1) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG
Seri : I
Ana Wong JAWA lan Wong KANUNG (dening Mbah Guru)
(Dening Mbah Guru Kawetokake dening Dewan Pengandhar Sabda Badra
Santi ing Padhepokan Argasoka)
Purwaka
Buku
sejarah punika nyatheti wiwit ing taun Masehi 1931, saking kepek cathetan tuwin
pangandikanipun Eyang Buyut canggah guru desa, tuwin Eyang Pandhita Kanung ing
Pareden Kendheng Ngargapura, Pomahan, Sukalila lan Prawata.
Piweling
tuwin pamantos-wantosipun para swargi Eyang Panembahan Kanung punika: “Nggeeerr
anak putuku.. Tak weling poma-poma aja nganti dilirwakake!!! Sejarahe canggah
wareng leluhur Kanung iki aja nganti keprungu lan diweruhi dening wong sabrang
ngatas angin Maghribi. Yen nganti keprojol, awake dhewe mesthi bakal cilaka lan
bilahi; klakon dibuwang neng Sawahlunta. Emrehe disirik wong Mutihan wong
Kutha.. Mbesok yen wong Kebo Bule wis mulih ning kandhange, crita sejarahe
leluhur Kanung iki bakal dilari digoleki dening priyagung Jawa kang mamestri ngleluri kabudayan Jawa. Lhah ing kono anak
putuku tedhake wong Kanung aja tidha-tidha supaya mangastuti medhar mbabar
sejarahe luhure dhewe iki: Sura Dira Jaya-ning Rat bakal lebur dening
Pangastuti!!!”
Mila
ingkang mekaten punika sejarahipun leluhur Kanung punika selaminipun jaman
penjajahan Landi tuwin Nippong sami sireb kependhem ing pranataning Panguwasa.
Nembe jaman Kemerdekaan R.I. punika riwayatipun tiyang Kanung punika wiwit
trubus muncul malih. Sanajana taksih wonten Priyantun ingkang ngencepi tuwin
mitenah, ngendikanipun: “Tatacara Kuna-Endra wis kependhem wis ilang sirna, kok
arep dithukulake maneh. Kolod Mbaahh, kolod. Wis ora njamani !
Tumrap
kita para sutresna sejarah leluhur Kanung tuwin ngrawat lan memundhi punden
leluhur Kanung punika perlu nguri-uri memetri Seni-Budaya Jawi piwulangipun
swargi leluhur canggah wareng; wonten bukti kubur patilasanipun nyangkleg
wonten ing bumi papan panggenan kita, ing negari kita.
Wusana
sampun kirang ing pamengku, Nuwun !
Katiti
ing Padhepokan Argosoka, 28 Juni 1996.
Pambabar
buku sejarah
ttd
Kacorek
kaleresaken
Sejarah Kawitane :
Ana Wong JAWA lan Wong KANUNG (dening Mbah Guru)
Peta Jawa Dwipa |
I.
Jaman JAMAJUJA (Puluhan ewu tahun kepungkur)
Dhek
jaman semana Pegunungan Kendheng kuwi wujude ana pegunungan 2 (loro) :
1.
Pegunungan Kendheng Kidul, karan
Pegunungan Kendheng tuwa.
2.
Pegunungan Kendheng Lor, karan Nusa
Kendheng.
1. Pegunungan Kendheng Kidul
Kuwi
dununge wiwit saka wetan Pegunungan Kabuh, Kabupaten Jombang, mbanjeng mujur
mengulon tutug Pegunungan Masaran, Kabupaten Sragen.
Sabab
saka anane lindhu prakempa Gunung Lawu jaman sangang ewu tahun kepungkur,
ndadekake Pegunungan Watujago bengkah omblah-omblah mujur mengulon; wasana dadi
Lembah Ngawi kanggo dalan iline Bengawan Sala nrabas menggok ngalor tutug Cepu.
Sakdurunge
ana lindhu gedhe, Pegunungan Watujago tutug Pegunungan Masaran kuwi dienggoni
menusa sing isih wuda mblejed, wujude kaya kethek-rangutan gedhe pangane rupa
kewan: kodok, kadal, ula, cacing, jangkrik, walang, sarta woh-wohan: mulwa,
srikaya, mete, dhuwet, popohan, nanas lan liya-liyane.
Kabeh
mau mung cukup ngapek utawa nyekel ning alas panggonane urip neng kono. Panggonane
turu ning gowok sing dhuwur utawa pang-pang gedhe, durung ana sing wani turu
ning guwa; sabab guwa-guwa kuwi mesthi dienggoni macan gembong. Wong mau yen
mati bangkene diumbar ngenggon kono nuli ditinggal lunga, wekasane
diothel-othel dipangan kewan galak; balunge pating kececer ning kana-kana katut
banjire Bengawan Sala padha nyangrah ning mbereman Gemolong, Kalijambe,
Kabupaten Sragen, wasana kurugan lumpur lan padhas linede Bengawan Sala, uga
ana sing tutug mbereman Ngandong, Kabupaten Ngawi.
Wong
pulo liya sing wis padha duwe tata-budaya, olehi ngarani wong ngono mau aran
Wong Legena. Uga ana sing ngarani Gandaruwo. Ana maneh sing ngarani Kethek
Limuri.
2. Pegunungan Kendheng Lor
Pegunungan
Kendheng Lor (Nusa Kendheng) watara limang ewu taun kepungkur wis dienggoni
wong sing luwih maju tinimbang wong Legena, wong-wong mau wis bisa gegaweyan
gaman-watu diasah landhep. Nusa Kendheng kuwi nalika semana isih wujud Pulo
gedhe cawang telu kang kinilung Teluk Lodhan lan Segara; ing sisih wetan ngongkang
Telok Lodhan lan Segara Kening. Sisih kidul keledan Segara Selat Kendheng-Kidul
lan Segara Teluk Lusi. Sisih kulon Segara Teluk Serang kang tepuk karo Segara
Selat Murya. Sisih lor Teluk Juwana lan Samodra Jawa kang jembar lerab-lerab.
Gunung Murya isih wujud gunung geni dhuwur-ngukusan, dikilung segara.
Nusa
Kendheng kuwi ora duwe tanah ngare lembah banthak tadhah udan kang ngembong
banyu; wujude mung pegunungan alelengkeh jurang lan gompeng; ing sawetara
gompeng ana guwa-guwane padhas sing jembare mung sarompok teba. Neng bumi Nusa
Kendheng kono kuwi ora ana thethukulan pari lan jumawud, sing ana mung
jalinthing, canthel, lan jagung-kodhok kang thukul subur neng lelowah sing
ngembes; wohe dadi pangane kethek, bethet lan bantheng. Ning alas kono lebeng wite:
jati, trenggulun, sawo-kecik, mete, klethuk, lan mulwa.
Gisike-pesisir
nggenggeng wit: krambil, bogor (tal), jambe. Pesisire sing wujud rawa-embet
klethukulan: rembulung, bongaow, sarta brayo kang nrecel riyel. Ning punthuk
pegenengan sing dhuwur-dhuwur ketel suket-kalanjana lan alang-alang sing
dienggoni grombolane bantheng. Bantheng wadon aran Jawi. Sing gemati banget
(jawa banget) ning pedhet-pedhete. Ing wayah bengi jawi-jawi mau yen padha turu
padha kupeng adu bokong karo jawi-Jawi liyane ngilung pedhet-pedhete. Dene
bantheng-lanang sing mbenguk padha kekiter njaga grombolane, aja nganti
dimunasika kewan-galak.
Nalika
semana Pegunungan Kendheng Lor kuwi wis didunungi menusa wong asli pribumi
kono. Dedege endhek pawakane cilik, kulite nembaga. Kauripane isih wlaha lugu
deles, nanging wis nduwe kemajuwan. Tatabudaya gegaweyan; sandhangane rupa
cawed saka lulup waru diperut-alus dienam, utawa lulang kewan diucel nganti
lemes. Uripe sagotrah manggon ning guwa-guwa padhas mau, kekancan karo
asu-gladag sakirike sing wis padha kawong lulud melu manggon cedhak guwa kono.
Bocah-bocah
cilik karo kirik kerep padha gojeg kekuwelan nanging nyakote ora tenanan, mung
padha ngos-ngosan pating krenggos. Panguripane wong-wong mau saka kekrapa,
nyelog, memed, lan mbebedag-ajag. Gamane rupa payal, panah, bedhor, sing digawe
saka watu-jae kempling diasah mlingir landhep banget. Yen luru pangan asu-asu
kuwi mesthi melu kekinthil utawa jejigar sesanderan ngoyak kewan nuronan, uga
sok melu nyelog ndukiri palapendhem-alasan. Oleh-olehane pangan digawa mulih
dirantengi mung dikoprok thok, yen wis mateng nuli dioser-oseri awu
rencek-sangkrah segara dadine mbanjur krasa asin; nuli dipangan kepyah-kepyah
sabrayate uga asu-asu sakirike padha melu mangan bebarengan. Genine entuke saka
wit kang kobong disamber bledheg, pang-pang garing ana genine mengangah merga
gesekan karo pang-pang liyane ing mangsa ketiga-ngangkang. Geni kuwi digawe
totor marong rina-wengi ning sacedhake guwa kono; yen bengi ngiras digawe
memedeni kewan galak supaya ora wani nyedhaki guwa kono; kawuwuhan kewan-kewan
galak kuwi padha giris dijegogi asu-gladhak sepirang-pirang swarane mawurahan
rame. Yen pinuju padhang rembulan wong-wong mau padha seneng-seneng ning sak
njabane guwa, pada jejogedan lan gegandhangan sarta keplok-keplok lan
anyul-anyul cangkeme mecucu kaya cupu, tunggak-tunggak utawa kayu sing
ngglonthong dithuthuki digawe tetabuhan. Wong asli dhek jaman JAMAJUJA sing
uripe isih sarwa deles prasaja wlaha ngono mau diarani Wong Suku Lingga.
SIGEG
Koleksi
Imajiner Nuswantoro