2) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG
(Seri : II.
Jaman KUNA-MAKUNA / Sadurunge Tahun Masehi, Nabi Isa el masih durung miyos)
(Dening
Mbah Guru Kawetokake dening Dewan Pengandhar Sabda Badra Santi ing Padhepokan
Argasoka)
II.
Jaman KUNA-MAKUNA (Sadurunge Tahun Masehi, Nabi Isa el masih durung miyos)
Wong
Nusa Bruney-kidul sing manggon ning saurute pesisire Teluk Sampit sarta neng
tepis kiwa tengene Bengawan Sampit-hilir, ing sawijining wektu ketrajang
pageblug-gedhe. Jare wong-wong Sampit kuwi padha digrowoti Setan
Blarutan-sogrok weteng; nganti akeh banget wong-wong sing padha mati,
luwih-luwih bocah cilik sing isih demolan. Wong-wong sing isih urip padha miris
banget, nuli padha ngungsi minggat ngumbara lelayaran mengidul nyabrang samodra
Bruney; tumuju ning Nusa Kendheng. Setan Blarutan ora wani nyabrang samodra
nututi wong-wong ngungsi mau, jare wedi kesiku Bathari Hwa Ruh Na, ratune
Jim-Samodra.
Mangkate
wong-wong ning Nusa Kendheng dipangarsani dening Kie Seng Dhang, sawijining
wong tuwa Sampit sing wegig lan akeh pengalamane, wong sing jangklanglana ning
manca negara. Sawise lelayar sepuluh dina sepuluh wengi, ing wayah pajar
bang-bang-wetan katon regemenge Gunung Nusa Kendheng (saiki Gunung Ngargapura
Lasem); gisik sawetane Ngargapura katon sesawangan (pemandhangan, saiki dadi
desa Pandhangan) kang ngresepake pandulu. Puncake Gunung Ngargapura katon
ampak-ampak memplak, langit resik ngalela warnane biru-lasuardi; ombak
agilir-gilir lindhuk nyempyok gisik pesisir sawetane Ngargapura.
Yaaa
neng bumi kono kuwi wiwite wong-wong Sampit padha ndarat cakalbakal dadi
bangsa-anyar, aran Wong Jawa.
Let
sapenginang (wong-wong wadon Sampit padha seneng nginang nglenthusi woh jambe
sing isih enom, arane Mucang), prau-prau mau wis padha mepet gisik (palwa-palwa
= palwangan. Plawangan, saiki dadi desa Plawangan), para Pandhega mbuwang
dandhan padha ndokok (menaruk-naruk, saiki dadi desa Narukan) praune
jejer-jejer urut gisik mbanjeng mengidul. Nenek-nenek padha ndisiki mudhun saka
prau kanthi mbuwang susure tepes-jambe ning segara, minangka sarat mbuwang
sebel saka negarane. Nyi Seng Dhang nguculi udhete ngrogoh cepuk isi lemah-lebu
saka bumi Sampit, disawurake ning gisike bumi Ngarga Kendheng; nuli sembahyang
sujud sumungkem Pretiwi lan tumenga Angkasa. Wong-wong wadon liyane padha melu
sembahyang bebarengan, ing pamuji: “Muga-muga sagotrah krandahe sing padha
neneka kuwi padha entuka Kabekjan lan Karahayon pindhah tetruka ning bumi kono,
tulusa trah-tumerah turun-tumurun bebranahan nganti pirang-pirang jaman dadi
bangsa-anyar neng Nusa Kendheng.”
Wong-wong
lanang nuli padha nusul munggah dharatan luru papan panggonan sing nyangkleg
ning Tuk, kanthi enthuk pituduh lan pangeguh saka kakek Kie Seng Dhang sing
lakune wis sempoyongan astane digandheng putune Putri-kinasih umur 12 tahun;
praupane ayu pindha golek-kencana, asmane Nie Rah Kie.
Kakek
Kie Seng Dhang mlaku nusup-nusup ning alas bebondhotan, sawise oleh papan kang
cocog lan gathuk nuli prentah ning kabeh krandahe diutus mbubak grumbul nebang
kekayon digawe teba. Putri Nie Rah Kie weruh kembang warnane putih-memplak
anjrah nedhenge medem uga ana sing isih kundhup gandane amrik-wangi, wite
pating grembel ngoyod ning gompeng. Sang putri kesengsem banget nuli matur ning
Eyange. “Besuk yen wis duwe omah lan karasan arep nandur kembang sing warnane
putih ngresepake banget ngono kuwi.” Kembang mau dijenengke kembang Melathi
dening Sang Putri.
Watara
patang sasi alas kuwi wis dadi papan-pomahan lan pekarangan; nalika kuwi tepak
mangsa Labuh wayahe boros padha trubus, uler jati padha dadi ungker, woh-wohan
padha medhohi, palapendhem akeh sing isih bentet; ndadekake wong-wong seneng
ayem ngrasa ora kekurangan pangan.
Minangka
kanggo mengeti asal-usule Kie Seng Dhang kuwi saka desa Tanjung-matalayur
sawetane Teluk Sampit bumi Nusa Bruney pesisir kidul, mula punjere desa cakal
bakal sing didunungi Kie Seng Dhang sagotrah-krandahe mbanjur dijengke desa
Tanjungputri (saiki dadi desa Tanjungsari, Kecamatan Pandhangan/ Kragan
Kabupaten Rembang).
Sawise
dadi karas-pekarangan lan pomahan, ing sawijining dina wong-wong mau padha
ngumpul ning Balepaguyuban Tanjungputri, perlu ngrembug Tatapranata lan
Tataraharjane desa disesepuhi kakek Kie Seng Dhang. Giliging gawe putusan:
Ngangkat
Kie Seng Dhang diwisudha dadi Sesepuh lan Dhatu Tanjungputri ing salawase Urip,
mrenata bumi Pegunungan lan Pesisire Ngargapura, wiwit Pandhangan tutug teluk
Lodhan sing gisike wujud Wedhi-malela. Teluk kuwi nggenggeng alase wit Pung
kang ketel sirung, ing sisih wetan ana bregade wit Pung-gedhe banget cacahe ana
telu (=Sam, saiki dadi desa Sampung).
Bumi
Nusa-Kendheng diganti aran: Tanah Jawi, nulad arane Bantheng-wadon (jenenge:
Jawi) sing dikramatake dening wong Lingga.
Awake
dhewe kuwi wis ora aran wong Sampit maneh, ngganti aran; wong Jawa, Nulad
watake bantheng-wadhon kang jawa-banget (=gemati, ngerti, wigati) mring
pedhet-pedhete. (Bumine aran: Tanah Jawi, menusane aran: Wong Jawa).
Wong-wong
kuwi nuli menehi tetenger Tahun, wiwite dadi Wong Jawa, diarani (Tahun Jawa Hwuning:
1 = 230 tahun sakdurunge tahun Masehi); sarta digawekake Lambang-Reca watu-item
gedhene sak-menusa, pethane Kie Seng Dhang ndodhok ning Pongol sawetane Gunung
Tunggul. Para tetuwa diwajibake nganggo kalung rambute dewe ditampar, lan
diwenehi mendhel/ gandhul singg digawe saka Watu-jae wilis gedhene
sajenthik-manis; memper recane Kie Seng Dhang.
Wong-wong
mau padha Prasetya-Suci
Wong
Jawa turun-temurun tutug Jaman apa wae tetep padha ngrungkepi
Tatapercayaan-Suci Hwuning, naluri saka leluhur Nusa Bruney bangsa Chaow
(=inggatan=ngumbara) saka Nusa-Hainan; jaman Jamajuja 3000 taun kepungkur (1000
taun sakdurunge Nabi Isa el Masih miyos). Guru-guru Agung bawana Masriki uga
durung miyos neng Alam-ndonya, yakuwi: 1. Laow Tze Tao, 2. Hud Tze Buddha, 3.
Kong Tze Khonghucu. Wondene asal-usule bangsa Chaow sing kawitan kuwi wong saka
negara China, tepise bengawan Yang Tze Kiang udhik diapit Pegunungan Kwen Lun
lan Pegunungan Tang La, Propinsi Ching Wai. Wong-wong mau sumebar mengidul ning
bumi Tiongkok-Kidul (Nalika 4000 taun kepungkur = 2000 taun sakdurunge taun
Masehi), ngliwati sakidule Pegunungan Yun Lin. Ngliwati Propinsi Yunan,
Propinsi Kwang Sie, Propinsi Kwang Tung. Nuli nyabrang segara munggah dharatan
Nusa-Heinan, sabanjure nuli nyabrang mlebu Nusa-Bruney; sumebar anjrah dadi
banbgsa-anyar suku Dhayak rupa-rupa jenenge manut arane Bengawan-bengawan kono
(Barito: Maanyan-siung. Kayan: Apokayan, Kenya. Segah: Segal. Maham. Punan.
Sampit). Sawise dadi wong Dhayak Sampit nuli ngumbara maneh nyabrang samodra
ngancik Nusa-Kendheng, malih ngganti aran: Bangsa Jawa.
Ing
mbesuk Wong-wong Jawa neng Negara ngendi wae tansah padha nguri-uri ngagungake
Ke-Jawane, lan mekarake Senibudaya Jawa.
Wong
Jawa sing nyingkur/nyepele ke-Jawa-ne bakal dadi wong Jawa-jawal sing ora nduwe
Dhangkel lan Oyod-lajer. Uripe tansah Nglindur lan Mbangkong nganti ngaya
ngayal-andupara, nguber kaendahane Jodhog-layung ing wayah surup Sandyakala.
Kakek
Kie Seng Dhang ngasta pemrentahan Banjar (=desa gedhe) Tanjungputri genep 30
taun, yoswa 90 taun wis wiwit loyo lan ngrasa wegah; pamrentahan nuli
dipasrahake Putri Nie Rah Kie kanthi diwakili garwane yakuwi: Bandhol Hang Lhe
Lesy kepala Pelaut pesisir Pandhangan sapengidul. Bareng Putri Nie Rah Kie
nyekel pangwasa Banjar Tanjungputri, bandhol Hang Lhe Lesy nggawe pranatan
Pemrentahan: Sang Putri Nie Rah Kie dikeker dipingit sajrone Tamansari
Kedhaton, ora ana wong lanang sing kena meruhi ragane (praupan lan blegere)
Sang Putri; kejaba garwane lan putra-putrine sarta para Emban. Undhang-undhang
pranatan Pemrentahan didhawuhake saka Kaputren kedhaton Tanjungputri Kraga
(=ngeker raga=kerraga=keraga; saiki dadi Kragan) liwat Emban-keparak; nuli
diterusake ning Nayakapraja-priya.
Sawise
Kie Seng Dhang seda layone ditunu, awu layone dikubur sacedhake Tuk/ sumberan
lan didodoki tetenger watu mecongol diayomi wit Wringin-Brahmastana. Minangka
Leluhur (=Dhanhyang) sing cakalbakal desa kono, mula asmane Kie Seng Dhang
dipepundhi Trah tedhak turune lan kawula-rakyate; panjenengane minangka
Dhanhyang Pundhen kanthi dipengeti tembung “Tuk” ning kabeh desa diganti
tembung Sendhang. Ngapek saka tembung Seng Dhang (Yakuwi: Sendhangmulya, Sendhangwaru,
Sendanggayam, lan liya-liyane).
Reliqe
(200 taun durung Masehi) dirawati dipepetri Trah tedhak turune digawa ning
negara liya digawe tumbal dipendhem ning Taman Pundhen Agung. Wong-wong
Tanjungputri yen mati layone ditunu ning gisik Pandhangan, awu-layone dilarung
dikelemake ning segara. Asmane suwargi Putri Nie Rah Kie disungging dening
tukang Patung wujud Reca-emas didokok ning candhi gunung Tunggul.
Pamrentahan
Kraga Tanjungputri klakon madeg nganti pirang-pirang turunan ora ana sambekala,
saben ganti Pemimpin mesthi milih Putri kang Witjaksana trah-tedhak turune
Putri Nie Rah Kie; lan uga ngeker-raga ning Taman Kedhaton Tanjungputri.
Wong-wong Jawa Kraga kuwi uripe wis padha seneng-ayem, sebab padha cepak
rejekine sembada sandang pangan lan bale-pomahane, sarta pada tetep ngrungkebi
ngluhurake Tata Budidaya Suci Jawa Hwuning.
SIGEG
Nalika
jamane wong-wong Sampit ngumbara ngungsi pindhah ning bumi Nusa Kendheng
Ngargapura, iwak Pesut (=iwak Lodhan Bengawan Sampit sing lulut karo Menusa)
akeh sing padha melu atut pindah ngumbara; amnggon ning segara Teluk sakidul
wetane Gunung Ngargapura, sing wasana Teluk mau mbanjur karan dadi Teluk
Lodhan. Nalika jaman semana gisike Teluk Lodhan mau sepi mamring
tidhem-premanem durung kejamah menusa; sing manggon bumi Teluk kono mau mung
sarupane mauk-segara lan manuk-alas; sarta penyu lan bulus sing arep padha
ngendog. Kadhang kala ana Jawi (=bantheng wadon) alas-kono, karo pedhete pada
dhede klekaran ning pawedhen ngangetake awak; lawas-lawas Jawi karo iwak Lodhan
kuwi padha kawong bisa urip rukun ning gisik kono. Babon iwak Lodhan yen arep
manak saben dina nyrondholi nyurungi ganggeng-sangu sing tuwuh anjrah pating
krembyah ning segara Teluk kono diunggahake ning gisik; ganggeng-sangu ning
ngumbruk ning kono nuli dipangan Jawi sing nedhenge lagi nyusoni pedhete,
ndadekake awake krasa seger susune mangkah-mangkah. Bareng babon Pesut krasa
arep nglairake nuli nglangi mlumah sarta ngambang, Duplonge (=bayi Pesut)
lahiir krogal-krogel ambegan nyerot hawa tumumpang ning wetenge biyunge;
Dhuplong kuwi sawise bisa nglangi nuli munggah gisik kanthi gampang ora
kesrimpet sangu sing pating krembyah; duplong kuwi arep dhedhe ngangetake awak.
Bareng mambu gandane susu Jawi nuli krogal-krogel marani babon Jawi sing lagi nglekar
nuli ndesel-ndesel ngenyut susu sing mangkah-mangkah kuwi. Babon Jawi ora kaget
mandar aring sarta ndilati Dhuplong sing isih gupak banyu ari-ari; sanalika
pedhet Jawi mandar nggeblas lunga lan gebres-gebres sabab mambu gandane ari-ari
dhuplong, nuli nyingkir marani sangu nyengguti pupuse sing isih enom-enom.
Bareng si Dhuplong wis wareg nggone nyusu nuli kosal-kosel marani biyunge sing
isih nunggoni ning banyunan segara.
Pesut
sing padha bebarengan ngumbara ngalih manggon Telok Lodhan kono mau sasuwene
130 taun, wis padha nak-kumanak tangkar-tumangkar uripe padha jenak-aring kumpul kambi kewan rupa-rupa ning
teluk kono. Karo wong Kraga Tanjungputri sing pinuju ning segara, pesut-pesut
mau mandar isih wani nyedhak sarta lulut nyrondol-nyrondol.
Wong
Jawa Kraga yen luru pangan ora gelem nglanjak tutug Teluk Lodhan sing dienggoni
Pesut lan Bantheng sing padha urip rukun mengkono mau, apa maneh ngganggu utawa
mateni kewan loro kuwi; wong Jawa mandar sirik lan wedi banget ning
pamanti-wantine Dhanhyang luluhur: “Anak-putu Kraga aja nganti sing munasika
Pesut lan Jawi kuwi, apa maneh nganti mateni.” Wong jawa tedhak turune wong
Sampit mau sasuwene 130 taun uga wis padha bebranahan sumebar sepegunungan
Ngargapura, dedunung gegobrolan-gegrombolan sagotrah-krandahe. Nalika semana
wong Jawa mau wis padha ingon-ingon wedhus-kacangan entuke saka mbasangi
cempe-alasan, diipuk-ipuk digemateni dicancang ning cagak amben, kumpul
sajromah karo menusa. Bareng wis dadi wedhus bisa lulud nganti nak-kumanak
bebranahan, wedhus-wedhus kuwi dikandhangi ning karasan dikilung bethek sarta
dicepaki rambanan; rina wengi dijaga asu-gladhak sing wis pomah lan mendara.
Wong-wong pomahan nggone nduwe pikiran ngingu wedhus ngono kuwi, perlune yen
nduwe gawe butuh masak daging kanggo lawuh-nyomok ora ndadak nunggu dhisik ajag
kewan ning alas. Asu-gladhak sing wis ewonan taun urip kumpul karo menusa dijak
ajag, njaga omah njaga rumangkang lan rewang gawe liyane mandar mung diumbar
turu ning latar ngringkel utawa ning emper-gandhok.
Sasuwene
wong Jawa lan iwak-Lodhan (Pesut-pesut) kuwi dedunung neng bumi Ngargapura wis
130 taun (Taun Jawa-Hwuning wis taun 130 = Tahun Masehi durung ana), wektu kuwi
ana wong neneka pindhahan saka Nusa Tempabesi ndharat ning Tanah Jawi pongol
Lodhan segara kening, bebadra bubak bumi alas Pung cikalbakal nggawe desa urut
pesisir sawetane Teluk Lodhan; desa mau karan desa Sampung. Wong neneka kuwi
wis akeh sing pinter nggawe prau-gedhe, cekung dhasare awak-prau lan
anthok-cocoke sing digawe saka kayu-pung sing kuwat krendhem banyu asing (Ing
jaman saiki tedhak-turune wong-wong mau padha dadi wong ahli nggawe prau ing
Desa Bulu, Kecamatan Bulu, kabupaten Tuban). Liya kuwi wong-wong mau uga pinter
nenukang maneka-warna; dadi Undhagi tukang kayu, Pandhe tukang wesi, Gemblak
tukang kuningan, Sayang tukang temnbaga, Kundhi tukang grabah lan Jlagra tukang
umpak-watu sakane omah; tata-pakaryane wong-wong mau aran Kabudayan Sampung.
Kanggo
njembarake papan panggonane, wong-wong mau padha nekad ngrambah alas nglanjak
bumi Teluk Lodhan. Wong saka Nusa Tempabesi kuwi Kapercayan/Agamane
ngadhep-manembah ning Dewa Srengenge/Geni, dewa Samodra/Banyu, dewa
Angkasa/Angin, dewa Bumi/Naga Ijo. Wong-wong kuwi ora sirik mangan daging
Bantheng lan iwak Pesut; nggone nglanjak bumi Lodhan kuwi mandar ngrasa luwih
kebeneran sabab bisa mbebedag-ajag lan misaya iwak kanthi sakatoge. Kang
mengkono mau ndadekake kewan-kewan kang biyene padha urip tentrem aring malih
dadi kobrak giris kesid; temahan padha minggat sumebar saparan-paran. Pesut lan
Bantheng mau padha minggat sumebar mengidul nyabrang segara tumuju ning bumi
Nusa Kendheng Kidul, sing alase isih lebeng ketel gung liwang-liwung durung
dijamah menusa; segarane cethek ombake lindhuk akeh iwake cilik-cilik maneka
warna, ndadekake jenake Pesut-pesut mau gampang oleh pangan. Grombolane
Bantheng liyane ana sing terus ngumbara ngidul-ngetan nyabrang segara
Supitan-Kamput, nuli terus munggah ning alas-alas gerotan Pegunungan
Brahma-Mahameru sapengetan tutug alas gerotan Pegunungan Raung (Saurute
Bengawan Brantas dhek Jaman-Jamajuja isih wujud Segara-selat kang ngilung
Gunung Kawi, kamput, Ajar-smara, lan Penanggungan.
Desa
Sampung sawise madeg 75 taun ngalami kertaharja, wonge padha berag-berag omahe
panggungan bebanjengan saurute pesisir, praune mangkal jejer-jejer mengulon
tutug Teluk Lodhan. Sasuwene 75 taun kuwi wong-wong Sampung mau wis akeh sing
padha sambung srawung karo wong Kraga-Tanjungputri, mandar wis akeh sing padha
campur jodhon sesilangan. Kabisane gegaweyan wong Sampung padha ditulad
wong-wong Kraga. Sabalike Kapercayan-suci Hwuning lan Kabudayan wong Jawa
Kraga-Tanjungputri padha ditulad wong Sampung, sebab ragade Upacara-Hwuning
luwih entheng lan irid; ilmune luwih blag-blagan Kanyatan gampang. Beda karo
Agama-kapercayaane wong Sampung kang sarwa andupara khayal, ilmune rumit ruwed
pujamantrane dawa ngalur-alur ndrememel ngeselake; ragade Tata-Upacara akeh
bange, sajene ngambrah-ambrah. Kang mengkono mau ndadekake wong-wong Sampung
padha bosen, wekasane mbanjur malih seneng ngalih ganti ngrungkepi
kapercayan-suci Hwuning, cawuh luluh karo kabudayan Jawa Kraga Tanjungputri;
mandar mbanjur gemang ngakoni aran wong Sampung-Tempabesi maneh, malih ngaku
dadi wong Jawa-Sampung.
Ing
taun Jawa Hwuning 205, wong-wong Jawa-Sampung wis akeh sing padha misah maneh,
bebadra sumebar ngidul-ngetan butuh panggonan sing luwih subur loh jinawi ning
bumi Nusa Mahameru; srana nyabrang Segara-supitan Kamput kang jembar
lerab-lerab wiwit Teluk-Popoh mengalor; mberemane Segara-supitan dadi rawa bening
lan rawa Gesikan terus mengalor ngliwati Tulungagung, Kedhiri lan Kertasana;
tutug Megaluh (Jombang) tumlaweng menggok ngetan ngliwati Plosso tutug
Teluk-Tarik anjog segara Medunten. Bumi Nusa Mahameru sapengetan tutug
Pegunungan Raung mau diganti aran dijenengake Nusa Jawa-Pegon, wonge uga karan
wong Jawa-Pegon.
Ing
taun Jawa-Hwuning 205 kuwi wong Jawa Kraga sakwise Pitung-turunan (Anak, putu,
buyut, canggah, wareng, udheg-udheg, gantung, siwur) wiwit saka Putri Nie Rah
Kie, cacah jiwane wong kono mau wis dadi akeh banget; mandar omahe wong
Pandhangan tutug Narukan wis jejel riyel. Mulane wong-wong mau banjur padha
misah tertruka ning bumi sengkaning-gunung saurute Pegunungan Ngargapura kang
lelowahe subur banget kethukulan pring-ori dhedapuran bunge nrecel riyel. Ring
ilen-ilen banyu kang muleg-muleg selane watu-watu akeh iwake-jambrung pating
sriwed nyisili lumute watu.
Semono
uga wong-wong Trah-tedhake Putri Nie Rah Kie krandhan gisik uga melu pindhah
bebadra; sarehne wis kulina urip ning bumi Belahan mula gemang melu tertruka
ning bumi sengkaning-gunung, milih panggonan sing nyangkleg segara yakuwi ning
perenge Gunung Ngargapurasing sisih lor (Kecamatan Sluke) kang ngungkurake
juran jero lan rungkud; desa kuwi disenengake: Terahan (Trah = tedhake Putri
Nie Rah Kie). Bumi sing banthak wujud gisik mawa Teluk kanggo mangkal prau-prau
manca sing padha mampir arep ngapek banyu omben, mbanjur katelah aran desa
Pangkalan.
Wanita
Terahan lan Pangkalan kuwi misuwur akeh sing manis-ayu, sarta isih padha
nerusake naluri Adatcarane Wanita Leluhure ing Tanjungputri; wanita-wanita mau
padha seneng nandur wis kembang Melathi kembange kanggo ngrengga raga yen dhong
nekani Pahargyan, yakuwi nganggo cundhuk Melathi-sisir nyisip nglaweng ning
gelungan, sesumping Melathi-ronyok, kalung ronce gegombyok kembang Kanthil;
dene pedinane saben rampung reresik-awak mesthi cundhukan kembang Melathi kuwi.
Tumrap wong-wong Priya kanggo renggan Omcen-oncen Surengpati dikalungake ning
mendahake Keris. Yen pinuju dina Suci kanggo sawur-nyadran ning kubure
Sembok-Semak, uga ning Pundhen-Leluhur Nyai Dhanhyang/Kaki Dhanhyang sing
cakalbakal desa; disajeni ubarampe sajen sapepake lan karangan kembang Melathi
sarta kutug dupa pratus-wangi.
Tutug
jaman-saiki para Wanita Wirya Wicaksana sing rumasa isih Trah-tedhak
Tanjungputri senajan dedunung ning negara kana-kana, senajan sauwit-wong uwit
para Wanita mau isih merlokake nandur kembang Melathi; utawa ngrengga sarira
ngagem kembang kang ngresepake-ati kuwi. Minagka sarat ngluhurake drajad, sarta
mengeti memundhi asmane Putri Leluhure, yakuwi Putri Nie Rah Kie, Dattsu Dewi
Sibah, sarta Maharani Bre Lasem I Dewi Indu Purnamawulan; lan Putri-puri Kriyan
putra Eyang Mpu Guru Pr. Santibadra. (Suwargi putri Cempa Bie Nang Tie lan
putri Malokhah uga sengsem melu ngagem kembang Melathi kuwi). Uga Raden Adjeng
Kartini.
SIGEG
Koleksi
Imajiner Nuswantoro