Joyo Kawijayan ꦗꦺꦴꦪꦺꦴꦏꦮꦶꦗꦪꦤ꧀

0

 Joyo Kawijayan

ꦗꦺꦴꦪꦺꦴꦏꦮꦶꦗꦪꦤ꧀




Yaiku ngelmu (kawruh) babagan cara kanggo nggayuh kamenangan nalika ngadhepi mungsuh utawa mungsuh (ing perang, gelut, lsp).


Puncaking ilmu Joyo Kawijayan iku mung didhuweni wong sing wis biso SEKTI TANPO AJI-AJI


Puncaking roso kapercayan marang dhiri pribadi kui yen wis biso NGLURUK TANPO BOLO


Puncaking roso bagyo mulyo iku yen wis biso mapan ing maqom sing sinebut SUGIH TANPO BONDHO


Lan pakurmatan sing paling dhuwur sing endahe biso dirasakake dening manungso iku yen wis biso MENANG TANPO NGASORAKE 


AJI AJI NGAJI NGAJENONO,

MOCO NGOCO WOCONEN DHIRI KITO PRIBADI, 

SAKDURUNGE MOCO NGOCO LAN NGOCONI WONG LIYO 



Aksara Jawanipun :


ꦗꦺꦴꦪꦺꦴꦏꦮꦶꦗꦪꦤ꧀


꧋ꦪꦻꦏꦸꦔꦼꦭ꧀ꦩꦸ(ꦏꦮꦿꦸꦃ)ꦧꦧꦒꦤ꧀ꦕꦫꦏꦁꦒꦺꦴꦔ꧀ꦒꦪꦸꦃꦏꦩꦺꦤꦔꦤ꧀ꦤꦭꦶꦏꦔꦣꦺꦥꦶꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦈꦠꦮꦩꦸꦁꦱꦸꦃ(ꦆꦁꦥꦼꦫꦁ꧈ꦒꦼꦭꦸꦠ꧀‌ꦭ꧀ꦱ꧀ꦥ꧀)꧉


꧋ꦥꦸꦚ꧀ꦕꦏꦶꦁꦆꦭ꧀ꦩꦸꦗꦺꦴꦪꦺꦴꦏꦮꦶꦗꦪꦤ꧀ꦆꦏꦸꦩꦸꦁꦣꦶꦣꦸꦮꦺꦤꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦧꦶꦱꦺꦴꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦥꦺꦴꦄꦗꦶꦄꦗꦶ


꧋ꦥꦸꦚ꧀ꦕꦏꦶꦁꦫꦺꦴꦱꦺꦴꦏꦥꦺꦂꦕꦪꦤ꧀ꦩꦫꦁꦣꦶꦫꦶꦥꦿꦶꦧꦣꦶꦏꦸꦮꦶꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦧꦶꦱꦺꦴꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦺꦴꦧꦺꦴꦭꦺꦴ


꧋ꦥꦸꦚ꧀ꦕꦏꦶꦁꦫꦺꦴꦱꦺꦴꦧꦒꦾꦺꦴꦩꦸꦭꦾꦺꦴꦆꦏꦸꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦧꦶꦱꦺꦴꦩꦥꦤ꧀ꦆꦁꦩꦐꦺꦴꦩ꧀ꦱꦶꦁꦱꦶꦤꦼꦧꦸꦠ꧀ꦱꦸꦒꦶꦃꦠꦤ꧀ꦥꦺꦴꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴ


꧋ꦭꦤ꧀ꦥꦏꦸꦂꦩꦠꦤ꧀ꦱꦶꦁꦥꦭꦶꦁꦣꦸꦮꦸꦂꦱꦶꦁꦄꦼꦤ꧀ꦝꦲꦺꦧꦶꦱꦺꦴꦣꦶꦫꦱꦏꦏꦺꦣꦼꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦺꦴꦆꦏꦸꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦧꦶꦱꦺꦴꦩꦼꦤꦁꦠꦤ꧀ꦥꦺꦴꦔꦱꦺꦴꦫꦏꦺ


ꦄꦗꦶꦄꦗꦶꦔꦗꦶꦔꦗꦺꦤꦺꦴꦤꦺꦴ꧈

ꦩꦺꦴꦕꦺꦴꦔꦺꦴꦕꦺꦴꦮꦺꦴꦕꦺꦴꦤꦺꦤ꧀ꦝꦶꦫꦶꦏꦶꦠꦺꦴꦥꦿꦶꦧꦣꦶ꧈

꧋ꦱꦏ꧀ꦝꦸꦫꦸꦔꦺꦩꦺꦴꦕꦺꦴꦔꦺꦴꦕꦺꦴꦭꦤ꧀ꦔꦺꦴꦕꦺꦴꦤꦶꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪꦺꦴ




Imajiner Nuswantoro 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)