WUS GUMELAR (Maskumambang)

0

 WUS GUMELAR (Maskumambang) 





Wus gumelar ana jroning urip iki 

Age mbudidaya 

Aywa tansah nglokro sami 

Mrih kasembadaning sedya 


Yen makarya kebak ing pangati-ati 

Aywa nganti lena 

Ngarah-arah denengeti 

Murih datan kaduk rangah 


Jroning urip bener becik den upadi 

Ngawisi kang ala 

Basuki ingkang kaesthi 

Sembada ingkang jinangka 


Tindak becik aywa nganti den campuri 

Tindak ingkang ala 

Iku tan prayoga yekti 

Mula kabeh tintingana 


Dening : Ki Y.P.B.Wiratmoko

Ngawi, 22 Maret 2024


Dipun serat maleh kaliyan Imajiner Nuswantoro 



Aksara Jawanipun :


ꦮꦸꦱ꧀ꦒꦸꦩꦺꦭꦂ(ꦩꦱ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ)


ꦮꦸꦱ꧀ꦒꦸꦩꦺꦭꦂꦄꦤꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ꦆꦏꦶ

ꦄꦒꦺꦩ꧀ꦧꦸꦣꦶꦣꦪ

ꦄꦪ꧀ꦮꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔ꧀ꦭꦺꦴꦏꦿꦺꦴꦱꦩꦶ

ꦩꦿꦶꦃꦏꦱꦺꦩ꧀ꦧꦣꦤꦶꦁꦱꦼꦣꦾ


꧋ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦏꦂꦪꦏꦼꦧꦏ꧀ꦆꦁꦥꦔꦠꦶꦄꦠꦶ

ꦄꦪ꧀ꦮꦔꦤ꧀ꦠꦶꦭꦺꦤ

ꦔꦫꦃꦄꦫꦃꦣꦼꦤꦼꦔꦼꦠꦶ

ꦩꦸꦫꦶꦃꦣꦠꦤ꧀ꦏꦣꦸꦏ꧀ꦫꦔꦃ


ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ꦧꦼꦤꦼꦂꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦈꦥꦣꦶ

ꦔꦮꦶꦱꦶꦏꦁꦄꦭ

ꦧꦱꦸꦏꦶꦆꦁꦏꦁꦏꦌꦱ꧀ꦛꦶ

ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦣꦆꦁꦏꦁꦗꦶꦤꦁꦏ


ꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦄꦪ꧀ꦮꦔꦤ꧀ꦠꦶꦣꦺꦤ꧀ꦕꦩ꧀ꦥꦸꦫꦶ

ꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦆꦁꦏꦁꦄꦭ

ꦆꦏꦸꦠꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ

ꦩꦸꦭꦏꦧꦺꦃꦠꦶꦤ꧀ꦠꦶꦔꦤ


ꦣꦼꦤꦶꦁ꧇ꦏꦶꦪ꧀꧈ꦥ꧀꧈ꦧ꧀꧈ꦮꦶꦫꦠ꧀ꦩꦺꦴꦏꦺꦴ

ꦔꦮꦶ꧈꧇꧒꧒꧇ꦩꦉꦠ꧀꧇꧒꧐꧒꧔꧇


ꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦭꦺꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)