karaharjan sowaning sira marak ing ngarsanipun kaki ngger Permadi?
PERMADI : nuwun inggih kanjeng eyang Panemban, dhateng kadhahat katedha kalingga murdha sih punakraminipun paduka kanjeng eyang Panemban, mboten langkung wayah paduka kula hangaturaken sumungkeming pangabekti mugi kunjuk wontening sahandaping pepadha.
BEGHAWAN : iya-iya kulup Permadi, wis ingsun tampa, banget panarimaning pun kaki, sira kulup hangaturake pangabekti, ora liwat pangestunipun kaki tumrapa marang sira kulup.
PERMADI : kula nuwun inggih kanjeng eyang Panemban, kacadhong ing tangan kekalih kula pundhi wonten ing mustaka mugi dadosa jimat paripih paring pangestuning paduka kanjeng eyang Panemban
BEGHAWAN : kiyai semar..
SEMAR : e e e mbregegeg ugeg ugeg hmel hmel sak dulita.., kulanuwun wanten timbalan ing adhawuh Panemban, miji dhateng kula pun Badranaya hloo
BEGHAWAN : kiyai Semar padha raharja sak praptamu kiyai?
SEMAR : he…. inggiih, “Kumejat kumitir bedahing pinggir, dandamana jlumatana kangge seba mengko sore, mumpung gedhe rembulane mumpung jembar kalangane” mboten langkung kula ngaturaken sembah pangabekti Panemban.
BEGHAWAN : kiyai Semar, aku ora kuwat nampa sembahmu kiyai
SEMAR : e e e sebabe napa?
BEGHAWAN : mokal lamun ta aku kuwat nampa sembahing kiyai, awit kiyai iku dudu manungsa sewantah, ananging yekti Kiyai linenggahan pupulun Batara Ismaya, ateges dewa ngejawantah, ingkang mengkono balik malah aku ngaturaken bekti kiyai
SEMAR : e e.. inggih, hee.. dawah sami-sami Panemban
️BEGHAWAN : nala Gareng, kowe padha slamet sowanmu nala Gareng?
GARENG : kulanuwun inggih Panemban, mboten langkung kula ngaturaken sembah pangabekti mugi kunjuk
️BEGHAWAN : iya-iya nala Gareng wis tak tampa, banget panarimaku.
BEGHAWAN : Petruk, padha slamet sowanmu Petruk?
️PETRUK : kawula nuwun inggih Panemban, mboten langkung pangabekti kula katur
BEGHAWAN : iya-iya Petruk wis tak tampa, banget panarimaku, ora ngono tak sawang kowe ki kaya wong gumun, gumun perkara apa Petruk?
PETRUK : mboten wonten ingkang kula gumuni sauger kula menika marak sowan, katah para cantrik-cantrik ingkang sami ngabiantara, rumaos kula kok katah sanget ingkang suwita marang Panemban?
BEGHAWAN : iya Petruk sumurupa, ya abot-abote para cantrik anggone pada suwita sabab kepingin ngangsu kaweruh marang aku, idam-idamane para cantrik iki ora liya ya mung kajaba milik kepingin dadi Pandhita kaya aku Petruk,
PETRUK : oo ngoten, menapa ingggih mboten enggal dipun dapuk dados Pandhita ta Panemban?
️BEGHAWAN : woo… lha ora gampang, lamun ta si cantrik iki bakal kepingin dadi Pandhita hawit isih pirang-pirang tataran, sumurupa Petruk magang dadi cantrik iku ya wis suwe
PETRUK : liripun kados pundi Panemban?
️BEGHAWAN : menawa sira nyuwun katerangan, sak durunge dadi cantrik iku kawiwitan kudu gelem dadi :
1. <Indhung-indhung>
Indhung-indhung kuwi tegese para reh-rehane Pandhita kang pada mondhok, melu nemplek ana ing papaning liyan, wondene kuwajibane indhung-indhung yoiku babat-babat alas utawa pategalan, yen wis rampung anggone dadi Indhung-indhung banjur ngancik satararan yoiku dadi..
2. <Geluntung>
Geluntung iku tegese wong kang wes duwe omah dewe cagak’e papat nadyan ta mung cilik. ewondene pegaweyane lan kuwajibane yoiku ngangsu lawan jupuki kayu, kuwi jenenge Geluntung, yen wes dadi Geluntung terus ngancik satararan maneh yoiku kang sinebut..
3. <Uluguntung>
Uluguntung kuwi tegese lurah ing pedukuhan kang wis kawenangake mernata pegaweyane para Indhung-indhung lawan Geluntung kuwi mau Petruk, terus lagi ngancik…
4. <Cantrik>
Wondene Cantrik iku kuwajibane yoiku ngladeni sak kabehe keperluane Pandhita, kuwi jenenge Cantrik, yen wis Cantrik munggah maneh yoiku..
5. <Cekel>
Wondene Cekel iku tegese lurah kang ngupakara tetanduran lan pategalan, ngobetake daharing sang Pandhita lan sak kabehe, kuwi jenenge Cekel, yen wis Cekel terus ngancik satararan maneh yoiku kang sinebut..
6. <Puthut>
Wondene Puthut iku tegese ingkang tinenggenah ngreksa sanggar pamongan sarta ngobetake ubarampene sesaji ing pamujan, iku jenenge Puthut, yen wis Puthut terus ngancik satararan maneh kang sinebut…
7. <Manguyu>
Manguyu kuwi tegese sing kajibah nabuh genta kekeleng kang ana jeroning pamujan. Iku jenenge Manguyu, yen wis Manguyu banjur ngancik satararan maneh yoiku kang sinebut..
8. <Janggan>
Janggan kuwi tegese ingkang dadi juru tulis sarta nganggit ngarang carita minangka lupianing pitutur, yen wis Janggan, ing kunu banjur ngancik..
9. <Wasi>
Wasi iku tegese ingkang dadi juru pengadilane agama, kebutuhane yoiku ngrampungi utawa mutusake perkara.
Kuwi jenenge Wasi, yen wes Wasi terus ngancik..
10. <Hajar>
Hajar kuwi tegese wis wiwit kawenangake dadi juru wulang miturut angger-anggering wedha, tumuju marang karaharjaning bawana, iku jenenge Hajar, yen wis Hajar lagi ngancik dadi..
11. <Pandhita>
Pandhita kuwi tegese guru gedhe kang wis putus sak kabehe, sinebut uga Panembahan sebab sinembah sembah ing sepadaning para kawula. Kuwi jenenge Pandhita.
️PETRUK : ee inggih matursembahnuwun, wah! nek ngono dadi Pandhita ki ya ora gampang ya reng?
GARENG : wooiya, arep dadi Pandhita wae kudu nglangkahi pirang-pirang tataran
PETRUK : kaya cantrik kuwi umpama mbesok kelakon dadi Pandhita ngono rak ya wis tuwek banget no ya reng?
GARENG : wo iyo, kira-kira kae dadi Pandhita ngono, lagi benung setengah sasi terus modar yae, merga tak sawang lagi dadi cantrik wae wes tuwek ngunu og..
PETRUK : wo yora kena semono, wong pati urip kuwi mung ana ing purbaning Hywang Wasesa Jagat
BEGHAWAN : wis merem atimu Petruk?
️PETRUK : inggih sampun, sembah nuwun, ingatasipun kula menika nggih sampun kulina sowan mriki, ning nyatanipun nembe menika kula nampi jlentrehanipun saking Panemban
BEGHAWAN : hiya Petruk, mara prayogakna anggonmu lungguh Petruk
PETRUK : inggih Panemban, kados mboten kirang prayogi
BEGHAWAN : kulup, Pamadya
PERMADI : wonten timbalan keng adhawuh
BEGHAWAN : sira kulup marak ana ngarsanipun kaki sumengka apengawak bajra, ana wigati apa kulup? mara tumuli matura marang pun eyang.
PERMADI : keparenga munjuk atur, wonten ngarsa paduka kanjeng eyang, sowanipun ingkeng wayah, kajawi kula ngabekti dhateng eyang Panembhan, kula angaturi pirsa bilih para wayah Pandawa nampi timbalanipun paman Prabu ing Lesanpura. Keparengipun paman Prabu, para wayah Pandawa kadhawuhan anekseni anggenipun paman Prabu badhe hanyirami bibi Ratu Warsini, ingkang wekdal menika sampun weweg waja ndhungkap pitung candra kalenggahan punika kanjeng eyang,
BEGHAWAN : oo.. lhadalah, syukur mangayu bagya dene putu-putuku Pandawa tinimbalan keng paman ing Lesanpura, ora kleru ngger, sebab iku pepundhenmu dhewe, mara sira kulup jatenana menawa pamanmu Ugrasena iku putra Mandura ingkang wragil, atmajane sang nata Prabu Kunthibaja sawargi.
Pambayun iku keng wa Basudewa, putra angka loro yoiku ibumu Kunti Talibrata, putra angka telu yoiku pamanamu Aria Prabu ingkang wektu iki wis jumeneng nata ing keraton Kumbina hajejuluk Prabu Bismaka, wondene engkang wragil ya pamanmu Ugrasena ing Lesanpura iku, mara ora ateges kleru manawa sira kulup tinimbalan kinen sowan menyang negara ing Lesanpura.
PERMADI : kaluhuran dhawuh sabdhanipun eyang Panemban
BEGHAWAN : nadyan ta pun kaki durung nampa sedahan saka keng pamanamu ngger, nalika dina malem sukra kasih, pun kaki antuk wangsiting jawata metu marganing pengimpen, katuring pasupenan negara Lesanpura kaya Keblabak banjir bandhang.
Ingkang kalembak-lembak katut ing warih mung kajaba bibimu dhewe, yoiku dewi Warsini, nanging ora ngati adoh katuting warih, ana panging mandira ingkang manglung kena kanggo gondhelan marang bibimu Warsini.
PERMADI : kanjeng eyang keparenga kula cumadhong dhawuh, eyang panemban nampi sasmita medal margining pengimpen kados mekaten, menapa darunanipun? keparenga ingkang wayah mugi kababarana kanjeng eyang.
BEGHAWAN : kulup, Pamadya, pun kaki uga wis jumbuhake marang kahanane pengimpen, hawit sumurupa pengimpen iku keperang ana papat yoiku :
Kawasita, Kacakrabawa, Kaduradasih lawan Kadarsana. Kawasita iku impen menawa ditayuh bakal kabukten. Kacakrabawa iku impene wong kang rerasan samubarang, bareng bengine ngimpi kabeh sing dirasani mau wujud. Kaduradasih iku nalika wong bengi ngimpi banjur esuke seng di impekake mau teka. Kadarsana iku impen kang bakal nekani.
Patang perkara iku mau pinirangana wanci telung perkara yoiku Titiyoni, Gondoyoni, Puspatajem.
Titiyoni iku impen sore, Gondoyoni iku tengah wengi, wondene Puspatajem kuwi impen ing bangun rahina.
Seng akeh nyatane kuwi impen lamun ta ngancik ing wanci Puspatajem, nalika semana anggone pun kaki nyepena kaya wanci tabuh catur, iku sok akeh nyatane kulup, wondene banjir iku yen ora kleru pengawakaning parangmuka utawa reribet.
Kang kalembak-lembak katut ing warih bibimu dewi Warsini iku ateges, jeroning pamanamu bakal hamangku gawe nyirami kelawan bibimu kuwi wangune ana pangrencono kang tumempuh, nanging kulup, rahayune kog bisa gondhelan panging mandira, ateges jeroning pamanamu nempuh bebendhu iku bakal ana pepadhang kang bisa mitulungi marang pamanmu dalah ingkang bibimu ngger
PERMADI : pajar raosing manah dupi kula tampi sabdhanipun kanjeng eyang Panemban, dados saestu paman Prabu nadyan ta amanggih pangrencana nanging taksih wonten pitulunganing Bathara, ingkang saget majaraken panggalihipun paman Prabu.
BEGHAWAN : kulup, Pamadya.. hiya,
malah sumurupa kulup, menawa ora kleru bibimu dewi Warsini dina iki gelem kasiraman aneng telaga madirda, nanging kepingin nitih sardula ingkang ulese seta.
PERMADI : mekaten kanjeng eyang?
BEGHAWAN : kulup hiya, saka pangrasaning pun kaki macan putih ora bakal tinemukake menawa ora sira ingkang ambudidaya.
PERMADI : kula nuwum inggih.
BEGHAWAN : malah penrawange pun kaki, dina iki para kadhang-kadhang ira kang wis padha sowan menyang negara Lesanpura, kabeh wis kepareng padha pasang grogol aneng madyaning wana winangsraya, mula kulup, tulungana pamanmu Ugrasena.
Sira kulup tumuli enggal sowana nanging aja tumuju Lesanpura nanging jumujuga ing winangsraya kekumpulana lawan kadhang-kadhang ira kang ana kana, hawit anggone pasang grogol para kadhangmu padha dipandhegani kelawan keng raka ing Mandura putu prabu Baladewa.
PERMADI : tarwaca dhawuh pangandhikanipun kanjeng eyang Panemban, keparenga wayah paduka nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu, daya-daya badhe lumampah sowan dhateng wana winangsraya kempal kelawan para kadhang-kadhang ingkang sampun sami pasang grogol.
BEGHAWAN : aja mangkat saiki kulup, iki dhina taliwangke, mbarengi kewan galak ngadhang dalan brahmana pati obong, watege akeh gudha rencanane.
PERMADI : kapalangana malumpat kadadhunga mrucut karantia medhot, eyang Panemban tetep ingkang wayah nyuwun pamit bidhal sakmenika
BEGHAWAN : iya-iya ta kulup, lamun ta sumengka rasaning atimu ora liwat lelungsen tak bebakali, sarating dina lakanana ya kulup, telung tindhak megenga napas, pitung tindhak aja noleh pertapan.
Ana kembang melati manglung ing marga pethiken nggonen sumping watege teguh yuwana. Kulup, cegah dahar gulinging pun kaki tak sangokake, sira kulup ana dalan hanyandunga kembang cempaka sawakul.
SEMAR : e… Panemban, menika gandeng sampun mengker ingkang wayah ndara kula Permadi, hee.. keparenga kula inggih nyuwun pamit badhe ndherekaken putumu hloo..
BEGHAWAN : iya-iya kiyai, ora liwat sira kiyai tak dadekake kerta wedhana, kerta iku gajah wedhana iku srati.
Gajahe bendharamu sratine sira kiyai, yen lali elingno yen luput benerna.
SEMAR : ee.. inggih ngestokaken dhawuh, kepareng Panemban
BEGHAWAN : iya-iya kiyai.. nyangoni slamet
SEMAR : ee.. thole nala Gareng Petruk Bagong
GARENG : opo mo..
PETRUK : opo mo..
BAGONG : dalem pak..
SEMAR : ayo enggal padha dherekake tindhake bendharamu
Danu Widodo Tidak Dikategorikan Tinggalkan komentar April 9, 2020 9 Minutes
Keraton Swalabumi
Lakon : Lahire Setyaki
Versi_Ki Anom Suroto
Suluk :
Myat langening kalnggyan
Aglar pandam muncar, ong..
Tinon Lir kekonang
Surem sorote tan padhang
Kasor lan pajaring, ong..
Purnameng nggegana, ong..
Dhasare mangsa ketiga, ong..
Hima hanaweng
Ing ujung ancala
Kasenen karya wigena, ong..
Miwah isining wana, ing.. ong..
Wreksa gung tinunu, ing..
Kocap :
Lah ing kana ta wau, wus lulus lampahing Raden Bratasena, prasasat ngambah wukir sengkan-sengkan, sumadya nuhoni perintahing sang raka pasang grogol wonten madyaning wana winangsraya, lampahing para prajurit pinda lintah ewon bareng lap-kumelap ana ing madyaning toya.
Untabe para wadya dumugi jawining rangkah rerem sawetawis sak derengipun mlebet ing madyaning wana winangsraya.
Sinigeg lampah gantya kang kawuwusa
Ing mangke datan kaya kang ana ing madyaning Negari Swalabumi nenggih sang nata Prabu Setiyasa, pareng pinarak lenggah kahadep dhateng warangkaning praja, eling-eling narendra inkang nembe anandhang kasmaran, datan mokal lamun ta bebondetan genya tumindhak.
Suluk :
Leng-lenging driya mangu mangu,
mangungkung kandhuhan rimang,
Gending
Jejer Negara Swalabumi
Lah ing kana ta wau menika ta warnane ingkang aran negara ing Swalabumi, negara gedhe obore padhang jagade duwur kukuse adoh kuncarane tur kasusur ing manca praja, nalika semana ingkang pareng pinarak ing pandapi agung lah menika warnane narendra muda pekik warnane hajejuluk sang nata Prabu Setiyasa.
Narendra maha sekti pilih tanding ing perang, dasar Ratu berbandha berbandhu, berbandha lire kadunyaning sang nata presasat kasugihane separon jagad, berbandhu lire katah wadya bala ingkang samya dumunung ana ing madyaning keraton Swalabumi.
Nalika mangke kepareng sang nata pinarak lenggah ing madyaning pandapi kahadep para warangkaning praja dalah patih Kumbaranangga, mangkana sang nata asung sasmita dhateng rekyana Patih Kumbaranangga pratandha wiwitaning sabda.
SETIYASA : kakang patih Kumbaranangga!
PATIH : kawula nok non, nuwun wonten timbalan keng adhawuh sinuwun, amiji dhateng abdi paduka ing kepatosan pun patih Kumbaranangga.
SETIYASA : maremo kakang patih, adoh ingsun awe cedhak kaya tak raketake kakang,
SETIYASA : mara coba sawangen, kahananku iki kepiye kakang patih?
PATIH : kawula nok non, nuwun inggih menawi sinuwun andangu dhumateng kula kadawuhan aningali dhateng paduka ingkang sinuwun, saking pemanggih kula mboten wonten ewah-ewahan menapa-menapa.
SETIYASA : lho lho lho kakang patih, kowe suwita marang aku iku wis entuk pirang tahun?
PATIH : whaduh! sinuwun, wiwit paduka dereng jumeneng nata menika kula sampun suwita wonten ing negari Swalabumi, ngantos sak mangke kula taksih suwita dhateng sinuwun.
SETIYASA : lha kena ngapa kakang patih, teka si kakang datan bisa mbedakake kahanan ingsun?
kakang patih.. kakang patih Kumbaranangga, sumurupa kakang patih, saktemene dina iki ingsun nembe nandhang kunjana papa.
kunjana iku edan, papa iku lara..
PATIH : paduka sinuwun kasmaran kalyan wanita pundi?
SETIYASA : kakang patih, ora ana ingkang cumantil aneng sawangane manik, mung kajaba wanita ing Lesanpura, ingkang asesilih Dewi Warsini, ingkang andadekake careming panggalih ingsun.
PATIH : kawula nok non, nuwum inggih.
SETIYASA : mara coba kakang patih, anggonku dadi Ratu iki cacaten kurang apa?
PATIH : pamanggih kula mboten wonten cacatipun, mboten wonten ratu ingkang bagus kados paduka sinuwun, mboten wonten narendra ingkang sekti kados paduka sinuwun, mboten wonten Ratu berbudhi kados paduka sinuwun, mboten wonten narendra ingkang sugihing ngungkuli paduka sinuwun, sampun ta lamak manungsa, blorong kemawon ngrenteni dhateng sinuwun
SETIYASA : semana iku mau ora ndadekake panujuning panggalih ingsun kakang patih, bandha kaya ora bakal bisa maremake penggalih, duwure pangkat luhuring derajat ora bisa nyenengake ati, lamun ta jeneng ingsun durung bisa nggarwa kelawan Dewi Warsini, ya mung siji iku kakang patih cacatku..
mangka akeh wanita kang padha ngunggah-ngunggahi jeneng ingsun, ewodene ora nana kang dadekake careming panggalih ingsun, amung kajaba siji Dewi Warsini iku mau, mula kakang patih, aku rabekna kakang patih.
PATIH : menawi mekaten keparenga paduka sinuwun paring cundaka dhateng punang patih, mangke kula ingkang badhe nyowanaken dhateng nagari ing Swalabumi
SETIYASA : kakang patih sumurupa! angel lamun ta bakal dibudidaya sabab, dewi Warsini iku wis ora ijen.
PATIH : hloh, kaliyan sinten?
SETIYASA : saktemene wis ana ingkang mengku,
PATIH : sinten ingkang mengku?
SETIYASA : ingkang mengku ya narendra Lesanpura hajejuluk Prabu Setyajid ya Prabu Ugrasena kuwi mau
PATIH : weee… lhadalah, kula kinten dewi Warsini menika putrane Ratu Lesanpura
SETIYASA : dudu kakang! Kuwi garwane Prabu Setyajid.
PATIH : wee.. lhadalah, cicak nguntal cagak cebol nggayuh oyot bebasan wuta ngitung lintang, tangeh kelampahan ipun hawit menika sampun wonten ingkang mengku, menawi ngantos paduka lajengaken sami kalyan ngugak-ugak tunggak ingkang sampun bakoh, hambebuthek tirta ingkang sampun wening, ngrisak pager ayu, ngruyak turus ingkang sampun ijem,
SETIYASA : kakang patih, iya kaya ngene iki rekasaning wong lara asmara, laraning raga kena di upakara kena ditambani, ning yen wis laraning jiwa saya maneh kepanduk ing kasmaran apa wae ora bisa nambani kajaba yen sing di gandrungi kuwi tumeka ing kene, mula kakang, nadyan ta aku iki ketoke waras ning saktemene lara.
PATIH : kawula nok non, nuwun inggih
SETIYASA : mula kakang patih, usadanana laraku kanthi boyongen dewi Warsini,
PATIH : menawi mekaten kula nyuwun pamit pejah!
SETIYASA : hloh.. kok malah kuwi sing mok aturake kakang patih?
PATIH : menawi kula kelampahan kaduta sinuwun dhateng negari Lesanpura, nembe kemawon matur kula kinten kula dipun legandhang kelawan narendra ing Lesanpura Prabu Setyajid.
SETIYASA : ha yen kowe mati banjur patihku sapa kakang?
PATIH : lajeng kados pundi ingkang saget minangkani sinuwun? sabab kula inggih ajrih lamun ta nerak pacak hanerajang angger, ngrebat garwaning ingkang asanes.
SETIYASA : kakang patih, sawijining laku bisane aku dhaup kelawan dewi Warsini, kudu di cidra wae dewi Warsini
PATIH : kula kinten katah kelampahan ipun
sauger mboten kadenangan dening para wadya ing Lesanpura.
SETIYASA : kakang patih!
PATIH : kulo nok non
SETIYASA : mara coba saiki enggal timbalana klangenan ingsun kang wujud sardula aran singo mulangjaya
PATIH : kawula nok non, nuwun inggih kula nyuwun pamit parmadal pasowanan, badhe hamiji klangenan paduka sinuwun.
Suluk :
Bremara reh manguswa ambrengengeng
kadi karenaning kaswasih
aneng marga amalatkung
Sang Ganda Wastratmaja, ong..
leng-leng lalu angulati
surya mangrangsang wayah
kumyur hamarawaryanta, ing..
SINGO : kula nok nok non, wonten timbalan ingkeng adhawuh sinuwun, animbali abdi paduka kula pun singo mulangjaya
SETIYASA : siro dadi klangenanku, ora nate ndak wetokake saka ing papanmu lamun ta ora ana wigati ingkang perlu
SINGO : kula nok nok non, kaluhuran dhawuh pangandhika paduka ingkang sinuwun, kula kadhawuhan menapa? menapa kaparintah ngrangsang inggil nggayuh tebih nubruk pergata waja ambyur segara wedang
SETIYASA : pancen iku kesaguhan sing tak arep-arep
SINGO : kulo nok nok non
SETIYASA : singo mulangjaya, aku percaya marang kejulikanmu, percaya marang kapinteranmu nadyan sira iku sipating sato, nanging kapinteranmu ngungkuli manungsa, kaprawiranmu ngungkuli prajurit,
SINGO : kaluhuran dhawuh pangandikanipun ingkeng sinuwun
SETIYASA : hawit kang saka iku singo mulangjaya, dina iki aku rabekna.
SINGO : we.. lhadalah, paduka kepingin badhe palakrama kalyan putri pundi hloo?
SETIYASA : aku gandrung kasmaran marang wanita ing Lesanpura, ingkang asesilih Dewi Warsini, ning saktemene wis ana sing mengku garwa, yoiku narendra ing Lesanpura hajejuluk Prabu Setyajid ya Prabu Ugrasena.
SINGO : oo.. menika pinanggih gampil, menawi paduka sampun mitados dhateng keng abdi, kula sagah mboyong dewi Warsini wonten ngarsa paduka ingkang sinuwun.
SETIYASA : ha lhadalah! syukur mangayu seketi jumurung, singo mulangjaya… singo mulangjaya…. lamun kowe bisa mboyong dewi Warsini, tak paringi pangkat bupati.
SINGO : kulo nok non, nuwun inggih, sak derengipun kula bidhal kula nyuwun sangu
SETIYASA : sangu apa! emas picis raja brana tak cawisake
SINGO : mboten, kula nyuwun sangu tigan, cacahipun tigang senik
SETIYASA : sakdurunge mangkat waregono dhisik, patih! mara tumuli jupukno tigan kanggo mangane si singo mulangjaya iki
PATIH : kulo nok nok non, bakal tak wujudi
SETIYASA : iki wis dicawisake kelawan patih Kumbaranangga, mara tumuli panganen
SINGO : menika minangka pratanda, menawi kula saget nelasaken tigang senik wangsul kula saget angsal damel, nanging menawi kula mboten telas tigang senik kula nyuwun pamit pejah, sampun dipun ajeng-ajeng wangsul kula.
SETIYASA : lho lho lho, mengkono ingkang dadi aturmu, mara coba enggal mangsanen
Suluk :
Jumangkah anggro sesumbar
Lindhu bumi gonjing gumaludug Guntur ketur ketug
Gora reh gara-gara
Sampun menga tutuking singa mulangjaya ambane sak lawanging guwa, arsa mangsa tigan kang wis sumadya, pinangka pratanda lamun telas sedaya saget wangsul dhateng negara, lamun ta tan telas sedaya tanda kaprejaya ana ing marga, nalika mangke kauntal malang namung taksih sajuga ingkang kantun
SETIYASA : singo mulangjaya, wis entek endoge
SINGO : kula nok non, sampun telas
SETIYASA : mara telitinen patih,
PATIH : kula nuwum inggih, hloh.. Taksih kantun setunggal..
SINGO : weeeeeee eeeee!!
Dupi nampi aturing patih Kumbaranangga lamun ta tigan taksih setunggal gumebrug aneng bantala kaya gunung rebah, nadyan ta sipat sato parandene panggrahitane tanpa beda manungsa, katingal nangis kelayung-layung brebel waspa kaya jawah riwis anelesi kanti mblabar aneng pasewakan, nalika mangke telenging batos namung ngraos baya apa kang bakal kesandang, wijiling atur sang singo mulangjaya.
SINGO : ooo lhadhalah sinuwun, jimat pepunden kula sesembahan kula, mboten nyana mboten nglegewa menawi tigan taksih setunggal ingkang kantun, kados pundi sinuwun…, menapa calonipun kula badhe pisah kelyan paduka sinuwun?
SETIYASA : singo mulangjaya, ora ngono kok banget-banget nggonmu ngrasa? apa kowe macan wae gegulang kaweruh kebatinan! ingatase mung endog keri sawiji wae kok kelara-lara.
PATIH : hmmm, wong macan kok bisa nangis
SINGO : kados pundi sinuwun sinuwun, kula nyuwun pamit pejah!
SETIYASA : singo mulangjaya aja banget kerantan atimu, yen kowe mutusake marang rasamu kuwi padha karo kowe ora percaya marang gusti hyang maha nasa, mula kang iku aja kendho barisanmu singo mulangjaya, tumuli mangkato, pangestuku muga bisa rahayu anggenmu lumaku, ngupaya marang pundhutan ingsun.
SINGO : pareng kula nyuwun pamit sinuwun
SETIYASA : iya iya nyangoni basuki,
SINGO : raden Patih!
PATIH : ana apa singo mulangjaya?
SINGO : kula nyuwun adus, kula aturi nyiram tuyo degan
PATIH : wah.. jaluk adus banyu degan, ndadak menek aku, yah! bakal tak wujudi
SINGO : kula bibar paduka jamasi, enggal nyuwun pamit lumampah dhateng Lesanpura.
Sinigeg sang nata prabu setiyasa,
Lampahing singo mulangjaya baneh kelawan saban-saban, datan katingal birahine, ingkang kapirsanan kaya lelayoning singo mulangjaya, ing batos ngudoraos bakal ana wigati bebaya apa, ana prabedaning laku sang singo mulangjaya.
Sakala Prabu Setiyasa enggal miji datheng ponang patih..
SETIYASA : kakang patih! mara tumuli majua mrene kakang patih!
PATIH : kula nok nok ngestokaken dhawuh
SETIYASA : sak budhale singo mulangjaya kowe aja nganti negaake kakang patih, mara perintahna sangya bala ing Swalabumi ngawat-ngawati marang lakune singo mulangjaya, bebasan adoh cedhakana cedhak adohana
PATIH : pareng nyuwun pamit sinuwun parmadal pasowanan
SETIYASA : nyangoni basuki kakang patih Kumbaranangga..
Danu Widodo Tidak Dikategorikan Tinggalkan komentar April 9, 2020 6 Minutes
Pagelaran Jawi
Lakon : Lahire Setyaki
Versi_Ki Anom Suroto
Kocap :
Gentya kang kawuwus, ing mangke datan kaya kang myos ana ing pagelaran jawi, inggih Prabu Baladewa, pareng myos ing pagelaran jawi, mintir gumbalane ingkang capang.
Suluk :
Aglar ingkang samya seba
pindha robing kang samodra
abra busananing wadya
pindha panjrahing puspita
tetindhihing pra prawira
rekyana patih sudira
tidhem kang samya sumewa
rumahab nilingken sabda
saiyeg saeka praya
siyaga ngayahi karya
pakaryan ayahan praja
PRAGOTA : ha ha ha.. lhadalah.. ha ha ha, menika kados gusti kula sinuwun ingkang sampun miyos ing pagelaran jawi lenggah ing bangsal pengrawit, sekalyan-kalyan gusti kula Radyan Narayana dalah gusti kula Raden Bratasena, kulonuwun sinuwun, pareng kula comadhong dhawuh kula ngaturaken herminakata, her menika tuya mina ulam kata pengucap, kados ulam kesrambahing ing tuyo anggen kula nungsung-nungsung ngertos hloo ha ha ha… kula aturi mbabari abdi andika ing kepatosan patiiihh.. Pragota, nun ha ha ha..
JAYANTAKA : sanadyan kula comadhong dhawuh gusti napa wigatosing pasewakan, keparenga ambabari abdi paduka ing kepatosan, kula pepatih ing Lesanpura pun patih Jayantaka.
TUMENGGUNG : nadyan kula comadhong dhawuh kawula nuwun sinuwun menapa wigatosing pasewakan, keparenga ambabari kula pun tumenggung Wrahatbala.
BALADEWA : patih Pragota!
PRAGOTA : hloo, ha ha ha…
BALADEWA : guyumu sudalen karep ben krungu nggonku paring dhawuh!
PRAGOTA : nggih.. ha ha ha.. hu hu hu.. ha ha ha..
BALADEWA : hust! wong kon nyuda guyune malah nyekekek kaya ngono!
PRAGOTA : nggih kepareng kula comadhong dhawuh, kula niki yen mboten ngguyu malah mboten mireng, namung menawi midhangetaken dhawuhipun sinuwun sinambi gegujengan menika malah saget pana anggen kula hanampi dhawuhipun sinuwun, kula nok non hloo..
ha ha ha.. ha ha ha…
BALADEWA : Pragota! wigatining pasewakan, mung kajaba anggone ingsun bakal hanekseni marang keparenge paman Prabu nggone bakal hanyirami kelawan bibi Ratu Warsini
PRAGOTA : nggih.. ha ha ha… ha ha ha..
BALADEWA : meneng!!
JAYANTAKA : kowe ki menenga sik ta ngger ngger, kon meneng sedela wae kok ora bisa ki kok kaya di ithik-ithik ndhemit
BALADEWA : Pragota! nek pancen kowe jek ngguyu mara kowe metua dhisik, guyumu entekna!
PRAGOTA : nggih, empun kula telaske empun suwuk
BALADEWA : nanging kahananane paman Aji dina iki pasemone kaya dene surya ingkeng kalingan hima himantaka
PRAGOTA : waa lha niki, dereng mudeng menapa tegesipun,
BALADEWA : surya iku srengenge hima himantaka iku mendung!
PRAGOTA : wee,, kados srengenge kalingan mendung, remeng, ha ha ha ha… ketingal remeng penggalihipun sinuwun ing Lesanpura., kulo nok nok non,
sebabipun nenapa sinuwun?
BALADEWA : sumurupa! marga bibi Ratu darbe pamundut marang paman Aji.
PRAGOTA : menapa pamundutipun hloo..
BALADEWA : bibi Warsini kepingin nitih sardula kang ulese seta!
PRAGOTA : we he he, sardula menika macan, seta menika putih, kanjeng Ratu kepingin nitih sardula utawi sima ingkang ulese putih?
BALADEWA : pancen mengkono!
PRAGOTA : menika kagem titihan dhateng pundi?
BALADEWA : hawit paman prabu badhe hanyirami kelawan bibi Ratu ana ing telaga madirda
PRAGOTA : weee lhadalah, menapa tuya mriki mboten sae, badhe siram kemawon dhateng telaga?
BALADEWA : iku wis dadi panguneg-unege paman Aji,
PRAGOTA : nuwun inggih, wah mbok menawi kaleh ngalap berkah dayaning telaga madirda, menawi ngoten lajeng kados pundi?
BALADEWA : pramayogane gustimu Narayana dina iki kinen pasang grogol ana ing madyaning wana winangsraya,
PRAGOTA : wa ha ha ha, winangsraya menika wana awis-awis dipun ambah, taksih sampat komplit buron wana.
BALADEWA : pancen mengkono! sapa ngerti yen macan putih mapane ana kana!
PRAGOTA : aha ha ha, nuwun inggih, mekaten gusti kula, gusti kula Narayana?
NARAYANA : iya kakang Pragota, pancen aku mrayogakake menawa dina iki pasang grogol wae ana madyaning winangsraya
PRAGOTA : inggih, mboten langkung kula ndherek mangayu bagya kula nok non,
BALADEWA : hawit kang saka iku patih Pragota, kowe aja bali dhisik menyang negara Mandura, nanging ewang-ewangana panjenengan ingsun, amarga ingsun kang uwis sumaguh amandigani bab iki, malah biwarakna lan undangna para wadya kabeh wae, sapa bisa entuk sardula seta bakal nampa ganjaran saka ingsun.
PRAGOTA : kulo nok non nuwun inggih, mboten langkung ngestoaken adhawuh, badhe kula biwarakaken wa ha ha…
he para kanca saka Mandura, sing teka pira engko ditambahi prajurit Lesanpura, golek macan putih ha ha ha.
PRAGOTA : lajeng ingkeng dados pandeganing prajurit sinten?
BALADEWA : mangsa bodhoa! kowe ya kena!
PRAGOTA : nggih ngestokaken dhawuh ha ha ha..
BALADEWA : patih Jayantaka!
JAYANTAKA : kula nok non nuwun inggih
BALADEWA : ewang-ewangana bab perkara iki
JAYANTAKA : nuwun inggih menapa ubarampenipun grogol badhe kula cawisaken gusti
BALADEWA : yowes, mangsa bodhoa aku nyumyrupi piranti cumepak.
JAYANTAKA : kulo nok non nuwun inggih
BALADEWA : dimas Narayana!
NARAYANA : nuwun wonten dhawuh,
BALADEWA : mangkate nganggo petung apa ora?
NARAYANA : inggih koko Prabu, dinten menika prayogi kagem tindhakipun dhateng wana winangsraya wategipun kalis ing rubeda,
BALADEWA : lhadhalah! syukur mangayu bagya
BALADEWA : dimas Bratasena! prayoga kabudhalake dina iki
BRATASENA : aku mung jumurung keparenge Baladewa kakangku.
BALADEWA : patih Jayantaka! mara metua njaba undhang wadya!
JAYANTAKA : parmadal pasowanan
Suluk :
Enjing bidhal gumuruh,
Saking nagri lesanpura, ong..
Gunging kang bala kuswa,
Abra busanaira lir surya wedalira,
Saking jalanidhi,
Arsa madhangi jagad,
Duk mungup-mungup aneng sapucaking wukir, merbabak bang sumirat
Kena soroting surya,
Mega lan gunung gunung, ong..
Kocap :
Untab ing para wadya ing Lesanpura ingkang ndherek tindhake Prabu Baladewa cinandra saking yudhakati
Suluk :
Umyang swaraning wadya
wus samapta munya
kendhang gong beri arebut papan
ing sajuru-juru
tan ana liru prenah
rekyana patih mangka cucuking
pra wadya kuswa
risang Wresniwira mahambeg sudira
prawira tumangguh
Kocap :
Lah ing kana ta wau, wis lumampah prajurit saking negari Lesanpura, hangelur selur cinandra pinda sela blekithi, sela watu blekithi semut kaya semut mlaku ing watu dalidir tan nana kendhate, ana kang nitih turangga, ana kang nitih dwipangga, ana kang nitih kereta kencana, joli jempana tandu datan keri
Lampahing Gajah Prabu Baladewa
Nengna gentya kang kawuwus, gentya kang ana ing madyaning alun-alun, menika ta warnane titihane Prabu Baladewa awujud gajah kang ulese putih, aran kyai Yudhokethi, Yudho perang Kethi terampil.
Sang Yudhokethi ingkang saget tatajalma punika wus teluk marang Prabu Baladewa.
Eling-eling titihane ratu den paesi komplit kaya pengantin anyar, kethu bludru ules jingga sinulam benang kancana, pinggire rinenda mas sinangling, den renggani jamang mas susun tiga. Salebrak cindhe sutra warni sindura, kaukup renda katingal abyor kadya panjrahing kartika.
Tlale den brongsong bludru maneka warna biru, kuning, ijo, abang, wungu, lamun tlale ngadeg kaya teja, yen malengkung kaya kluwung. Suku pinaringan gentha kekeleng, yen lumampah katingal krembyah-krembyah. Gathiking gentha kumrompyong swarane pindha swaraning gangsa tinabuh.
Dupi wuninga Prabu Baladewa wus tumedhak saking pagelaran, Yudhokethi sigra mendhak, sang Baladewa gya ngencengaken tali bandhange nulya minggah mring gigiring gajah, galeyah-galeyah lampahing gajah, kairing para wadya Mandura dalah patih Pragota.
Suluk :
Myat langening kalnggyan
Aglar pandam muncar
Tinon Lir kekonang, ong..
Suluk :
Umangsah ambek pejah
cancut gumregut manjing
samudra tulya dreng
wiraganya legawa
banyu sumaput wentis, ong…
meleg ing angganira
sumingep anampeki
migeg jangga kang warih
katon naga kumambang gengnya sawukir anak, ngakak galak kumelap ing..
Kocap :
Sampun bodol sedaya para Raja, hamung kantun sajuga ingkang taksih mbregagah wonten ing alun-alun
Bratasena Jumangkah
Menika ta warnaning sang panenggak Pandawa Kekasih Raden Werkudara, ya sang Bimasena, Bratasena, Kusumadilaga, Gandawastratmaja ya sang Bilawa. Satriya gagah birawa sembadeng warna, godheg wok simbarjaja, rawis ketel kinepel. Wiwit timur tekaning diwasa datan kersa nitih sak katahing titihan, nitih jaran pedhot ulo-ulaning jaran, nitih kereta semplok baking kereta, karemaning namung lumumpat.
Nalika semana wus sampat agemaning sang Bratasena, apa ta sandhangane..
Pupuk mas rineka jaroting asem, pupuk minangka pratandha nggenya ngisep pangawikan marang Hyang Bayu, Rineka Jaroting asem lire sang Bratasena ngrawit budhine pindha jaroting asem.
Sumping pudhak sinumpet, Raden Bilawa wus hamengku kawruh panunggalane Hyang Hodipati, nanging hanggung sinasapan pinter api balilu, pramila binasakaken Jayalaga lire jembar budine pindha nglangut pindha jalanidhi.
Anting-anting panunggul manik ing warih,
Bratasena wus padang paningale datan kasamaran marang sawiji-wiji.
Mangagem sang-sangan naga banda ula gedhe, tegese karosaning Bratasena kaya naga raja, lamun ta bandhayuda ora watak kalah, kalahe yen wus tekaning lamphus.
Kelat bahu rineka balibar manggis binelah tekan kendhagane, dyan Werkudara tulus njaba lan njerone, binasakake bawa leksana, lire datan arsa ngoncati sadba kang wus kawedhar.
Mangagem gelang candra kirana,
Candra rupa, Kirana wulan
Gandawastratmaja, kaweruhing Sena sumorot pindha wulan purnama sidi.
Mangagem kampuh poleng bang bintulu, Abang, Ireng, Kuning, Putih lan Ijo moyo-moyo. Punika minangka pratanda sasmitaning pancadriya, nenggih mayaning kanepson limang perkawis:
Ingkang abang marang kaprawiran
Ingkang ireng marang kasantosan
Ingkang kuning marang kabirahen
Ingkang putih marang kasucen
Dene Ijo marang kawicaksanan
Lelima bareng kanggone binasaake kusumayudha, sang Bima datan kewran marang kridhaning budhi.
Mangagem peningset cindhe bara binelah numpang wentis kanan kiring, sang Bratasena bangkit mbedaake laksistaning brata lahir kelawan bathin.
Mangagem porong dapur naga raja, pinangka kekancing, pranyata sang Ariya Sena wus memet-momot marang saklekering jagad.
Suluk :
Umangsah ambek pejah
cancut gumregut manjing
samudra tulya dreng
wiraganya legawa
banyu sumaput wentis, ong…
meleg ing angganira
sumingep anampeki
migeg jangga kang warih
katon naga kumambang gengnya sawukir anak, ngakak galak kumelap ing..
Raden bratasena arsa lumampah, kairing punakawan barat pitung perkawis, pramila sang Sena matak aji Bandung Bandawasa, mungkal bener blabag pengantol-antol cancut taliwanda, brel mibil perbawa ketingal kairing marang bayu bajra, sindhung riwut lan angin garudha ngganda arum. Dyan Wrekodara gya mlintir gumbala, seblak sampur tanjak wrangka. Jumangkah sang Bratasena, katingal suku kanan mancik srondol suku kiring mancik maja sanga sak jangkahan sak yojana sang Bratasena.
Danu Widodo Tidak Dikategorikan Tinggalkan komentar April 9, 2020 6 Minutes
Limbukan
Lakon : Lahire Setyaki
Versi_Ki Anom Suroto
Limbukan
Suluk :
Galak ulat kadi thathit abarung
kang pamulu
alus manis maweh kung
sembada kang addeg mandarangkung
agoreh pantes dadya malatkung
oong…
CANGIK : anaku ngger anaku, nduk mbok lara tompe nduk,
LIMBUK : ana apa yung?
CANGIK : anane kowe adoh ndak cedhakake, cedhak kaya tak raketake, wigatine nggonku arep ngomong marang kowe nduk, ora liya mung kejaba nggonku ngrasa marang kahanane gustimu Putri.
LIMBUK : piye ta yung?
CANGIK : keparenge kanjeng Ratu, kersa dijamasi ana madyaning telaga madirda nanging kepingin nitih kang den aranai sardula seta, tegese macan kang ulese putih.
LIMBUK : aku dewe ya gumun kok yung, ingatase kepareng mundut titihan wae kok sing sarwa galak, kepiye ta yung mbesok yen kelakon numpak macan putih, kamangka macan ki genah nek pakanane daging, yen nganti macane putih sido entuk, mangka macane pinuju luwe apa ora mbebayani yung?
CANGIK : aku dewe ya ngudarasa, kuwi pas kaya lelakonku jaman aku mbobot kowe ndisik.
LIMBUK : apa ya ngono?
CANGIK : he em, mung ya kaceke ndisik ki beda karo kanjeng Ratu, yen kanjeng Ratu kepingin nitih sardula putih, aku ndisik nalika ngandhut kowe ki senengku mung main wae, arang-arang metu saka panggonan, angger wis nyekel kertu ki rumangsaku kaya tambah nyawa,
LIMBUK : nek kuwi ora nyidam, kuwi pancen pakaryan kanggone kowe kok yung,
CANGIK : tenan ki nduk, yen kanjeng ratu kepingin nyekel bangsane gegaman, aku ndisik ki ya ngono,
LIMBUK : kowe seneng nyekel apa yung?
CANGIK : aku ndisik ki seneng nyekel tabuhan,
LIMBUK : ngono yung?
CANGIK : he em, aku biyen ki tritikan turut kelurahan mung kepingin ajar nabuh nalika ngandhut kowe, mula ora mokal bareng aku nglahirke anak wujude kowe, katitik saiki kowe sajake yowes njiwa nyang seni
LIMBUK : pengestumu yung, pancen kepara nyata aku ki seneng nyang gamelan kok yung.
CANGIK : seneng gamelan nduk?
LIMBUK : iya, gamelan karo duwit.
CANGIK : kuwi senenganmu, ora kleru, aku yo seneng bangsa gamelan karo duwit, tiwas nyekel gamelan nek ora nyekel duwit terus sing arep nggo tuku apa coba..
LIMBUK : iyo yung.,
CANGIK : aku ndisik ki angger wis nyekel tabuhan ngono ayem nyang pikiran, ora angsa-angsa
LIMBUK : kowe jamane ngandhut aku ndisik ki seneng dahar apa yung?
CANGIK : aku bangsa sega ki adoh, senenganku bangsa sing kremikan
LIMBUK : antarane?
CANGIK : ketan, tiwul..
LIMBUK : kaya ngono kok kremikan
LIMBUK : nitik yen aku iki pancen njiwa nyang seni yung, arep tak aturake nyang biyung, mara midhangetna yung aku arep ngaturake sinom parijotho, slendro menyuro
CANGIK : tak rungoke nduk, coba kaya ngapa, kurup nggonku ngandhut kowe ndisik, nyatane bareng wis gedhe bisa dadi sinden
LIMBUK : iyo yung, aku angger wis nyinden ora montro-montro suwaraku, jebles suwarane ibu sutarmi
CANGIK : coba kaya ngapa..
SINOM PARIJOTHO
Nulodo laku utomo
•
Tumapring wong tanah jawi
•
Wong Agung ing ngeksigondo
•
Panembahan Senopati
•
Kepati amarsudi
•
Sudanen howo lan nepsu
•
Pinepsu topo broto
•
Tanapi ing siyang ratri
•
Amemangun karya nak tyas
•
ing sasomo..
CANGIK : pancen apik suwaramu nduk, nalika kowe lahir barengan karo praptaning pusakaning pukulun Batara Indra kang awujud gludhug. Katitik bantere suwaramu, tekaning suwara, kacihna kowe kaprebawan pusakaning pukulun Batara Indra
LIMBUK : iyo yung
CANGIK : aku dewe ya nggumun, ingatase suwara seru ewodene kok ora tau mati horo, aku urung tau weruh lek mu gerok kuwi gek kapan
LIMBUK : aku ki nek nyinden arang-arang gerok, ning nek neng omah malah kerep gerok
CANGIK : nyambut gawe apa?
LIMBUK : biyung ngerti dewe nyambut gawe sing sok ngetoake napas akeh ki nyambut gawe apa
CANGIK : he em, aku wis nyandhak, kowe rak playon ta neng omah?
LIMBUK : yowes penggalihen dewe, aku ki neng omah poly kok yung,
CANGIK : waduh waduh, anaku ngger.. Poly nduk? melu seneng aku, aku ki umpama jik kuwat ngono kepingin poly kaya kowe.
CANGIK : nduk, kena nggo paitan suwaramu mbok menawa aku wis ringkih balungku, kowe genti ngayomi aku
LIMBUK : iyo yung
CANGIK : mula mawanti-wanti welingku nyang kowe ya nduk, lamun ta kepingin dipundhut garwa karo piyai kakung kudu milih marang piyai kakung sing tanggung jawab
LIMBUK : iya yung pangestune biyung tak suwun entuko jodho sing cocok karo sing tak karepake, aku mbesok lamun ta dipundhut garwa karo piyai kakung aja tiba parang, nanging tibowa kasur babut
CANGIK : aku melu mangestoni nduk, mula kowe kudu eling kuwajibane wanita, kuwajibane yaiku ma-lima..
LIMBUK : apa wae yung?
CANGIK : ma ing sepisan yoiku macak, wanita kudu pinter macak, pinter ngadi salira, hawit kuwi perlu nduk, apamaneh kowe isih prawan, nek nganti kowe ora gelem macak ketinggalan jaman, ya karana macak mu kuwi mau kena kanggo nggendeng calon bojomu, supaya bisa sih tresna nyang kowe, nuju prana karo calon jodhomu,
CANGIK : ma kapindone masak, wong wadon kuwi kudu pinter masak, mula kowe kudu sekolah utawa sinau masak, marga ya arepa kaya ngapa umpama kowe kelakon duwe bojo, bojomu ki luwih seger dahar masakanmu dewe tinimbang dimasakake wong liya
LIMBUK : ngono yung?
CANGIK : he em, ma kaping telune yaiku manak, kowe mbesok umpama diparingi wiji bakal bisa nglahirake, kowe kudu bisa nglahirake sing kanti rancak aja nganti ana alangan sawiji apa, kudu ngerti mungguh apa ta kang dadi teorine wong kang bakal nglahirake
LIMBUK : ngono yung?
CANGIK : he em, ma kaping papat yaiku mendidik, tegese mendidik menyang anakmu, kudu mok gulawentah karep ben dadi bocah sing becik, dadi bocah sing luhur, bocah sing utama.
LIMBUK : iya yung?
CANGIK : lha wondene ma ingkang wekasan yoiku mendorong, lire mendorong umpama kowe duwe bojo kudu didorong, apa senengane bojomu sing tumuju nyang bener becik kowe kudu melu mendorong, kowe kudu jumurung
LIMBUK : iya yung.
CANGIK : hawit ngelingana sipating wanita, istri itu adalah pendamping utama bagi suwami, kowe kudu bisa dadi sisihaning bojomu sing utama, mula kudu bisa ngerti nyang bot repote wong kakung, melu cawe-cawe nanging kudu ngerti marang batas batas anggonmu cawe-cawe.
LIMBUK : iya yung, ora liwat tak estoake dawuhe biyung,
CANGIK : ya mung kuwi sing bisa tak kandhakake nyang kowe ya nduk, ayo aja nganti kadohan karo tindhake sinuwun, tak kanthi ndherekake tindhake sinuwun menyang sanggar pamujan.
Suluk :
Gandane kang sekar gadhung
Lan kembang-kembang menur
Kang esmu arum
Winor lan oyod-oyodan
Kadi kusuma mangambara-ambar
Mawor kukusing dupa kumelun
Kelun kelun amor mega lir memba bathara
Tan samar pamoring suksma
Sinuksmaya winahya ing asepi
Sinempeng telenging kalbu
Pambukaning warana
Tarlen saking liyep-layaping aluyut
Pindha pesating supena
Sumusuping rahsa jati, ing..
Danu Widodo Tidak Dikategorikan Tinggalkan komentar April 9, 2020 4 Minutes
Pasewakan Lesanpura
Lakon : Lahire Setyaki
Versi_Ki Anom Suroto
Pasewakan Lesanpura
UGRASENA : Nuwun, dereng sakwetawis dangu sakrawuh paduka anak Prabu Puntadewa, Paman ngaturaken pasegahan punakrami mawantu-wantu kunjuk wonten ngarsanipun paduka anak Prabu sekalyan ingkang katemben rawuh.
️PUNTADEWA : kawula nuwun inggih paman Prabu, dhateng kadahat kateda kalingga murdha sih punakraminipun paduka paman Prabu, mboten langkung namung wangsul sumungkeming pangabekti kula mugi kunjuk wonten ing sahandaping pepadhanipun paman Prabu.
️UGRASENA : we lhadalah inggih ngger, anak Prabu Puntadewa sampun kula tampi kanti gembiraning manah, pangabekti sangking angger anak Prabu ing Amarta, dumawaha sami-sami, mugi kaprayogiaken anggen paduka lenggah ngger anak Prabu.
️PUNTADEWA : kawula nuwun, nuwun inggih paman Prabu, kados mboten kirang prayogi anggen kula marak wonten ngersa paduka paman Prabu.
️UGRASENA : anak Prabu ing Mandura, sami karaharjan rawuh jeng andika ngger anak Prabu ing Mandura?
BALADEWA : inggih paman Prabu, sampun kula tampi paring prembaginipun paman Prabu, lulus raharja pisowanipun ingkang Putra, kalis ing rubeda manggih ing kahywangan, mboten langkung namung kula ngaturaken sembah pangabekti kula mugi kunjuk wonten ing sahandaping pepada paman.
UGRASENA : inggih ngger, anak Prabu ing mandura sampun kula tampi pangabekti sangking paduka anak Prabu, dadosaken ageng birawaning manah, mugi dipun prayogiaken anggen paduka lenggah ngger.
️BALADEWA : inggih paman kadas mboten kirang prayogi.
️UGRASENA : putra kula Raden Narayana, sami raharja ngger?
️NARAYANA : kawula nuwun, nuwun inggih kanjeng paman, sampun kula tampi paring prembaginipun paduka paman Prabu, mboten langkung namung pangabekti kula mugi kunjuk.
UGRASENA : inggih ngger, sampun kula tampi kanti gembiraning manah pangabekti saking putra kula Raden Narayana.
️UGRASENA : putraku bocah gagah, putraku wong degus ngger Bratasena, pada kanti raharja sak praptamu ngger?
BRATASENA : hiiszz… paman Prabu, wis tak tampa banget panarimaku paring prembagine paman Prabu Ugrasena, ora liwat bahasaku wae katura paman Prabu.
UGRASENA : e lhadalah, iya-iya ngger “bungkus” wis tak tampa kanti dadekake gedhening penggalih ingsun, prayogakna anggonmu ngadhep marang pun Bapa ngger.
BRATASENA : paman Prabu, kaya ora kurang prayoga nggonku ngadep ana ngarsane paman Prabu Ugrasena.
️UGRASENA : anak Prabu Puntadewa dalah anak Prabu ing Mandura, kados menapa bombong birawaning manah, kula nampi dhateng rawuhipun anak Prabu sekalyan ingkang kairing dhateng putra kula Narayana dalah pun Bratasena, andadosaken asreping manah amowahi dhateng hasrining pasewakan Lesanpura.
Namung wonten kuciwane sekedhik ngger, sebab sangking menapa, ingkang Bapa mboten saget manembrama kados saktataning negari ingkang karawuhan satunggiling narendra, karana anak prabu sakalyan mboten paring pepoyan langkung rumiyin, menawi anak Prabu menika paring cecala langkung rumiyin, pun Bapa tata-tata pekajangan wonten ing alun-alun amethuk kereta kencana ingkang apantes.
Suwawana inkeng Bapa dhawuh kelawan ingkang bibi yayi Warsini nyawisaken tirta sindustaman ingkang winadahan ing sangku, kagem hamijiki ampeyan paduka ngger anak prabu sekalyan.
PUNTADEWA : kawula nuwun, nuwun paman Prabu, andadosaken gembiraning manah paring dhawuh saking paman Prabu, semanten asoking katresnan dumatheng ingkeng putra, duh paman Prabu, menapa ta darunanipun ingkeng putra ing Amarta mboten paring cecala langkung rumiyin, awit pamanggihipun ingkang putra, nagari ing Lesanpura tanpa beda kadidene negari ing Amarta, pangraosing manah sampun kula wengku kados kamukten kula piyambak paman.
BALADEWA : kula inggih paman! nadyan putra paduka Mandura semanten ugi, kawontenan negari ing Lesanpura tanpa beda kadidene nagari ing Mandura, ingkang menika mangke mindhak hamekewet ingkang putra menawi dadhak mawi pakurmatan kados dhawuhipun paduka paman Prabu, hawit pamanggih kula inggih paduka paman Prabu tanpa beda menawi kula sowan dhateng sudarma kula piyambak.
UGRASENA : ee lhadhalah, inggih ngger dadosaken birawaning manah kula malih, awit saking dhawuh pangandikanipun anak Prabu sekalyan, namung sak sampunipun satata lenggah ngger anak Prabu, keparenga daya-daya pun Bapa enggal nyuwun keterangan menapa ingkang dados kawigatosipun anak Prabu sekalyan kepareng rawuh dhateng ing negari Lesanpura?
️PUNTADEWA : kawula nuwun inggih paman Prabu, waleh-waleh menapa sowanipun inkeng putra ing Amarta, nalika semanten bidhal saking Amarta lajeng tumuli sowan dhateng Mandura marak koko Prabu Baladewa, ing pengajab sesarengan kula dherekaken sowan dhateng paman Prabu.
Wondene wigatosipun, ingkang sepindah sawetawis putra paduka sampun dangu mboten nguningani dhateng kawontenan negari Lesanpura, kados menapa kejot bingahing manah kula, sareng kula nguningani kawontenan negari Lesanpura sak mangke sampun benten kalyan Lesanpura warsa ing kepengker, inggih katitik sangking katahing wewangunan ingkang samya kagulawentah dening kawula praja ing Lesanpura.
Jangkepe kaping kalih, putra paduka rumaos oneng kalyan paman Prabu labet sawetawis mboten ngabiantara sowan dhateng paman Prabu.
Wondene triwigatosing perlu, sowanipun ingkang putra ing Amarta inggih nuhoni sedahan saking paman inkang sampun kula tampi, nalika semanten putra paduka hanampi kandhak sakembaran dutanipun paman Prabu hangaturaken nawala datheng putra paduka.
Suraosing kintaka paman Prabu kepareng animbali putra paduka ing Amarta, ing pengajab kadawuhan anekseni anggen paduka paman Prabu badhe hanyirami dhateng bibi Warsini, anggenipun anggerbini sampun ndhungkap pitung candra kalenggahan menika, mila paman, putra paduka ing Amarta sowan dhateng Lesanpura namung badhe ndherek jumurung saha ndherek mangayu bagya dhateng keparengipun paman Prabu ingkang badhe hanyirami dumatheng bibi Warsini.
BALADEWA : inggih paman! nadyan ta putra paduka semanten ugi, sowanipun ingkang putra Mandura hanganthi dhateng adhi kula pun Narayana, tan asanes inggih nunggil pikajeng kados yayi Prabu ing Amarta, badhe ndherek anekseni saha ndherek mangayu bagya keparengipun paman Prabu hamangku damel.
BRATASENA : iya iya, paman Prabu, sowane Bratasena ndherekake barep kakangku, uga bakal ndherek hanekseni anggone paman Prabu bakal hanyirami kelawan bibi Warsini.
️NARAYANA : nadyan putra paduka semanten ugi paman, kula ndherekaken koko Prabu ing Mandura, inggih ndherek anekseni anggenipun paman Prabu badhe hanyirami dhateng bibi Warsini.
Suluk :
Hanjrah ingkang puspita rum
Kasiling samirana mrik, ong..
Sekar gadhung
Kongas gandanya, ong..
Maweh raras renaning ndriya, ing.. ong..
️UGRASENA : anak prabu anak prabu.. dadosaken gembiraning manah kula dhawuh pangandikanipun anak Prabu, anggenipun keraya-raya sami rawuh wonten ing Lesanpura ngriki, namung sak kepingin anekseni anggen kula badhe hamangku damel nyirami datheng bibi Warsini.
Inggih, anak Prabu Punta dalah anak Prabu Baladewa, sak derengipun kula ngaturaken sanget agenging panuwun awit saking sih kalonggaranipun anak Prabu ingkang sampun kepareng minakaken wekdal kangge nuhoni sedahan saking pun paman, sak sampunipun kula ngaturaken panuwun ingkang sak ageng-agengipun dhateng anak Prabu sekalyan.
Namung estunipun wekdal menika ngger, kawontenan kula pesemonipun kadi dene surya ingkang kalingan hima himantaka. Surem raosing manah pun Bapa iki ngger,
sebab wekdal menika bibimu gadahi panyuwun dumatheng paman, panyuwun menika mangke menawi kula mboten ngleksanani mbok menawi dadosaken sakitipun ingkang bibimu Warsini.
Pengajab ingkeng paman badhe hanyirami bibimu menika mboten kula sirami wonten ing negari Lesanpura, nanging badhe kula suwunaken berkah, perlu kula sirami wonten sendhang utawi telaga madirda.
Bibimu purun siniraman wonten ing telaga madirda namung anggenipun lumampah kepingin dipun titihaken, namung titihane menika wau sanes kereta kencana, sanes garuda, sanes dwipangga, sanes tandu. Panyuwunipun ingkeng bibimu kepingin dipun titihaken wujude titihan sardula namung uleseipun ingkang seta, menika ngger.
Suluk :
Siyang tan para ratri
amung cipta pukulun, ong..
tan ana liyan kaeksi
mila katur kang cundhamanik
prasasat rageng ulun kang sumembah
munggwing padanta prabu
miwang kagungan ta singsim
sasat sampun prapti
katon asta pukulun
wulaten Narpati, ong..
rama dewaningsun, ing..
Kocap:
Lah ing kana ta wau, sang nata Prabu Punta, sang nata Prabu Baladewa dupi myarsa ingkang dados pangandikaning ingkang Prabu Setyajid, Sakala sami jegreg yayah tugu sinukarta, nalika semana sapanduratan mobah lawan mosik, mangkana sawijining pangandika sang nata Prabu Puntadewa.
PUNTADEWA : sampun tarwaca ingkang dados dhawuh pangandikanipun paman Prabu, samendhang mboten karempit, mekaten ingkang dados pamundutipun bibi Warsini, kersa siniraman ing telaga madirda namung kepareng mundut titihan sardula ingkang ulesipun seta.
️UGRASENA : inggih ngger.
️PUNTADEWA : paman Prabu, lajeng kados pundi anggenipun budidaya pamundutipun bibi Warsini menika? pamanggih kula ngarcapada dereng nate wonten wujude sardula ingkang ulesipun seta.
️BALADEWA : we lhadalah! mekaten ingkang dados pamundutipun bibi Warsini, sakumpami mboten putih mekaten kula kinten gampil anggenipun pados, dhasaripun ing negari Mandura menika ingah-ingahanipun namung sardula, nanging cacate kok mboten wonten ingkang ulese pethak.
we lhadalah! lajeng kados pundi paman?
lha menapa kelampahan gagal anggenipun paman badhe hanyirami datheng bibi Warsini?
UGRASENA : wah, ngger anak prabu anak prabu.., kula piyambak inggih ngantos bingung manah kula ribet telenging raos, mangka nalika jaman nggerbini ingkang sepisanan menika mboten ngoten pamutahipun, nalika jaman ngandhut ingkeng rayi pun Setyaboma menika rumiyin mboten gadahi penyuwun menapa-menapa, inggih nyidam namung nggih kados tiyang nyidam limrah dahar ingkang bangsanipun seger-segeran.
Namung menawi menika kok nganeh-nganehi, gek bayinipun inkang kinandhut mbenjang menika kados pundi kok nakalipun mboten jamak, mundhut titihan mawon kok sardula seta.
Eloking kahanan malih ngger, saklebetipun bibimu ngandhut ing angka kalih menika kok cepenganipun namung gegaman, remenipun namung isik-isik dhuwung, remenipun namung hanyepengi Gada, lha menika ngantos bingung manah kula ngger.
PUNTADEWA : mekaten paman?
BALADEWA : we.. lhadhalah! wah kados pundi paman? kok mekaten kawontenan ipun bibi Warsini!
UGRASENA : inggih ngger, kula piyambak inggih manah, selaganipun kok benten kathah kalyan nalika jaman mawrat sepindahan.
BRATASENA : paman Prabu,
UGRASENA : inggih Bratasena apa ngger?
️BRATASENA : jeroning bibi Warsini darbe pamundut mengkono iku mau, apa paman Prabu ora kepareng utusan marang para nayakane negara Lesanpura, hangupadi pundutane bibi Warsini?
UGRASENA : pun Bapa wis nyebar para nayaka, wis kongkonan para prajurit, pada tak dhawuhi ngupaya mungguh ana ngendi papaning sardula seta, adoh sakdurunge Bratasena prapta pun Bapa wis kongkonan marang para nayaka, nanging pada ora entuk gawe kabeh.
BALADEWA : dimas Narayana!
️NARAYANA : kulo Koko Prabu,
️BALADEWA : mbok ya kowe kuwi caturan,
dijak ngaya-ngaya rembugan wae ora, kancane pada matur kaya betet sewu, Narayana mung meneng wae, kowe ki mbok ya usul ngono ta ngger,
NARAYANA : kawula nuwun inggih, menawi kula kadawuhan matur paman, putra paduka namung saget ngaturi wawasan mbok bilih dipun agem dening paman Prabu.
UGRASENA : inggih ngger kados pundi?
NARAYANA : menawi pancen paman prabu sampun kepareng utusan dhateng para nayaka mangka nyatanipun mboten angsal damel, mbok inggih menika mangke sepindah malih paman, pamanggih kula dipun wontenana pasang grogol kemawan wonten madyaning wana
UGRASENA : wana pundi ngger?
️NARAYANA : pamanggih kula ingkang katah satonipun niku kajawi namung wana winangsraya, prayogi menawi paman Prabu kepareng utusan, pasang grogol datheng wana winangsraya kemawon.
Suluk :
Leng-lenging driya mangu mangu,
mangungkung kandhuhan rimang,
lir lena tanpa kanin, ing…
lir lena tanpa kanin, yen tan tulusa, ong..
yen tan tulusa mengku Sang Dyah utama.
mangkono sang nata wuwusnya
UGRASENA : mekaten pamanggihipun putra kula ngger anak Prabu Narayana?
NARAYANA : nuwun inggih paman,
UGRASENA : malah sakmenika gentos kula wangsulaken dhateng anak Prabu ing Manduro, dalah putra kula Narayana, punapi malih anak Prabu Puntadewa, babar pindah anggenipun sampun kepareng gulung alang-alang, margi keng paman gadahi petangan sampun jangkep, mila paduka paduka sekalyan kula rawuhaken menika ing pengajab menawi wonten reribet menapa-menapa saget angentasi damel, ingkang menika ngger gegandengan kula menika mboten gadahi kekiyatan, anak nembe setunggal nanging pawestri mboten saget kula kanti tetarosan menapa-menapa dhasaripun Setyaboma taksih alit. mila bab menika kula pasrahaken mawon dhateng paduka anak Prabu.
Suluk :
Sigra kang bala tumingal
acampuh samya medali
lwir thathit wileting ganda
dhang hywang gung manguncang niti, ing..
BALADEWA : weee lhadalah! ha ha ha, kawula nok non nuwun inggih paman Prabu, kados kejugrugan wurkir kencana, keblabaran segara madu, bingah ing manah kula dupi kula tampi dhawuhipun paman Prabu, inggih dhawuh menika ingkang kula srantos paman Prabu, menawi pancen mekaten paman Prabu sampun menggih kuwatos, bab menika cekap putra paduka sedaya ingkang badhe hangayati, paman Prabu cekap sekeca lenggah wonten ing negari, mangke kula ingkang badhe budidaya.
PUNTADEWA : inggih paman Prabu, sampun kuwatos ing penggalih menawi bab menika sampun kapasrahaken dhateng kula sakadhang, menika mangke kula sakadhang ingkang budidaya angupadi dhateng pamundutipun bibi Warsini.
BALADEWA : yayi Aji..!
PUNTADEWA : kula koko Prabu,
BALADEWA : yayi Prabu mboten perlu kepareng tindhak, pun cekap kula kalih adhi kula Narayana dalah kadhang paduka yayi Prabu Bratasena kemawon ingkang badhe kula kanthi angupadi pamundute bibi Warsini.
PUNTADEWA : mekaten koko Prabu.,
NARAYANA : inggih yayi Prabu, mangke cekap kula kalih koko Prabu Mandura dalah dimas Bratasena kemawon ingkang ambudidaya pamundutipun bibi Warsini.
BRATASENA : iya iya paman Prabu, sabisa-bisa aku bakal ndherek sabiantu, bisane antuk gawe golek macan putih.
UGRASENA : waduh ngger, kados mekaten swarganipun ingkang Bapa, nyumerapi anak-anak sami guyup, anak-anak sami cancut taliwanda, kados sinumbang bandha ingkang mboten kantenan katahipun, mung wujude sak kesagahan kemawon dadosaken bombonging manah, borong ngger anggen kula gadah damel, ingkang paman sagetipun namung jumurung pamuji mrih kasembadhaning lampah, bab uborampe kula aturi obho kemawon dhateng para prajurit lan para nayakane nagari Lesanpura.
BALADEWA : menawi mekaten keparenga kula nyuwun pamit paman, daya-daya badhe budhal pasang grogol dhateng wana winangsraya.
NARAYANA : kula inggih nyuwun pamit paman Prabu,
BRATASENA : bratasena uga jaluk pamit,
UGRASENA : inggih ngger, mboten langkung namung ndherekaken muji rahayu
BALADEWA : yayi Prabu Puntadewa kula nyuwun pamit
NARAYANA : yayi Prabu kula inggih nyuwun pamit
BRATASENA : mbarep kakangku aku jaluk pamit
PUNTADEWA : inggih koko Prabu, mboten langkung namung andherekaken raharja tindhakipun koko Prabu Baladewa dalah kakang mas Narayana,
Bratasena…., jeroning kowe ndherekake keng raka sekalyan duga-duga digawa ngati-ati aja keri Bratasena…
Danu Widodo Tidak Dikategorikan Tinggalkan komentar April 9, 2020 8 Minutes
Jejeran Lesanpura
Lakon : Lahire Setyaki
Versi_Ki Anom Suroto
Jejeran Lesanpura
Swuh rep data pitana anenggih nagari pundi, ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji adi linuwih dasa sepuluh purwa kawitan.
Minangka pambukaning carita lah punika Negari Lesanpura, Yen ngupaya satus tan antuk kalih sewu tan jangkep sedasa.
Negara kang panjang, apunjung, pasir, wukir, gemah ripah, loh jinawi, karta, tata raharja.
Panjang dawa pocapane punjung luhur kawibawane. Pasir samodra, wukir gunung. Dene Negari hangungkurake pagunungan ngeringaken bengawan nengenaken pasabinan, ngayunaken bandaran Agung.
Loh subur kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku.
Gemah kathah para janma manca negari ingkang samya katrem bebale wisma salebeting kitha Nagari Lesanpura, jejel apipit, bebasan aben cukit tepung taritis papan wiyar katingal rupak.
Kathah para nangkuda kang lumaku dedagangan anglur selur tan ana pedhote, labet datan ana sangsayane dedalan.
Para kawula padhusunan samya tentrem atine nungkul pangolahing tetanen, pitik, iwen tan ana cinancangan siang ing pangonan yen surup mulih menyang kandhange dhewe-dhewe.
Datan nana carane kandhang nganggo pepalang, lawang kinancingan, labet ana durjana juti.
Raharja tebih parangmuka karana para mantri bupati bijaksana limpating kawruh tan kendhat denya ambudidaya kaluhuraning Nata ing Praja.
Dhasar Negara Lesanpura gedhe obore padhang jagade dhuwur kukuse, adoh lawan kuncarane tur kasusur ing manca praja.
Ora ngemungake kanan kiring kewala, senadyan praja ing manca kathah ingkang samya tumungkul datan sarana linawan bandayuda, amung kayungyung pepoyaning kautaman.
Pendhak mangsa samya asok bulu bekti kang wujude glondhong pengareng-areng, peni-peni raja peni, guru bakal guru dadi ngaturaken putri tandha lintuning sih katresnan.
Wenang den ucapna kang ngrenggani praja ajejuluk maha Prabu Setyajid, ya sang Nata Prabu Ugrasena.
Lelabuhaning sang nata paring sandang wong kawudan, asung pangan wong kaluwen, aweh banyu wong kasatan, tulung teken wong kalunyon, paring kudung wong kepanasan, asung payung wong kodanan, hamaluyakake wong sakit, karya sukaning kang nandhang prihatin.
Lampahing pangadilan praja anindakaken sama beda dana dendha, lire mboten ambau kapine, yen sampun leresing kapidana senadyan putra sentana myang keluarga, boten wigah-wigih lajeng katrapan ing pamisesa.
Narendra berbudi bawaleksana, lire berbudi lila legawa ing driya, tansah anggeganjar ngulawisuda.
Bawaleksana hanetepi pangandika, punapa ingkang sampun kadhawuhan tetep kalampahan.
Yen ta ginunggunga luhuring nata, wiyaring laladan sedalu tan ana pedhote, pinunggel ingkang murweng kawi sinigeg.
Nuju ari sajuga sang nata tedhak miyas ing setinggil binatu rata lenggah ing dhampar dhenta ingkang pinalipit kancana, pinatik nawa retna, kagelaran babut permadani.
Sinebaran sari-sari ginanda wida jebat kasturi. Kahayap para parkan kang samya ngampil upacaraning keprabon.
Bebek mas, mentok, mas Banyak, dhalang, hardawalika, kacu mas, sawung, galing, dwipangga kang sarwa retna.
Ginebutan laring manyura kanan kiring sumerbak gandaning sang nata dumugi pangurakan. Sirna kamanungsane yayah Bathara kuwera ngejawantah den ayap para widadari.
Rep sidem premanem tan wonten banek walang ngalisik, gegodhongan datan obah, samirana tan lumampah, amung lamat-lamat kapiyarsa swaraning pradangga munya anganyut-anyut,
Kasambet ocehing kukila kang mencok waringin. Miwah swaraning panambut karyaning para abdi pandhe gendhing kriya kemasan, pating carengklang pating carengkling imbal ganti ngemu wirama, saya anambahi asrining Pasewakan
Nalika semana dereng ngantia kawiyas pangandikaning sang nata prabu setyajid
Katingal praptaning ingkang putra saking Amarta dalah saking Mandura, nenggih sang nata prabu Puntadewa kadherekaken ingkang rayi satria munggul pamenang raden Bratasena
Narendra Mandura prabu Baladewa katingal kadherekaken ingkang rayi raden Narayana, miyak wadya ingkang samya seba minggah mrih setinggil repepeh-repepeh pindha sata minggah krama, sakala lenggah kelawan paman sang nata prabu setyajid.
Ing jawi para nara praja samya tidem premanem, hamung samya harsa midhangetaken apa kang dadya wigatosing perlu, katingal sang katong saking Amarta dalah Mandura samya sowan dhateng ing negari Lesanpura. Mangkana wijiling pangadhika ingkang dereng kawiyas saking prabu Setyajid
Suluk :Kang kadi sudomo gustiSasongko kasungan suryo, ong.. ing..Prabanyo sumungsung karwo, ong..Laras ruming sari sariSamiwo manuksming sariroSumar maniro sukamto, ong..Hujwalaning sumunuMarbuko condro kusumo, ong..
Kang kadi sudomo gustiSasongko kasungan suryo, ong.. ing..Prabanyo sumungsung karwo, ong..Laras ruming sari sariSamiwo manuksming sariroSumar maniro sukamto, ong..Hujwalaning sumunuMarbuko condro kusumo, ong..
Suluk :
Raras kang alenggah neng dampar kencono
Lir batoro kuwero sumorot prabanyo
Gumelar hangebaki kang samyo sumewo
Tinon kadi samudro pasang
Kang samyo trap silo
Nganti wijiling kang sabdo pangandiko
Sang bupati ywo
Imajiner Nuswantoro